Jv/Alkitab/Jansz/Galati

From Wikisource
(Redirected from Jv/Alkitab/Jansz/Galatia)
Jump to navigation Jump to search

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


LAJANG KIRIMAN SAKA RASOEL PAOEL
MARANG PASAMOEAN ING TANAH
GALATI

Bab 1.[edit]

Adangijah.[edit]

1. Lajangkoe Paoel, rasoel kang ora awit saka manoesa, oetawa marga déning manoesa, nanging marga déning Jésoes Kristoes lan Allah Ang Rama, kang moengokaké pandjenengané saka ing antarané wong mati,
2. lan sakèhé para sadaloer kang dadi kanṭikoe, toemeka marang pasamoean-pasamoean ing tanah Galati,
3. sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Sang Rama lan Goesti kita Jésoes Kristoes,
4. kang woes masrahaké sarirané karana dosa kita, soepaja kita paḍa diloewarana saka ing djaman awal kang ala iki, mitoeroet karsané Allah ija Rama kita,
5. kang kaloehoerna langgeng ing salawasé. Amin.

Bab ketjoewané rasoel Paoel marang wong Galati.[edit]

6. Akoe goemoen déné kowé teka énggal temen paḍa njingkoer marang kang nimbali kowé marga saka sih-rahmaté Kristoes,
7. Toemimbal marang Indjil lijané, mangka ora ana lijané moeng ana wong sawenèh kang paḍa mbingoengaké kowé, sarta soemadya ngowahi Indjilé Kristoes.
8. Nanging sanadyan akoe oetawa malaékat saka ing swarga, menawa nggelarna Indjil lijané kang woes paḍa dakgelarké marang kowé, ikoe kenaa ing ipat-ipat.
9. Kaja enggonkoe woes paḍa toetoer ing maoené, samengko akoe ija toetoer manèh: Menawa ana wong kang nggelarké Indjil marang kowé lijané kang woes kotampani, ikoe kenaa ing ipat-ipat.
10. Ing samengko enggongkoe ngipoek-ipoek ikoe apa ta kirané manoet sakarepé manoesa, apa sakarsané Allah? Oetawa apa akoe mboeroe kasenenganing wong, masṭi akoe doedoe abdiné Kristoes.

Bab Paoel enggoné katimbalan dadi rasoel.[edit]

11. Ananging para sadoeloer, kowé daksoemoeroepaké jèn moenggoeh Indjil kang dakgelaraké ikoe ora tjara manoesa.
12. Awit enggonkoe nampani ija ora saka ing manoesa. Lan doedoe manoesa kang moelangaké marang akoe nanging enggonkoe nampani saka pamangsité Jésoes Kristoes.
13. Sabab kowé woes paḍa soemoeroep moenggoeh kelakoeankoe nalika isih manoet tata Jahoedi, jèn loewih banget enggongkoe ngoeja-oeja sarta ngroesak marang pasamoean kagoengané Allah.
14. Malah enggongkoe manoet tata Jahoedi maoe nganti ngoengkoeli paḍa bangsakoe akèh kang dadi barakan, paḍa dakondjoni ing bab taberi marang ila-ilané para leloehoerkoe.
15. Ananging bareng Allah (kang woes midji akoe wiwit saka wetengané bijoengkoe sarta nimbali akoe marga saka sih-rahmaté,)
16. Woes keparing ing karsa nglairaké kang Poetra ana ing akoe soepaja dakoenḍangna ana ing antarané bangsa kafir, akoe toemoeli ora loemakoe ndjaloek remboeg marang daging lan getih,
17. Lan ora moenggah menjang ing Jeroesalèm nemoni marang kang woes paḍa dadi rasoel sadoeroengé akoe. Nanging akoe menjang ing tanah Arab, toemoeli bali menjang ing Damèsèk manèh.
18. Sawoesé mangkono antara teloeng taoen akoe bandjoer moenggah menjang ing Jeroesalèm, arep wanoeh marang Pétroes, sarta enggongkoe noenggal karo Pétroes maoe limalas dina.
19. Moenggoeh para rasoel lijané ikoe akoe ora ketemoe, kedjaba moeng Jakoboes saḍèrèké Goesti.
20. Enggongkoe noelis marang kowé ikoe lah ana ing ngarsané Allah: Akoe ora goroh.
21. Sawoesé mangkono akoe bandjoer menjang ing leladané tanah Siri lan Kiliki.
22. Mangka para pasamoean ing tanah Joedéja kang ana ing patoenggilané Kristoes paḍa ora wanoeh marang akoe, moeng paḍa ngroengoe warta:
23. Kang maoené ngoeja-oeja marang kita, ikoe ing samengko nggelaraké piwoelang bab pratjaja kang bijèn diarah roesaké, temahan paḍa ngloehoeraké Allah ingatasé akoe.

