Jv/Wawaton panjeratipoen temboeng Djawi mawi sastra Djawi dalasan angka

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
[ 1 ]

WAWATON

PANJERATIPOEN TEMBOENG DJAWI MAWI
SASTRADJAWI DALASAN ANGKA,

MITOEROET

POETOESAN PAREPATAN KOEMISI KASOESASTRAN

ING

SRIWEDARI (SOERAKARTA).



_______



LANDSDRUKKERIJ — WELTEVREDEN
1926.

[ 2 ]
Verstrekt door het Depôt van Leermiddelen
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
In gebruik genomen
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Afgekeurd
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 


WAWATON

PANJERATIPOEN TEMBOENG DJAWI MAWI
SASTRA DJAWI DALASAN ANGKA,

MITOEROET

POETOESAN PAREPATAN KOEMISI KASOESASTRAN

ING

SRIWEDARI (SOERAKARTA).



_______



LANDSDRUKKERIJ — WELTEVREDEN
1926.

[ 3 ]

WAWATON PANJERATIPOEN TEMBOENG DJAWI    
MAWI SASTRA DJAWI DALASAN ANGKA,
MITOEROET POETOESAN PAREPATAN
KOEMISI KASOESASTRAN ING
SRIWEDARI (SOERAKARTA).

________

I. TEMBOENG LINGGA.

  1. Temboeng lingga kaserat boten ngrangkep aksara. Kadosta: ꦠꦸꦤ꧈ ꦮꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦊꦔ꧈ ꦧꦚꦸ꧈ ꦢꦲꦤ꧉
    Boten kaserat: ꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦂꦫꦠ꧀ ꦊꦁꦔ꧈ ꦧꦤ꧀ꦚꦸ꧈ ꦢꦃꦲꦤ꧉
    Wonten ingkang njebal: ꦠꦤ꧀ꦚ꧉
    Déné: ꦫꦲꦪꦸ꧈ sanadyan sanès temboeng lingga oegi boten kaserat: ꦫꦃꦲꦪꦸ꧈ awit saking temboeng lingga: ꦲꦪꦸ꧈ angsal ater-ater: ꦫ꧉
    Makaten oegi: ꦫꦲꦂꦗ꧈ ꦫꦲꦗꦼꦁ꧈ lan sapanoenggilanipoen.
  2. Temboeng lingga nigang wanda ingkang poerwanipoen menga nglegena. Sanadyan oengelipoen poerwaning lingga waoe mawi sanḍangan pepet, inggih kaserat nglegena. Kadosta: ꦤꦒꦫ꧈ ꦱꦭꦏ꧈ ꦮꦠꦫ꧈ ꦩꦤꦮ꧈ ꦧꦝꦪ꧉ [ 4 ]
    4
  1. Temboeng lingga nigang wanda ingkang poerwanipoen sigeg ing aksara iroeng, kaserat kados paketjapanipoen, kadosta:
    h: ꦕꦼꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶꦠ꧀ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧈ ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈ ꦊꦁꦒꦤ꧈ ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦤ꧉
    n: ꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧈ ꦱꦁꦱꦫ꧉
  2. Wanda ingkang dédé wanda wekasan boten saged nganggé pepet lajar; manawi boten dipoen-keret, inggih namoeng dipoen-lajar, kadosta: ꦢꦽꦏꦸꦏꦸ꧈ ꦒꦽꦗꦶ꧈ ꦮꦂꦤ꧈ ꦮꦂꦠ꧉ Kadjawi temboeng-temboeng ngamantja ingkang baḍé katjeṭakaken, kadosta: ꦓꦸꦥꦼꦂꦟꦸꦂ​ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ ꦥꦿꦺꦴꦱꦺꦱ꧀ꦥꦼꦂ​ꦧꦭ꧀꧈
  3. Manawi noenggil temboeng, pasangan: ꦕ꧈ ꦗ꧈ boten kénging wonten sanganḍapipoen sisigeg: ꦤ꧈ kedah: ꦚ꧈ kadosta: ꦮꦚ꧀ꦕꦶ꧈ ꦗꦚ꧀ꦗꦶ꧉
  4. Temboeng: ꦏ꧀ꦭꦥ boten kaserat: ꦏꦭꦥ꧈
                       ꦧ꧀ꦭꦸꦢꦿꦸ             ꦧꦭꦸꦢꦿꦸ꧉
    sasaminipoen.
    Namoeng manawi wonten preloenipoen, oepami kadamel ndjangkepaken goeroe witjalaning sekar, saweg kénging kaserat: ꦏꦭꦥ꧈ ꦧꦭꦸꦢꦿꦸ꧉
  5. ꦢꦺꦴꦚ꧈ sarta: ꦱꦺꦴꦚ sami kaserat nganggé taling-taroeng, boten nganggé soekoe.
  6. Temboeng ngamantja ingkang sampoen kanggé ing temboeng Djawi, panjeratipoen mitoeroet paketjapanipoen temboeng ngamantja waoe, kadosta: ꦧꦒꦱꦶ꧈ saking Bagage.
[ 5 ]
5

II. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI ATER-ATER.

