Page:Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka.pdf/16

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has been proofread.

16

mawi pepet, nanging panjeratipoen prajogi kalastantoenaken legena, mila makaten, amargi taksih kaṭah ingkang boten toemrap, manawi kadoenoengan pepet, oepaminipoen: ꦮꦕꦏ꧈ ꦧꦮꦤ꧈ ꦕꦫꦏ꧉
  1. Temoeng lingga nigang wanda ingkang poerwanipoen sigeg aksara iroeng, poenika paketjapaning poerwanipoen wonten warni kalih: mawi pepet oetawi legena, mila panjeratipoen prajogi karoentoetaken akalijan paketjapanipoen.
  2. Ing temboeng Djawi wanda sangadjengipoen wanda wekasan, boten wonten ingkang sigeg, kadjawi sigeg ing aksara iroeng.
    Sisigeg: ꦫ꧈ ( ꦂ) ingkang toemrap wanda sangadjengipoen wanda wekasan, paketjapanipoen tjara Djawi dados: ꦉ꧉
    ꦲꦂꦢꦶ꧈  ꦉꦢꦶ꧉
    ꦲꦂꦗ꧈  ꦉꦗ꧉
    ꦲꦂꦱꦶ꧈  ꦉꦱꦶ꧉
    Mila temboeng: ꦥꦂꦭꦸ꧈ manawi manoet paketjapan Djawi prajogi kaserat: ꦥꦽꦭꦸ꧈ boten ꦥꦼꦂꦭꦸ꧉
  3. Warganing aksara poenika kedah taksih dipoen-éngeti, boten namoeng toemrap ater-ater anoe-swara kémawon, toemrap temboeng lingga inggih makaten, sarodjaning wod ꦢꦁ꧈ dados: ꦢꦤ꧀ꦢꦁ꧈ ꦧꦁ꧈ dados: ꦧꦩ꧀ꦧꦁ꧈ ꦕꦁ꧈ dados: ꦕꦚ꧀ꦕꦁ꧈ ; malihing: ꦁ (ꦔ꧀) dados: ꦤ꧈ ꦩ꧈ ꦚ꧈ poenika sababipoen boten sanès namoeng saking ngroentoetaken warganing aksara, mila: ꦲꦚ꧀ꦗꦫ꧈ ater-ateripoen kedah: ꦲꦚ꧀꧈ Sisigeg ꦚ꧈ poenika dados soesoelih-