Bab 2.[edit]

Rasoel Paoel kaanggep déning para rasoel ing Jeroesalèm.[edit]

1. Sawoesé mangkono antara patbelas taoen akoe bandjoer menjang ing Jeroesalèm manèh kanṭi Barnabas, lan Titoes ija dakadjak.
2. Enggongkoe mrana maoe awit saka kaparingan wangsit. Para sadoeloer ing kono bandjoer dakpratélani Indjil kang dakgelaraké ana ing antarané bangsa kafir, lan para kang kadjèn ikoe dakpratélani ḍeḍèwèkan, soepaja lakoekoe, adja nganti tanpa gawé.
3. Ananging Titoes kang mèloe akoe, sanadjan wong Joenani, ija ora kapeksa tetak,
4. karana saka para sadoeloer doratjara kang paḍa momor samboe, kang tjolongan loemeboené ngoelataké enggon kita paḍa ndoewèni kamardikan ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes, pangarahé soepaja kita paḍa dikawoelakna.
5. Nanging sadjam baé akoe paḍa ora mingked teloek marang wong maoe, soepaja kajektèné Indjil loeloesa ana ing kowé.
6. Anadéné moenggoeh para kang kadjèn, (kaanané ing maoené ora dakpikir, Allah ora mawang wong,) kang kadjèn ikoe paḍa ora mboeboehi manèh apa-apa marang akoe.
7. Malah bareng paḍa weroeh jèn akoe kapitajan martakaké Indjil marang wong ikoetan, kaja Pétroes marang wong tetakan,
8. (awitdéné kang paring pangwasa marang Pétroes kadadèkaké rasoel toemrap ing wong tetakan, ikoe ija paring pangwasa marang akoe ana ing antarané bangsa kafir,)
9. Sarta bareng paḍa soemoeroeb ing sih kang kaparingaké marang akoe, jakoeboes lan Kéfas toewin Jochanan, kang paḍa kaanggep minangka saka pikoekoeh bandjoer paḍa ndjawati tangan marangakoe lan Barnabas, minangka pratanḍaning patoenggalan soepaja akoe paḍa maranana bangsa kafir, lan ḍèwèké marang wong tetakan.
10. Moen akoe paḍa dipoerih élinga marang wong miskin, mangka ikoe pantjèn ija woes dakperlokaké.

Rasoel Pétroes ditetah déning rasoel Paoel.[edit]

11. Anadéné nalika Pétroes teka ing Antiochi, dakpadoni adoe arep, awit ketilik kaloepoetan.
12. Sabab sadoeroengé ana wong sawenèh paḍa teka saka panggonané Jakoeboes, Pétroes ikoe kemboel mangan karo panoenggalané bangsa ikoetan. Mangka bareng satekané wong maoe bandjoer moendoer misah awit reringa marang wong panoenggalané tetakan.
13. Sarta tekan wong Jahoedi lijané ija paḍa mèloe sengadi, temahané dalah Barnabas ija kèloe ing sengadiné.
14. Nanging bareng akoe weroeh jèn lakoené paḍa ora bener, ora manoet kajektèné Indjil, Pétroes bandjoer dakwarah ana ing ngarepané wong kabèh mangkéné: ,,Menawi sampéjan tijang Jahoedi manoet tata tjaranipoen tijang kafir, boten tjara Jahoedi, poenapa tijang kafir teka sami sampéjan peksa manoet tata tjara Jahoedi?