  1. Anoe-swara:
    h. Manawi poerwaning linggah loeloeh, ater-ateripoen anoe-swara boten kaserat nganggé: ꦲ꧉ Kadosta: ꦔꦠꦒ꧀ ꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦩꦿꦤꦠ꧉
    Manawi wonten preloenipoen kénging kaserat: ꦲꦔꦠꦒ꧀ ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦲꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦲꦩꦿꦤꦠ꧉
    n. Manawi poerwaning lingga boten loeloeh, kadosta: ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦂ꧈ ꦲꦚ꧀ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦲꦁꦒꦶꦛꦶꦁ꧈ ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁ poenika boten kénging kaserat: ꦢꦢꦂ꧈ ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦒꦶꦛꦶ꧈ ꦧꦸꦮꦁ꧉
  2. Temboeng-temboeng tandoek ingkang poerwaning lingganipoen loeloeh kalijan ater-ateripoen anoe-swara, manawi angsal ater-ater: ꦥ꧈ poerwaning tandoek boten karangkep, kadosta:
    ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ boten: ꦥꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀꧈
  3. Bawa: ꦏ꧉
    Temboeng bawa: ꦏ꧈ ingkang ater-ateripoen boten loeloeh kalijan poerwaning lingga, ater-ateripoen: ꦏ꧈ kedah kapepet, kadosta: ꦏꦼꦢꦢꦏ꧀꧈
  4. Temboeng ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi dipoen-ater-ateri: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈ boten éwah, kadosta: ꦥꦶꦲꦁꦏꦸꦃ꧈ ꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ ꦥꦶꦲꦭ꧉ [ 6 ]
    6
Ingkang njebal, poerwanipoen éwah dados: ꦪ꧈ kadosta: ꦥꦶꦪꦒꦼꦩ꧀ ꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦁꦒ꧉


III. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG NGANGGÉ SESELAN.
  1. Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉
    Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉ Kaserat mitoeroet pangrimbagipoen seselan, kadosta: ꦥꦽꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧈ ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀ ꦒ꧀ꦭꦼꦉꦁ꧉ Boten kaserat: ꦥꦉꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉
    Manawi wonten preloenipoen kénging kaserat: ꦥꦉꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉
  2. Seselan: ꦤ꧈ kadosta: ꦥꦶꦤꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ poenika kaserat tanpa pasangan: ꦤ꧉


IV. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI PANAMBANG.
  1. Panambang ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi toemrap ing wanda sigeg: ꦲ nipoen malih dados aksara sisigeg waoe, kakosta: ꦲꦮꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺ꧈ ꦊꦊꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶ꧈ ꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ ꦫꦲꦧ꧀ꦧꦤ꧉
  2. Panambang ꦲ
    h. Manawi wonten sawingkingipoen wanda menga nglegena, kaserat tetep: ꦲ꧈ kadosta: ꦧꦶꦱꦲ꧉ [ 7 ]
    7
n. Éwah dados: ꦪ꧈ manawi soemambet wanda menga kanṭi: woeloe, oetawi: taling, samanten poenika manawi wanda waoe sanès: ꦪ꧈ kakosta: ꦮꦤꦶꦪ꧈ ꦝꦺꦝꦺꦪ꧉ Nanging: ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦲ꧈ ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲ꧈ boten kaserat: ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦪ꧈ ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦪ꧉
tj. Éwah dados: ꦮ꧈ manawi soemambet ing wanda menga kanṭi: soekoe oetawi: taling-taroeng, samanten poenika bilih wanda waoe sanès: ꦮ꧈ kadosta: ꦤꦶꦫꦸꦮ꧈ ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦮ꧉ Nanging: ꦤꦮꦸꦲ꧈ ꦕꦸꦮꦺꦴꦲ꧉ boten kaserat: ꦤꦮꦸꦮ꧈ ꦕꦸꦮꦺꦴꦮ꧉
  1. Panambang: ꦲꦺ꧈ manawi soemambet wanda menga, éwah dados: ꦤꦺ꧈ dados tanpa pasangan: ꦤ꧈ kadosta:
    ꦗꦫ   — ꦗꦫꦤꦺ boten: ꦗꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉
    ꦲꦭꦸ  ꦲꦭꦸꦤꦺ꧈   ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦺ꧉
  2. Panambang: ꦲꦶ꧈ manawi wonten sawingkingipoen wanda menga, kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ roemijin.
    Kadosta:   ꦥꦝ  — ꦩꦝꦤ꧀ꦤꦶ꧉
       ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶ   — ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉
       ꦧꦲꦸ  ꦲꦩ꧀ꦧꦲꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉
  3. Panambang: ꦲꦤ꧀꧈
    h. Manawi toemrap ing wanda menga, ingkang mawi sanḍangan: woeloe oetawi: taling mangka boten
[ 8 ]

