Page:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/5

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has been proofread.
5

II. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI ATER-ATER.

  1. Anoe-swara:
    h. Manawi poerwaning linggah loeloeh, ater-ateripoen anoe-swara boten kaserat nganggé: ꦲ꧉ Kadosta: ꦔꦠꦒ꧀ ꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦩꦿꦤꦠ꧉
    Manawi wonten preloenipoen kénging kaserat: ꦲꦔꦠꦒ꧀ ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦲꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦲꦩꦿꦤꦠ꧉
    n. Manawi poerwaning lingga boten loeloeh, kadosta: ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦂ꧈ ꦲꦚ꧀ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦲꦁꦒꦶꦛꦶꦁ꧈ ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁ poenika boten kénging kaserat: ꦢꦢꦂ꧈ ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦒꦶꦛꦶ꧈ ꦧꦸꦮꦁ꧉
  2. Temboeng-temboeng tandoek ingkang poerwaning lingganipoen loeloeh kalijan ater-ateripoen anoe-swara, manawi angsal ater-ater: ꦥ꧈ poerwaning tandoek boten karangkep, kadosta:
    ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ boten: ꦥꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀꧈
  3. Bawa: ꦏ꧉
    Temboeng bawa: ꦏ꧈ ingkang ater-ateripoen boten loeloeh kalijan poerwaning lingga, ater-ateripoen: ꦏ꧈ kedah kapepet, kadosta: ꦏꦼꦢꦢꦏ꧀꧈
  4. Temboeng ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi dipoen-ater-ateri: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈ boten éwah, kadosta: ꦥꦶꦲꦁꦏꦸꦃ꧈ ꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ ꦥꦶꦲꦭ꧉