Page:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/22

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has been proofread.

22

wonten perloenipoen, inggih poenika kanggé mbédakaken kalijan temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg ing aksara: ꦏ꧈ soepados nggampilaken panjoeraos, damel paḍanging oekara.
n. Sisigeg: ꦤ꧈ poenika asring kalintoe ing: ꦏ꧈
ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀  ꦠꦺꦏꦺꦴꦏ꧀꧈
ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀  ꦏꦺꦠꦺꦴꦏ꧀꧈
ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀  — ꦮꦺꦢꦺꦴꦏ꧀꧈
Wonten temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg: ꦤ꧈ manawi dipoen-panambangi: ꦲꦏꦺ꧈ sisigegipoen: ꦤ꧈ éwah dados: ꦏ꧉ Sarèhning sisigeg: ꦤ꧈ asring kalintoe ing: ꦏ꧈ mila traping panambang inggih kados manawi roemaket ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg: ꦏ꧉
  1. Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ trapipoen kados panambang: ꦲꦺ꧉ Manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga ing paketjapan kados kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ nanging panjeratipoen boten.


V.

Temboeng: dwi-poerwa, tegesipoen: wiwitan kalih (rangkep), poerwaning temboeng poenika awoedjoed: wanda. Sarèhning wanda poenika manawi karangkep sanḍanganipoen swara katoet, dados panjeratipoen temboeng dwi-poerwa inggih kedah ngrangkep sanḍangan swara.