8

loeloeh, poerwaning panambang malih dados: ꦪ꧈
kadosta: ꦢꦢꦶ  ꦏꦢꦢꦶꦪꦤ꧀꧈
   ꦒꦝꦺ  ꦥꦒꦝꦺꦪꦤ꧀꧈
Manawi toemrap ing wanda menga, ingkang mawi sanḍangan: soekoe oetawi: taling-taroeng, mangka boten loeloeh, poerwaning panambang dados: ꦮ꧈
kadosta: ꦭꦏꦸ  ꦏꦭꦏꦸꦮꦤ꧀꧈
   ꦗꦒꦺꦴ  ꦗꦒꦺꦴꦮꦤ꧀꧈
n. Wonten temboeng sawatawis ingkang wandanipoen wekasan kadoenoengan wignjan, njebal saking wawaton IV. I. kadosta:
ꦮꦼꦫꦃ   — ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈
ꦏꦭꦶꦃ  ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧈
ꦥꦭꦶꦃ  — ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀꧈ (seḍèrèk noenggil soeson).
Nanging: ꦥꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ (Krama), ngokonipoen: ꦥꦫꦺꦴꦤ꧀꧈
tj. Temboeng-temboeng ing adeg-adeg: n nginggil poenika, manawi angsal panambang: ꦲꦺ꧈ wignjanipoen terkaḍang wangsoel, kadosta:
ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀   — ꦏꦫꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀  ꦥꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧉
  1. Panambang: ꦲꦼꦤ꧀ manawi soemambet ing wanda menga, éwah dados: ꦤꦼꦤ꧀ kadosta:
    ꦭꦸꦗ  ꦲꦸꦗꦤꦼꦤ꧀꧈
    ꦥꦤꦸ  — ꦥꦤꦸꦤꦼꦤ꧀꧈
[ 9 ]

9

  1. Panambang: ꦲꦤ꧈ manawi soemambet ing wanda menga, mawi kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ roemijin, kadosta:
    ꦲꦧ    — ꦔꦧꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦠꦭꦶ    — ꦠꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦥꦺꦥꦺ  ꦥꦺꦥꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦭꦏꦸ    — ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉
    ꦒꦝꦺꦴ  ꦒꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉
  2. Panambang: ꦲꦏꦺ꧉
    h. Manawi soemambet ing wanda menga, wanda waoe kasigegaken: ꦏ roemijin, panambangipoen lastantoen: ꦲꦏꦺ꧈ bilih wanda waoe kadoenoengan: woeloe, malih dados: taling, manawi kadoenoengan: soekoe, dados: taling-taroeng, kadosta:
    ꦠꦥ   — ꦤꦥꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
    ꦭꦭꦶ  — ꦔ꧀ꦭꦭꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
    ꦒꦼꦝꦺ  ꦲꦁꦒꦼꦝꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
    ꦲꦗꦸ   — ꦔꦗꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
    ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ  ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
    n. Temboeng ingkang wandanipoen sigeg: ꦤ꧈ manawi angsal panambang: ꦲꦏꦺ꧈ wonten ingkang sisigegipoen: ꦤ꧈ poenika malih dados: ꦏ꧈
[ 10 ]

10

saladjengipoen panambang: ꦲꦏꦺ꧈ éwah dados: ꦏꦏꦺ꧈ kadosta:
ꦥꦏꦤ꧀   — ꦩꦏꦏ꧀ꦏꦏꦺ꧉
ꦲꦺꦮꦺꦴꦤ꧀  ꦏꦲꦺꦮꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺ꧉
  1. Panambang: ꦤ꧉ Manawi soemambet ing wanda sigeg, boten éwah, kadosta: ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ ― ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦤ꧉ Manawi wonten perloenipoen baḍé angoeloer, panambang: ꦤ꧈ kénging kaoeloer: ꦲꦼꦤ꧉ Kadosta: ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦲꦼꦤ꧉
  2. Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ manawi toemrap ing wanda menga malih dados: ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ kadosta:
    ꦕꦸꦮ   — ꦕꦸꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
    ꦫꦺꦴꦠꦶ   — ꦫꦺꦴꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
    ꦥꦸꦠꦸ   ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
    Boten kaserat: ꦕꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦫꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦥꦸꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
  3. Temboeng wisésana lingga, manawi angsal panambang: ꦲ꧈ kaserat manoet paketjapanipoen, dados tanpa pasangan: ꦤ꧉ Kadosta:
    ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ ― ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧉ Boten kaserat: ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤ꧉


