Jv/Het boek Adji Såkå

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Latin[edit]

[ Cover ]

HET BOEK ADJI-SÅKÅ

 OUDE FABELACHTIGE GESCHIEDENIS
VAN JAVA,

VAN DE REGERING VAN VORST SINDOELA
TE GALOEH TOT AAN DE STICHTING VAN MADJA-PAIT
DOOR VORST SOESOEROEH:

UIT DE POËZIE JAVAANSH PROZA OVERGEBRAGT DOOR

F. WINTER, Sr.

 UITGEGEVEN VAN WEGEN HET KONINKLIJK INSTITUUT VOOR TAAL-,
LAND- EN VOLKENKUNDE

VAN NEDERLANDSCH INDIË, DOOR

  J. B. GAAL EN T. ROORDA.

MET EEN

 UITVOERIG BIJVOEGSEL TOT HET WOORDENBOEK
DER JAVAANSCHE TAAL 

VAN 

GERICKE EN ROORDA.

 AMSTERDAM,
RIJ FREDERIK MULLER.
1857.

[ 1 ]Wonten tiyang agadhah cariyos :  bénJing pulo Jawi :  enggal laminipun  boten kinanten  badhé suyud dhateng nagari Ngerum sarta asok bulu bekti dhateng ing Mekah, nanging bilih sampun angsal pitungatus taun karsaning Gusthi Kang Maha Agung: annitahaken  Rathu ing tanah  Jawi ingkang dipun kithani : anama ing Galuh, Rathu ageng mondra guna sarta sekti, anangnging agaminipun tata Buda, sarta boten sumêrep ing sastra, jujulukking Rathu Prabu Shindula. Sasirnanipun Rathu punika, dipun gentosi ing Rathu murka, apurun dhateng tiyang sepuhipun, Rathu punika mongsa tiyang, angalih kadhaton dhateng ing Mendhang Kamolan kaprenah sawetannipun kitha ing Demak, kala semanten taksih dereng wonten sastra. Anunten badhé wonten Bramana sekti ange-Jawi, ajujuluk Aji Saka, pinangkanipun saking sabrang. Punika sampun tinakdir ing Gusthi Kang Agung, badhe anyelani jumeneng Rathu wonten ing pulo Jawi, nanging boten ngantos lami “karatonipun rinacut déning Gusthi Kang Agung, Pringaken dhumateng ingkang gadhah luluri karaton Jawi. Mila kapecat karatonipun amargi Aji Saka kasiku dhateng Gusthi Kang Agung. Lajeng dados Rathuning lelembut.

Sadéréngipun wonten Rathu, ing tanah Jawi sakalangkung saking dahuru, patrapipun tiyang angupados tedha, sami pendhet-pinendhetan, sinten ingkang rosa angsal, wondéning agaminipun tata Buda, kajeng : séla : ingkang dipun puja. Anunte [ 2 ]n karsanipun Gusthi Allah anitahaken Rathu, ingkang ngepel tanah Jawi, putranipun Sang Watu Gunung, ajujuluk Prabu Sindhula, bagus wignya sekti, kéringan sapulo Jawi, lelembat ing tanah Jawi sami ajrih sarta kumawula. Alami panjenengnganipun, tata gemah arja ingkang nagari. Sang Prabu kangungan putra sakawan, ingkang pambajeng: Éstri ayu jumeneng Rathu wonten ing Nusa Tembini, balanipun sami Éstri, panengakkipun kakung bagus anama Dewatha Cengkar, punika ingkang badhé anggentosi Rathu. Pandhadhanipun anama Déwatha Pamunah, dados Adipati wonten ing Madunten, wuragilipun anama Dewa Agung, dados Bupati wonten ing Bali. Putra pandhadha akaliyan wuragil wau saben mongsa angaturi bulu bekti dhumateng ingkang rama. Ananging Déwatha Cengkar mungkar, amongsa tiyang, sarta purun dhateng ingkang rama, kalampahan dipun tundhung saking nagari.  Déwatha Cengkar lajeng ngraman anglempakaken tiyang, lajeng ayasa kadhaton wonten ing Medhang Kamolan, balanipun sampun kathah, nagari sapangétan sampun sami teluk sadaya, amargi kawon ing perang kaliyan Déwatha Cengkar sekti. Ing mangké karsanipun badhé mengsah ingkang rama. Sadhérékkipun kakung kakalih boten angrembagi, nanging Déwatha Cengkar kekah ing karsa, amepak balanipun, tiyang Bang Wétan dipun kerig sadaya. Sarêng tengara mungel barisipun bodhol, anglangkungi agengngipun, tiningalan kados rêdi latu lumampah. [ 3 ]

Sakathahing padhusunan ingkang kalangkungngan sami telas dipun arupi sadaya, nagari ing Galuh dipun kepang, kathah griya dipun besméni. Nanging tiyang Galuh boten angladosi ing prang. Sarêng Prabu Shindula midhanget yén ingkang putra adamel rêsah, sumedya anggepuk nagari ing Galuh, sanget dukanipun lajeng amiyosi anindhihi perang. Balanipun ingkang putra larud sadaya. Anunten Déwatha Cengkar tumandang angamuk, tiyang ing Galuh sami ajrih amathukaken piyambak angungsi barisana ing wingking. Déwatha Cengkar angesuk kapanggih ajeng-ngajengan kaliyan ingkang rama. Pangandikanipun Prabu Shindula, thole : élinga, sira uga cacawangan Rathu, nanging aja angéngé mongsa, Déwatha Cengkar amangsuli, apa abamu, aku kosiya-siya, ing mengko aku ora wedi, arêp males ing kowé, sasampun wicanten makaten, lajeng anyandhak bindi, narajang amupuh siyat-siyut, nanging boten amikantuki. Prabu Shindula sabalanipun ing sanalika boten katingal nagari ing Galuh katingal wana. Ingkang putra dipun supatosi. Eh Déwatha Cengkar, saréhné sira banget wani marang Ingsun sira kasiku ing Jawatha kang luwih, ora awet jumeneng Rathu, ing bésok ana kang malesaké Ingsun anyelani karatonira, sira bakal salah kadadéyan dadi buron isén-iséning banyu, lah : iku sira anti, Déwatha Cengkar sarêng pangandikanipun ingkang rama anyupatosi, sanget pa [ 4 ]nelongsa sarta pamuwunipun atobat dhumateng ingkang rama.  Nanging sampun kasép, kados upaminipun balang : bilih sampun dhawuh : boten kenging dipun tututi supaos wau amesthi kalampahan, Déwatha Cengkar mupus kondhur dhateng ing Medhang Kamolan awit nagari ing Galuh sampun katingal wana.

Déwatha Cengkar dhaharanipun saben dinten tiyang satunggil, tanah pasisir akaliyan monca nagari, ingkang sami kaléréh ing Medhang Kamolan bulu bektinipun awarni tiyang, lami-lami nagarinipun risak.

Prabu Déwatha Cengkar sampun apuputra namung satunggil kakung abagus boten wonten ingkang ngungkuli, ajujuluk Raden Daniswara, ginandhang badhe angentosi kaprabon, nanging Sang  Raja Putra tansah sanget anggénipun angrudatos awit ingkang rama among satiyang.

Cariyos ing ngajeng punika kakéndela samanten, ing mangké ingkang kocap Ajisaka, anglangkungi saking sekti mondra guna, pinangkanipun saking Mekah anga-Jawi, amung dipun lampahi nem dinten, lampahipun kampir wonten ing nagari Shélan, titiyang ing ngriku dipun tata agaminipun sampun sami ngéstokaken sarta suyud sadaya. Anunten Ajisaka ngangit cariyos tembung Kawi, cariyosipun Harjuna Wijaya. Sareng sampun angsal sataun anggénipun wonten  ing nagari Shélan lajeng dhateng ing nagari Keling, titiyang [ 5 ]ing ngriku sami suyud sadaya. Anunten Ajisaka nganggit cariyosipun Rama Déwa, ingkang angratoni kethék nagarinipun ing Poncawathi, kala mengsahan kaliyan Rathu danawa ing Ngalengka.

Saking Keling Ajisaka wangsul dhateng ing Shélan malih, lajeng dhateng ing Shigelang. Wonten ing ngriku amumulang ngélmi, sarta anganggit cariyosipun Bana Putra ing Lokapala. Laminé anggénipun wonten ing Shigelang satus tahun, nagari ing Shigelang sampun kaeréh, sakathahing titiyangngipun sampun sami ngéstokaken ngélminipun Ajisaka. Lami-lami Ajisaka késah saking Shigelang, sumeja dhateng tanah Jawi. Wonten ing margi angampiri pulo ing Lampung, kaliyan ing Shokadana, titiyang ing pulo kakalih punika sampun sami suyud sadaya. Sareng sampun kendel sataun andumugékaken lampahipun angancik tanah Jawi, anama ing Ujung Kolan tanah ing Banthen, wonten ing ngriku amumulang sakathahing tembung : sarta ngélmi panitisan, titiyang ing Ujung Kolan sami suyud anggepipun Ambathara : sarta asih lulut.

Wontenipun sastra Jawi : sandi :  sutra :  keling : sarta sastra kerendha, punapa malih condro sangkala, inggih Ajisaka ingkang nganggit, kala samanten ing Ujung Kolon deréng wonten Rathunipun, Ajisaka badhé kadamel Rathu, nangnging boten purun amung dipun sebut Panembahan Bathara Adi kéma [ 6 ]won, anggénipun wonten  tanah  ing Banthen sataun, anunten sakabatipun saking sabrang kathah nusul dhateng pulo Jawi.

Ajisaka lajeng késah saking tanah ing Banthen, sakabatipun wonten ingkang dipun tilar, supados andumugékna mumulang ngélmi, amencarna agaminipun, lampahipun dhateng ing tanah Jawi boten angambah siti. Ingkang dipun seja dhateng nagari ing Medhang Kamolan, lampahipun awor kaliyan angin énggal dhatengipun, anjujug ing redi Kendheng. Ajisaka sektinipun anglangkungi, amunjuli sasamining tumitah. Saking Mekah dhateng ing pulo Jawi lampahan tigang taun dipun lampahi dhateng Ajisaka namung nem dinten kémawon dumugi, amargo saweg Jinurung ing Gusthi kang Agung, sabarang pikajengnganipun dados, mila anglalana anga-Jawi, awit badhé amradinaken wulangngipun.

Ajisaka wancinipun taksih anem abagus warninipun wasis ing ngélmi, dipun guroni  ing tiyang kathah. Kalanipun ngancik ing redi Kendheng. Anuju ing wulan besar : mongsa kasa wuku mannail taun Jimakir, sinangkalan kunir wuk tanpa jalu.

Ajisaka adhedhekah wonten dhusun ing Kabuyuthan, sakabatipun sampun kathah. Wondéning bebektanipun saking sabrang  Serat Kawi cariyosipun Harjuna Wijaya : Serat Rama : Panitisastra, salaminipun wonten ing Kabuyuthan angang [ 7 ]git sastra Sandi : Dasanama : Condra Geni : Wiwaha : Bima Shuci. Tiyang Bang Kilén sami amangéran dhateng Ajisaka. Anunten Ajisaka sisilih nama Shang Hyang Mudhik Bathara. Sakabatipun sangsaya kathah, sami saged-saged sadaya, sarta sampun sami kalilan amumulang.

Ajisaka  ayasa mariyem ageng satunggil rontaka sakawan bendhé wolu, gendé kakalih, sarta anyipta telagi, ing tengah wonten pulonipun, sadaya yasanipun punika dados tetengeran, sinten ingkang kuwawi anjunjung mariyem mau, ngalamating tembé badhé angsal singgih, bilih bendhé kaliyan rontoka ical takbiranipun badhé wonten perang ageng, yen mantuk dalajat badhé kerta, sinten ingkang saged ngelangi saking pinggiring telagi dumugi pulo, punika ngalamat badhé manggih kamukten.

Ajisaka nunten karsa nglalana, ingkang kadhawuhan tengga depok ing Kabuyuthan sakabat satunggil anglangkungi  wasisipun kawenangaken angeréh sakathahing sakabat, sabarang kawruhipun Ajisaka sampun kacakep, kaparingan nama Mudhik Bathara. Wondéning ingkang tumut salampahipun Ajisaka : namung sakabat  sakawan, saking kilén urut pasisir, mangétan sumeja badhé dhateng ing Bali, pinten-pinten rêdi ingkang  dipun ambah, sakathahing nagari utawi padusunan ingkang kalangkungan ing Ajisaka, sami nungkul sadaya, titiyang ngipun sami anguguru ngélmi, sarta anguguru sastra. [ 8 ]Akathah warnining sastra : anggitipun Ajisaka, kaloréyan manawi kacariyosna sadaya.

Sarêng Ajisaka sampun anjajah nagari Bang Wétan sarta anyangkalani sakathahing rêdi ingkang dipun ambah, lajeng wangsul mangilén urut pasisir malih, anjog ing Banthen ing Jakartha: ing Karawang: ing Carêbon: ing Brebes ing Thegil  ing Ngasthina: ing Batang: ing Kendhal ing Kaliwungu: ing Semawis, anunten ngambah seganten ngancik ing pulo Kélor, wonten ing ngriku kendel, lajeng dhateng pulo Majethi, saking pulo ngriku lumampah dhateng ing Danaraja. Sabatipun kakalih : anama pun Dora kaliyan pun Sembada : katilar wonten ing pulo Majethi wau, arumeksa kagunganipun  wangkingan, Ajisaka andumugékaken lampah, anjog ing Pajangkungan, saengen-engenipun kéndel amumulang, pinten-pinten ingkang sami nyakabat, saking ing Pajangkungan anjog ing Surapringga, wonten ing ngriku angraos  pakéwed, lajeng lumebet ing nagari Mendhang Kamolan.

Lampahipun Ajisaka kéndel wonten dhekah ing Shangkéh, mampir griyanipun Rondhda Shengkeran, adangu kéndel sajawining kori, rêmen aningali pasang rakiting patamanan tatanemanipun kathah warni-warni, mangsanipun saweg angemohi, ing ngandapipun rêsik, sakiwa tengenipun dhekah wau kathah ingkang anggriyani. Wondening ingkang gadhah padhekahan inggih Rondha Shengkeran, roso asugih sanak sa [ 9 ]dhérék, ingkang raka tilas patih ing Mendhang Kamolan, atilar putra éstri satunggil anama Dewi Rarasathi, wancinipun saweg birahi sekar, anglangkungi ayunipun, kala samanten boten wonten ingkang animbangi.

Nyai rondha medal saking griya, kaget aningali wonten tamu, lajeng wangsul malebet aparétah dhateng récang éstri angelar lampit, sarêng sampun dipun kén angaturi tamu ingkang wonten ing jawi. Ajisaka kaliyan sakabatipun kairid malebet sami alenggah wonten ing lampir sangandhaping batur, sarta dipun segah gantén.

Nyai Rondha éram sanget aningali bagus sarta wingiting semunipun Ajisaka. Sarêng sampun ambagékaken lajeng apitakon : sapéyan sinten ingkang sinambat saking pundi : sarta ing pundi ingkang sineja, Ajisaka amangsuli, kula tiyang nglalana, boten gadhah griya, Nyai Rondha gumujeng amangsuli, kula pitakén ing sayektosipun : ing pundi wonten tiyang boten gadhah pinongka, Ajisaka amangsuli, sayaktosipun kula saking nagari sabrang, dhateng kula mriki badhe sumerêp tanah Jawi, kula mugi sampéyan serêpaken ing ngriki dipun wastani nagari ing  Mendhang Kamolan, ing jumeneng Rathu ajujuluk  Dewatha Cengkar patihipun ingkang rumiyin sémah kula, ing mangké sampun tilar, dipun gentosi sadhérék kula aném, A [ 10 ]jisaka pitakén : raka i jengandika Kyai Patih punapa boten apuputra, Nyai Rondha amangsuli, inggih, gadhah satunggil nanging éstri, kala tilaripun ingkang rama saweg suson, kula gadhah panantun, manawi parêng : sapéyan kula aken anak, anak kula éstri sapéyan aken sadhérék eném supados sampun ngantos ontang-nganting, Ajisaka amangsuli : sumongga.

Nyai Rondha lajeng nyeluk ingkang putra, dipun purih medal, panyelukipun : rara : mrénéya, iki sadulurmu lanang lagi teka saka ing anglalana, Dewi Rarasathi lajeng dandos wewah ayunipun saking karêngga ing panganggé, anunten medal kalih anyangking pakinangan, sarêng sampun kaselehaken  lenggah alingan ingkang ibu. Nyai Rondha wicanten : iku kakangngamu dhéwé, kalané isih cilik anglalana, lagi teka saiki, marata : sapanen, Dewi Rarasathi lingsem sanget dangu kéndel kémawon, yén sampuna ajrih  dhateng ing ibu, kados boten purun nyapa. Dangu-dangu kawedal wicantenanipun alirih, sampéyan kaaturan prembagé : kakang, ingkang saweg rawuh, Ajisaka kumesar ing manah, agugup sahuripun, nuwun adhi, Nyai Rondha gumujeng, apitaké dhateng Ajisaka, katon apa adhimu, Ajisaka amangsuli, panyana kula  Déwi Supraba tedhak anyapa dhateng ku [ 11 ]la, Dewi Rarasathi mésem tumungkul, sakabat kakalih anggénipun ngawasaken boten kumedhép awit sajegipun déreng naté aningali tiyang ayu makaten, Ajisaka gimir tansah asabil sabab déning énget yén amandhita.

Nyai Rondha wicanten dhateng Ajisaka, nagara ing kéné wis misuwur, yén ana Bramana sekti mondraguna, bagus isih enom limpad ing ngelmu panitisan  pinangkané saka ing sabrang anga-Jawa anggawa aksara warna-warna, apa déné layang tembung kawi, gawéné amumuruk, wong pirang-pirang nagara padha anguguru, mung kari wong nagara ing Mendhang Kamolan, sing kawruhé isih bingung. Yén ta Bramana iku anaha ing kéné, aku sumeja angguguru, Ajisaka gumujeng amangsuli, dora ingkang awartos punika, angindhakaken ing kayaktosanipun, wondening ingkang kawartos punika inggih kula.

Nyai Rondha kaget, wicantenipun : begja temen aku katekan kowé, saréhné aku bodho, muga legaha kowe amuruk, wangsulipun Ajisaka, yén sampéyan sudi amundhut wulang, kula sandika kémawon, Nyai Rondha lajeng dipun wulang ngelmi panitisan sarta tembung kawi, sampun sampurna ing kasagedanipun, ingkang putra lajeng dipun wulang piyambak anyakep sakathahing wulang. [ 12 ]Ajisaka anglajengaken anggénipun mumuruk, tiyang nagari ing Mendhang Kamolan sadaya sami anguguru, sarta suyud dhateng Shang Bramana sabrang, anggepipun kados sami angabdi. Ajisaka saking laminipun anggénipun wonten ing karandhan misiwur kasagedanipun ngantos kamirêngngan dhateng patih ing Mendhang Kamolan ingkang nama Kyai Patih Thengger, Kyai Patih lajeng lumampah dhateng ing karandhan amanggihi Ajisaka. Sadalu anggénipun ngaos sastra : tembung kawi : ngelmi panitisan tuwin swarnining kasekten, boten antawis lami sakathahing kawruh sampun kacakup sadaya.

Panuju Kyai Patih tuwi dhateng karandhan, Ajisaka apitakén : Paman kala rumiyin sadhateng kula ing nagari ngriki, wonten ing lulurung ageng, aningali tiyang kathah sami pating baleber, boten sumerêp ingkang dipun ungséni, punika punapa sababipun, Patih amangsuli, punika sami abdi dalem ing nagari ngriki, angupados tiyang ingkang lemu, badhé dhaharipun Sang Natha, saben dinten angladosaken satunggil, Ajisaka kaget sarta éram saget amirêngngaken pratélanipun Kyai Patih, wicantenipun : yén mkaten : Paman dados Rathu i jengandika punika adamel risaking nagarinipun piyambak, mila kula tingali kagunganipun siti dhusun kathah  king kang suweng, sarêng Ajisaka kédel wicanten boten antawis dangu para sakabatipun sami malajeng-malajeng dhateng, angungsi ing gurunipu

[13]n sarta sami anangis anyuwun dipun kekahana, awit dipun bujeng badhé kacepeng dhateng utusanipun Sang Natha, sarêng Ajisaka sumerêp makaten lajeng matur dhateng Kyai Patih, Paman kulo kémawon sampéyan saosaken dados daharipun Sang Prabu. Nanging kula gadhah panyuwun kaparingan siti ing Mendhang Kamolan wiyaripun namung saiket kula, samongsa sampun tampi, kula lajeng kadhahara.

Kyai Patih kaget amirêngaken aturipun Ajisaka, wangsulanipun : anggér : kulo boten kadugi anguyang sakit anempur pejah, aluwung sampêyan mumulang kémawon prayogi, awit ing ngriki taksih kathah tiyang bodho, ajisaka amangsuli, kajengngipun Paman kula pejah, tekad kula badhé ambélani titiyang ing Mendhang Kamolan ingkang sampun sami anguguru dhateng kula, Nyai Rondha sanget anangis mirêngngaken ginemipun Ajisaka kalih Patih Thengger, sasambatipun : adhuh enggér : kapriyé polahku, yén kon tinggal, aku ora bisa kari, amesthi nglabuhi kowé, Ajisaka gumujeng amangsuli, sampun sampéyan kuwatos bibi, Patih Thengger sumambung, anggér : kasinggihan aturipun Bok Ayu, anggénipun murih sandéning karsa sampéyan ingkang boten sayogi, Ajisaka amangsuli, yén makaten Paman tanpa damel anggén sampéyan anguguru, yén boten téga ing pejah, [14] aluwung sampun anguguruha, bilih boten kula labuhi pejah, boten mantep andilipun titiyang ing Mendhang Kamolan ingkang sampun angguguru dhateng kula, pejah sapisan gesang salaminipun, Paman mugi dipun pitajeng dhateng kula, boten ngantos kalampahan kula pejah. Katuruta pikajeng kula, kasaosna dhateng Sang Prabu : dados sadhaharipun, yén sampun angsal ingkang kula suwun Sang Prabu amesthi badhé boten cuwa, awit kula  saged damel tiyang. Sanajan karsa adhahar tiyang sadasa sadinten kados boten kirang, Patih Thengger amangsuli, mongsa borong ngakarsa sampéyan.

Boten antawis dangu utusanipun Prabu Déwatha Cengkar dhateng ing karandhan amanggihi Kyai Patih, andhawahaken timbalan : Kyai Patih : i jengandika ingandikan sarta angladosna dhahar dhalem tiyang, awit i jengangdika sampun lami boten anyaosi, gusthi boten saged dahar éca, Patih amangsuli, inggih sandika, kalerêsan kula sawega angsal tiyang satunggil, lah punika warninipun, taksih eném abagus mesthi momol dagingngipun, utusan anjenger ningali bagusipun Ajisaka, salaminipun gesang déréng ningali ingkang ngungkuli punika, kajawi namung putranipun Sang Natha.

Ajisaka sasampuning dandos lajeng kairid ing Kyai Patih, badhé kasaosaken dhateng Sang Natha. Sakathahing mu [15]rid punapa malih Nyai Rondha, tuwin tiyang ing nagari Mendhang Kamolan méh sapalih, sami tumut ing lampahipun Ajisaka, sumedya sami badhé anglabuhi.

Sadhatengngipun ing kadhaton Kyai Patih kapethukaken ing abdi priyantun éstri kakalih, anama Nyai Soka, kaliyan Nyai Sana, angirid Kyai Patih dhateng ngarsanipun Prabu Déwata Cengkar, Ajisaka kaliyan ingkang sami tumut wau kandhég wonten ing jawi. Sang Natha andangu dhateng Patih, kapriyé : Patih, apa sira anggawa saosan dahar Ingsun, wis lawas Ingsun ora dahar énak, yén ora dhahar daging uwong, sariraningsun lesu : ora karowan rasané. Nuju bisa énak oléh Ingsun dhahar, ana bocah bagus parêkan lemu siji Ingsun gawé pindhang, saiki anggagat manéh, wis sapasar iki ora kapénak rasané sariraningsun malah nganti ising nginsingngen getih. Yén ora bisa oléh uwong, sira Ingsun gawé tambal butuh, amesthi Ingsun pangan, utawa Ingsun anyembeléh mantri siji sing rada ala rupané : agampang disalini, Patih Thengger nyembah munjuk : Gusthi : abdi dalem sampun angsal tiyang satunggil pinangkanipun saking sabrang, punika kapi adreng konjuk dadosa dhahar dalem, nanging agadhah panyuwun kaparingngana kagungan dalem siti ing Mendhang Kamolan namung sawiyaring iketipun, siti kasuwun rumiyin, bilih sampun katampén badanipun kasumanggakaken kadhahara.

[16]Sang Prabu sakalangkung suka ing galih, andangu dhateng Kyai Patih, apa tuwa : apa enom wong kang sira saosaké dadi dhaharingsun, Patih munjuk : taksih eném wetah alus badanipun saweg écanipun kadhahar, ing sapunika wonten ing jawi, Sang Natha dhawah angirid lumebet, Ajisaka lajeng kérid ing ngarsanipun Sang Prabu, Nyai Rondha Sengkeran boten kantun kalih tansah anangis kémawon, Déwata Cengkar anjenger ningali bagusipun Ajisaka, pangandikanipun : apa sira kang kapi adreng dadi dhaharingsun anjaluk bumi saambané iketira, Ajisaka munjuk : inggih kawula, bilih andadosaken parêngnging karsa dalem, Déwata Cengkar ngandika malih, aja, Ingsun éman sira wong isih énom bagus rupanira. Balik sira ngawulaha,  Ingsun gawé Bupati, Ajisaka munjuk : sakalangkung-langkung panuwun kawula ing pasihan dalem, abdi dalem kedah anyuwun siti ing Mendhang Kamolan, Déwatha Cengkar ngandika malih, yén sira ora kéna sun éman iya : sun turuti kakarêpanira.

Sang Prabu lajeng dhawah dhateng Patih : yén karsa miyos andikakaken mepak prajurit. Sarêng sampun pepak wonten ing alun-alun Déwatha Cengkar miyos anitih gajah, angandika dhateng para abdi, éh : bocah-bocah Ingsun, padha sira kawruhana kabéh, wong iki aran Ajisaka, [17] kapi adreng dadi dhaharingsun, nanging duwé panyuwun bumi ing Mendhang Kamolan ambané mung saiketé  yén wis katampan suka lila Ingsun paténi, kang iku yén wis duwé pamilih bumi, sarta wis cukup ambané, nuli padha sira cekela, Sang Natha andangu dhateng Ajisaka, endi iketira, Ajisaka lajeng angunjukaken iket, sarêng dipun babar, Sang Natha éram aningali wiyaripun boten nyana pisan-pisan bilih wiyar makaten, dados tontonanipun tiyang kathah, sami gumun aningali. Iket dipun babar : boten telas-telas ngantos lampahan sadinten taksih, malah anasabi nagari ing Mendhang Kamolan, Sang Natha sabalanipun tansah tut wingking pambabaring iket wiyaripun ngantos ngacakki talatah ing tanah Jawi.  Ajisaka kunjuk dhateng Prabu Déwatha Cengkar, Gusthi : saréhning iket kawula anasabi talatah dalem nagari ing Mendhang dados mélik kawula, ing mangké kawula suwun mulungngipun saking asta dalem, Déwatha Cengkar annyumadosi, nanging Ajisaka angungsed kedah anampéni sakala, Sang Natha dipun bujeng ing sapuruggipun, titiyang ing Mendhang Kamolan sampun sami ambalik suyud dhateng Ajisaka, sami tumut ambujeng Rathunipun, palajengipun Sang Natha kapengkok ing saganten kidul lajeng anggebyur sagajahipun sirna. Déwatha Cengkar  salah kadadosan awarni baya pethah agengngipun sarêdi anakkan, yén angambang : gigiripun dados pulo. Ing mang [18]ké  sampun kayaktosan supaosipun ingkang rama Prabu Shindula.

Déwatha Cengkar ingkang malih baya pethak angratoni saisining saganten, tatanipun kados tiyang, adamel papatih: nama Adipati Gajah Mina, nayakanipun anama Kyai Aryo Lodan Rongga Saradula: Demang Witri Ditha: pandelegan anama Bongsa, santananipun anama Kaluyu: Radén Arya Poléng: Radé Arya Bunthal Ngabei Wulung Rêktha: Demang Kabunthang: Radén Arya Képét Pethak, wondéning ingkang ngratoni sagenten kidul kala samanten kakalih, satunggil éstri: anama Raja Angin Nangin kalih Déwatha Cengkar wau.

Déwatha Cengkar tansaha damel rêrêsah salebeting seganten utawi ing dharatan, damelipun angadhang margi ambégal sarta mejahi tiyang. Rêmen saba dhateng lépén, akathah tiyang ingkang dipun sarab, andadosaken susah galihipun Raja Angin-Nangin ngantos kawiyos pangandikanipun: sapa sing bisa anyirnakaké baya putih, Ingsun ngéngéri, Déwatha Cengkar sangsaya  mindhak ageng, alangipun lampahan saonjotan angaping cangkem kados lawang guwa. Swaranipun angajrihi, saben dinten ngerik-ngerik anedha ruwat.

Kacariyos Ajisaka. Sasirnanipun Déwatha Cengkar, wangsul dhateng nagari Mendhang Kamolan sabalanipun lajeng ang [19]gentosi jumeneng Rathu, ajujuuk Prabu Jaka. Titiyang ing Mendhang Kamolan ageng alit sami suyud sadaya, ical marasing manah, awit sampun boten wonten ingkang mongsa tiyang. Nagari ing Mendhang Kamolan karta, sarta amanggih karaharjan mirah sandhang: mirah tedha, tulus samukawis ingkang dipun tanem, Ajisaka ambekipun adil asih paramarta. Tiyang alit sakéca jenjem manahipun, boten wonten lampah dursila, ingkang angresahi anggénipun sami angupa jiwa, mengsah boten wonten purun, akathah Bramana saking sabrang anga-Jawi. Wondéning para priyantun ing Mendhang Kamolan ingkang nama Bupati: Mantri: sapangandhap taksih kalulusaken  ing kalenggahanipun, papatihipun inggih taksih Kyai Thengger.

Prabu Jaka anunten miyos sinowan ing para abdi, Bupati: Mantri: Punggawa: sarta Panditha. Nyai Rondha Sengkeran inggih sowan, Patih Thengger ingkang wonten ing ngarsa. Sang Prabu angandika datheng Patih, Bapa: undhangna marang sarupané kawulaningsun yén muridingsun si Duduga lan si Manawi Ingsun karsakaké dadi titindhihé kawulaningsun Bupati wolungatus si Manawi kang tengen si Duduga kang kiwa. Si Manawi Ingsun paringngi jeneng Adipati Dutha Nagara, si Duduga: Adipati Sura Adi. Nanging karo pisan  isiha ana sajroning kadhaton aja pisah lan panjenenganingsun, unjukkipun Patih akaliyan para abdi sadaya: sami nuwun sa [20]ndika, Sang Natha ngandika malih, lan maningngé: Bapa, saréhning panjenenganingsun isih lomba, Ingsun jujuluk narpa anama Prabu Jaka, para abdi sami suhur peksi nuwun sandika sadaya. Sang Natha lajeng kondur angadhaton.

Ing mangké kacariyos putranipun Prabu Déwatha Cengkar, ingkang nama Radén Arya Daniswara, sasirnanipun ingkang rama, minggah ing rêdi, amargi dipun kuya-kuya dhateng titiyang ing Mendhang Kamolan awit saking dhawahipun Prabu Jaka, sakathahing abdi ing nagari miwah ing dhusun sami kapacakan boten kénging kandheg utawi kampiran Radén Daniswara, balik sinten ingkang purun nyepeng, badhé kaparingan ganjaran kathah.

Wondéning Radén Daniswara wau sampun kaenas déning Gusthi kang Agung, ing bénjing badhé ngepel Jawi. Lampahipun kalunta-lunta, sampun tebih saking nagari ing Mendhang Kamolan, namung ambekta abdi panakawan sakawan sami putraning Tumenggung, anama Begja: Daulat Manawa: menawi. Pun Menawa kalih pun Menawi palihanipun pun Begja kaliyan  pun Daulat embanipun, salaminipu lumajeng Radén Daniswara boten dhahar: boten saré. Punika dados tapanipun, aturipun panakawan sakawan : Gusthi: suwawi sami kéndel, kula sami ngelih sarta karipan, Radén Daniswara angandika, yé kowé padha ora betah cegah turu la [21]n pangan baliya menyang ing Mendhang Kamolan dak lakonané dhéwé larine, pira bara pinaringan urip, panakawan matur malih, Gusthi: prayogi mawi tekiyar, sampun sok manggung amupus.

Radén Daniswara anglajengaken lampahipun rinten dalu boten kendél-kendél ngidul ngilén lumebet ing wana, anjog dhateng rêdi alit wonten guwanipun anama Therusan, punika pangalapan ageng, yén kambah ing titiyang ingkang dédé jamanipun lepatipun ical inggih mantukipun édan, salebeting guwa wiyar, ingkang kidul anjog dhateng kadhaton terun dhateng ing saganten, ingkang kilén anjog dhateng rêdi ala-ulu. Ingkang wétan anjog dhateng rêdi jamur dipa. Ingkang lér anjog dhateng saganten, wonten kori satunggil malih, anjog dhateng salebeting kadhaton ananging mineb, saléring kadhaton wonten sanggar langgatanipun sakiwaning sanggar langgatan wonten balumbangngipun mawi bale kambang kaca ing tengah, tatanemanipun anglangkungi saking saé. Gedhongnging bale kambang mineb ing lebet wonten kathilipun mas mawilangsé tundha éndah anglangkungi. Sawétaning bale kambang wonten patamananipun, ing ngriku ingkang kawastanan peken Diyéng. Pekenanipun dalu kémawon nanging ingkang sami sasadéyan nyiluman, wondéning guwa Therusan wau: ka [22]dhatonipun Prabu Shindula. Sasirnanipun ing Galuh, Sang Prabu ngalih wonten ngriku. Mila guwa Therusan  anglangkungi éndahipun.

Radén Daniswara lumebet ing guwa, sanget anggénipun kapécut aningali lalangenanipun, sakathahing kori dipun lebeti sadaya, kasengsem aningali pasang rakitipun salebeting guwa, karsanipun badhé  tapa wonten ing ngriku. Gedhongngipun ing bale kambang  wau lajeng menga piyambak dipun lebeti dhateng Radén Daniswara, nanging badhé bonten kadamel panggénan tapa. Wondéning badhé panggénanipun tapa wonten lawangnging guwa ingkang Jawi.

Radén Daniswara anggénipun tapa wonten ing guwa Therusan sampun angsal tigang wulan sawulan anggénipun tansah asemédi, angicalaken angenangen gangsal prakawis, patrapipun pinarak asila tumpang, angajeng ngaken sanggar pamelengngan asta kakalih tumumpang ing pangkon ingkang kiwa nurut wentis ingkang tengén tumumpang ing asta kiwa: anurut dariji. Sampun ical kamanungsanipun, anunten wanci dalu panakawan sampun sami tilem wonten coba ageng andhatengngi, awarni widadari gangsal sami ayu-ayu, sarta éndah panganggénipun amurugi panggénanipun sang tapa. Ingkang satunggil anama Sangkaningrat matur, Radén punika widadari sami sowan amargi kédanan sampéyan boten étang amanggih dudukanipun Sang Hyang Pramésthi, sa [23]king sangeting kasmaran, amung sampêyan ingkang katingal salebeting cipta, mila kula sami tumurun saking Suralaya, sowan ing sampéyan mriki. Panyuwun kula, mugi-mugi parênga ngabdékaken kula sadaya. Kalih déning malih kula sami nyuwun sumerêp punapa ingkang sampéyan seja, atapa wonten ing guwa ngriki, Radén Daniswara boten gingsir. Anunten wonten malih widadari ayu, éndah panganggénipun dhateng ing ngarsanipun Radén Daniswara, sarta mésem-mésem, wonten malih ingkang dhateng, asandhing lenggah sang tapa. Anunten sadaya sami anyelaki, angrubung Radén Daniswara, ananging sang tapa boten ébah: boten gimir, ingkang anggoda  sami kaken manahipun, anunten Sangkaningrat awas ningali. Yén Radén Daniswara sampun ngraga sukma, awicanten dhateng kancanipun:  ayo padha mulih. Ana ing kéné tanpa gawé tunggu wong mati, widadari gangsal késah sadaya.

Boten antawis dangu wonten widadari sanésipun andhatengi, warninipun sami ayu-ayu, anguré rambut kados mentas jamas, amurugi panggénanipun sang tapa. Wonten ingkang ngrangkul saking wingking: saking ngajeng: utawi saking iringan wonten ingkang ngarasaken susu, sawenéhan nyandhak astanipun kacepengaken ing susu, karangkulaken ing jongga: utawi ing lambung. Anunten wonten satunggil malih ingkang dhateng, aliyangan wentisipun sang tapa, sarta boten sah [24] anggénipun mandheng. Nanging sakathahing pratingkah anggogodha boten tumama, malah ingkang anggodha sami kagodha, kédhanan dhateng sang tapa.

Anunten sakathahing widadari sami medal angidung wonten ing jawi, angentos-gentos, sang tapa ingkang dipun mimirangngi. Wonten ingkang keplok gumujeng surak amé, akathah solahing widadari. Lajeng sami nyelak anggodha malih. Wonten ingkang nyandhak astanipun kacepengaken ing susu, wonten ingkang  anggrauti anjiwiti, nanging sakathahing pangridhu boten wonten wusananipun malah ingkang ngridhu sami kédanan dhateng sang tapa. Anunten sami medal saking guwa. Wonten widadari satunggil sanget anggénipun kédanan wangsul malebet dhateng guwa malih, samudana sumpingngipun kantun wonten pangkonipun sang tapa, sarêngngan musna kaliyan kancanipun sadaya.

Kocap Sang Prabu Shindula, ingkang musna saraganipun sampun dados jajangkeping Déwa ing Suralaya, akayangngan wonten ing guwa Therusan anedhaki ingkang wayah. Angandika sarwi gumujeng, wis wudarên tapamu, awit wis katarima ing Jawatha. Kowé saiki pinaringan bojo widadari lima. Iku wis kapesthi ing Déwa kang linuwih: dadi jatukramamu, anurunaké para Rathu ing tanah Jawa, turun-tumurun ora ana kang nyelani panjenengngané. Ing mangko durung mangsané kowé ju [25]meneng Rathu, karana Ajisaka sakti mondraguna. Nanging oléhé jumeneng ana ing Mendhang Kamolan kawangenan telung taun, yén durung tutug ing jangjiné, ora kena disuwawa. Déné yén wis tutug ing mangsané, amesthi kowé sing anggenténi jumeneng Rathu turun-tumurun, ing saiki matengna tapamu, dén madhep marang  kamuksan, bésuk yén kowé wis diwasa, iku mangsané madhep maring kadigdayan, déné yén wis tutug ing étungané telung taun aku angamini oléhmu ngrebut nagaramu.  Mungguh adhep  marang kamuksan iku kawruhana, ora kena sinambi, lan ora kena kala-kala, nuli éling: nuli ora. Angél pambuwangnging panggodha, kang anempuh angen-nangen lilima, yén ora bisa ambadali, temah ambibingung ametengngaké ati, wekasan kalimput marang budi ala, Radén Daniswara nyembah matur, sinten pukulun déné kagungngan welas dhateng kula, sarta sumerêp ing kasusahan ingkang pinanggih ing badan kula, Prabu Shindula amangsuli pangandika sarwi gumujeng, layak kowé ora sumurupa ing aku, aku kakékmu Prabu Shindula ing Galuh, kang musna lan nagarané. Kowé lan bojomu widadari bakal dak emong salawasé. Kang iku: putu: aja kowé salah gawé, tutugna tapamu, nanging lungaha saka ing guwa kéné, mangulona bener, kowé bakal anemu alas ana padhukuhané: aran ing Panungkulan, ngéngéra wong rondha ing kono. Yén wis tutug ing [26] wawatesan telung taun rêbuten nagaramu, ing kono bakal sirnané Prabu anama Ajisaka, kowé nuli jumeneng Rathu. Wis putu: aku mulih menyang kayangan, paranana garwamu: rêrêmihen, yén wis lejar: tinggalen. Aku kang ngemong lan kang rumeksa, Prabu Shindula lajeng musna.

Radén Daniswara lajeng lumebet ing kadhaton badhé amanggih ing garwanipun, katingal pajanganipun mawi langsé anglangkungi saking saé. Garwa widadari gangsal sami amurugi. Radén Daniswara semunipun rêmen nanging galihipun kéwedan awit déreng sumerêp pratikelipun angungrum tiyang éstri, lajeng angaras pangandikanipun: Adhi Ajeng: apuranen sakéhing kaluputanku. Mulané aku ora nemoni kowé tumuli, awit aku lagi tapa, Sang Déwi méngo, sarta anebihi, lajeng dipun pondhong kalih dipun rêrêmih, kabekta dhateng pasarêyan, sarêng Radén Daniswara sampun kadugén karsanipun lajeng angandika dhateng garwa, Ahi Ajeng: kowé kariya, aku arêp lunga, anutugké tapaku. Bésuk baliku: yén ana pitulunging Déwa, bisa angrebut nagaraku, mongsa wurungnga katemu manéh karo kowé, Sang Déwi matur, adhuh: Pangéran kulo boten saged kantun badhé andhérék satindak sampéyan, garwa pinondhong malih sarwi angingidung, binekta dhateng pasareyan, [27] sarêng sang Déwi sampun kapatos anggénipun saré, lajeng dipun apit ing guguling, dipun lurubi singeb, Radén Daniswara lajeng medal tindak dhateng panggénanipun garwa sanesipun, sarêng sakawan sampun kawradinan sarta sampun sami saré sadaya, Radén Daniswara medal saking guwa.

Radén Daniswara lajeng lumampah, abdi sakawan andhérék, samargi-margi tansah angénget-énget garwa gangsal ingkang dipun tilar kantun wonten ing guwa, nanging kekahing cipta anggénipun badhé andumugékaken tapanipun, lampahipun malebet ing jurang: minggah ing rêdi kangsungil boten dhahar: boten saré, ingkang kacipta ing galih, bahdé angétokaken pitedahipun ingkang   Êyang. Lampahipun ngilén lerês anusup-nusup wana, ingkang pinendeng: padhekahan ing Panungkulan, anunten anjog ing pategilan sarta pagagé wonten paréngnging rêdi. Anglarêsi  mangsanipun tanem tuwuh pantun utawi sanésipun sami angemohi. Akathah swaraning peksi, ingkang tengga tataneman wonten ingkang angrerêpi, angrebab angambang: anyuling, angasih-asih swaranipun, Radén Daniswara boten kandheg ing lampahipun anjog dhateng ing wana malih, amanggih curi medal toyanipun anglangkungngi saking bening: dhawah ing béji. Radén Daniswara karêmenen mirsa beningnging toya, arucat busana: lajeng siram, sasampuning siram sarta abusana, andumugékaken lampah, dumugi ing wana talatahipun padhe [28]kahan ing Panungkulan.

Satengahing wana wau wonten padhekahan katingal sarta wonten kalurukking sawung kamirêngan, Radén Daniswara amurugi, sumeja badhé ngampiri. Apanggih kaliyan tiyang jaler wonten ing tegil anama Kyai Pacukilan lajeng dipun dangu, Paman kula takon marang dika, niki jenengé alas ing pundi, ingkang dinangu matur, punika dipun wastani wana ing Panungkulan, balik kula matur pitakén: sampéyan sinten ingkang sinambat, Radén amangsuli, jeneng kula Radén Daniswara. Yén lega atiné Paman kula arêp mampir ing padhékahané, Kyai Pacukilan agepah, Radén Daniswara dipun aturi pinarak wonten padhékahanipun sarta dipun segah ing sawonten-wontenipun, aturipun: bendara: sampéyan punika tembé katingal, ing pundi ingkang pinongka, sarta badhé tindak dhumateng ing pundi. Punapa inggiha kasasar, déné angambah wana ageng, Radén Daniswara amangsuli, kula wong ideran boten duwé omah. Sing kula seja padhukuhan ing Panungkulan anggoléki embok rondha sing omah ngriku. Napa dika sumurup prenahé, Kyai Pacukilan matur, inggih sumerêp nanging tebih lampahan sadinten saking ngriki. Prenahipun wonten tengahing wana ageng, Radén Daniswara suka ing galih midhanget aturipun Kyai Pacukilan lajeng lerêp wonten ing padhekahanipun.

[29]Kacariyos embok rondha, ingkang adhedhekah wonten satengahing wana Panungkulan, sanget ing kamlaratanipun panganggénipun gombalan pangupa jiwanipun sadé godhong, ingkang katedha sadinten-dinten namung kukuluban, prenahing griyanipun tebih saking padhusunan bilih késah sadé godhong: mawi nyipeng wonten ing margi.

Nyai rondha gadhah anak satunggil jaler, jaka sepuh bagus warninipun anama Jugul Mudha, acawet babakan kusambi, asabuk oyod-oyodan beleripun anglangkungi, saking boten naté  kaambetan toya, rêgeding awak ngantos kénging dipun susuk, lerêsipun angingonana biyung, punika boten malah tansah dados dameling biyung. Sakathahing awon angalempak wonten Ki Jugul Mudha, balilu cupet budinipun sungkanan adoyanan caroba abetah tilem boten pisan  purun nyambut damel anananem utawi  sanesipun, yén dhédhé: aras-sarasen késah, ngantos bedhug boten mingser saking panggénanipun terkadhang ngantos sadalu pisan boten  késah –késah. Sanajan doyan nedha sarta doyan tilem inggih ugi betah melék sarta betah lapa. Wekel ajrih ing biyung: sarta ageng tarimanipun isinan boten watak adora. Yén dipun srengeni ing biyangngipun kéndel kémawon lajeng tilem ngantos sapeken kajawahan kapanasan boten tangi.

Sitinipun padhekahan ing Panungkulan eloh. Sau [30]pami ingkang anggriyani puruna ambubak samukawis ingkang dipun tanem amesthi medal, padhekahan punika angajengaken lépén angungkuraken rêdi.

Wondening Nyai Rondha kala ingkang wau dados bojonipun eném Patih ing nagari Galuh. Sarisakipun nagari: Patih tumut musna kaliyan Prabu Shindula, atilar wawratan medali Jugul Mudha wau. Griyanipun boten gatra, ing ngajeng wingking wana, boten gadhah latar, rungkud kiwa tengenipun, ingkang kadamel pager: godhong jati, payon dipun rambati ing bolu, utawi tutuwuhan sanésipun, korinipun namung nedheng tiyang ambrangkang. Bilih jawah: Jugul Mudha katrocohan ngantos  kados tiyang dipun dusi, sadalu gerêng-gerêng boten angsal tilem, bilih biyangngipun badhé olah-olah, Jugul Mudha dipun kén mendhet kajeng: boten purun, yén sampun mateng: katedha piyambak biyang ngipun boten dipun umani.

Anuju satunggiling dinten Nyai Rondha kaliyan anakipun sami ninis wonten sangandhaping kusambi, wicantenipun Nyai Rondha, éh: anakku Jugul Mudha, saréhné ora ana wekasané pepesthiné awakku lan  pepesthénmu, aku mrayogakaké kowé ngawula Gusthimu lawas ing Mendhang Kamolan dadi ora babakal, aku iki bosen kangélan kaya mengkéné, kapingin koingoni, mukti kaya biyén dhek isihé swragi ramamu, Jugu [31]l Mudha amangsuli, kula boten purun angawula Rathu mongsa tiyang, boten ajeg adilipun, Nyai Rondha anyambungi, pangrunguku kang jumeneng Rathu ing Mendhang Kamolan saiki: Ajisaka, kukuh adilé sarta balaba, iku prayoga kawulanana, Jugul Mudha sumaur, punika satru kula, kula boten purun bekti. Bilih boten tedhakipun Gusthi Prabu Shindula, ingkang jumeneng Rathu, kula boten purun ngawula-ngawula, kula pilih pejah, Nyai Rondha sumaur, bésuk apa tedhaké Gusthi Prabu Shindula jumeneng Rathu. Yén kowé angenténi, mongsa menangana. Ing saiki apa sing padha dipangan, Jugul Mudha amangsuli, yén badhé boten menangngi, inggih mupus kémawon, bilih déréng dumugi ing jangji, dipun bujengnga: inggih angoncati, Nyai Rondha sumambung, lah kapriyé wekasané, aku bosen temen mangan gogodhongan, ora wurung padha  mati, Jugul Mudha sumaur, embok sampéyan sabar kémawon, kula wau dalu nyupena angén gajah, kalih momong laré nyunggi rêmbulan, sarêng tangi: kula mirêng swara, besuk padhukuhan ing Panungkulan bakal katekan Rathu, sekti sarta pinujul angédhepaké sarupané kang kumelip, sira kang bakal dadi Papatihé. Punika: embok sapéyan antosi, Nyai Rondha mangsuli, bésuk apa rawuh, dienténi: apa ora selak mati.

[32]Kacariyos Radén Daniswara, tindak saking padhekanan Pacukilan angambah wana malih. Dangu-dangu aningali kukus kumelun ciptaning galih mongsa boten wonten tiyang dhedhekah: ing sakiwa tengenipun wana punika. Lampahipun kéndel sangandhaping kajeng kandhayakan dipun adhep ing panakawan sakawan,  anunten pun Begja kaliyan pun Daulat kautus amariksa, wontenipun padhekahan kaliyan botenipun.

Nyai Rondha kaliyan anakipun taksih sami ninis, wicantenipun Nyai Rondha, kariya: enggér, aku arêp adol godhong menyang pasar, boten antawis dangu wonten titiyang celuk-celuk atakén margi. Jugul Mudha amethukaken kapanggih akaliyan Begja sarta Daulat lajeng sami kaajak lenggah, sarta dipun pitakeni, adhi: sampéyan saking pundi, sarta sinten ingkang sinambat, Begja amangsuli, kula tiyang kakalih sami ideran boten gadhah griya, kampir ing saenggén-enggén, nama kula Begja, adhi kula punika anama pun Daulat, balik kula kumapurun apitakén ing sampéyan kakang, punika padhekahan  ing pundhi wastanipun déné wonten satengahing wana sarta risak, Jugul Mudha sumaur, adhi: punika dipun wastani padhekahan ing Panungkulan, ingkang agriya wonten mriki: namung kula, akaliyan pun Biyung, boten wonten réncang kula malih-malih, Begja: Daulat gumujeng, wica [33]ntenipun: midera salaminipun mongsa amanggiha tiyang agagriya kados sampéyan panggénanipun boten montra kénging dipun ambah ing tiyang, dhapuring griya boten kantenan ngajeng wingkingngipun, Jugul Mudha sumaur, sampun pinasthi karsaning Déwa mekaten, Begja: Daulat pitakén malih, kakang : sampéyan sinten ingkang sinambat, Jugul Mudha amangsuli, nama kula pun Jugul Mudha, pun biyang karan padhekahan Rondha Panungkulan, pun Begja awicanten salebeting manah, saciptanané Gusthi katekan, iya iki kang karsa ditedhaki, wicantenipun Begja dhateng Jugul Mudha, adhi: sampéyan kantun sakedhap, kula badhé ngunjuki uninga dhateng Gusthi, ingkang taksih kantun wonten ing wingking, Jugul Mudha sumaur, inggih: adhi, dipun énggal Gusthi kaaturan tedhak mriki.

Sawangsulipun panakawan kalih, Radén Daniswara tindak dhateng padhekahan kapanggih kaliyan Nyai Rondha, sarta kaliyan Jugul Mudha. Radén asuka tabé dhateng Nyai Rondha. Nyai Rondha sumengerên aningali bagusipun Radén Daniswara, cahyanipun mancur, sakedhap Nyai Rondha akaliyan Jugul Mudha salin paningal, pangraosipun kathah kang andhérék Radén Daniswara, priyantun ageng alit utawi para prajurit, wonten ingkang ambekta kapal tuwin gajah. Sampun kados upacaranipun ing Rathu. Begja: Daulat Manawa: Manawi inggih mekaten paningalipun, [34] Jugul Mudha angrempelu, konca: titihan dalem iku wis aso suwé. Bok nuli diguyang, Nyai Rondha sumambung, para Gusthi iku bok padha malebu ing kadhaton, Begja: Daulat anyambungngi, éh: sakéhé konca magersari, gamanmu padha tatanen, Menawa: Menawi seru anggénipun wicanten: éh: konca, padha mondhok sapangkaté dhéwé-dhéwé, aja ana rusuh, lan dipadha ngati-yati, boten antawis dangu lajeng sami énget yén ngrempelu. Pun Begja anyebut: ya Déwa Bathara, ana apa aku iki ngrempelu, katon Gusthi akeh kang  andhérék, Daulat sumambung, kula inggih makaten ugi, aningali konca Bupati kathah, Menawa: Menawi wicanten: kakang: kula katingal aningali wana, ing ngriki katingal nagari. Punapa inggih awangsiting Déwa.

Nyai Rondha matur dhateng Radén Daniswara, anggér: kula punika Begja, déné sampéyan ampiri. Anggér: sinten ingkang sinambat ing pundi ingkang pinongka, sarta ing pundi ingkang sineja. Punapa inggih akasasar, déné ngantos rawuh wonten ngriki, Radén Daniswara amangsuli pangandika, Bibi : jenengku Radén Daniswara. Sing dak seja ing Panungkulan arêp ngénger ing kowé, Nyai Rondha andheku, aturipun : kuwangsul sanget yén kula sampéyan ngéngéri, pantes kula angabdiya ing sampéyan sarta anak ku [35]la pun Jugul Mudha kaabdekna.

Radén Daniswara lami anggénipun ngéngér Nyai Rondha ing Panungkulan, Nyai Rondha dados sugih, boten sumerêp jalaraning kasugihanipun, inggih punika sawabipun Radén Daniswara anggénipun Nyamur tapa. Wana ing Panungkulan kathah ingkang dipun babadi, sarta dipun tanemi. Samu kawis ingkang dipun tanem dados sarta ngemohi. Jugul Mudha : sarawuhipun Radén Daniswara : anglangkungi sarêgep samukawis padamelan boten mawi dipun atag medal kasagedanipun, wondéning ingkang sami nananem inggih Radén Daniswara : sapana kawanipun sakawan kaliyan Jugul Mudha. Akathah pategilan pagagén tuwin pasabinanipun, anunten kathah tiyang dhusun tebih-tebih sami andhatengngi, ambekta pangangngé sarta yatra, tuwin barang adi-adi sanésipun badhé kaurupaken  pamedaling tanem tuwuh ing Panungkulan, nanging Radén Daniswara boten karsa tampi urup, sami kaparingakén kémawon, kalilan ambekta sakuwawinipun kathah sami ngalih agriya wonten ing Panungkulan, kala samanten ing  Panungkulan gemah arja. Kathahipun tiyang gagriya sampun tigang éwu. Karsanipun Gusthi kang Agung, sami kapanjingngan kapurunan sarta kasektén, Radén Daniswara sampun rumantos namung angentosi dumuginipun ing wawangenan welingngipu [36]n ingkang   Êyang Prabu Shindula.

Kocap nagari ing Mendhang Kamolan sang saya gemah arjanipun mirah sandhang : mirah tedha, titiyang alit sangsaya éca manahipun, Ajisaka : saréhning saweg dipun jurungi ing Gusthi Allah, saged damel tiyang. Ingkang dipun damel siti. Wondening pamendhetipun siti dhateng ing Galedug, panggénanipun damel tiyang. Béji wau anama thalaga  Mahadirda, prenahipun wonten ngéréng-ngéréngnging rêdi, sakilénipun kitha ing Mendhang Kamolan, paméméyanipun tapel awasta ing Randhu Jajar. Bilih sampun aking, Ajisaka amumuja, malaékat Idajil lanattolah anuruni, sakathahé dadamelanipun tapel tiyang lajeng gesang. Pinten-pinten angsalipun sami kadamel Tumenggung, ngantos jangkep wolungatus, salakungipun saking punika sami tangkar tumangkar. Wondening ingkang kadamel Tumenggung wau, samidipun pilih ingkang wekel-wekel, watawisipun bilih boten burus utawi awon manahipun yén anggebyur ing béji thalaga Mahadirda silem lajeng ical, mila bilih wonten tiyang paripaben béji wau dados pangadilan, sinten ingkang dora : ical wonten ing toya.

Ajisaka anggénipun damel tiyang anglangkungi saking kathah. Na [37]gari ing Mendhang Kamolan wewah ing harjanipun, salebeting kitha sampun kebak dipun griyani. Inggih punika adilipun Gusthi kang Agung. Kala panjenenganipun Déwatha Cengkar amongsa tiyang, adamel risaking nagari, ing mangké Ajisaka ingkang mulihaken isén-iséning nagari, amargi anggénipun damel tiyang. Semunipun karsané Gusthi Allah, nyawanipun titiyang ingkang sami dipun mongsa dhateng Prabu Déwatha Cengkar, katitisaken dhateng tiyang énggal damelanipun Ajisaka.

Prabu Jaka miyos sinowan ing para  sakabatipun  wonten ing kadhaton kaéngetan sakabat kakalih, ingkang dipun tilar wonten ing pulo Majethi, pun Dora kaliyan pun Sembada, pangandikanipun : si Dora lan Sembada amesthi ora wani nunusul awit wedi anerak wewekasingsun éh : Duga lan Prayoga, sira padha menyangnga ing pulo Majethi, si Dora lan si Sembada timbalana, rêrêksané kagunganingsun keris konen anggawa, sakabat kakalih munjuk sandika, nyembah : lajeng mangkat.

