Page:Het boek Adji Såkå.pdf/14

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.


won, anggénipun wonten  tanah  ing Banthen sataun, anunten sakabatipun saking sabrang kathah nusul dhateng pulo Jawi.

Ajisaka lajeng késah saking tanah ing Banthen, sakabatipun wonten ingkang dipun tilar, supados andumugékna mumulang ngélmi, amencarna agaminipun, lampahipun dhateng ing tanah Jawi boten angambah siti. Ingkang dipun seja dhateng nagari ing Medhang Kamolan, lampahipun awor kaliyan angin énggal dhatengipun, anjujug ing redi Kendheng. Ajisaka sektinipun anglangkungi, amunjuli sasamining tumitah. Saking Mekah dhateng ing pulo Jawi lampahan tigang taun dipun lampahi dhateng Ajisaka namung nem dinten kémawon dumugi, amargo saweg Jinurung ing Gusthi kang Agung, sabarang pikajengnganipun dados, mila anglalana anga-Jawi, awit badhé amradinaken wulangngipun.

Ajisaka wancinipun taksih anem abagus warninipun wasis ing ngélmi, dipun guroni  ing tiyang kathah. Kalanipun ngancik ing redi Kendheng. Anuju ing wulan besar : mongsa kasa wuku mannail taun Jimakir, sinangkalan kunir wuk tanpa jalu.

Ajisaka adhedhekah wonten dhusun ing Kabuyuthan, sakabatipun sampun kathah. Wondéning bebektanipun saking sabrang  Serat Kawi cariyosipun Harjuna Wijaya : Serat Rama : Panitisastra, salaminipun wonten ing Kabuyuthan angang