V. DWI-POERWA.

Temboeng dwi-poerwa ngrangkep sanḍangan swara, kadosta:

ꦫꦶꦒꦼꦤ꧀  ꦫꦶꦫꦶꦒꦼꦤ꧀꧈ [ 11 ]

11

ꦠꦿꦸꦏ    — ꦠꦸꦠꦿꦸꦏ꧉
ꦮꦺꦏ    ꦮꦺꦮꦺꦏ꧉
ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀  ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀꧈

nanging: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ — ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉ Boten: ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉


VI. DWI-LINGGA

Temboeng ingkang poerwanipoen: ꦲ꧈ sarta wandanipoen wekasan sigeg, manawi kadamel dwi-lingga, poerwanipoen temboeng ingkang wingking boten éwah dados sisigeg waoe, kadosta:
ꦲꦭꦸꦤ꧀  — ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ boten: ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈
ꦲꦭꦁ   ꦲꦭꦁꦲꦭꦁ     ꦲꦭꦁꦔꦭꦁ꧉


VII. TJAMBORAN.

Boentoetipoen akalijan bab VI. (Dwi-lingga), temboeng tjamboran ingkang temboengipoen ing ngadjeng wandanipoen ing wingking sigeg, sarta temboengipoen ingkang wingking apoerwa: ꦲ꧈ poerwa: ꦲ waoe boten éwah, kadosta:
ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀ boten: ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦫꦸꦩ꧀꧈
ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀      ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦠꦧꦺꦴꦤ꧀꧉


VIII. TEMBOENG: ꦲꦶꦁ꧉

Temboeng ingkang apoerwa: ꦲ꧈ ꦫ꧈ ꦭ꧈ manawi [ 12 ]

12

doemoenoeng wonten sawingkingipoen: ꦲꦶꦁ꧈ boten éwah, kadosta: ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ ꦲꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦭꦠꦂ꧉

Wonten temboeng sawatawis ingkang njebal, kadosta: ꦲꦶꦁꦔꦶꦱꦺꦴꦂ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦠꦱ꧀ꦱꦺ꧈ ꦲꦶꦁꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈ ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉


IX. GEMBOENG (PASANGAN: ꦮ).

Gemboeng boten kénging toemrap ing pasangan ingkang kaserat wonten sanganḍapipoen sisigeg, kadosta:
ꦲꦤꦏ꧀​ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ boten kaserat: ꦲꦤꦏ꧀ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀꧈
ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀​ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ        ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ꧉


X. AKSARA MOERDA.

  1. Aksara moerda namoeng kanggé wonten ing tata proenggoe, tegesipoen kanggé pakoermatan, seseratan sanèsipoen boten kenging nganggé aksara moerda waoe.
  2. Boten ngwontenaken aksara moerda: ꦦ tjerek, sarta: ꦨ tjerek.
  3. Seratan: ꦕꦟ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ kedah kaserat: ꦕꦤ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦤ꧈ ꦏꦂꦱ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀꧈


XI. AKSARA SWARA.

  1. h. Aksara swara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧈ kanggé njerati temboeng mantja, manawi soemedya katjeṭakaken.
    n. ꦉ꧈ kalijan: ꦊ꧈ lastantoen kanggé ing seseratan. [ 13 ]

13

  1. ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧈ Boten wenang dados pasangan, mila sisigeg ing ngadjengipoen kapangkoe, kadosta: ꦮꦸꦭꦤ꧀​ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈ ꦊ꧈ manawi dados pasangan kawangsoelaken: ꧀ꦭꦼ꧈ kadosta: ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦔ꧈ ꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀꧈
    ꦉ꧇ pasanganipoen lastantoen ꧀ꦉ꧉


XII. AKSARA RÉKAN.

  1. Aksara rékan kanggé njerati temboeng mantja manawi parloe baḍé katjeṭakaken
  2. Aksara rékan ingkang soemambet ing wanda sigeg, manawi pasanganipoen aksara rékan waoe boten kaleres kaserat wonten sawingkinging sisigeg, aksaranipoen sisigeg kedah kapangkoe, kadosta: ꦩꦸꦏ꧀​ꦠ꦳ꦶꦂ꧈ ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀​ꦒ꦳ꦤꦶ꧉
  3. Aksara rékan manawi angsal sanḍangan: woeloe, pepet, tjetjak oetawi lajar, tjetjakipoen tiga wonten ngadjeng (kiwa) sanḍangan, kadosta: ꦢ꦳ꦶꦏ꦳ꦶꦂ꧈ ꦥ꦳ꦂꦭꦸ꧉


XIII. ANGKA DJAWI.

Angka Djawi amoeng kénging kanggé oeroet-oeroetaning bab sarta kanggé titi-mangsa.