Sakabat kakalih : pun Dora kaliyan pun Sembada, ingkang sampun lami katilar wonten ing pulo Majethi, sampun mirêng pwartos yén Gusthinipun dados Rathu wonten nagari ing Mendhang Kamolan, badhé nusul ajrih, awit welingipun Ajisaka, sapa-sapa sing nimbali kowé, utawa mundhut rêrêksanamu, aja gelem lan aja koulungngaké, yén dudu aku dhéwé anjaluk, wusana pun Dora a [38]nerak wewelingnging Gusthi, anusul boten mawi rêmbagan utawi sanjang dhateng kancanipun, wonten ing margi kapethuk utusan kakalih, pun Duga kaliyan pun Prayoga. Titiyang titiga lajeng sami wangsul dhumateng ing Mendhang Kamolan sowan ing ngarsanipun Prabu Jaka. Sang natha andangu, éh : Dora, sira teka dhéwé. Koncanira si Sembada ana ngendi. Déné ora ambarêngngi lakunira. Iku apa sababé, Dora munjuk : mila kawula sowan piyambak awit abdi dalem pun Sembada kawula ajak boten purun, Prabu Jaka sanget duka amirsa aturipun Dora, kasupén bilih ing ngajeng sampun andhawahaken weweling, kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau, lajeng ngandika, éh : Dora, baliya menyang ing pulo Majethi, timbalana si Sembada. Yén meksa ora gelem rêrêksané keris apa déné sakéhing sosotya pundhuten, yén bongga : uwisna, cangkingen éndhasé, katura ing Ingsun, sira Ingsun wangeni mung sapasar, Dora munjuk sandika, lajeng mangkat.

Lampahipun Dora dumugi ing pulo Majethi, kapanggih kaliyan pun Sembada. Sembada apitakén : saka ing ngendi kowé : Dora, Dora sumaur, aku nusul Gusthi. Gusthi ing saiki wis jumeneng Rathu ana ing nagari Mendhang Kamolan, aku di utus animbali kowé, kéridda rêrêksanmu kabéh, Sembada amangsuli, kapriyé, kowé biyén iya ngrungu dhéwé pangandikanipun Gusthi, sapa-sapa mundhu [39]t rêrêksanmu : aja koulungaké, yén dudu aku dhéwé, mongkona timbalané Gusthi, aku kowé padha ngrungu, mongka kojaluk dhéwé, dadi kowé iku nrajang bener. Éwadéné saréhné padha kakancan ayo padha séba wong loro, Dora sumaur, apa kowe ora ngandel marang aku, awéh : ora awéha, rêrêksanmu dak jaluk, Sembada sumambung, kowé iku aninggal tata : ambuwang bener. Yén kojaluk dhéwé : amesthi aku ora awéh, awit kowé ora ngrungokaken ujar kang bener, anurut pikirmu dhéwé, Dora amangsuli seru, kapriyé ujarmu iku. Apa kowé baléla ing Gusthi. Angur ulungna, aja nganti nemu kang ora becik, Sembada sumaur, basamu ora énak dirungokaké. Kudu lumaku ginugu. Aku ora wedi marang kowé, wedi marang Gusthiku. Bokmanawa kowé ngamandaka, wis ngawula Gusthi liyané, lajengngipun ing paben sami tantang-tinantang, wusana sami kekerêngan sudukkan pejah kalihipun.

Prabu Jaka angajeng-ajeng utusanipun, sarêng sampun langkung saking antawis boten dhateng, angandika dhateng pun Duga kaliyan Prayoga, éh : sira padha nusula Dora menyang ing pulo Majethi. Wis kaliwat saka ing antara  ora ana teka.  Panduganingsun anemu pakéwuh : utawa padu, Duga : Prayoga munjuk sandika, lajeng mangkat.

[40]Sadhatengngipun utusan kakalih ing pulo Majethi, angupadosi pun Dora kaliyan pun Sembada, pinanggih pejah kalihipun labetipun sami kekerêngan, lajeng sami mantuk sowan Gusthinipun unjukipun : kawula kautus analika abdi dalem pun Dora kaliyan Sembada, inggih sampun, nanging sami pinanggih pejah kalihipun labetipun sami kekerêngan sudukkan, Prabu Jaka anjengger midhagetaken pratélaning utusan  dangu boten saged ngandika. Wusana pangandikanipun : Ingsun dhéwé sing kaluputan, ing ngarêp wis Ingsun pacakki sakaroné, iku Ingsun ora kélingngan pisan-pisan, wekasan Ingsun anggugu aturé si Dora, amboboléhaké kancané. Ingsun kalimput ing nepsu, anerak papacakkingsun dhéwé.

Anunten Prabu Jaka nganggit aksara Jawi kalih dasa. Wondéning kang kadamel uwit lalampahanipun Dora kaliyan Sembada, kalanipun Dora nusul dhateng ing Mendhang Kamolan kautus wangsul dhateng ing pulo Majethi, animbali kancanipun ingkang nama pun Sembada. Anunten kerêngan sami purunipun lajeng pejah samyuh. Menggah pratélanipun aksara kalih dasa punika, Ha Na Ca Ra Ka, tegesipun wonten utusan, Da Ta Sa Wa La, tegesipun anunten sami kerêngan, Pa Dha Ja Ya Nya, tegesipun sami purunipun, Ma Ga Ba Tha Nga, tegesipun wekasan dados bathang. Aksa [41]ra kalih dasa punika mawi kadamelaken sandhangan sami sanés-sanés ungelipun.

Prabu Jaka karêmanipun ameng-ngameng dahteng wana, ambubujeng Banthéng : sangsam kidang : kancil, tindakkipun nyamur, namung kaliyan sabatipun kémawon, anuju satunggiling dinten sang Natha tindak ambubujeng, aningali wonten sawer ageng tapa, sisikkipun manca warni, saking laminé anggénipun tapa, awak sampun kagubed ing gogodhongan : ula iku tapa arêp dadi apa. Lah iya : mongsa wurungnga kowé bilai déning aku, Sang Natha lajeng menthang gandéwa, jemparing lumepas sawer kénging pejah. Anunten wonten swara kapirsa, éh : Sang Natha, saréhné kowé sikara ula tapa, kowé kena ing paukuman, ing bésuk bakal ora bisa mujadahi nepsu hawamu, sawer lajeng musna. Boten dangu jawah derês awor lésus. Prabu Jaka salaminipun déreng naté ngraos luwé. Ing mangké ngraos ngelih sarta kagungan karsa dhateng putranipun Nyai Rondha. Kala kampiripun Sang Natha ingkang rumiyin taksih alit, ing sapunika sampun mepeg birahi, sarta sangsaya wewah ayunipun adamel kényut dhateng ingkang ningali.

Prabu Jaka kényut angénget-énget putranipun Nyai Rondha, tindak dhateng ing karandhan kadhérékaken ing sa [42]kabatipun badhé sumerêp warninipun Déwi Rarasathi, karsanipun bahdé kapundhut garwa.

Prabu Jaka : sarawuhipun ing padhekahan Sangkéh, adangu ameng-ngameng mubeng-mubeng, angajeng-ajeng wedalipun Déwi Rarasathi, nanging boten wonten katingal, anunten Nyai Rondha paréntaha kén nutu. Para prawan  énggal tumandang, Déwi Rarasathi kapéngin mirêngngaken lajeng medal saking griya, asinjang pathola abrit asaléndhang gadhung kapraos pinggiripun anganggé konyoh jené. Tiyang sanagari Mendhang boten wonten ngungkuli ayunipun, Prabu Jaka gimir aningali Sang Déwi, anyipta asmaragama. Déwi Rarasathi dipun celukki. Ingkang tut wingking Sang Déwi, kalangenanipun babon katé pethak sanggar dalima.

Déwi Rarasathi badhé nutu, sukunipun ingkang satunggil ngidak sirahing pantun, sinjangngipun kawingkis pupunipun katingal gumebyur kados thathit, sarêng dados ing cipta asmaragama, Prabu Jaka korut nutpahipun, anunten nutpah kakalih sami dipun cucuk ing babon katé wau, amor dados satunggil, sampun makaten karsanipun Gusthi kang Agung. Prabu Jaka : sarêng énget sanget ing pangungun sarta lingsemipun awit sikara, saking déning anyipta asmaragama. Énggal kondur : lajeng saré.

[43]Sarêng sampun antawis katé pethak nigan, Nyai Rondha ingkang mendhet tiganipun kadékékaken ing padaringan, uwos ingkang dipun tunggili tigan wau, kaedang saben dinten boten saged telas-telas malah sangsaya wewah. Wicantenipun Nyai Rondha, apa éndhog iki sing mawa, déné beras ora bisa enték-enték, tigan dipun élih dhateng ing lumbung. Boten antawis lami uwos ing padaringan telas, Nyai Rondha bahdé mendhet pantun ing lumbung, amasang ondha : lajeng minggah, boten nyana bilih tigan wau sampun netes, nanging salah kadadosan warni sawer, anglingkungngi ageng panjangngipun, lumbung kebak dipun lekeri. Nyai Rondha mendhet pantun sabelah. Sawer kaget kados dipun gugah, apitaken dhateng dhateng Nyai Rondha, éh : Nini, apa gawému, Nyai Rondha kaget gila aningali sawer, andhawah saking lumbung, lumajeng dhateng ing kapatihan badhé ngaturi uninga dhateng Kyai Patih. Sawer suka aningali solahipun Nyai Rondha, ngoré rambut niba-tangi, dipun gugujeng abelik-belik, lajeng anjog saking lumbung, muruggi émbokkipun, Déwi Rarasathi dhawah ngantos boten énget, sawer anunten kesah nututi Nyai Rondha.

Nyai Roondha dumugi ing kapatihan, Kyai Patih kagét apitakén : kakang bok wonten punapa, déné lumajeng niba-tangi, Nyai Rondha megap-megap bo [44]ten saged nyauri. Boten dangu sawer dhateng, anjonggol wonten wingkingngipun, Nyai Rondha dhawah boten énget, Kyai Patih kagét ajrih badhé késah, sawer gumujeng kalih wicanten : aja wedi. Ayo padha lungguh. Mengko kowé dak tuturi, Kyai Patih gumeter anggénipun lenggah, gugup anggragapi takén : kowé iku ula apa, déné tekamu tanpa sangkan, sawer sumaur, aku iki : kaki patih : arêp séba ing Kangjeng rama, Sang Prabu ing Mendhang Kamolan, Kyai Patih mantun ajrih, mirêng sawer saged wicanten kados tiyang, sawer wicanten malih, kaki : munjukka ing rama Prabu, yén aku arêp séba, angaturaké carita, Patih amangsuli : kariya, dak munjuk ing Sang Natha, Kyai Patih lajeng lumampah, sawer tut wingking. Sadhatengé ngarsanipun Prabu Jaka, Patih nyembah munjuk : Gusthi : kawula angunjukki uninga, wonten sawer ageng anglangkungngi, sumerêp basanipun tiyang, angaku putra dalem, Kyai Patih saweg munjuk  samanten sawer ingkang tut wingking : dhateng. Patih kaget munjuk : inggih punika : Gusthi : saweripun, Prabu Jaka andangu, sira iku ula apa, déné bisa basa jalma, wani-wani malebu ing kadhaton séba ing panjenenganingsun, sawer munjug : mila kawula  kumapurun sowan ing ngarsa dalem saking sanget kapéngin kawula panjenengan dalem aken putra, Prabu Jaka amangsuli pangandika, Putra manéh Ingsun kangungan, krama ba [45]e Ingsun durung. Ula kang kaya rupanira iku : kena bebenduning Déwa kang luwih, lungaha, aja nganti Ingsun paténi, sawer mrebes mili, unjukkipun angrerêpa, punapa panjenengan dalem kasupén kalanipun ameng-ngameng dhateng wana, amejahi sawer ageng saweg tapa. Anunten wonten swara kamirêngan anyupaosi ing panjenengan dalem, boten dangu panjengngan dalem ngraos ngelih, anyamur lampah dhateng karandhan karsa uninga pun biyung Déwi Rarasathi, panuju saweg nutu, pupunipun katingal, panjenengan dalem anyelakki, matek aji asmaragama. Nutpah dalem korud, pun biyung inggih mekaten ugi. Anunten nutpah kakalih dipun cucuk ing babon katé pethak ingon-ningonipun biyung. Katé lajeng nigan tanpa jaleran, tigan kapendhet dhateng Nyai Rondha, kaprenahaken wonten ing padaringan, anunten kaelih dhateng ing lumbung, wonten ing ngriku netes ula. Punapa panjenengan dalem kasupén.

Prabu Jaka kaéngetan rumaos yén kasinggihan cariyosing sawer, sanget lingsemipun, lajeng kondur malebet ing dalem, anunten lurah para Nyai medal anama Bok Puspasari, andawahaken timbalan dalem dhateng Kyai Patih tembungipun : Kyai Patih : timbalan dalem : sawer i jengandika tarosa, bilih purun anglampahi sayembara, kang sarta angsal damel inggih kaaken putra dhumateng Sang Prabu. Wondéning sayembara dalem panjenengan dalem kagungan pacangan pre [46]nahipun kidul lerês wonten telengnging saganten nanging Sang Natha boten saged anedhakki, awit kapambengan ing satru : awarni baya pethak, punika angadhang margi. Bilih saged anyirnakaken baya pethak Sang Natha karsa angaken putra, Kyai Patih lajeng andhawahaken pangandika dalem wau dhateng sawer. Aturipun sawer, bilih kula saéstu putranipun Sang Natha, mugi angsal damel, bilih dédé : inggih mugi lebura. Sampéyan munjuk dhateng rama Prabu, yén kula sagah anglampahi sayembara. Sembah sungkem kula sampéyan unjukaken, saking sawabing berkah dalem mugi-mugi angsal damel, sawer wicanten malih dhateng Kyai Patih, wis kaki : kariya, munjukka menyang Kangjeng Rama, yén aku pamit mati, Kyai Patih welas aningngali, ngantos angrentahaken luh. Wangsulanipun : iya : engger : dak munjuk, pamujiku muga-muga oléha gawé.

Sawer lajeng lumampah ngidul lerês, sabarang ingkang katrajang : gempur. Sarêng dipun manah kadangon lampahipun lajeng ambles ing siti, jebus telengnging saganten, anantang baya pethak kapurih amethukna tangledipun, susumbaripun : aku putranné Prabu Jaka ing Mendhang Kamolan Rathu sekti mondraguna, ginandhang angenténi kaprabon lan kakarsakaken anyirnakaken satru dalem, jenengku Pangéran Adipathi, endi rupané satru dalem, mara : mara metonana perang karo aku, aja mungsuh Rama Prabu : yén aku durung mati.

[47]Déwatha Cengkar ingkang warni baya pethak mirêng panantang wau, lajeng ngerik-ngerik ngantos kamirêngan saking padhusunan ingkang tebih-tebih. Wicantenipun : saiki aku bakal bisa males, sakendelipun wicanten makaten lajeng nyander. Toya saganten piyak, alun kéndel boten mungel, baya pethak sumerêp yén sawer ingkang nantang, lajeng pitakén : éh : sapa aranmu : asu, déné wani nantang aku. Baya kowé iku bosen urip, sawer amangsuli, jenengku Tunggul Wulung. Aku putrané Prabu Jaka ing Mendhang Kamolan, mara : baya putih : majuwa, aperang karo aku, aja ngoncati, padha angadu karosan lan kasektén, anunten sarêng sami anempuh, agelut banting-binanting : bucal-binucal cakot-cinakot sabet-sinabet  ing pethit, saganten kados dipun kebur, toyanipun panas ombak mumbul-mumbul dhawahipun kados jawah. Sanget swaraning toya saganten jumegur ngantos dumugi ing Suralaya. Bumi orêg kados dipun iyun, naga ingkang wonten ing saganten kagét sami medal aningali yén kang tangled sami Gusthinipun, saking panasing toya saganten ulam kathah ingkang pejah, kabucal ing ombak dhawahing pinggir, utawi rêmuk kabentus ing parang. Ngantos pinten-pinten dinten anggénipun perang, déréng wonten ingkang kawon. Tiyang seganten kidul sami aningali, ajrih atutulung, awit sami Gusthinipun.

Kacariyos Raja Anginangin ingkang akahyangan ing sagan [48]teng kidul suka ing galih aningali, yén baya pethak angsal tandhing. Panedhanipun baya pethak kawona perangngipun, supados Raja Anginangin angratonana piyambak wonten ing saganten kidul, titiyang saganten kidul kagégéran sami ngili dhateng ing wana tuwin dhateng ing guwa. Anunten baya pethak kawon perangngipun kabucal dhawah ing tanah kidul dados rêdi gangsal.

Tunggul Wulung linglung bingah sanget déné angawonaken baya pethak, ciptaningmanah siyos kaaken putra dhateng Prabu Jaka. Ing mangké damelipun kantun saprakawis angupadosi pacanganipun ingkang rama. Raja Anginangin sanget suka pirênaning galih, déné baya pethak sampun pejah. Angraos kasambutan dhateng Tunggul Wulung Linglung. Lajeng utusan animbali tunggul Wulung Linglung.  Sampun kairid malebet ing kadhaton lajeng dipun pangandikani : éh : Linglung, Ingsun warah marang sira, yén Ingsun duwé punagi, sapa-sapa kang amaténi baya putih, anggenénana panjenenganingsun dadi Rathu sadhéla. Saréhné sira kang maténi, mulané sira Ingsun timbali, supaya angluwarana punagi iku, madega Rathu sadhéla, Linglung matur, kawula sandika anglampahi. Nanging kauningana ing panjenengan dalem lampah kawula kautus dhateng Prabu Jaka, angupadosi pacangan dalem prenahing panggénanipun inggih wonten ngriki. Punika déreng kawula lampahi, Raja Anginangin ngandika, iya Ingsun pacangané ramanira. [49]Munjukka ing Sang Prabu, bésuk ing dina rêbo : sasi sura : tanggal purnama : wuku gulungan Ingsun aturi tedhak mréné. Panyuwuningsun ramanira aja krama liyané Ingsun, nanging wruhanira : Linglung, ramanira ora lulus jumeneng Rathu. Karsané Hyang kang linuwih : mung telung taun oléh jumeneng, nuli kagenténan marang kang kagungan luluri karaton ing tanah Jawa. Rathu sekti mondraguna, kinéringan ing sajagad, iya iku pacanganingsun kang satemené. Ing saiki durung mangsané jumeneng Sang Rathu mau, sarta isih sinamar, ana déné sira : Linglung : angéstokna pitutur Ingsun, sira iku bangsaningsun mongsa lulusa sira amor manungsa. Saréhné sira bongsa Ejin iya muliha marang bangsanira. Ramanira aja sira batin, lairên baé. Wista : sira jumenenga Rathu, lan sira bakal Ingsun rabékké, oléh anakké si Naga Raja, putri ayu linuwih.

Tunggul Wulung Linglung matur sandika, lajeng sami asukan-sukan, lelembat ing pulo Jawi sami dhateng angedegi damel, wondéning ingkang mangku pangantén Ejin ingkang Kahyangan ing rêdi Marapi. Punika ingkang mendheti laré éstri kadamel patah, punapa déné dhalang : niyaga : utawi sanésipun ingkang kaanggé ing damel, kala samanten ing dharatan pageblug ageng, kathah tiyang pejah kadadak.

Pangantén éstri : anama Rêtna Balorong : lajeng dipun paési, sarta dipun anggén-nangéni. Sangsaya wewah ayu [50]nipun, Linglung inggih dipun paési, wewah bagusipun, anunten anunten pangantén  jaler éstri dipun panggihaken, Linglung madeg Rathu, laminipun namung pitung dinten lajeng nyuwun pamit badhé mantuk, Raja Anginangin angandika, Ingsun pitutur marang sira, saking welas ingsun marang sira, sira di ngati-ati. Pesthi katarima ing ramanira, sarta di aku anak awit sira oléh gawé, malah sira bakal di junjung jeneng Pangéran Adipati. Nanging sira bakal nemu bilahi, kaluputan nganti tumeka ing pati. Sira dibisa madhep ing pati. Wekasaning urip, ing mengko meh tutug ing wangen tekané Rathu kang kinéringan ing sajagad angréhaké sarupaning lelembat ing tanah Jawa. Ingsun iya bakal ngawula ing Rathu iku, tedhak-tedhakké Ingsun kang momong. Déné yén sira ora ngawula ing Rathu mau, amesthi ora kalilan ngambah tanah Jawa. Sira Ingsun lilani ngadhaton ana ing dharatan angréhaké lelembat kang ana ing gunung-gunung. Lan sira bakal dadi tetengeraning jaman kayata : yén bakal ana perang, utawa bakal kerta. Wis mangkata, ngulono baé, aja ngambah dalanira lawas awit kebak déning barisingsun, bojonira tinggalen supaya aja angrubedi lakunira.

Linglung lajeng mangkat medal telengnging saganten ambles ing siti, jebul rêdi ing Pasundhan, mila ngantos ing sapunikaing tanah Jawi kathah blengngipun inggih punika tilas jebusipu [51]n sawer Linglung. Ambles malih : anjog ing Wala : tanah ing Demak, ambles malih : jebul ing Garobogan, wondéning ingkang dipun kéndeli : anama ing Ngembat, wonten ing ngriku ngantos lami, dipun sowan sakathahing sawer. Lajeng rabi malih angsal putri ing Garobogan wastanipun inggih Nyai Balorong. Linglung andumugékaken lampah, ambles malih : anjog ing Caréwék lajeng dhateng ing Kuwu. Wonten ing ngriku kendel lami. Anunten sumeja sowan ingkang rama, anjujug dalemipun Kyai Patih. Wicantenipun : kaki, munjukka menyang Kangjeng Rama, yén aku teka oléh gawé, Patih sakalangkung suka ing galih, wangsulanipun : sokur séwu : enggér, kowé oléh gawé. Ayo padha séba.

Patih sowan dhateng ing kadhaton angirid sawer Linglung, kapanggih kaliyan Nyi Puspasari, anglerêsi badhé medal lajeng dipun cantheli atur, konjukkipun ing Sang Natha. Nyai Puspasari bingah sanget wangsul malebet munjuk ing Sang Prabu, abdi dalem angunjukki uninga, yén putra dalem sampun dhateng, lampahipun angsal damel, Prabu Jaka angandika, éh : Puspasari, timbalana putraningsun karo si Patih, Nyai Puspasari munjuk sandika, medal, wangsulipun angirid sawer Linglung.

Sawer Linglung : sadhatengngipun ing kadhaton angléker wonten ngarsanipun Prabu Jaka. Sang Natha andangu, kulup kapriyé [52] lakunira, sawer Linglung munjuk : lampah kula inggih angsal damel, satru dalem sampun sirna, Linglung lajeng angaturaken sakathahing nalar, wiwitan dumugi ing wekasan sarta amratélakaken pinanggihé pacanganipun sang Natha. Prabu Jaka angandika, Ingsun tarima : kulup gawénira, anunten ingkang putra dipun ganjar makutha, katarétés ing sosotya, muncar anyurêmaken soroting srengéngé. Wondéning makutha punika sawegdipun agem kaping kalih. Pangandikanipun : Linglung, sira Ingsun ganjar makutha kiyé, enggonen lan aja siro pocot-pocot, sawer Linglung lajeng dipun praboti. Buntutipun kablongsong ing mas katarétés ing sosotya adi. Pethit kasukanan kumala, agengipun sasirahing gajah. Sisik dipun rangkepi mas kaseling ing suwaos sarta salaka, mawi katerétés ing sosotya. Yén ébah pating galebyar ambalerêngngi. Sarta dipun anggéni kalung mas katarétés ing sosotya. Untu kaliyan siyungngipun kabalongsong ing mas, yén dipun tingali kados rêdi laku lumampah. Anunten dipun paringngi jimat awarni musthikaning naga. Kala waunipun ingkang kagungngan Rathu Melik, kalih lisah panggesangnganipun sawer, winadhan ing cupu asthagina. Pangandikanipun Ajisaka, jimat rong prakara iki sira anggoa. Panguwasané musthika ula iku, angédhepaké sarupaning ula, padha kumawula marang sira. Simpenen a [53]na ing cethakira. Déné panguwasané lenga, bisa anguripaké ula mati. Dokokna ing pethitira.

Énjing Prabu Jaka miyos sinowan ing para  Adipati. Patih Thengger wonten ing ngarsa, abdi ageng alit pepak sadaya. Ingkang putra celak kaliyan Sang Natha, sakathahipun ingkang sowan boten ta ana aningali cahyaning panganggénipun sawer Linglung, ingkang sarta sami éram, Prabu Jaka angandika, éh : sakéhé kawulaningsun, padha sira pirsakna, yén lakunipun putraningsun anggoné anglakoni ayahaningsun oléh gawé. Ing saiki Ingsun ganjar kalungguhan jeneng Prabu Anom ajujuluk Linglung Tunggul Wulung. Omaha ing Tunggul Wulung. Kang iku padha sira rêksaha rina wenginé, lan ladénana kang dadi pangané.

Prabu Jaka lajeng kondur angadhaton, boten antawis dangu Nyai Puspasari medal andhawahaken timbalan dhateng Patih Thengger, Kyai Patih : dhawah dalem i jengandika : sakonca Bupati sadaya, kakarsakaken andhérékaken tindakkipun Raja Putra dhateng ing Thunggul Wulung, Kyai Patih matur sandika. Raja Putra darat kémawon awit boten wonten titihan ingkang kuwawi dipun tumpakki. Jajaranipun anglangkungi saking kathah. Samargi-margi dados tontonan. Lampahipun sampun dumugi ing Tunggul Wulung. Wondéning patraping rumeksanipun sampun kados rumeksanipun dhateng ing Rathu. Laminé anggénipun wonten ing Tunggul Mulung sa [54]taun, anelasaken kambangan ingkang minongka tedhanipun sadinten-dinten, sarêng konjuk ing Sang Prabu Jaka, ingkang putra lajeng dipun timbali, dipun pethuk ing tiyang sanagari. Karsanipun kaya saka akedhaton kaprenah sawétaning kadhaton lami, awit ing Tunggul Wulung kagalih katebihen, sarêng sampu dados ingkang putra kakarsakaken andalemi. Raja Putra lajeng angutus si garwa saka liyan ingkang nama Nyai Balorong. Antawis lami anggénipun sami mukti wonten ing Mendhang Kamolan.

Prabu Jaka amulang dhateng ingkang putra ngélmi sikir : ngélmi ngasta karaton ngélmi panitisan tuwin kadigdayan kanuragan punapa malih ngelmi dhateng jaman kailangan, sadaya sampun kadhadha. Anunten Raja Putra énget welingngipun Raja Anginangin lajeng tapa mangap dhateng ing Kuwu. Laminé sampun sataun, badanipun katuwuhan wringin randhu wana : utawi wit-witan sanésipun, dipun rambati ing oyod-doyodan ngantos boten katingal warninipun sawer, sampun kados rêdi. Cangkemipun mangap dipun cengkal kados guwa.

Karsanipun Déwa kang linuwih, panuju jawah derês, wonten laré angén sanga, kajawahan ngaub wonten cangkeming sawer, dipun wastani guwa. Laré ingkang satunggil dipun jongkongngaken ing kancanipun boten suka : yén tumuta ngaub, lajeng minggah dhateng gigiring sawer. Wonten ing ngriku memerang. Pamerangipun kalangkung kénging gigiring sawer,  medal rahipun, sawer [55] karaos sakit angingkemi. Laré wolu ingkang ngaub pejah sadaya. Ingkang satunggil mau malajeng mantuk sanjang dhateng tiyang sepuhipun lajeng konjuk dhateng sang Prabu. Prabu Jaka andawahaken parénthah, amanték cangkeming sawer, supados pejaha. Anunten kaleksanan dhawahipun, sawer dipun panték ing wesi cangkemipun dados ing pejahipun, nanging sayektosipun boten pejah, namung Nyiluman kémawon, mantuk dhateng kadhatonipun ing Tunggul Wulung, wondéning Prabu Jaka sumerêp ing gaib yén panjenenganipun namung kantun sataun.

Radén Daniswara ingkang wonten padhekahan ing Panungkulan sampun kathah punggawa : santana : sarta balanipun, saréhning namung kirang sataun dumuginipun ing mongsa, anggénipun badhé angrebat nagari, apirêmbagan kaliyan Jugul Mudha : Begja : Daulat Menawa : Menawi, sarta kaliyan para santana sadaya, sami katantun prakawis ing perang, pangandikanipun : éh : Jugul Mudha : saréhné ing mengkobalaku wis akéh, kapriyé rêmbugmu, prakara oléhku bakal ngrebut nagaraku, Jugul Mudha matur, sampéyan badhé mengsah Prabu Jaka, sinten ingkang sampéyan andelaken awit sekti tanpa timbang. Wawratipun rama i jengandika digdaya ing perang, suprandosipun kawon nagarinipun kancikkan, Prabu Jaka anglangkungi sekti : saged anggesangngaken tiyang pejah, lepat ing pejah, kagungan putra sawer inggih sekti. Kalih pu [56]tranipun kémawon abdi-abdi sampéyan mongsa tandhingnga. Wewah nayaka wolungatus, boten timbang kathahing balanipun kalih abdi sampéyan ing Panungkulan, nayaka wolungatus wau balanipun nyéwu. Patih cecepenganipun prajurit saleksa. Tumenggung : Ngabéi : kandhuruwan cecepenganipun prajurit anggangsalatus, riya nyéwu. Mantri ngalihatus, andhap-pandhapaning mantri nyatus, prajurit ing kados patén déréng kaétung, iba kathahipun, sumongga sampéyan galih, pinten kathahipun bala sampéyan tur sami tiyang dhusun, abalung ngawisi : kulit tatembagi : sungsum magagala, mongsa wandé arêmuk upaminipun tigan kaapit ing séla. Tiyang ing Mendhang Kamolan upaminipun durén abdi sampéyan timun kaplipis amesthi rêmuk, abdi ing Panungkulan upaminipun rêmbulan tiyang ing Mendhang Kamolan srengéngé, amesthi ngucem maken padhanging rêmbulan, makaten malih abdi sampéyan kula upamékaken latu, balanipun Prabu Jaka ingkang ingkang minongka jawah, amesthi nyirêpaken latu. Kados pundi anggén sampéyan saged mengsah Prabu Jaka, awit kaungkulan tigang prakawis, ingkang sapisan Prabu Jaka Rathu ageng, kaping kalih sekti, kaping tiga sugih bala. Éwa dénten bilih kekah ing karsa sampéyan sayogi angupados bantu.

Radén Daniswara muwun mirêng aturipun Jugul Mudha, rumaos yén kasinggihan, pangandikanipun : lah kapriyé : Jugu [57]l Mudha : kang dadiréhmu. Endi kang dak lakoni. Aku isin yén nagara ora karêbut, awit aku kang duwé luluri karaton tanah Jawa, tetepa aku kang anduwéni, turun-tumurun aja ana kang nyelani.

Sarêng kéndel ngandika makaten Prabu Shindula akaliyan Patihipun anedhakki. Ingkang wayah dipun rangkul, pangandikanipun : memelas temen putuningsun, mengko nyawa Ingsun tuturi, Radén Daniswara nyembah, anyungkemi sampéyaning   Êyang. Jugul Mudha tuwin Begja : Daulat inggih sami nyumkemi dalamakanipun, Prabu Shindula ngandika, Jugul Mudha : iku ramanira, Jugul Mudha lajeng nyungkemi pangkoning rama kalih anangis, ingkang rama inggih nangis angrangkul putra, pangandikanipun : dhuh : anakku, sukur kowé momong Gusthimu, pamujiku muga-muga lulusa ing sapandhuwuré. Biyangmu ana ngendi, Jugul Mudha matur, wonten ing dalem, Nyai Rondha medal anyungkemi dalamakanipun ingkang raka. Anunten sami rangkul-rinangkul tiyang titiga.

Prabu Shindula angandika, putu : mongsané kurang sataun Ajisaka linungsur karatoné. Sira kang bakal anggénteni, angratoni ing tanah Jawa. Nanging sira sumurupa, ora gampang oléhira ngrebut nagara, amesthi kudu sira lakoni tapa, anenedhaha ing Déwa kang agung, kasembadana kang sira seja. Semono iku sira diawas marang paraning puja. A [58]turé si Jugul Mudha mau bener. Déné yén wis tekan ing wawatesan telung taun mongka wis akéh balanira, Jinurungan déning Jawatha kang linuwih, apa déné oléh sawabingsun ora wurung sira bisa ngrebut nagaranira, sarta banjur jumeneng Rathu, awit sira kang duwé luluri karaton tanah Jawa, turun-tumurun ora ana sing nyelani.

Radén Daniswara lajeng dipun wulang sakathahing kadigdayan supados unggul ing perang, sageda malebet ing saganten boten teles kapendhem boten pejah, kaobong : boten geseng, punapa malih kawulang pratikelipun dados Rathu. Sakathahing wulangngipun ingkang  Êyang sampun kadhadha sadaya. Jugul Mudha : Begja : Daulat Menawa : Menawi inggih tumut anguguru ngelmi.

Prabu Shindula angandika malih, putu : sira Ingsun tuturi. Prabu Jaka semayan karo Rathu Kidul kang aran Raja Angin-nangin bakal anekani, sarta wis kapesthi ing mangsané. Nanging sira sumurupa, wis pinesthi karsaning Déwa, sapa-sapa sing dadi Rathu ing tanah Jawa, yén ora di emong ing Bok Rathu Kidul ora lulus panjenengané. Ana déné Raja Angin-nangin mau, akahyangan ana ing sagara kidul, sapa-sapa Rathu kang tepung karo Bok Rathu Kidul pasthi lulus panjenengané, turun-tumurun ora ana sing nyelani, nganti tumeka ing jaman Akir. Déné Bok Rathu Kidul iku ing bésuk bakal karabi marang turunira, kang bakal jumeneng Rathu ing nagara Matha [59]ram ajujuluk Sultan Matharam agamané Islam angeréhaké Rathu sabrang. Ing mengko : putu : pituduh Ingsun marang sira, Prabu Jaka dhisikkana, sira katemuha lan Bok Rathu  Kidul, saiki dina rêbo : tanggal ping limalas sasi sura : taun alip wuku gulungan. Tapanira bangunen manéh, angéliha ing sagara. Iku marganira katemu karo Bok Rathu Kidul, déné si Jugul Mudha : Begja : Daulat Menawa lan Menawi, Ingsun bubuhi ngait wong Panungkulan, Prabu Shindula : sakéndelipun ngandika : lajeng musna.

Radén Daniswara apirêmbagan kaliyan Jugul Mudha. Aturipun Jugul Mudha, ing mangké sampéyan sampun suka akibir, kasiku ing Déwa, Radén angraos kasinggihan atur punika, pangandikanipun : Jugul Mudha, saréhné aku ngandel ing kowé, sabarang réhmu mesthi dak lakoni. Kapriyé kang dadi karêpmu, Jugul Mudha matur, yén parêng ing karsa sampéyan pitedahipun   Êyang i jengandika sayogi linampahan, kula minggah ing rêdi, sampéyan lumebet ing saganten anenedhaha ing Déwa kang linuwih, énggala kadugén ingkang sampéyan seja, Radén Daniswara amangsuli, lah : ayo padha mangkat.

Lampahipun Radén Daniswara malebet ing wana, anggebyur lépén Cikamis anut salampahing toya, nglangi ambathang kados layon, sarêng dumugi ing sawangan sega [60]nten lajeng jumeneng wonten pinggiring seganten, sakedhap toya seganten ngombak-ombak sarêdi-rêdi, swaranipun angajrihi. Kathah ulam ingkang pejah amargi saking panasing toya, utawi rêmuk kabentus ing parang, punapa déné  kabucal dhateng pinggir. Saking sangeting gara-gara, Raja Angin-nangin kaget, salaminipun déréng naté mirsa letuh kados makaten, umubing toya prasasat srengéngé rêntah ing saganten, sanget susahing galih, welas aningali ulam ingkang sami pejah. Raja Angin-nangin mumbul dhateng awang-ngawang, karsa angyaktosakén ingkang dados sababing gara-gara. Boten wonten ingkang katingal namung Radén Daniswara, jumeneng wonten pinggiring  saganten, Raja Angin-nangin angandika, ora ana liyané, kang anekakaké gara-gara iki, kajaba mung kang katon ika, sakéndelipun ngandika makaten tedhak saking awang-ngawang, amurugi Radén Daniswara. Dumugi ing ngarsanipun anyembah, amemelas aturipun: adhuh: Pangéran Gusthi kula, kula boten kuwawi nyanggi aru araning seganten, toya kados dipun kebur, katrajang ing ampuhan ageng, panasipun kapatos, ulam ageng alit sami pejah. Sampéyan punika Rathu ageng. Ingkang  andarbéni sadaya. Saisining wana utawi saganten punapa malih lelembat sampéyan ingkang ngratoni, amesthi sami ngestokaken paréntah sampéyan, tanpa damel bilih sampéyan angrisakka kagunganipun piya [61]mbak, sawarnining lelembat ingkang wonten ing seganten kaliyan ingkang wonten pucaking rêdi, sami suyud ing panjenengan sampéyan sandika dipun abena perang, awit panejengan sampéyan Rathu ageng tanpa sisihan ingkang minongka Bapa babuning Rathu ing tanah Jawi sadaya.

Radén Daniswara ngerês galihipun midangetaken atur mekaten punika, rumaos yén badhé jumeneng Rathu, amengku sakathahing Rathu. Ampuhan lajeng kendel sakathahing ulam sami pulih sadaya. Anunten Radén Daniswara dipun kanthi astanipun déning Rathu Angin-nangin dhateng salebeting seganten boten teles, antawis boten dangu sampun dumugi ing kadhatoniipun Raja Angin-nangin lajeng sami tata apinarak, wondéning salebeting kadhaton punika, akathah pepethétanipun éndah-éndah, sarta wonten balénipun emas, ingkang kagungan kala kina Bhatara Rama, dipun sambutaken, ingkang ambekta Gathut Kaca, kauningan dhateng anoman dipun rêbat ngantos dados kemerêngngan arêbat-rinebat, dangu-dangu bale dhawah ing saganten dados rêrêksanipun Raja Angin-nangin, milanipun seganten mancorong cahyanipun inggih amargi saking sawabing bale emas wau.

Wondéning korining kadhaton sami dipun trétés ing inten mirah jumerut palataranipun kasebaran sosotya, cahyanipun murub angantos boten wonten  watawising rinten kaliyan dalu, anyurêmaken cahyaning srengéngé. Pe [62]pethétan salebeting kadhaton sami emas godhongipun cindhé, pradapanipun sutra, wohipun mirah jené, sarêng wedalipun kaliyan sekar. Uwit satunggil wohipun kawandasa. Sangandhaping satunggil-tugiling uwit dipun dékékki kathil emas adi. Ingkang anglenggahi Jin sami ayu-ayu. Woh ingkang sami rênthah kados lintang dipun sebar. Wondéning patamanan wau dipun ubengngi lépén toyanipun warni sakawan.

Boten telas-telas yén kacariyosna sadaya, lalangenipun kadhaton salebeting saganten, kocap Radén Daniswara kaliyan Raja Angin-nangin pinarakkan salebeting kadhaton, Raja Angin-nangin punika anglangkungi ayu sarta sekti, angratoni sakathahing Jin ing pulo Jawi sadaya, sami ajrih sarta saben taun asok bulu bekti. wondéning para Rathu Jin ingkang kaléréh, punika pratélanipun: ing Lodhaya: ing Rêdi Kidul ing Rêdi Marapi: ing Ngaré: ing Kuwu: ing Baledhug ing Waringin Wok ing Kayu Landhéyan ing Rêdi Agung: ing Thunggul Wulung: ing Rêdi Baita: ing Dalepéh: ing Nglobang.

Radén Daniswara gimir galihipun aningali Raja Angin-nangin nanging tansah asabil awit énget yén dédé bangsanipun, Raja Angin-nangin angraita, pangandikanipun salebeting galih, dak godhané sing bakal dadi Rathu iki, supaya aja éling marang karatoné, Raja Angin-nangi [63]n mésem kalih tumungkul lajeng dipun pondhong ing Radén Daniswara, pangandikanipun: dhuh : mas mirah, aku kapéngin weruh pasaréyanamu. Apata baya rupané, Raja Angin-nangin amangsuli, boten wonten pakéwedipun bilih panjenengan sampéyan ingkang kagungngan kula darmi tengga kémawon, Raja Angin-nangin nyuwun mudhun saking embanan lajeng sami akanthen asta, tindhak dhateng pasaréyan, sarawuhipun ing pasaréyan sami pinarak, Prabu Kennya dipun rung ngrum pangandikanipun Radén Daniswara, wenangna aku ngaras kowé: Gusthi. Baya kowé panukmané Déwi Rathih. Panjalukku: mumuga lulusa asih marang aku, anunten sami saré. Sawungunipun saré sami siram sarta agagonda, lajeng  sami pinarakkan, Radén Daniswara kasaosan unjuk-unjukkan wadhahipun kuwi warni sakawan pethak abrit ijem cemeng, sami isi Brem tape.

Boten kacariyos  laminipun Radén Daniswara anggénipun wonten salebeting saganten, Radén Daniswara angandika, aku wis pracaya ing sihmu marang aku. Panjalukku: muga-,uga lulusa. Ing mangko séjé kang kang dak catur, aku bakal anglakoni pagawéyan gedhé, perang angrebut nagaraku. Yén aku arêp ngundang kowé: kapriyé pratikelé, awit abdi-abdiku ana sing weruh ing kéné. Lan ora ana  sing bisa mréné, Prabu Kennya amangsuli, bilih pa [64]njenengan sampéyan karsa animbali kula, asidhakep panyipta kula, amesthi kula énggal dhateng sabala kula. Prajurit kula Jin ing sapunika sampun sami baris malah sampun wonten ingkang tangled kaliyan Jin sabrang, balanipun Prabu Jaka, Radén Daniswara angandika, iya: uwis anggér, aku saiki mulih.

Radén Daniswara tedhak saking saganten ngambah toya kados ngambah siti. Sampun dumugi ing Panungkulan kapanggih kaliyan Jugul Mudha, kadangu, kapriyé: Jugul Mudha: kang dadi rêmbugmu, oléhku sumeja ngrebut nagara, Jugul Mudha amangsuli, sampéyan sampun kathah, kénging sampéyan pitajeng. Kalih déning rayi sampéyan radén Nithi Adi Kusuma ing  Sampang sampun lami nusul, wondéning Radén Nithi Adi Kusuma punika bagus kembar kaliyan Radén Daniswara. Dipun tantun anglurug dhateng Mendhang Kamolan purun, Begja: Daulat Menawa: Menawi tuwin para santana inggih sami angrembagi.

Énjing Radén Daniswara miyos, tiyang ing Panungkulan sami sowan sadaya. Upacaraning karaton tuwin wisiyatipun ingkang   Êyang pepak, Jugul Mudha lajeng abaya wara, éh: wong Panungkulan kabéh, Gusthi ing saiki dak jumenengngaké Rathu. Kowé padha angésthokna kabéh, sarta ambiyatonana karsané angrebut nagara, sakathahing [65] titiyang sami saur peksi angéstokaken sarta sagah ambiyantoni angrebat nagari. Radén Daniswara angandika, éh: kawulaningsun kabéh, padha sira kawruhana, Ingsun jumeneng Rathu ing tanah Jawa, awit saka ing karsané Jawatha kang linuwih, Ingsun ajujuluk Daniswara Sri Kaskaya Sri Maha Punggung Senapati Panata Jurit. Si Jugul Mudha Ingsun kula wisudha, dadiya papatih Ingsun Ingsun ganjar jeneng Adipati Jugul Mudha. Apa déné Adi Mas Nithi Adi Kusuma iya Ingsun junjung lungguhé, Ingsun gawé sosoraning Patih, angliwoni wong tanah Jawa, Ingsun paringi jeneng Bupati Raja Surya Ngalam Ingsun paringi rêrêksan ing Madura, si begja Ingsun dadékakén emban angeréhna wong sajroning kadhaton Ingsun paringi jeneng Adipati Raja Kapa-Kapa. Si Daulat Ingsun gawé Sénapati, aran Tumenggung Salokantara. Si Menawa angeréhna sakéhé kawulaningsun pamajegan Ingsun ganjar jeneng Tumenggung Raja Nithi Nagara. Adhi Mas kang saka Bali, Ingsun gawé kaliwon kiwa, jeneng Raja Astha Praja. Si Menawi Ingsun ganjar jeneng Tumenggung Undhang Ngundhang Natha Praja.

Anunten tiyang ing panungkulan sami dipun pilihi, ingkang pantes dados Tumenggung: Ngabei: Demang: Rongga: utawi prajurit, kathah tiyang alit sami mukti, Sri Maha Punggung angandika, Jugul Mudha: kapriyé sing dadi karêpira, oléh Ingsun annyidakaké ing karsa, Jugul Mudha munjuk: bilih andadosaken parênging karsa dalem ta [66]nah pasisir kaliyan monca nagari sayogi kalurugan katelukaken rumiyin, tanah bang kilén utawi lér kantuna kémawon, rayi dalem ing Bali dadosa wadana ing tanah Bang Wétan, wondéning ingkang anglirupi titiyang parêden abdi dalem kawula. Menggah dhatengngipun ing bantu saking salebeting saganten kawula sumangga ing panjenengan dalem, Sang Prabu amangsuli pangandika, Ingsun wis marêngngi pikirira iku, nanging kapriyé mungguh pamintanira ing laku, Jugul Mudha  munjuk: bilih andadosaken parêngnging karsa dalem abdi dalem Tumenggung Undhang Ngundhang kawula lampahaken dhateng tanah Bang Wétan akanthi Tumenggung sarta Mantri ing sawetawis supados anenelukna tiyang tanah Bang Wétan, angrida bubujengngan wana, kadamel angajrih-ajrihi. Ingkang badhé kawula lampahaken mangalér, abdi dalem Tumenggung Salokantara, akanthi Bupati: Mantri ing sawetawis, rayi dalem Raja Surya Ngalam sayogi kundura, angeréhna tanah pasisir.  Ingkang badhé lumampah mangilén abdi dalem Tumenggung Raja Nithi sakancanipun, angirida bubujengan wana, kadamel ing gigila, supados sampun kangélan anggén panjenengngan dalem angrebat nagari, kaliyan bantunipun ingkang akahyangngan ing saganten, wondéning ingkang anenelukaken ing parêdén abdi dalem kawula piyambak, bilih tanah Bang Wétan sampun kénging, pun Tumenggung Undhang Ngundhang mingera mangalér, aguyuba kaliyan rayi dalem menggahing pangrampidi [67]pun lajeng lumampah mangilén anunten mangidul wangsul mangétan malih, sarêngnga majeng angepang nagari. Wondéning kawula tekiyar wonten ing wingking, angelar jajahaning monca, Sang Natha amangsuli, Ingsun wis parêng sing dadi  aturira iku, sarta sira Ingsun paringngi jeneng Adipati Raja Jugul Mudha, Sang Prabu lajeng kondur.

Para punggawa nunten sami dandos anglempakaken balanipun piyambak-piyambak angebeki alun-alun, sadaya sami bingah dipun dhawahi nglurug, ingkang lumampah mangetan Tumenggung Undhang Undhang, akanthi Kyai Tumenggung Jaga Sastra, sakancanipun Mantri, tuwin Carik anama Arya Dhadhap Tulis punama malih Rongga, anama Kamadaka. Dadamelipun  warni-warni. Bubujengan wana sami tut wingking sadaya, titindhihipun bala ingkang mangalér: Tumenggung Salokantara, anakthi Tumenggung Asta Praja, kaliyan Arya Panithi Sastra, tiga carik anama Ngabei Sastra Wiradya, punapa malih para Mantri kathah. Bubujengan wana sami tut wingking sadaya, ingkang lumampah ngilén Kyai Adipati Raja Nithi, akanthi Tumenggung Rêsa Praja: Radén Arya Upaya Sandi: Rongga Nukma: Demang Jabung Alus Rongga Gundhala: Ngabei Jaga Tulis Rongga Paliwara: Rongga Suluh Lintang: Rongga Damar Sasi: Ngabei Ubaya: Demang Priksa Dhusun Tumenggung Dhendha: Ngabei Tigang Pratikel Arya Pancas Gupita. Akathah Mantri: Patinggi: sarta juru sabin sami tumut tuwin bubujengan wa [68]na sami tut wingking. Talatahipun nagari ing Mendhang Kamolan kathah ingkang karayud, ingkang lumampah mangidul Adipati Raja Surya Ngalam akanthi Kyai Tumenggung Nithi Praja  Arya Tuhu Péling: Tumenggung Sura Séwa: para Mantri kathah, tuwin bubujengan wana sami tut wingking sadaya. Wondéning tanah utawi nagari: ingkang sampun katelukaken dhateng balanipun Prabu Sri Maha Punggung, anama ing Lumajang: ing Madhendha: ing Magada: ing Singasari: ing Rênon ing Sekar Kuning: ing Mataun ing Pasuruhan ing Kadhiri, Bang Kilén ing Bahuwarna: ing Pudhak Sategal ing Ngawu Awu Langit, sakalangkung raménipun ing perang. Tiyang Panungkulan sami kendel-kendel, tanah Bang Wétan ingkang nungkul ing Balambangan ing Bali: ing Samarang: ing Baléga: ing Pakacangan ing Bawéyan ing Garêsik ing Tuban ing Sidayu: ing Lasem ing Rêmbang: ing Pajangkungan ing Surapringga: ing Lamongan, Tumenggung Undhang Undhang kendel wonten ing Surapringga, kaliyan Tumenggung Salokantara. Sampun celak kaliyan nagari ing Mendhang Kamolan.

Prabu Jaka anuju miyos dipun sowan ing Bupati wolungatus, Kyai Patih munjuk: abdi dalem angunjukki uninga, yén wonten mengsah ageng dhateng, anama Raja ing Panungkulan, abdi dalem tanah lér utawi wétan sampun katelukaken sadaya. Ingkang tanah kidul inggih sampun karayud namung kantun ingkang celak kaliyan kitha kéwawon, [69] dalem punika paningal kawula badhé dipun kepang, Prabu Jaka sampun rumaos bilih panjenenganipun bahdé puput awit sampun jangkep tigang taun, pangandikanipun dhateng Patih, yén mengkono: Patih, kawulaningsun sakariné sira pepekna, papagna tekané mungsuh. Bungngé manéh yén bisaha, sing tuwa ora piraha. Enya: Patih: iki pendhemen ana pojoking kutha papat pisan, konen angreksa Bupati. Saupama Bupati-ningsun wolungatus angrasa abot sangganing mungsuh, iki sebarên amesthi ora kangélan panglawané. Aja ana padha susah utawa kuwatir: yén mati tuwin kataton, Ingsun wani katempuh. Yén padha ora ngandel marang panjenenganingsun Ingsun ametokaké istujrat, Prabu Jaka lajeng medalaken istijrat, para abdi sami pitajeng sadaya, ciptanipun lepat ing pejah, yén taksih panjenenganipun Prabu Jaka. Sakonduripun Sang Natha angadhaton Bupati wolungatus sami mirantos ing pangénanipun piyambak-piyambak.

Rêmbagipun ingkang ngluruk badhé sarêngan angrampid, Prabu Sri Maha Punggung andhahar pirêmbag punika, lajeng dhawah ngungelaken tengara. Boten antawis dangu balanipun pepak sadaya. Saking kathahipun tiningalan angajrihi. Dadamelipun warni-warni kados rêdi  sekar. Gilaping panganggé tuwin dadamelipun anyurêmaken padhanging srengéngé, kados upaminipun kalingan mendhung. Sang Natha lajeng angandika. Éh: [70] bocah-bocah Ingsun, ing saiki panjenenganipun karsa tindak,  sarêng tengara mungel prajurit ingkang wonten ing ngajeng: bidhal, tetelukanipun Sang Natha sampun kathah, titindhihipun Adipati. Sang Natha tindak sawingkingngipun prajurit wau. Ingkang anjajari ngajeng, prajurit gedhong kaliyan prajurit kaparak utawi para Sénapati ingkang kawical sekti sarta pipilihan, wondéning ingkang ngampingngi kiwa tengenipun  Sang Natha: para abdi dalem gersantun, kathahing panggénan ingkang kamergén sami nungkul sadaya.

Tindakkipun sang Natha dumugi ing panggénan tebihipun namung lampahan sadinten saking kitha ing Mendhang Kamolan, wonten ing ngriku lajeng masanggrahan, wondéning baris ing ngajeng  sampun tangled ramé, agentos long-linongan, nagari ing Juwana: ing Pathi: ing Kudus ing Jepara, ing Demak ing Garobogan ing Cengkalsawu: ing Balora: sampun sami teluk dhateng balanipun Prabu Sri Maha Punggung.

Patih Jugul Mudha pirêmbagan kaliyan para Tumenggung, tuwin kaliyan para Adipati tanah ing monca nagari, sarta tanah pasisir, menggah lajengngipun lampahing perang. Guyubing rêmbag sami ngangseg angrampid sarêngan saking lér wétan kidul kilén. Baris ingkang kilén titindhihipun Adipati Raja Nithi, sakancanipun sadaya. Baris ingkang kidul titindhihipun Adipati Raja Surya Ngalam ingkang minongka sénapatining perang, sakancanipun  ingkang nama Adipati Ni [71]thi Praja, Arya Demang Pandelegan sakancanipun Ngabei. Ingkang dados titidhihipun barisa ing ngajeng, Tumenggung Salokantora. Punika ingkang dipun enut saréhipun dhateng kancanipun sadaya. Barisan ingkang wétan  titindhihipun Tumenggung Undhang Undhang, sakancanipun sadaya. Patih Jugul Mudha angeréhaken sakathaing Bupati tanah pasisir.

Barisan ing Mendhang Kamolan lajeng angrakit pasangrahan, lampahipun ingkang sami nglurug dumugi ing panggénan namung lampahan sabedhug tebihipun saking kitha ing Mendhang Kamolan, nanging ngangsek malih, ngantos ngancik rangkahipun ing Mendhang Kamolan, lajeng sami tangled saben dinten boten kéndel-kéndel, bala ing Mendhang Kamolan kathah ingkang pejah, nanging boten suda: malah wéwah, andadosaken girisipun bala ing Panungkulan katur ing Prabu Sri Maha Punggung. Sang Natha angandika, éh: Jugul Mudha, kapriyé dayanira. Ingsun mrayogakaken mundur baé, awit amimirang banget anglurug wusana kalah perang, Jugul Mudha munjuk: abdi dalem déréng ulap, panjenengan dalem sumerêpa, balanipun Prabu Jaka kathah ingkang sami sulap, Sang Natha andangu, lah: kapriyé kang dadi rêmbugira, Jugul Mudha nyembah munjuk: manawi parêng ing karsa dalem mengsah sampun linawan perang, awit bilih dipun lawan boten suda: malah wéwah. Baris ageng badhé kawula aseggaken pangajengngi [72]pun bubujengan wana, samiya lumampah angéca-éca, sampun angopeni mengsah sulap, Sang Natha mangsuli pangandika, iya: Jugul Mudha, Ingsun wis amarêngi kang dadi aturira iku.

Kyai Tumanggung Undhang Undhang lajeng apaparéntah, angrakit gelar emprit aneba, kadhawahan sami ngangseg sarêng, nanging sampun wonten ingkang anglawan mengsah. Sarêng sampun anggénipun apaparéntah, tengara mungel lajeng bidhal, ingkang saking kidul saking lér: sarta saking kilén sami tiyang pasisir sadaya, ingkang saking wétan tiyang monca nagari. Sami sarêng angseggipun, bubujengan wana lumampah wonten ing ngajeng, apapanthan sabangsanipun piyambak-piyambak, bala ing Mendhang Kamolan amedali, angrampid bala ing Panungkulan, wonten ingkang nglambung, nanging boten dipun lawan, ngéca-éca sami lumampah. Dangu-dangu sakathahing bala sulap sami sirna piyambak, wondéning barisan ing Mendhang Kamolan ingkang tiyang sayektos wonten ing wingking, saweg sami sukan-sukan kaget dhatengngipun bala ing Panungkulan, gugup sami dandos amethukaken mengsah. Titindhihipun Bupati wolungatus, lajeng sami aperang ramé. Bala ing Mendhang Kamolan kaplajeng. Anunten kasaput ing dalu, kéndel ingkang sami perang. Nagari ing Mendhang Kamolan sampun kakepang.

[73] Prabu Jaka miyos sinowan, Patih Thengger ingkang wonten ing ngarsa: Gusthi: kawula angunjukki uninga, bilih abdi dalem perangipun kawon, Prabu Jaka amangsuli pangandika, Ingsun mesthékake: yén kutha ing Mendhang Kamolan ora bedhah. Ebungngé manéh yén nyonggaha, sing tuwa biyén ora piraha, boten antawis dangu wonten abdi dhateng, angunjukki uninga ing Sang Natha, yén mengsah ageng dhateng, asarêng pangrampidipun, abdi ing Mendhang Kamolan sami bingung, boten kuwawi anadhahi. Kitha ing Mendhang Kamolan sampun kakepang, Prabu Jaka gumujeng, angandikanipun: wis padha mundura, angungsiya menyang kutha. Padha kurang pracaya marang panjenenganingsun, abdi wau andhawahaken pangandikanipun Sang Natha. Barisan sami mundur sadaya dhateng salebeting kitha.

