Jv/Macapat

From Wikisource
Jump to: navigation, search

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku artine maca papat-papat. Macané pancèn rinakit saben patang wanda (suku kata). Tembang iki kira-kira lagi ana ing pungkasaning jaman Majapahit lan wiwitan Walisanga nyekel kuwasa. Nanging iku ya durung mesthi, amarga ora ana tulisan gathuk kang bisa mesthèkaké. Macapat akeh dienggo ing saperangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yen disandhingake karo Kakawin, aturan-aturan ing macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman Mataram Anyar, kaya Wedhatama, Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, lan liya-liyane dirakit nganggo tembang iki. Aturan-aturan iku ana ing:

  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Déné, macapat dhéwé ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku:

Sekar Macapat utawa Sekar Alit[edit]

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

  • Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  • Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
  • Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
  • Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan[edit]

Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.

  • Jurudemung
  • Wirangrong
  • Balabak

Sekar Ageng[edit]

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuno.

Tabel Sekar[edit]

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:

Tuladha[edit]

Sinom

  • Pangéran kang sipat murah (8/a)
  • Njurungi kajating dasih (8/i)
  • Ingkang temen tinemenan (8/a)
  • Pan iku ujaring dalil (8/i)
  • Nyatané ana ugi (7/i)
  • Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
  • Wiwitané nenedha (7/a)
  • Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
  • Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)


Dhandhanggula

  • Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
  • Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
  • Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
  • Cinecep nulya wangsul (7/u)
  • Mring asalé sangkané nguni (9/i)
  • Begja kang wus pana (7/a)
  • Sangkan paranipun (6/u)
  • Dedalan kang dèn ambah (8/a)
  • Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
  • Sejatining kasidan (7/a)


Kinanthi

  • Padha gulangen ing kalbu (8/u)
  • Ing samita amrih lantip (8/i)
  • Aja pijer mangan néndra (8/a)
  • Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
  • Pesunen sariranira (8/a)
  • Sudanen dhahar lan guling (8/i)


Asmarandana

  • Anjasmara ari mami (8/a)
  • Masmirah kulaka warta (8/a)
  • Anèng kuta Probolinggo (8/o)
  • Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
  • Kariya slamet wong ayu (8/u)
  • Pun kakang pamit palastra (8/a)


Megatruh

  • Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
  • Kawan dasa kang njagani (8/i)
  • Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
  • Sinangga ing kanan kèring (8/i)
  • Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)


Wirangrong

  • Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
  • Mulané lamun miraos (8/o)
  • Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
  • Yèn uwis kawijil (6/i)
  • Tan kena tinututan (7/a)
  • Mulané dipun prayitna (8/a)