XIV. ANGKA ROEM.

Angka Roem kénging kaanggé wonten ing seratan sastra Djawi, inggih poenika kanggé oeroet-oeroetan, angka taoen, sasaminipoen, déné aksara Latin kénging kasamboet kanggé oeroet-oeroetan. [ 14 ]

14

XV. AKSARA LATIN DALAH ANGKANIPOEN.

Aksara Latin dalah angkanipoen manawi kaserat amor kalijan aksara Djawi: kadjèdjèr, dados toemoet kaserat sanganḍap garis.


XVI. AKSARA ARAB DALAH ANGKANIPOEN.

Aksara Arab dalah angkanipoen, manawi kaserat awor kalijan aksara Djawi, kadjèdjèr, dados toemoet kaserat sanganḍap garis.


XVII. ANGKA: 2.

Angka: 2 boten kénging kanggé njekak temboeng: ꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ oetawi temboeng dwi-lingga, kadosta:
ꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ boten kénging kaserat: ꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ2​ꦪꦤ꧀꧈

ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ boten kénging kaserat: ꦲꦭꦸꦤ꧀2[ 15 ]

KATRANGANIPOEN PANGREMBAG.

________

I. TEMBOENG LINGGA.

  1. Panjeratipoen temboeng lingga mawi ngrangkep aksara, poenika namoeng kabekta saking pakoelinan, oetawi tiroe-tiroe seratan basa Sanskrita, oepaminipoen: ꦕꦶꦠ꧀ꦠ꧈ ꦧꦶꦏ꧀ꦏꦸ꧈ sapanoenggilanipoen. Sarèhning boten wonten goenanipoen, sarta ing sapoenika temboeng: ꦕꦶꦠ꧀ꦠ꧈ ꦧꦶꦏ꧀ꦏꦸ꧈ kaserat: ꦕꦶꦠ꧈ ꦧꦶꦏꦸ꧈ mila temboeng: ꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦧꦤ꧀ꦚꦸ sapanoenggilanipoen, inggih prajogi kaserat: ꦠꦸꦤ꧈ ꦮꦤꦶ꧈ ꦧꦚꦸ꧈ sapanoenggilanipoen.
    Seratan: ꦠꦚ꧈ poenika sampoen toeroet kalijan panoenggilanipoen:
    ꦩꦸꦤ꧀ꦚ   ꦩꦸꦚ꧉
    ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦚ  — ꦢꦺꦴꦚ꧉
    Nanging: ꦠꦤ꧀ꦚ꧈ dados: ꦠꦚ꧈ ndadosaken kalintoening pamaos, paseksènipoen temboeng: ꦏꦱ꧈ sanadjan leresing oengelipoen: kā-sā nanging tijang witjanten moengel kå-så; mila temboeng: ꦠꦚ꧈ kedah kaserat: ꦠꦤ꧀ꦚ꧈ soepados boten kalintoe pamaosipoen.
  2. Temboeg lingga nigang wanda ingkang poerwanipoen legena menga, paketjapanipoen wanda wiwitan waoe [ 16 ]

16

mawi pepet, nanging panjeratipoen prajogi kalastantoenaken legena, mila makaten, amargi taksih kaṭah ingkang boten toemrap, manawi kadoenoengan pepet, oepaminipoen: ꦮꦕꦏ꧈ ꦧꦮꦤ꧈ ꦕꦫꦏ꧉
  1. Temoeng lingga nigang wanda ingkang poerwanipoen sigeg aksara iroeng, poenika paketjapaning poerwanipoen wonten warni kalih: mawi pepet oetawi legena, mila panjeratipoen prajogi karoentoetaken akalijan paketjapanipoen.
  2. Ing temboeng Djawi wanda sangadjengipoen wanda wekasan, boten wonten ingkang sigeg, kadjawi sigeg ing aksara iroeng.
    Sisigeg: ꦫ꧈ ( ꦂ) ingkang toemrap wanda sangadjengipoen wanda wekasan, paketjapanipoen tjara Djawi dados: ꦉ꧉
    ꦲꦂꦢꦶ꧈  ꦉꦢꦶ꧉
    ꦲꦂꦗ꧈  ꦉꦗ꧉
    ꦲꦂꦱꦶ꧈  ꦉꦱꦶ꧉
    Mila temboeng: ꦥꦂꦭꦸ꧈ manawi manoet paketjapan Djawi prajogi kaserat: ꦥꦽꦭꦸ꧈ boten ꦥꦼꦂꦭꦸ꧉
  3. Warganing aksara poenika kedah taksih dipoen-éngeti, boten namoeng toemrap ater-ater anoe-swara kémawon, toemrap temboeng lingga inggih makaten, sarodjaning wod ꦢꦁ꧈ dados: ꦢꦤ꧀ꦢꦁ꧈ ꦧꦁ꧈ dados: ꦧꦩ꧀ꦧꦁ꧈ ꦕꦁ꧈ dados: ꦕꦚ꧀ꦕꦁ꧈ ; malihing: ꦁ (ꦔ꧀) dados: ꦤ꧈ ꦩ꧈ ꦚ꧈ poenika sababipoen boten sanès namoeng saking ngroentoetaken warganing aksara, mila: ꦲꦚ꧀ꦗꦫ꧈ ater-ateripoen kedah: ꦲꦚ꧀꧈ Sisigeg ꦚ꧈ poenika dados
[ 17 ]