Toetoegé pitoetoer marang Pétroes. Bab kasampoernan kang awit saka pratjaja, ora sarana ajahan.[edit]

15. Sampéjan kalijan koela ḍasar sami tijang Jahoedi, sanès tijang dosa asal kafir,
16. nanging sarèhning sami soemerep bilih manoesa poenika anggènipoen kasampoernakaken boten awit saking ajahanipoen angger-angger, namoeng margi saking pitados ḍoemateng Jésoes Kristoes, pramila sampéjan kalijan koela inggih sampoen sami pitados ḍoemateng Kristoes Jésoes, soepados kasampoernakna awit saking pitados ḍoemateng Kristoes, boten saking ajahanipoen angger-angger. Mila makaten amargi saking ajahanipoen angger-angger mesti baḍé boten wonten tijang kasampoernakaken.
17. Ananging menawi sampéjan kalijan koela ingkang sami ngangkah kasampoernakaken wonten ing Kristoes, inggih sami kepanggih dados tijang dosa pijambak, poenapa Kristoes temah dados kawoelanipoen dosa? Poenika amesṭi boten.
18. Awitdéné menawi ingkang sampoen koela gempoer poenika koela bangoen malih, dadosipoen koela nélakaken bilih koela pijambak kelepatan.
19. Sabab margi saking angger-angger koela poenika sampoen pedjah toemrap ing angger-angger, soepados gesanga loemados ing Allah.
20. Koela sampoen nḍèrèk kasalib kalijan Kristoes, sarta sampoen sanès koela ingkang gesang, nanging Kristoes ingkang gesang wonten ing koela. Déné sapinten gesang koela wonten ing daging samangké, poenika anggèn koela gesang sarana pitados ḍoemateng Poetranipoen Allah, ingkang sampoen ngasihi koela saha sampoen masrahaken sariranipoen karana koela.
21. Koela boten nampik sih-rahmatipoen Allah. Oedjar menawi wontena kasampoernan margi saking angger-angger dados sédanipoen Kristoes poenika tanpa damel.

Bab 3.[edit]

Wong Galati paḍa kawelèhaké.[edit]

1. Eh wong Galati kang tanpa boedi, sapa ta kang njenjinṭoeng marang kowé, kongsi paḍa ora ngèstokaké ing kajektèn. Mangka Jésoes Kristoes enggoné kasalib ikoe woes kaja katon ana ing pasawanganmoe.
2. Kang arep daksoemoeroepi saka ing kowé moeng saprakara iki baé: enggonmoe paḍa nampani Roh ikoe apa wit saka ajahané angger-angger, apa saka pangoendanging pratjaja?
3. Teka nganti samono enggonmoe paḍa tanpa boedi. Sawoesé miwiti klawan Roh, apa saiki kowé paḍa moengkasi klawan daging.
4. Apa nglaha baé enggonmoe woes paḍa ngalami nganti samono ikoe? Ija jèn moeng manḍega nglaha baé.
5. Anadéné kang nggandjar Roh marang kowé sarta nindakaké kasektèn ana ing kowé, ikoe apa awit saka ajahané angger-angger, apa saka pangoendanging pratjaja?

Bab pratjaja lan bab angger-angger.[edit]

(1 Moesa 15 : 6; 12 : 3;18 : 18; 22 : 18. Rasoel 3 : 25, 5 Moesa 27 : 26. Hab. 2 : 4, 3 Moesa 18 : 5, 5 Moesa 21 : 23.)
6. Oepamané kajata: Abraham koemandel marang Allah.
7. Mangka ija ikoe kang kaétang dadi kasampoernané. Kang ikoe kowé paḍa soemoeroepa jèn wong kang wewinih saka ing pratjaja, ija ikoe kang dadi para poetrané Abraham.
8. Anadéné kitab sarèhné woes mirsa ḍingin jèn Allah bakal njampoernakaké bangsa kafir awit saka pratjaja, moelané ing maoené woes ngoenḍangaké Indjil marang Abraham, ḍawoehé: ,,Sakèhé para bangsa bakal paḍa kabarkahan sarana sira.”
9. Dadiné wong kang wewinih saka ing pratjaja ikoe paḍa mèloe kabarkahan karo Abraham kang koemandeil.
10. Awitdéné sapira wong kang wewinih saka ing ajahané angger-angger, ikoe paḍa kebawah ing laknat. Amarga ana toelisan mangkéné: Kena ing laknat saben wong kang ora ngantepi samoebarang kang katoelisan ana ing kitabé angger-angger klawan nedya dilakoni.
11. Karodéné woes tetéla jèn ora ana wong kang kasampoernakaké ana ing ngarsané Allah sarana angger-angger, amarga: wong sampoerna ikoe oeripé awit saka pratjaja.
12. Mangka angger-angger ikoe ora wewaton pratjaja, nanging: sapa wong kang ngakoni prakara ikoe, oeripé marga saka ikoe.
13. Kristoes woes neboes kita saka laknaté angger-angger, amarga dadi laknat pijambak karana kita, awit ana toelisan mangkéné: kena ing laknat saben wong kang goemantoeng ing kajoe.
14. Ikoe soepajané: Barkahé Abraham toemekaa marang bangsa kafir djalaran saka Kristoes Jésoes, soepaja sarana pratjaja kita paḍa nampanana Roh kang kaprasetyakaké.

