Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 11

From Wikisource
Jump to: navigation, search


Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


11 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 3 Karadjan Banten lan Cirebon wiwit djoemenengé Soenan Goenoeng Jati (+/- tahoen 1527) toemeka Sédané maoelana Mohamad (tahoen 1596)

Ing wiwitané abad kang ping 16 ing Tanah Jawa Koelon ana nagara aran Padjadjaran, Koetha aran Pakoean. Koetha pelaboehan iya doewè, yaikoe Banten lan Soendha Kalapa, nanging dedagangané doeroeng ramé. Awit saka Malaka ing tahoen 1511 kacekel ing bangsa Portegis, para soedagar Islam padha dedagangan ana ing pasisiré lor Tanah Jawa Koelon. Ing Banten noeli ana pedagangan gedhé, dagangané mrica. Ing nalika ikoe ana wong Paséi (Soematra), agamané Islam, teka ing Tanah Jawa Koelon merangi ratoe ing Pedjadjaran nganggo pradjoerit saka ing Demak. Wong Paséi maoe ing tembéné aran Soenan Goenoeng Jati, maoené bok menawa aran Falètèhan. Ikoe ipéné Radèn Trenggana. Marga saka pitoeloengané Radèn Trenggana ing tahoen 1527 bisa mbedhah Soendha Kalapa (Jayakarta oetawa Jakarta) lan Cirebon. Ing tahoen 1552 Soenan Goenoeng Jati ing Banten digentèni kang poetra Hasanoedin. Déné poetra liyané kang asma Pangéran Pasaréan, ikoe kang noeroenaké para Soeltan ing Cirebon. Falètèhan séda ing tahoen 1570 ana ing Cirebon lan disarèkaké ana ing poenthoek Goenoeng Jati. Koetha Pakoean bedhahè sawisé tahoen 1570. Para wong ing Tanah Jawa Koelon bandjoer dipeksa mandjing agama Islam. Nalika Falètèhan séda kang djoemeneng Soeltan ing Cirebon Panémbahan Batoe, yaikoe boeyoete Falètèhan maoe. Hasanoedin ikoe krama oleh poetriné Pangéran Trenggana. Bareng Pangéran Trenggana séda, karaton Banten bandjoer madeg dhéwé (tahoen 1568). Hasanoedin oega neloekaké Lampoeng, sarta radja Indrapoera ngatoeraké poetrané poetri minangka garwa.

Koetha Banten dadi ramé lan pelaboehané gedhé. Ananging koetha oeroet pasisir ana 750 M, déné oedjoeré marang dharatan +/- 1600 M. Praoe praoe bisa loemeboe ing koetha metoe ing kali kang nradjang koetha maoe; saiki kaliné wis waled, djalaran wedhi. Koetha maoe kang sasisih dipageri lan ana gerdhoe gerdhoené panggonan pradjoerit djaga toewin panggonan mriyem.

Hasanoedin séda ing tahoen 1570, bandjoer kasarèkaké ing Sabakingking. Kang goemanti kaprabon Pangéran Yoesoep.

Nalika ikoe wong Banten yèn nandoer pari loemrahè ana ing pategalan (ladhang). Sawisé dienèni pariné bandjoer ora ditandoeri manèh, wong wongé bandjoer golèk panggonan liya digawé ladhang, yèn woes panèn iya diberakaké manèh, enggoné nandoeri iya kaya kang wis maoe. Sing kaya mangkono ikoe toemraping lemahé mesthi baé ora becik. Bareng Pangéran Yoesoep djoemeneng Soeltan, wong wong padha didhawoehi sesawah. Jalaran saka ikoe wong tani iya kapeksa milih panggonan sing tetep, ora pidjer ngolah ngalih, ikoe ndjalari anané désa désa. Pangéran Yoesoep oega dhawoeh yasa bendoengan lan soesoekan soesoekan perloe kanggo ngelebi sawah.

Sing mbedhah koetha Pakoean ikoe iya Pangéran Yoesoep. Ratoe ing Pakoean séda, para loehoer ing kono kapeksa mleboe Islam. Sawènèh ana sing ngoengsi marang pagoenoengan ing Banten Kidoel; wong Bedoewi ikoe toeroené wong wong sing padha ngoengsi maoe. Pangéran Yoesoep loemrahè karan Pangéran Pasaréyan (toenggal djeneng karo kang paman ing Cirebon). Ing sasédané Pangéran Yoesoep, Pangéran Jepara oetawa Pangéran Arya andjaloek djoemeneng Soeltan, nanging ora bisa kelakon, djalaran saka setyané Mangkoeboemi (Patih) ing Banten marang Pangéran Yoesoep. Kang goemanti Pangéran Yoesoep, poetra kang sisilih Maoelana Mohamad. Nalika ikoe yoeswané lagi 9 tahoen, moelané nganggo diembani ing Mangkoeboemi.

