Jv/Serat Kalatidha

From Wikisource
(Redirected from Serat Kalatidha)
Jump to navigation Jump to search

Serat Kalatidha yaiku karangane Rangga Warsita. Tembang iki tembang Jawa sing penting dewe.

Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné perkara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, yakuwi pada kapitu.

Latar wuri

Kalatidha kuwi dudu karya Rangga Warsita kang paling dawa. Syair iki mung ana 12 jroning metrum Sinom. Kala tidha sacara harafiah tegesé "jaman édan", kaya kang ditulis déning Rangga Warsita dhéwé. Kocap kacarita, Rangga Warsita nulis syair iki nalika pangkaté ora diundhakaké kaya kang dikarepaké. Banjur panjenengané gawé generalisasi saka kahanan iki, lan nganggep sacara umum yèn jaman nalika semana minangka jaman édan lan krisis. Wektu kuwi Rangga Warsita minangka pujangga karajan ing Kraton Kasunanan Surakarta. Panjenengané kuwi pujangga panutup utawa "pujangga pungkasan", awit sawisé kuwi ora ana "pujangga karajan" manèh.

Makna

Syair Kalatidha bisa dipérang dadi telung bagéan, yakuwi: bagéan kapisan arupa pada 1 nganti 6, bagéan kaloro arupa pada 7, lan bagéan katelu arupa pada 8 nganti 12. Pérangan pisanan yakuwi mangsa kang miturut Rangga Warsita arupa kahanan tanpa prinsip. Pérangan kaloro isiné katekadan lan mawas dhiri. Pérangan katelu isiné sikap kang taat marang agama jroning masarakat.

Sinom

1.

  • Mangkya darajating praja
  • Kawuryan wus sunyaturi
  • Rurah pangrehing ukara
  • Karana tanpa palupi
  • Atilar silastuti
  • Sujana sarjana kelu
  • Kalulun kala tidha
  • Tidhem tandhaning dumadi
  • Ardayengrat dene karoban rubeda

2.

  • Ratune ratu utama
  • Patihe patih linuwih
  • Pra nayaka tyas raharja
  • Panekare becik-becik
  • Parane dene tan dadi
  • Paliyasing Kala Bendu
  • Mandar mangkin andadra
  • Rubeda angrebedi
  • Beda-beda ardaning wong saknegara

3.

  • Katetangi tangisira
  • Sira sang paramengkawi
  • Kawileting tyas duhkita
  • Katamen ing ren wirangi
  • Dening upaya sandi
  • Sumaruna angrawung
  • Mangimur manuhara
  • Met pamrih melik pakolih
  • Temah suka ing karsa tanpa wiweka

4.

  • Dasar karoban pawarta
  • Bebaratun ujar lamis
  • Pinudya dadya pangarsa
  • Wekasan malah kawuri
  • Yan pinikir sayekti
  • Mundhak apa aneng ngayun
  • Andhedher kaluputan
  • Siniraman banyu lali
  • Lamun tuwuh dadi kekembanging beka

5.

  • Ujaring panitisastra
  • Awewarah asung peling
  • Ing jaman keneng musibat
  • Wong ambeg jatmika kontit
  • Mengkono yen niteni
  • Pedah apa amituhu
  • Pawarta lolawara
  • Mundhuk angreranta ati
  • Angurbaya angiket cariteng kuna

6.

  • Keni kinarta darsana
  • Panglimbang ala lan becik
  • Sayekti akeh kewala
  • Lelakon kang dadi tamsil
  • Masalahing ngaurip
  • Wahaninira tinemu
  • Temahan anarima
  • Mupus pepesthening takdir
  • Puluh-Puluh anglakoni kaelokan

7.

  • Amenangi jaman edan
  • Ewuh aya ing pambudi
  • Milu edan nora tahan
  • Yen tan milu anglakoni
  • Boya kaduman melik
  • Kaliren wekasanipun
  • Ndilalah karsa Allah
  • Begja-begjane kang lali
  • Luwih begja kang eling lawan waspada

8.

  • Semono iku bebasan
  • Padu-padune kepengin
  • Enggih mekoten man Doblang
  • Bener ingkang angarani
  • Nanging sajroning batin
  • Sejatine nyamut-nyamut
  • Wis tuwa arep apa
  • Muhung mahas ing asepi
  • Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma

9.

  • Beda lan kang wus santosa
  • Kinarilah ing Hyang Widhi
  • Satiba malanganeya
  • Tan susah ngupaya kasil
  • Saking mangunah prapti
  • Pangeran paring pitulung
  • Marga samaning titah
  • Rupa sabarang pakolih
  • Parandene maksih taberi ikhtiyar

10.

  • Sakadaré linakonan
  • Mung tumindak mara ati
  • Angger tan dadi prakara
  • Karana riwayat muni
  • Ikhtiyar iku yekti
  • Pamilihing reh rahayu
  • Sinambi budidaya
  • Kanthi awas lawan eling
  • Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma

11.

  • Ya Allah ya Rasulullah
  • Kang sipat murah lan asih
  • Mugi-mugi aparinga
  • Pitulung ingkang martani
  • Ing alam awal akir
  • Dumununging gesang ulun
  • Mangkya sampun awredha
  • Ing wekasan kadi pundi
  • Mula mugi wontena pitulung Tuwan

12.

  • Sageda sabar santosa
  • Mati sajroning ngaurip
  • Kalis ing reh aruraha
  • Murka angkara sumingkir
  • Tarlen meleng malat sih
  • Sanityaseng tyas mematuh
  • Badharing sapudhendha
  • Antuk mayar sawetawis
  • Borong angga sawarga mèsi martaya