17

soesoelihipoen: ꦤ꧈ manawi wanda oeroetipoen aksara: ꦕ꧈ ꦗ꧈ samanten poenika manawi taksih noenggil temboeng.
  1. Panoenggilanipoen malih:
    fiets   kaserat: ꦥꦶꦠ꧀
    horloge     ꦲꦺꦂ(ꦲꦂ)ꦭꦺꦴꦗꦶ꧉
    Compagnie   ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦼꦤꦶ꧉
    maatschappij     ꦩꦱ꧀ꦏꦥꦺ꧉


II. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI ATER-ATER.

  1. h. Ater-ater anoe-swara poenika sajektosipoen: swaranipoen sanḍangan tjetjak (brengengengipoen aksara iroeng), mila temboeng tandoek ingkang poerwaning lingganipoen loeloeh prajogi kaserat tanpa: ꦲ꧈ kadosta: ꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ déné manawi wonten parloenipoen kénging kaoeloer mawi: ꦲ꧈ kaserat: ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ oepaminipoen toemrap ing kidoeng.
  2. Krija-watjaka, sarta karana-watjaka, panjeratipoen katoeroetaken kalijan tandoekipoen, sami boten mawi njigeg: ꦤ꧉
  3. Ing kina ater-ater: ꦏꦼ boten wonten, ingkang wonten ater-ater: ꦏ꧈ oepaminipoen: ꦠꦺꦴꦤ꧀ — ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦗꦺꦴꦒ꧀ — ꦏꦗꦺꦴꦒ꧀꧈
    Temboeng: ꦏꦺꦭꦶ꧈ manoet wawaton sandi saking: ꦏ + ꦲꦶꦭꦶ꧈ [ 18 ]

18

ꦏꦺꦴꦭꦸ꧈ manoet wawaton sandi saking: ꦏ + ꦲꦸꦭꦸ Boten saking: ꦏꦼ + ꦲꦶꦭꦶ꧈ ꦏꦼ + ꦲꦸꦭꦸ꧈ dados sampoen tétéla ater-ateripoen: ꦏ꧉ Nanging ing djaman sapoenika ater-ater: ꦏ꧈ toemrap ing temboeng ingkang poerwanipoen boten loeloeh, paketjapanipoen warni kalih: ꦏ (tanggap) kalijan: ꦏꦼ (bawa), soeraosipoen béda. Mila ater-ater: ꦏ (bawa) toemrap ing temboeng ingkang poerwanipoen boten loeloeh, kédah kapepet, manawi baḍé damel tjawoehing soeraos kalijan tanggap: ꦏ꧉
Dados: katjemploeng, kablasoek, kadjeglong, ater-ateripoen boten perloe kapepet: ꦏꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ꧈ ꦏꦧ꧀ꦭꦱꦸꦏ꧀ ꦏꦗꦼꦒ꧀ꦭꦺꦴꦁ꧉
  1. Temboeng ingkang apoerwa: ꦲ꧈ angsal ater-ater: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈ manawi lingganipoen taksih tjeṭa sanget, poerwanipoen lastantoen kaserat: ꦲ꧈ ingkang lingganipoen sampoen kirang tjeṭa, éwah dados: ꦪ꧉


III. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI SESELAN.

  1. Moerih roentoet kalijan panoenggilanipoen seselan: ꦤ꧈ sarta: ꦩ꧈ panjeratipoen temboeng ingkang angsal seselan: ꦫ꧈ oetawi: ꦭ꧈ kedah kaoeloer: ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ manawi wonten parloenipoen kénging katjekak: ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀꧈ [ 19 ]

19

  1. Rangkepipoen: ꦤ꧈ sepen ing sabab, namoeng kabekta saking pakoelinan, dados boten wonten goenanipoen, mila: ꦤ꧈ prajogi boten karangkep.