Prasetyané ora kawoeroengaké marga déning angger-angger.[edit]

(1 Moesa 12 : 7; 13 : 15; 17 : 7, 8; 22 : 18; 24 : 7.)
15. Hé para sadoeloer, pitoetoerkoe daknganggo oepama tjara manoesa: Sanadyan pradjandjianing manoesa lamoen woes katetepaké, ikoe ora ana kang mbatalaké oetawa kang noesoeli.
16. Anadéné Abraham enggoné kaḍawoehan prasetya-prasetya ikoe dalah teḍaké. Ḍawoehé ora: lan toeroen-toeroené, kajaa toemrap wong akèh, nanging kaja toemrap wong sidji: lan toeroenira, ija ikoe Kristoes.
17. Karepkoe ikoe mangkéné: Prasetyan kang woes ditetepaké ḍingin déning Allah toemrap ing Kristoes, ikoe masṭi ora kaboebrah marga déning angger-angger kang doemadiné kari antara patang atoes teloeng poeloeh taoen, nganti prasetyané kawoeroengaké.
18. Sabab menawa warisan ikoe goemantoenga ing angger-angger, dadiné woes ora goemantoeng ing prasetya. Mangka Abraham enggoné kaparingan déning Allah ikoe sarana prasetya.

Bab doenoengé angger-angger.[edit]

19. Menawa mangkono, doenoengé angger-angger keprijé? Ikoe kawoewoehaké karana saka panerak, kongsi toemeka rawoehé Sang Teḍak kang woes kaprasetyakaké maoe, sarta kapranata déning malaékat kaampilaké ing astané pantara.
20. Anadéné moenggoeh pantara ikoe: kang dipantarani ora moeng sidji, nanging Allah ikoe sidji.
21. Kang ikoe apa angger-angger dadiné njoelajani ing prasetyané Allah. Masṭi ora. Jèn ta anaa angger-angger kaparingaké kang bisa ngoeripaké, dadi satemené kasampoernan ikoe toewoehé saka ing angger-angger.
22. Ananging kitab woes nggolongaké sakabèhé marang pamengkoené dosa, soapaja awit saka pratjaja marang Jésoes Kristoes prasetya maoe kaparingna marang wong kang paḍa pratjaja.
23. Anadéné sadoeroengé tekané pratjaja, kita paḍa kapasrahaké marang pangreksané angger-angger dadi sengkeran nganti toemeka ing wektoené pratjaja kalairaké.
24. Dadiné angger-angger ikoe minangka pamomong kita nganti toemeka rawoehé Kristoes, soepaja kita paḍa kasampoernakna awit saka pratjaja.
25. Nanging satekané pratjaja kita woes paḍa mari kawengkoe ing pamomong.
26. Awitdéné kowé kabèh paḍa dadi poetrané Allah asarana pratjaja marang Kristoes Jésoes.
27. Sabab sapira enggonmoe woes paḍa kababtis mandjing patoenggilané Kristoes, ikoe kowé woes paḍa ngrasoek marang Kristoes.
28. Ing kono ora ana Jahoedi lan Joenani, ora ana batoer toekon lan mardika, ora ana lanang lan wadon. Amarga kowé kabèh paḍa dadi sidji ana ing Kristoes Jésoes.
29. Mangka menawa kowé paḍa kagoengané Kristoes, dadi paḍa trahé Abraham, lan paḍa ahliwaris mitoeroet ing prasetya.

