Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 79

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 79

Alihaksara[edit]

/kaca 079/

kawimba ; saya eram malih ; dené salebeting guwa kados kaswargan ; saged paḍang ; kados kapaḍangan ing diwangkara ; boten sumerep ; bilih sampun wontĕn pinten pinten bolongan margi angin abekta pepadang saking jawi ; raden udakawimba lajĕng lumebet ḍateng kaḍaton dumugi kori ageng kendel aningali rerangganing kori ; tutuping kori ; gemblengan salaka peṭak ; tinatah ing kenaka angrawit ; tebenging kori wontĕn seseratanipun budakala mungel: sang prabu kalaparḍa ; iya sang kalawerdati ; gegunungan ; utawa ratuné para diyu raseksa kang aḍeḍangka saubenging guwa guwa sarta gunung gunung talatah ing nuswa jawa ; kang angrenggani sarta akaḍaton ing tirtakanḍas: raden udakawimba ; sawek sumerep yen punika kaḍaton ing tirtatkanḍas ; ing galih ; radi ajrih bilih taksih raksasanipun ; nanging ing serat pepakem cariyos ,purwa ; prabu kalaparḍa sampun tumpes sawadyabalanipun kala anduta dewi erawati ; déning wasi jaladara sarta raden pamade ; amargi saking nyenyedipun ; boten wontĕn sabawa kamireng ; nelakaken ; suwengipun kaḍaton ;