IV. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI PANAMBANG.

  1. h. n. tj. Panambang: ꦲ꧈ manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga tanpa sanḍangan swara, boten éwah, taksih tetep: ꦲ꧈ manawi wanda wekasan waoe kadoenoengan oeloe oetawi taling, panambang: ꦲ꧈ malih dados: ꦪ꧈ manawi karaketan soekoe oetawi taling-taroeng, panambang: ꦲ꧈ malih dados: ꦮ꧈ samanten poenika manawi wanda wekasan waoe dédé aksara: ꦪ oetawi: ꦮ꧉
  2. Panambang: ꦲꦺ꧈ manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga, kapitoeloengan ing brengengenging: ꦤ꧈ dédé panambang: ꦲꦤ꧀ saoepami kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ amasṭi sanḍangan: woeloe oetawi soekoe ing wanda wekasan, malih dados: taling oetawi taling-taroeng; mangka kawontenanipoen boten makaten.
    ꦝꦸꦏꦸ꧈  ꦝꦸꦏꦸꦤꦺ꧈ boten:  ꦝꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ꧉
    ꦧꦸꦢꦶ꧈  ꦧꦸꦢꦶꦤꦺ꧈   ꦧꦸꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺ꧉
[ 20 ]

20

Pramila:
ꦗꦫ  + ꦲꦺ  = ꦗꦫꦤꦺ  boten:  ꦗꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦝꦸꦏꦸ + ꦲꦺ = ꦝꦸꦏꦸꦤꦺ  ꦝꦸꦏꦸꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦧꦸꦢꦶ + ꦲꦺ = ꦧꦸꦢꦶꦤꦺ  ꦧꦸꦢꦶꦤ꧀ꦤꦺ꧉
  1. Panambang: ꦲꦶ꧈ jèn toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga tétéla angsal pitoeloenganipoen panambang: ꦲꦤ꧀ tanḍanipoen, déné sanḍangan oeloe oetawi soekoe ingkang doemoenoeng ing wanda wekasan malih dados: taling oetawi taling-taroeng, oepaminipoen:
    ꦲꦶꦗꦶ  ꦔꦶꦗꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉
    ꦠꦼꦩꦸ  ꦤꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉
    Mila: ꦩꦝ + ꦲꦶ = ꦩꦝꦤ꧀ꦤꦶ꧉
  2. h. Panambang: ꦲꦤ꧀ manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga sarta kadoenoengan oeloe oetawi taling, soekoe oetawi taling-taroeng, manawi boten loeloeh: dados: ꦪꦤ꧀ oetawi: ꦮꦤ꧀ poenika amoeng ngroentoetaken akalijan paketjapanipoen.
    n.-tj. Panambang: ꦲꦤ꧀ manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan kadoenoengan wignjan, boten éwah; namoeng toemrap ing tetemboengan sawatawis ingkang mèh itjal oewiting tegesipoen, sanḍangan wignjan ing wanda wekasan kaboetjal. Manawi wanda wekasan waoe kadoenoengan oeloe, panambang: ꦲꦤ꧀ malih dados:
[ 21 ]

21

ꦪꦤ꧀ bilih kadoenoengan soekoe, malih dados: ꦮꦤ꧀꧈
ꦥꦭꦶꦃ — ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀꧈ ꦏꦭꦶꦃ — ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧈ ꦏꦫꦸꦃ — ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈
Temboeng: ꦏꦫꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧈ sanḍanganipoen wignjan kalastantoenaken, amargi swaranipoen tjeṭa.
  1. Panambang: ꦲꦼꦤ꧀ kawontenanipoen kados panambang: ꦲꦺ꧈ jèn toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga, boten kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ namoeng kapitoeloengan brengengenging aksara: ꦤ꧉
  2. Panambang: ꦲꦤ꧈ manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga, kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ roemijin, katranganipoen kados panambang: ꦲꦶ꧈ amargi panambang: ꦲꦤ꧈ poenika dados rimbag: sambawa (agnja)ning i-krija.
  3. h. Tétéla saking paketjapan, temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga manawi kapanambangan: ꦲꦏꦺ꧈ kapitoeloengan ing sisigeg: ꦏ꧈ roemijin, oepaminipoen:
    ꦭꦫ — ꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉
    Panjerat: ꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ poenika njoelajani traping panambang, déné: ꦲ꧈ poerwaning panambang boten malih dados sisigeging wanda wekasan, nanging
[ 22 ]