Bab 4.[edit]

Bab kamardikan kang marga saka Indjil.[edit]

1. Ananging pitoetoerkoe bab ahliwaris maoe: salawasé isih botjah ora ana bédané apa-apa karo batoer toekon,
2. sanadyan kang ndoewèni samoebarang, nanging kawengkoe ing emban lan pamomong kongsi toemeka ing waktoe kang woes kapesṭèkaké ḍingin déning bapakné.
3. Mangkono oega kita nalika doereong diwasa, paḍa dadi batoer toekon kawengkoe ing kamoelaning piwoelangé djagad.
4. Ananging bareng woes toetoeg geneping mangsa, Allah toemoeli ngoetoes kang Poetra kang mijos saka wong wadon, mijos kebawah ing angger-angger,
5. toedjoeané neboes marang kang paḍa kebawah ing angger-angger, soepaja kita paḍa kangkata dadi poetra.
6. Mangka sarèhné kowé paḍa dadi poetra, moelané Allah woes neḍakaké Rohé kang Poetra marang sadjroning atimoe, kang ngoewoeh: Abba, Rama.
7. Kang ikoe dadiné kowé woes doedoe abdi, nanging poetra, mangka menawa poetra, ija dadi ahliwarisé Allah lantaran Kristoes.

Bab kesasaré wong Galati.[edit]

8. Nanging nalika samana, amarga doeroeng soemoeroeb marang Allah, kowé paḍa ngawoela marang kang djatiné doedoe Allah.
9. Mangka ing saiki sadjroné woes wanoeh marang Allah, malah woes paḍa kawanoehan déning Allah keprijé déné kowé teka paḍa mbalèni marang kamoelan kang apes lan papa, arep kokawoelani manèh?
10. Kowé teka paḍa netepi dina lan sasi toewin mangsa apadéné taoen.
11. Akoe njoemelangaké kowé, bok menawa nganti tanpa toewas enggonkoe kangélan ingatasé kowé.
12. Banget pandjaloekkoe marang kowé para sadoeloer, kowé bok paḍa dikaja akoe, awit akoe ija woes dadi kaja kowé.
13. Kowé paḍa ora kaloepoetan marang akoe. Nanging kowé paḍa soemoeroep jèn enggonkoe martakaké Indjil marang kowé kang ḍingin ikoe djalaran saka kaapesaning daging,
14. Lan bentjanakoe kang toemandoek ing dagingkoe ikoe ora nganti kotjampahi oetawa kogelani, malah akoe kotampani kaja malaékaté Allah, ija kaja Jésoes Kristoes.
15. Kang ikoe apa ta sing koanggep dadi begdjamoe. Awitdéné kowé dakseksèni: menawa kenaa, kowé nganti paḍa njoeplakana mripatmoe, kowènèhaké ing akoe.
16. Apa ta akoe dadi satroemoe amarga enggonkoe mitoetoeri kowé kang sanjatané?
17. Wong koewé enggoné paḍa naberèni kowé ora betjik pangarahé, malah sedyané arep ndjabakaké kowé, soepaja kowé paḍa naberènana marang ḍèwèké.
18. Betjik oega ana toemindaking taberi toemrap sabarang kang betjik, angger salawasé, ora ngamoengaké samasa akoe ana ing kowé baé.
19. Ḍoeh anak-anakkoe, kang lagi dakoewataké manèh klawan nglarani, nganti toemeka Kristoes kawarna ana ing kowé.
20. Ananging pangadjapkoe bok saiki akoe anaa ing kowé lan bisaa ngowahi swarakoe sabab atikoe djoeḍeg ingatasé kowé.

