Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 56

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 56

Alihaksara[edit]

/kaca 056/

panjenengan paduka kula angkat dados susuhunanipun tiyangtiyang ing nagari tuban ; lajĕng paduka tampeni sapunika ; kalayan panuwun ageng yen karaton wau peparingipun rama paduka sang prabu sindupati ingkang sampun suwarga ; kula namung s4darnii ngampil salebetipun nagari hara huru ; ing mangké paduka pulihakenrisakipun ; dené putranipun rayi ijengandika sang prabu warsakusurna ; ing samangké taksih tiinur sawek kula pretek ing piwulang ; sapunika tetepa dados putra paduka pabajeng ; sarta diwasanipun kula suwunaken kaangkata dados pangéran adipati ; dados paduka ; nama jumeneng anyelani ; menggah atur kola ingkang makaten samanten wau ; sampun mupakat kaliyan prikanca kula wadana jawi4ebet ; ingkang punika ; punapa taksih wontĕn ingkang nalisir ing leres?" sang pangéran ; boten saged maoni karsanipun kyai patih ; déning sampun anglenggahi leres ; anaging salebeting galih ḍateng ingkang putra kuwalon raden udakawimba sanget boten sarju ; awit ; punika tunggakaning kemaḍuh ; ewadene ; sinamun ing netya boten wontĕn antawising pinggetipun ing galih ; pangunandikanipiin ; "gampang