Bala ing Panungkulan ingkang ngepang kitha: saben dinten perangngan, tiyang ing Mendhang Kamolan kabujeng, sami lumebet ing kitha, sarta sami ngineb kori. Énjingngipun bala ing Mendhang kamolan angrampid prajurit  monca nagari ing Panungkulan ingkang baris wonten wétan, tiyang monca nagari mawur, aramé perangngipun, nanging bala ing Mendhang Kamolan kabujeng, lumebet ing kitha, sami ngineb kori. Sarêng bangun tiyang Mendhang Kamolan anukup prajurit pasisir, ingkang baris wonten lér, tiyang pasisir kasoran lajeng dipun biyantoni dhateng [74] Sénapati Salokantora sabalanipun, aramé perangngipun bujeng-binujeng, elong-linongngan, anunten Tumenggung Raja Nithi, Adipati Jugul Mudha: Raja Kapa-kapa: sarta Raja Surya Ngalam ambiyantoni Tumenggung Undhang Undhang, kalih Tumenggung Salokantara. Tiyang ing Mendhang Kamolan kathah ingkang pejah, sakantunipun sami lumajeng dhateng kitha, sarta ngineb kori. Ingkang  unggul ing perang: sami mundur, dhateng ing panggénanipun piyambak-piyambak.

Prabu Sri Maha Punggung sakalangkung suka ing galih, anampéni pratéla ungguling abdinipun prajurit, anunten para Sénapati sami katimbalan sadaya, kakarsakaken arêmbagan bab lajengipun prakawis ing perang. Karsanipun Sang Natha badhé ambedhah kitha, ingkang amargi dipun rangsang, pangandikanipun dhateng Patih Jugul Mudha: kawula amrayogékaken karsa dalem punika. Kawula badhé anglempakaken dandosan prantos pangrangsangnging kitha, kados ta: ingkang warni karêteg ondha: sarta gangsir, tuwin totog gejug bandhol sapanunggilanipun, sarêngnga ing pangrampidipun kaangkaha rampung sadaya.

Sarêng sampun gilig rêmbagipun sarta sampun pepak sakathahing prantos pangrangsang kitha. Dipun lawan saking lebet na [75]nging boten kénging, meksa dipun inggahi. Tiyang ing mendhang Kamolan sami bingung, méh sami kacepeng sadaya. Anunten Ajisaka mumbul dhateng awang-ngawang. Bala ing Mendhang Kamolan ingkang sampun sami pejah, dipun kepyuri toya gesang saking ing gila sami gesang sadaya. Lajeng anglepasaken jemparing latu, kithanipun dados latu. Ingkang ngrangsang: sami bibar sadaya, kabujeng ing latu. Ingkang kacandhak pejah. Bubujengan wana inggih kathah ingkang pejah déning latu. Wondéning latu wau ngombra-ombra ngantos ambesmi wana.

Patih Jugul Mudha sakalangkung kéwedan ing manah. Prabu Sri Maha Punggung amuja semédi. Ingkang dipun cipta garwanipun Widadari, ingkang katilar wonten ing guwa, sarta Raja Angin-nangin ingkang ngadhaton wonten salebeting saganten semédinipu katrimah, saganten kidul mungel saganten lér wétan kilén anyauri. Rêdi Merapi obah sarta mungel, rêdi Merbabu: Sundara: Karungngrungngan Sumbing: Prahu: Kidul Kendheng: Medhang: Agung: Pragota: Pajajaran Ala-Ulu: sarta rêdi Thompa Mas sami anyauri sadaya. Rêdi Lawu: Bancak Pandhan Jamur Dipa: Ratawu: Thumpeng: inggih sami mungel, rêdi Kelud medal latu, mumbul dhateng awang-ngawang. Sanalika jawah awu kaliyan karikil, peteng dhedhet kados tengah dalu. Angin midid gelap asauran, boten antawis  dangu para garwa Widadari sami dhateng. Prabu Sri Maha Punggung wonten salebeting latu. Para garwa inggih sami tumut lumebet ing latu, nanging boten kabe [76]smi utawi panas, dhemit sabrang ramé perang kaliyan dhemit tanah Jawi wonten ing awang-ngawang. Dhemit sabrang kawon sirna sadaya. Wondéning ingkang ambekta  bala lelembat wau, garwa Widadari gangsal kaliyan Raja Angin-nangin, saking kathahing lelembat ing awang-ngawang kaliyan ing dharatan sami jejel.

Para garwa sami mésem matur dhateng Sang Natha, wonten punapa panjenengan  dalem kasesa animbali kawula, Sang Prabu amangsuli pangandika: sarwi angaras: adhi Ajeng, mulané kowé padha dak undang mréné, aku arêp anjaluk tulung. Geni iki sirêpen, lan manéh balané si Ajisaka luput ing pati. Iku apa mulané, Déwi Sangkaningngrat matur, inggih punika saking istijratipun Idajil sageda adamel bala sulap sarta awit saking toya gesang, dipun cepeng dhateng Ajisaka, wonten ing tangan kiwa, angsalipun saking pun Idajil, Prabu Sri Maha Punggung ngandika, Adhi Ajeng: aku ora weruh, Déwi Sangkaningngrat matur, kados panjenengngan dalem boten sumerêp, awit dipun aling-alingi dhateng malaékat Idajil, inggih punika gurunipun Ajisaka, para garwa lajeng sami ngliga sadaya, sakedhap padhang, katingalan Ajisaka anyepeng toya gesang. Para garwa matur, sumongga: Sang Natha, panjenengan dalem lepasi jemparing tumunten, Sang Natha lajeng amenthang langkap anglepasaken jemparing, anama Guwa Wijaya. Prabu Jaka asusumbar, ora piraha sing arêp dadi Ra [77]thu. Lebur déning geni. Éh: lelembut sabrang, mara: padha malesa, lelembat sabrang lajeng tangled malih kaliyan lelembat tanah Jawi, nanging kawon tumpes sadaya. Sakedhap lajeng jawah derês  latu ingkang medal saking jemparing pun Ajisaka, sirêp, sarêng Ajisaka aningali, yén Prabu Sri Maha Punggung boten kabesmi, lajeng susumbar, éh: Daniswara, aja angadu bala, ayo perang padha siji, Prabu Sri Maha Punggung duka sanget wangsulanipun: iya: Ajisaka, aja kowé ngoncati.

Wondéning toya gesang, ingkang dipun cepeng dhateng Ajisaka, sampun katut ing jemparingngipun Prabu Sri Maha Punggung, dhawah ing saganten kidul dipun rêksa dhateng Raja Angin-nanging, Ajisaka sagendhingngipun kuciwa, amurugi Prabu Sri Maha Punggung, lajeng sami perang tandhing, agentos dhuwung sarta gentos jemparing. Wusana sami baben karosan abanting-binanting. Ajisaka dipun candhak katinggil badhé dipun banting, nanging lajeng boten katingal sirna sakadhaton tuwin Bupatinipun wolungatus, yasanipun sumur wolungatus inggih tumut sirna, mila dalah ing sapunika nagari ing Mendhang Kamolan awis toya. Wondéning icalipun Ajisaka wau, dipun rêbat dhateng malaékat Idajil lanattullah. Wulangipun dhateng Ajisaka, éh: putuku, narimaha ing pepesthén, jangjiné oléhmu dadi Rathu mung telung taun, ing saiki wis anetepi ing wawatesané. Karaton ing Mendhang [78] Kamolan mulih marang kang duwé luluri, kang bakal anurunaké para Rathu ing tanah Jawa, ora kena disuwawa. Anadéné karsané Gusthi Allah, kowé dadiya bangsaku, angratonana sakéhing lelembut ing tanah Sabrang, nanging kowé anaha ing tanah Jawa baé, lan kudu ngawula Rathu ing tanah Jawa. Poma: aja kowé wani-wani  marang Rathu iku, Ajisaka nangis wusana amupus pasrah dheteng karsanipun Gusthi kang Agung.

Sasirnanipun Ajisaka, Prabu Sri Maha Punggung jumeneng Rathu, kéringan ing tanah Jawi, tuwin ing tanah Sabrang. Kédhap sawarninipun ingkang kumelip, lelembat ing tanah Jawi kumawula sadaya. Wondéning Adipati Thengger kalulusaken ing kalenggahanipun.

Prabu Sri Maha Punggung kekah ing adil abeg para marta sarta belaba. Abdinipun sami ajrih sarta asih. Wondéning kadhatonipun ngalih dhateng sakidul wétanipun ing Demak kaparingan nama Mendhang Paramesan, jujulukipun Sang Natha tiga, satunggil Prabu Daniswara, kalih Prabu Kaskaya, tiga Sri Maha Punggung. Garwanipun nenem kaliyan Raja Angin-nangin, gawa sepuh ingkang nama Sangkaningngrat kaparingan nama Rathu Pamenang. Sekaringngrat kaparingan nama Rathu Wétan, Rêtna Déwa Thika paringan nama Rathu Elér. Gonda Swara kaparingan nama Rathu Kilé [79]n, Daya Asmara kaparingan nama Rathu Panengah, punika sadaya badhé anedhakaken para Rathu ing tanah Jawi, ing Pajang kaliyan  ing Mataram, wondéning seliripun Sang Natha sami putri: kathahipun wolungatus.

Karsanipun Prabu Sri Maha Punggung, Tumenggung Raja Nithi kadamel patinggi, Raja Kapa-kapa kadamel Emban Salokantara kadamel Jeksa nagari, Tumenggung Undhang – Undhang kadamel Kabayan Raja Surya Ngalam kadamel Jeksa nagari. Punika ingkang nyepeng pangadilan anganggit serat uger: nama Surya Ngalam, kencenging lelerêsanipun adamel padhanging nagari. Sang Natha inggih ngangit Serat Uger, kadhawuhan dhateng para nayaka. Sampun antawis lami anggénipun jumeneng Rathu, ajeg adilipun, nagari ing Mendhang Paramesan karta gemah arja.

Nyai Rondha ing Panungkulan anunten bésanan kaliyan Nyai Rondha Sengkeran, Patih Jugul Mudha kadhaupaken kaliyan Déwi Rarasathi. Anglangkungi agenggénipun ambawahi. Sakathahing tontonan wonten, para Bupati tanah pasisir kaliyan tanah monca nagari sami pepak sadaya. Raja Angin-nangin inggih anjengngi pikraménipun, kacariyos sampun atut asih lulut anggénipun salaki rabi.

Prabu Sri Maha Punggung anunten kagungan karsa nganggit Serat Lelerêsan, wiwit kala samanten wontenipun Serat Jugul Mudha, Se [80]rat Raja Kapa-Kapa, Serat Salokantara, Serat Undhang-Undhang. Anggitipun Patih Jugul Mudha anama Serat Astha Bratha. Wondéning Tumenggung Raja Nithi, Raja Kapa-Kapa, Tumenggung Undhang-Ngundhang, Tumenggung Salokantara, tuwin Raja Surya Ngalam inggih sami nganggit Serat Leresan, menggah namining serat manut naminipun ingkang nganggit piyambak-piyambak.

Sang Natha sampun lami anggénipun jumeneng Rathu, tansah mukti kadugén sakarsanipun, karêmanipun angnganggit serat kaliyan ingkang para garwa. Garwanipun sepuh ingkang nama Rathu Pemenang: sampun puputra kakalih. Ingkang pambajeng: éstri, anglangkungngi ayunipun nanging wadat dados panunggilaning Widadari. Ingkang rayi: kakung, bagusipun angungkuli ingkang rama, sampun kaangkat nama Pangéran Adipati. Inggih punika ingkang dipun gadhang anggentosi Rathu. Rathu Wétan apuputra kakung, jumeneng Rathu wonten ing Bali. Rathu Lér apuputra kakung, jumeneng Rathu wonten Palémbang. Rathu Kidul apuputra kakung, jumeneng Rathu  wonten ing Madura. Rathu Pamenang apuputra malih kakung, jumeneng Rathu wonten ing Nuswa Kaliya. Wondéning putra ingkang saking wingking, jaler: éstri, sampun sami kaparingan nagari piyambak-piyambak, Patih Jugul Mudha inggih sampun puputra jaler, kanaman Radén Kundhara.

[81]Sasédanipun Prabu Sri Maha Punggung, kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Sri Kandhiawan, patihipun Radén Kundhara wau. Sasédanipun Sri Kandhiawan kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Prabu Kala Pagadhing. Sasédanipun Prabu Kala Pagadhing, kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Prabu Andong. Umuripun karaton ing Mendhang Paramesan sadasa windu, lajeng risak sarta boten wonten ingkang jumeneng Rathu.

Anunten wonten ingkang jumeneng Rathu, ajujuluk Sri Andong Wilis, sasédanipun Sri Andong wilis kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Sri Bana Keling. Sri Bana Keling kagentosan dhateng Sri Maja Galuh. Sri Maja Galuh kagentosan dhateng Sri Ngawu Awu Langit, angsal panjenengan Rathu sakawan umuring karaton sadasa windu: lajeng risak, anunten Prabu Thunggul jumeneng Rathu. Sasédanipun Prabu Thunggul ingkang anggentosi jumeneng Rathu: angadaton wonten ing Mendhang Paramesan, dédé Mendhang Paramesan sawétanipun ing Demak dados Mendhang Paramisan kaping kalih. Sasédanipun Sang Natha. Kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Prabu Séla Raja. Prabu Séla Raja kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Parbu Mundhing Wangi. Umuring karaton sadasa windu: lajeng risak, Mundhingsari ingkang anggentosi Rathu. Sasédanipun Prabu Mundhingsari, kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Raja Jala Sengara. [82] Raja Jala Sengara kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Prabu Giling Welis. Prabu Giling Wesi kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Prawatasari. Umuring karaton sadasa windu: lajeng risak, ingkang anggentosi Rathu: ajujuluk Prabu Wanasari. Prabu Wanasari kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Rathu Kaliyan, Rathu Kaliyan kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Sri Sana Séwu. Sri Sana Séwu kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Raja Thanduran, nagarinipun lajeng risak, panjenenganing Rathu kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Raja Majaratha. Sasirnanipun Raja Majaratha, kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Rathu Kawongga. Rathu Kawongga kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Rathu Ngumbulsari. Rathu Ngumbulsari kagentosan dhateng ingkang putra, ajujuluk Padang Angling. Umuring karaton sadasa windu, angsal panjenengan Rathu sakawan lajeng risak, anunten  wonten ingkang jumeneng Rathu ing Parambanan ajujuluk apuputra gangsal, ingkang pambajeng: nama Panuhun padamelanipun tatanén, penenggakipun nama Sendhang Garba, padamelanipun dagang. Panengahipun nama Karung kala, karêmanipun saba ing wana. Adhining panengah anama Sumendhi Petung, malarat padamelanipun andérés, wuragilipun nama Rêsi Gathayu. Punika ingkang dipun gadhang anggentosi kaprabon, Sandhang Garba kadadosaken Rathunipun tiyang dagang, agriya wonten ing Jepara. Karung Kala ange [83]réhaken Kalang kaliyan Jagal, saben taun sami anyosi bulu bekti dhumateng ingkang rama.

Alami panjenengnganipun Rathu ing Parambanan, nagarinipun gemah raharja. Boten wonten mengsah ingkang purun andhatengngi. Sasédanipun  Sang Natha, Rêsi Gathayu ingkang anggentosi. Ingkang raka saben taun sami asok bulu bekti. Rêsi Gathayu aputra nenem, pambajengngipun éstri, anama Rara Suci. Panenggakkipun anama Lembu Amiluhur. Pandhawanipun anama Lembu Mardadu. Adhinipun malih anama Lembu Mangarang. Adhinipun malih anama Lembu Marjaya. Wuragilipun éstri, anama Pranggi Wongsa, ayunipun anglangkungi.

Lembu Amiluhur dados Rathu wonten ing Jenggala, inggih anama ing Bana Keling, kaprenah sakidulipun ing Sura Pringga. Lembu Mardadu nagarinipun ing Kadhiri. Lembu Mangarang nagarinipun ing Gegelang. Lembu Marjaya nagarinipun ing Singasari. Ni Pranggi Wongsa krama angsal Rathu ing Pudhak Sategal, Prabu ing Janggala wau abésanan kaliyan sadhérékkipun jaler sakawan pisan, lajeng aséléh kaprabonipun dhateng ingkang putra: anama Laléyan, sarêng sampun angsal sadasa windu, nagarinipun rêngka: sang Natha séda, kagentosan dhateng ingkang putra, anama Radén Banjaransari. Anging abdinipun sami boten angétokaké sami angadeg piyambak sanget andadosaken prihatos sarta lingsemmipun Sang Natha. Saben dinten dalajat awon ingkang katingal, [84] anunten kadhatengan ing pagering ageng, kathah tiyang ing Janggala ingkang sami pejah. Wondéning ingkang taksih gesang: sami ngalih. Nagari ing Jenggala suweng, ical semunipun, sakathahing dhusun sami suweng, wekasan sami dados wana. Grahana rêmbulan tuwin grahana srengéngé, punapa malih lindhu, kerêp wonten, jawah angin salah mongsa, lintang kumukus utawi dalajat sanesipun kathah ingkang katingal, lelembat sampun amor kaliyan tiyang. Kathah rêdi ingkang gempal, tanem tuwuh boten medal, siyang: dalu: ingkang kamirêngngan namung ungeling peksi dokan peksi darés kadhasih: asauran tuwin peksi wanan sanésipun kadosta: beluk bleg katupuk ason-nason cabak sapanunggilanipun.

Sang Prabu Banjaransari taksih lomba, yuswanipun saweg kawan welas taun, bagus cahyanipun anglangkungi, boten dhahar: boten saré, bilih dalu: anaritis akajang sirah banon, anunten wonten Déwa anedhakki, amung kamirêngngan swaranipun kémawon, ujaring swara, tinggalen nagaranira. Sira ora kalilan ana ing kéné, awit nagaranira wis tuwa. Lungaha mangulon, ing bésuk sira dadi Rathu, sekti wignya kinéringngan ana ing tanah Jawa. Sarupané kang kumelip apa déné lelembut padha kumawula ing sira kabéh. Karo déné Hyang Giri Natha amaringngi kaluwih [85]an marang sira, sarta bakal rabi Widadari. Kang sira kuthani: bésuk nagara ing Galuh, nanging ing saiki isih ginaib déning Hyang Jagad Natha. Saiki pituduhku marang sira, tapaha ana ing guwa Therusan, sajroning guwa iku kaya nagara. Ing kono margané oléh ira dadi Rathu.  Enya: iki sipaté Bathara Gana. Déné panguwasané awas ora ana kang kasamaran weruh Jin Sétan sapanunggalané. Wis kariya, éstokna pituduhku, Prabu Banjaransari amangsuli, sinten Hyang ingkang anedakki, swara amangsuli, aku Hyang Narada, kang momong luluhurmu kabéh. Wis ta, nuli lungaha.

Prabu Banjaransari cipta badhé tilar kawibawan, wulu cumbunipun kakalih samitilem wonten ing dagan anama Sangut kaliyan Sangu Brongta. Lajeng sami dipun gugah, pangandikanipun: kakang: padha tangiya, panakawan kakalih sami kagét aningali Gusthinipun anyana dipun paringngi tetedhan, Prabu Banjaransari angandika, kowé padha dak gugah, ora bakal dak paringngi lorodan nanging bakal dak tari, aku arêp tinggal nagara, awit banget isinku, dadi Rathu ora kinéringan, apa kowé milu ing aku. Yén ora, mung kowé aja tutur marang adhi-adhiku. Yén kowé nganti tutur, amesthi kena ing supataku, panakawan kakalih nyembah munjuk: panjenengnga [86]n dalem karsa tindhak dhateng ing pundi, Sang Natha amangsuli, ora ana kang dak sedya manéh, mung anggolékki dalaning pati, Sangutaka munjuk: bilih makaten kula boten purun andhérék, sakéca wonten ing nagari, sanajan sepen nedha éca, Sangu Brongta anyambungngi,  kakéyan caréwét temen, kowé iku ora dipeksa ing Gusthi, Prabu Banjaransari andangu dhateng Sangu Brongta, kowé kapriyé: kakang, apa milu ing aku, Sangu Brongta munjuk: sampun sumelang ing galih. Kula andhérék ing satindak dalem.

Prabu Banjaransari lajeng tindak kadhérékkaken ing panakawan ingkang nama Sangu Brongta. Anunten Sangutaka anututi, andhérék ing tindakkipun Sang Natha. Wondéning sadhérékkipun Sang Natha: ingkang dipun tilar: sakawan anama Kuda Amongsari: Kuda Jayéngsari: Jayéngrêsmi: Lembu Pangarsa. Kacariyos sampun tebih lampahipun, wanci tengah dalu dumugi ing padhusunan, aramé swaranipun titiyang ingkang sami tengga sabin sami abingah-bingah. Sang Natha boten kéndel lampahipun angantos byar, anjog ing wana ageng. Wonten ing ngriku sayah, kéndel saréyan wonten ing séla sumayana, dipun petekki ing panakawanipun.

Satindakkipun Prabu Banjaransari, ingkang katilar wonten ing kadhaton sami bingung angupadosi, aramé [87] swaraning tangis, anunten ingkang rayi sakawan sami nusul lampahipun sisiliban namung ambekta panakawan titiga, anakkipun Sangutaka kaliyan Sangu Brongta, anjog ing wana ageng. Anunten kasaput ing dalu, sami kéndel ing lampahipun, sarêng rêmbulan andhadhari, Radén sakawan sami lumampah malih, angupadosi ingkang raka. Wondéning namaning panakawan titiga wau: Kalélét Jangkung Miling, Pak Sebolo. Punika samargi-margisami suka-suka, ababanyolan murih limuring Gusthi, ingkang tansah sami muwun amung nyipta ingkang raka kémawon, Prabu Banjaransari sumerêp bilih ingkang rayi sami nusul nanging boten karsa amanggihi, mila dipun simpangngi, supados ingkang rayi sayah angupadosi, sami wangsul dhateng ing nagari. Lampahipun Sang Natha sang saya tebih, nasak wana minggah ing rêdi, boten mawi dhahar utawi saré, rinten dalu lumampah. Wulu sumbu kakalih sami nangis: adhuh: Gusthi: suwawi sami kéndel, ing pundhi ta ingkang sedya apurugan, Prabu Banjaransari amangsuli. Biyén mula aku wis tutur, yén kowé ora gelem ngetutake aku, padha baliya menyang nagara, mumpung durung pati adhoh, panakawan kalih kéndel.

Prabu Banjaransari andumugékake lampah. Dangu-dangu amanggih guwa, anglangkungngi rêsik sarta radin kados alun-alun dipun ubengngi ing kakajengan, ngajengngipun ing guwa [88] anama peken Diyéng. Guwa punika siluman boten sok tiyang ngasumerêp utawi saged anglebeti, kajawi ingkang utama, sarta badhé angsal kaluhuran. Prabu Banjaransari lumebet ing guwa, akaliyan panakawanipun, ing nglebet anglangkungi padhang: boten kantenan rinten dalunipun, wondéning guwa punika kadhatonipun Prabu Shindula. Sasirnanipun nagari Galuh, Sang Natha pindah wonten ing ngriku. Inggih punika ugi panggénanipun tapa Sri Maha Punggung. Korinipun ing guwa sakawan sami anjog dhateng patamanan pepethanipun atharik tharik asri tiningalan, pethetanipun nagasari sami katanem wonten ing jembangan, pasiramanipun ing widadari anglangkungi saé. Satengahing patamanan wonten balé kambangngipun mawi gedhongngan éndah warninipun sajagad boten wonten ingkang nyaméni, karêngga ing naga mas murub, langsénipun katarétés ing sosotya. Sajawinipun kori Sri Manganti wonten bangsalipun kakalih angapit kori. Kathahipun ing kori sanga, sami ukir-ukiran katarétés ing inten mirah tuwin sosotya sanésipun pating palencar cahyanipun, Prabu Banjaransari karêmenan aningali pasang rakiting guwa, kados kadhaton ing Kaéndran, anunten kori ingkang kidul dipun labeti, anjog dhateng patamanan, akathah pepethetanipun warni-warni. Sanggar pamelenganipun kaideran ing pager banon, gandaning sekar arum amridini. Akathah toya ing [89]kang anjog dhateng patamanan, wonten umbul ingkang  dhapur peksi garudha, toyanipun medal saking cucuk, wonten ingkang medal saking cangkeming sawer naga. Sang Natha rêmen aningali. Wonten kori sakawan malih. Ingkang satunggil anjog dhateng patamanan ingkang satunggil dhateng langgar, ingkang satunggil dhateng patamanan ingkang satunggil dhateng patamanan wétan, kori kidul ingkang anjog dhateng kadhaton mineb, Sang Natha tindhak dhateng patamanan kadhérékaken ing panakawanipun, kasengsem aningali, angantos kéndel awit salaminipun déréng mirsa ingkang kados mekaten, anunten Sang Natha minggah dhateng ing gedhongngan, korinipun menga piyambak, wondéning ingkang kagungan gedhongan punika: Rathu Éstri ing nagari Galuh, balanipun putri sami ayu-ayu sarta kendel ing perang sadaya, nanging nagarinipun taksih nyiluman katingal wana kémawon.

Sang Prabu Éstri saben ing dinten anggara kasih siram dhateng ing patamanan ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau. Sasampuning siram saré wonten ing gedhongan, ing ngriku wonten kathilipun mas, anunten Sang Natha lumebet ing gedhongan aningali kathil mas murub katarétés ing inten sarta sosotya sanésipun amadhangi gedhongngan rinten  dalu. Sang Prabu tapa wonten ing kathil amumuja nedha sih Déwa ingkang linuwih.

Kacariyos sadhérékkipun Sang Prabu sakawan ingkang sa [90]mi nusul angupadosi, lampahipun malebet ing jurang: minggah ing rêdi, boten angsal dahar sarta saré, sami sanget ngelih sarta sayahipun, anunten sami kéndel lenggah ing séla sumayana. Sarêng sampun ical sayahipun andumugékaken lampah, anjog dhateng iringngipun rêdi inggil akathah tatanemanipun warni-warni, sarta wonten toyanipun bening. Radén sakawan saking sayahipun sami saré, sawungunipun sami siram, anunten wonten puthut kakalih, anama Sajaga Wasita, kaliyan Caraka, kagét aningali Radén sakawan lajeng sami apitakén: sampéyan sinten saking pundi, sarta ing pundi ingkang sineja, Radén amangsuli, aku wong ing Mendhang Paramesan, ora duwé omah, cilik mula katiwang-tiwang, anggolékki sadulurku tuwa, ora karuwan sing dak jujug anut salémbakking ati. Tekadku ing kéné  namung lérén baé sadhéla. Balik aku takon marang kowé: paman sapa jenengngé kang mara tapa ing gunung iki, puthut amangsuli, ingkang mara tapa wonten ing rêdi punika, anama Panembahan Suwignya Sidik, rêdinipun anama Lanang, Radén ngandika malih, matura marang Panembahan yén aku teka ana ing kéné, puthut amangsuli, inggih, sampéyan kula aturi kéndel wonten ing ngriki rumiyin.

Puthut kakalih lajeng pratéla dhateng Sang Tapa, bilih wonte [91]n tamu sakawan émperipun kados satriya lalana, Bagawan Suwignya ngandika, padha aturan mréné, Radén sakawan sampun kérid dhateng ngarsanipun Sang Pandhitha. Sang Pandhitha sampun sumerêp ingkang dados lampahipun ananging boten kabelakakaken, wondéning pamurihipun supados Radén sakawan sampun ngantos cuwa karsanipun kawedala saking pangandikanipun piyambak, tembungipun Sang Pandhitha, linggiha : putu, Radén sakawan sami nyembah: lajeng lenggah, Sang Pandhitha  ngandika malih, sapa: putu: kang sinambat ing wawangi, saka ing ngendi pinangkamu, lan ngendi kang koseja, Radén nyembah matur, sampéyan mongsa kikilapan, amesthi sumerêp dhateng kula, sarta ingkang kula kajengngaken, Sang Pandhitha gumujeng, bener calathumu iku. Apa gawéné aku tapa, yén ora weruha sadurungipun winarah. Aku sumurup lakumu. Kowé anggolékki sadulurmu tuwa, Sang Prabu ing Jenggala, kang lolos saka ing nagarané wayah bengi. Kapriyé, apa ta bener pambatangku, Radén amangsuli, inggih kalerêsan pangandika sampéyan punika. Ing mangké kula nyuwun pitedah sampéyan, ing pundi enggén kula saged panggih kaliyan sadhérék kula sepuh, Sang Tapa amangsuli, ing saiki aku ora wenang anuturi, awit panggonané sadulurmu tuwa lagi ginaib ing Déwa. Kakangmu ora mati, nanging prasasat mati, kogolékkana dinemen ing [92] mongsa iki amesthi ora bisa katemu, nanging bésuk katemu dhéwé. Kowé tapaha ana ing kéné, anenedhaha ing Déwa kang Agung. Yén wis andungkap ing mangsané, amesthi aku anjateni marang kowé, mungguh panggonané sadulurmu tuwa, Radén sakawan sami nyembah, amiturut pituturipun Sang Pandhitha. Lajeng sami tapa wonten ing ngriku, dipun wulang sakathahing aji kasektén sarta ngélmi dhateng kapejahan, anggénipun sami tapa ngantos lami.

Gentos ingkang kacariyos ing tanah Jawi kala samanten boten wonten ingkang jumeneng Rathu. Para Bupati sami nyatriya ngadeg piyambak-piyambak, boten wonten ukum adil, anglangkungngi rêsahipun, sami apendhet pinendhet, pejah ing tiyang boten wonten aosipun, kalenggahan jangkanipun para ngulama ing Erum ingkang mungel wonten  ing Kitab Musarar. Ing jaman punika wonten tiyang, anama Buyut Sathama, griyanipun ing Bajong, anglangkungi sugih sarta kéringan ana nak putunipun kathah, sampun sami pencar arosa-rosa, tangganipun dhusun inggih kathah, sadaya sami ajrih sarta anguguru. Titiyang dhusun ingkang lampahan satengah wulan sami sowan angaturu bulu bekti. Kyai Satama wau guna sarta sekti, amunjuli tiyang kathah, taksih aném bagus warninipun, agadhah bojo ayu, bekti ing laki, anama Embok Sathomi. Anakkipun Empu Jathisura. Wondéning Empu Jathisura punika turunipun E [93]mpu Ramahadi, anglangkungngi saking guna sarta sekti, sabarang ingkang kacipta: dados, yén pandhé: aparon dhengkul apalu tangan asupit dariji: aububan irung, latunipun medal saking cangkem idunipun ingkang minongka sepuh. Yén damel gagaman dipun enyet ing dariji kémawon, Kyai Satama wau turunipun Patih Jugul Mudha ing Mendhang Kamolan, kala samanten saweg kasusahan manah, karanten boten gadhah Rathu. Sanajan kamukténipun kados Rathu, Kyai Satama sakéca ing manah, ajrih madega Rathu, awit dédé turuning Rathu, manawi kasiku ing Déwa. Mila sanget anggénipun anenedha ing Déwa kang Agung, tilem wonten ing taritisan alemek godhong, abantal banon, anunten wonten swara kamirêngan: éh: Satama, wruhanamu: ing saiki wis ana Rathu, sekti mondra guna, kinéringan ing sajagad nanging isih ginaib ing Déwa, sarta kudu kogolekki, Kyai Satama tangi, sumedya badhé tilar kamukten, lumebet ing griya, sanjang dhateng ingkang éstri, wicantenipun : kowé kariya, aku arêp lunga, anggolekki Rathu, kang Jinarwa ing mau bengngi. Yén ora katemu impénku, aku ora mulih, pira bara aku urip, Nyai Satomi kagét nangis wangsulanipun: Kyai: kula tumut, pejah: gesangnga: kula badhe sumerêp, dhatengnga ing pundi, sanajan dhatengnga ing jaman kaélangngan kula sampéyan bekta, Kyai Satama angrangku [94]l ing sémah, wicantenipun: adhuh: tisna temen marang aku. Iya miluwa, nanging aja tutur-tutur wong liyané.

Nyai Satomi sampun patutan tiga kalih Kyai Satama, jaler kakalih: éstri satunggil anama Ki Palih: Ki  Supana: Ni Suléki. Wondéning anakkipun ingkang sanés biyung: kathah. Nyai Satomi boten angétang tisnanipun (trisnanipun) dhateng anak, ingkang kaétang: namung bektinipun dhateng ingkang jaler. Lajeng sami lumampah tiyang kalih, boten wonten ingkang sumerêp, ingkang kemit sami tilem sadaya. Lampahipun dumugi ing wana ageng. Nyai Satomi samargi-margi anangis, Kyai Satama angimur, tembungngipun: menengnga: Nyai: aja nangis, menawa kawentar ing akéh. Lumakuwa alon-nalon baé, yén nganti kawruhana ing uwong, dadi wurung tapaku, Rathu sing dak golékki: ora katemu.

Sakésahipun Kyai Satama kaliyan ingkang éstri, anak putunipun ingkang kantun sami busekkan sarta angupadosi. Dalasan titiyang ingkang kalebet tepis iringngipun ing Bojong: sami tumut angupadosi sadaya, boten wonten tiyang jaler ingkang kantun nanging boten pinanggih. Anak putunipun sami susah, awit kaicalan pugeran.

Kyai Buyut Satama akaliyan ingkang éstri kendel  satengahing wana ageng, wicantenipun salebeting manah, kapriyé oléhku anggolékki. Ciptaku mongsa katemuwa, tuwas kangélan, yén aku baliya: apa gawéné. [95] Ya Bathara, titahé anyuwun tulung, Kyai Satama lajeng amumuja. Anunten wonten swara, kowé: Satama: anggolékki Rathu, mongsa katemuwa: yé ora karo wangngi (wani) prihatin cegah pangan lan turu. Lumebuwa ing guwa Therusan, ingkono margané ketemu karo Sang Natha, kang saiki lagi tapa. Iya iku kang bakal ngepel tanah Jawa, turun-tumurun ora ana kang nyelani. Lumakuwa saiki, mupung ora ana sing weruh. Yén ketemu: tunggonana ana ing guwa baé, Kyai Satama énggal anggugah ingkang éstri, tangiya: Nyai, ayo padha lumaku.

Lampahipun malebet ing guwa, angambah jurang kang rumpit Kyai dumugi ing guwa Therusan pratondha yén sinungan padhang paningalipun déning Déwa. Nanging Sang Natha dipun upadosi boten pinanggih, badhé lumebet boten saged awit korinipun mineb sadaya, dados Kyai Satama kendel wonten korining guwa ingkang jawi, angantos lami boten kendhet-kendhat amumuja. Anunten wonten swara, memelas temen sira: Satama. Ingsun iya anduduhaké prenahé kang bakal dadi Rathu. Sira lumebuwa ing patamanan, ing kono sira bakal katemu karo Rathu kang sira golékki, lagi tapa ana ing kathil mas, nanging dén angatiyati, sarta dén kurmat awit gedhongan sing ana ing  taman iku nyiluman ana padusaning widadari, ora kena di ambah ing sawiyah wong, mung sira kang kalilan, yén sira wis tumeka [96] ing ngarsané, angadhepa baé.

Kyai Satama lumampah dhateng patamanan ngantos dumugi ngajengnganipun ing gedhongngan, wonten ing ngriku: akaliyan Nyai Satomi: sami nyembah, gedhongngan katingal padhang sanget, Sang Natha mujung wonten ing kathil panakawanipun sami tilem wonten ing dagan, angsalipun tapa sampun tigang wulan boten mawi ébah-ébah. Kyai Satama kaliyan ingkang éstri lami anggénipun ngadhep Sang Prabu, boten késah-késah. Anunten Prabu Shindula ing Galuh anedhakki, pangandikanipun: éh: putuku: tangiya. Tapamu wis katarima ing Déwa, Sri Banjaransari taksih sakéca saré. Prabu Shindula ngandika malih, lémbon temen kowé iku, tangiya: putu, aku   Êyangmu dhéwé kang anggugah, Prabu Banjaransari wungu, lajeng anyungkemi sampéyanipun ingkang Êyang, Prabu Shindula angandika, sokur kowé dadi Rathu, sugih garwa: sugih bala: sugih donya, sarta kéringngan ing tanah Jawa, apa déné ing tanah sabrang, bakal padha suwita ing kowé kabéh: asok bulu bekti. Kowé bakal duwé bojo pademi Widadari, kang kokuthani: bakalé ing Galuh. Nagara iku wis ana, nanging ora katon, kang ngratoni Widadari, boloné wadon padha sekti-sekti kabéh, kéhé wolungatus, ana déné Prabu Rara iku angluwihi sektiné, kéringngan ing sajagad ora ana tandhingngé, dalasan Jin padha kumawu [97]la kabéh. Patihé iya wadon prajurité wadon ayu-ayu kabéh, wis tau ambedhah nagara. Jujulukké Prabu Rara Rêtna Déwa Lengkara Supraba Déwi. Wis pinasthi ing Déwa: iku bakal dadi bojomu, kowé sing bakal jumeneng Rathu, patihmu Kyai Satama, nanging ing saiki durung mangsané, ana békané sathithik, kowé bakal ora kelar anadhahi, éwadéné yén kowé anyakep wulangku, béka mau ora ngapaha.

Prabu Shindula lajeng amulang dhateng ingkang wayah sakathahipun ing kasektén sarta ngélmi panitisan punapa malih ngélmi amengku kadhaton supados kéringngan ing titiyang tuwin lelembat, sarêng sakathahing ngélmi sampun kadhadha sadaya, Prabu Shindula ngandika, ayo lumebu ing kadhaton, aja karêm ana ing patamanan awit akéh rêncanané, karo déné si Satama lan Satomi oléhé tapa wis lawas, welas aku andeleng. Sapanen tumuli, Prabu Banjaransari nyembah, lajeng andangu dhateng Kyai Satama, sira wong ing ngendi, lawas ngadhep ing panjenengan, Satama akaliyan Satomi kagét mirêng swara: boten aningali tiyang, pundirangan ngawur angsalipun nyembah, sarta sanget ajrihipun, wicantenipun: ya Déwa kang luwih, sinten pukulun angandika dhateng kawula, Prabu Banjaransari amangsuli pangandika, iya Ingsun Rathu kang sira ajap rina wengngi. Ingsun tarima bektinira. Lah metuwa, menyangnga ing [98] lawang kang jaba, anaha ing paséban kidul, Kyai Satama nyembah, lumampah dhateng bangsal alit akaliyan ingkang éstri, andheku sila wonten ing ngriku. Prabu Banjarasari akaliyan ingkang Êyang sampun dumugi ing kadhaton lajeng sami pinarakkan, ingkang wayah tansah dipun wulang. Pangandikanipun: bésuk tanggal sapisan sasi sura, taun alip wuku wathu gunung: kowé jumenengan Rathu. Yén anuju ing dina anggara kasih. Wuku galungan paranana bojomu, aja kuwatir ing kasekténé, awit kowe wis wignya lan sekti. Déné Rathu wadon iku, sing momong, iya aku, wis putu: kariya, Prabu Shindula lajeng musna.

Banjaransari tedhak saking kadhaton kadhérékkaken ing panakawanipun, jumeneng wonten ngajengngipun Kyai Satama kaliyan Nyai Satomi, nanging boten katingal namung gandanipun kémawon mambet wangi melek, Sang Natha angandika, apa jenengmu, Kyai Satama kaliyan Nyai Satomi anjumbul medhun burangkangngan ajrih kalangkung. Panakawan sami gumujeng aningali, Kyai Satama dipun incup sarta dipun kiléni irungngipun kaget lajeng wahing, sebutipun: ya Bathara, keri temen irungku, panakawan sami gumejeng, Sang Natha angandika, bok maréni oléhmu sok sembrana iku, Sang Prabu nunten angracut warana, ingkang ngaling-ngalingngi sariranipun lajeng ka [99]tingal, cahyanipun padhang, anyumerêmaken padhangnging rêmbulan kaping gangsal welas, Satama kaliyan Satomi boten tahan ngawasaken, Sang Natha bagus taksih timur. Satama: Satomi: anjenger ningali, boten saged wicanten.

Wusana Kyai Satama kaliyan Nyai Satomi sami sujud ing sampéyanipun Sang Natha. Pangandikanipun Sang Prabu, apa kang padha dadi karêpira, lumebu ana ing guwa, anglabuhi oléh Ingsun mati raga, lan ing ngendi omahira, Satama: Satomi: munjuk: kawula sami badhé ngabdi ing panjenengan dalem awit boten gadhah Rathu, boten saged suwita ing tiyang alit, nagari kula sanget rêsahipun boten wonten lerês katingal, mila panjenengan dalem kawula aturi jumeneng Rathu, kuthané ora katon awit isih kineker ing Déwa. Kang jumeneng Rathu iku: widadari, prajurité wadon kabéh, padha sekti-sekti. Karatoné Prabu Wadon iku akarsa Ingsun rêbut ing prang. Mulané sira muliha: anglumpukna prajurit alas ing Galuh lurugan: banjur kepungen, déné Ingsun iya nuli teka, kadha [100]ton ing Galuh amesthi katon, Satama: Satomi: munjuk sandika, lajeng pamit medal saking guwa, anglangkungngi bingahipun awit sampun gadhah Rathu.

Kacariyos ing wana siluman tanah ing Galuh. Prabu Éstri Rêtna Supraba Wathi apaparab Déwa Lengkara, anglangkungngi ayunipun boten wonten ingkang winancénan, kados inten ing ngukir pinindha tiyang. Ingkang ngadhaton ing saganten kidul menggah ing warni: kasoran, pantes yén anedhakna Rathu. Prajuritipun éstri walungatus wadonanipun sakawan patihipun satunggal awasta Natha Déwi Genawati. Punika ingkang amarétah para putri sadaya. Wadon ingkang satunggil awasta Rêtna Déwi Sura Déwati, sakalangkung asekti: angeréhaken prajurit kalihastu éstri sadaya. Manawi perang: anyepeng jemparing, nganggar sabet suduk sami numpak kapal deragem suku pancal, wadana kang kaping kalih: awasta Rêtna Déwati, angeréhaken prajurit kalihatus mawi oncan-oncan inten  sadaya, manawi perang: anyepeng talempak anyothé cundrik, sami numpak kapal pethak sadaya. Wadana kang kaping tiga: awasta Rêtna Déwi Kanakawati, angeréhaken prajurit kalihatus manawi perang: anyepeng sanjata, sami nganggar sabet numpak kapal janjan jené. Wadana kang kaping sakawan awasta Rêtna Déwi Asmarawati, angeréhaken prajurit kalihatus manawi perang: sami nyepeng towok nyothék lé [101]wang, numpak kapal cemeng sadaya. Wondéning prajurit sadaya wau, yén boten wonten perang, panuju sami jagi wonten ing pajagénipun damelipun sami ngantih: nenun ungeling jontra sami rinujukaken kados ungeling gamelan.

Kacariyos Sang Prabu Éstri saweg dados karsa miyos saking pagelaran, para punggawa saha para prajurit sami dados boten wonten tiyang jaler satunggil sami éstri sadaya. Ing nalika punika nagari ing Galuh gemah raharja. Wana-wana sami binubakkan kadamel pasabinan tuwin pategilan, kathah wana  ingkang dados dhusun, ananging nagari boten katingal mila boten wonten mengsah andhatengngi. Sang Prabu Éstri: sasampuning dados lajeng miyos, para punggawa tuwin prajurit pepak sami sowan, ingkang wonten ngarsa dalem para Patih Rêtna Déwi Genawati, sekti tanpa tandhing. Wadana sakawan sami lenggah andhér wonten ing wingkingngipun Patih, Punggawa: Mantri: tuwin prajurit lenggah andhér wonten ing wingkinngipun Wadana sakawan.

Sang Prabu Éstri angandika dhateng papatih, Ingsun mau bengi ngipi, ana swara kang karungu ing Ingsun, ujaring swara, awéh péling marang Ingsun yén ing mengko Ingsun bakalé oléh tandhing, kang duwé nagara Guwa, bakal teka arêp jumeneng natha ana ing Galuh. Déné sarisaningsun sabocah Ingsun Widadari kang Ingsun ratoni kabéh, iku bakal kamanusan, mungguh kang bakal jumeneng iku, jenengngé satriya Andani Swara. [102] Antara suwé ana sawijining wong teka ing ngarsaningsun rupané bagus wayah isih jajaka. Ingsun takoni: sauré rada nyalunthang, ananging prak ati, sembada tangkepé kumraket, marang ing Ingsun ora nganggo krama, wanguné menthélang, ana ngarsaningsun basa adhi. Calathuné marang Ingsun dhéwékké Rathuné ing satanah Jawa, karatoningsun dén jaluk kutha ing Galuh iki bakal dienggoni. Ingsun kaya ora ngipi, kaya katon sawéntéhé. Barêng Ingsun wéhi basa saru, banjur lunga: ora nganggo pamitan, Ingsun tantang ora gelem bali, wangsulané: bésuk bakal bali, banjur jumeneng natha.

Sang Raja Patih Rêtna Déwi Genawati munjuk kalih anyembah, kawula nuwun Gusthi, sampun adatipun tiyang tilem inggih nyupena. Wondéning supena dalem punika mongsa dora dasiha. Sinten ingkang purun ing sampéyan dalem, Sang Prabu angandika, yayi Déwi: aja mengkono. Kuwasaning Déwa sapa kang weruh. Rasaning atiningsun mungguh ujaring swara iku, yén temena: kapriyé dadiné, déné wong liya bakal dadi Rathu. Yén ora temena: kamokalan sabab Déwa kang paring wangsit marang Ingsun apa wakané Êyang Prabu, kang ngadhaton ing taman, saben-sabené   Êyang Prabu iku, yén paring wangsit ora dora. Kang képi ing Ingsun cinetha jumeneng Rathu, angendhih karatoningsun, iku [103] yén temen ujaring swara, panedhaningsun ing Déwa, aja agé-agé madeg Rathu, yén Ingsun durung mati, Raja Patih Rêtna Déwi Genawati nyembah munjuk: Sinuwun sampun panjenengan dalem nyarirani perang, manawi déréng pejah abdi dalem pun Genawati. Kados-kados abdi dalem pun Genawati kanggé sawulan, para prajurit Wadana sakawan sami nyembah munjuk: kawula nuwun Gusthi, panuwunipun abdi dalem sampun panjenengan dalem raosaken supenan wau. Mindhak angririsak galih dalem, sanadyan sayektosa, abdi dalem sadaya mongsa ajriha perang. Sandyan tandhing sekti, abdi dalem sadaya boten ajrih, Sang Natha ngandika, iya bener aturira kabéh, ananging aja ana lénané, kang padha prayitna, padha baris pendhem, menawa temen ujaring swara kang mélingngi, sabab kuwasaning Déwa ora kena kamokalan, terkadhang ana wong balilu anguwisi gawé. Iku saka ing kuwasaning Déwa. Lan maningngé: Wadana papat sira padha Ingsun kongkon nelikka menyang ing taman, kang képi iku: manawa temen, yén katemu ana ing taman banjur padha uwisna, lan sira Ingsun kongkon padha sébaha marang Êyang Prabu, munjukka mungguh ipéningsun apa goroh: apa temen, ananging lakumu padha sangadiya adus ing taman dadi katon kaya karêpira dhéwé, Wadana sakawan munjuk: punapa panjenengan dalem boten tindak piyambak sowan dhateng kangjeng Êyang dale [104]m Sang Natha alon ngandika, Ingsun ora tindak dhéwé, amung pangabekti-ningsun baé unjukna marang Êyang Prabu. Malah sira padha aja lawas-lawas sabab Ingsun rada kuwatir ujaring wangsit kang képi, Wadana sakawan munjuk sandika, samangsanipun sampun ing lampah, abdi dalem lajeng énggal mantuk, malah abdi dalem boten ambekta prajurit sami lalanjaran kémawon supados énggalipun ing lampah, Sang Natha angandika, yayi: aja ana sembrana, lan aja ana kumawawa. Becik padha anggawaha prajurit manawa katarênjuh lan wong kang képi iku, Rêtna Déwi Sura Déwati gumujeng sarta atur sembah, abdi dalem tiyang sakawan kados-kados boten ajrih dhateng tiyang satunggil, tiyang satunggil dipun but sakawan mongsa sageda budi, Wadana sakawan sami nyembah pamitan ing Gusthi, lajeng sami mumbul ing awang-mhawang. Lampahipun kados thathit, angungkuli guwa, lajeng aniyup mangandhap lumebet ing guwa. Ananging nalika punika Kyai Satama sampun medal saking guwa. Wadana widadari sakawan wau boten katarênjuk.

Lampahipun Kyai Satama boten kacariyos laminipun wonten ing margi, dumugi ing dhusun Bojong. Sanak sadhérékkipun sami dipun kalempakkaken sadaya, sarta sadadamelipun dalasan pirantosipun tiyang babad kados ta: wadung: pathél kudhi: arit bendho: pécok: griji: [105] linggis sadaya sampun pepak, Kyai Satama lajeng mangkat kaliyan Nyai Satomi. Sanak sadhérékkipun ingkang kantun sami nusul, boten kacariyos yén laminipun wonten ing margi, sampun dumugi wana ing Galuh, lajeng kinepang kikis, saking kathahing tiyang: malah langkung tiyang, wana ing Galuh kebak, lajeng sami dandos-dandos pasanggrahan dipun rakit kados kadhaton, ananging anak putinipun Kyai Satama, sadaya sami boten sumerêp kajengipun Kyai Satama.

Kacariyos Prabu Banjaransari, sakalangkung prihatos ing galih, tapa saré wonten ing kathil panakawanipun sami wonten ing dagan sampun telasan anggénipun tapa, ananging déréng medal-medal.

Ingkang kacariyos Wadana Widadari sakawan sami ngadeg wonten pinggiring toya ing patamanan sadaya sami cucul kampuh tuwin kasemekkan sami katumpangaken ing séla gilang, namung kantung pinjung kémawon sarta sami kikirab rambut lajeng sami anyandhak patelesan, Rêtna Déwati nganggé patelesan caweni pethah, Rêtna Déwi Kanakawati nganggé patelesan ngangrangngan, Rêtna Déwi Asmarawati nganggé patelasan sarasah. Sampun sami ambyur ing toya, gentos kosok-kinosokan ciciblon kados gamelan sakalangkung sami kasukan sirat-siniratan, [106] Widadari sakawan nelas sukaning manah, boten mawi taha-taha, ciptaning manah mongsa wontena tiyang ingkang purun lumebet mriku. Mila boten wonten  ingkang dipun songga rungéni. Sami katingal pupu tuwin susunipun malah sami panthingngan cemeng-cemengngan susu, tuwin panthingngan penthil, boten nyana yén ing taman sampun kalebetan pandung.

Kacariyos Prabu Banjaransari, ingkang saweg kasengsem wonten ing taman, sadhatengngipun Widadari sakawan wau, umpetan sangandhaping kajeng pandhan tiyang, kaliyan panakawanipun, sasolahipun Widadari sakawan wau tansah dipun injen, panakawanipun ngalungsar ing siti, tumut ngijen kalih anjengking. Ananging ingkang sami siram boten wonten uninga: yén dipun injen ing tiyang. Prabu Banjaransari dangu anggénipun ngawasaken, sarêng ningali susu bunder kados cengkir gadhing, gumyur galihipun tuwin pupuning Widadari katingal gumebyar kados dipun praos, Prabu Banjaransari kaliyan panakawanipun tansah anjomblong, ciptaning galih kados rinangkula gapyuk awit kasmaran ing galih. Salami-lamibnipun Prabu Banjaransari déréng apalakrama, awit winejang ngélmi raos dhateng ingkang   Êyang. Prabu Banjaransari ngandika ing galih, sajegku urip durung andeleng wong wadon ayuné kaya mangkono. Pandugaku iku Widadari. Mendah kang jumeneng Rathu. Atawa kang jeneng Patih Genawati. Boboté iku wong cilik baé kaya mangkono rupané. Yé [107]n aku wéyaha, ora étung lara: pati, ingkang siram sampun sami dumugi anggénipun kosokkan ananging taksih sami kungkum ing toya, patelesanipun caweni sami kraket ing pupu, kasempyok ombaking toya: sami katingalan pandhukul-pandhukul kados tanpa telesan, tétéla anggénipun ningali Prabu Banjaransari, kadosa datan patatu. Galihipun déréng paja-paja lilih, ingkang siram sampun sami mentas lajeng anyandak sinjang. Rêtna Sura Déwati nyampingngipun pathola wilis kasemekkanipun Jingga tinepi, akampuh sekar kakung. Rêtna Déwati nyampingngipun pathola wungu, kasemekkanipun udaraga, akampuh gadhung malathi. Rêtna Déwi Kanakawati nyampingingipun pathola pethah kasemekkanipun gadhung pradatan akampuh podhang sapsari. Rêtna Déwi Asmarawati nyampingngipun pathola jené, kasemekkanipun sidhangngan dadol sinantenan akampuh bangun tulak. Sadaya sami agagonda, boréh rambut acundhuk serati nrétés ing séla. Lajeng sami methikka sekar, amilihi sekar taluki, tuwin sekar naga santun cinundhukkaken, sadangunipun methikki sekar wau, sami angrarêpi lantrah-lantrah, nyampingipun sami sinéréd rêngeng-rêngeng éca sami mithikki sekar, boten nyana yén wonten tiyang. Prabu Banjaransari sang saya boten daruna. Déwi Sura Déwati dipun indhikki saking wing [108]king, cinandhak kampuhipun sarta dipun getak: iki kang padha ngrusak kembang, Rêtna Sura Déwati kagét sarta anosotaken anderwili, kowé iku wong ngendi, wong lanang wani lumebu ing taman, apa kowé bingung, atawa kalap, tenagamu kaya wong baring, ora nganggo tata krama. Apa ora weruh: yén aku iki Bupati. Oléhmu ngagéti-géti, anggetak nganti tarataban, tinebasa sakethi: kagété atiku durung lipur. Apa wong kabalik sidi samber ing tok iyik, sidi ranjam ing ganten ing wong papat, muga disaraba ing anggang-anggang, sidi tuwek ing kuku jenthik dikethok ing asta, di bugis ing embuh-embuh: sungkan ngarani, dirampoga ing wong pados kang ayu-ayu, dikirima kembang: boréh, nganggo sawiyah-wiyah: angkuhé ora kajamak, aku digawé dolanan, rumengkuh kaya kaya marang bojoné. Apa kowé iku bingung, déné lumebu ing taman, apa ora ngrungu: yén ing kono padusaning Widadari, kagungané Prabu Éstri, Sri Nara Natha ing Galuh. Kowé iku wong ing ngendi. Tujuné ora panuju Sang Prabu Éstri kang siram, yén marêngngan: amesthi kowé mati. Luwih begja kapranggul ing aku dhéwé. Dadi mung dak patrapi kalebu ing larangan amesthi dak dhédhéli, Prabu Banjaransari mésem angandika, iki basakna, déné amalik su [109]mpah, wong anglarangngi nganggo arêp dén larangngi. Sajroning taman iki aku kang rumeksa, awit saka ing paréntahé Êyang Prabu, dadi yén mangkono: kapranggul padha wong anglarangngi, iya wis padha baul baé, panakawanipun sumambung, inggih: punika lerês kilurah, Rêtna Sura Déwati sumaur bengngis: bangkrah: iku paduné wong ala. Paduné wong wis kabutuh. Saking isinmu. Nanging aku ora wurung dak dhédhéli. Mulih asruwalan baé, Sang Prabu Banjaransari amangsuli pangandika ngrarêpa, yén sampun dados lelerêsanipun inggih sumongga karsaning Gusthi, ananging kénging: boten kéngingnga, kula nyuwun pangapunten, kalih déné yén awak kula sampéyan dhédhéli: katanggelan, pinten rêginipun dandosan kula. Aluwung awak  kula sampéyan abdékaken kadamel panakawan lowung. Priyantun sakawan sampun énggal duka, mugi welasa dhateng tiyang kawlas asih. Kalih déné kula matur pitakén: priyantun sakawan punika sinten sinambat ing wawangi, Widadari sakawan sarêng anyauri, aja kakéhan caréwét sangsaya manas ati: nganggo rintih-rintih adol lucu, énggal panganggomu nuli ulungna, minongka pangluputing patimu, sabab yén ngantiya mati: éman déné isih enom rupamu abagus, lan angakuwa ing ngendi pinangkamu, déné wani-wani lumebu ing taman, la [110]n sapa jenengmu, déné pangrengkuhmu kumaraket kaya sanak, aku dudu lonthé, nganggo korêrêpa, amrih aku welasa marang kowé, supaya luputa bilaimu, Prabu Banjaransari tansah angrerêpa, bok sampun sampéyan lajeng-lajengaken duka sampéyan, yén andangu griya kula, inggih ing taman ngriki, sabab taman punika ing samangké dados rêrêksan kula, Widadari sakawan sami amangsuli, wong: iki basakna, déné akéh léléwané, ditakoni sauré mamanas ati, sumlonong: ora wruh ing isin nanging anggepé samanak, apa tegesé wong iki. Énggal ngakuwa, sajenengmu, Prabu Banjaransari ngandika, wasta kula pun Arum Parang Tuwang Sumbaga Panji Ngrarangin Jebat Kasturi Kumkuma Kang Mas Banjuransari. Punika wasta kula, Widadari sakawan malérok gumujeng atutup lathi, iku arané wong apa, déné ngombra-ombra dawané rong landhépan, yén jenengmu nganggo kang mas mangkono, aku suthik ngarani, sabab samongsa aku padha ngundang kang mas ora wurung bakaling agegekki basa, aku banjur padha padha diaku bojo. Mangkono iku akalé si Jenat marang Kramat, panakawanipun kakalih anyambungi, bok inggih dipun turuti: ngangkah punapa, tiyang: sami mirsa, Sang Rêtna bengis angandika, tekan panakawané melu édan, Widadari sakawan wicanten ing manah, baya iya iki kang kasupena déning [111] Sang Prabu. Déné dora dasih temen, dhasar nyata bagus wong iki, pasang patuté aprabu kaduk semu, émané wong iki dadi mungsuh dalem, Widadari sakawan sami kenyut ing manah, nanging sinasaban ing nepsu, badhé angayoni. Widadari sakawan lajeng sami wicanten: énggal lungaha saka ing taman kerismu lan dodotmu tinggalen, Prabu Banjaransari tansah matur, mugi dipun apuntena. Dhwung satunggil dodot satunggil dipun pundhut, ingkang kula damel salin boten wonten, Rêtna Déwi amangsuli, aja kakéhan padu, muliha kathokkan baé. Angur endi kowé mati. Saka ing maklumku, kowé mung dak thetheli baé. Énggala ulungna: mupung aku durung nepsu, Prabu Banjaransari amangsuli: kalayan basa ngoko, iya: apa sakarêpmu, kerisku sumeja dak tutaké. Yén kenaha: aku banjur ngawula, nanging kerisku aku kalilana anggadhuh baé, lara: pati: sumeja dak labuhi. Oléhku tinggal kamukten ana sajroning guwa wis lawas mongka ing samengko bakal anemu pati. Iya: mongsa bodhoha, Widadari sakawan sami ngunus pedhang sarwi wicanten: diprayitna: kowé ora wurung  bakal mati, Sang Prabu lajeng kinarubut sakawan pinedhangngan saking kiwa: saking tengen tuwin saking wingking. Prabu Banjaransari mesem ngandika: tansah angarih-arih, kapriyé: yayi: déné padha nepsu. Éman temen ayumu. Angur tuwekke [112]n ing kincinging alis padha luruban dadotmu wong papat kunjaranen ing paturon belokken ing kasur guling, pada bandanen ing kembenmu, bedhilen ing gantén wangi, padha kramasana eluh, ora-orané sumeja dak unduri, Widadari sakawan saya sanget nepsunipun, pedhang risak sadaya. Lajeng sami ngunus suduk katamakaken dhateng Prabu Banjaransari, nanging wulunipun salembar boten rêntah. Sang Natha alon ngandika, mundhak padha sayah. Pedhangmu wis putung kabéh. Éman-éman nétramu liyep alindri, Widadari sakawan amangsuli bengngis: mara: malesa, apa kang ana ing kowé tamakna, dak tadhahi atepung padha prawira, ngadu kasektén lan kateguhan, Prabu Banjaransari angandika, aku ora gelem males sabab wedi marang Prabu Éstri. Ing saiki aku suthik angladéni, Widadari sakawan sami kaken manahipun déné amengsah tiyang sembrana. Lajeng sami nangis sarwi wicanten: iya: dak aturaké marang Êyang Prabu. Ora wurung kowé nemu duduka, lajeng sami mumbul dhateng awang-ngawang. Prabu Banjaransari anyarêngngi, nanging boten katingal.