Torèt katanḍing karo Indjil kaḍapoer pralambang.[edit]

21. Mara paḍa toetoera ing akoe, kowé kang arep kawengkoe ing Torèt, apa paḍa ora ngroengokaké ing Torèt?
22. Awit ana toelisan jèn Abraham kagoengan poetra loro, sidji saka ing pawoengan, sidjiné saka ing padmi. (1 Moesa 16 : 15; 21 : 2, 3).
23. Nanging kang saka ing pawongan ikoe wijosé tata daging, balik kang saka ing padmi ikoe marga saka prasetya.
24. Ikoe ngemoe pralambang njemoni pradjandjian loro, kang sidji saka ing goenoeng Sinah, kang anak-anak paḍa batoer toekon, ija ikoe Agar.
25. Sabab moenggoeh Agar ikoe ija goenoeng Sinah ing tanah Arab, kang tjoenḍoek karo Jeroesalèm kang saiki, awit ikoe dadi éwoning batoer toekon saanak-anaké.
26. Nanging Jeroesalèm kang ana ing loehoer ikoe padmi, ija ikoe kang dadi iboe kita.
27. Awitdéné ana toelisan mangkéné: (Jes. 54 : 1.) Hé wong gaboeg kang ora anak-anak, sira beboengaha. Hé wong kang ora taoe nglarani, sira gijak-gijaka lan ngoewoeh-oewoeha amarga akèh anaké kang idjèn, kèhé ngoengkoeli kang doewé laki.
28. Déné kita para sadoeloer paḍa dadi anaking prasetya kajadéné Iskak.
29. Nanging paḍa kaja nalika samana, kang lairé tata daging ngoeja-oeja marang kang tata Roh, mangkono oega ing samengko.
30. Moeng wiraosé kitab keprijé? Pawongan ikoe toenḍoengen saanaké, sabab anaké pawongan ikoe ora pisan bakal mèloe kapandoeman warisan karo anaké padmi. (1 Moesa 21 : 10).
31. Kang ikoe para sadoeloer, kita paḍa anaké padmi, doedoe anaké pawongan.

Bab 5.[edit]

Bab kamardikan tata Kristen.[edit]

1. Moelané paḍa dimantep ing kamardikan peparingé Kristoes kang woes mardikakaké kita, lan adja kongsi kaetrapan pasanganing pangawoelan manèh.
2. Lah akoe iki Paoel pitoetoer ing kowé: Menawa kowé paḍa loemakoe ditetaki, Kristoes dadi bakal ora maédahi apa-apa marang kowé.
3. Lan manèh akoe njeṭakaké marang saben wong kang loemakoe ditetaki, jèn dadi kedjibah nglakoni ing angger-angger satamaté.
4. Kowé woes paḍa kaoewalaké saka Sang Kristoes, sapira kang paḍa ngarah kasampoernakaké marga saka angger-angger, kowé woes paḍa kesingsal saka ing sih-rahmat.
5. Sabab marga déning Roh lan awit saka pratjaja enggon kita paḍa nganti-anti marang kasampoernan kang kaarep-arep.
6. Oedjar ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes ikoe: dadia tetak, dadia ikoetan, paḍa tanpa goena, moeng pratjaja kang nglakoni gawé sarana katresnan.
7. Enggonmoe wiwit loemajoe bijèn wis betjik. Sapa kang ngaḍang-aḍangi kowé, nganti paḍa ora ngèstokaké ing kajektèn?
8. Pangrimoek kang mangkono ikoe ora saka kang nimbali kowé.
9. Ragi moenga saṭiṭik ikoe roemasoek marang sadjladrèn kabèh.
10. Ana ing patoenggilané Goesti akoe iki doewé pangandel ingatasé kowé, jèn kowé bakal paḍa ora sédjé pangrasamoe. Nanging sapa-sapaa kang mbingoengaké kowé ikoe bakal njangga paoekoemané.
11. Déné moenggoeh akoe iki, para sadoeloer saoepama isih moelangaké bab tetak, généa teka isih dikoeja-koeja. Jèn ta mangkono, dadi sanḍoengan kang karana salib ikoe rak woes kasingkiraké.
12. Kang paḍa nggègèraké kowé ikoe bok ija paḍa gebiria pisan baé.
13. Awitdéné para sadoeloer, enggonmoe paḍa katimbalan ikoe marang kamardikan. Moeng kamardikan ikoe adja dadi ḍaḍakan marang daging , nanging paḍa laden-linadènana sarana katresnan.
14. Sabab angger-angger sakabèhé ikoe katetepané ing pitemboengan sidji iki: Sira tresnaa ing sapepaḍanira dikaja marang awakira ḍéwé. (3 Moesa 19 : 18).
15. Nanging menawa kowé paḍa kerahan lan mangsa-minangsa, paḍa diawas, adja kongsi toempes-tinoempes.