Sing maréntah koetha Jakarta seboetan Pangéran, dhisike Ratoe Bagoes Angké lan toemoeroen marang poetra. Koetha maoe kinoebeng ing pager, ing djeroné pager ana mesdjidé omah gedhé sing didalemi sang Pangéran, aloen aloen lan pasar. Ikoe maoe kabèh doemoenoeng ing poesering koetha. Dagangané ora pati ramé kaya ing Banten. Tanah tanah sakoebengé koetha isih kebak boeron alas.

Cirebon ikoe oega ngréka daya bisané mardika saka Banten. Soeltan Cirebon mbawahaké sapérangané tanah Priyangan. Watesé kang wétan Banyoemas, kang koelon Cimanoek (Citaroem),. Bareng sepoehé, Pangéran Mohamad ditresnani ing kawoela, djalaran saka moersid lan wasis. Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratoené. Nalika ikoe Soeltan Mohamad diatoeri ngloeroegi Palembang déning Pangéran Mas, wayahè Soenan Prawata, Sandyan patihé malangi, nanging Soeltan Mohamad ngroedjoeki; kalakon ing tahoen 1596 Palembang diloeroegi. Wadyabala ing Banten wis ngira bakal menang, doemadakan nalika Soeltan Mohamad pinoedjoe dhahar, kataman ing mimis, ndadèkaké sédané. Sédané maoe digawé wadi, moeng wadyabala dioendangi bali marang Banten. Bareng layon arep disarèkaké, ing kono wong wong lagi ngerti yèn Soeltan séda, lan ing wektoe ikoe oega Pangéran Aboelmafachir didjoemenengaké Soeltan, nanging yoeswané lagi sawatara sasi, moelané pamaréntahing nagara kacekel ing Mangkoeboemi, manèh dibantoni ing Nyai Emban Rangkoeng, kang djalaran saka wicaksanané karan: Ratoe Poetri Ing Banten. Ing poengkasané abad kang ping 16 Banten ikoe dadi koetha pedagangan kang ramé dhéwé ing saTanah Jawa.

Wong manca kang ana ing kono: wong Persi, wong Indhoe saka Goedjarat, wong Toerki, Arab, Portegis, Melayoe lan wong Keling. Wong wong ngamanca maoe loemrahè ngingoe batoer toekon lan djoeroe basa. Loewih loewih wong Tjina, ing Banten akèh banget. Bangsa Tjina manggoné ana sadjabaning temboking koetha, lan omahè apik apik. Panggaotané wong manca padha koelak mrica. Sing nganakaké dhoewit timbel (kètèng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca maoe. Dhoewit timbel 1.00 pengadjiné +/- 20 sèn. Pangan ing Banten moerah banget, dhoewit 20 sèn baé toemraping wong ngamanca, wis toerah toerah. Hawané ing koetha ora becik, djalaran kali Banten ing biyèné becik, bandjoer dadi cethèk lan reged. Dalan dalan padha koeroegan ing wedhi, omah omahè isih gedhég, moeng senthongé pasimpenan wis tembok. Para priyayi padha doewè pakarangan isi wit krambil, sangarepé omah ana pendhapané lan ing podjoking latar sok ana langgaré. Kedjaba mesdjid gedhé lan pamoelangan, ing Banten moeng ana omah gedhong sidji, yaikoe omahè Syahbandar. Kadjaba para loehoer, wong kang ngibadah ing Banten ora akèh. Para loehoer padha ngagem saroeng soetra, (terkadhang sinoelam ing benang emas) serban lan keris, kenakané diingoe dawa, wadjané dipasahi lan tinrètès ing mas oetawa disisigi. Ngagemé sepatoe oetawa selop moeng yèn ana ing dalemé baé. Pandèrèké ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi, payoeng, lampit lan toembak. Para loehoer maoe (para poenggawa) padha miloe ngerèh pradja. Ing mangsa perang para pradjoerit olèh keré, sandhangan lan pangan. Para poenggawa maoe padha ngingoe batoer toekon akèh. Ing Banten sing nyamboet gawé temenan moeng para batoer toekon, wong cilik liyané mèh ora nyamboet gawé, moelané padha ora kacoekoepan. Yèn ana wong ora bisa mbayar oetangé, ikoe bandjoer dadi batoer toekon saanak bodjoné. Wong kemalingan ing Banten akèh; maling kang kacekel, kena noeli dipatèni. Wong kang dosa pati, kena neboes dosané sarana mbayar dhendha marang Soeltané. Yèn ana wong lanang mati, Soeltan wenang moendhoet anak bodjoné wong maoe. Jalaran saka ikoe akèh wong isih kenomen padha omah omah. Koewasané Soeltan Banten gedhé banget, nanging prakara nagara loemrahè diremboeg karo para loehoer; pangremboegé wayah bengi ana ing aloen aloen. Para loehoer maoe kang koewasa banget Mangkoeboemi (patih), laksamana (panggedhéné praoe laoetan) lan sénapati.

Ing djaman samana kaanané koetha koetha ing Tanah Jawa koerang loewih iya mèmper karo koetha Banten ikoe.