Widadari sakawan dumugi ngarsanipun ikang Êyang: sami anangis, Prabu Shindula angandika, sira padha teka ing ngendi: Nini,  déné padha anangis, Widadari sakawan mu [113]njuk anyembah, sadaya sami ngujung ing dalamakkan: kula nuwun manawi andangu ingkang dados tangis kula:   Êyang, kula sami adus ing taman, salebetipun ing taman wonten tiyang jaler aném abagus, panakawanipun kalih, kula kén medal saking taman boten purun, wusana dados kerêngan, nanging tiyangngipun sembrana kados tiyang édan, kula pedhangngi tiyang sakawan malah angungudang, Sang Prabu gumujeng angandika, aja sira wani-wani. Wruhanira, Nini, iku bakal Rathu, kang mengku ing nagara Galuh. Sokur bagé sira padha katemu ing Ingsun dhéwé. Ing saiki énggal padha muliha sabab ing dina iki nagara ing Galuh wus kinepung. Déné kang ngepung: iya wong kang perang lan sira ana ing  taman iku, Widadari sakawan munjuk anyembah, manawi makaten   Êyang, kula nyuwun pangéstu dalem badhé lajeng mantuk, iya:  Nini, wus padha muliha, nanging dén padha ngatiyati, sasampuning nyembah malih, lajeng sami mumbul ing awang-ngawang.

Kacariyos Prabu Banjaransari, saunduripun saking taman, lajeng tindhak dhateng pabarisan, nanging tiyang ingkang sami baris sakalangkung susah manahipun sabab ingkang kinepang: boten katingal dados namung katingal wana kémawon, sakathahing titiyang sami susah, kaparaga ing sasakit, saréhning mengsah lelembat dados sami boten uningnga, wonten tiyang ingkang dipun tekakki, lajeng sami macicil, wonten ingkang siniratan ing toya, dados sami saki [114]t rumab, wonten ingkang dipun dulekki silitipun dados sakit ising-ngisingen, kathah yén kacariyosna warnining sasakit, Kyai Satama kalangkung susah ing manah, lelembat dipun tulakki kalayan tumbal sakedhapa gering ragi mendha. Lami-lami inggih sanget malih. Saking sami kakening manah tiyang ingkang sami nyulunthang, sakathahing griya dhemit sami dipun besméni. Saréhning griya dhemit wau boten katingal dados pambesminipun kaawur kémawon, awit saking serêngnging manahipun sakathahhing grumbul ingkang ragi kiwa rêgenanipun tuwin gampéng: sami kaawud dipun bibrahi. Tarkadhang kalerêsan patilemanipun dhemit alit-alit tarkadhang anglesrêsi pasowanin dhedhemit sami dipun isingngi. Dhemitipun sinogok ing merang, lajeng sami andalinding ngising rah umbel, tuwin ingkang sami tinedha ing sambang: sakala lajeng pejah. Wonten ingkang sakit rumab inggih lajeng pejah.

Gentos kacariyos Sang Prabu Éstri saweg sinowan, Raja Patih Rêtna Déwi Genawati wonten ing ngarsa dalem, boten antawis dangu Wadana sakawan dhateng, sowan ing ngarsa dalem angunjukkaken sasolahipun kautus tuwin welingipun ingkang Êyang konjuk sadaya. Prabu Éstri angandika, kapriyé: Patih: rêmbugira, prakara mungsuh kang padha ngepung kutha, Raja Patih Genawati munjuk: kawula nuwun Gusthi, prakawis mengsah kang ngepang kitha, abdi dale [115]m boten kuwatos awit mengsah tiyang, mongsa uninga ing bongsa siluman, ingkang kula kuwatosi: namung pawartosipun yayi Déwi, tiyang ingkang wonten ing taman anganggéni kathil pasaréyan dalem, gumunipun abdi dalem, séwu boten nyana, saketi andupara. Lerêsipun sinten ingkang purun, Wadana sakawan sumambung, kawula inggih semanten ugi, sami boten gadhah panyana. Mila anggén kawula sami adus katingalan susu tuwin pupu kawula. Patelesan boten mawi kawula manah, sabab boten wonten ingkang kawula wékani. Wusana badhugul wonten tiyang jaler, dados dhapur sami kawirangan, sakathahing putri sami gumujeng sadaya, Wadana sakawan munjuk malih, malah pandugi kawula anggénipun nginjen sampun dangu, méndah anggénipun ngawasaken susu, tuwin welakang, kados ngantos tamat sadaya, sabab anggénipun anginjen saémper sadangunipun kawula sami adus, sarêng kawula sampun sami mentas tuwin sampun sami dandos konca sakawan sami mendhet sekar. Abdi dalem boten uningnga, dipun indhik-indhikki saking wingking. Dadot kawula kacandhak sarta abdi dalem kagetak, konca sakawan kaget anjumbul manah tarataban karinget sami réwéyan, panasipun manah kawula, sarêng konca sakawan  sami nolih: awit saking kagét wau, abdi dalem konca sakawan ajeng dipun kukudang, Sang Prabu Éstri  tuwin para prajurit ing [116]kang sowan sami gumujeng sadaya. Sang Natha andangu dhateng Wadana pangajeng Rêtna Sura Déwati, iku opa ora sira takoni, pinangkané wong saka ing ngendi, Rêtna Sura Déwati munjuk anyembah, kawula nuwun, panduginipun abdi dalem punika tiyang ingkang dados supena dalem, pangakenipun, wayahipun Êyang dalem Kangjeng Panembahan, kagungan dalem taman santun kahaken gadhahanipun, wondéning namanipun abdi dalem kasupén sabab sakalangkung déning apanjang, Natha Déwi ngandika, mara: éling-élingen sapa jenengngé kang tartantu, kawula nuwun, énget-éngetanipun abdi dalem wiwitanipun mawi Sumbaga Panji Angrarangin Jebat Kasturi Ngambar Kumkuma Kakang Mas Banjaransari, Natha Déwi gumujeng atutup lathi. Raja Patih Rêtna Déwi Ganawati sakalangkung suka. Parêkkan sadaya tumut gumujeng suka. Konjuk sadaya saaturipun Rêtna Sura Déwati, wiwitan dumugi wekasan, Natha Déwi karaos ing galih, saéstu yén boten dora supenanipun, lajeng adhawuh dhateng Raja Patih Rêtna Déwi Genawati, yén mangkono: yayi Déwi, anabuha tengeraning perang. Sira dhingina: anindhihana sakéhing bocah Ingsun wadana: tuwin prajurit anglawana sakéhing mungsuh kang padha ngepung nagaraningsun ing Galuh. Yén bisa: sira sirnakna: aja ana kari. Nanging wekasingsun sira diprayitna, Raja Patih Rêtna Déwi Genawati nyembah munjuk sandika, mundur saking ngarsa dalem lajeng [117] medal kaliyan wadana: tuwin prajurit, dumugi ing jawi sami angrakit kapraboning perang. Sadaya sampun amirantos.

Raja Patih Rêtna Déwi Genawati lajeng dhawah anabuh tengeraning perang. Bendhé: béri: tuwin gentha: sami kaungelaken, titiyang ing Galuh sampun lami anggénipun sami ngatos-satos, sarêng mirêng ungeling tengara, lajeng sami medal ambarubul kados semut medal saking eléng angambah ing séla. Ngalun-alun ing Galuh kebek swarnining lelembat, dhemit Jin Peri: Parayangan pepak sadamelipun, Raja Angin-angin tuwin Linglung Raja Thunggul Wulung sami dhateng sabalanipun, ingkang wonten ing dharatan tuwin saganten satanah Jawi: sadaya sampun pepak wonten ing alun-alun Galuh, jejel titip, ingkang wonten ing awang-ngawang tuwin ing dharatan swaranipun gumuruh. Raja Patih Genawati anganggé prajuritan, makuthanipun emas tinarétes, ngajeng: wingking: mawi garudha, jamang sungsun tiga, sami tinarétes ing inten, nganggé sumping saha kalung sungsun pitu, nganggé gelang sarta kelat bau tuwin pending. Sadaya wau sami tinarétes ing inten, calana rangkep tiga, sarwi anggéndhong-éndhongnging jemparing. Tiningalan kembar kaliyan Sang Natha ing Galuh. Wadana sakawan inggih sami nganggé prajuritan kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau, mila boten susah kase [118]butaken amurih énggaling cariyos, para prajurit inggih sampun sami mirantos sadadamelipun piyambak-piyambak, lajeng nabuh tengara: bidhal, orêg Jin ingkang wonten  ing dharatan tuwin ing awang-ngawang, gumuruh amor swaraning angin prahara, sarta lésus, rêdi sami mungel gumludhuk jawah awu sarta karikil, tedhuh dhedhet srengéngé boten katingal.

Ingkang sami ngepang: sarêng, mirêng swara ing gegeterri. Sadaya anggraita, dados kapraboning perang. Kyai Satama anabuh tengeraning perang. Orêg tiyang sapabarisan nanging boten wonten uninga ing mengsahipun namung mireng swara kémawon, lajeng sami ngawur perang garubuh. Ngandhap nginggil sami dipun sanjatani, kajeng ageng: tuwin séla ageng, péréng grumbul sami dipun gepyokki utawi dipun waosi. Ingkang uninga ing lelembat namung Kyai Satama. Mengsah: konca: sampun tangled ramé swaranipun gumuruh, amor kaliyan swaraning angin prahara. Bumi kados ginonjing. Jawah kariki sarta séla: boten pegat, yén katingal mengsahipun amesthi sakalangkung saking ramé: tiningalan pratingkahing perang. Boten kendhat anggénipun nyanjatani, nanging awur-rawuran kémawon, namung Kyai Satama: ingkang anindhihi baris uninga ing lelembat, mila Jin Peri: Parayangan punapa déné parayangan dhedhemit sami ajrih dhateng Kyai Satama. Mengsah ingkang wonten ing dharat kathah kabujeng déning Kyai Sa [119]tama. Mengsah ingkang wonten ing nginggil sami andhawahi séla kados gerimis nanging boten wonten  ingkang ajrih, sabab sampun sami naté dipun entebi ing séla, sarta sampun sami winulang aji pangampang – ngampangngan dhateng Kyai Satama. Namung séla lan karikil alit-talit yén angéngngingi: karaos sakit, tiyang ing Bojong sami bingung kadhawahan karikil saking derêsipun, Dhemit Peri: Parayangan ambubujeng tiyang ing Bojong, sami lumajeng, ngungsi: dhateng Kyai Satama. Kyai Satama ngamuk, ingkang sami ambubujeng: wangsul ajrih. Kyai Satama tumenga. Ingkang wonten ing nginggil sami ajrih. Punika pratandhanipun tiyang linuwih. Lajeng kasapih ing dalu, perang kéndel, Jin Peri: Parayangan ing dharatan tuwin ing awang-ngawang dalu sami suka-suka agamelan sabab mentas perang.

Tiyang ing dalu sami dhedhep, Kyai Satama kaliyan ingkang éstri sami pitekur. Ingkang kacipta: amung Gusthinipun déné boten wonten rawuh. Kyai Satama wicanten salebeting manah, kuwat pira awakku wong siji, lan aku dudu turuning Rathu. Dadi ya mati: urip yén ditindhihi ing Gusthiku. Mungsuh iki lagi Jin rucah baé: samané boboté. Prajurité kang sekti-sekti durung metu, kéhé wolungatus, yén iku metuwa: sapa réwangku nadhahi.

Sampun rahinten, Jin sami anabuh tengara. Tiyang animbangngi nabuh tengara. Sampun sami ajeng-ajengan Jin kaliyan ti [120]yang. Nanging tiyang manahipun sami ajrih. Taksih sami kanji, kalanipun kabujeng ing mengsah, boten katingal sami angrutuggi karikil mila sakathah ing tiyang sami kawus sadaya. Namung anak putunipun Kyai Satama: ingkang sami uninga dhateng Jin Peri: Parayangan.

Salaminipun bala tiyang sami perang, Prabu Banjaransari aningali saking katebihan, ananging sakathahing tiyang sami boten wonten uninga dhateng Prabu Banjaransari. Ing ngriku lajeng angatingal jumeneng wonten ngajengngipun Kyai Satama. Sarêng Kyai Satama tuwin Nyai Satomi sumerêp lajeng sami nyungkemi sampéyan, kalih-kalihipun sami anangis: Gusthi, kawula ngunjukkaken tiwas, abdi dalem risak sadaya, Prabu Banjaransari angandika, Ingsun wis uninga, yén bocah Ingsun akéh rusak, ing saiki Ingsun paringi sarat arupa banyu. Iku padha sipatna marang sakéhing kawulaningsun kabéh, supaya padha weruha marang mungsuh, isarat sampun tinampén dhateng Kyai Satama. Sawarninipun tiyang sami dipun sipati sadaya, lajeng sami uninga dhateng mengsahipun, jin Peri: Parayangan sadaya sami katingal déning bala tiyang. Sadaya sakalangkung suka. Kyai Satama lajeng nabuh tengara. Gumuruh swaraning tiyang, sami bingah-bingah, boten wonten angraos ajrih, alok-alok manahipun sami pulih, malah sangsaya wewah kapurunani [121pun, gumrubyuk sarêng ngangseg, sampun tangled Jin kaliyan tiyang, kados saganten perang, gumulung uleng-ngulengngan suduk-sinuduk perang-pinerang. Yén kéngingnga ing pejah, lelembat kathah ingkang pejah. Saréhning lepat ing pejah, dados namung sami kataton, sadaya lumajeng giris, Jin ingkang wonten ing dharatan sampun sami giris, namung Jin ingkang wonten ing awang-ngawang: sami nepsu. Sangsaya kathah ingkang dhateng, swaranipun anggegeteri. Ing awang-ngawang kebek déning bala Jin boten kados mendhung. Lésus ngidid awor pedhut, peteng sanalika kados tengah dalu. Mengsah kaliyan réncang piyambak kathah ingkang kalintu, awit saking petengngipun, sami gagap ginagap, jawah sangsaya derês awor jemparing séla. Rathuning Jin sami ngabani bala, angrutug séla saking nginggil, bingung bala tiyang, pating sulayah, kathah susah dhawahan séla.

Prabu Banjaransari sakalangkung ngerês ing galih, aningali bala kathah risak, lajeng sidhakep asuku tunggal anutupi babahan nawa sanga, mandeng tuntungnging grana, sarta amatak aji Panjenengngan tuwin pangédhepanipun sakathahing dhedhemit Jin Peri: Parayangan tuwin sakathahing sato kéwan, boten antawis dangu katarimah ing Déwa. Prabu Banjaransari lajeng tumenga ing nginggil kupingngipun kados pinetik, sadaya sami dhawah ing siti. Wonte [122]n ingkang anggebyur saganten, wondéning ingkang wonten ing dharat sami lumajeng niba tangi, ngungsi ing guwa. Wonten ingkang ngungsi sapucakking rêdi. Pangraosipun kados dipun sanjatani, tuwin dipun pedhangngi. Wonten ingkang lémpoh. Sirna lelembat ingkang sami wonten ing awang-ngawang, srengéngé katingal mantu peteng, sampun padhang kados ing wau. Para Rathuning Jin sami boten kikilapan yén wonten panjengngan Rathu enggal sarta sami ningali cahya wonten jajanipun Prabu Banjaransari mancur amadhangngi jagad, para Rathuning Jin sami boten wonten kikilapan yén ingkang katingal Gusthinipun lami. Para Rathuning Jin Peri: Parayangan sami lumajeng dhateng ngarsanipun Prabu Banjaransari, sarta angabekti, anyungkemi sampéyanipun, sami boten wonten kuwawi ningali cahya. Para Rathuning  Jin balerêngngen sadaya, Prabu Banjaransari angandika, kabéh Rathuning Jin Peri: Parayangan apa déné Rathuné dhedhemit, apa sira ora samar marang Ingsun yén Ingsun iki Rathuning Rathu Jawa, wahyuné panjenengngané  Êyang-Êyang kang dhingin-dhingin wus ana ing Ingsun, sarta Ingsun wus  awéh pratondha marang ing sira kabéh, para Rathuning Jin Peri: Parayangan sadaya sami munjuk: kawula nuwun Gusthi, abdi dalem saéstu boten samar. Panjenengngan dalem Gusthi kawula lami, ingkang andarbéni rat Jawi sadaya. Satedhak-tedhak dalem sami amengku tanah Jawi, ngantos dumugi ing Mathawis ing [123] salajengngipun, abdi dalem sami angabdi ing sangandhaping sampéyan dalem, ing mongsa punika abdi dalem sadaya: pejah gesangnga: inggih manut ing sakarsa dalem, ing nalika punika sakathahing tiyang sami uninga dhateng Jin Peri: tuwin Parayangan punapa déné nagari ing Galuh sampun katingal déning sakathahing titiyang, awit sampun mantun kineker ing Déwa. Kithanipun sakalangkung wiyar aradin sarta katingal pinten-pinten ingkang sami pacak baris, tiyang ingkang sami pejah wonten ing paprangan punika saéstu yén boten pejah, sami ngalih dhateng ing Galuh, utawi tiyang sakiwa tengenipun ingkang sami pejah kalap binekta saraganipun sami wonten ing kitha Galuh. Mila sakalangkung gemahipun, déné ingkang anyéna pathéni baris Raja Patih Genawati. Ingkang dados pangajengnging baris Rêtna Sura Déwati, kaliyan Rêtna Déwati. Panjawat ingkang tengen Rêtna Déwi Kanakawati. Panjawat ingkang kiwa: Rêtna Déwi Asmarawati. Ingkang dados dhadha: Raja Patih Genawati.

Prabu Banjaransari saweg miyos, bala tiyang: utawi Jin Peri: Parayangan tuwin dhedhemit sami sowan, upacara karaton tuwin makutha: agem sarta kaprabon paparingngipun ingkang Êyang: sami kawedalaken sadaya. Ing nalika punika karsa amangun jumenengngan natha, sarta anggenah-genahaken ingkang para abdi. Kathah ingkang sami jinunjung saking ngandhap sinengkakaken ing ngaluhur. Wondéning ingkang dados Papa [124]tih: inggih lastantun Kyai Satama. Anakkipun jinunjung dados Adipati, wasta Raja Patih Bojong Lowong. Adhinipun inggih jinunjung dados Adipati, wasta Dipati Mesir. Dénten ingkang sami wonten  ing ngarsa dalem Adipati ing Pajajaran Tumenggung ing Sancang: Tumenggung ing Cipalih, nama Tumenggung Dwija Wara, Adipati ing Tharaju: Ronggo ing Timbang Nganten Adipati ing nagara: Rongga ing Rémaka, nama Rongga Kadung, Arya ing Parakantiga: Tumenggung ing Kandhang Wesi: Adipati ing Pawenang: Rongga ing Taman Ngabéi ing Pangkalan Adipati ing Laga: Adipati ing Cirêbon Ngabéi ing Maja: Tumenggung ing Gunung Lincis nama Tumenggung Jigjawara, jujuluk Jaya Sudira, Pangéran ing Sumedhang: Kandhuruwan ing Medhanglarang: Adipati ing Bogor: Adipati ing Limbangan Arya ing Batu Layang: Tumenggung ing Batu Wangi: Adipati ing Pakuwan Adipati ing Pugeran Arya  ing Suci: Tumenggung ing Séda Padang: Adipati ing Madya Sukasma: Rongga ing Sumampir: Demang ing Methu: Rongga ing Kélu: Ngabéi ing  Jeksa Gantungan Adipati ing Kancana: Tumenggung ing Ngrenurat Sénapati ing Karang, nama Adipati Mudhik Bathara, Arya ing Kurumaka: Adipati ing Ngukur: Kandhuruwan ing Wanasaya: Adipati ing Sokawiyana: Rongga ing Piyambang: Arya ing Cipaku: Adipati ing Raja Polah: Pangéran Adipati ing Mamenang: Adipati ing Mendhala: Adipati ing Kuningan Demang ing Pasir: Ngabéi ing Saong Gantungan Kandhuruwan ing Babakkan Ronggo ing Wanajalu: Ngabéi ing Aji Barang: Rongga ing [125] Kawaton Ngabéi ing Babagan Adipati ing Midhang Larang: Radén Rongga ing Lopasir: Tumenggung Panyaran Pangéran ing Sumedhang Kilangan Adipati ing Ciyamis Adipati ing Sokapura: Sang Raja Mantri ing Thingkas Adipati ing Rawang: Tumenggung ing Parakan Muncang: Demang ing Cigalih: Sang Jigjawara ing Cigao: Demang ing Thegal Kapasan Demang ing Presi: Tumenggung ing Thegal Koripan Pangéran ing Jakartha: Pangéran ing Banthen Adipati ing Ciyanjur: Rongga ing Pamulur: Adipati ing Banyumas nama Banyak Widhé, Arya ing Pasir: Ngabéi ing Mardén nama Arya Banyak Patra, Tumenggung ing Ngayah: Ngabéi ing Dhaya Luwur: Adipati ing Pring Tulis Adipati ing Pring Tutul nama Banyak Bakung, Ondha Moi ing Salinga, sampun pepak sadaya, sarta sakathahing Bupati wétan kilén tuwin tengahan, punapa déné pasisir lér: pasisir kidul boten wonten ing kantun, jejel titip pepak ing pagelaran, saréhning wonten panjenengan amangun karatonipun, sakathahing Tumenggung: Bupati: Ngabéi: Rongga: ingkang sami mengku nagari, punapa déné ingkang nama Dipati, sadaya  wau sami kapinta-pinta, sarta kaparingan wadana piyambak-piyambak ingkang angeréhaken, panjang yén kacariyos.

Prabu ing Galuh Natha Déwi Suprabawathi sakalangkung prihatos awit kasoran prangngipun. Bala Jin Peri: Para [126]yangan Dhedhemit sampun sami nungkul  dhateng Prabu Banjaransari. Karsanipun Sang Natha Déwi: badhe anyarirani perang. Para prajurité éstri sampun sami dandos sakapraboning perang. Ingkang wonten ing ngarsa dalem Raja Patih Genawati. Wadana sakawan lenggah wingkingnging patih. Natha Déwi angandika dhateng Raja Patih, yayi Prabu: kapriyé musuh iki, déné angrebda: sangsaya ngombra-ombra. Prabu Banjaransari misiwur: yén digdaya sekti mondraguna. Rathuning Jin Peri: Parayangan Dhedhemit wus padha nungkul asuwita, sarta wus padha anganggep marang karatoné. Kang dadi pangunguningsun iku yayi, déné ana ipén terus lan riwayat, sabab riwayaté Kangjeng Êyang, nagara ing Galuh iki Ingsun mung derma tunggu baé, sing duwé méh teka. Kang kalebu ing riwayat iku: yayi, manawa mungsuh kang teka iki. Amung kang dadi panasing atiningsun déné ora ana tembungngé marang Ingsun, beneré: yén dhasar nyata dhéwékké kang anduwéni tanah Jawa, apamanéh bakal ngenggoni nagara ing Galuh, duwéya pitepung marang Ingsun kang karana becik, kang iku: yayi: pikirên mungguh lalakon iki, apa Ingsun becik nungkul anuhoni riwayat apa mapag perang, Raja Patih Genawati matur anyembah, kawula nuwun, manawi  ingkang kapanggih ing pamanahipun abdi dalem prayogi methuk perang, dados sanungkul manawi sampun kasor saking perang. Sokur manawi panjenengngan dalem saged unggul, samangsanipun déréng methuk pe [127]rang: lajeng nungkul misuwuripun ing nagari sanés sanget nistha, sabab kasektén tuwin kaprawiran dalem saabdi dalem sampun misuwur ing jagad Jawi sadaya. Ing mangké kadhatengan ing mengsah: déréng bocok sarta déréng ngabruk lajeng teluk kados punapa ucapipun ing sanés, Natha Déwi angandika, iya bener aturira. Ingsun iya uga kaya karêpira mengkono. Yayi Déwi papat iku: kapriyé mungguh pikirira. Apa sira padha angrujukki pikiré bok ayunira iku, Wadana sakawan sarêng munjuk anyembah, kawula nuwun, abdi dalem inggih sami anyuwawéni sadaya, Natha Déwi angandika, Ingsun angidéni. Muga padha tinetepna ing kaantepanira anglabuhi nagara. Nanging padha di ngati-yati, Raja Patih nyembah munjuk: inggih, mugi-mugi abdi dalem sami angsala pangéstu dalem, Raja Patih Genawati sakancanipun Wadana sakawan sami mundur saking ngarsa dalem lajeng medal amatah-matah bala, sarta sampun sami nganggé prajuritan lajeng bidhal, sarêng dumugi sajawining kitha, mengsah ingkang sami ngepang kitha: ubek sami anyandhak dadamel lajeng nabuh tengara mapag perang. Untabing bala akethén, sampun ajeng-ajengngan kaliyan mengsah, lajeng perang garubuh. Mengsah tuwin réncang boten wonten ngraos ajrih, sami angatingalaken kapurunanipun mila sakalangkung déning ramé. Pra [128]jurité éstri ing Galuh, tuwin Raja Patih Genawati, sarta Wadana sakawan sami angantep ing prang, angatingalaken kaprawiranipun, tiyang kathah karisakkan, Mantri: Bupati: sami susah, tuwin Kyai Patih sanget prihatosing manah, aningali bala alit sami karisakkan, kasaput ing dalu, lajeng sami mundur amasanggrahan, bala tiyang dhedhep sami prihatos, Kyai Patih ing ngandikan lumebet ing pasanggrahan dalem sarta para Bupati: Tuwin Mantri: sadaya sami sowan ing ngarsa dalem, Kyai Patih lenggah ing ngarsa tumungkul, Prabu Banjaransari angandika, kapriyé: bala: anggonira padha amapag perang. Apa pawartané ing paprangan ing sadina mau, Kyai Patih nyembah munjuk: kawula nuwun Gusthi, abdi dalem ngunjukkaken tiwas awit ing sadinten wau abdi dalem kathah ingkang tiwas sabab prajurit ing Galuh sadaya sami sekti-sekti. Ingkang nindhihi: Raja Déwi Genawati. Abdi dalem sadinten dipun amukki, boten wonten saged kawal, Sang Prabu angandika asemu gujeng, déné prajurit mung wolungatus bisa ngrusak wong pirang-pirang kethi. Yén mengkono: Bapa, sésuk Ingsun bakal miyos ngawakki perang, sabab iku dudu mungsuhira. Ingsun dhéwé kang mapag perang.

Kacariyos Natha Déwi ingkang mentas menang perang, ing dalu akasukan kaliyan Raja Patih Genawati, tuwin kaliyan Raja Wadana, sarta para prajurit ingkang samimentas saking paprangan, [129] sadaya pepak wonten ing ngarsa dalem, bale sawo mungel angrangin boten mawi tinabuh mungel piyambak, kados mungel ing awang-ngawang, prasasat gamelan ing kaéndran, Natha Déwi angandika, kapriyé: yayi Déwi: mungguh boboting perang, apa abot apa lumrah baé. Déné kapati-pati temen oléhé arêp mengku tanah Jawa, Rêtna Sura Déwati munjuk sarwi anyembah, kawula nuwun, ingkang nama bala alit inggih saéstu sami kendel teguh rosa sekti. Ananging abdi dalem taksih déréng wonten ulap, duka dalem ingkang nama Prabu Banjaransari, manawi angungkuli tiyang kathah, Natha Déwi angandika, Ingsun ing bésuké asuk bakal miyos ngawakki ngantep perang. Ingsun papaggé padha siji kang jeneng Prabu Banjaransari. Kaya apa rupané: déné ora kajamak-jamak temen, Natha Déwi kondur angadhaton lajeng dhateng sanggar langgatan karsa amuja semedi. Raja Patih Genawati andhérék dhateng sanggar langatan, para Wadana tuwin para prajurit sami bibaran, Natha Déwi kaliyan Raja Patih Genawati sampun sami tindak badhé mumuja. Dupa kumutug sundhul ing langit, ingkang cinipta: namung dhateng ing kamuksan awit sampun judheg ing galih, karatonipun sampun kamanusan, rumaos sariranipun camah, mila sanget muwun salebeting galih. Ingkang sinuwunan tulung: namung Sang Bathara. Osikki galih: mugi dipun uninga [130]kna dhateng ingkang badhé mengku rat Jawi. Kadhatengna ing ngarsanipun.

Sang Prabu Banjaransari ing dalu lenggah piyambak tansah ngeningaken galih. Sanalika Natha Déwi katingal sasolahipun anggénipun amuja semedi kaliyan Papatihipun wonten ing sanggar langatan, Prabu Banjaransari gumujeng ing galih, mirsa sasolahipun Natha Déwi, utawi mirsa saciptanipun, Sang Prabu lajeng tedhak kadhérékaken  ing panakawanipun kakalih, lumebet ing kadhaton Galuh, anjujug ing sanggar palangatan amimindha Déwa anedhakki Natha Déwi kaliyan Raja Patih ingkang saweg mumuja. Prabu Banjaransari pinarak ing dhampar kancana, wonten wétan lajeng mangilén, ing sanalika Natha Déwi kagét sarta binawur tingalipun, Prabu Banjaransari kagalih: yén Déwa sayektos, Prabu Banjaransari alon anggénipun angandika, apa mulané: Nini: sira muja semadi. Apa kang sira jaluk, arêpa mukti, sira wus dadi Rathu, amengku jagad Jawa, kédhep sakéhing kumelip, Jin Peri: Parayangan apa déné Dhédhémit padha suwita ing sira. Arêp sugih, sira wus sugih. Arêpa digdaya, sira wus angluwihi, sajagad ora ana madhani. Cacadira mung sawiji: Nini, éman néman warnanira, déné sira jumeneng Rathu sangar, tegesé, sira ora duwé laki. Iku dadi sangaring nagara. Poma [131]-poma: Nini, sira lakiya, pesthi karta nagaranira, Natha Déwi nyembah matur, pukulun ingkang dados osikking manah kawula: kados-kados panjenengan tuwan boten kikilapan sarta panjenengan tuwan wening anyampurnakna, iya bener: Nini, aturira iku. Patakoningsun kang akéh-akéh iki: amung angramékaké anggoningsun lulungguhan lawan sira. Ananging anggoningsun gawé bebeneran, ing saiki sira lakiya, Natha Déwi nyembah, pukulun kawula boten kadugi, ingkang kados pangandika tuwan punika. Sabab kawula déréng gadhah kaniyatan imah-imah, kang mindha Déwa ngandika, yén mangkono: apa sira ora ngéman marang negaranira, dadi nagara sangar, manggung gégér ura-ura, Natha Déwi matur malih, pukulun sanajan dados nagari sangar, inggih kajengipun, sanajan tuwan aben prang tandhing kaliyan mengsah: kawula boten gumingsir, ingkang mindha Déwa ngandika, iku aja mangkono: Nini. Becik turuten pituturingsun iki, Natha Déwi ngandika salebeting galih, iki Déwa apa, déné sembrana temen, lajeng matur, pukulun mugi lepata ing ila-ila. Kawula kami purun matur ing tuwan sinten nama pukulun, ingkang mindha Déwa ngandika, yén sira ora sumurup marang Ingsun Déwa linuwih, ora ana kang mamadha. Jenengingsun Sang Hyang Daniswara, Natha Déwi mésem salebeting galih, [132] kawula déréng mirêng Déwa ingkang nama Daniswara, ingkang mindha Déwa gumujeng sarwi ngandika, Ingsun iki Déwa sengkan anyar. Layak yén sira durung ngrungu. Kang mau Ingsun iki Rathu linuwih, banget anggoningsun tapa amatiraga, pamendengngingsun tan ana liyan amung marang kamuksan, déné nagariningsun tanah ing Keling, jenengngé kang Ingsun kadhatoni: ing Mendhang Paramesan, mungguh tapaningsun mau, katarima déning Sang Hyang Shiwah. Ingsun sinendhal mayang, ginawa marang kaéndran dikarsakaké dadi gegeneping Déwa ing Suralaya. Mulané Ingsun tumurun di utus marang Sang Hyang Girinatha, andikakaké nuruni oléhira muja semadi, Natha Déwi nyembah matur, manawi parêng ing karsa tuwan mugi ngatingala sakedhap, kawula badhé uninga dhateng tuwan, ingkang mindha Déwa ngandika, putuningsun aja dadi atinira, Ingsun ora kena ngaton, sabab Sang Hyang Girinatha ora nglilani, Natha Déwi Matur, pukulun ingkang dados manah kawula, aprakawis lampahan kawula, anggén kawula tetengga nagari ing Galuh, rumaos badhé kapinten, sabab ingkang kagungan lami temen boten rawuh, mongsa sapunika kawula sampun kamanusan, jangjinipun ing riwayat nagari ing Galuh: manawi sampun katingal ing tiyang, inggih punika rawuhipun ingkang kagungngan, ing mangké sampun kalampahan, nagari ing Gauluh sampun kauningan ing tiyang. Ingkang kagungan meksa déréng rawuh. Punapa [133] boten welas dhateng kawula. Yén rawuha ingkang kagungan nagari, kawula boten kedah jumeneng Natha, kawula badhé nyuwun pamit angupados wekasaning tumitah, ingkang mendha Déwa gumujeng sarwi ngandika, aja sira agé-agé tingal nagarinira: Nini. Éman karatonira, Natha Déwi nyembah matur, mila kawula badhé séléh karaton Êyang, kawula badhé mantuk dhateng kalangengan kapéngin dados Déwa, boten wonten ingkang purun, ingkang mindha Déwa ngandika, sanajan ing mangko: sapa kang wani marang sira. Natha Déwi matur, ingkang nama Prabu Banjaransari. Punika ingkang purun dhateng karaton kawula, sanget anggénipun apeksa badhé jumeneng Natha, angendhih karaton kawula ing Galuh. Mila sanget karaosing manah kawula, tegesipun kawula sampun boten kajén, yén rawuha ingkang kawula ajeng-ngajeng, kados-kados boten wonten ingkang purun dhateng karaton kawula, ingkang mindha Déwa ngandika, sapa: Nini: kang sira arêp-arêp, Sang Natha sendu matur, mongsa kawula ngantos-ngantosa dhateng Êyang Déwa. Ingkang kawula ajeng-ajeng: wayah tuwan lami kawula piyambak, kawula punika muja semadi temen-temen wekasan katurunan Déwa boncol, mongsa tuwan malatana, Déwa rêmen gumujengan, tuwan kondur dhateng kahyangan sampun dangu-dangu wonten ing pamujan kawula, ingkang mindha Déwa ngandika, kapriyé: putuningsun, yén mang [134]kono: sira iku ora anarima marang lakuningsun anggoningsun teka ana ngarêpanira iki, diutus ing Sang Hyang Girinatha, andikakaké nuruni anggonira muja semadi, mongka ing mangko sira oso-oso. Anggur Ingsun muliha marang sawarga. Dadi Ingsun rada kaduwung, déné anuruni wong kerêng mangkono. Idhepa: yén sira bengis mangkono, pesti Ingsun ora gelem diutus nuruni sira, Raja Patih Rêtna Déwi Genawati anyambungngi atur, pukulun sampun énggal putungan galih, sabab sampun limprah éstri cekak budinipun, ingkang mindha Déwa boten amangsuli, Raja Patih wicanten salebeting manah, apa sida kondur marang Kahyangan déné ora ana bawané, lajeng ambesmi dupa malih. Kukusing dupa kumelun angebekki sanggar langgatan, ingkang mindha Déwa dhateng malih, anjujug ngajenganipun Patih Genawati, ana apa: putuningsun déné Ingsun wus mulih sira undang maneh, Raja Patih Genawati matur anyembah, mila kawula aturi wangsul Êyang, tuwan sampun sembrana, ngandikaha ingkang sayektos, ingkang mindha Déwa ngandika, Ingsun iki wus dicacad marang Prabu ing Galuh, diarani Déwa boncol mulané banget laraning atiningsun, Ingsun arêp mulih marang Kahyanganingsun ing kaswargan, Raja patih Genawati matur, sampun tuwan énggala kondur: Êyang. Kawula badhé matur ingkang sayektos, ingkang mugi Kangjeng Êyang a [135]njarwanana ingkang sayektos, kados pundi menggah lalampahan punika, ingkang mindha Déwa ngandika, iya: Ingsun gelem tutur. Ananging sira aja kerêng-kerêng. Lan Ingsun anjaluk ujani. Yén Ingsun goroh: tagihen, déné kang sira arêp-arêp iku: satemené ing mangko wus teka, malah ing saiki wus ana sajroning kadhaton Raja Patih Genawati matur malih, kinten-kintenipun benjang punapa anggénipun katingal, ingkang mindha Déwa ngandika, sanajana ing samangko: yén sira arêp weruh: iya bisa katemu. Ingsun bisa nemikaké padha saiki, samangsané sira wis awéh ujani, Raja Patih Genawati matur, ujaninipun punapa: Éyang, ngandika ingkang mindha Déwa, ujaniné amung ali-yalinira, matur Raja Patih Genawati, sanésipun supé punapa boten kénging, ingkang saupami ujani warni yatra: utawi emas sosotya, ingkang mindha Déwa ngandika malih, yén sira temen-temen arêp katemu lan kang bakal madeg Rathu, yén ora ngujanani aliyali nira: amesti ora katemu, lan lawas ora teka-teka, sabab jangjiné nganggo aliyali, Raja Patih Genawati Matur, pukulun inggih sumongga: supé kawula katura minongka ujani. Saking kapéngin kawula uninga dhateng ingkang darbé nagari, kados punapa warninipun, déné ngadi-ya [136]di temen sarta anéh temen pupundhutanipun, yén boten mawi ujani supé: boten purun ngatingal, ingkang mindha Déwa ngandika, iya: putuningsun Genawati, ujaninira uwis Ingsun tarima, sarta Ingsun anekséni, Raja patih matur malih, kados pundi: Éyang: anggén kawula uninga dhateng ingkang darbé nagari, ingkang mindha Déwa ngandika, yén sira temen arêp weruh, sésuk samangsané Natha Déwi Suprabawati metu ing paprangan sira  miluwa angiring-ngiring marang Rathunira. Pasthi sira banjur katemu lan kang sira arêp-arêp iku. Ananging aliyalinira Ingsun pilihi, endi kang patut dadi ujani, Raja Patih Genawati angaturaken susupé, sumongga: Éyang, sakarsa tuwan, supé sampun tinampan ingkang mindha Déwa, sarta Raja Déwi Genawati pinjet darijinipun, Sang Rêtna nyendhal asta sarwi ngandika, nyata yén Déwa boncol, ingkang mindha Déwa ngandika, aja dadi atinira: Nini. Ingsun anjaluk apuranira. Anggoningsun nampani kaliru, punapa Éyang gerah maripat déné boten uninga ing dariji, ingkang mindha Déwa ngandika malih, satemené dhasar Ingsun jarag Nini. Sabab saka ing rumesepingsun angajak guguyon lan putuningsun, wus sira padha kariya: putu. Ingsun mulih marang Kahyangan, amung padha digedhé pangapuranira, ingkang mindha Déwa sampun musna. Ingkang kantun Natha Déwi sarta [137] Raja Patih Genawati sami sakalangkung éramipun déné atamuwa Déwa mencul, sadalu boten angsal saré, énjing Natha Déwi karsa miyos saking paprangan adhawah ngungelaken tengara. Prajurit sampun sami dandos sakapraboning perang. Ing jawi jejel Bupati: Mantri: Demang: Pecantondha: Pandeleggan, Sang Natha Déwi saweg angagem-agem cara kakung, sarta angagem makutha, jamang susun tiga, kancing gelang mawi rérékan garudha majeng: mungkur, mawi anting-nganting: kelat bau: bigel kana, ababadhong sungsun pitu, angagem pamekak sarta pending, rasukanipun dhapur onta kusuma, lancingan rangkep pitu, sadaya baberkatan paparinging Déwa. Wondéning ageman-ageman ingkang warni makutha, tuwin jamang: binggel anting-anting: badhong: kelat bau: sapanunggilanipun sadaya wau, sami tinarétés ing sosotya, sinilih asih ing mirah nila widuri. Panjang yén kacariyosna. Raja patih Genawati inggih ugi nganggé-anggé cara jaler, barang panganggé kambar kaliyan Sang Natha ing Galuh. Yén tiningalan barang solah bawanipun sampun kados tiyang jaler. Sasampuning dados Natha Déwi lajeng yosa ing sitinggil, para abdi ageng alit sami sowan, Raja Patih Genawati lumampah wonten ing wingking dalem, upacara tuwin ampilan ingkang nama baberkatan medal sadaya, Natha Déwi sampun pinarak ing dhampar kancana, wonten ing bangsal witana. Raja Patih Gena [138]wati wonten ing ngarsa dalem, Wadana sakawan lenggah sawingkingngira Raja Patih. Sang Natha Déwi angandika dhateng Raja Patih Déwi Genawati, yayi Prabu Déwi: karsaningsun aja ana metoni ing paprangan padha menenga baé, katono wedi marang mungsuh. Mungsuh Ingsun purih galak supaya padha tekaha ing alun-nalun, yén wus teka ing alun-nalun Ingsun papaggé perang padha siji kang jeneng Banjaransari, tandhing sekti lan kaluwihan, Ingsun durung ulap, Raja Patih Genawati tuwin para Wadana sakawan sami nyembah munjuk: kawula nuwun Gusthi, sampun énggal panjenengan dalem nyarirani perang. Manawi abdi dalem déréng wonten ingkang pejah. Bilih sampun lebur luluh abdi dalem pun Genawati tuwin para Wadana, punika sumongga sakarsa dalem, Natha Déwi ngandika, yayi Déwi kabéh: Ingsun tarima prasetyanira ing Ingsun.

Ingkang kacariyos Prabu Banjaransari, miyos sinowan ing para abdi: pepak andher ing ngarsa. Kyai Patih wonten ing ngarsa dalem, Sang Natha sakalangkung ngunguning galih, awit risakipun ingkang abdi prajurit, karsanipun badhé nyarirani perang, cipta badhé males adamel risak, sampun angagem prajuritan, baberkatan saking ingkang Éyang Natha Shindula kaagem sadaya. Punika sami wasiyaté dhak tumedhak saking Natha ing Ngasthina, Kala Dananjaya ginanjar déning Bathara Wisnu, awit amejahi Prabu Newata Kaca. Maku [139]tha: jamang: anti-nganting: bingel kelat bau, badhong: sapanunggilanipun sadaya: saking Déwa. Ing mangké dipun agem sadaya, lajeng anabuh tengara: bidhal bala ing ngajeng. Ing wingking taksih ambarubul kados sulung, sami surak-surak kados angrebahna rêdi sayuta. Prabu Banjaransari amungkasi ing wingking. Kyai Patih boten tebih. Ingkang baris ing lebet sami dhedhep boten wonten banenipun katingal kados kasusahan, mila mengsah sangsaya ngangsek sami lumebet ing alun-alun sarta sami anantang bala ing lebet kapurih medal lan ing paprangan, Déwi Sura Déwati boten betah mirêngngaken susumbaring mengsah. Wadana amber babak, dhasar putri wanter, digdaya ing paprangan. Buwana pamit ing Sang Natha. Natha Déwi angidini, yayi: dén ngati-yati, Rêtna Sura Déwati munjuk: langkung kapundhi. Ingkang kawula ésthi: namung pangéstu dalem, lajeng nyembah mundur sakancanipun, Wadana sakawan lampahipun sami dharat, tumpakkanipun sami katuntun ing gamel éstri. Sarêng sampun tebih kaliyan pinarakanipun Sang Natha, Rêtna Sura Déwati  sakancanipun para Wdana lajeng numpak kapal sami anggéndhong-éndhong, sarta anyepeng lawung, Rêtna Sura Déwati susumbar, iki babandhéngngé nagara ing Galuh. Sapa kang padha arêp mati: mapagna ing tandingku. Nanging aja ana genti mara, padha barêngnga mara, Adipati Banyak Widhé ing Thoyamas akaliyan adinipun nama Banyak Supa [140]tra: Tumenggung Surabraja: Tumenggung Sokapura: boten betah mirêngngaken susumbaripun Rêtna Déwi Sura Déwati, lajeng sami numpak kapal medali ing paprangan sarwi susumbar, mayo, ing kéné  dak tadahi padha prawira. Aja ana oncat, Rêtna Sura Déwati ngandika, nganggo kakéhan calathu si asu. Mara: rikat numbakka, dak tadhahi, Banyak Widhé lajeng anumbak, lawungipun ginebang dhateng Rêtna Déwati kasingsal, numbak malih meksa boten angsal, Banyak Supatra numbak saking tengen ginebang kontal, Tumenggung ing Sokapura: tuwin Surabraja sami ngrubut anumbakki, ananging boten wonten angsal, Rêtna Sura Déwati sakalangkung saged ing prang, dipun karubut sakawan boten gumingsir, sakawan sami karépotan karinget réwéyan, Rêtna Sura Déwati gumujeng, numbaka kang patitis dak tadhahané ing lambungku. Iki gatel temen, padha tumbakkan wong papat supaya mariya gatel, Dipati Banyak Widhé sakalangkung nepsu, angantepa numbakkipun, sarta tiyang sakawan sarêng anumbakki, Rêtna Sura Déwati gumujeng suka, kapriyé oléhmu numbakki: déné ora ana karasa ing kulit, tiyang sakawan sarêng awicanten: dhemit énggal malesa, Rêtna Sura Déwati mésem angandika, iya: di ngatiyati: asu, dak wales, Banyak Widhé: Banyak Supatra: dipun gebengngi ing  landhéyan sami bingung anggénipun nangkis, Rêtna Déwati tutulung angetab kapal, [141] pinethukaken dhateng Tumenggung ing Sokapura, kaliyan Surabraja. Sang Rêtna kaebut kalih, dipun tumbakki saking kiwa: saking tengen tansah anangkisi. Panumbakkipun sami boten  angsal, Rêtna Sura Déwati dipun ebut kalih. Dipati Banyak Widhé akaliyan Banyak Supatra boten pegat anumbakki. Sang Rêtna tansah anangkiri. Banyak Widhé dipun gebang lawungipun putung dados tiga. Lajeng dipun wales, Banyak Widhé dipun tumbak dhawah ing siti: boten énget lajeng dipun rêbat ing balanipun kabekta mundur. Banyak Supatra sabet nepsu, sumedya males dhateng Sang Rêtna. Tinumbak Sang Rêtna anangkis, Banyak Supatra ginebang lawungipun putung. Sirah ing kapal binuntar kagét anglumbang. Banyak Supatra dhawah saking kapal, sinogok ing tunjung saking sanginggiling kapal, banyak Supatra kempis-kempis boten amut lajeng dipun rêbat kabekta mundur, surak ambal-ambalan, bala ing Galuh sakalangkung bingah. Rêtna Sura Déwati anyiriggaken kapal sarwi susumbar, mayo: metonana ing paprangan sing arêp jumeneng Natha, aja ngadu bala, Rathuné metuwa: dak kembarané padha siji, Rêtna Sura Déwati tansah susumbar, mayo: Banjaransari: metuwa. Éman wong cilik akéh mati.

Prabu Banjaransari taksih pinarak, Kyai Patih ingkang [142] wonten ing ngarsa dalem boten betah mirêngngaken susumbaripun Rêtna Sura Déwati, nyuwun pamit ing Sang Natha, badhé medali ing paprangan, Sang Natha angandika, Bapa: ajasira agé metoni ing paprangan, wruhanira: iki wekasaning perang. Sanajan sira metu: yén barêng lan Ingsun, Kyai Patih nyembah munjuk: Gusthi, sampun panjenengan dalem nyarirani perang, manawi abdi dalem kawula taksih gesang. Kawula dadosa babanten, adhep sungkemipun abdi dalem pun Bapa konjukka ing sangandhaping sampéyan dalem, anjanma akaping séwu, pun Bapa angéstu pada dalem, mila pejahipun pun Bapa konjukka, anglampahi ayahan dalem salebetipun mangun perang punika, Sang Natha angandika, sakéhé prasetyanira: Bapa: Ingsun tarima. Rathu iki abot sanggané, Ingsun duga ora ana kelar bongga, yén ora Ingsun dhéwé. Sabab wus pinesthi ing Déwa, Rathu iki mungsuh Ingsun, sira dén pitaya: Bapa: marang Ingsun, Kyai Patih kaluhuran pangandika, rumaos boten saged mangsuli, wusana andhérék sakarsaning Gusthi. Kyai Patih sampun anyaosaken titihan dalem, kathahipun nenem, sadaya sampun sami dipun kambili. Wastaning titihan ingkang satunggil pun Sukondha, kalih pun Sana Sekti, tiga pun Puspanaka, sakawan pun Tambang Ngarsa, gangsal pun Tambang Warih, nem pun Jayacapa. Wondéning ingkang badhé dipun titihi: pun Séna Sekti. Sadaya [143] wau sami kinarung kémawon, Kyai Patih sampun anabuh tengara. Bala ingkang lumampah ing ngajeng: sampun bodhol, Sang Natha sampun anitih titihan, pun Séna Sekti tansah anyirig, bala ingkang sami kakapalan sadaya wontening ngajeng, sakancanipun Bupati sadaya. Wondéning ingkang wonten ing wingking dalem wau: prajurit lebet pipilihan angamping-ngampingngi Sang Natha. Ingkang sami ngampil-ampil wonten ing ngarsa dalem. Sang Prabu Banjaransari sakalangkung abagus boten wonten ingkang nimbangngi. Manawi dipun sawang saking katebihan warninipun sami kaliyan Prabu Éstri ing Galuh.

