Page:Het boek Adji Såkå.pdf/20

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

Ajisaka anglajengaken anggénipun mumuruk, tiyang nagari ing Mendhang Kamolan sadaya sami anguguru, sarta suyud dhateng Shang Bramana sabrang, anggepipun kados sami angabdi. Ajisaka saking laminipun anggénipun wonten ing karandhan misiwur kasagedanipun ngantos kamirêngngan dhateng patih ing Mendhang Kamolan ingkang nama Kyai Patih Thengger, Kyai Patih lajeng lumampah dhateng ing karandhan amanggihi Ajisaka. Sadalu anggénipun ngaos sastra : tembung kawi : ngelmi panitisan tuwin swarnining kasekten, boten antawis lami sakathahing kawruh sampun kacakup sadaya.

Panuju Kyai Patih tuwi dhateng karandhan, Ajisaka apitakén : Paman kala rumiyin sadhateng kula ing nagari ngriki, wonten ing lulurung ageng, aningali tiyang kathah sami pating baleber, boten sumerêp ingkang dipun ungséni, punika punapa sababipun, Patih amangsuli, punika sami abdi dalem ing nagari ngriki, angupados tiyang ingkang lemu, badhé dhaharipun Sang Natha, saben dinten angladosaken satunggil, Ajisaka kaget sarta éram saget amirêngngaken pratélanipun Kyai Patih, wicantenipun : yén mkaten : Paman dados Rathu i jengandika punika adamel risaking nagarinipun piyambak, mila kula tingali kagunganipun siti dhusun kathah  king kang suweng, sarêng Ajisaka kédel wicanten boten antawis dangu para sakabatipun sami malajeng-malajeng dhateng, angungsi ing gurunipu