Bab panggawéné daging lan pamedalé Roh.[edit]

16. Anadéné pitoetoerkoe: Lakoemoe paḍa manoeta marang Roh, temahan kowé bakal ora noeroeti kapéntjoeting daging.
17. Sabab karepé daging ikoe njoelajani marang Roh, paḍa lelawanan, temah kowé paḍa ora nglakoni kang kokarepaké.
18. Nanging menawa kowé paḍa katoentoen déning Roh, dadi paḍa ora kebawah ing angger-angger.
19. Anadéné panggawéné daging ikoe woes paḍa tetéla kajata:
20. bandèk, djina, lakoe roesoeh, pambaloentah, panjembah ing brahala, panenoengan, sesatron, toekar padoe, memèrènan, brangasan, tjetjongkrahan, sesoelajan, bebèntjèngan, drengki, gawé pati, endem-endeman, djibar-djiboer sapanoenggalané.
21. Bab prakara ikoe kowé paḍa dakpresabeni, kaja enggonkoe ija woes presaben ing manoeé, jèn wong kang nglakoni mangkono ikoe bakal paḍa ora olèh warisan keratoné Allah.
22. Balik moenggoeh pamedalé Roh ikoe kajata: katresnan, kaboengahan, atoet roekoen, kasabaran, paramarta, kabetjikan, katemenan, sarèh, soemirih.
23. Ora ana angger-angger nglawan kang mangkono ikoe.
24. Anadéné wong kagoengané Sang Kristoes ikoe woes paḍa njalib marang daging dalah hawa nepsoe lan kapèntjoeté.
25. Menawa oerip kita marang déning Roh lakoe kita ija dipaḍa marga déning Roh.
26. Kita adja paḍa mboeroe aleman, adja paratantang lan djedjailan.

Bab 6.[edit]

Bab toeloeng-tinoeloeng.[edit]

1. Hé para sadoeloer, dadia menawa ana wong kang kedadak kena ing saḍéngah kaloepoetan, kowé kang kasoekman paḍa moelihna wong kang mangkono ikoe klawan sarèh ing boedi, nganggoa wewéka awakmoe ḍéwé, adja nganti kowé ija kena ing panggoḍa oega.
2. Paḍa sangkoel-sinangkoela ing bot repot , dikaja mangkono enggonmoe paḍa netepi angger-anggeré Sang Kristoes.
3. Sabab menawa ana wong kang roemasa adji, mangka ora ana adjiné, ikoe dadi ngapoesi awake ḍéwé.
4. Nanging saben wong ndadara pagawéané ḍéwé, mangkono bakalé ana lanḍesaning pangoenggoengé moeng toemrap ing awake ḍéwé, ora toemrap ing wong lija.
5. Awit saben wong bakal mikoel pikoelané ḍéwé.
6. Lan sapa wong kang nampani piwoelang bab pangandika, ikoe mandoemana sabarang darbé marang kang moelang.

Bab njenjebar lan ngoenḍoeh.[edit]

7. Adja paḍa kesasar, Allah ora kena digawé gegoejon. Oedjar apa kang disebar ing wong, ora lija ikoe kang bakal dienèni.
8. Awit sapa wong kang njenjebar ing dagingé ḍéwé, ikoe bakal ngenèni karoesakan saka ing daging. Balik sapa kang njenjebar ing Roh, bakal ngenèni oerip langgeng saka ing Roh.
9. Nanging kita adja nganti kemba enggon kita paḍa nglakoni kabetjikan. Sabab ing kala mangsa kang pinasṭi kita bakal paḍa ngenèni, angger otra kongsi kendo.
10. Kang ikoe moempoeng kita paḍa kaoer; pajo paḍa gawé betjik marang wong kabèh, malah-malah marang kang paḍa noenggal pratjaja.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.