Ing nalika punika Natha Déwi Suprabawati taksih pinarak wonten ing sitinggil, Raja Patih Genawati wonten ing ngarsa dalem, sarêng aningali prajurit ing jawi muntab malebet ing alun-alun sarta upacara kaprabon katingal Raja patih Genawati nyembah munjuk ing Natha Déwi, kawula nuwun, panduginipun abdi dalem ingkang majeng punika: Prabu Banjaransari. Sabab upacaranipun dados upacara Kabupatén, paningal kawula: kados upacara kaprabon, manawi parêng ing karsa dalem abdi dalem anyuwun pangéstu dalem kalilana medal ing paprangan methuk perangngipun Prabu Banjaransari, Natha Déwi angandika, yayi Déwi: iya: Ingsun lilani. Ananging sira barêngnga lan Ingsun, karsaningsu [144]n iya uga bakal amapag perangngé Prabu Banjaransari, titihan sampun sumaos ing ngarsa dalem kathahipun pipitu. Wastaning titihan pun Ngronsari: pun Cis Srawa: pun Duksina Geni: pun Sari Wulan pun Wisnu Murti: pun Megantara: pun Ludira. Sampun sami dipun kambili sadaya. Ingkang ngarung: sami gamel éstri. Sadaya wau sami dipun karung kémawon wonten ing ngarsa dalem, ingkang dipun titihi Sang Natha Déwi: Manglar Monga. Punika titihan andel-andel ing paprangngan, Raja Patih Genawati tumpakkanipun sakawan. Wastaning kapal pun Cipta Walaha: pun Surêng Rana: pun Wiragni: pun Puspakala. Sadaya sampun sami dipun kambili sarta linuruban, sami dipun karung ing gamel éstri. Wondéning ingkang dipun tumpakki: Wilmana, Raja Patih Genawati dados titindhih ing prajurit ingkang wonten ing wingking dalem, Natha Déwi sampun miyos saking ing sitinggil dipun garêbek ing punggawa éstri tuwin upacara kaprabon, ingkang celak kaliyan Sang Natha: namung prajurit pipilihan kémawon, Natha Déwi sabalanipun sadaya wonten sakiduling waringin lurung. Prabu Banjaransari sabalanipun sadaya wonten saléring waringin kurung. Ajeng-ngajengngan amung let waringin kurung kémawon, tiyang alit boten wonten majeng perang. Rêtna Sura Déwati tumpakkani [145]pun nyirig, Sang Rêtna onclang lawung sarwi susumbar, endi kang jeneng Banjaransari, apeksa luwih, mayo: metonana, Kyai Patih boten saged mirêngngaken énggal majeng: sakancanipun Bupati: Mantri. Tumpakkanipun Kyai Patih wedalan kuningan angatépang: wedhar: sarta adhéyan, para Bupati: Mantri: sadaya anggarêg Kyai Patih, sami anyanderaken kapal, Rêtna Sura Déwati: sarêng aningali mengsahipun sami majeng, lajeng anyamethi kapal nyander: saparjuritipun sadaya. Sampun kapanggih kaliyan Kyai Patih, lajeng campuh perang ramé. Dangu boten wonten kasoran, Kyai Patih tandhing kaliyan Rêtna Sura Déwati, sami sektinipun, mila sakalangkung ramé. Prabu Banjaransari karsa tutulung, titihan cinamethi nyander dumugi enggénipun Kyai Patih, alon angandika, Bapa: yén  sira sayah: mundura. Ingsun kang ngembari mungsuh iki, Ingsun cobané kaya apa kasekténé prajurit ing Galuh, Kyai Patih nyembah munjuk: kawula nuwun Gusthi, abdi dalem déréng sayah. Manawi samanten kémawon wawratipun prajurit ing Galuh, abdi dalem déréng ulap, Rêtna Sura Déwati, sarêng aningali Prabu Banjaransari, kumepyur semu kasmaran, sakalangkung éram osiking manah, déné bagus temen wong iki, pasang semuné kembar lan Gusthiku Natha Déwi. Pandugaku: wong iki karo Gusthiku Natha ing Galuh tunggal kang nurunaké, Prabu Banjaransari titihanipun nyirig, Sang Natha onclang lawung wonten sa [146]nginggiling titihan, Rêtna Sura Déwati garêgeten anggénipun ningali, kapalipun sinabet lawungngipun kaembat embat, alon anggénipun pitakén: sapa: prajurit jenengmu. Apa kowé iku satriya: atawa Bupati, déné mendhéleng temen nyirigaké jaran onclang tumbak, kaya wong lanang dhéwé. Majuwa mréné dak seseli tumbak wadhukmu. Nanging ngakuwa sapa jenengmu, aja mati tanpa aran, Prabu Banjaransari mésem amangsuli, apa sira pangling marang Ingsun, déné durung lawas kalané katemu ana ing taman Ingsun ubaya lan sira: yayi, bakal anekani pasrah pati urip, mulané ing mengko Ingsun leksanani. Manawa sira arani cidra ing ubaya, Rêtna Sura Déwati sanget nepsu, angembat lawung. Prabu Banjaransari winaos kéngin jajanipun nanging malését kéwawon, dipun kaping kalih: kaping tiga: kaping sakawan meksa boten pasah. Lajeng nyandhak bindi. Dipun bindi wanti-wanti Prabu Banjaransari gumujeng kémawon malah angungudang. Rêtna Sura Déwati kaken manahipun  lajeng nangis, Natha Déwi Suprabawati angandika dhateng Raja Patih Genawati, yayi Déwi: adinira kasoran ing prang. Énggal tulungana, Raja Patih nyembah munjuk sandika, mundur saking ngarsa dalem ginarêbeg ing para punggawa éstri. Tumpakkanipun sami kinarung ing gamelé éstri. Raja Patih Genawati lumampah ing ngajeng, sarwi anoncong jebeng, nyangking sabet su [147]duk, sarêng sampun tebih kaliyan pinarakkipun Sang Natha, gamelé éstri anyaosaken tumpakan. Nanging Raja Patih Genawati boten ajeng numpak kapal lumampah dharat kémawon, apilan wonten ing kiwa: tengen, ing wingking para punggawa sami ngatos satos, lampahipun Raja Patih sampun dumugi ing tengah paprangan, aseru anggénipun wicanten: yayi Déwi, mundura. Dudu mungsuhmu. Iku mungsuhé lan aku, Raja Patih Genawati ngembat-embat jebeng: sarwi asusumbar, mayo: ing kéné prang lan aku. Nanging kowé dén tanggon, Prabu Banjaransari mirsa mengsahipun dharat lajeng tedhak saking titihan, para Bupati dharat sadaya. Sang Prabu Mundhut jebeng kalih sabet suduk, Raja Patih Genawati tansah asusumbar, mayo: Banjaransari ngoré réma, ngagem sondhér garingsing. Alon anggénipun ngandika: sarwi lumampah alon: aja susah: yayi. Ingsun ladéni sakarsanira, jebengngipun cinoncong, sabet suduk cinangking. Sakathahing putri sami kasmaran aningali bagusipun Sang Prabu. Makaten ugi Prabu Banjaransari, kasmaran aningali sasolahipun Raja patih Genawati. Dhasar putri éndah karêngga ing panganggé, sasolahipun amantesi. Sampun campuh perang kalihipun, Rêmen ingkang sami aningali. Watang-winantang, suduk-sinuduk tuwin tinuwek, dangu boten wonten ingkang kasoran, tandhing sami prawi [148]ra. Surak ambal-ambalan, ingkang ningali andongong: éram sarta kuwatos bok manawi tiwas ing salah satunggil, prajurit ing Galuh sadaya pating ngathithit anyandhak dadamel énggal majeng tutulung prang anggarubuh. Para Bupati ingkang sami ngamping-ngampingngi Prabu Banjaransari: uninga yén mengsahipun sami majeng, sumeja anguruggi pepejah. Para Bupati prayitna, lajeng amethukaken perang garubuh. Campuh perang ulet-uletan, sami nyandhak pedhang: towok, sawenéh nyandhak jebeng: sabet suduk, sami ambeksa sasaged-sagedipun, Raja Patih Genawati wicanten: mayo: Banjaransari: padha perang sadhuwuring jaran, aku sayah perang dharat, Prabu Banjaransari alon amangsuli, iya: apa sakarêpira: yayi: Ingsun angladéni, anunten sami mundhut titihan, kalih-kalihipun sampun sami nitih titihan, Raja Patih Genawati tumpakanipun amendhapan, Sang Rêtna onclang jebeng sanginggiling kapal, Prabu Banjaransari titihanipun anyirig, Sang Natha onclang jebeng. Dangu sami ubeng-ngubengan lajeng ambucal waos sami-sami waos malih. Ramé anggénipun perang. Déréng wonten ingkang kasoran, Raja Pati Genawati garêgetan kaken manahipun ajeng anyandhak gada wawrat séwu katos, aseru anggénipun wicanten: Banjaransari: déné ngatiyati. Tadhahana gadaku, Prabu Banjaransari amangsuli, iya: ti [149]bakna: yayi, Ingsun tadhahané, gada dhumawah. Sang Prabu atangkis asta. Titihanipun andheku sarwi mungel, Raja Patih Genawati gumujeng: sarwi wicanten: cilik atiné Banjaransari. Mayo: malesa, gadaku angonen, Prabu Banjaransari amangsuli, yén ana parétahira, Ingsun iya angladéni, lajeng ngawé punggawa. Sampun anampéni wangsit anyaosaken titihan, Sang Prabu salin titihan, titihanipun tansah anyirig mubeng ngiwa: nengen, gadanipun Raja Patih Genawati rinebat sampun kénging. Pangandikanipun Sang Natha, dén prayitna. Sira bakal Ingsun wales anglakoni paréntahira, Raja Patih Genawati anyauri: sarwi atangkis tangan: énggal mara: tibakna, gada dhumawah. Saking sangetipun ing panggada: kapalipun sang Déwi ambruk sarwi mungel, surakkipun ramé. Tiyang ing Bojong lodhang sami angelokaken mati, Natha Déwi Suprabawati kaget mirêng alokking tiyang. Anyana yén ingkang rayi séda sayektos, gugup ésmu duka, mundhut titihanipun Wilmana, kawrat saka praboning prang. Angandika: kalih mrebes mili, adhi Ingsun bélani. Lebur luluh Wilmana. Andedel ing awang-ngawang. Wadana sakawan boten kantun, tiyang ing Bojong Lodhong uninga: yén Natha Déwi sanget duka, sami ébah sadaya: angatos-sato [150]s, Kyai Patih sampun ambek pejah. Para Bupati: Mantri: Demang: Rongga: anglempak dados satunggil, anjagéni sakiwa tengening Gusthi, Natha Déwi tuwin para Wadana sakawan wonten ing awang-ngawang anjawahi jemparing, kumurutug kados garimis, sadaya tiyang ing Bojong Lodhang sami susah kadhawahan jemparing, nanging boten pasah. Sabab sadaya sami teguh-teguh, awit sami kasababan ing Gusthi. Namung Prabu Banjaransari boten kénging ing jemparing. Éwon leksan jemparing boten wonten kendhatipun, para putri pating jarêlih, mayo: Banjaransari: sira malesa, Prabu Banjaransari amangsuli, padha béka temen, iya: di ngatiyati, Ingsun wales, Sang Prabu nyandhak jemparing: amenthen gandhéwa. Jemparing sampun lumepas wedalipun ambarubul warni-warni, pinten-pinten kathi. Para putri kathah kawirangan kénging ing jemparing. Wonten ingkang kasingsal makuthanipun, sawenéh rantas pendingngipun, wonten ingkang sinjangngipun kasingsal, sami kabur-kabur kantun pinjung kémawon, Wadana sakawan sami ambruk ing siti, lara-lara anangis, sosotipun anderwili. Natha Déwi sakalangkung lingsem ningali risakipun ingkang abdi. Salaminipun jumeneng Natha wonten ing Galuh, déréng naté kadhatengan kados makaten, mila sanget duka: akarsa ngantep ing perang. Mundhut titihan salin manglar monga. Sarêng ningali untabing tiyang kathah, manglar monga mungel ngakak wonten ing awang-ngawang, [151] Raja Patih Genawati: sarêng mirêng ungeling manglar monga, lajeng nusul amancal siti dhateng awang-ngawang. Sampun kapanggih kaliyan Rathu Éstri, lajeng wonten ing wingking dalem boten kénging tebih kaliyan Sang Natha, , tiyang ing Bajong Lodhang sami tintrim manahipun awit ningali dukanipun Sang Prabu Éstri, mabur wonten ing awang-ngawang: cat katingal cat boten, Kyai Patih tuwin para Bupati sami maras manahipun, Natha Déwi aseru anggénipun ngandika, Banjaransari: aja sira bungah-bungah. Tadhahana panah Ingsun, yén ora pasah ing panah iki, siro sun guroni, jemparing Wijaya Capa, paparingipun Sang Bathara Surya, sampun wonten ing asta. Raja Patih Genawati nyepang jemparing Konta. Putri kakalih sarêng anggénipun amenthang gandhéwa. Wijaya Capa sampun kainceng: moh ucul Sang Raja Pandhita rawuh ing ngarsanipun sarwi ngandika alon: sira iku arêp apa: Nini, déné anginceng panah. Yén mungsuhmu iku mati: kapriyé dadiné. Weruhanamu: Nini: iya iku kang sira arêp-arêp ing salawasé, dhékkalané sira amuja semadi ana ing sanggar langgatan katurunan ing Déwa. Satemené iya iku kang amindha-mindha Déwa, Natha Déwi ngandika salebeting galih, bener oléhé ora kapénak atiku, déné kena di salimur ing uwong, méndah oléhé anguguyu ing aku, Sang Pandhita angandika malih, Nini, ujaring Déwa ora sisip, ipénira anété [152]si, Sang Pandhita angawé Prabu Banjaransari. Sang Natha malajengngi, lajeng anyungkemi pangkonipun Sang Pandhita. Kalih-kalihipun lajeng sami dipun pangku dhateng ingkang Éyang, pupu ingkang tengen Prabu Banjaransari, ingkang kiwa: Prabu Éstri. Prabu Banjaransari: sarêng aningali Natha Déwi, galihipun kumepyur, kados upaminipun panjang putra dhawah ing séla item, boten paja-paja yén puliha, lajeng binekta kondur malebet ing kadhaton, prajurit éstri sami anggarêbeg ing wingking. Sadaya sami éram aningali perangipun Prabu Banjaransari kaliyan Prabu Éstri, garêgetipun sami adamel marasing manah, awusana: sarêng sampun kapanggih sami celak lajeng sami atut kados sadhérék kémawon, sadaya ingkang sami aningali boten wonten andugi, awit sami boten uningnga dhateng Sang Pandhita wau sadaya boten wonten ingkang uninga, Kyai Patih tuwin para Bupati taksih sami pacak baris wonten ing alun-nalun manahipun sami boten sakéca.

Ingkang kacariyos salebeting kadhaton ing Galuh. Raja pandhita pinarak kaliyan Prabu Banjaransari tuwin Natha Déwi, punapa déné Raja Patih Genawati. Wadana sakawan wonten ing ngajengan, Raja Pandhita alon ngandika, Nini, Ingsun mengko wus anetepi pethékké nagara [153] ing Galuh. Yén wus kawruhan déning uwong, iku nuli ana kang jumeneng Rathu Binathara, angluwihi kéringan ing mungsuh, tekan Jawatha kawengku kabéh, ora ana kang marêngkang, apa déné para Rathu ing tanah sabrang padha teluk angaturi pisungsung. Sarupané kang kumelip padha wedi. Jin Parayangan tuwin Rathuning Dhedhemit padha ngawula kabéh. Lan kang jumeneng Rathu mau: pinethéh krama widadari wolungatus padha ayu-ayu rupané. Awit wus pinesthi karsaning Déwa kang luwih, mulané ing mangko sira séléha karaton marang Prabu Banjaransari. Wruhanira: putu, bésuk sira bakal anurunaké Rathu ing tanah Jawa, turun tumurun ora ana kang nyelani, panjenengngané karaton ing Matharam kongsi tumeka ing jaman akir. Déné putuningsun si Genawati, iku bakal anurunaké lelembut saturun-turuné dadi kanthiné kang jumeneng Rathu. Déné putuningsun si Sura Déwati lan si Rêtna Déwati sarta si Kanakawati utawi Asmarawati, papat iku bakal padha anurunaké prajurit luwih. Iku iya dadi kanthiné kang dadi Rathu. Déné putri Punggawa: iku kabéh bakal anurunaké Mantri: Dipathi. Karsaningsun putu, ing samengko sira Ingsun temokaké lan putu Prabu. Karo si Genawati: tuwin wadana papat lan para Prajurit kabéh: iya padha Ingsun temokaké karo putu Prabu, barêng sadino mengko. Rasané atiningsun wis ora ana kang kuciwa. Rathu bagus kramo oléh [154] Widadari ayu-ayu, padha sekti-sekti kabeh. Déné panengerané: putu: bakal dadi Rathu, patang prakara. Kang dhingin bagus kapindho: gedhé dhuwur, kaping telu: kedhot tan rosa, kaping patté: pinter marang wong wadon, penengeran papat iku salah siji pasthi ora sepi. Déné  yén anduwéni panengeran papat iku kabeh, iya iku Rathu angluwihi sapapadhaning Rathu, Rathu Éstri tuwin Prabu Banjaransari: mirêng pangandikanipun ingkang Éyang, sami sakalangkung bingah salebeting galih, lajeng pinanggihaken, pinangku déning ingkang Éyang. Prabu Banjaransari wonten ing pupu tengen, Prabu Déwi wonten ing pupu kiwa. Sarêng sampun antawis dangu, Prabu Éstri andikakaken angabekti dhumateng ingkang raka Prabu Banjaransari. Saking ajrih kapeksa dhateng ingkang Éyang  Raja Pandhita, Raja Déwi lajeng medhun saking pangkon ngabekti dhateng ingkang raka. Raja Patih Genawati tuwin Wadana sakawan inggih tumut ngabekti sadaya. Tumunten para Punggawa kumrubut atur bekti sadaya, boten wonten ingkang kantun, Raja Pandhita sakalangkung suka sukuring galih. Alon angandika, putu: sira lan para putri kabéh apa apésa. Ingsun bakal miyos marang sitinggil lawan lakinira Sang Prabu. Ing buri padha dandana: rêrêsikka, saréhning padha dadi pangantén, Raja Pandhita lajeng miyos akaliyan ingkang wayah Prabu Banjaransari, ginarêbeg ing para biyada. Para manggung anja [155]jari kawan dasa sisih. Ampilan wonten ing tebah, ingkang sami wonten ing pegelaran tuwin ing alun-nalun Kyai Patih, punapa déné para Bupati, sarêng uninga yén Sang Natha miyos lajeng sami ébah sadaya, sowan minggah ing sitinggil, upacaranipun sami tinilar wonten ing pagelaran, Sang Natha sampun pinarak ing dhampar kancana, tinarétés ing sosotya. Raja Pandhita pinarak ing wingkingngipun ingkang wayah. Nanging para Bupati sapanunggalipun boten wonten uninga dhateng Raja Pandhita. Ingkang uninga: namung Ki Patih Satama kaliyan ingkang éstri. Kyai Patih sampun wonten ngarsa dalem tuwin para Bupati: Mantri: Demang: Rongga: Jeksa: Carik sadaya sampun pepak wonten ing ngajengan, Raja Pandhita angandika, nanging boten katingal warninipun: sakéhing kawulaningsun kabéh padha anaksénana, sarta padha ngéstokna, yén putuningsun Sang Prabu Banjaransari ing mengko Ingsun junjung karatoné. Biyén iya uwis madeg Rathu. Ananging ing mengko Ingsun adegaké mengku nagara ing Galuh, lan krama Widadari linuwih, sarta Ingsun paparabi Déwa Aji Maha Raja Sénapathi Ing Alaga Pakuning Bumi, Kyai Patih nyembah munjuk anakséni, saha temen-temen angéstokaken ing karatonipun akaliyan dhateng ingkang jumeneng Rathu. Para Bupati sadaya sami munjuk sandika. Kyai Patih sakancanipun para Bupati sadaya angabekti dhumateng Sang Na [156]tha, anyungkemi dalamakan dalem, sasampuning sami ngabekti, wangsul dhateng panggénanipun lenggah piyambak-piyambak, Raja Pandhita angandika malih, Patih: sira Ingsun paringngi jeneng Raja Purwa Dinatha. Déné bojonira Ingsun paringngi jeneng Rathu Dipati Among Praja, Kyai Patih munjuk anuhun sumungkem ing siti sarwi anyembah, Raja pandhita angandika malih, Patih: anakkira kang tuwa Ingsun paringngi jeneng Raja Lingga Érang. Adhiné Ingsun paringngi jeneng Raja Sangkan, déné anakkira kang wuragil Ingsun paringngi jeneng Arya Lingasari, Patih nyembah sumungkem ing siti: munjuk anuwun, Prabu Banjaransari alon ngandika, Bapa: bocah Ingsun karo pisan padha Ingsun junjung lungguh, Ingsun gawé kabayan nagara, lan padha Ingsun paringngi jeneng. Si Sangulara Ingsun paringngi jeneng Arya Dutha Prabu. Si Sangupati Ingsun paringngi jeneng Arya Sura Natha Wacana, Kyai Patih nyembah munjuk anuwun, Sang Natha tedhak saking dhampar, lajeng kondur angadhaton kaliyan ingkang Éyang Raja Pandhita. Kyai Patih sakancanipun sampun sami mundur, para garwa sami methuk ing palangatan sampun kapanggih kaliyan Sang Natha, lajeng kinanthi lumebet ing dalem prabayasa. Sang Natha pinarak kaliyan ingkang Éyang, ing ngadhep para garwa, Raja Pandhita alon angandika, putu Genawati: sira kang minongka gegentené bok ayunira si putu Rathu, angeréhna para putri kabéh, lan Ingsun a [157]lih aranira, ajeneng Rathu Inthen Hapsari. Wus pinesthi déning Hyang, turunira bésuk lelembut saparo, manusa saparo, Raja Pandhita ngandika malih, putuningsun Sura Déwati: aranira Ingsun alih, ajenengnga Rathu Kancana. Si putu Rêtna Déwati Ingsun paringngi jeneng Rathu Sarisinom, putu Asmarawati Ingsun paringngi jeneng Rathu Mayang Ngarum, Si Kanakawati Ingsun paringngi jeneng Rathu Mayangsari, sadaya sami nyembah munjuk anuwun, Raja Pandhita ngandika malih, ana déné bojonira kang akéh-akéh iku: putu Prabu, mongsa bodhoha anggonira anjenengngaké. Wis putu, Ingsun pamit mulih. Padha kariya salamet, Raja Pandhita lajeng musna saking palenggahan, ingkang kantun Sang Natha akaliyan para garwa: taksih sami pinarak ing ngadhep para abdi éstri. Ing wanci sampun dalu Sang Natha lumebet dhateng pasaréyan tunggil saré kaliyan ingkang garwa kangjeng Rathu. Lajeng dhateng pasaréyanipun para garwa, sadaya tinunggil saré gentos-gentosan, garwa wolungatus waradin tinunggil saré: sarêng sami sadalu. Lami panjenenganipun Prabu Banjaransari. Boten wonten karibedanipun, tetep jumeneng Rathu Binathara, angrengani karaton ing Galuh. Ananging tanah Jawi déréng waradin, ingkang wétan, ing nalika satunggil dinten Sang Natha miyos pagelara [158]n pepak para Mantri: Punggawa. Patih Raja Purwadinatha Nagara wonten ngarsa dalem tumungkul sumungkem ing siti. Sang Natha angandika, Bapa Patih Purwadinatha Nagara: wis lawas anggoningsun jumeneng Natha mengku ing Galuh. Atiningsun isih durung lega, awit ing tanah Jawa durung warata suyud marang panjenenganingsun, kapriyé Bapa: mungguh karêpira, aprakara wong Bang Wétan, akéh kang durung séba marang Ingsun, tegesé: ora nganggep marang karatoningsun, Patih Raja Purwadinatha Nagara nyembah munjuk: kawulu nuwun Gusthi, abdi dalem pun Bapa sampun anglampahaken utusan abdi dalem utusan abdi dalem pun Banyak Widhé sakancanipun aneluk-nelukaken tiyang Bang Wétan lajeng anugurri wonten ing Jagabaya. Wondénten abdi dalem Bangkilén sampun waradin sadaya, boten dados damel, anjawinipun ing nagari sabrang, ingkang déréng sowan, Sang Natha angandika, mungguh nagara sabrang iku: Bapa, Ingsun dhéwé kang patut anindakki. Dudu bubuhanira. Déné si Banyak Widhé iku, wus sedheng mungsuh wong monca nagara. Ana déné nagara ing Bali iku: Bapa, anakkira si Prabu Sangkan kang bakal Ingsun kongkon angawa layang ngingsun diparingna marang Dipati ing Bali. Kapriyé kang dadi wangsulané. Dadi Ingsun sumurup ala becikké, lang dadi karêpe. Déné anakkira ingsun kanthéni si Banyak Supatra. Padha lalancarana baé, Patih Raja Purwadinatha Nagara munju [159]k sandika, Sang Natha tedhak saking dhampar kondur angadhaton, Patih Raja Purwadinatha Nagara taksih wonten ing pagelaran amatah-matah ingkang badhé katumutaken dhateng nagari ing Bali, andhérék lampahipun Prabu Sangkan, Arya Banyak Supatra sampun dhinawuhan, sadaya sami kakapalan, kathahipun watawis saleksa. Prabu Sangkan sampun bidhal lajeng saking pasowan kémawon, ingkang sowan sampun sami bibaran.

Kacariyos ingkang amara tapa ing rêdi Lanang, Panembahan Suwigya Sidik, Pandhita gentur tapanipun awas paningalipun sampun angraga suksma. Sang pandhita kagungan wayah sakawan, ingkang sepuh: anama Radén Kuda Amongsari. Ingkang rayi: anama Radén Kuda Jayéng Asmara. Ingkang rayi malih: nama Radén Kuda Jayéngrêsmi. Ingkang aném pisan anama Radén Lembu Pangarsa. Wayah sakawan sami sanget ing tapanipun, punapa ingkang dados pitedhahipun ing Éyang: dipun lampahi. Mila priyantun sakawan wau sakalangkung sekti-sekti. Panuju sami wonten ing ngarsanipun ingkang Éyang, sami nyuwun dhawah, saréhning sami sakalangkung anggénipun badhé kapanggih kaliyan sahdérék sepuh ingkan ical boten kantenan, Sang Pandhita angandika, putuningsun saiki wis mangsané, tutug ing jangjiné. Sira bakal padha katemu lan kakangngira. Putuningsun papat pisan ing samengko padha tumuruna saka ing gunung. Aja sira padha dhe [160]men ing gunung. Dudu bubuhanira, mapan ing mangko sira wis padha guna sekti. Ing kéné ana nagara, dén arani ing Galuh. Kang jumeneng Rathu: Widadari. Ananging ing mengko wis krama oléh Rathu luwih sekti, kéringan ing satanah jawa, bisa amor kang dudu bangsané, lan amor ing agal alus, sarupané kang ana: padha wedi. Jin Parayangan lan Dhedhemit padha angrathu kabéh. Putuningsun kabéh, sira angawulaha marono. Ing kono margané sira katemu lan kakangngira, wayah sakawan sami nyembah matur sandika, nyuwun pamit sampun linilan, lajeng sami ngabekti sumungkem ing suku, angusapi lebu dalamakkan, cantrik kakalih andikakaken tumut, Sang Pandhita ngandika malih, wis putu, sira mangkata, muga padha nemu salamet, lajeng sami mangkat, patapan sampun kapengker. Boten kacariyos lampahipun wonten ing margi, sampun dumugi nagari ing Galuh. Satriya sakawan sampun sami lumebet ing nagari.

Sang Natha panuju miyos, pepak kang para Punggawa, Patih Raja Purwadinatha Nagara wonten ing ngarsa dalem amunjukakaken utusan saking pabarisan sampun andikakaken majeng ing ngarsa. Utusan nyembah munjuk: kawula nuwun Gusthi, abdi dalem pun Banyak Widhé kami purun angaturaken sembah, konjuk sangandhaping sampéyan dalem, kaping kalihipun abdi dalem angunjukaken paka [161]baranipun mengsah. Para Bupati Bang Wétan sami pakumpulan sadaya, iyeg badhé angrisak nagari dalem ing Galuh, awit boten wonten purun anganggep ing karaton dalem, ing punika: Gusthi, abdi dalem pun banyak Widhé sumongga ing karsa dalem namung anerang ingkang dados dhawah dalem, Sang Natha angandika, kongkonan sira dhawuhna marang bocah Ingsun si Arya Banyak Widhé, mungguh prakara iku, ing samengko Ingsun lagi nganténi lakuné kongkonaningsun kang angawa layangngingsun dhawuh marang Adipati ing Bali. Ana déné  mungguh pawarta iku, yén dhasar tetep kaya mengkono karêpé wong Bang Wétan bocah Ingsun padha aja ana nglawani perang, padha mundura anglawanana prang lérés baé. Mungguh dimén padha galak anarkaha yén Ingsun wedi, legané atiningsun, dimén padha teka ing nagaraningsun, poma: sira dhawahna marang bocah Ingsun si Arya Banyak Widhé, diwaratakna sakancané kabéh, utusan nyembah munjuk sandika. Sampun mundur saking ngarsa dalem lajeng dhateng pabarisan lampahipun gagancangan.

Sang Natha angandika, Bapa Patih Purwadinatha Nagara, si Banyak Widhé iku becik-becikké sira bantonana kancanira kang prayoga, supaya aja nganti tiwas, Patih nyembah munjuk sandika. Sanalika lajeng dhadhawah, amatah ingkang badhé kalampahakaken dhateng barisan sarta mawi titindhih. Ingkang anyénapaténi lampah: Raja Ka [162]kalih. Para Bupati tanah parêden ingkang nyénapaténi: satunggil, para Bupati tanah ngaré ingkang nyénapaténi: Pangéran Sumedhang. Sarêng sampun rumantos lajeng sami bodhol saking pasowan kémawon, Sénapati kakalih sami angabekti ing Sang Natha, sumungkem angusapi lebu dalamakkan, kaparingan pangéstu, mundur saking ngarsa dalem lajeng mangkat sabalanipun.

Tumunten kasaru gégér ing peken, wondénten ingkang dados gégér, awit sadhatengipun satriya sakawan ingkang saking rêdi, ing ngiring cantrik kakalih. Saréhning sakawan sami bagus-bagus adamel gégéring para éstri. Pating baleber. Ingkang saking éler: mangidul, ingkang saking kidul mangalér, ingkang saking kilén mangétan, ingkang saking wétan mangilén, jalér éstri sami aningali dhateng satriya sakawan ingkang énggal katingal warninipun bagus-bagus, réncangipun para Bupati tuwin réncangipun para mantri, ingkang sami sowan ing pagelaran sami mlajeng-mlajeng tumut aningali, orêg ing pasowan, Sang Natha kagét angandika dhateng Patih, Bapa Purwadinatha Nagara, ana apa ing pasar wong padha pating baleber lanang wadon swarané gumuruh, pariksanen, sira lumakuwa dhéwé: Bapa, bokmanawa ana telikking mungsuh, tiyang ingkang sami aningali, mirsa yén Kyai Patih dhateng, sami piyak sadaya, andhodho [163]k sakiwa tengening margi, atap jalér éstri sami rêbat ngajeng. Patih sampun kapanggih kaliyan satriya sakawan ingkang adamel gita, sanget éraming manah ningali bagusipun, satriya sakawan pasang semunipun mémper sang Natha. Alon apitakén: anak kula pitakén: jengandika ing pundi, Radén alon amangsuli, kula tiyang saking ing rêdi jaler, putunipun Bagawan Suwigya Sidik, Patih apitakén malih, milanépun anak lumebet ing nagari, punapa wonten karsanépun kang prelu, Radén amangsuli, paman mila kula lumebet ing nagari, manawi katampén kula sasadhérék tiga punika badhé manakawan dhateng Sang Natha, awit saking pitedahipun Éyang Panembahan Suwignya Sidik dipun dikakaken sami sinau tapa salebeting nagari, Patih amangsuli, yén makaten anak kapasang yogi, sabab ing dinten punika Sang Natha anglerêsi miyos, kula mangké lajeng munjuk dhateng Sang Natha. Ananging bilih dipun dangu ing nama, pun anak sinten sinambat, Radén amangsuli, manawi wonten ingkang sudi mastani, nama kula pun Kuda Among Sekar, adhi kula punika nama Kuda Jayéng Ngasmara, adhinipun nama Kuda Jayéng Rêsmi, adhi kula ingkang ragil nama Lembu Pangarsa. Wondénten tiyang kakalih punika, ingkang sami momong ing kula, ingkang satunggil anama pun Jaga Wacana, satunggilipun nama Jaga Wasitha, Patih amangsuli, ing [164]gih sampun anggér, hi jengandika kantun sakedhap, kula munjuk Sang Natha, Patih lajeng wangsul dheteng pasowan, dumugi ngarsa dalem nyembah munjuk: kawula nuwun, sampun abdi dalem kautus mariksa ingkang dados gégéripun ing peken, wonten tiyang énggal kathahipun sakawan taksih sami nénéman sadaya, réncangipun kakalih, pinangkanipun saking rêdi jaler, sumeja sami badhé ngawula ing sangandhaping sampéyang dalem, Sang Natha angandika, iku: Bapa: manawa telikking mungsuh momor, Patih nyembah munjuk: kawula nuwun, saweg pandunipun  abdi dalem kados-kados dédé, Sang Natha alon angandika, Bapa, yén sira ora anduwéni sumelang marang bocah kang bakal suwita iku, timbalana ing ngarsaningsun, Ingsun karsa weruh rupané, Patih nyembah munjuk sandika. Mundur saking ngarsa dalem, boten antawis dangu dumugi ing peken sampun kapanggih kaliyan priyantun sakawan andhawahaken timbalan dalem: anak sakawan pisan hi jengandika tinimbalan ing Sang Natha, Radén matur sandika, kérid dhateng Kyai Patih. Lampahipun sampun dumugi ing pasowan tumunten majeng dhateng ing ngarsa dalem, priyantun sakawan sami lenggah tumungkul wonten wingkingnging Patih. Ingkang wonten ing pasowan sami cingak sadaya aningali priyantun sakawan ingkang saweg dhateng, warninipun sami memper Sang Natha, bagus-bagus boten wonten kang winaona [165]n, Sang Natah sarêng aningali priyantun ingkang sakawan dhateng, kagét sanget kumepyur, sarta ngandika lebeting galih, bocah iki kapat pisan rupané padha memper Adhi Mas, pasang semuné: solah bawané: ora géséh sarambut, mokal temen Adhi Mas padha temen tekaha ing kéné. Mongko pangakuné bocah saka gunung Lanang. Luwih adhoh gunung Lanang lan ing Jenggala. Apa madha rupa baé, Sang Natha kumembeng ingkang waspa, énget ing rayi ingkang tinilar wonten ing nagari, Radén sakawan sarêng aningali dhateng Sang Natha, osikking galih sami kaliyan Sang Natha, Rathu iki memper temen Kakang Prabu. Yén Kakang Prabu, kamokalan temen awit luwih adhoh nagara ing Jenggala saka ing kéné. Lan maningngé sapa kang ngangkat jumeneng Natha ing nagara kéné. Dhék lolos saka nagara: ora anggawa bala, lan kang dadi galih: amungka mulyaning kapatén, kamokalan lamun karsa ajumeneng Rathu. Apa ana Rathu kembar lan Kakang Prabu, Radén sakawan sami tumungkul marêbes mili, énget dhateng ingkang raka, Sang Natha alon ngandika, kapat pisan padha bagéya, satekanira ing ngarêp Ingsun, lan ingsun takon marang sira, ing ngendi pinangkanira, lan sapa aranira. Sira padha arêp angawula marang Ingsun sapa kang aweh pitudhuh Radén munjuk sarwi anyembah, kawula nuwun, manawi panjenengan dalem andangu dhumateng abdi dalem tiyang saking ing rêdi ja [166]ler. Mila abdi dalem kalampahan dumgi ing ngarsa dalem ingkang asuka pitedah: Éyang Bagawan Suwigya Sidik, manawi panjenengan dalem angarsakakén abdi dalem sami sumeja angawula amana kawan ing sangandaping sampéyan dalem, ananging abdi dalem punika ingkang wau saking nagari Jenggala. Mila sami dumugi ing rêdi jaler, sumeja ngungsi patakénan dhumateng Kanjeng Panembahan awit abdi dalem kaécalan sadhérék sepuh. Nama kawula ingkang sudi mastani, pun Kuda Among Sekar, abdi dalem adhi kula punika awsta Kuda Jayéng Asmara, anggénipun munjuk déréng ngantos dumugi, Sang Natha selak kawratan tresna, supé yén saweg sinowan namung kétang welas sarta sanget dhateng ingkang rayi-rayi, tedhak saking dhampar kancana, ingkang rayi rinangkul gentos-gentos Sang Natha sarwi amuwun akathah-kathah ingkang pangandika. Tiyang ingkang sowan sami ébah, sanalika Sang Natha énget yén sinowan lajeng wangsul pinarak ing dhampar kancana, ingkang rayi dipun kanthi, sami sumungkem ing suku, anangis kados éstri, kathah-kathah sambatipun, ingkang sowan sami tumungkul sadaya tumut marêbes mili, sami ngerês manahipun mirêngngakén sasambatipun satriya sakawan, Sang Natha samanten ugi, boten pegad wedaling waspa. Séwu boten nyana: yén ingkang rayi sami nusul, Sang Natha mingsek-mingsek sarwi ngandika, wus yayi, padha sira menengnga, kabéh iki saka ing karsaning Dé [167]wa, sira lawan Ingsun padha darma anglakoni, ingkang rayi sampun sami tata lenggah ing ngarsa dalem, Sang Natha alon angandika, Bapa Purwadinatha Nagara, iki anakkira, adhiningsun kang kari ana ing nagara Jenggala, padha nusul anggolekki Ingsun, Patih nyembah munjuk nuwun, pun Paman angaturi kawilujengan, Radén sakawan sami amangsuli, sanget anarima sih pamujinipun Paman, Sang Natha tedhak saking dhampar, kondur angadhaton, ingkang rayi sami nyuwun kantun kéndel ing pasowan Sri Manganti. Sang Natha lajeng lumebet  ing kadhaton, para garwa methuk ing palataran, Rathu Ayu sampun kinanthi ing raka natha, lajeng dhateng ing dalem prabayasa, pinarak akaliyan garwa Rathu Ayu, ing ngadhep para garwa sadaya, Sang Natha alon ngandika dhumateng ingkang garwa, Adhi Ajeng, aku awéh weruh ing kowé lan ing bojoku kabéh, adhimu kang kari ana ing nagara Jenggala, nusul ing aku: anggolékki, anasak alas lumebu ing guwa: munggah ing gunung: tumurun ing jurang, panganggoné nganti padha rusak, ing samengko padha kari ana ing paséban Sri Manganti, Rathu Ayu nyembah matur, punapa amawi kantun ing pasowan Sri Manganti, Sumakéyan kang jumeneng Natha, kang rayi padha teka kandheg ing Sri Manganti, [168] Lurah Kaparak kautus animbali, nyembah mundur saking ngarsa dalem, dumugi ing pasowan Sri Manganti: nyembah alon aturipun: Gusthi, panjengan dalem sami ngandikan ing Bok Ayu dalem Kangjeng Rathu Ayu, Radén matur sandika, kérid ing Lurah Kaparak, cantrik ingkang sami kantun ing  jawi, sampun binekta dhateng daleming Patih, langkung sinuba-suba, Radén sakawan sampun lajeng kairid lumebet ing dalem prabayasa, Rathu sakawan  sami methuk ing paringgitan, Radén ingkang sepuh lajeng déning ingkang Bok Ayu Rathu Kancana, Radén sakalangkung ajrih, pineksa déning kang Bok Ayu, boten montra yén sadhérék ipé saweg kapanggih, para Rathu sami kumraket kados sadhérék tunggil saibu rama, Kanjeng  Rathu Ayu angandika sarwi ngawé, Adhi Mas padha majuwa baé, aja kowé sumelang. Mungguha ing dhuwur, aja lungguh awor batur, Radén kalangkung ajrih, tumungkul konjem ing siti, Sang Natha angandika, Adhi Mas padha munggaha, di kon ing Bok Ayumu, Rathu Kancana sampun tampi pasemon lajeng tedhak, ingkang rayi cinandhak astanipun pangandikanipun: Adhi Mas aja wangkal, ayo padha munggaha, Radén sakawan sampun sami minggah, Sang Natha angandika, Adhi Mas padha ngujungnga, kalané ana ing paséban durung nganti ujung, Radén majeng angujungngi ingkang raka Sang Natha, sakawan gentos-gentos, lajeng ngabekti [169] dhateng ingkang Bok Ayu lajeng Rathu Ayu. Rathu Ayu alon angandika, kang rayi dipun rangkul jangganipun: Adhi Mas kowé wus padha anemu begja banget oléhmu anggolékki sadulur tuwa, katemu mukti jumeneng Rathu, Sang Natha dhawah dhumateng ingkang garwa, Adhi Ajeng, panganggoné adhimu wis padha rusak, awit wis lawas anggoné padha ana ing alas lan ing gunung. Ing mengko padha paringngana pasalinan. Rathu Ayu matur sandika, lajeng dhawah dhateng ingkang rayi Rathu Inthen Hapsari. Sampun acawis agem-mageman kawan pangadeg saupacaranipun Raja Kaputran, Radén sakawan sampun sami salin agem-mageman, dhasar satriya bagus-bagus saé panganggénipun saya wewah bagus kados Déwa andharat, tiyang ing kadhaton kathah sami kayungyun punapa déné ingkang Bok Ayu sadaya sami asih kados sadhérék tunggil ibu rama. Rinten dalu Radén sakawan tansah wonten ngarsanipun ingkang raka, sami anelasaken kangen, roroncénipun boten kacariyosaken, Sang Natha sampun dhawah dhateng Papatih, andikakaken adamel padalemanipun Radén sakawan, boten antawis lami sampun dados, rakit-rakiting padaleman langkung déning prayogi, sakawan sinami rêrêngganipun, saking sageding Patih Raja Purwadinatha Nagara, Radén sakawan sampun sami kakramékaken dhateng ingkang raka, Radén kang sepuh kakramékaken angsal putri sa [170]king Banthen Radén panengahpinaringan putri saking Jakartha, Radén Sumendhi kaparingan putri saking ing Pajajaran, saha sami binektanan Raja Brana, tuwin pinaringan réncang éstri, punapa déné pirantosipun tiyang dadalem, kala ing dinten satunggil Radén sakawan sagarwanipun badhé angelihi padalemanipun piyambak-piyambak saréhning sampun lami anggénipun nunggil ingkang raka wonten salebeting kadhaton, sadaya sampun sami cumawis, para réncang éstri pating baleber sami ngusung-ngusungngi, utawi ing jawi Patih Raja Purwadinatha Nagara sakancanipun Bupati: Mantri: pepak sadaya, sami sowan ing pagelaran, tuwin ing alun-nalun gamelan pating jalenggur, punapa déné umbul-lumbul lalayu sami anjajari sakiwa tengening margi, dumugi ing padalemanipun Radén sakawan, tiyang ningali jejel atap pipit.

Sang Natha akaliyan ingkang garwa sadaya sampun dandos, panganten sakawan sampun mangkat saking kadhaton kairid dhumateng ingkang raka. Para Rathu sami wangsul ing kori Sri Manganti. Sang Natha lajeng tedhak dhumateng ing sitinggil sampun pinarak ing dhampar kancana: wonten ing bangsal witana. Patih sakancanipun sampun sami ngandikan minggah ing sitinggil, Radén sakawan wonten sakiwa tengening dhampar, ajojodhon lenggah tumungkul kados konjem ing siti, Sang Natha alon angandika, Bapa Purwadinatha Nagara, sira [171] lan sakancanira padha ngaterna anakkira, Patih nyembah munjuk sandika, ingkang rayi lajeng sami ngujung sadaya, sarêng sampun sami ngujung: lajeng sami mangkat, Patih sampun anyaosi titihan tandhu: jempana: joli, tuwin titihan kapal, Sang Natha tedhak saking dhampar: lajeng kondur angadhaton, pangantén éstri sampun sami nitih joli, pangantén kakung sami nitih kapal, Patih miwah para Bupati sadaya anggarêbeg ing wingking, sawenéh wonten ingkang anjajari ing ngajeng, tuwin angurung-ngurung sakiwa tengen, tiyang ingkang ningali kathah sami kédanan dhateng bagusipun Radén sakawan, ing margi boten kaucapaken, sampun sami dumugi ing dalemipun piyambak-piyambak, Patih Purwadinatha Nagara sampun amatah kancanipun Bupati: tugur ing dalemipun radén sakawan laminipun kawandasa dinten kadhawahan sami amajangngan, rinten dalu gamelan pating jalenggur.

Kacariyos tiyang ing Bang Wétan ingkang saweg sami pagineman badhé anggecak ing Galuh. Engénipun pakumpulan wonten ing Lumajang. Ingkang dados gugunungan Adipati Déwa Suksma ing nagari Bali, ingkang akadhaton i – Kalungkung, sakalangkung prakosa, dedegipun ageng inggil sakalangkung sekti tanpa timbang. Tiyang ing Bang Wétan sami angrathu sadaya, awit saking ajrih dhateng kasekténipun, namung Dipati ing Balambangngan tuwin Dipati ing Pasuruhan ingkang dipun éringngi [172] dhateng Dipati ing Bali, liya saking punika sadaya sampun prasasat kagegem ing épék-épék, Dipati tuwin Demang: Ngabéi: Rongga: Kandhuruwan ing Bang Wétan miwah tanah tengahan tuwin bang kilén sami pepak wonten ing lumajang sadaya. Ingkang dados pangejengnging tanah Bang Wétan Adipati ing Lumajang ingkang dados pangajengnging tanah tengahan sadaya: Adipati ing Balabangngan, ingkang dados  pangajengnging tanah bang kilén sadaya: Radén Arya Wira Nagara, Adipati ing Pasuruhan, sadaya wau sami turun saking Keling. Wondéning ingkang tinaros-taros dhateng Prabu ing Kalungkung, namung Adipati ing Balambangngan anama Radén Panji Sanjayaningngrat, sabab wicaksana ing pikir, sarta sampun misuwur kadigdayanipun, mila ingkang dados patarosanipun para Bupati sadaya, namung Panji Sanjayaningngrat, ing nalika sami pakumpulan wau, Prabu ing Kalungkung alon angandika, sanak-sanak para Bupati ing bang kulon apa déné ing Bang Wétan lan ing tengahan yén sembada: aku padha rabékna, sinambi angrata nagara, supaya Gusthi Prabu Banjaransari yén rawuh, ing nagara Jawa kabéh uwis saka temuwa rata, dadi oléh kabecikkan marang Gusthi. Ananging pawartaning akéh, ing samengko Gusthi wis séda ana sajroning Guwa. Pawarta iku wis talanjer, mulané saiki aku rabékna, oléhna Rathu ing Galuh. Sabab kang Rathu ing Galuh iku Widadari angluwihi déning se [173]kti, prajurité wolungatus, iku Widadari kabéh, lan padha sekti-sekti. Déné bésuk sanak-sanak para Bupati kabéh padha rabiya Widadari. Iba kéhing widadari wolungatus, bener-beneré sawijining Bupati bisa wayuh nyapuluh, atawa ngrong puluh. Lan padha seksénana, yén kalakon aku bisa katemu karo Rathu Ayu ing Galuh, anjalukka kang anéh-anéh, dak turuti sakarêpé, saking lega-leganing ati, radén Panji Sanjayaningngrat alon matur, ing sapunika Rathu ing Galuh sampun  krama, angsal sinatriya, anama Daniswara, kabaripun sakalangkung déning sekti, tuwin awas ing paningal boten kénging dipun raosi, sarta kathah balanipun sami lulut asih sadaya, manawi amanggih damel sami anglabuhi, boten wonten ingkang sulaya, awit saking sih tresna ing Gusthinipun, Prabu ing Kalungkung angandika, iku banget andadékaké panasing ati, sabab ora patut lan ora bobot, kang aran Daniswara iku: wartané: turuné wong cilik malarat mongka oléh Rathu  gedhé lan Widadari, iku banget anyurêmaké jagad, beneré oléha aku patut, sabab padha turuning Rathu: dadi padha. Kayata kang jeneng Daniswara iku, wong cilik rabi Rathu gedhé, pasthi dhéwékké jumeneng Rathu, kapriyé oléhé patut, dadi yén mengkono: nagara ing Galuh iku saking larangnging wong lanang. Iba- [174]iba weruh wong kaya aku, pasthi banjur padha kédanan, yén sanak-sanak kabéh padha rêmbug ing Galuh arêp dak lurugi. Pira banggané wong tanah kulon, mongsa nganti yasa dina, destun kanggo salingsir. Apa sanak-sanak para Bupati padha wedi mungsuh lan wong désa, Radén Panji Sanjaningngrat alon matur, kakang mas, sampun sampéyan mesthék-mesthékaken, paribasan janma tan kena ing ngina, sadaya sami titahing Jawatha. Dédé para Bupati kémawon ingkang dinamel, sanajan sikep inggih ugi dadamelaning Jawatha. Kados kang nama Daniswara wau, yén botena sampun linilan ing Déwa, kamokal lan saged kados makaten, kalih dénten kakang mas kasebut ngrisak pager ayu, tujuwaning ngrebut putri ana ing wawengkoné dhéwé, kamirêng ing tanah sanés nistha. Éwa sapunika manawi kakang mas karsa krama sayektos mongsa kirangnga putri ayu, ngupados dhateng nagari sabrang, manawi wonten Rathu gadhah putri ayu, sumongga sami dipun lamar, yén boten suka, sami linurugan ginitik ing perang. Kamirêng ing tanah sanés dados boten nistha, malah kawentar sarta amewahi kaluhuran, manawi anglurugi nagari ing Galuh, punika kula boten angrembagi. Ingkang sapisan wewengkon ing tanah Jawi piyambak kaping kalih ingkang kakarsakaken sampun gadhah bojo, dados kalebet anganiaya, Radén Ariya Wira Nagara anyambungngi atur, kula nuwun, a [175]turipun Adi Mas Panji Sanjayaningnggrat punika lerês sadaya, mugi kagaliha, sampun ngantos ing wingking manggih ingkang boten saé, Raja ing Kalungkung angandika, tegesé: si Adhi iku saking padha wediné. Apa ingkang winedénan, mungsuh perang lan wong alan-alan turuné wong anggaru maluku, Bupatiné padha turuné wong turuné wong gorékkan, wong ngécilik padha turuné wong andhudhuk gangsir. Sabab iku kaya upamané geni. Yén ora siniram ing banyu, manawa ngombra-ombra. Mulané énggal arêp dak lurugi, supaya aja nganti mraman, Radén Arya Wira Nagara matur, boten susah kakang mas anglurug. Mongsa wandéya dipun lurugi, sabab sapamirêng kula: ing tanah Jawi badhé kawaradin sadaya, Adipati Saosragi Nyambungngi atur, kula nuwun, ing Kedhu: Pagelén tuwin ing Thoyamas sapangilén sapangidul sampun sami sowan dhateng ing Galuh sadaya, namung kantun ing Bang Wétan ngriki ingkang déréng sowan, mila kabaripun ing ngriki sapanunggilanipun badhé kawaradin, malah pangajengngipun Adipati ing Saosragi déréng ngatos dumugi, kasaru gégér ing jawi, para Bupati ingkang saweg pirêmbagan sakalangkung kagét, anunten ingandikakaken antawis dangu ingkang kautus wangsul dumugi ing ngarsanipun [176] para Bupati, nyembah alon matur, kula nuwun, ing ngandikakaken mariksa, ingkang dados gégéripun ing jawi. Wonten utusan saking nagari ing Galuh, amundhi seratipun Rathu ing Galuh, sarta ambekta dadamel, Radén Arya Wira Nagara angandika, ora goroh ujarku, nginangnga durung abang, gumarubyug  wong ing Galuh nuli teka. Nyata ora kena rinasanan. Raja ing Kalungkung ngandika, wekasan kayo bocah cilik si Adhi, akéh-akéh kang rinasakaké, timbalan malebu, ingkang kinéngkén nyembah mundur, dumugi ing jawi sampun kapanggih kaliyan Prabu Sangkan, utusan alon tembungipun: suwawi: i jengandika kaaturan malebet, Prabu Sangkan angandika, apa kowé wis matur marang Ki Dipati, utusan matur, inggih sampun, Prabu Sangkan lajeng tedhak saking titihan, ingkang adhérék malebet namung tiyang kawan dasa sisih, dados sadaya tiyang wolung dasa, sami ambekta sadamelipun tiyang pipilihan sadaya. Wondéning ingkang kathah-kathah sami tinilar ing jawi, sami ngatos-atos ing pakéwed, Prabu Sangkan lajeng malebet, sampun kapanggih kaliyan Raja ing Kalungkung, jumeneng wonten ing ngajengan sarwi amundhi serat, ingkang aningali sami éram déné utusan boten purun lenggah, sakalangkung déning kendel, Prabu Sangkan angandika, andhawahaken timbalanipun Sang Natha, Sang Adipati, lakuku [177] iki di utus marang Sang Natha ing Galuh, amundhi serat dalem dhawah marang kowé, lan lumrahna marang sakancamu para Bupati ing Bang Wétan kabéh, serat lajeng kaparingngaken sampun katampén dhumateng Sang Adipati Raja ing Kalungkung. Pecatonda ing ngandika majeng, ing ngandikakaken maos serat, ungeling serat: pénget, layang ngingsun Prabu ing Galuh, Kangjeng Bathara Déwa Natha Raja Kathong Sénopati Alaga Pakuning Alam dhawuha marang sira Adipati ing Bali, kang akadhaton ing Kalungkung, lan sira lumrahna marang sakanca kaléréhanira para Bupati ing Bang Wétan kabéh. Liring layang, ingsun aparing weruh, yén karaton ing Jenggala ing samengko ngalih marang nagara ing Galuh, lan karaton ing Galuh Ingsun becikki, karo Ingsun jumeneng Natha ana ing Galuh. Sarupaning lelembut Jim Peri: Parayangngan apa déné dhemit satanah Jawa, wus padha nganggep lan angrathu marang Ingsun, mulané ing mengko sira sakancanira para Bupati ing Bang Wétan kabéh Ingsun timbali, padha sébaha ing ngarsaningsun, yén sira ora gelem séba marang Ingsun apa nganti sira Ingsun lurugi, atawa sira manawa duwé karêp anglurugi marang Ingsun iya Ingsun tadhahi. Anangnging nuli anekanana, aja lawas-lawas, yén sira arêp séba marang Ingsun énggal nuli sébaha. Poma-poma: wong ing Bang Wétan padha sira angéstokna sauniné layang ingsu [178]n, sapa-sapa kang maido: amesthi nemu bilahi, Prabu ing Kalungkung: sarêng mirêng ungelipun ingkang serat Wadananipun ambrababak kados raup rah, kumedut padaning lathi, tingalipun macicil jaja kados wora-wari, saking sangeting duka, yén sampuna énget utusan saking ing Galuh kados pinejahan sakal punapa déné Kyai Pecatonda ingkang maos serat kados kasuwék kupingipun, sakalangkung anggenipun nepsu, serat badhé sinuwék-suwék, Prabu Sangkan malumpat serat rinebat sarwi angandika seru, yén kowé arêp nyuwék layang iki, suwekken kulitku dhingin, yén durung pedhot guluku, mongsa kalakono kowé anyuwék layangngé Gusthiku. Yén kowé lanang: mayo rêbuten, karubuten ing perang, dak tadhahi, Kyai Pecatondha sanget nepsu, ngadheg badhé malumpat, cinandhak ing kathah, Ki Lurah: sampéyan énget, sampéyan sipating Bupati, nistha yén mejahana utusan, Prabu Sangkan inggih samanten ugi, cinepengan déning Banyak Supatra, kakang mas Dipati: sampéyan énget, sampéyan saweg anglampahi pangandika dalem kautus ing Gusthi, Kyai Pecatondha apitakén seru, sapa aranmu: wong sesengkan, Prabu Sangkan amangsuli, aranku Prabu Sangkan, ing nagara Galuh ora ana loro. Ya iki anakking Patih Purwadinatha Nagara, kang minongka andel-andeling perang, baba [179]nthengngé nagara ing Galuh, ginawé Wadananing Bupati. Ing bésuk manawa tempuhing perang, ajaliya amethukaké aku. Ora-orané sira kacuwan, sakarêpmu dak ladéni, Ki Pecatondha sumaur, apa tengngeranamu ing perang, Prabu Sangkan amangsuli, tengngeranaku pare anom nganggo tulis kethék putih. Kowé apa tengngeranamu ing perang, Kyai Pecatondha anyauri, yén ana bandéra atenger tulis buta, iku tengngeranaku, Prabu Sangkan lajeng mantuk kaliyan Banyak Supatra, boten mawi pamitan bidhal saprajuritipun, ing margi sami angatos-satos sakancanipun, ingkang kantun Adipati ing Kalungkung akaliyan para Bupati ing Bang Wétan sadaya, bidhal telas sami sadinten anglurug dhateng ing Galuh. Umyung swaraning tengara, kados ombaking saganten, wana ingkang katrajang: rêsik kados binabatan, saking agengnging baris samargi-margi angrarayah, lampahipun utusan ing Galuh Prabu Sangkan saprajuritipun katututan déning prajuriting Bang Wétan lajeng acampuh ing perang, ananging tiyang ing galuh anadhahi prang lérés kémawon sinambi alalampah. Sadinten-dinten sami apeperangan, laminipun wonten ing margi sampun angsal sawulan, awit ngancik jajahan ing Galuh, ingkang kaambah sami kagégéran.

Kacariyos ingkang pacak baris wonten ing Jagalaya. Ing [180]kang anyénapaténi: Pangéran Sumedhang kaliyan Arya Banyak Widhé. Panuju pepekkan para Bupati sadaya. Pangéran Sumedhang rêmbag anglampahaken utusan angaturi uninga dhateng Patih Raja Purwadinatha Nagara, katuripun ing Sang Natha, prakawis mengsah ing Bang Wétan siyos andhatengngi. Utusan sampun tanpi piweling: nyembah mundur saking ngajengngan, ing margi boten kacariyos, sampun dumugi salebeting nagari, anjujug ing kapatihan, utusan lajeng katimbalan ing ngajengnganipun Kyai Patih, matur salampahipun kautus wiwitan dumugi ing wekasan, Patih Raja Purwadinatha nagara lajeng utusan canthél unjuk ing Sang Natha, angunjukaken saaturing utusan saking ing pabarisan, ingkang kautus mundur, sampun canthél unjuk dhateng Wadana ingkang saos ing Sri manganti, lajeng konjuk ing Sang Natha. Dhawah dalem ingkang sami jagi wonten ing Jagabaya, andikakaken sami mundur, angladosana perang ing sawatawis mengsah pinurih galakka, anarkaha yén ajrih. Utusan saking kapatihan sampun kadhawahan dhateng Wadana ingkang saos yén kados makaten ingkang dados dhawah dalem, utusan mundur saking Sri manganti, lajeng lumampah, dumugi ing kapatihan lajeng sowan ing Kyai Patih, punapa ingkang dados dhawah dalem sampun kadhawahaken sadaya, utusan ingkang saking pabarisan kadhawahan dhateng Kyai Patih, andikakaken nu [181]lak wangsul dhateng pabarisan, dhawah dalem sampun kamotaken ing utusan, utusan nyembah mundur saking ngajengan, ing margi boten kacariyos, dumugi ing pabarisan lajeng lumebet dhateng pabarisan, Pangéran Sumedhang kaliyan Arya Banyak Widhé: tuwin para Bupati sadaya: panuju pepakkan wonten ing pasanggrahan, utusan majeng, andhawahanken punapa ingkang sampun dados dhawah dalem  sadaya, Pangéran Sumedhang lajeng undhang pradandosan, kasaru dhatengngipun Prabu Sangkan kaliyan Arya Banyak Supatra saprajuritipun sadaya, sampun kumpul akaliyan ingkang pacak baris ing Jagabaya, Prabu Sangkan kaaturan  lajeng lumebet ing pasanggrahan, Arya Banyak Supatra boten kantun, sampun kapanggih kaliyan Pangéran Sumedhang: sarta akaliyan Arya Banyak Widhé, punapa déné akaliyan para Bupati sadaya. Sampunipun bagé-binagékaken Pangéran Sumedhang awawartos dhateng Prabu Sangkan yén ingkang dados karsa dalem pabarisan ing Jagalaya andikakaken sami mundur lebeting nagari. Prabu Sangkan anyarêngngi, tumut bidhal sarêng sadinten, lampahipun sami lon-lonan rêrêmbatan lumampah ing ngajeng: dados satunggal, lajeng nyabrang lépen, sarêng dumugi sabrang kilén kasusul dhateng mengsah, lajeng tempuh ing perang ngantos berêg-binerêg, tiyang Bang Wétan sami anumpak kapal, tiyang ing Galuh dharat sadaya, kapal tinuntun kémawon, sami lumampah [182] lon-lonan, ingkang dipun kalumuhi tiyang ingkang ngrerêmbag sampun ngantos kasesa ing lampah, dados anggénipun perang wau tiyang dharat mengsah tiyang kakapalan, suprandosipun tiyang Bang Wétan sami ajrih celak awit tiyang ing Galuh sami teguh-teguh, mila namung kinalang kalang saking katebihan kémawon, tiyang wétan angudani pasir: jemparing: towok, ananging boten wonten ingkang anedhasi dhateng titiyang ing Galuh, saking pangéstunipun Gusthi, sarta kathah wuwulangnging Patih dhateng para Bupati tuwin Mantri sapangandhap ingkang sami angguguru dhateng Patih Raja Purwadinatha Nagara, dangu-dangu tiyang Bang Wétan kamuriten sami anyanderaken kapal, tiyang kilén tinarajang, sumeja dipun idak ing kapal, tiyang kilén prayitna: sami dhawah, ramé perang ulet-uletan, kapal satiyangngipun kathah ingkang pejah, tiyang wétan kasoran lumajeng, tiyang kilén lajeng sami numpak kapal ambujeng tiyang Bang Wétan, kasaput ing dalu: kéndel ingkang perang kalihipun sami sipeng ing wana, mengsah tuwin réncang angantosi byar. Sarêng énjang: mangkat alalampah, sinambi perangan, roroncanipun boten kacariyosaken, tiyang ing Galuh sadaya sampun dumugi sajawining nagari, lajeng lumebet saprajuritipun sarta para Bupati sadaya. Tiyang ing Bang Wétan ingkang ambubujung: sami wangsul, tiyang ingkang agagriya caket sajawining nagari, sadaya ngili dhateng salebeting nagari saraja kaya tuwin anak bo [183]jonipun, Patih sampun ngunjukki uninga ing Sang Natha, énjingngipun Sang Natha lajeng miyos sinowan pinarak ing sitinggil ing ngayap para Bupati, ingkang wonten ing ngarsa dalem Patih Raja Purwadinatha Nagara, Prabu Sangkan tuwin Pangéran Sumedhang: Arya Banyak Widhé: Arya Banyak Supatra: sami wonten wingkingnging Patih. Sang Natha alon angandika, Sangkan sira Ingsun utus, kapriyé mungguh lakunira, Prabu Sangkan nyembah alon munjuk: kawula nuwun, sampun abdi dalem kautus maringngaken serat dalem dhawah dhateng abdi dalem pun Adipati ing Kalungkung. Abdi dalem kapanggih wonten ing Lumajang, anglerêsi kalempakan akaliyan Bupati ing Bang Wétan sadaya, ingkang sami karêmbag badhé anggecak nagari ing Galuh, amargi sami sanget maiben ing karaton dalem, pun Pecatondha sanget nepsu, dipun rapu dhumateng Panji Sanjayaningngrat, abdi dalem mundur boten mawi pamitan, ing wingking sami mepak dadamel, abdi dalem dipun bujung, amargi-margi perang kalih lumampah. Tumunten kawula ngumpul akaliyan abdi dalem ingkang baris ing Jagabaya, anglerêsi badhé bidhal mundur. Sarêng mangkat saking Jagabaya, mengsah nututi, perang ngantos ruket, saking pangéstu dalem tiyang ing Bang Wétan kaplajeng, abdi dalem sadaya wilujeng, Sang Natha sakalangkung suka amidhanget alon angandika, [184] ing samangko mungsuh ana ngendi, Prabu Sangkan munjuk anyembah, kawula nuwun, ing sapunika mengsah kantun ing margi, kados-kados lajeng anyelakki kitha, Sang Natha angandika, Bapa Purwadinatha Nagara, undhangana bocah Ingsun kabéh, aja ana metu, padha dhedhepa baé. Mungsuh dimen narka wedi, Ingsun purih galakka, Patih nyembah munjuk sandika, Sang Natha tedhak saking dhampar lajeng kondur angadhaton, ingkang sowan sami bibaran sadaya. Sanagari sami angatos-atos kéndel sami boten wonten sabawanipun.

