Page:Het boek Adji Såkå.pdf/19

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.


la, Dewi Rarasathi mésem tumungkul, sakabat kakalih anggénipun ngawasaken boten kumedhép awit sajegipun déreng naté aningali tiyang ayu makaten, Ajisaka gimir tansah asabil sabab déning énget yén amandhita.

Nyai Rondha wicanten dhateng Ajisaka, nagara ing kéné wis misuwur, yén ana Bramana sekti mondraguna, bagus isih enom limpad ing ngelmu panitisan  pinangkané saka ing sabrang anga-Jawa anggawa aksara warna-warna, apa déné layang tembung kawi, gawéné amumuruk, wong pirang-pirang nagara padha anguguru, mung kari wong nagara ing Mendhang Kamolan, sing kawruhé isih bingung. Yén ta Bramana iku anaha ing kéné, aku sumeja angguguru, Ajisaka gumujeng amangsuli, dora ingkang awartos punika, angindhakaken ing kayaktosanipun, wondening ingkang kawartos punika inggih kula.

Nyai Rondha kaget, wicantenipun : begja temen aku katekan kowé, saréhné aku bodho, muga legaha kowe amuruk, wangsulipun Ajisaka, yén sampéyan sudi amundhut wulang, kula sandika kémawon, Nyai Rondha lajeng dipun wulang ngelmi panitisan sarta tembung kawi, sampun sampurna ing kasagedanipun, ingkang putra lajeng dipun wulang piyambak anyakep sakathahing wulang.