22

wonten perloenipoen, inggih poenika kanggé mbédakaken kalijan temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg ing aksara: ꦏ꧈ soepados nggampilaken panjoeraos, damel paḍanging oekara.
n. Sisigeg: ꦤ꧈ poenika asring kalintoe ing: ꦏ꧈
ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀  ꦠꦺꦏꦺꦴꦏ꧀꧈
ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀  ꦏꦺꦠꦺꦴꦏ꧀꧈
ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀  — ꦮꦺꦢꦺꦴꦏ꧀꧈
Wonten temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg: ꦤ꧈ manawi dipoen-panambangi: ꦲꦏꦺ꧈ sisigegipoen: ꦤ꧈ éwah dados: ꦏ꧉ Sarèhning sisigeg: ꦤ꧈ asring kalintoe ing: ꦏ꧈ mila traping panambang inggih kados manawi roemaket ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg: ꦏ꧉
  1. Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ trapipoen kados panambang: ꦲꦺ꧉ Manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga ing paketjapan kados kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ nanging panjeratipoen boten.


V.

Temboeng: dwi-poerwa, tegesipoen: wiwitan kalih (rangkep), poerwaning temboeng poenika awoedjoed: wanda. Sarèhning wanda poenika manawi karangkep sanḍanganipoen swara katoet, dados panjeratipoen temboeng dwi-poerwa inggih kedah ngrangkep sanḍangan swara. [ 23 ]

23

Temboeng: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ dados: ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ amargi sanḍangan taling-taroeng ing temboeng: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ sasaminipoen poenika dédé taling-taroeng loegoe, tanḍanipoen, manawi dipoen-panambangi itjal:
ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ — ꦒꦤ꧀ꦢꦤꦺ꧉


VI—VII.

Temboeng ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi kadamel rimbag: dwi-lingga, sanadjan paketjapanipoen aksara: ꦲ꧈ poerwaning lingga ing temboeng ingkang wingking malih dados sisigeging wanda wekasan ing temboeng ingkang ngadjeng, nanging panjeratipoen kalastantoenaken aksara: ꦲ꧈ preloenipoen soepados katingal tjeṭa manawi poenika temboeng dwi-lingga. Makaten oegi aksara: ꦲ꧈ poerwaning temboeng ingkang wingking temboeng tjamboran.


IX.

Gemboeng poenika kala kinanipoen kalebet sanḍangan, ananging ing djaman sapoenika sampoen limrah kaanggep pasangan, mila boten kénging kaserat roemaket ing pasangan ingkang doemoenoeng wonten sanganḍaping aksara, amargi baḍé awoedjoed aksara soengsoen tiga.


X.

  1. Aksara moerda kanggé ing seseratan, kadosta: ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈ poenika noelad tjara [ 24 ]

24

Sanskrita, nanging kirang sampoerna, amargi kaṭah ingkang boten katoelad, mila prajogi kaitjalan kémawon, makaten oegi namaning redi, lèpèn, kéwan sasaminipoen, inggih boten kaserat mawi aksara moerda, amargi ingkang makaten poenika tiroe-tiroe panganggénipoen aksara moerda ing sastra Latin, dados aksara moerda amoeng kantoen kanggé ing tata-proenggoe.


XI.

  1. Anggènipoen aksara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ꧈ boten kénging kanggé pasangan, amargi woedjoedipoen salong sampoen kados mawi pasangan, dados bilih kanggé pasangan, woedjoed soengsoen tiga.


XII.

  1. Sampoen ngantos kelintoe: ꦩꦒ꦳꧀ꦫꦶꦧ꧀ ꦩꦏ꦳꧀ꦱꦂ꧈ ꦩꦏ꦳꧀ꦭꦸꦏ꧀ ꦩꦢ꦳꧀ꦧꦃ꧈ ꦩꦸꦥ꦳꧀ꦭꦶꦱ꧀꧈
    boten kaserat: ꦩꦒ꦳꧀​ꦫꦶꦧ꧀꧈ ꦩꦏ꦳꧀​ꦱꦂ꧈ ꦩꦏ꦳꧀​ꦭꦸꦏ꧀꧈ ꦩꦢ꦳꧀​ꦧꦃ꧈ ꦩꦸꦥ꦳꧀​ꦭꦶꦱ꧀
    Nanging: ꦄꦥ꦳꧀​ꦒ꦳ꦤꦶꦱ꧀ꦠꦤ꧀ boten: ꦄꦥ꦳꧀ꦒꦤꦶꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧈


XV.

Parloenipoen kaserat djèdjèr soepados angringkesaken papan, bilih boten djèdjèr rowa.

________