Kacariyos tiyang ing Bang Wétan ingkang sami suka-suka, andugi yén tiyang ing Galuh sami prihatos awit saking ajrih, lajeng anabuh tengara, bidhal sadaya. Sakalangkung agengnging baris, ingkang ngajeng sampun anyawisi pasanggrahan badhé panggénanipun  Adipati ing Kalungkung. Nagari ing Galuh kinepang mubeng, ingkang wonten ing sawétaning kitha: tiyang ing Bali, sakiduling kitha tiyang ing Balambangngan saléring kitha tiyang ing Pasedhahan sakiléning kitha tiyang ing Lumajang. Tiyang salebeting kitha sami dhedhep kémawon boten wonten sabawanipun, ingkang sami ngepang: anarka yén suweng. Adipati ing Kalungkung lajeng animbali para Bupati, badhé kakarsakaken pirêmbagan bab prakawising perang. Para Bupati sampun sami sowan sadaya, namung Adipati ing Balambangngan ingkang boten sowan dhateng pasanggrahani [185]n Adipati ing Kalungkung, awat-dawat sakit awit manahipun miring, badhé ambalik dhateng ing Galuh, sabab asring nyupena, yén Natha ing Galuh saéstu Prabu Banjaransari, katingal wénté-wéntéyan, Adipati ing Balambangngan boten pandung, ingkang jumeneng ing Galuh inggih ugi Gusthinipun lami, Natha ing Jenggala. Mila Adipati ing Balambangngan sadinten-dinten angupados margi alampah samun badhé teluk dhateng ing Galuh, rujuk akaliyan tiyang ing Pasedhahan, sabab sami tunggil supenanipun, saben dalu katingal dipun bestani, wonten ingkang winayung-yung, tiyang alit waradin supenanipun sami, kalih dinten kathah ingkang kambah ing gegering, adipati ing Kalungkung ingkang saweg kalempakkan ing pasangrahan angandika dhateng para Bupati, aku saben bengi ngipi, ana sawijining wong teka, pangakuné Natha ing Galuh, jenengngé Prabu Banjaransari, anelukké, nanging aku ora gelem teluk, banjur perang ramé, nanging aku kalah, aku banjur dicekel, para Bupati gumujeng, sadaya sami angaturaken supenanipun, wonten ingkang nyupena ginodhi déning Natha ing Galuh, wonten ingkang nyupena kinunjara, wonten ingkang nyupena teluk sadaya angabdi. Kathah-kathah aturipun, sami gumujeng suka-suka, sadaya éram ing manah, déné titiyang sapabarisan supenanipun sami. Adipati ing Kalungkung angandika, mungguh iku kabéh aja ana ginugu, wus jamakké wong turu ngipi. Pandugaku Rathu [186] ing Galuh iki duwé sétan déné saben wengi ngatoni wong sapabarisan, Radén Wira Nagara matur, kados boten makaten, saweg pamanggih kula, tiyang anglurug nagari ingkang linurugan wau, manawi dhanyangngipun nusupena katingal menang, saéstu badhé  unggul, mongka nagari ing Galuh punika salaminipun kinepang, dhanyangngipun saben dalu ngamuk ambestani tiyang ing pabarisan manawi dados pratondha, kados kula ingkang ing ngajeng wau, Adipati ing Kalungkung angandika, si Adhi anyitikki ati. Yén mungguh penémunipun kakang, Natha ing Jenggala Prabu Banjaransari iku tétélané wus séda, mongka ana dhedhemit ngatoni, ngaku Natah ing Jenggala, wus tétéla yén dhemit ngaku-aku. Lan maningngé mungguh wong ngipi iku sok tulak balik, yén katon kalah: wekasané menang. Mulané mungguh iku aja ana rinasa, saiki padha mikira pagawéyaning perang iki baé. Kapriyé, mayo padha rinembuk, lawas-lawas wong cilik akéh mati, dadi tanpa wekas, aja mikir mulih: yén durung bedhah nagara ing Galuh. Kadar wong pira sakutha. Pandugané pun kakang: ora nganti sapanginang: rampung. Dadiya bésuk mulih: yén wis kalakon amboyong putri, dadi rada suka-suka sathithik, Radén Wira Nagara matur, kula boten nyuwawéni, yén perang kasab gedhag gedhig, sabab manah sampun alit, balik rêmbag kula: éca sami nungkul, prayogi kaga [187]lih prayoginipun, yén sageda, menggah tiyang mendhet ulam kénging ulamipun, toya sampun ngantos buket, dados tiyang alit boten karisakan, kalih déten malih konca kirang satunggil tur ingkang dados ugeran, Dipati Balambangngan saweg sakit, para Bupati sadaya asahur peksi, lerês kawula andhérék rêmbagipun Radén Wira Nara, Adipati ing Kalungkung angandika, kapriyé: adhi Wira Nagara. Mungguh rêmbugé si adhi, pun kakang manut baé, Radén Wira Nagara matur, yén andhahar atur kula, prayogi anyaosi serat dhateng Rathu ing Galuh, kadosa serat panantang makaten, sabab Rathu ing Galuh déréng kantenan kajengngipun lumawan ing perang, nungkula karana alus dados boten susah paperangan, ulamipun kénging: boten-boten buket, para Bupati rêmbag sadaya, Adipati ing Kalungkung inggih angrujukki, lajeng andikakaken damel serat, Ménak Panatas ingkang anyerat, boten dangu serat sampun dados, Sura Sasmitha akaliyan pun Sura Santika  ingkang dipun utus ambekta serat kabektanana prajurit kakapal lan gangsal atus, serat sampun kaparingaken utusan kakalih mundur: lajeng bidhal saking ing pasangrahan, lampahipun sampun kapanggih kaliyan ingkang jagi kori kitha. Tinakenan utusan sumaur, tiyang ing Bali, kautu [188]s ngaturaken serat ing Sang Natha, ingkang jagi kori kitha: kongkonan ngaturi uninga  dhateng Kyai Patih, Kyai Patih lajeng sowan malebet ing kadhaton, dumugi ing Sri Manganti, Candhél unjuk dhateng Nyai Tumenggung. Sampun konjuk ing Sang Natha, Kyai Patih ing ngandikan kérid déning Nyai Tumenggung. Sang Natha pinarak ing paringgitan, Patih kaawé majeng, lunggah tumungkul kados konjema ing siti, nyembah alon munjuk: kawula nuwun, abdi dalem ingkang jagi kori sakéthéng wétan angunjukki uninga sangandhaping sampéyan dalem wonten kongkonanipun Adhipati ing Bali, mawi ambekta serat konjuk sangandhapipun sampéyan dalem, Sang Natha angandika, karsaningsun kongkonané si Adipati ing Kalungkung banjur lumebuwa ing nagara sadina iki. Kang bakal Ingsun kon nemoni, Gusthinira Bok Rathu Inthen Hapsari lan Wadana putri papat sakancané. Déné bocah Ingsun para Bupati padha ngadhoha baé, nanging dén padha angati-ati, manawa kongkonan iku ora temen, déné Ingsun bakal manjing sajroné Bok Rathu, Patih nyembah munjuk sandika, mundur saking ngarsa dalem, dumugi ing jawi andhawahi para Bupati, andikakaken sami sowan sarta amirantos sakaprabonipun perang. Para Bupati dhasar sampun lami sami angatos-atos, salaminipun nagari kinepang ing mengsah: sami tugur makajengngan ing alun-nalun, Rathu Inthen Hapsa [189]ri sampun ngagem ageman cara kakung, makutha karajan, agemipun kaprabon ingkang raka kaagem sadaya. Para Wadana putri sakawan sampun nganggé anggé prajuritan sadadamelipun, Prabu Banjaransari sampun lumebet ing sumpingngipun Rathu Inthen Hapsari, lajeng miyos saking sitinggil ginarêbeg ing para Wadana éstri saprajuritipun, upacara kaprabon medal sadaya. Sang Natha sampun pinarak ing bangsal witana, Patih ing ngandikan minggah ing sitinggil sampun wonten ing ngarsa dalem, Rathu Inthen Hapsari ngandika, Bapa Purwadinatha Nagara, timbalan kongkonané wong ing Bali. Lebuné ing nagara urung-urungen ing gagaman wiwit saka ing lawang kutha nganti tutug ing paséban, diméné éram sarta wedi, sabab nagara ing Galuh iki diarani ora ana uwongngé, mulané kudhu sadiya busananing karaton ing Galuh, Patih nyembah munjuk sandika. Sampun angutus nimbali utusan ing Bali, ingkang kandheg ing kori sakéthéng. Ingkang kautus mundur, boten dangu sampun kapanggih kaliyan utusan ing Bali, lajeng kairid malebet ing kori sakéthéng wétan, kang kéngkénan ing Bali éram aningali kathahipun ing tiyang. Ingkang wau kawastanan boten kathah tiyangngipun, sabab salaminipun kinepang dhedhep kémawon boten wonten sabawanipun, malah sami anarka yén suweng. Sarêng dumugi ing pangurakkan utusan ing Bali sangsaya éram, lume [190]bet ing alun-nalun aningali sasolahipun para éstri: anjenger sarta sumengerên, dumugi ing pagelaran sumaput panonipun ningali prajurit kumpul angepang. Utusan lajeng kairid ing ngarsa dalem, Wadana sakawan ngepang wonten ing wingking, utusan balerêngngen anggénipun ningali, lenggah celak kaliyan Patih, utusan kakalih nyembah munjuk: kawula nuwun, lampah kawula kautus dhateng Adipati ing Bali, angaturaken serat ing sangandhaping sampéyan dalem, serat lajeng katampén déning Patih. Utusan ing Bali malongo kamitenggengen ningali Kangjeng Rathu tuwin Wadana sakawan, saumuripun déréng aningali Widadari linangkung, Patih nyaosaken serat katanpén déning Rathu Kancana, lajeng winaos, tembungnging serat: pénget, ingkang serat Raja ing Bali. Kang jujuluk Prabu Déwa Suksma, kang akadhaton ing Kalungkung, kang wis anjajah nagara, digdaya ing perang, ing Bang Wétan ora ana loro, temen yén tedhakké Natha ing Janggala, tumekaha marang sira Rathu ing Galuh. Wiyosa, enggonira dadi Rathu iku aja nganti kabacut, yén kena: sira Ingsun éman, sabab dudu turun Rathu, sira turuné wong urakkan mongsa kelara dadi Rathu.  Angur sira séléha marang Ingsun, Ingsun kang patut jumeneng Natha, sabab tedhakking Natha, krama oléh Raja Déwi timbang, sabab padha tedhak Rathu. Sira ora timbang oléh Raja Déwi, sira turuning wong mlarat, ing bé [191]suk sira Ingsun rabékaké oléh papadhanira. Mungguh iku pikirên mupung durung metu dudukaningsun, yén sira mopo, dén ngati-ati, gawéya béténg gunung, ora wurung Ingsun unggahi. Yén sira wani marang Ingsun ora wurung Ingsun gempur kuthanira, mongsa ngantiya sajam, wis masthi bésuk ésuk sira Ingsun tumpes saanak putunira, sipat lanang Ingsun paténi, kariya Raja Déwi baé, lan garwanira sakéhing para putri. Poma: dibecik béténgngira lan kapurancangira, jerokna lalarénira, ora wurung bakal Ingsun bedhah. Titi. Rathu Hapsari sakalangkung duka sumerêp ijemaning serat, sumpingngipun dhinedet ingkang raka, andikakaken saréh, Rathu Kancana méh boten dumugi anggénipun maos serat awit saking sanget duka, talinganipun kados sinuwék Wadana abrit tingal mencerêng kumukus awor sumukking duka, tedhak saking palenggahan nyandhak talempak kaumbulaken dhawahipun katadhahan ing wentis, kaumbulaken malih, udhunipun katadhahan ing jaja. Talempak sampun cinepeng, dangu kaembat-embat lajeng tinugel dados tiga, sarwi ngandika seru, Bupatiné wong Bang Wétan yén ora kaya Sura Déwathi, dak éman aja agé-agé dol kawanén marang ing Galuh, serat sampun kadamelaken awangsul lajeng kaparingngaken ing utusan sarwi wineling dhateng Rathu Kancana, wis sira muliha, lan warahen Gusthinira, ing samong [192]so-mongsa anekani, sakarêpé Ingsun tadhahi. Lan aja anggampangngaké mondhong putri ing Galuh. Yén Ingsun isih urip kaya-kaya ora Kalakon, utusan boten saged matur, kalih déné boten nyana yén manggih gesang, kami tenggengngen boten saged késah. Ingkang sinowan sampun kondur angadhaton utusan kakalih taksih lenger-lenger, unduripun semu isin, Patih Raja Purwadinatha Nagara lajeng dhawah dandos ing perang, tiyang sanagari ing Galuh ébah.

Kacariyos mengsah ingkang angepang nagari ing Galuh. Para Bupati sadaya pepak wonten ing pasanggrahanipun Adipati ing Kalungkung. Utusan ingkang saking nagari ing Galuh sampun dhateng, tinimbalan majeng ing ngarsa, lajeng matur anyembah, kawula nuwun, abdi dalem kautus andhatengngaken serat dhumateng Rathu ing Galuh, inggih sampun dumugi. Ingkang manggihi: garwanipun awasta Kangjeng Rathu Inthen Hapsari. Punika miyos sinowan angagem sakapraboning Rathu. Kadhérékaken para Wadana putri sakawan sami ambekta prajuritipun éstri. Saumur kula déréng aningali warni tuwin pratingkah kados makaten, wondéning ingkang nampéni serat awasta Rathu Kancana. Lajeng winaos, Adipati ing Kalungkung angandika, apa ora nepsu ngrungu uniné layang ngingsun, utusan matur, kawula nuwun, sakalangkung anggénipun duka, Adipati ing Kalungkung [193] ngandika malih, iku dhasar Ingsun suprih nepsua, sakarêpé Ingsun ora wedi, mara: kapriyé: tutugna, kawula nuwun ingkang nama Rathu Inthen Hapsari katawisipun manawi duka. Tingalipun kados medal lalatu. Ingkang nama Rathu Kancana wau lajeng nyandhak waos kaumbulaken tinadhahan ing wentis, akathahing pratingkah wiwitan dumugi ing wekasan sampun katur sdaya, Sang Adipati angandika, iku banget éram Ingsun déné wong wadon bisa kaya mengkono. Méndah wongé lanang. Samono iku sing lanang apa ana katon, utusan matur, kawula nuwun, abdi dalem boten uningnga, Sang Adipati angandika, Ingsun weruh karêpé, mulané ora ngaton sabab wedi marang Ingsun, serat wawangsul lajeng andikakaken maos, para Bupati sami nyelak amirêngngaken tembungnging serat, péget, layang ngingsun Kangjeng Rathu Inthen Hapsari, Sénapati ing paprangngan, kang sekti angluwihi, prawira: pangiriding prang, jumeneng Papatih ingkang kuwasa, nagari ing Galuh, dhawuh amarang sira Adipati ing Kalungkung. Liring layang, Ingsun wus anampéni, sarta angawruhi, layangngira kang kagawa ing lakuné kongkonanira loro, apa sauniné layangngira Ingsun wus sumurub kabéh. Ana déné sira arêp angrusak nagara ing Galuh, lan anjawat marang Rathu ningsun Prabu Déwi. Kang iku, aja sing Sang Prabu Déwi, slagi para Nyai baé kaya-kaya ora ka [194]lakon yén kapondhongnga déning sira, yén Ingsun durung mati. Yén lakiningsun tuwas ing perang, kabéh padha béla milu mati, tobat yén ngantiya krama liyan, lan maningngé, bésuk apa enggonira nekani. Yén sira ora nekani padha saiki: dudu lanang, lan éman lakunira. Doh kono doh kéné, mongko tutug ing kéné ora wani. Yén sira dhasar wani: énggal mangkata, poma-poma, thi, thi, Adipati ing Bali sarêng ungeling serat sanget anggénipun duka, lajeng dhawah anabuh tengara. Ramé swaraning béri miwah kendhang: bendhé: angklung. Ingkang baris sakidul nagari, tuwin salér nagari, sarta sakilén nagari, punapa déné sawétan nagari, gumrubyug saréng majeng, sami anyelakki nagari. Sarêng celak kasaputing dalu, lajeng sami ngrakit pamondhokan anjathok ing nagari, ambalabar sadaya sami masang dadamelipun.

Kacariyos ing salebeting nagari ing Galuh, para Bupati tuwin para pangajenging prajurit sami sowan dhumateng Patih Raja Purwadinatha Nagara, anyuwun dhawah bab lampahing perang, saréhning mengsah sampun celak nagari, punapa boten dipun wedali, Patih amangsuli alon: kang mangkono iku  durung ana dhawuh dalem, sabab Gusthimu ora bodho, Rathu digdaya sekti, temen terus ing paningal weruh sadurungngé kelakon, ingering jagad sapolah tingkahé kabeh Gustimu wus uningnga. Wataraku Gu [195]sthimu banget sukané galihé, kinepung ing akéh. Sabab nimbalana: kangélan mongko ing mengko padha séba dhéwé-dhéwé. Ing bésuk ésuk padha pepakka kabéh ana ing paséban, sabab ingkang Sinuhun karsa miyos, lajeng sami bibaran mundur saking ngajengnganing Patih. Énjingngipun para Bupati: Mantri: Demang, Ronggo: Kandhuruwan Pecantondha: Tondha Mantri: sampun pepak wonten ing pasowan sadaya, Sang Natha sampun dandos sakapraboning perang, Kanjeng Rathu Inthen Hapsari kembar akaliyan Sang Natha angagem prajuritan tuwin para garwa Wadana sakawan saprajuritipun sampun sami dandos namung Natha Déwi boten andhérék sinengker déning ingkang raka, andikakaken tenggo kadhaton, Sang Natha sampun miyos akanthén asta akaliyan ingkang garwa Kangjeng Rathu Inthen Hapsari, pinarak ing pasowan wonten ing dhampar kancana, para garwa wonten kiwa tengenipun Sang Natha, sami tata alenggah ing kursi kancana. Ing pasowan orêg, Kyai Patih tuwin rayi dalem titiga sampun majeng wonten ing ngarsa dalem para Bupati wonten wingkingnging Patih, ingkang sowan sami pating kalesik ajawil-jinawil boten saged aningali warniné Sang Natha, sabab para garwa gangsal pisan warninipun sami akaliyan Sang Natha. Ing sapunika Sang Natha badhé akarsa nimbali Rathuning Jim Parayangngan tuwin Ratuning Dhedhemit miwah Brakasakkan punapa déné ingkang sami Bongsa [196] lelembat sarta Rathuning Bubujengngan wana satanah Jawi sadaya, punika sami angrathu dhumateng Kangjeng Rathu Inthen Hapsari, wondéning ingkang kaparingan panguwasa angrathoni Rathuning manusa, Kanjeng Rathu Suprabawati, Natha éstri ing Galuh, Sang Natha angandika, Bapa Purwadinatha Nagara, bocah Ingsun kabéh padha konen aningsih ana tengen sabab Ingsun karsa nimbali Rathuning lelembat kabéh, tuwin saisining alam kabéh, iku wongngé Gusthinira Bok Rathu Inthen Hapsari, padha ana ing awang-ngawang, sabab arêp padha medhun ora oléh enggon, Patih nyembah lajeng nolih ing wingking, adhawah dhateng para Bupati sabawahanipun sadaya, ingandikakaken sami nisih nengen, sasampuning nisih, lajeng Rathu Inthen Hapsari lajeng animbali para Rathuning lelembat miwah Brakasakkan saisining wana sadaya, lajeng sami anyuwara, jumegur ing saganten kidul tuwin ing rêdi Marapi, gumludhuk medal lathu, punapa déné ing Kuwu Baledhug Kasanga, miwah ing Pening, ing Rawa Lobang, Rawa Dalem ing Dalepéh, ingkang angker-angker satanah Jawi sadaya: sami mungela sauran awor swaraning prahara angin lésun, mendhung peteng awor angin bumi gonjang-ganjing. Ingkang sami ngepang kéndel boten wonten sabawanipun sami kekes giris panyananipun langit badhé rêbah. Sadaya sampun pepak lumebet nagari ing Galuh, kathah swaranipun pating galerêng pating galero, panjang yén kacariyosna solah bawanipun sadaya, [197] amurih énggaling cariyos roroncen boten kacariyosaken, sadaya wau sampun sami pepak ing ngarsa dalem, Kangjeng Rathu Inthen Hapsari angandika, wong sanakkingsun kabéh, mulané sira ingandikan marang Kangjeng Kakang Rathu, karsa padha pinundhut gawénira, ilangna mungsuh kang saka ing Bang Wétan iki, sadaya nyembah munjuk sandika, rinten dalu ingkang sami kawula ajeng-ngajeng namung karsanipun kajeng raka dalem Gusthi, sarta sami rumaos badhé gesang yén wonten ayahan dalem, Kangjeng Rathu Inthen Hapsari nyembah matur ing Raka Natha, punika Kakang Mas aturipun abdi dalem sadaya, kawula sumongga ing karsa dalem menggah ing padamelanipun, punapa dénten bubujengngan wana sadaya sampun sami sowan wonten ing ngarsa dalem, Sang Natha alon ngandika, kabéh ing balaningsun manusa, apa sira weruh kang mawa gara-gara angin lésus prahara iki, sadaya sami nyembah munjuk boten wonten sumerêp, lajeng kaparingan sipating maripat kawaradinaken dhateng sakathahing Bupati, Satriya tuwin Kaliwon Panewu Mantri sapangandap waradin sabalanipun ing Galuh sadaya boten wonten ingkang kalangkungan sakala lajeng sami uningnga dhateng Rathuning Jim Peri Parayangan miwah Dhedhemit, Sang Natha angandika, Bapa Patih, sira lumrahna sakancanira kabéh, yén ing mengko Adimas-adhimas kabéh padha Ingsun pasrahi gawé, Ingsun adeggaké Sénapati ing paprangan, Adhimas kang tuwa [198] dhéwé anyénapaténana balaningsun wong sajroning nagara kabéh, lan Ingsun paringngi jeneng Prabu Sukasmadi Kusuma, Ingsun kanthéni Bok Rathu Kancana, sapunggawané kabéh, lan wong ing Banyumas sakancané kabéh padha miluwa marang si Adhi, anggitik mungsuh kang ana sawétan nagara. Adhimas kang panengak amyénapaténana balané si Pangéran  Sumedhang: sakancané Bupati kabéh, Ingsun paringngi aran Prabu Déwa Katon Sénapati ing paprangan, Ingsun kanthéni Bok Rathu Mayangsari, sapunggawané kabéh, anggitik mungsuh kang ana sakidul nagara. Adhimas kang pandhawa anyénapaténana balaningsun para Patih sakancané Bupati kabéh, lan Ingsun paringngi aran Prabu Sari Langit Ingsun kanthéni Bok Rathu Sarirasa: sapunggawané kabéh, anggitik mungsuh kang ana sakuloné nagara. Adhimas kang wuragil anyénapaténana balaningsun pasisir lér kabéh, Adipati ing Banthen lan Pangéran ing Jakartha, sapanunggalané kabéh, lan Ingsun paringngi aran Parbu Sénapati Ing Ngalaga, Ingsun kanthéni Bok Rathu Mayangrum Asmaraningngrat sapunggawané kabéh, anggitik mungsuh kang ana saléring nagara. Dimén padha sinau perang, si Bapa barêngan lan Ingsun, sadaya sami angéstokakaken ing dhawah dalem Sang Natha angandika malih, wis Adhimas padha sira mangkata, Rathuning lelembut satanah Jawa kabéh padha miluwa, angluhurakén karatoningsun miluwa mangkat sadina iki. Endi kang sakira abot ri [199]kat tulungngana. Déné kang Ingsun gawé Sénapatiné sakéhing buron alas iku, si Nagaraja Tunggul Wulung. Sang Natha lajeng kondur angadhaton, ing jawi lajeng anabuh tengara, ingkang bidhal rumuyin Prabu Sukasmadi Kusuma sapunggawanipun lajeng Prabu Déwa Kathon sapunggawanipun ing wingking Prabu Sari Langit sapunggawanipun, ing wingking pisan Raja Sénapati Ing Ngalaga sapunggawanipun, bala lelembat sapanunggilané anyarêngngi bidhal sami sadinten, ingkang wonten ing awang-ngawang, sami sumyak-sumyak anabuh tengara, gumuruh kados mecahna langit, ingkang sami angepang nagari kagégéran gugup lajeng anabuh tangara, medal saking pamondhokkan, lér kilén kidul wétan sami nata balanipun, Sénapati sakawan sami amendhet enggén piyambak-piyambak angajengaken mengsah ingkang dados bebahanipun, ingkang wiwit katitik ingkang kidul kaliyan ingkang wétan ingkang lér kaliyan ingkang kilén sami dipun jagéni dhateng Sénapati ingkang gadhah bebahan pamurihipun sampun ngantos saged tutulung dhateng ingkang ginitik wau, Dipati ing Kalungkung kaliyan tiyang ing Bali sadaya sampun ngumpul Raja Galéngsong tiyang ing Bandhung sadaya, tuwin tiyang ing Sokawati, miwah tiyang ing Kawis Sasem ngumpul kaliyan Adipati ing Kalungkung, namung Adipati ing Balambangan ingkang boten ngumpul sabab pasangrahanipun wonten sakidul nagari, sampun angajeng ngajeng mengsah piyambak, mengsah kaliyan réncang sami pu [200]runipun sampun ajeng-ngajengan ambalabar ing ngara-ara swara ramé gong béri asauran, bala Jim Peri Parayangan ingkang wonten  ing ngawang-ngawang, sami asurak-surak kados angrebahna langit, sanés ingkang wonten ing ngandhap ing lépén ing sendhang, ing séla-séla, ing uwit-uwitan ing dharatan sami jejel kebek sapaprangngan boten wonten selanipun ananging mengsah boten wonten sumerêp, ingkang dipun sumerêpi namung bubujengan wana, sami majeng sapontha-sapontha, ingkang anggirékaken tengis kaliyan cicir, ilu-ilu, sami anantang mengsah, mengsah ingkang ningali sami giris, sarta awicanten: ora goroh unining layang sing digawa ing kongkonan anelukaké dék isih ana ing Lumajang biyén. Adhipati ing Kalungkung namung kabujeng ing isin ing batos manahipun sampun gempal aningali kancanipun maléngos kémawon mengsah ing perang kapeksa, awit sampun kapokoh, prajurit ing Galuh gelaripun ing perang sapit urang, Sénapati wonten ing tengah, Jim ingkang sami wonten  ing dharat angubengngi Sénapati, ingkang mayungngi ing nginggil lajeng Rathu Kancana, ingkang ngampingngi kiwa tengen bubujengan wana, amor kaliyan bala manusa, mengsah wétan ingkang dipun uningani namung bala manusa, kaliyan bubujengan wana, mila namung katingal sakedhik boten uningnga dhateng dhemit ingkang sami wonten ngandhap tuwin nginggil, sabab punika mengsah wétan sami anggregut awicanten: mayo [201] konca aja wedi, mungsuh mung saméné. Lajeng tangled kapanggih sami purunipun, mila sakalangkung ramé, Jim Peri Paranyangan tuwin bubujengan wana sarêng sami anempuh, ing nginggil peteng dhedhet jawah awor angin lésus, bala ing Bang Wétan perangngipun bingung, boten saged males, bubujengan wana sami anyundhangngi: nyauti: anujahi, tinadahan ing waos badhama: limpung, ingkang wonten ing nginggil sami angrutug séla, ingkang kénging buncur-buncur, séla boten kénging dipun indhani, bala ing Bang Wétan boten kantenan solahipun, kathah ingkang perang kaliyan kancanipun piyambak awit saking bingungipun, panjang yén kaucapna solahipun mengsah ing Bang Wétan, kathah pangangengnging  prajurit pejah ing paprangan, wonten ingkang sumeja males malah katiwasan, sakantunipun sami lumajeng, giris ngenes aningali bubujéngan wana sami ngamuk, perang sadinten tiyang ing Bang Wétan pinten-pinten ingkang pejah, sampun kasapihing dalu, sami lumajeng, angungsi ing Gusthinipun, ingkang menang perang lajeng mundur malebet ing nagari, kairing déning bala sadaya, namung Jim Peri Parayangan miwah bubujengan wana sami kantun sajawining nagari, dalu sami anggigila dhateng pasanggrahaning mengsah ngarutuggi séla, tiyang ingkang tilem sadaya dipun dulekki silitipun sakala sami andalinding medalaken rah umbel, wondéning pangagengngipun ing lelembat sami akasukan gamelan pating jalenggur, anangnging sami boten katingal namung swaranipun kémawon gumeder, mengsah sami te [202]las manahipun boten wonten rumaos gesang, sami kendel tiyang pabarisan, Adipati ing Balambangngan Radén Panji Sanjayaningngrat manahipun sangsaya gempal panarkanipun ing manah Natha ing Galuh sayektos yén Gusthinipun ing Jenggala Prabu Banjaransari, sabab ingkang dados Sénapati ing perang ingkang rayi Prabu Banjaransari, Radén Panji Sanjayaningngrat boten pandung, saréhning taksih mambek kulit daging, ing sakala dalu punika andadosaken pirêmbag sabiyantu kaliyan Radén Ariya Wira Nagara bahdé teluk dhumateng ing Galuh, namung pakéwed anggénipun angupados nargi, dados sami ngredatos, ananging sampun damel serat ingkang badhé konjuk dhumateng Natha ing Galuh, pamanahipun manawi sampun angsal ngupados margi, boten susah rinembag malih, serat lajeng linampahaken.

Kacariyos ingkang lumebet ing nagari, para Sénapati tuwin para Wadana putri: Rathu sakawan sampun lajeng lumebet ing kadhaton, Sang Natha pinarak ing Paringgitan Patih ing ngandikan malebet, sampun sami wonten ing ngarsa dalem ingkang saking ing paprangan angunjukaken pratingkahipun tuwin solah ing mengsah, Sang Natha sakalangkung suka ing galih, alon angandika, ing mengko wus mangsané ingsun amungkasi perang, sésuk Bapa sira asébaha sakapraboning ngaprang, dén pepak sakancanipra, ingsun bakal miyos ing paprangan, Patih nyembah munjuk sandika, lajeng mundur sa [203]king ngarsa dalem Sang Natha sampun lumebet ing kadhaton, ing dalu boten kacariyos énjingngipun Patih anabuh tengara, ébah tiyang sanagari sampun sami sowan Punggawa Nayaka Bupati Mantri mirantos sadadamelipun, ebér kebek ing alun-nalun, bala Jim Peri Parayangngan ingkang taksih wonten sajawining nagari, animbangngi nabuh tengara, sami dandos mirantos  ing perang. Sang Natha sampun miyos saking kadhaton lajeng kémawon bidhal dhateng ing paprangan garwa  sakawan wonten ing ngarsa dalem ingkang rayi-rayi sami wonten ing wingking boten tebih, ingkang rayi nyembah sarwi lumampah, kawula nuwun mengsah ingkang Lér Kilén angoncati, émperipun kados gadhah manah badhé saé, nanging déréng angsal margi, Sang Natha angandika, iya bener Adhi Ajeng, pandugaku iya mengkono, manawa ana kang éling, saréhning isih padha kulit daging dhéwé, mungguh kang iku gampang Adi Ajeng: katemu ing buri. Kasaru wonten utusan saking Adipati ing Balambangngan amundhi serat, Sang Natha kéndel utusan lajeng kairid ing ngarsa dalem serat sampun konjuk ing Sang Natha, sakalangkung suka ing galih, sumerêp wiraosing serat, Sang Natha alon angandika, kongkonan sira matura ing Gustinira, banget panarimaningsun marang Si Sanjayaningngrat lan marang Si Wira Nagara, manawa kasawo ing perang. Gén wis rampung perang, énggal sébaha ing [204] Ingsun, utusan nyembah lajeng wangsul matur ing Gusthi. Sang Natha lajeng tindak para prajurité éstri wonten ing ngarsa, Kangjeng Rathu Inthen Hapsari tindak ing awang-ngawang, nindhihi bala lelembat, mengsah ing Bang Wétan  ngumpul dados satunggal badhé ngantep ing perang, tengara mungel asauran sakalangkung ageng barisanipun tiyang ing Bang Wétan tuwin prajurit  ing Galuh, kados saganten pasang, amber ngebekki papan, ing awang-ngawang kebek déning bala Jim miwah ing dharatan boten wonten selanipun, angin ageng dhateng, baledug ametengngi, peteng dhedhet ing paprangngan, Sang Natha animbali garwa Rathu Inthen Hapsari, dumugi ing ngarsa anyembah, Sang Natha alon angandika, Adhi Ajeng, balamu lelembut tuwin buron alas kabéh padha konen sumingkir, ing paprangngan dén padhangna, gawéné wus padha dak tarima, sabab mungsuh iki dimén aja cuwa oléhé arêp angantep ing perang, supaya legaha atiné, Rathu Inthen Hapsari nyembah alon matur ing raka, Gusthi, mengsah dalem sami digdaya, wonten sumelangnging manah kawula; yén panjenengngan dalem anyarirani perang, manawi amanggih tiwas sinten ingkang kawula suwitani, Sang Natha mésem alon angandika, Adhi Ajeng dén pitaya marang ing Jawatha, turuten karêpku, sabab manawa Rathu perang ngandelaké bala, iku kasebut Rathu nistha, Rathu Inthen Hapsari nyembah matur, manawi makaten ingkang dados karsa dalem kawula inggih sumong [205]ga, namung kalilana kawula andhérék sapejah gesang. Boten antawis dangu sumriwis angin ing sawatawis garwa dalem Rathu Angin-nangin ingkang akadhaton ing saganten kidul rawuh, anyembah sila ing ngarsa dalem, Sang Natha kagét ingkang garwa cinadhak astanipun sarwi mésem angandika, apa ana karêpmu: Adhi Ajeng, déné nusul marang paprangan, Rathu Angin-nangin matur nyembah, mila kawula énggal nusul ing panjenengngan dalem awit mirêng kabar yén panjenengngan dalem karsa anyarirani perang, kawula boten pitados, pinten banggi kawula andhérék labuh pejah, botenipun amung mirsaha kémawon, ingkang garwa rinangkul Sang Natha alon angandika, tisna temen marang aku, satemené aku kalalén déné ora awéh weruh ing kowé, amung pangapura baé Adhi Ajeng dak jaluk, awit saking bingungnging atiku, Rathu Angin-nanging matur sarwi anyembah, kawula nunggil rayi dalem Bok Rathu Inthen Hapsari kémawon, Sang Natha angandika, iya sakarêpmu. Ing nalika punika lelembat ingkang sami angreksa, sadaya nisih ngiwa nengen ing paprangan padhang, Sang Natha kantingal angégla, mengsah wétan Adipati ing Bali saprajuritipun tuwin para Bupati, sami sakalangkung suka, rumaos bahdé kadugén pikajengnganipun, sadaya awicanten: Rathu Galuh iki tibané bilaimu. Prajurit ing Bali sa-Bupati kapiliyan nyatunggal ingkang saé-saé titiyangnga [206]nipun ing Bang Wétan sampun wugu, awasta Pecatondha, Dipati ing Lumajang, kaliyan Singa Lodra  tiyang Bali, Macan Pura, sarta Singa Barong, punika sami andel landel ing Bali, dipun kandhékaken Adipati ing Lumajang. Ki Arya Pecatondha lajeng majeng ing perang narajang purun kéwawon sarwi susumbar, mayo wongnging Galuh sapa kang arêp mati: amapagna tandangku, Prabu Sangkan putranipun Patih ing Galuh akanthi Banyak Supatra sarta Arya Banyak Widhé, punapa déné  Adipati ing  Ngonja, Adipati ing Sokapura, majeng ing perang methuk tandangngipun Ki Arya Pecatondha, dhasar sampun endhem mendheman kala ing ngutus maringngaken serat kapanggih wonten pabarisan ing Lumajang, mila Prabu Sangkan sanget pangigit-tigitipun dhumateng Arya Pecatondha, tiyang wétan sarêng uningnga mengsah kilén methukaken tandangngipun Arya Pecatondha, kathah ingkang nusul prajurit gegedhugg ing Bali, wasta Banyak Wilanglung, Kebo Lorodan sarta Maésa Terathé, lajeng caruk ing perang ramé, ruket alintu watang, lintu dhuwung. Mengsah akaliyan konca sarêng surak kados angrebahna rêdi, mengsah wétan ingkang wasta Macan Pura sampun pejah déning Tumenggung Bonjo, kantun Singa Barong, sakalangkung nepsu ningali kancanipun sami pejah, énggal mangamuk, kapethukaken déning Dipati ing Sokapura, ananging karépota lajeng tinulungngan déning Prabu Sangkan [207] akaliyan Raja Patih, Singa barong sampun kacepeng lajeng kakethok gulunipun, Banyak Wilanglung majeng ngunus dhuwung sarta susumbar, kapethukaken déning Banyak Supatra, ramé waos winaos dhuwung sampun tanpa damel, tandhing sami prakosa, Banyak Wilanglung kasoran sampun pejah, Macan Béwuk akaliyan Maésa Tarathé majeng ing perang, pinethukaken déning Tumenggung Bojonagara, Ki Tumenggung kaebut kalih boten kéwedan kalih sampun pejah déning Tumenggung Bojonagara, Ki Arya Pecatondha kalangkung nepsu aningali prajurit ing Bali kathah pejah, tur sami tiyang gegedhug sadaya, Pecatondha majeng ing perang, sarwi onclang waos asusumbar, endi kang jeneng Prabu Sangkan, mayo majuwa papagen tandangngé Pecatondha, aja liya kang nadhahi, ing kéné tandhing sekti padha prajurit, Prabu Sangkan énggal majeng amethukaken tandangngipun Pecatondha, sampun kapanggih sami satunggil lajeng ruket perang arêbat unggul, dangu boten wonten kasoran tandhing sami prajurit suduk-sinuduk waos-winaos, sakathahing dadamel sadaya tanpa damel lajeng sami séléh dadamel angaben karosan junjung-jinunjung, Ki Pecatondha binanting ngantos boten émut lajeng rinebat ing balanipun, tiyang ing Bali lajeng perang kroyokkan, tiyang alit sami alit Bupati sami Bupati, para Bupati kilén sami ngawakki perang sadaya, ramé anggénipun perang, suduk sinuduk pedhang pine [208]dhang, mengsah réncang kathah longngipun, tiyang Bang Wétan kuwur tatanipun awit kathah ingkang pejah, tiyang Balambangngan miwah tiyang ing Pasuruan tumut angebyukki angamuk tiyang Bang Wétan, tiyang wétan sadaya sami kagét déné konca piyambak ambalik tumut mengsah, temah aporoh amuk, tiyang Lumajang akaliyan tiyang Gembong tadhah mengsah kuwel ramé udreg gudregan serêg sinerêg bujeng binujung, Bupati kilén sami teguh-teguh, boten wonten dadamel ingkang nedhasi. Tiyang ing Bali sadaya manahipun sampun alit lajeng sami ngumpul sakancanipun tiyang Bali, lumajeng sumeja angungsi gesang. Tiyang wétan sarêng uninga tiyang ing Bali lumajeng, para Bupati saprajuritipun sadaya sami tumut lumajeng asalang tunjang, rêbat gesang, lajeng tinututan kinalang kalang, ingkang saking tengen Radén Kuda Amongrêsmi, ingkang saking kiwa Radén Kuda Jayéng Ngasmara, ingkang tengah Radén Kuda Among Sekar, ing wingking Radén Lembu Pangarsa, ing wingking pisan Sang Natha, akaliyan Patih Raja Purwadinatha Nagara, Wadana putri sakawan sami anjungkung ingkang rayi-rayi, ingkang tinututan palajengngipun sami bingung, awit marginipun kapepetan kinalang kalang, kinepang ing mengsah, rérépot kathah ingkang kancandhak, tiyang ing Bali sampun katututan, Adipati Kalungkung saréhning sampun kapengkok sumeja ambek pejah, kendel angabani bala, majeng perang malih, tengara bendhé tinitir, surak ramé, awor akaliyan ungeling kapal, [209] Dipati ing Bali angawakki majeng ing perang, sumeja arêrêmpon, para Bupati medal kapurunanipun malih, awit Sénapatinipun angawakki ngantep ing perang. Sang Natha amethukaken pangamukkipun tiyang Bang Wétan, garwa kakalih boten tebih akaliyan ingkang raka Sang Natha. Kangjeng Rathu Angin-nangin akaliyan Kangjeng Rathu Inthen Hapsari, tuwin Wadana putri sakawan saprajuritipun sarêng majeng, anjawahi jemparing. Ingkang rayi-rayi para Sénapati sakawan sami anyarirani perang, ingkang katarajang gusis-gusis tiyang wétan risak sadaya, Sang Natha anglepasaken sanjata ranté, lajeng binekta ing ngarsa dalem cinepengan déning ingkang rayi-rayi, Bupati akaliyan para satriya sami anggarêbeg anjagéni, wondéning Bupati wétan ingkang kathah-kathah inggih sampun kacepeng sadaya, ingkang sami anyepeng, Radén Panji Senjayaningngrat akaliyan Arya Wira Nagara, sampun tinangsulan sadaya, katur ing Kyai Patih, lajeng kabekta sowan ing ngarsa dalem, Bupati ing Galuh sami anyepengngi tangsulipun Bupati telukkan nyatunggil-nyatunggil, lajeng bidhal kondur lumebet ing kitha, ginarêbeg déning prajurit éstri kakapalan, salong wonten ingkang anjajari ing ngarsa dalem rayi-rayi dalem para Sénapati sakawan sami wonten ing ngarsa dalem caket akaliyan raka Natha, wondéning boyongnga [210]n sadaya ingkang ngiringngaken Patih Raja Purwadinata Nagara, wonten ing ngajeng pisan para Bupati sadaya saprajuritipun lumampah ing wingking dalem, boten kados mentas perang, émperipun kados Rathu mentas ameng-ngameng, kebek jejel tiyang aningali, sami bingah-bingah  Gusthinipun menang perang, pating baleber sami anganggé-anggé, aningali Gusthinipun rawuh saking ing paprangan angsal boyongngan, ingkang adang: tilar dang-dangngan ingkang saweg nedha: tilar ajang, Sang Natha sampun rawuh ing pagelaran lajeng pinarak ing dhampar kancana, Patih ingkang wonten ing ngarsa dalem jajar kaliyan rayi-rayi dalem sadaya, para Bupati wonten wingkingngipun Patih, Radén Arya Wira Nagara: Bupati ing Pasuruan jajar kaliyan Adipati Sanjayaningngrat sarta Bupati ing Balambangngan, wondéning para Bupati tetelukkan sami wonten ing wingking pisan, ing alun-nalun jejel lubér ambalabar dumugi ing wancak suji sapinggiring alun-nalun ing wingking taksih déréng pedhot ingkang saking paprangngan menang perang. Para Mantri sami mangah-mangah. Sakathahing jajarahan andikakaken sami ambagi dhateng para Bupati Satriya Mantri sapangandhap Patih sampun aparéntah ngedum, Sang Natha alon angandika, sakéhé kawulaningsun para Bupati ing Bang Wétan kabéh, kapriyé mungguh pandelengngira marang ingsun, padha sira waspadakna, para Bupati Bang Wétan  sami anyembah munjuk saur peksi, kawula nuwun Gusthi, saéstu panjenengngan dalem Gusthi kawula Na [211]tha ing Jengala, abdi dalem sami boten pandung. Bupati ing Bali munjuk: kawula nuwun, mila abdi dalem kalampahan purun mengsah panjenengngan dalem awit abdi dalem amirêng wartos manawi panjenengngan  dalem musna wonten salebeting guwa, ing samangké abdi dalem angunjukkaken pejah gesang, ingkang mugi wontena pangapunten dalem dhawuha ing abdi dalem konca ing Bang Wétan sadaya, Sang Natha alon ngandika, sadurungngé sawusé wus padha ingsun tarima prasetyanira ing ingsun lan padha ingsun apura kabéh kaluputanira, apa déné ingsun karsakaké ana sakarêpira kang mangkono. Padha teka ing nagara Galuh. Saréhning sira iku kabéh padha turun ing Keling, isih padha kulit daging dhéwé. Si Sanjayaningngrat iku putuné Carang Tambuh, Dipati ing Singasari putuné Lembusari, Dipati Pajarakanputuné Jejetan Dipati ing Lumajang putuné Gadhingngan, Dipati ing Prabalingga putuné Rantunan Dipati ing Malang putiné Panesek Dipati  Ngantang putuné Pamberêg Dipati ing Magada putuné Pamecut Dipati Nungsa Barong putuné Winata, Dipati ing Purwongga putuné Mandhapa, Dipati ing Bali putuné Kerthala, Dipati ing Sokawati putuné Puntha, Dipati ing Karang Asem putuné Premadé, Dipati ing Bandhung putuné Panji Wulung, Dipati ing Bandhung sijiné putuné Prasontha, Dipati ing Tingal Taun putuné Sutrana, Dipati ing Kembang Kuning putuné Panji Sutra, Dipati ing Madura putuné Braja Natha. [212] Kabéh iku padha tetepa ana nagarané dhéwé-dhéwé, alungguh Bupati kaya lawas, ingsun ora ngowahi, para Bupati sadaya nyembah sami sujud ing ngarsa dalem, Sang Natha angandika malih, Bapa: sira lumrahna marang kawulaningsun ing satanah Jawa kabéh, yén ing mengko Adhimas kang tuwa dhéwé ingsun deggaké Natha  ing Jenggala, jenengngé isih kaya lawas Prabu Sukmadi Kusuma, amadanani kawulaningsun ing pasisir kabéh. Kang minongka kakaliwoné. Dipati ing Pasuruan lan ing Singasari. Adhimas kang panengak ingsun adegaké Natha ing Pamenang, jenengngé isih lawas Prabu Déwa Aji, amadanani kawulaningsun ing Bang Wétan kabéh, Tandhes ing Bali. Kang minongka  kaliwoné: Si Adipati Balambangngan, Adhimas kang Pandhawa ingsun adegaké Natha ing Urawan jenengngé isih kaya lawas Prabu Sarilangit amadanani kawulaningsun monca nagara sapangulon, kang minongka kaliwoné: Si Dipati ing Panaraga, Adhimas kang wuragil ing adegaké ing Singasari, jenengngé isih kaya lawas Prabu Sénapati Ngalaga, tetep dadi kaliwoné Adhimas kang tuwa, Patih nyembah munjuk sandika, lajeng kalimrahaken dhateng para Bupati satanah Jawi sadaya, panuju pepak wonten ing pagelaran, sabab sadhatengngipun saking ing paprangngan lajeng sowan ing pagelaran sadaya. Sang Natha lajeng kondur angadhaton ingkang sowan sami bibar sowang-sowang, Bupati ing Bang [213] Wétan sami aso ing pasanggrahanipun lami.

Kacariyos nagari ing Galuh sampun tentrem lami boten wonten padamelan perang, tiyang alit sami sakéca manahipun mungkul anggénipun sami angupados tedha, tiyang ageng sakalangkung sami mukti sadaya, Sang Natha ing Galuh rinten dalu anggung ulah kamuktén kaliyan ingkang para garwa, lestantun karatonipun kéringngan ing sanungsa Jawi. Lami-lami ingkang garwa sami wawrat sadaya, sarêng sampun mongsa, wawratanipun Kangjeng Rathu Ayu ambabar miyos éstri, Widadari ing Kaéndran kathah ingkang tutulung dhateng ing Galuh. Tengara kathah kang mamirêng saking nagari ing Galuh, ing sawarga warni-warni ungeling tengara, ing ngandhap anyauri ungel gara-gara, ingkang angker-rangker satanah Jawi sami mungel sadaya. Para Rathuning Jim Peri Parayangngan sadaya sami sowan sadaya, ciptanipun lumampah dipun pragata, saréhning Gusthinipun kagungngan putra. Nalika wiyosipun anuju ing dinten anggara kasih, wulan Besar tanggal kaping kawan welas ing taun Jimawal  mongsa kapitu, wuku dukut, sarêng miyos jabang bayi lajeng saged ngandika, ingsun Rathu Ayu kang angeréh sakéhing lelembut satanah Jawa, amomong kang duwé tanah Jawa, kadhatoningsun ing sagara kidul, wondéning warninipun kembar kaliyan Rathu Angin-nangin, lajeng pinangku déning ingkang Éyang Raja Shindula, ingkang wayah dipun kukudang, iki putuningsun satemené [214] ora ana kang mamadha. Rupané luwih ayu, ing sadinané bisa salin warni kaping pitu, lan mungguh sekténé: ora nana kang animbangngi. Putuningsun ora laki-laki, salawasé salamban baé. Bésuk jaman akir ana Rathu luwih sekti sarta kéringngan ing rat Jawa, tuwin ing sabrang, agamané Mukhamad nagarané ing Matharam pusering tanah Jawa, iku bésuk pinasthi dadi jatukramané putuningsun, ingsun paringngi jujuluk Rathu Pagedhongngan. Pangandika wau sinauran ing geter-water, pratondha yén kinasihan ing Jawatha. Jabang bayi lajeng siniram ing toya gégé déning Bathari Durga, sawabipun toya gégé anggal ageng, sarta boten kénging sepuh, boten kénging pejah, ngantos ing dinten kiyamat warninipun kados prawan kémawon, ing sanalika menggah wancinipun sampun rumaja putri, warninipun anyithak ingkang ibu. Ingkang Éyang  Raja Shindula sampun musna, Sang Rêtna sakalangkung kinasihan ing rama ibu, gandes luwes sasolahipun, kaugung sekar sinapun dhumateng ing rama ibu, ingkang momong putri wolungatus, wondéning putri ingkang bongsa lelembat sampun kathah, boten kacariyos menggah ing wiyosipun sadaya sampun sami kaprenahaken piyambak-piyambak, ingkang sepuh anama Jagah Larang, pinarnahaken ing nagari Ngoban, ingkang rayi tumunten anama Sapu Larang, pinarnahaken nagari ing Tunjungbang. Ingkang rayi malih anama Rawangngiran pinarnahaken ing nagari Wira [215]ka. Tumunten Ki Yupung, pinarnahaken ing Guwa Uwas, tumunten Ki Lempang Larang, pinarnahaken ing Nglobok, tumunten Ki Dulek pinarnahaken  ing Sawangngan, tumunten Ki Kaluwing, inggih ugi pinarnahaken ing Sawangngan, para putri sadaya kang dipun anggé agami pakuwan, wondéning putrinipun Natha ing Galuh wau ingkang tedhah saking Sundha, putra tengahan awasta Radén Tengah. Radén Mesir: Radén Papang Larang: Radén Mundhing Kalangon tiga punika ibu saking Raja Mantri, awasta Rêtna Agung Mundhingsari, Radén Mundhing Dalem kaliyan Sanghyang Ageng, sami putranipun Rathu Kancana, Radén Dalem Magong: ibunipun saking saking Timbang Nganten anama Rathu Premana, sarêng diwasa: putra wau lajeng pinarnahaken wonten ing Timbang Nganten, Prabu Limacaya: ibunipun awasta Kangjeng Rathu Hapsari, kaprenahaken ing Nglimbangngan. Radén Rongga Mantri: ibunipun awasta Mayang Taruna, pinarnahaken ing Sekar Arum, Sanghyang Jempana ibunipun awasta Rêtna Manik Gumilang, pinarnahaken ing Batu Layang, Sari Rathu: ibunipun awasta Rêtna Prenggi Layar, pinarnahaken ing Batu Wangi, Prabu Aywa: ibunipun awasta Rathu Agang Larang, pinarnahaken ing Pakukuan, ingkang rayi nama Prabu Mudhik Bathara, tunggil ibu, sami saking Rathu Agang Larang, kaprenahaken ing Kawis, putri Rathu: ibunipun wasta Rathu Masturi, ka [216]trimakaken dhateng Radén Lembu Alas ing Ngukur, Sanghyang Wirun tinanem ing Wanayasa, kalih Rongga Sinom, ingkang rayi malih awasta Guru Mida Mantri, tinanem ing Sokawiyana, titiga punika putranipun Kangjeng Rathu Hapsari, sadaya wau tinitah dados putra manungsa, Rongga Pakuwan ajujuluk Sanghyang Sutra, ingkang rayi awasta Prabu Sari, tinanem ing Raja Polah, ingkang rayi malih nama Sanghyang Padurêksa, sami wonten ing Raja Polah, tiga punika ibunipun awasta Rathu Séla Wangi, Radén Kalifa pinarnahaken ing Suci, Radén Sinom pinarnahaken ing Séda Padhang, kakalih punika ibunipun awasta Rathu Thomas, wonten malih putri ingkang saking Rathu Prenggi Lalarsari miyos kakung awasta Radén Mundhing Malathi, ingkang rayi awasta Sanghyang Wirongga, kalih pisan sami atapa wonten ing Mandira Sukma, silih nama Bathara Mika, ingkang rayi silih nama Bathara Malarang, kalih pisan gentur tapanipun sami anurunaken  Rathuning lelembat awasta Rathu Demang Bathara, sakalangkung asekti, Radén Kumbang ibunipun awasta Rathu Kancana, pinarnahaken ing Saonggan Tungngan, putra ingkang saking Raja Kastari, anama Sunan Duga Élang, katanem ing Mandhala, ingkang rayi anama Rongga Santen, ingkang rayi malih anama Sunan Sindumana, acakal bakal ing Sigaluh, ingkang rayi malih anama Sunan Jaya [217]rêtna, tatanem ing Ciminaka, putra ingkang saking Rathu Sangkan anama Radén Kading Sukakartha, ingkang rayi anama Raja Widara, katanem ing Maja, ingkang rayi malih anama Sunan Tambak Layon katanem ing Tharaju, ingkang rayi malih anama Santhang, krama angsal Rathu Mandhapa, puputra éstri anama Umar Malih, krama angsal Bima Larang, putra ingkang saking Jampang katanem ing nagara, wonten  putra saking wingking, anama Radén Mundhing Singa, wonten malih putra ingkang saking Rathu Ngrumayang Gondhasari, tinanem ing Kadongan, ingkang rayi anama Sunan Cipta Luwih, katanem ing Kadongngé Ramaka, ingkang rayi malih nama Raja Éyang Terustatha, katanem ing Parakkan Tiga, ingkang rayi anama Raja Éyang Bawa, katanem ing Kandhang Wesi, ingkang rayi malih anama Raja Hyang Lunggacana, tinanem ing Cidarma, wonten putra anama Sunan Raja Nawung, ingkang rayi nama Raja Tapa, sami tinanem ing Pawenang, kakalih punika ingkang ibu awasta Kangjeng Rathu Kandhuruwan, wonten putra ingkang saking Bathari Rêsi Putih, panggénanipun ing awang-ngawang, nunggil saprenahipun ing srengéngé, anama Rathu Déwa Guru, ingkang rayi nama Rathu Guru Aji, tumunten ingkang rayii malih nama Déwa Guru Aji Maléla, kaliyan Sang Gegesalun, wonten putra saking Pangéran Sumedhang, anama Rongga Carik ingkang rayi nama Rongga Gedhé, ingkang rayi malih anama Radén Sura Diwongsa, tinanem ing Mendhang [218] Larang, Kangjeng Rathu Galuh Kagungngan putra malih medal kakung, warni bagus cahyanipun manther, Rathu Inthen Hapsari inggih kagungan putra miyos kakung, Rathu kancana inggih kagungngan  putra miyos kakung, sarêng sami sadinten, anangnging ingkang medal rumiyin putranipun Kangjeng Rathu Galuh, punika ingkang tinitah badhé angratoni ing satanah Jawi, mila para Déwa: tuwin para Déwi: sami mudhun dhateng ing Galuh, akathah ungeling gara-gara, kados kala wedalipun Rathu Pagedhongngan lelembat miwah bubujengan wana sadaya sami sowan dhateng ing galuh, jabang bayi sakalangkung teguh, puseripun tinigas ing samu kawis welad boten pasah, lajeng katigas ing pangotipun ingkang Éyang Prabu Shindula, anama Ponca Karya, sasampunipun tinigas lajeng dipun dusi ing toya gégé dhumateng Sanghyang Pramuni, jabang bayi énggal ageng, lajeng dipun pangku dhumateng ingkang Éyang Prabu Shindula, sarta dipun kudang, putuningsun iki bésuk angratoni tanah Jawa, bésuk sasédané kang rama anggenténi jumeneng Natha ing tanah Jawa, tumeka ing jaman akir, ingsun jenengngaké Raja Arya Bangah, jumeneng Rathu akanthi saduluré kabéh, ingkang kadamel nigas puseripun wau kaparingaken dhateng ingkang wayah, andikakaken nyimpeni ingkang saé, Sang Natha Shindula alon angandika, déné putuningsun pati uripé ana ing pangot kono, mu [219]lané ingsun wasiyataké, basuk yén putuningsun perang, iya iku minongka gagamané, ora ana wong digdaya sarta tateguh, pasthi pasah déning gagaman iku. Anunten dipun sarati, pangot boten katingal, Sang Parbu Shindula angandika malih, bésuk yén wis patang turunan nagara ing Galuh ngalih menyang ing Gunung, ananging isih tunggal windu, yén wis genep sapuluh windu, nagarané rusak Rathuné salin, nagara ngalih menyang loré Caket, sarêng wayah sampun dipun kudang, lajeng kaparingngaken dhateng ingkang ibu, gentos putranipun Kangjeng Rathu Inthen Hapsari kaedusan ing toya gégé déning Déwi Uma, puseripun tinigas samukawis dadamel boten pasah, lajeng dipun tugel dhumateng ingkang Éyang Sang Prabu Shindula, ingkang kadamel nugel Kudhi Sakawiyana, pinangku kalih dipun kudang, putuningsun iki bésuk dadi prajurit sekti, saturuné bakal dadi kanthiné kang jumeneng Natha ing tanah Jawa, bisa manjing ajur-rajér, lan bisa mabur, ana déné pratapané  ing awang-ngawang, dadi Rathuning dhemit anurunaké lelembut, ingsun paringngi jeneng Maha Raja Sekthi, amomong marang kang dadi Natha. Sasampuning kakudang lajeng dipun paringaken dhateng ingkang ibu, putranipun Rathu Kancana gentos kapangku dhateng ingkang Éyang Natha Sindhula, sarta dipun kukudang, putuningsun iki bagus sarta pinter sabarang gawé, teguh, rosa, sekti, yén perang bésuk bisa anjunjung gada, atiné gedhé, misuwur ka [220]digdayané, katémpélan Empu Rama, bisa metokaké geni, lan ora gosong di obong, patut dadi kanthiné kadangngé kang jumeneng Natha, kayata upamané kembang ésuk soréné mekar, kaya upamané rêmbulan yén wus mangsané surup bisa dadi tanggal manéh, mangkono uga putuningsun iki, bésuk ing jaman akir bisa mekar maneh, dadi guruning para empu, ingsun paringngi jujuluk Raja Siyung Wanara. Puseripun tinigas ing sawernining dadamel boten pasah, lajeng kapancas ing gada kagungnganipun ingkang Éyang, gada wau kaparingaken pisan dhateng ingkang wayah, pangandikanipun: iku bésuk yén perang minongka gagamané putuningsun. Sasampunipun kakudang, lajeng kaparingngaken dhateng ingkang ibu, Natha Shindula lajeng musna boten katingal sarwi angandika, wis padha kariya salamet kabéh.

Kacariyos para putra wau sami énggal ageng sadaya saking sawabing toya gégé, ingkang saking para Jawatha, ingkang rama tuwin ingkang ibu: sami sakalangkung suka, sarta asih tresna, putra tiga sampun sami kuwawi angembat landhéyan, ingkang sami rinathu-Rathu Raja Arya bangah, warninipun kembar kaliyan ingkang rama, tuwin kaliyan ingkang Bok Ayu Rathu Pagedhongngan boten mawi géséh sarambut namung kaot jaler kaliyan éstri kémawon, ingkang rayi kalih pisan sami ajrih sarta asih, angepipun angawula.

[221]Kacariyos Sang Natha ing Galuh, sampun lami anandhang prihatos awit déning nagari sabrang déréng wonten teluk, Sang Natha supé dhahar saré, anggung anenedha ing Jawatha. Anuju satunggiling dinten Sang Natha amumuja, aneges karsaning kang amurba ing paningal, sasampuning ening, ingkang kacipta ing galih: nagari ing Palémbang, katarima ing Jawatha, natha ing Galuh musna saking nagarinipun sampun dumugi ing Palémbang, kapanggih kaliyan Raja ing Palémbang, nuju kapanggih piyambak wonten ing kadhaton, Raja Palémbang sanget kagét ing galih, dipun wastani Déwa tumedhak saking swarga kayanganipun, Raja Palémbang alon matur, punapa sampéyan Déwa, tedhak ing panggénan kula, punapa dipun utus ing Sanghyang Pramésthi, Natha ing Galuh mésem angandika, ingsun ora ngikibi ing laku, ingsun iki dudu Déwa, ingsun iya manungsa kaya kowé mengkono, Raja ing Palémbang apitakén: ing wingking pundi pinongka, sarta badhé karsa punapa, déné angambah nagari boten mawi asuka uninga, Natha ing Galuh angandika, ingsun ingkang ngeréh tanah sawétaning Ngajam kang angepel ing tanah Jawa, déné jenengngingsun  Prabu Banjaransari: Déwa Natha: Sénapati Ing Ngalaga: Pakuningrat Jawa, mulané ingsun maréné dhéwé, arêp tatakon ing sira, apa mulané sira ora séba menyang nagaraningsun, mulané teka [222]ningsun ora anggawa bala, karsaningsun arêp perang lan sira, ora susah angadu bala, mundhak angrusak wong cilik, Raja ing Palémbang kagét ing galih, sarta seru anggénipun ngandika, aja sira anglungani, mara diperak maréné, sira diprayitna, tadhahana pedhangngingsun, Prabu Banjaransari angandika, aja kakéyan celathu, kebat sira tibakna, ingsun tadhahané, Raja Palémbang lajeng amedhang, sang Natha ing Galuh dipun pedhang wangsul-wangsul kémawon wulunipun salembar boten rêntah, kados upaminipun kaca sinosog ing alang-ngalang, malésad kémawon, pedhangngipun Raja ing Palémbang ngantos tugel dados tiga, lajeng nyandhak wangkingngan, Natha ing Galuh sinuduk wangsal-wangsul meksa boten pasah, wangking nganipun Raja Ing Palémbang putung, salin dadamel pinten-pinten, awusana Raja Palémbang ngandika, malesa, yén sira nyata digdaya, Prabu Banjaransari amangsuli, ingsun ora arêp males entekna gendhingmu dhisik, ora-orané ingsun lumayu, sakarêpmu ingsun tadhahi, amék kawungkal pikulan maréné, enggonen ngasah pedhangmu, yén kethul asahen yén wis landhep amedhangnga manéh, ingsun tadhahané, Raja ing Palembang lajeng anyembah, anyungkemi suku, sarta matur dhumateng Sang Natha ing Galuh, sayektos yén panjenengngan dalem Rathu ka [223]wula, kawula rumaos sampun kawon, manawi parêng: kawula andhérék ing panjenengngan dalem, saha abdi dalem nyuwun wulang. Kathah-kathah aturipun Raja ing Palémbang  dhumateng Sang Natha ing Galuh, Sang Prabu welas alon angandika, ing mengko sira ingsun apura, mungguh aturmu kang akéh-akéh, ya ingsun tarima, wis tangiya: lungguha, Raja Palémbang lenggah ing ngarsa, Natha ing Galuh angandika malih, sira ingsun aku sadulur, ing saturun-turunmu iya ngawulaha menyang saturunku, Raja Palémbang matur nyembah, inggih sandika, angsal pangéstu dalem, nagari ing Palémbang saisinipun sumongga katura ing panjenengngan dalem, Sang Natha alon ngandika, sadurungngé sauwisé ingsun tarima, sira lulus dadi Bupati ana ing nagara Palémbang, ananging ing saben kala mongsa sira séba menyang ing ingsun, Raja Palémbang nyembah matur sandika, manawi parêng ing karsa dalem yén panjenengngan  dalem miyos ing sitinggil adhawaha dhateng tiyang Palémbang sadaya, supados sampun ngantos amaiben dhateng kawula, Natha ing Galuh angandika, iya sakarêpira ingsun turut, bala ing Palémbang sampun kaundhangngan sadaya, sami andikakaken sowan ing pagelaran kadhérékaken dhateng Raja ing Palémbang, sarta pasang rakitipun kados tiyang tanah jawi, manawi Sang Natha miyos sinowan kadhérékaken ing pa [224]ra abdi éstri, sarta mawi ampilan banyak dhalang, sawontenipun upacara nagari ing Palémbang: winedalaken sadaya, Sang Natha sampun wonten ing sitinggil Raja ing Palémbang wonten wingkingngipun Sang Natha ing Galuh, ingkang sami sowan sampun tinimbalan minggah ing sitinggil sadaya, pepak tiyang nagari Palémbang, Mantri Panglima tuwin para Puthut miwah Juru Tenung, sarta para Dhukun Ulubalang tuwin para Khakim sampun sami wonten ing ngarsa dalem sadaya, Raja ing Palémbang  alon angandika, éh sarupané balaningsun kabéh, padha sira rungokna, yén ing saiki nagara ing Palembang ingsun mung darma tutunggu baé, Sang Natha ing Galuh iku kang ngepel tanah Jawa, ajujuluk Prabu Banjaransari, akadhaton ing nagara ing Galuh, déné saiki ingsun wus kasoran ing perang, mulané padha bektiya, lan amituruta, yén ora ana kang miturut iya ingsun mungsuhira perang. Para abdi sami saur peksi manut sadaya, sarta ajrih asih kumawula, malah sami amumuji angalem, lenggah tumungkul kados konjema marang ing siti, wicantenipun salebeting manah, sami amastani Rathu titiban déné dhatengngipun boten wonten ingkang uninga, sarta ijén tanpa bala, Sang Natha ing Galuh angandika, éh sakéhé balaningsun wong ing Palémbang kabéh, yén sira wus padha manut ing saréh ingsun dhawuh ingsun padha sira éstokna, yén ing saiki nagara Palémbang ingsun gadhuhaké marang Adhiningsun [225] tetep madeg Dipati, padha manuta apa saparéntahé, sadaya nyembah munjuk sandika, Sang Natha angandika malih, Adhi, sira miliha bala sing pinter lan sing digdaya, bakal ingsun utus marang nagara ing Minangkabu, anggawa layangingsun kaparingna marang Raja ing Minangkabu, sampun amilih Ulu Balang satunggil, serat lajeng kaparingngaken sarta sampun wineling, Ulu Balang sasampuné anampéni serat nyembah: lajeng mundur saking ngarsa dalem, Sang Natha ing Galuh lajeng musna saking palenggahan, ingkang sowan sami éram andongngong, déné Gusthinipun musna saking palenggahan, Adipati ing Palémbang sampun andugi ing galih, yén Sang Natha lajeng dhateng ing Minangkabu, sakathahing bala sami andikakaken dados prayitna ing batos bok manawi Sang Natha manggih pakéwed ing lampah, bala sami matur sandika, Sang Adipati lajeng kondur, ingkang sowan sami bibar, sarta tiyang ing Palembang sami angantos-satos sadaya.

Kacariyos nagari ing Minangkabu, Rajanipun anuju sinowan, sabab saweg katamuwan Raja Patani, kaliyan Raja Sulébar, Raja ing Jambi, ingkang sami kaginem prakawis bedhahipun nagari ing Palémbang, binedhah déning Rathu ing Galuh ijen tanpa bala, nyata sekti lan digdaya, yén botena énggal rinampas kasekténé Rathu Galuh, manawi aneluk-nelukaken dumugi tanah ing Minangkabu, mara manas ki [226]watengenipun, déréng ngantos dumugi ingkang kaginem kasaru utusan saking Palémbang dhateng sarta amundhi serat dumarojog tanpa larapan, Raja Minangkabu lajeng angandika, kowé wong saka ing ngendi, déné ora nganggo tata krama, teka ana ing ngarsaningsun ora anyaosi uningan, utusan awicanten: aku utusané Sang Natha ing Galuh, ing saiki wis angrata nagara ing Palémbang, andikakaké maringaké serat dalem marang kowé, Raja ing Minangkabu angandika dhateng Patihipun andikakaken anampéni serat, serat sampun katampén lajeng winaos dhateng Raja Jambi, ungeling serat: pénget, iki layang ngingsun panjenengngan Natha ing Galuh, rinaja-raja putra déning Sanghyang Guru Natha, ajujuluk Parbu Banjaransari: Déwa Natha Sénapati Ing Ngalaga, digdaya angeréh tanah sawétan Ngajam ababala para Rathu, sarta pinuji-puji déning sakéhing bala kabéh. Liring layang ngingsun kang dhawuh amarang sira adipati ing Minangkabu, mulané ingsun paring layang marang sira, ing saiki sira sébaha marang ingsun, yén sira mopo, anjerokna larénira, kandelna béténgngira, pesthi ora wurung ingsun tekani, poma-poma Raja ing Minangkabu, sakéhé karsaningsun wus kamot ing layang, serat lajeng sinuwék-suwék Raja ing Minangkabu angandika, kongkonan matura menyang Gusthimu, bésuk apa o [227]léhé anekani, ingsun nadhahi sagendhingé, déréng ngantos dumugi anggénipun ngandika, jleg Sang Natha ing Galuh tedhak, ingkang sami ningali anjenger sadaya, gumun aningali bagusing warni, sami kanyana Déwa tumedhak, Raja ing Minangkabu tuwin Raja Sulébar: Raja Jambi: sami tedhak saking palenggahan alon matur, pukulun sinten ingkang tumedhak déné jleg tanpa sangkan, Sang Natha ing Galuh angandika, iya ingsun kang sira tantang sasuwéné, ing saiki wis  katemu lan sira, énggala sira sébaha, anyembaha ing karatoningsun, Raja ing Minangkabu sarêng mirêng pangandikanipun Prabu Banjaransari sanget kagét ing galih, sarta lajeng duka anarik pedhang, Prabu Banjaransari pinedhang wanti-wanti, nanging wulunipun satunggil boten rêntah, lajeng kaebyukkan ing kathah, Sang Natha boten kéguh, wondéning utusan ingkang ambekta serat saking Palémbang, sumeja kacepeng ing kathah, nanging boten kénging, sami kalintu anyepeng kancanipun piyambak, pinten-pinten tiyang katangsulan déning kancanipun piyambak utusan saking ing Palémbang kasaban kasektening Gusthinipun Prabu Banjaransari, sanget anggénipun sami uleng-ngulengan pedhang pinedhang tunjang-tinunjang; sami réncang piyambak, Prabu Banjaransari sakedhap musna boten katingal, tiyang ing Minangkabu taksih ramé bujeng-binujeng: tumbak-tinumbak suduk-sinuduk sami kancanipun, wekasan kathah ingkang pejah, sakantu [228]nipun sami ngili dhateng ing wana tuwin ing rêdi, pangraosipun binujeng ing mengsah, Sang Natha ing Galuh ngatingal malih, sampun kapanggih kaliyan Raja ing Minangkabu, sarta Raja Patani, Raja Jambi, Raja Sulébar, Sang Natha kinurubut sakawan sinabet ngiwa tengen, Natha ing Galuh angandika, aja kasusu, dialon pedhangmu, dipatitis, ora-orané ingsun oncati. Sabetipun rinebat sampun kénging, Raja sakawan bingung tandangngipun lajeng cinandhak tinangsulan sakawan pisan, Raja sakawan lajeng sami atur patobatan anyuwun gesang, sakawan pisan sampun sami kaapunten, ananging saréhning nalika punika tiyang ing Minangkabu kathah pating balesar, Raja sakawan sami késah saking ngarsa dalem, sabab Sang Natha ing Galuh karsa angentosi kalempakipun bala ing Minangkabu ingkang sami angili, sarêng sampun sami ngalempak para Raja sakawan sampun sami katetepaken ing karatonipun piyambak-piyambak, dhawah dalem dhateng Raja sakawan: saben taun sira sébaha marang ingsun aja ana padha léléda, Raja sakawan sami nyembah matur sandika, sarta sami atur prajangji akathah-kathah, Sang Natha ing Galuh angandika, iya uwis padha ingsun tarima prajangjinira marang ingsun, ing saiki ingsun karsa kindur, padha kariya salamet. Sang Natha lajeng musna, utusan ingkang ambekta serat saking Palémbang, binekta ing Sang Natha, tumuli boten katingal awit kasaban Pra [229]bu ing Galuh.

Kacariyos Raja ing Palémbang amepak bala, badhé anjujul Sang Natha dhateng nagari ing Minangkabu, amargi mirêng pawartos yén Sang Prabu Banjaransari wonten ing Minangkabu: perang kaliyan tiyang siti, wekasan musna ing satengahing paprangan, saking gugupipun Raja ing Palémbang, kawastanan Gustinipun séda satengahing perang, mila amepak bala, badhé anglabuhi ing Gusthi, kasaru rawuhipun Sang Natha ing Galuh, jleg tanpa sangkan, Raja ing Palémbang lajeng sumengkem ing sampéyanipun Sang Natha, antawis dangu Sang Natha angandika, ing kéné apa ana prakara, déné sira amepak bala, Raja ing Palémbang nyembah matur, kawula nuwun mila abdi dalem amepak bala, sabab kawula mirêng wartos, manawi panjenengngan dalem perang wonten nagari ing Minangkabu, ananging panjenengngan dalem musna wonten satengahing paprangan, ingkang punika: Gusti: saking gugupipun abdi dalem panarka kawula panjenengngan dalem kondur dhumateng ing kamuksan, mila bala sadaya sami badhé  anusul dhateng ing Minangkabu, badhé béla ing perang, anusul badhé andhérék dhateng ing kamuksan, Sang Natha angandika, sadurungngé sawisé: Adhi: wus ingsun tarima sihira marang ingsun katujuné ana pangreksaning Déwa, ing saiki Raja ing Minangkabu, lan ing Patani, apa déné ing Sulébar, ing Jambi, wis padha teluk marang ingsun, lan maningngé Adhi, yén dhangan lan karêpira, [230] sakéhé mariyemira baberkatan ingsun pundhut, Raja ing Palémbang nyembah matur sumongga, abdi dalem boten rumaos gagadhah, sadaya kagungan dalem, Sang Natha angandika malih, lan maningngé Adhi, sira dhawuh amarang Raja ing Minangkabu, ing Patani ing Sulébar ing Jambi, mariyemé baberkatan padha ingsun pundhut dén kirimna marang nagara ing Galuh, Raja ing Palémbang nyembah matur sandika, Sang Natha ing Galuh angandika, wis Adhi: sira kariya salamet ingsun karsa mulih marang ing Galuh, Sang Natha sampun musna, ingkang kantun Raja ing Palémbang dhawah angrakit baita, badhé kadamel ambekta mariyem dhateng ing tanah Jawi, katur dhateng ing Galuh, punapa déné Raja sakawan sampun sami dhinawuhan, mariyem pinten-pinten kawrat ing baita, saking Minangkabu Sulébar Patani ing Jambi.

Kacariyos ing Galuh, para Raja ing tanah sabrang ingkang kalebet sawétanipun tanah Ngajam sampun sami teluk sadaya, saben taun sami sowan dhateng ing Galuh, wonten ingkang angaturi putri, sawenéh wonten angaturi rajabrana, saking sami ajrihipun saéstu boten kénging rinaosan lajeng andhatengngi, terkadhang nagari ingkang boten sowan lajeng dipun tedhakki piyambak kados adat ingkang sampun kalampahan.

Kacariyos kala musnanipun Sang Prabu ing Galuh saking nagari: boten ambekta bala: tiyang ing Galuh sami prihatos [231] awit Gustinipun boten wonten, ing sapunika Sang Natha rawuh, sampun lumebet ing kadhaton tiyang sanagari misuka bingah, para garwa tuwin para putri inggih mekaten ugi, ing sapunika nagari ing Galuh sakalangkung gemah raharja, tulus ingkang sarwa tinanem, putra jaler éstri sampun sami diwasa, sadaya sampun sami kakramékaken sarta pinaringan dalem piyambak-piyambak atut angénipun asaduluran, sadaya sami ajrih dhateng Raja Arya Bangah, malah para putra sampun sami apuputra, sarêng ing nalika satunggiling dinten Sang Natha ing Galuh saré anyupena, katingal pinaringan mariyem barkatan dhateng Sanghyang Guru Natha, sakalangkung tétéla, kados wénté-wéntéyan, sawungunipun sakalangkung ngungun ing galih, sarta sanget ing panyipta, Sang Natha lami boten sinowan, ingkang kagagas namung supenanipun, nuju satunggiling dinten Patih katimbalan malebet sarta ingkang éstri, sampun sami wonten  ing ngarsa dalem, Sang Natha angandika, Bapa, enggoningsun saré bengi ngipi, pinaringan mariyem déning Sanghyang Guru Natha, kéhé loro, padha bagus-bagus, yén saupama saiki anaha, ingsun ora pangling, iku Bapa, sira golékana lan Si Biyung, sapiraha lawasé ngantiya jambul wanen, yén durung katemu, aja mulih-mulih, dadiya mangan gogodhongngan ana ing alas iya lakonana, wis Bapa, sira mangkata lan Si Biyung, ingsun anyangoni sa [232]lamet, poma Bapa, dén katemu, Patih sarta ingkang éstri nyembah munjuk sandika, mundur saking ngarsa dalem, tiyang kakalih samargi-margi amabrebes mili, ting salengruk, Kyai Patih wicanten lirih dhateng ingkang éstri, baya Gusti iki wis bosen marang aku, endi ana impén andikakakén anggolékki, iku ujar anglengkara, tegesé basa kamokalan. Patih kaliyan ingkang éstri boten pedhot anggénipun nangis anjujug dalemipun ingkang putra, Prabu Sangkan methuk ingkang rama, lajeng rinangkul tinangisan, tholé, sira dibisa kari, pira bara awakku lan ibumu anemu urip, wis pinasthi ing Jawatha kowé bakal pisah lan ibumu sarta aku, kang becik enggonmu suwita, aja léléda, Sang Prabu Sangkan tumut nangis matur dhateng ingkang rama, kula nuwun rama, punapa sababipun mundur saking sowan temah minggah susah, kula badhé sumerêp prakawisipun, kang rama amangsuli, cahyanipun pucet saha pethak kados wacucal ingkang sampun kinelétan saking badan, wruhanira: tholé, ingkang sinuwun mundhut pati uripku, lan pati uripé ibumu. Sampun winartosaken sadaya, ing wiwitan dumugi ing wekasan, Prabu Sangkan matur, pagraosipun manah kula rama, yén makaten kémawon ingkang dados karsa dalem gampil kagungan dalem mariyem jarahan punika kémawon dipun upadosana, mokal yén boten angsa [233]la ingkang saé saking sarakit ingkang pantes konjuk ing panjenengan dalem, kang rama amangsuli, tholé, sira isih bocah, durung bisa tompa, éwa samono jajal golekono, sakéhé  mriyem jarahan manawa ana kang dadi seneng dalem, nanging pandugaku dudu iku kang di karsakaké, mariyem ugering nagara. Ingkang putra lajeng bisikan sarêng sampun kabisikan Prabu Sangkan sanget anggénipun nangis ingkang rama wicanten malih,  wis tholé, aja dinawa, dibecik kowé kari, aja pépéka tunggu nagara, dikaya aku wéwékamu, déné enggonmu arêp anggolékki mariyem mau, iya sidakna, manawa oléh kang panuju dadi panglipuré prihatos dalem, aku karo ibumu arêp amumuja, manawa ana pitulungnging Jawatha, anangnging kowé di kerêp tilik menyang pamujan, déné pagawéyan nagara dak pasrahaké marang kowé, aku wong wis tuwa, pandelengnganku wis suda, wis ora awas ambakoni nagara, lan maningngé untuku wis padha ogak tegesé wis ora kukuh ambakoni nagara, lan rambutku wis warna loro, iku iya dadi ilapat tegesé ati wis mango menyang kamuksan, tegesé tholé karsa dalem wong ngulah nagara iku aja nganti amaro adhep, yén wong wis banget tuwané, amesthi mango, mulané mengko kapinteranaku ngalih marang kowé, aku mung madhep marang sawiji baé, marang ing kamuksan, poma di é [234]ling tholé, aku arêp mangkat wis kariya salamet. Kyai Patih lajeng mangkat kaliyan ingkang éstri dhateng pakuburaning kaki, sumeja tapa tilem akaliyan ingkang éstri, mujung kados tiyang pejah.

Kacariyos ingkang kantun ing nagari, putranipun Patih, ingkang nama Prabu Sangkan ginentosaken ingkang rama, dados Patih ing nagari Galuh, sarêng antawis lami, sakathahing mriyem jarahan dipun pilih ingkang saé-saé, ananging boten wonten ingkang dados karsa dalem sabab dédé ingkang kasupena, Patih ngantos telas akalipun mila sanget prihatosing manah, tilar tedha: tilar tilem, saben dalu anepi wonten ing taritis ingkang kadamel lémék godhong pisang, bantalipun banon sarimbag, ing wanci bangun Patih Sangkan nyupena, ingkang rama katingal dhateng, angugah enggénipun tilem nenepi, sarta wawartos yén saking sih pitulungnging Jawatha angsal mariyem sarakit ingkang kasupena ing Sang Natha, panggénanipun wonten salebeting patapanipun, tholé, di énggal jupukna, Patih Sangkan kagét lajeng tangi, langkung getun kéngetan supenanipun, lajeng késah boten mawi ambekta bala, sumija tuwi dhateng panggénanipun ingkang rama, badhé angaturaken supenanipun, sarêng dumugi ing pamujan ingkang rama tuwin ingkang ibu badhé dipun wungu, kemulipun winiyak, Patih Sangkan kagét anjola, sarta niba sakalangkung anggénipun nangis, anjenger bo [235]ten saged wicanten aningali ingkang rama sarta ibu sami dados mariyem kembar ajajar: sami bagusipun, Patih sangkan sumungkem sarwi nangis, rama ibu, kula boten nyana: boten nyupena, yén makaten dadosipun, lajeng wonten swara dumeling kamirêngan: wis menengnga, sanajan kotangisana, mongsa baliya urip manéh, kang muksa lakuné wus sampurna, patitis marang kailangngan, déné aku ora mati, satemené misih momong kowé, mung salin panggonan baé, pratikelmu di patitis aja kaliru, dibisa amisahaké, pisahé raga lan sukma, wruhanamu iya mariyem iku ragaku, sukmaku wis sampurna, ananging yén patitis pratikelé, sarta kasumurup pangolahé, iya uga ora pisah raga lan sukma mau, kaya upamané layangan lan kenuré, saparané dén tutaké, mengkono upamané raga lawan sukma iku, yén pisah ora kumpul iya iku kaliru, dadi kurang patitis, salawasé bingung baé, wekasan tiba saenggon-nenggoné, déné kang wis bisa angaworaké, raga lan sukma iku tunggal kamukténé, iya iku tholé kang diarani jaya sampurna, wruhanamu, Gusthimu Sang Natha ing Galuh iku luwih disik uningnga ing susurupan, iya iku kang dadi supenané Sang Natha, wis pasthi dadi baberkatané panjenengngan Natha ing tanah Jawa, turun tu [236]murun mariyem loro iku dadi ugering nagara, sasampuning telas wangsiting swara, Prabu Sangkan lajeng kondur, samargi-margi kagagas ingkang rama sarta ibu, sadhatengngipun ing dalem lajeng sowan lumebet ing kadhaton, kéndel ing bangsal Sri Manganti, Candhél unjuk, Patih lajeng tinimbalan malebet dumugi ing ngarsa dalem anyembah tumungkul anggénipun sila, Sang Natha alon angandika, Patih, apa ana gawé kang prelu, Patih Sangkan nyembah munjuk: kawula nuwun abdi dalem pun Bapa anggénipun anglampahi pangandika dalem akaliyan pun Biyung, sami tapa amesu raga wonten ing kabuyutanipun, ing sapunika sami amanggih tiwas abdi dalem Bapa saha pun Biyung sami boten wonten, wondéning ingkang wonten mariyem kalih, warninipun kembar: sami bagus-bagus. Anggénipun munjuk makaten punika kalih anangis sarta sumungkem ing sampéyan dalem, Sang Natha kumembeng ingkang waspa, dangu boten angandika, antawis dangu Sang Natha angandika, Si Bapa lan Biyung ora gelem cidra, ingsun dhéwé kang maha, wis Patih, padha dipupus baé, tegesé Si Bapa lan Si Biyung iku wus tumeka ing jangjiné, ala becik lara kapénak pati urip cendhak dawa, iku wus di pasthi marang kang amurba, kawula iki mung darma nglakoni baé, ananging gawéné aja salang surup di patitis lan diweruhi pisahing kawula lan Gusthi, [237] Patih nyembah munjuk: saking pangéstu dalem Gusthi, kados-kados boten kikirangan, kalayan malih Gusthi, wonten swara ingkang mangsit dhumateng abdi dalem nalika abdi dalem wonten ing kabuyutanipun Bapa, mariyem kakalih punika ingkang dados supena dalem dipun jujul dhateng ing sawarga, abdi dalem dipun kén angunjukaken ing panjenengngan dalem, Sang Natha angandika, iya banget ingsun tarima, lan ingsun dhéwé kang kang bakal mapag marang enggoné i apa sarta Si Biyung, wis Patih, sira nagundhangngana bala, upacaraningsun padha wetokna kabéh, lan para Bupati sira dhawuhana, padha anggawa bojo, Patih nyembah munjuk sandika, sampun mundur saking ngarsa dalem, dumugi ing jawi lajeng angundhangngi bala, sakathahing titiyan miwah upacara medal sadaya, Bupati Mantri sami ambekta bojo, Sang natha miyos saking kadhaton kaliyan ingkang para garwa, miwah selir pipingitan sami andhérék boten wonten ingkang kantun, Sang Natha kaliyan ingkang garwa lajeng anitih rata, wondéning para garwa selir tuwin pipingitan nitih joli, wonten nitih jempana, sawenéh nitih tandhu, bidhal kebut sadaya, orêg sanagari ing Galuh. Tabuhan pating karêmung, pating carêngkung samargi-margi, jejel pipit tiyang aniningali, tiyang dhusun ingkang ngurut margi sami saos dhadhaharan pinten-pinten sekul ulam nganto [238]s langkung, dalasan gamelipun para Bupati Mantri sami tuwuk sadaya, samargi-margi boten kikirangan, lampahipun Sang Natha kaliyan bala kathah, manawi dalu lerêb énjing mangkat alampah malih. Boten kacariyos laminipun ing margi, sampun dumugi panggénan kabuyutan, Sang Natha tedhak saking rata kaliyan ingkang garwa, tuwin ingkang para garwa kathah-kathah wau inggih sampun tedhak saking titihan sadaya, bojoning para Bupati Mantri inggih sampun sami mudhun saking tumpakkan, Patih lumampah wonten ing ngarsa dalem, mariyem kakalih katingal saking katebihan wonten ing sanggar langgatan, Sang Natha sarêng mirsa, lumajeng sarwi ngandika, iya uga iki kang ingsun impi. Mariyem kakalih lajeng rinangkul déning Sang Natha, sarwi brebes mili, dangu boten ngandika, anjenger ningali Patih kaliyan ingkang éstri. Sanalika punika kaciptanipun Sang Natha, kados boten ningali mariyem katingal kados kala taksih wujud manusa, saking déning sanget sih tresna dhateng Papatihipun, dangu-dangu Sang Natha anetah ing sariranipun: ingsun dhéwé kang maha, Si Bapa lan Si Biyung iku darma nglakoni karsaningsun wus pasthi ora kena owah gingsir, kadadéyané Si Bapa lan Si Biyung iku dadi pikukuhing karaton tanah Jawa, Sang Natha sampun mupus awit mekaten punika saking karsaning Jawatha linuwih, ananging saking sangetipun ing tresna boten saged megeng raosing galih, waspanipun androdo [239]s awusana dados telagi wiyar abening toyanipun, para garwa sadaya sami abonyohi mariyem kakalih, sarta dipun ukup ing wawangi, sabab sampun makaten pakarêmanipun para Déwa, sémahipun para Bupati sadaya sami angujung dhumateng mariyem kakalih wau, kumrabut gentos-gentos, sakalangkung kajén kéringngan sanget dipun pepetri dhumateng Sang Natha ing Galuh, kaulesan sinjang adi-adi rangkep pitu, sanesipun para Bupati, sami angaturi piyambak-piyambak ngantos sungsun-sungsun, ing nalika punika dipun sengkalani, naga papat nembah ing Rathu, Wdangka, 1248, Sang Natha lajeng dhawah dhateng bala, badhé kondur dhumateng nagari ing Galuh, mariyem kakalih andikakaken andadosi, ingkang tumandang para Bupati sadaya, dhawah dalem andikakaken ngingahaken ing pedhati, nunggil Sang Natha, sarta dipun jajari tundha pitu, Sang Natha sampun bidhal saking kabuyutan ginarêbeg ing bala kathak, gamelan mungel angrerangin pating carêngkung, samargi-margi sami asukan-sukan kados angarak pangantén ingkang mentas pinanggihaken, sakalangkung rinengga rêngga, muktinipun angungkuli kala taksih dados Patih, tiyang aniningali jejel uyel samargi-margi, lampahipun Sang Natha sampun dumugi salebeting nagari, lajeng lumebet ing [240] kadhaton mariyem kakalih kadékékkaken ing dalem Prabayasa, para Bupati sami amakajangngan ing alun-alun, mariyem kakalih wau dhawah dalem andikakaken andamelaken panggénan ing sitinggil bangsal alit ginandhok kaliyan bangsal Withana, ingkang kadamel saka kajeng kalembak usuk balandar utawi pangerêt sapanunggalipun sami kajeng candhana, sirapipun kajeng garu, sadaya wau sami kaukir, sarta cineplokkan kancana. Boten antawis lami bangsal sampun dados Patih lajeng angunjukki uninga ing Sang Natha, para Bupati sami sowan ing pagelaran sémahipun sami sowan malebet ing kadhaton, Sang Natha animbali Patih sakancanipun para Bupati, andhér ing palataran, Patih ing ngandikan majeng, Sang Natha pinarak ing paringgitan alon angandika, Patih, mariyem karo pisan sira usungnga marang sitinggil lan kancanira Bupati kabéh, Patih nyembah munjuk sandika, kaliyan malebet ing dalem Prabayasa, mariyem ingkang satunggal pinanggul ijén dhateng Patih Sangkan ingkang satunggal cinangking ing asta kiwa dhumateng Kangjeng Rathu Kancana, medal saking dalem Prabayasa, ginarêbeg ing para éstri. Sarêng dumugi ing sitinggil ingkang pinanggul Patih Sangkan kaséléhaken rumiyin wonten ing Withana, linémékkan babud sungsun pitu, ingkang kaasta ing Kangjeng Rathu Kancana, lajeng sinéléhaken kadadosaken satunggil, Patih Sangkan saking ajrih [241]ipun dhateng Kajeng Rathu, andhepés mépét sarwi mungkur, mariyem kakalih sampun kasasaban rangkep sanga, linangsé sungsun-sungsun warni-warni, ing kiwa tengenipun kapasangngan dilah, rinten dalu dupa boten kénging pejah, ingkang tenggak sarinten sadalunipun tiyang kawan dasa. Lajeng Rathu Kancana sampun kondur angadhaton ginarêbeg  ing para éstri: tuwin sémahipun para Bupati, Patih Sangkan sakancanipun lajeng sami mundur mantuk piyambak-piyambak, sarêng ing ngalami-lami, mariyem kakalih sampun misuwur  ing satanah Jawi, karsanipun Sang Natha kaparing dalem, kamufakataken ing bala sadaya, ingkang ragi ageng panjang nama Kyai Jaka Pekik ingkang ragi alit kaparingngan nama Rathu Mas Sathomi, punika sakalangkung rinengga-rêngga, amewahi cahyaning nagari, ing mongsa punika sakathing abdi dalem ageng alit jaler éstri, ingkang wonten nagari ing Galuh, sami suka sugih sadaya, ingkang tinitah Bupati Mantri sapanunggilanipun sadaya sami angraos mukti, awit boten wonten perang, amargi mengsah sampun sami teluk sadaya, nagari sabrang saben taun sami sowan saha ngaturaken paos dhumateng ing Galuh, tiyang dagang layar ingkang saking tanah sanés pinten-pinten boten  wonten kandhetipun, nagari ing Galuh sakalangkung karta, kéringngan ing perang, Sang Natha sampun kadugén sakarsanipun sugih donya garwa putra, para putra sampun sami dalem piyambak-piyambak, ingkang dados  telengnging galih namung putra sakawan [242] punika ingkang sami ginadhang-gadhang, ingkang saking Kangjeng Rathu Supraba kakalih, ingkang sepuh putri, warninipun kembar kaliyan ingkang ibu, saged salin warni kaping pitu sadinten wasta Kangjeng Rathu Pagedhongngan, ingkang rayi-rayi sami asih lulut sadaya, saged ngambah awang-ngawang, utawi manjing ing ajur-ajér, mrojol ing ngakerêp punjul ing ngapapak, sabarang pandamelan saged sadaya, utawi basa kawi inggih saged, saking angengnging tapanipun ingkang kadhahar namung kukus kaliyan sekar, ananging cacadipun boten karsa krama, yén aningali tiyang jaler: kados ningali sami éstri, ingkang rayi jaler warninipun bagus aluruh, kembar kaliyan ingkang rama, digdayanipun kados ingkang Bok Ayu, malah kapara ngungkuli ingkang raka, punika ingkang badhé anggentosi Rathu, kaweca anedhakkaken Rathu ing tanah Jawi, ngantos dumugi Rathu ing Mathawis, kaparingan nama dhumateng ingkang Éyang Sri Arya Bangah, kaemong ingkang Bok Ayu Rathu Pagedhongngan ingkang akadhaton ing seganten kidul saenggén-enggénipun panjenengngan Rathu ing tanah Jawi, boten tinebihan, wondéning putra kakung ingkang saking Kangjeng Rathu Inthen Hapsari, ingkang kinasihan satunggal digdayanipun angungkuli tiyang kathah, binadhé déning ingkang rama, badhé nedhakaken lelembat sarta bongsa siluman sanésipun angratoni sakathahing Jim, namanipun saking kukudangngan mau Raja Sekthi, akadhaton ing awang-ngawang, pu [243]nika ingkang badhé angentosi ingkang ibu, putra kakung ingkang saking Kanjeng Rathu Kancana, satunggil kinasihan déning ingkang rama, bagus digdaya, kabadhé nedhakkaken para Natha nagari ing Pasundhan.

Gentos kacariyos Sang Natha ing Galuh, sampun lami asring amratapa ing rêdi, anyakiti sarira, saréhning sampun sepuh badhé atilar kamuktén, namung karsa madhep dhumateng kamulyaning pejah, mila makaten sabab para Déwa kathah ingkang amituturi dhumateng Sang Natha, wondéning ingkang badhé kagentosaken jumeneng Natha, ingkang putra Sri Arya Bangah, tinimbalan malebet ing kadhaton tuwin Rathu Pagedhongngan para garwa pepak sadaya, Sang Natha angandika, mulané sira ingsun timbali: kulup saréhning ingsun  ing mengko wus rumasa tuwa, sira gumantiya jumeneng Natha, lan ingsun wus pitaya aninggal ing sira, sabab nagara wus rata kabéh, ingsun kang ambabakali karinbet getih, ingsun suprih sira muktiya, akanthi sadulurira kabéh, supaya ing buri aja ana perang, karana ing mongsa iki ingsun wis tuwa, karsa nenepi ana ing gunung, amadhep marang kamulyaning pati, sarta amumuji kaslametané karatonira, ngantiya tumeka akiring jaman aja kaselanana ing liyané, saturunira kang mengkuwa nusa Jawa, putra munjuk sandika, Kangjeng Rathu Pagedhongngan  kedhah andhérék dhumateng ingkang rama, badhé dados andhang, supados mirsa asuruping kapejahan, [244] ing dalu boten kacariyos énjingngipun Sang Natha dandos badhé miyos, anjumenengngaken ingkang putra, sawarnining kaprabon tuwin beberkatan sadaya pinaringanken dhumateng ingkang putra, Sang Raja Putra sampun kaagem-mageman kados Rathu, sarta kaageman makutha karaton, tinarétés ing sélapating galebyar kados kilat miwah upacara pepak sadaya, Sang Natha sampun miyos saking kadhaton ingkang putra lumampah wonten ing ngajeng, ginarêbeg ing para éstri, manggul sarta biyada ingkang sowan wonten ing Sri Manganti, medhun lajeng sami anjajari ing ngarsa dalem, lampahipun Sang Natha sampun rawuh ing pagelaran para Bupati orêg sami tilar lampit Sang Natha pinarak ing dhampar kancana, abdi dalem pepak sadaya, tiyang monca nagari miwah para raja ing tanah sabrang, tiyang pasisir, para Déwa para Pandhitha, sadaya sami sowan ing pagelaran, Sang Natha angandika, éh kawulaningsun kabéh, padha sira rungokna, yén ing saiki putraningsun Si Adipati ingsun junjung jumeneng Natha, anggenténi karatoningsun, amangkurat tanah Jawa, tetep akadhaton nagara ing Galuh, ingsun jujukki Sri Déwatha Arya Bangah, mulané ingsun séléh kaprabon marang putraningsun yén angeréha tanah Jawa, déné ingsun  karsa magawan baé, nanging kang bakal ingsun gawa jegsa: carik empu: kabayan, anakké padha gumati [245]ya ing kalungguhané, dimén padha nglakoni muktiya wong tuwané, Patih nyembah munjuk sandika, Gusthi, pupundhén kawula ingkang pinuji ing ngakathah, abdi dalem andhérék ing sakarsa dalem, mugi mugi panjenengngan dalem angsala sih ing Jawatha. Ingkang sami sowan sadaya jumurung, geter peter  asauran, Sang Natha angandika malih, karo déné putraningsun Siyung Wanara ing mengko ingsun junjung Bupathi, alungguha ing Pajajaran ananging karéha marang kakangngané, ingsun gawani pandhé wolung atus iku padha dén réhna, ingsun paringngi jeneng Raja Siyung Wanara, déné putraningsun mau Raja Sekti anggenténana ibuné, angratoni sarupaning Jim karatoné ing awang-ngawang, ingsun paringngi jeneng Raja Déwa Sekthi, Sang Natha lajeng tedhak saking dhampar, ingkang putra cinandhak sarta angandika, wis kaki: sira lungguh ana damparingsun. Ingkang putra lajeng lenggah ing dhapar kancana, kasuripun baludru rinénda, Patih Sangkan sakancanipun Bupati lajeng sami angujung dhumateng panjenengngan Natha enggal, Sang Natha tedhak saking dhampar kondur angadhaton kinanthi déning ingkang rama, ginarêbeg ing para éstri, Patih Sangkan sakancanipun mundur sami bibar, Prabu Aném wau kacariyos ngantos lami boten krama, lajeng kakramakaken déning ingkang rama, angsal putri ing Kadhiri, kaliyan putri ing Jenggala, putri ing gelang, putri ing Singasari, sakawan punika ingkang kace [246]tha dados garwa pademi, wondéning para Natha ing tanah sabrang tuwin para Bupati Pasisir monca nagari kathah ingkang sami angaturi putri, ananging dados garwa selir kémawon, boten kacariyos roroncénipun amurih énggaling lalampahan, putra titiga ingkang kasebut ing ngajeng wau, sampun sami puputra, wonten miyos putri, wonten miyos kakung, wondéning putranipun Prabu Arya Bangah, ingkang miyos saking Kangjeng Rathu Mas Mayangngarum Gandhasari, pambajengngipun éstri, sakalangkung déning ayu éndah, nuruni ingkang uwa Kangjeng  Rathu Mas Gedhongngan sekti wadat, kala taksih timur pinundhut putra dhumateng ingkang uwa, ing mangké sampun diwasa, jinunjung nama Rathu, tinanem ing Nungsa Tembini, punggawa tuwin prajuritipun sadaya sami éstri, ingkang rayi tumunten kakung, warninipun bagus cahyanipun amanther, kaparingan nama Sri Déwa Manthala Rasa, putranipun Raja Siyung Wanara, ingkang pambajeng putri, nama Sang Prabusari, warninipun sakalangkung mancorong, dipun kramékaken dhateng ingkang rama, angsal Lutung Kasarung, wayahipun Panggung Kancana, putranipun Maha Raja Déwa Sekti sadaya pitu, ananging sami siluman sadaya, ingkang pambajeng nama Rathu Rosa, jumeneng ing Ngroban angratoni lelembat, ingkang rayi krama angsal ing Loérang, jumeneng Rathu wonten ing  Tunjungbang, ingkang rayi malih anama Rathu Butaguru, pinarnahaken ing Guwa Upa [247]s, ingkang rayi kalih putri, warninipun anglangkungi ayu, anama Sanghyang Paséréyan pinarnahaken ing Lobong, ingkang rayi malih kakung, anama Sadura Malangeng Érang, angratoni lelembat ing Pajajaran, ingkang rayi malih kakung, anama Ki Dulek pinarnahaken ing Macingngan, wuragilipun kakung, anama Ki Janggi, pinarnahaken ing rêdi Ageng nagari Tegil, sampun jangkep pipitu, sami jumeneng Natha sarta kayangngan piyambak-piyambak, wondéning ingkang kathah putranipun Prabu Arya Bangah ing Galuh, kakung putri sadaya, sampun sami apencar, nedhakkaken piyambak-piyambak.

Kacariyos Prabu Banjaransari, kaliyan ingkang putra Kangjeng Rathu Pagedhongngan ingkang saweg tapa, sami anyantrik dhumateng ingkang Éyang, Sang Wiku Raja Shindula, wonten ing guwa terusan, sakalangkung banter anggénipun mati ragi, tapanipun sampun katarima, Sang Natha sampun angraga sukma, Jeksa Carik Kabayan sampun sami minggah ajar sadaya, ababad piyambak-piyambak, tatanemanipun saweg sami nedheng eném-meném sadaya sami amendeng dhumateng kamulyan sami boten ajeng ing kadonyan.

Kacariyos ing rêdi mendhang wonten ajar satunggil sakalangkung gentur tapanipun digdaya sekti guna, kathah kasagedanipun ngélmi kadigdayan kasektén, Kyai Ajar sakalangkung ngawas pangingalé sarta terus saciptanipun u [248]ninga sadéréng winarah, ing kamuksan sampunelas, cantrikkipun sami ajar sadaya, kathahipun wolungatus sadaya sami gentur tapanipun, wondéning namanipu Panembahan Balasaréwu, apaparab Hyang Raga Purnajati, éndhangngipun satunggil awasta Nyai Sonya Asmara, Kyai Ajar wau sampun lumuh gesang, namung karêm dhateng  jaman kailangngan, anangnging déréng kalilan, malah asring tilar dhépokkipun andhawah ing jurang, badan binantingngaken ing curi, anglundhung saking pucakking rêdi, meksa boten dados ing pejahipun malah wewah cahyanipun.

Ing nalika punika lajeng Rathu Pagedhongngan midhanget pawartos bab solah tuwin lampahipun Ki Ajar Balasaréwu wau, kapéngin kedah badhé kapanggih dhumateng Kyai Ajar, tinurutan dhumateng ingkang rama Sang Pandhita Raja, akarsa mertamu dhumateng dhépokkipun Ki Ajar akaliyan ingkang putra Kangjeng Rathu Pagedhongngan, sanalika Sang Natha ing Galuh nekung mesu sarira, saréhning sampun katarimah samukawis karsaning galih, sakedhap anyipta karsa kapanggih kaliyan ki Ajar, jleg sanalika Sang Natha ing Galuh sampun kapanggih kaliyan Ki Ajar, ingkang putra Kangjeng Rathu Pagedhongngan inggih boten kantun, Kyai Ajar gepah angaturi lenggah dhumateng Sang Natha, panjenengngan dalem kasasar mariki, mugi anglerêsna ing sembah saluku kawula, ingkang katur ing panjenengngan dalem Gusthi, panjenengngan dalem katuran pambagé, raosing manah kawula [249] kados kabanjiran madu, kajugruggan rêdi menyan prasasat tedhakkan ing Déwa, abdi dalem boten nyupena yén katamuwan Gusthi, manawi parêng mugi angganténo wohan wangén memper wangining gandapura. Ingkang angladosi éndhangngipun, Sang Natha angandika, panarimaningsun anyarambahi, kaya upamané banyu udan tumiba ing godhong kamuning, ambalébér tiba ing lemah, wekasan sinesep ing bumi, dadi etuk gedhé, minongka pangongsané wong sajagad, sadurungngé sauwisé Ajar, pambagénira wus ingsun tarima, Kyai Ajar munjuk malih, ing ngriki sepa-sepi Gusti, tangéh manggiha kabingahan kaluhuran utawi manggih atoya sacawuk kémawon prasasat adhahar nginum namung pinten banggi manawi angsal kasinggihan ing jaman kapejahan, Sang Pandhita Raja angandika, ingsun iki Ajar, iya uga ora béda lan sira, angréngga patapan luwih nistha  tanpa tutur, mulané banget lesah ingsun karsa dhahar ora ana kang ngolah-olahaké, Ajar gumujeng sarta munjuk: Sang Natha, ing ngriki sanget langipipun tangéha manggiha, inggih namung sawonten-wontenipun konjukka ing panjenengngan dalem Gusthi, Sang natha angandika, apa sira weruh marang ingsun, Ajar munjuk: barkatipun ing Gusthi, panjenengngan dalem Déwa dharat Sang Prabu ing Galuh, Sang Natha gumujeng sarta ngandika, yén mengkono: sira nyata awas déné we [250]ruh marang ingsun, Ajar anyaosaken wadhan gantén unjukkipun: punapaha Gusthi boten karsa anggantén, Sang natha angandika, mengko sadhéla, ingsun durung karsa, arêp tatakon dhingin mulané ingsun tetemu lan sira maréné, satemené apa kang sira seja ing tapanira iku, apa marang kadigdayan apa marang kamuksan, Ajar matur, Gusthi, boten sanés kaliyan karsa dalem, ingkang kawula pendeng mung dhateng ing kasirnan ngupados margi ingkang dados pangruwat, karanten abdi dalem kalepatan ing Jawatha, sampun kalihatus taun abdi dalem wonten ing macapada, Sang Natha ing Galuh mésem angandika, yén dhasar temen-temen karêpira, pasthi ana pangéstuné ing Hyang luwih, Ajar lajeng munjuk ing Sang Natha, punapa saéstu panjenengngan dalem karsa dhahar, Sang natha angandika, iya Ajar, banget luwéningsun, Ajar lajeng amedalaken pasegah, ananging pasemon sadaya, awarni kunir satapas sekar sruni satakir, emplék-emplék galepung gangsal iris wiji sawi, uwos sapitrah, sekul punar, keji sawit sarta kasegah éndhang satunggil sakalangkung ayu, ajar munjuk: sumongga Gusthi, punika pasegah kawula, konjuk ing panjenengngan dalem, sang Natha angandika, iki godhong apa: Ajar, Ajar munjuk: punika godhong keji, ingkang wau tatanemanipun priyantun ngaré, kawula tular, katanem ing rêdi, mi [251]la kawula tular, sabab keji punika saé, samukawis ingkang katedha manawi dipun worri godhong keji, dados lebur, sanajan ingkang atos-atos kamamah inggih ajur, ingkang alot dados empuk, sarêng Sang Natha midhanget unjukking Ajar, sakalangkung dukanipun jaja kados medala latu, padoning lathi kumedut, tingal abrit kados srengéngé, pangandikanipun seru, yén mengkono: sira iku: Ajar: ora becik, susuguh godhong keji iku ora patut. Sang Natha lajeng narik dhuwung, Ajar sinuduk dhadha terus ing walikat, Ajar sampun pejah, raganipun lajeng musna, saréhning Kyai Ajar sampun patitis dhateng ulah kasampurnan mila dalasan raganipun tumut mantuk dhateng kamuksan, Sang Natha kaliyan ingkang putra Kangjeng Rathu Pagedhongngan lajeng kondur dhateng nagari ing Galuh, badhé tutuwi ingkang putra Sang Prabu Arya Bangah ing Galuh, sakedhap Sang Natha rawuh ing kadhaton ingkang putra boten kantun, Prabu Anom Arya Bangah sarêng uninga ingkang rama rawuh, lajeng angujung sumungkem ing suku, tuwin dhateng ing Kang Bok Ayu Kangjeng Rathu Pagedhongngan, Sang Natha lajeng pinarak ing dalem Prabayasa, putra kakalih wonten ngarsa dalem, Kangjeng Rathu Pagedhongngan nyembah munjuk dhumateng ingkang rama, punapaha panjenengngan dalem kala wonten ing dhépokkipun Ajar kasaosan pasegah, Ajar lajeng panjenengngan dalem pejahi, Sang Natha angandika, wruhanira: nini, si [252]ra ora weruh pasemoné Si Ajar, dhéwékké dhasar awas weruh sadurungngé winarah, mulané ingsun paténi, tetep Si Ajar iku ora becik atiné, sabab isih katémpélan budi murka, sumeja jumeneng dhéwé, ora gelem ngempék-empék, tegesé arêp dadi Rathu, ingsun sinuguh keji sawit iku pasemon karaton ing Galuh iki bésuk ngalih ing pagunungngan, sabab calathuné Si Ajar, godhong keji iku kang mau tandurané wong nagara, tinular tinandur ing gunung, wruhanira, bésuk tanah ing pagunungngan ana panjenengngan Rathu, nagarané  ing Pajajaran, Rathu iku angluwihi sapadhaning Rathu, kaprenah buyutingsun anakké kang dadi paugeran lima, pambarêpé wadon ayu rupané, wadat kaya sira, panguluné lanang, jenengngé Arya Bangah, tinandur dadi Bupati ing Galuh kéné, loro iku padha metu saka ing buri, kang metu saka ing pademi: lanang, jenengé Raja Susuruh, Rathu iku nuli sikara amaténi Ajar Béka, Ajar mau banjur nitis marang bojoné, ametoni lanang, banjur angendhih karaton, déné Rathu Nyakrawathi mau, araning jamané Drumuka, Kala Wisésa, sirnané Rathu iku lan bojoné, lagi meteng telung sasi, ananging wetengngan kang telung sasi mau, iya uga kalakon bésuk yén lair metu lanang, rabi Widadari anurunaké para Raja, déné kang angendhih jumeneng ing Pajajaran mau, jenengngé Raja Siyung Wanara, iya ing Galuh ké [253]né, Arya Bangah mau, dadi anunggak semi adhinira Sang Prabu, ingkang putra nyembah munjuk ing rama, dados punika dédé putra dalem Adhi Prabu, ingkang rama angandika, dudu Adinira, Arya Bangah iku kaprenah canggahé Adhinira, ingkang putra munjuk malih, manawi makaten rama, panjenengngan dalem kénging dipun wastani sikara, amejahi Ajar asesegah, ingkang rama ngandika, ingsun ora sikara, karana Si Ajar lan ingsun padha bungahé, kang dadi sukané Si Ajar enggoné golék dalan pangruwat wus lawas mongka ingsun kang nguntapaké, dadi patiné Si Ajar mau prasasat anguguru marang ingsun, iku kang dadi bungahé Si Ajar, ana déné mungguh sukané galih ingsun Si Ajar agawé wiwitan carita, sabab suguhé pasemon kabéh, muni ing layangngingsun peca, tinggalané swaga Éyangngira kang cakal bakal ing Bojong, iya iku kang diarani Rathu ing Galuh, kang putra nyembah munjuk: nama Rathu Galuh punika tegesipun kados pundi: rama, ingkang rama angandika, tegesé Galuh iku mengkéné, satriya putraning Natha ngalih marang ing gunung Mendhang, rinawengi sinungkeman kang sinembah kang pinuja: amung cahyané kang metu saka ing mata, mulané kaaranan Rathu Galuh, putra nyembah alon munjuk: Rathu Galuh punika kathahipun pinten, ingkang rama ngandika, awiting Galuh saka Ngadam apa déné kang akal baka [254]l ing Bojong Lopang, kang rayi lan kang putra, telu iku nunggal jeneng Galuh kabéh, ping pat kang jeneng Galuh, kalané Éyang Shindula, ping limané tumurun marang ingsun, iku aran Rathu Galuh kabéh, Adhinira iku iya isih karan Rathu Galuh, déné kang mekasi jeneng Galuh, kang wus sun caritakaké ngarêp mau, Raja Siyung Wanara ing Pajajaran lan Arya Bangah Raja ing Galuh mau, iku araning jaman Drupeksa Kala Wisésa, jenengngé Rathu Sangara, wong cilik pajeggé sing katur maring Rathuné emas sabab ingsun disuguh kunir satapas marang Si Ajar, iya iku pasemoné, lawasé jaman iku sapuluh windu, nuli kasalinan Rathu, nagarané Majapahit araning jaman Rajapati Déwaraja, araning panjenengan Drubala Kalaséda, wong cilik pametuné kang katur ing Rathu arupa papicis iku pasemoné Si Ajar suguh kembang saruni marang ngingsun, lawasé jaman iku sapuluh windu, nuli kasalinan Rathu, aran Rathu Jajathah, nagaraning ing Demak araning jaman Ngadiyati, Rathu iku Islam manut agama rasul ing gelaraké kitab Kur’an, wong cilik pajeggé isih rupa picis, ananging Rathu iku ora tumurun marang putra, nuli salin Rathu, agamané iya Islam guna sekti sinembah ing para Natha, ing nalika iku nini bubaré anak putu Sundha, agama pakuwan sinalinan agama Islam, Rathu iku mau iya uga ora tumurun karatoné, déné bésuk anak putu Sundha males marang wong [255] agama Islam, sabab ing bésuk nagara ing Jakartha ana nangkoda mondhok ing kono, nangkoda iku wong walonda, ana ing Jakartha ngempék-empék marang anak putu Sundha, saéngga kaya wong ngawula, lawas-lawas ana turun Sundha wadhon ayu luwih, tinuku ing Walonda, ananging kang minongka patukun sundha mariyem tetelu, dadi wasiyating nagara, kang sawiji arané Si Gunthur Geni, kang siji aran Sawomi, loro iku katur marang Sultan Matharam kang katur marang Pangéran Carêbon siji, kang siji ana ing Banthen arané Ki Pamuk, iku nini wiwité anak putu Sundha ana ing Walonda, patutan lanang siji jeneng Kapitan Nemur, iku bésuk kang bakal males marang wong agama Islam lawas-lawas sangsaya ngrebda, déné Rathu Jajathah, kang sun tutur dhingin mau, kagentén ing Rathu, nagarané ing Pajang, araning jaman Kala Bongga, Rathu iku ora turun karatoné, lawasé mung selapan tahun nuli kagenténan ing Rathu luwih, dibya sekti, nagarané ing Matharam, Rathu iku kéringngan ing tanah Jawa, lan ing tanah sabrang, wong cilik pajeggé kang katur ing Rathu rupa réyal, iku pasemoné Si Ajar, ingsun sinuguh juwadah iris-irisan, ing mangsa iku jamané aran Kala Sekti, Prabu Nyakra Kusuma, lawasing panjenengngané karo belah taun nuli rusah nagarané, wangsané dhéwé kang ambedhah, Rathuné jengkar mangulon nuli ginenténan ing Rathu Numpal Ké [256]li, ananging ora lawas Rathu iku nuli sirna, ora nganti ngamohaké atep nuli kagentén ing Rathu, arané Rathu Kathépéng, dadi lan karsaning  Pangéran tuwuh ora ana kang nandur, anjaluk tulung marang Walonda kang mondhok ing Jakartha mau, nuli perang ramé, Rathu Numpal Kéli kalah, cinekel nuli pinaténan, nangkoda mau ana ing jakartha banjur rumengkuh kaya tanahé dhéwé, lawas-lawas angendhih marang kang duwé nagara, nanging dhék panjenengngan ing Matharam nangkoda mau séba menyang Matharam ping telu, ananging dudu kapiten Nemur dhéwé, wakil baturé baé. Ingsun baléni manéh enggoningsun carita, Rathu Kathépéng mau akadhaton ing Kartasura, karatoné jumeneng lawas balané bacingah, Walonda lan wong Jawa, awit jamané Dahuru, ing mongsa iku uwong akéh goroh, sétan jajal lanat tumurun amor wong, uwong akéh lali marang Pangérané, lakuné padha kadang kokonang, sanajan sanakké dhéwé yén malarat ora diaku, sababé ora ana pakolihé, kang di aku sanak kang padha sugih, dadi kang diaku sanak mung donya, sanajan sanak sadulur wong tuwa, yén nepsu kalu patiné, kang katon mung dunya baé, adoh marang laku kabecikkan, ora ana kabecikkan  katon, akéh wong wani cidra marang Rathuné, padha kendel adol supata, kang di enggo padha budi saén sungkanan doyanan, adoh marang aga [257]mané, padha amaléséd ing jangji, wong wadon padha nunggang jaran awit wis padha ora duwé wiwirang, wong lanang padha demen nunggang tandhu, wong wis kaya sato kéwan, suda brekating bumi, wong sasawah oléh-oléhané mung sathithik, jaman dhasar wus akir katekan dahuru, kang malati ora nana, kang angker-angker camah kabéh, kali jero dadi cethék, wong wis ora ana betah tapa, lan ora nana bener kopan, antaraning bumi mingkup kang adoh dadi cedhak, tataning wong wus rusah, babar pisan genti anji ing nganji, ora nana nganggo wiwirang, agenti liru bojo, pék pinék singa dhemena, nangkoda mau sangsaya rosa, nagara rêbut-rinebut, wong cilik bingung adhepé, endi kang diiloni marang nangkoda iku menang perangngé, wong wadon binoyongngan, padha jinamahan, nangkoda sangsaya gedhé atiné, angarah tanah Jawa, anangnging yén wis ngaku dadi Rathu: nangkoda nuli apes, ing sanalika iku rada ana mendhané dahuru ing tanah Jawa, wong cilik pametuné kang katur marang Rathuné picis uwang réyal, araning jaman Druruswa: Kalawisésa, akiring jaman iku wong cilik tanbuh polahé, wong wadon wis ora duwéni wirang pisan, iya iku pasemoné si Ajar, ingsun disuguh Éndhang. Nuli perang sajroning kurungngan, wong gedhé-gedhé kaliru, banjur perang ramé, nuli ana jumeneng Natha, jinunjung wong rucah, patihé wong corah [258] tilasing bobotoh gedhé, Mantriné wong céré pracéré, Bupatiné padha wong bandarakan, ora ana adil khukum pék pinék patén-pinatén papati wis ora nana ajiné. Rathu iku lawasé enggoné jumeneng mung saumuring jagung, banjur sirna, donya sajroning kadhaton wutah mawut-mawut kabéh, karsaning Hyang kang duwé nagara ingkang ngrebut, banjur perang jeroning kurungngan manéh, akéh mati, wong nganggur ora karuwan oléhé, kasusahan padha ngili, kang dén ileni lunga, wong sugih-sugih padha dadi nistha, wong miskin padha dadi sugih, donya padha dadi satru, prayayi padha dadi wong cilik wongngé cilik padha dadi Bupati, papati tanpa wilangan, ana kang mana ing paprangngan ana kang mati gering, ing nalika iku rusak tanah Jawa awit déning perang gedhé, kulon kidul wétan perang tutumpesan embuh rowang embuh mungsuh, wongngé cilik ora karuwan polahé, endi kang diungsiu milu lunga, mrana duwékké ilang, mréné uwékké lebur, akéh wong omah sadhuwuring jaran, lagi ana mendhané sathithik anuli ana perang jeroning kukurungngan manéh, akéh papati tanpa wilangngan, aprasasat tutumpesan, kékéré éwon leksan awit larang pangan, polahing wong ora karuwan, ora kober nyambut gawé, pijer padha ngili ngalor ngidul ora karuwan kang diungsi, pitik padha ngendhog ing pikulan, wong akéh [259] mangan padha uwong, nagara lan ing désa akéh suwung dadi alas, wong mati akéh tanpa iman patiné padha kalap, déné nangkoda mau sangsaya apes jayané, sabab anglakokaké cidra, ora temen ing jangji, rina wengi perang lan kang duwé nagara, ananging nangkoda asor perangngé, balané akéh mati, wong sabrang perang padha sabrang, Jawa perang padha Jawa, nangkoda atiné miris, tataning wong wis ora karuwan, wong kang nganggur janagur lebur, kang ladah kacandhak dhinupak, wong kang wani akéh mati, wekel karingkel-ringkel kang kendel-kendel padha kacekel, wong kang temen anamahi papa, awit ora kanggo, kang jerih pinatén kabéh, wong kang bandhol tulus mandhosol kang balilu banjur di ulu pisan, wong sing pinter-pinter padha di ubeng-ngubeng diakali, nganti komet dibutuh-butuhaké, banjur cinekelan kabéh, wong kang wuda dadi wani atiné, para botoh yén kabutuh kalah dolanan dadi kendel temah padha angrayah, wong sugih dadi jerih. Ing nalika kono nangkoda angantep perang, ananging meksa kasoran, prasasat tutumpesan, nuli sinapih ing Molana Ngerum utusané Sulthan ing Mekah, amatut kang padha peperangngan, tumuli ana panjenengngan sasi kembar lan Srengéngé, nagara sinigar samongka, woh siji kinaron patut aruntut miturut, ing nalika iku akéh wong muncul adhaha (padha) suwita, wong kang padha mi [260]lu mubeng-mubeng nalikané dhék paperangngan kari lan wong kang nganyar-anyar wong bébéngkrakkan kang jail padha macicil baé, kang laku goroh katarima, wong ala padha dilopa, kang malincur padha dadi prayayi, kang nganyar padha kelar amubyar, wong kang lawas luwas, timah padha ngaku salaka, kang emas tulen padha diarani kuningngan, kabéh iku kagawa ing jaman sabab jamané wus akir, akéh wong padha selang surup, ing nalika iku wong cilik pametuné kang katur marang Rathuné, dinar lan picis tembaga, iya iku pasemoné Ki Ajar, ingsun di suguh sega punar, lan getih sapitrah, punar iku pasemoging dinar, getih sapitrah iku pasemoning tembaga, lan pasemoning perang gedhé, kaya kang wus  ingsun caritakaké ing ngarêp mau. Pomo nini, atawa sira Kaki Prabu, di éling marang ing lalakon, kang ingsun caritakaké kabéh mau amesthi kalakon, ananging lawas énggalé ingsun ora bisa mesthi, déné Rathu loro kang ingsun caritakaké ing wekasan iku nagarané dadi siji, endi kang mituhu marang agama, iya iku kang  ngadeg khukum ngadilé, kang di enut saréngaté Kangjeng Rasulullah, padha anggelaraké kitab Khuran, ing mongsa iku akéh wong padha sumungkem marang agamané, sarta anetepi ngibadah, saenggon-nenggon padha amumuji ing Pangérané, lan ora cidra ing ubaya, a [261]sih ing pekir miskin padha anggedhékaké kabecikkan, iya iku ngalamaté oléh ngapura, nagara bakal pulih karta raharja. Wis kaki, kariya, ingsun mulih, Sang Natha kaliyan ingkang putra Kangjeng Rathu Pagedhongngan lajeng musna saking palenggahan Prabu Arya Bangah kantun piyambak.

Kacariyos ing mongsa punika nagari ing Galuh sakalangkung gemah raharja, sarêng antawis lami, Prabu Arya Bangah puput panjenengnganipun kagentosan dhateng  ingkang putra Sri Aji Manthala Rasa, boten kacariyos laminé  anggénipun jumeneng Rathu, Sri Manthala Rasa sampun puput panjenengnganipun kagentosan dhateng  ingkang putra, nama Prabu Mundhing Wangi, Prabu Mundhing Wangi puput panjenengnganipun kagentosan dhateng ingkang putra, nama Prabu Anyakrawati, anétési ing riwayat karaton ngalih ing tanah rêdi, Rathunipun kikitha ing Pajajaran tulus panjenengnganipun nagari gemah raharja, sang Natha sugih garwa: sugih donya: sugih putra, sakalangkung mukti. Kathah ing bala tanpa wicalan, putranipun ingkang pambajeng éstri, warna sakalangkung ayu, wadat anuruni ingkang Éyang Kangjeng Rathu Pagedhongngan, anyuwun pamit dhumateng ingkang rama badhé tapa, dipun lilani, boten kacariyos laminé: sampun gentur, musna kalayan raganipun, ingkang rayi kakung, nama Arya Bangah, tinanem dados Bupati ing Galuh. Ingkang rayi malih inggih kakung bagus warninipun nama Jaka Susuruh, punika ingkang badhé angentosi Na [262]tha ing Pajajaran, wondéning putra ingkang kathah-kathah boten kacariyos.

Kacariyos Sang Prabu ing Pajajaran kagungngan garwa selir, sakalangkung kinasihan rinten dalu boten kénging pisah, sampun kados pangantén ingkang saweg papasihan, sarêng antawis lami garwa selir ingkang kinasihan wau sampun wawrat tigang wulan, Sang Natha sangsaya sanget sihipun, ananging kapalang Sang Natha saweg prihatos awit nagarinipun pinaraga ing pagebluk ageng, tiyang sakit énjing sonten pejah, sakit sonten énjing pejah, katha padhusunan ingkang sami suweng, ing satunggiling dalu Sang Natha saré anaritis wonten swara kamirêng, éh Sang Natha, yén arêp mulya nagaramu, anjalukka sarat marang Si Ajar, kang mratapa ing gunung Banita, amesthi waluya nagaramu, Sang Natha kagét lajeng wungu, énjingngipun Sang Natha lajeng miyos, Mantri Bupati tuwin monca nagari pepak sadaya, Patih wonten ing ngarsa dalem, Sang Natha angandika, Patih, sira lan sakancanira ingsun utus timbalana Si Ajar ing gunung Banita, gelem ora ingsun ambodhokaké marang sira, wruhanira, iya iku kang agawé rusakké nagaraningsun ing Pajajaran, wis Patih: sira mangkata, Sang Natha lajeng kondur angadhaton, Ki Patih sakancanipun para Bupati lajeng sami dandos sakaprabonipun perang, sasampuning mirantos lajeng nabuh tengara bi [263]dhal, dadamel sakalangkung ageng, angebekki margi, boten kacariyos lampahipun wonten ing margi.

Kacariyos ing rêdi Banita, Ki Ajar kaadhep ing para cantrik miwah para galuntung pepak sadaya, ambekkipun sampun kados Raja, para cantrik sami jinunjung kanamakakén Bupati, wonten  ingkang kajunjung Patih: Ngabéi: Rongga: Demang: Pandeleggan Pecatondha: Tondha Mantri, sami abaris pendhem mirantos angatos satos ing pakéwed, bala anak putu tuwin Cantrik pinepak sadaya, Kyai Ajar wicanten dhateng sakathahing bala, éh sakéhé anak sabatku, wruhanira, ing dina iki bakal ana prakara, bilai gedhé anekani, awit wis karsaning Jawatha kang luwih, yén ora kabeneran agawé pepati, ora kena disingkiri, kowé kabéh aja kari marang kapatén, ing mongsa iki wis sedhengngé, aku bakal obong ana sajroning kadhaton Pajajaran, anangnging kowé kabéh padha di awas, bésuk manawa ana panjenengngan Rathu ing Pajajaran ajujuluk Prabu Siyung Wanara, iya iku panitisku, karana aku dhéwé ora kalilan madeg Rathu, anangnging ora wurung aku bakal tumempel, saréhning saiki polahku wus kauningan marang Sang Natha, kitha Pajajaran bakal dak cidra sangkaning lembut baé, ananging karêpku bakal dak pupucukki perang, yén nututa ora wurung banjur diiles baé, sisip-sisip mati diiles angur mregagah [264]a rada ana ucapé ing buri, sadaya matur iyeg rêmbag anangledi, sedya labuh pejah sadaya, Ki Ajar wicanten malih, iya dak idini kabéh, saoléh-oléh padha tadhahana ing perang amurih ramé, wis kabéh padha mirantiya, sabab mungsuk iki méh teka, déné kang dikongkon nimbali aku, Ki Patih: sarta anggawa prajurit sagagamaning perang, bala anak sabat sadaya sampun mundur saking ngajengngipun Kyai Ajar, sarta ngatos-satos.

Kacariyos Kyai Patih, sampun dumugi sukuning rêdi saprajuritipun sadaya, swaranipun gumeder, rêdi lajeng dipun kepang kikis, kawit Ki Ajar sampun katawis ing awonipun, sabab tiyang ing rêdi sadaya katingal saking ngandhap sampun sami mirantos, Ki Patih angundhangngi bala kadhawahan sami anginggahi, bala lajeng sami tumandang, minggah ing rêdi sarwi surak-surak, ingkang wonten ing nginggil para cantrik lajeng sami tumandang anatasi séla ingkang sami dipun cancangngi, sadaya anglundhung andhawahi mengsah, kathah ingkang kapalipis boten wonten saged minggah ing rêdi, Ki Patih sarêng uninga, sakalangkung nepsu, lajeng dhawah angesuk sarta anumpes si tiyang rêdi sadaya, ingkang ngepang lér kidul wétan kilén sarêng minggah sarwi surak-surak tiyang ing nginggil anadhahi, lajeng tangled ramé, dados kasoran perang ngi [265]pun tiyang ing rêdi, pinten ingkang pejah, sakantunipun sami lumajeng, ngungsi ing gurunipun, tiyang rêdi karayahan saraja kayanipun sadaya telasan, Kyai Ajar boten gumingsir, taksih wonten ing dhépokkipun, boten antawis dangu Ki Patih sakancanipun para Bupati dumugi ing dhépokkipun Ki Ajar, lajeng angepang, Ki Patih sampun kapanggih kaliyan Ki Ajar, Ki Ajar lajeng amedalaken pasegah, warni erah sapitrah: waos dhuwung; kimpul beton, boten wonten ginodhog, Ki Ajar anyarakaken: punika pasegah kula, sadaya katura, Ki Patih anyauri tarima, aku iki: Ki Ajar: utusané Sang Natha ing Pajajaran andikakakén nimbali kowé, barêng salakuku, Ki Ajar sumaur, kula nyuwun duduga, awit boten naté teng nagari, tiyang ing rêdi sanget ajrih, kalih malih punapa damelipun, Ki Patih sumaur, Ajar, kowé aja tumambuh mengkono, mulané, mulané tinimbalan pasthi ana gawéné, rusakké nagara Pajajaran  kowé kang nenung, ing mengko mulya ateka ing kowé, Ki Ajar amangsuli, punika dédé pabenan, kula dédé dhukun, anggén kula tapa punika: namung anedha kamuktén, Ki Patih lajeng angejépi kancanipun Ki Ajar lajeng jinambak kaebyukkan ing kathah, Ki ajar sayah ambekkanipun kempis-kempis dipun pisakit dipun gebaggi, Ki Ajar sambat boten daso, [266] kénging napa awak kula dika pala. Lajeng kawasésa badhé dipun tangsuli, ananging prucat-prucut boten kénging, Ki Ajar lajeng dipun sudukki ing kathah: Ajar amoh lajeng pejah, jisimipun musna, anunten wonten swara, Patih: énggal sira nusula, patapanipun Ki Ajar dipun obrak-abrik, Ki Patih aken nabuh tengara, sampun mudhun saking rêdi, mundur sakancanipun sadaya, bidhal mantuk dhateng nagari.

Kacariyos Ki Ajar wau, lajeng lumebet dhateng kadhaton ing Pajajaran sowan Sang Prabu, sampun kapanggih kaliyan Sang Natha, boten antawis dangu, Ki Patih sakancanipun dhateng, lajeng konjuk ing Sang Prabu, yén Patih sakancanipun ingkang saking rêdi sampun dhateng, tumunten ing ngandikan malebet, dumugi ing ngarsa dalem Kyai Ajar sampun pinanggih wonten ing ngarsa dalem. Patih sakancanipun para Bupati sami éram aningali, badhé angunjukkaken salampahipun kautus sampun karumiyinan ing Kyai Ajar, Ajar munjuk ing Sang Natha, é kang andarbéni sembah puja, bekti kawula konjukka ing sangandhapipun pada dalem, panjengngan dalem animbali kawula, punapa wonten karsa dalem ingkang gatos, kalayan malih kawula anyaosi angsal-langsal dhaharan sawonten-wontenipun ing rêdi, saréhning sepa sepi, namung keji sapitrah punika kaatura ing panjenengngan dalem prayogi dipun tanema salebeting nagari, dados pajala uliyan, sabab ingkang wau wijini [267]pun saking ing kadhaton tinular dhateng tiyang ing rêdi, lajeng katanem, ing mangké wangsu dhateng nagari malih, sampun sedhengngipun Gusti, dados gentos nanem, Sang Natha sarêng mirêng aturipun Ki Ajar, sakalangkung duka, lajeng anarik wangkingan Ki Ajar sinuduk dhadhanipun terus ing walikat Ajar lajeng pejah, jisimipun musna, boten dangu wonten swara kamirêng déning Sang Natha, éh énget-énget bénjing kawula nagih pejah, manawi wis sampun lair wawratipun garwa dalem inggih punika kawula ingkang anitisi, Sang Natha angandika, iya ingsun ora oncat. Sang Natha lajeng kondur, Patih sakancanipun sampun sami mundur, roroncé boten kacariyos, sarêng alami-lami garwa ingkang wawrat sampun mongsa, lajeng ambabar, jabang bayi miyos kakung, abagus warninipun, lajeng dipun dulang upas dhateng Sang Natha, nanging boten pejah, dipun besmi inggih meksa manthengel kémawon, Sang Natha sakalangkung duka, jabang bayi lajeng kadékék ing tabela, binektanan panganggé sarta raja kaputran sarta kabektanan waos tuwin dhuwung, lajeng linabuh ing lépén Ciamis.

Kacariyos wonten tiyang sepuh, sakalangkung miskin awasta Ki Santhang, damelipun masang bara, ing nalika Ki Santhang wau anuwéni bara, kagét aningali tabéla kasangsang ing bara, lajeng dipun candhak sarta dipun ungkabi, ing lebet isi babayi, tuwin panganggé warni-warni, sarta mawi wao [268]s dhuwung, Ki Santhang sakalangkung suka bingah, rumaos yén angsal begja, lajeng binekta mantuk, sarêng dumugi ing griya, ingkang éstri pitakén, sing kogawa iku apa: Kyai, Ki Santhang sumaur, pethi oléhku nemu kasangsang ana ing bara, lajeng dipun tanpéni dhateng ingkang éstri, sarêng aningali: sakalangkung bingahipun, dhasar Nyai Santhang boten anak-anak mila sami sakalangkung-langkung bingahipun, Ki Santhang dados sugih sarêng sakala, awit jabang bayi wau kathah bebektanipun, kacariyos jabang bayi sampun ageng, panci méh jajaka, warninipun abagus cahyanipun mancur, sakalangkung kaugung dinama dama, anedha nama piyambak dipun kén amastani Radén Banyak Widhé, Ki Santhang sarta ingkang éstri sami jumurung, ing nalika satunggil dinten Randén Banyak Widhé atatakén dhateng Ki Santhang, aku iki anakké sapa, Ki Santhang alon sumaur, kowé ora duwé Bapa, iya aku Bapakmu, Radén awicanten sarwi nepsu, kowé iku goroh, ora tutur sabeneré, Ki Santhang lajeng cinandhak jinunjung badhé binanting jerit-jerit: enggér, maras atiku, udhunna, mengko dak tuturi, satemené kowé iku oléhku nemu ana ing banyu, sampun kacariyosakén sadaya, ing wiwitan dumugi ing wekasan, Radén sumaur, aja susah kowé tutur, aku wis weruh, saking jrihipun Ki Sa [269]nthang: sumedya angayem-mayemi dhateng Radén Jaka, yén mengkono, enggér, ayo padha lunga, aku duwé sanak, alul pétungan omahé ana tengahing alas, iku manawa kena tinakonan, Radén anuruti, sampun mangkat tiyang kakalih, dumugi ing wana: kathah ingkang katingalan tuwin ingkang kamirêng, ungeling peksi wurahan, wonten kethék mathangkrang ing kakajengngan, Radén apitakén dhateng Ki Santhang, Kiki: sing mathangkrang ing kayu kaé apa, déné kaya uwong, lan maningngé iku manuk apa, becik temen rupané, nganggo jajamang, sembada temen lan swarané, Ki Santhang sumaur, kang mathangkrang ana ing epang kaé wenara jenengnge, déné manuk kang kaya nganggo jamang ika: jenengngé manuk siyung, Radén wicanten: yén mengkono: Kaki, saiki aku ngalih jeneng Siyung Wenara. Ki Santhang anakséni, Radén atatakén malih, endi: Kaki: omahé sanakmu, kang bisa pétungan iku, Ki Santhang anyauri, pandugaku wis ngalih saka ing kéné, biyén iya alas iki kang di omahi, ayo: enggér: banjur marang nagara, aku duwé sadulur dadi lurah empun, omahé sawétaning alun-alun, Radén tansah anuruti ing wicantenipun Ki Santhang, boten dangu sampun dumugi griyanipun Ki Empu, Ki Santhang sarta Radén Siyung Wenara sampun kapanggih kaliyan Ki Empu, sasampuning bagé-binagékaken Ki Empu [270] lajeng atatakén dhateng Ki Santhang, Ki Santhang lajeng awawartos ing wiwitan dumugi ing wekasan, sarta agadhah pitembung anitipaken dhateng Radén Jaka Siyung Wenara, Radén Siyung Wenara sampun sinanjangngan: enggér, kowé dak titipaké marang pamanmu ing kéné, apa saréhé pamanmu: amituruta, lan aja lunga-lunga, Ki Santhang sarêng sampun memeling dhateng Radén Siyung Wenara, lajeng pamit mantuk, Radén Siyung Wenara tetep wonten pagriyanipun Ki Empu, ing ngalami-lami winulang pandhé, sampun saged malah angungkuli Ki Empu, manawi pandhé Radén Siyung Wenara, ingkang kadamel saron dhengkulipun pukulipun kepeling tangan, sakalangkung sekti, Ki Empu sanget éram aningali Radén Siyung Wenara, anuju ing dinten  satunggil Radén alélédhang dhateng ing radinen akaliyan Ki Empu, panuju kagungngan dalem gajah badhé kaguyang dhateng ing benawi, Radén pitakén dhateng Ki Empu, irêng abrengunuk iku apa: Bapak, Ki Empu anyauri, gajah ika, kagungngané Sang Prabu, arêp di guyang menyang ing Bengawan, Radén lajeng amuruggi, gajah kacandhak gadhingngipun mendhak anjeru boten saged polah, Lurah Sariti sakalangkung nepsu, angabani dhateng kancanipun, Radén lajeng kinarubut ing kathah, sarta kaangkusan, Radén Siyung Wenara sakalangkung nepsu, [271] para Sariti cinandhakkan rangkep kalih rangkep tiga, sami dipun bantingngi: dipun bucali: pating palesat, Ki Empu lajeng agrerapu dhateng lurah Srati, sarta angaturi patiba jampi, tembungngipun: mugi sampun ngantos konjuk ing Sang Natha, sabab punika anak kula, laré déréng mirsa ing lerês, lurah Sariti anyauri, iya aja sumelang. Ki Empu lajeng mantuk radén binekta, dumugi ing griya: Ki Empu wicanten dhateng Radén Siyung Wenara, enggér, saiki kowé aja lunga, anaha ngomah baé, sarêng antawis lami, Sang Natha kasukan ngaben tiyang wonten ing pagelaran kaaben prang tandhing, munggang mungel angungkung, radén Siyung Wenara mirêng, lajeng pitakén dhateng Ki Empu, Bapak sing muni ngungkung lan surak ambal-ambalan ika apa, Ki Empu sumaur, ika Gusthimu Sang Natha: enggér, kasukan ngadu uwong ana ing pagelaran, Radén angandika, Bapak aku lilanana arêp nonton wong perang tandhing, lan arêp weruh wong agung, supaya bisa asumurup tata kramané, Ki Empu anyauri, enggér, kowé aja nonton, sréhning Sang Natha miyos akéh wong padha baris lan priyayi gedhé-gedhé akéh séba, kowé durung sumurup tata kramané, manawa kasiku, Radén sumaur, ora: Bapa, aku lilanan, sapian iki baé, Lajeng mangkat boten kénging pinalangngan malebet ing kadhaton meda [272]l ing sitinggil, tiyang kathah boten wonten uninga, katungkul sami ningali ngaben perang tandhing, sarêng dumugi ing kadhaton Radén Siyung Wenara uninga balé sawo, kacariyos balé sawo punika ginepok kémawon mungel jumenglung kados gongsa, ing nalika punika Radén Siyung Wenara dangu aningali ngiwa nengen, wonten katingal kados kenul tabuh gongsa, ginantung sandhingnging balé sawo, lajeng cinandhak dhateng Radén Siyung Wenara, wawatonip [un balé sawo tinabuh: mungel jumenggur, kados ungeling gongsa, tiyang ingkang wonten ing pagelaran sadaya sami kagét, Sang Natha kagét sarta sanget duka, énggal andikakaken mariksa, sabab punapa balé sawo mungel angungkung, énggal lampahipun ingkang kautus, boten antawis dangu wangsul dumugo ing ngarsa dalem nyembah munjuk: mila kagungngan dalem balé sawo mungel awit katabuh ing laré, Sang Natha lajeng dhawuh dhumateng para Bupati, andikakaken sami nyepeng dhateng laré, ingkang purun-purun anabuh balé sawo wau, para Bupati énggal sami lumebet ing kadhaton, dumugi prenahing balé sawo: laré ingkang nabuh wau lajeng badhé cinepeng, kinarubut ing kathah, para Punggawa kinapataken dhateng Radén Siyung Wenara, wonten ingkang binanting, sami kawus sadaya, satunggiling Punggawa wonten ingkang lumajeng, angunjukki uninga ing Sang Natha, agunjukkaken ing sasolahipun [273] dhawah dalem: yén mengkono, aja sira keras-keras, takonana di lirih, diméné ngaku, sapa kang duwé anak, Wadana kang ngunjukki uninga: nyembah mundur, sampun dumugi nyembah ing balé sawo, laré lajeng dipun pitakéni, wangsulanipun: yén kowé takon aku anakké Ki Empu, sarêng sampun tétéla, para Bupati lajeng sami mundur saking ing ngriku, wangsul dhateng pagelaran, dumugi ing ngarsa dalem munjuk ing Sang Natha, kawula nuwun, laré sampun kawula pitakéni, wangsulanipun anakkipun Ki Empu, ingkang kautus énggal lumampah, boten  antawis dangu Ki Empu sampun kérid ing utusan lajeng ing ngandikan majeng, Sang Natha angandika, Empu, anakkira ana ing kadhaton dolan ana ing balé Sawo, timbalana ing ngarsaningsun, Ki Empu nyembah munjuk sandika, lajeng kairid malebet ing kadhaton, sampun kapanggih kaliyan Radén Siyung Wenara,lajeng dipun jak medal dhateng Ki Empu kabekta dhateng pagelaran, sampun dumugi ing ngarsa dalem, Sang Natha angandika, Empu: iku apa anakkira dhéwé, Ki Empu nyembah munjuk: jrih kawula kaabdékaken ing sangandhapipun sampéyan dalem, laré punika angsal kawula manggih ing toya, wonten salebetipun ing tabela, dados étangngipun anak papanggihan dédé anak kawula piyambak, Radén Siyung Wenara [274] tinimbalan majeng, jéjér akaliyan Sang Natha, lajeng mundhut paningalan, Sang Natha kaliyan Radén Siyung Wenara sami aningali ing paningalan, Sang Natha mésem sarwi ngandika, Empu: anakkira ingsun pundhut, Ki Empu nyembah munjuk sumongga, Sang Natha tedhak  saking dhampar: lajeng kondur angadhaton Radén Siyung Wenara tinunggilaken kaliyan panakawan alit-alit, sarêng ing alami-lami, Radén Siyung Wenara kandel ing pangawulanipun pinutra-putra, sarta kaugung sapikajengnganipun lajeng tinunggilaken kaliyan putra sepuh, ingkang anama Jaka Susuruh, inggih punika ingkang jumeneng Pangéran Adipati, Radén Siyung Wenara kawenangngaken lenggah jajar kaliyan Pangéran Dipati, sakathahing para Bupati tuwin abdi monca nagari sami kadhawahan manawi sonten sowan ing Sang Natha, manawi énjing sowana dhumateng Pangéran Dipati sarta Radén Siyung Wenara, sabab putra kakalih pangwasanipun dados satunggil, sarêng lami-lami, Radén Siyung Wenara ayasa gedhong tosan anglempakkaken para pandhé, sami dipun kén anggarap gedhong tosan, boten lami sampun dados, gedhong sakalangkung saé, sarta mawi kasukanan galindhingngan maju sakawan ing lebet karêngga linangsé pinajang-pajang. Anuju satunggil dinten Radén Siyung Wenara: kaliyan ingkang raka kanjeng Pangéran Dipati: sami sowan ingkang rama, Sang Natha angandika, kulup sira ka [275]ro padha séba ing ingsun apa ana gawénira, Radén Siyung Wenara munjuk: kawula nuwun rama, saréhning panjenengngan dalem sampun sepuh, manawi parêng ing karsa dalem samukawis prakawising nagari sampuna déning kawula: kaliyan putra dalem Kang Mas Pangéran  Adipati, sampun susah panjenengngan dalem angeréh bala, panjenengngan dalem sampun kawula damelaken pasaréyan gedhong tosan sakalangkung saé, tulus samukti  wonten salebeting gedhong tosan, saréhning sampun sepuh rama, éca adhahar saré, kawula kaliyan putra dalem Kang Mas ingkang gentos anengga, angladosi sakarsa dalem, ingkang rama inggih sakalangkung amarêngngi, lajeng lumebet ing gedhong tosan kaliyan ingkang garwa kangjeng Rathu, gedhong tosan wau prenahipun wonten salebeting kadhaton, Sang Natha kaliyan ingkang garwa sakalangkung mukti, anggung dhahar saré wonten  ing gedhong tosan, lami-lami ingkang garwa wawrat tigang wulan, putra kakalih gentos anenggakki, angladosi sakarsanipun ingkang rama, terkadhang karsa ameng-ngameng, ingkang putra andhérék, ing alami-lami karsaning angya: nuju ing satunggil dinten Radén Siyung Wenara ingkang anggiliri tenggak Sang Natha anglerêsi saré kaliyan ingkang garwa, gedhong tosan lajeng kinunci saking jawi dhateng Rdén Siyung Wenara, anunten medal amepak baris, Radén Siyung Wenara awicanten dhateng sakathahing bala, é sakéh [276]é balaku kabéh, gedhong wesi kang ana sajroning kadhaton iku anyangaraké nagara, agawé rêngkaning karaton, jupukken labuhen ing sagara, balé énggal sami lumebet amendhet gedhong tosan sampun kabekta medal, wonten satunggiling abdi uninga ing wados lumajeng angunjukki uningnga dhateng Raja Susuruh, sarêng dumugi ing ngrasanipun nyembah matur sarta nangis: Gusthi: abdi dalem angunjukki uningnga ing panjenengngan dalem, Kangjeng rama dalem saha ibu dalem wonten  salebeting gedhong tosan dipun kunci saking jawi dhumateng rayi dalem ing samangké menggah gedhong wau dhawahipun rayi dalem andikakaken anglabuh dhateng ing saganten, sampun kabekta medal saking kadhaton, Pangéran Dipati kagét amirêngngaken lajeng ngandika, apa temen aturira, bok manawa sira angadon-nadoni, amrih ingsun perangngan lan Adhi Mas, abdi ingkang ngaturi uningnga: nyembah matur, Gusthi, pejah gesangngipun abdi dalem konjukka, saking temen-temenipun abdi dalem, Raja Susuruh angandika, é Déwa Bathara, Kangjeng rama, séwu boten nyana, yén Adhi Mas apala cidra. Lajeng angagem sakapraboning prang, tumunten angundhangngi bala, sarêng sampun mirantos lajeng bidhal anututi kang ambekta gedhong, sampun rinebat déning Raja Susuruh, ingkang ambekta sami lumajeng, ajrih dhateng Raja Susuruh, lajeng angaturi uningnga dhateng Radén Siyung Wenara, ing wiwi [277]tan dumugi ing wekasan katur sadaya, Radén Siyung Wenara sarêng mirêng: sanget nepsu, awicanten dhateng bala, wis padha mundur, Kang Mas aku tandhingngé, sabab wis di gadhang-gadhang ing Jawatha kang luwih, lajeng anganggé-anggé: mangkat ijén tanpa bala, gedhong rinebat sampun kénging, Raja Susuruh angandika, élingnga: Adhi Mas, kowé pinutra-putra marang Kangjeng rama pinadha lan aku, rama liwat asih ing kowé, ing mengko-mengkono pamalesmu, apa kang bakal kotemu, Radén Siyung Wenara sumaur, sabab kangjeng rama sampun nyambut pejah, amejahi Ajar, aluwung nyaura ing ngriki kaliyan anyaur ing ngrika, Raja Susuruh angandika malih, embuh-embuh kang sira ucap Adhi, mulané Si Ajar dipaténi, sabab anenung nagara, Radén Siyung Wenara matur, boten Kang Mas saduka duka sampéyan kula angladosi, Raja Susuruh angandika, apa kowé wus lali: Adhi Mas, gedhong lajeng rinebat  déning Raja Susuruh, sampun karêbat gentos rêbat rinebat kados undhi, lajeng sinépak dhateng Radén Siyung Wenara, gedhong malesat dhawah ing saganten, Raja Susuruh lajeng muwun sambat ingkang rama, rama: panjenengngan dalem kawula bélani. Sarta sakalangkung duka, mara: Adhi Aku bélakna kangjeng rama, yén dhasar kowé arêp numpes wiji, aja tanggung, Radén Siyung Wenara sumaur kalayan basa ngoko, mongsa aku wediya, lajeng angunu [278]s dhuwung, Raja Susuruh dipun suduk boten busik dhuwung sampun putung, lajeng salin pedhang, pedhang inggih lajeng tugel, lajeng nyandhak bindi, ingkang raka binindi: tangkis asta, bindi malesat, Raja Susuruh ngandika, Siyung Wenara: élingnga, mupung aku durung lali, Radén Siyung Wenara sumaur, mayo malesa, endi kang unggul pasthi angenténi kapraboning rama, Raja Susuruh lajeng anarik wangkingngan Radén Siyung Wenara inggih ngunus dhuwung, lajeng ruket suduk sinuduk boten wonten kasoran, salin bindi: salin gada, boten wonten ingkang tumama, sampun telas sadaya dadameling perang, lajeng sami kéndel, sarêng sampun mantun sayah: ngangkat perang malih, angaben karosan banting binanting junjung jinunjung, gelut dugang dinugang, sami sérét sinérét, Raja Susuruh binucal dhawah saonjatan tebihipun lajeng wangsul muruggi anyandhak Radén Siyung Wenara, kabucal dhawah lampahan sadinten, sawangsulipun lajeng sami aso asiram, sasampuning siram perang malih, Raja Susuruh sinéréd mangilén, lajeng males Radén Siyung Wenara linarak mangétan, dangu sami larak linarak, ananging Radén Siyung Wenara manawi anglarak dhateng ingkang raka, boten kuwawi ngantos anglangkungngi lépén Cipalih.

Kacariyos sampun lami anggénipun perang, manawi dalu kéndel énjingngipun perang malih, manawi sanget panas sami aso siram, yén sampun siram perang ma [279]lih, sarêng ing nalika satunggil dinten Radén Siyung Wenara matur dhateng ingkang raka, kula nuwun Kang mas kados pundi menggah perang punika, sampun nelasaken akal boten wonten kawekasanipun, sapunika kula sampun rumaos kawon, Raja Susuruh ngandika, ora: Adhi, becik tutugna karêpmu, arêp ngayoni wong tuwa, sagendhingmu dak ladéni, Radén Siyung Wenara matur malih, boten Kang Mas kula nyundhul atur manawi kanggé, panjenengngan sampéyan jumenengnga Natha, anggentosi karatonipun Kangjeng rama, kula anyantan kémawon angawat-tawati minongka dados prajurit utawi dados Punggawa, inggih punapa saprayoginipun karsa sampéyan  kula anglampahi, Raja Susuruh lilih dukanipun rumaos yén dados sepuh, wusana alon angandika, iya bener: Adhi: aturmu, banget dak tarima, nanging aku ora gelem madeg Rathu ana ing nagara Pajajaran, kowé baé madegga Natha ana ing Pajajaran Adhi, aku wong tuwa ngalah, déné aku yén bisa cacakar dhéwé, bakal lunga mangétan golék papan kang prayoga di gawé nagara, nanging janjiku marang kowé, tanah Jawa sinigar semongka, wetas ing Cipalih sapangétan aku kang anduwénana, sakuloning Cipalih sapangulon bowé kang anduwénana, poma aja ana cahak-cinahak sapanjenengnganmu lan sapanjenengnganaku, ing buri aku ora ngawruhi, turunku lan tu [280]runmu iya sadhéngahné ya kang kasérénan, Radén Siyung Wenara nyembah matur, kula sumongga sakarsa sampéyan Kang Mas, kula darmi anglampahi. Lajeng ngujung, ingkang raka angrangkul, sarwi alon angandika, wis Adhi, mayo padha rêbut paran kowé ngulon aku ngétan, nanging wekasku: Adhi, sarupané wong Pajajaran yén ana kang tresna sumeja nusul marang aku, aja kowaleri, ingkang rayi nyembah matur sandika, lajeng mangkat dhateng nagari ing Pajajaran awit sampun karsaning Jawatha.

Kacariyos lampahipun Raja Susuruh. Lumebet ing wana, minggah rêdi, tumurun ing jurang, tilar dhahar saré, wonten seliripun satunggil kantun ing nagari Pajajaran awasta Rarasathi, nusul kaliyan Adhinipun jaler satunggil, wonten malih panunggilanipun abdi panakawanipun Raja Susuruh kathahipun gangsal sami nusul angupadosi Gusti, sampun sami kapanggih kaliyan Gustinipun Raja Susuruh, lajeng sami andhérék sapuruggipun nusup ing wana, minggah ing rêdi, tumurun ing jurang, Rarasathi samargi-margi anangis kathah sasambatipun, Gusthi, punika ing pundi ingkang dipun sedya, déné rinten dalu lumampah: boten kéndel-kéndel, manawi parêng: kawula nyuwun aso, badhé tilem saliyep [281]an kémawon, mripat kula kados dipun pulut saking sanget aripipun badan sakalangkung lesah, sarta sanget luwé kawula, manah angintirintir, sadhérékkipun jaler awicanten: kowé ngajak nusul ing mengko wis katemu: sabendina nangis, mundhak angrubedi galihé Gusthimu, Rarasathi sumaur sarwi anjerit: menengnga baé; édan, aku ora sambat marang raimu, sambat-sambat ing Gusthiku dhéwé, Gusthi: sumonga sami aso, Raja Susuruh angandika, menengnga: aja nangis antékna disaréh: sangsaya sayah temen suku kula, malendhung sami abuh, kaduwung anggén kawula nusul, jeléh bosen saben dinten nedha godhongngan boten kantenan wekasanipun sarta lumampah boten kantenan ingkang kajujug, Gusthi, kawula nyuwun kendel, Raja Susuruh anuruti, awad-awad damel dhépok wonten ing rêdi, kadamel angarêm marêmi Rarasathi, rinakit-rakit padhépokan sampun dados sakalangkung asri, Rarasathi meksa taksih béka, rinten dalu nangis sambat-sambat boten karaos wonten ing rêdi, Raja Susuruh angandika sanget duka ing galih, ngéwuhaké temen, ngajak aso wis dituruti: meksa béka baé, Kakang Adhi padha kaya buta, lajeng sami dados denawa, kakangngipun dados raseksa, Adhinipun dados raseksi, Prabu Susuru [282]h angandika malih, iku kang padha kokarêpaké, wis kariya, padha tunggu guwa dhépokku, aja lunga-lunga, Prabu Susuruh lajeng mangkat alalampah, lumebet ing guwa, aneges karsanipun Bathara Guru, kang kacipta ing galih, mugi tetepa angrenggani karaton Jawi, tedhak tumedhak ngantos dumugi ing jaman akir, sampun ngantos kaselan ing tedhak sanés, laminipun tigang wulan wonten salebeting guwa, rinten dalu anjungkung ngeningngaken cipta ingkang boten kawoworan, lajeng katarimah ing Déwa, cahya karaton medal anyumukki wadana, sampun katémpélan  dhateng ingkang rama Sang Natha, cahya mancorong amadhangngi guwa, salebeting guwa kathah ingkang katingalan brekasakkan sami anggogodha, kathah pratingkahipun angogodha, panjang yén kacariyosna, Prabu Susuruh boten gingsir, teteg pasrah ing Jawatha, sasirnanipun ingkang sami anggodha, wonten satunggil tiyang éstri dhateng tanpa sangkan warninipun ngasoraken Widadari, mésem-mésem waja katingal gumebyar kados kilat, lenggah sandhingngipun Prabu Susuruh, lajeng atileman ing pangkonipun, ing nalika punika Prabu Susuruh kapéncut, éstri badhé rinangkul anginggati, lajeng rinungngrum cinandhak tanganipun Sang Ayu lajeng musna, Prabu Susuruh sanget ngungun awit déning kasmaran, boten dangu Sang Ayu katingal malih, ngadeg ing ngarsanipun Prabu Susuruh, sarta wi [283]canten alon: wis kaki: luwarên tapanira, saiki wis katarima, wruhanira, Éyangngira buyut iku Adhiningsun iya ingsun kang jeneng Rathu Pagedhongngan, Raja Susuruh sarêng mirêng: lajeng angabekti, sarwi matur, kami purun kawula ingkang akathah-kathah, mugi-mugi lepating sarik saking déréng sumerêp kawula, kangjeng Rathu Pagedhongngan angandika, sadurungé sawisé: kaki: wus ingsun apura, ing samengko wus kena kang sira sedya, sira bakal dadi Rathuning satanah Jawa, turun-tumurun isih padha amengkoni, sira mangétana mrana, ana ara-ara-ara jembar, ing tengah ana kayoné siji, iku dhukuhana, ing bésuk dadi nagara gedhé, sira lan saturun-turunira ingsun kang momong, déné kang ingsun kadhatoni ing sagara wedhi, wis ta : kaki: mangkat ta. Sang Rêtna sampun musna, Prabu Susuruh lajeng medal saking guwa, lumampah mangétan anasak wana, siyang dalu lumampah, boten kacariyos laminipun wonten ing margi, Prabu Susuruh lajeng amanggih dhekah, awasta ing Kali Gunthing, anunten ngéngar dhateng  Rondho ing Kali Gunthing wau, laminipun ngantos sataun, Nyai Rondha sakalangkung ajrih sarta asih dhateng Prabu Susuruh, Nyai Rondho agadhah sadhérék jaler satunggil anakkipun tiga sami jaler, ingkang sepuh anama Ki Wiro, adhinipun anama Ki Palih, wuragilipun anama Ki Bandar, sarêng ing dinten satunggil Nyai Rondha badhé tuwi dhateng sadhérékkipun Prabu Susuru [284]h binekta, lajeng mangkat, ing margi boten kacariyos, Nyai Rondha sampun kapanggih kaliyan sadhérékkipun jaler, ing sanalika sadhérékkipun jaler ragi kagét aningali ingkang Bok Ayu, awit dipun wastani imah-imah, Prabu Susuruh dipun wastani lakinipun, adhinipun lajeng pitakén: Bok Ayu, punika punapa laki andika, Nyai Rondha sumaur, dudu, iya iki Gusthimu ing Pajajaran, lajeng kacariyosaken sadaya: ing wiwitan dumugi ing wekasan sarta adhinipun binisikan, Nyai Rondha lajeng pamit mantuk Prabu Susuruh kaaturan kantun wonten griyaning adhinipun wau, Nyai Rondha mantuk piyambak dhateng ing Kali Gunthing.

Kacariyos Prabu Susuruh, anggénipun wonten griyaning adhinipun Nyai Rondha sampun tigang wulan, wondéning ingkang angladosi sabendinten Ki Wiro: Ki Palih: Ki Bandar, kala Prabu Susuruh déréng wonten ing ngriku, tiyang titiga sakawan Bapakkipun damelipun saben dinten namung sami anananem, saréng ing nalika satunggil dinten Prabu Susuruh karsa késah ameng-ngameng dhateng ing wana, Ki Wiro: Ki Pali: Ki Bandar: sami andhérék, lampahipun Prabu Susuruh kalunta-lunta, wanci tengangé lerêp anuju ngambah wana tarataban panasipun sanget, lajeng ngambah ara-ara wonten kakajengnganipun Maja satunggil, Prabu Susuruh saréncangngipun kendel wonten sangandhaping kajeng wau, awit saking ka [285]panasen sanget, Prabu Susuruh angandika, Wiro, uwit iki wohé akéh temen jajal methikka siji baé, Ki Wiro methik satunggil sinaosaken tinampén lajeng ginepuk dhateng Prabu Susuruh, sarêng dhinahar: raosipun pait, Prabu Susuruh angandika, iki woh Maja, nanging rasané pait rada-rada langu, aku arêp dhudhukuh ing kéné, yén wus dadi, dak arani dhukuh Majapahit, lajeng sami babadhé, Ki Wiro: Ki Palih: Ki Bandar: saben dinten sami babad, lajeng tinaneman wiji, pala gumantung, pala kasimpar, pala kapendhem, boten antawis lami sampun sami angemohi, pémahan inggih sampun sami rinakit, dhusun sakiwa tengen kathah ingkang ngalih tumut dhedhekah ing ngriku, tegil sabin sampun kathah, dhasar sitinipun radin toyo tumumpang, mila tiyang gagriya sangsaya wewah-wewah, mila lami dados nagari ageng.

Javanese script[edit]

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦒꦝꦃꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀:ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ:ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦔꦼꦫꦸꦩ꧀ꦱꦂꦠꦲꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦏꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦶꦠꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦩꦲꦄꦒꦸꦁ:ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦠꦲꦏꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦛꦤꦶ:ꦲꦤꦩꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦫꦛꦸꦲꦒꦼꦁꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤꦱꦂꦠꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦲꦒꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦠꦧꦸꦢ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈​ꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦫꦛꦸꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧉​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦩꦸꦂꦏ꧈​ꦲꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦥꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦔꦭꦶꦃꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦥꦽꦤꦃꦱꦮꦼꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦼꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦼꦉꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦿꦩꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦔꦼ​ꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦧꦿꦁ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦏ꧀ꦢꦶꦂꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦧꦝꦼꦲꦚꦼꦭꦤꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶ“ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦤꦕꦸꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦥꦿꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦝꦃꦭꦸꦭꦸꦫꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧉​ꦩꦶꦭꦏꦥꦼꦕꦠ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦂꦒꦶꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦱꦶꦏꦸꦝꦠꦼꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀꧉​

ꦱꦢꦺꦫꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦢꦲꦸꦫꦸ꧈​ꦥꦠꦿꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦝ꧈​ꦱꦩꦶꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀​ꦥꦶꦤꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦺꦴꦱꦲꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦒꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦠꦧꦸꦢ꧈​ꦏꦗꦼꦁ:ꦱꦺꦭ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦗ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦤꦶꦠꦲꦏꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦼꦥꦼꦭ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦮꦠꦸꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦶꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧈​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦱꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦂꦠꦏꦸꦩꦮꦸꦭ꧉​ꦄꦭꦩꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦠꦒꦼꦩꦃꦲꦂꦗꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦏꦔꦸꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁ:ꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦪꦸꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦸꦱꦠꦼꦩ꧀ꦧꦶꦤꦶ꧈​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦥꦤꦼꦔꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦲꦤꦩꦢꦼꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦥꦤ꧀ꦝꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦢꦺꦮꦛꦥꦩꦸꦤꦃ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦢꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦫꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦢꦼꦮꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦥꦸꦠꦿꦥꦤ꧀ꦝꦝꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦮꦸꦫꦒꦶꦭ꧀ꦮꦻꦴꦱꦧꦼꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦩꦸꦁꦏꦂ꧈​ꦲꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦱꦂꦠꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦭꦗꦼꦁꦔꦿꦩꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦪꦱꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦱꦥꦔꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧉​ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦏꦂꦱ꧈​ꦲꦩꦼꦥꦏ꧀ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦫꦶꦒ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦉꦁꦠꦼꦔꦫꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦧꦫꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦢꦶꦭꦠꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧉​

ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦼꦭꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦫꦸꦥꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦁ꧈​ꦏꦛꦃꦒꦿꦶꦪꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦩꦺꦤꦶ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦒꦭꦸꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶꦲꦶꦁꦥꦿꦁ꧉​ꦱꦉꦁꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦱꦃ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦁꦒꦼꦥꦸꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦲꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦭꦫꦸꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦲꦔꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦩꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦔꦸꦁꦱꦶꦧꦫꦶꦱꦤꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦔꦼꦱꦸꦏ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦲꦗꦼꦁ​ꦔꦗꦼꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦛꦺꦴꦊ:ꦲꦺꦭꦶꦔ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦸꦒꦕꦕꦮꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦲꦔꦺꦔꦺꦩꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦥꦲꦧꦩꦸ꧈​ꦲꦏꦸꦏꦺꦴꦱꦶꦪ​ꦱꦶꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦢꦶ꧈​ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦊꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦤꦫꦗꦁꦲꦩꦸꦥꦸꦃꦱꦶꦪꦠ꧀​ꦱꦶꦪꦸꦠ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏꦶ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦤꦭꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦤ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦠꦺꦴꦱꦶ꧉​ꦌꦃꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦱꦶꦫꦧꦔꦼꦠ꧀ꦮꦤꦶꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦏꦱꦶꦏꦸꦲꦶꦁꦗꦮꦛꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦮꦼꦠ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦤꦏꦁꦩꦊꦱꦏꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚꦼꦭꦤꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦱꦭꦃꦏꦢꦢꦺꦪꦤ꧀ꦢꦢꦶꦧꦸꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦱꦺꦤ꧀​ꦲꦶꦱꦺꦤꦶꦁꦧꦚꦸ꧈​ꦭꦃ:ꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦫꦲꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦱꦉꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦲꦚꦸꦥꦠꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦤꦼꦭꦺꦴꦁꦱꦱꦂꦠꦥꦩꦸꦮꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦺꦥ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦁ:ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦠꦶꦱꦸꦥꦲꦺꦴꦱ꧀ꦮꦻꦴꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦩꦸꦥꦸꦱ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦤ꧉​

ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦝꦲꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦭꦺꦫꦺꦃꦲꦶꦁꦩꦼꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦂꦤꦶꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦱꦏ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦤꦩꦸꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦏꦏꦸꦁꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦢꦼꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦒꦶꦤꦤ꧀ꦝꦁꦧꦝꦼꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦁꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦿꦸꦢꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦲꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦶꦪꦁ꧉​

ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧈​ꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦼꦏꦃꦲꦔ​ꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦩꦸꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦤꦼꦩ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦥꦶꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦯꦺꦭꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦠꦲꦒꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦔꦔꦶꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦮꦶ꧈​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦂꦗꦸꦤꦮꦶꦗꦪ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦯꦺꦭꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦏꦼꦭꦶꦁ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩꦶꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩꦢꦺꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦺꦴꦚ꧀ꦕꦮꦛꦶ꧈​ꦏꦭꦩꦼꦁꦱꦲꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦛꦸꦢꦤꦮꦲꦶꦁꦔꦊꦁꦏ꧉​

ꦱꦏꦶꦁꦏꦼꦭꦶꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦯꦺꦭꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦯꦶꦒꦼꦭꦁ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦩꦸꦩꦸꦭꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦤꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦭꦺꦴꦏꦥꦭ꧉​ꦭꦩꦶꦤꦺꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦶꦒꦼꦭꦁꦱꦠꦸꦱ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦯꦶꦒꦼꦭꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦼꦫꦺꦃ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧉​ꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦺꦱꦃꦱꦏꦶꦁꦯꦶꦒꦼꦭꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦝꦠꦼꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦲꦔꦩ꧀ꦥꦶꦫꦶꦥꦸꦭꦺꦴꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦺꦴꦏꦢꦤ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦤꦩꦲꦶꦁꦈꦗꦸꦁꦏꦺꦴꦭꦤ꧀ꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦩꦸꦩꦸꦭꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ:ꦱꦂꦠꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦈꦗꦸꦁꦏꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦲꦁꦒꦼꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦩ꧀ꦧꦛꦫ:ꦱꦂꦠꦲꦱꦶꦃꦭꦸꦭꦸꦠ꧀꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦗꦮꦶ:ꦱꦤ꧀ꦢꦶ:ꦱꦸꦠꦿ:ꦏꦼꦭꦶꦁ:ꦱꦂꦠꦱꦱ꧀ꦠꦿꦏꦼꦉꦤ꧀ꦝ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦺꦴꦱꦁꦏꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦁꦒꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦈꦗꦸꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦧꦝꦺꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦤꦁꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦧꦛꦫꦄꦢꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦱꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦧꦿꦁꦏꦛꦃꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦱꦃꦱꦏꦶꦁꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏ꧀ꦤꦩꦸꦩꦸꦭꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶ꧈​ꦲꦩꦼꦚ꧀ꦕꦂꦤꦲꦒꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦃꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦗꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦝꦠꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦏꦼꦤ꧀ꦝꦼꦁ꧉​ꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶ꧈​ꦲꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭꦶꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦶꦠꦃ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦩꦼꦏꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦠꦶꦒꦁꦠꦻꦴꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦤꦩꦸꦁꦤꦼꦩ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦺꦴꦱꦮꦼꦒ꧀ꦗꦶꦤꦸꦫꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦱꦧꦫꦁꦥꦶꦏꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦲꦔ꧀ꦭꦭꦤꦲꦔ​ꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦝꦺꦲꦩꦿꦢꦶꦤꦏꦼꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦮꦚ꧀ꦕꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦤꦼꦩ꧀ꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦫꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧉​ꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦏꦼꦤ꧀ꦝꦼꦁ꧉​ꦄꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦧꦼꦱꦂ:ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦱꦮꦸꦏꦸꦩꦤ꧀ꦤꦻꦭ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦗꦶꦩꦏꦶꦂ꧈​ꦱꦶꦤꦁꦏꦭꦤ꧀ꦏꦸꦤꦶꦂꦮꦸꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦗꦭꦸ꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦝꦼꦝꦼꦏꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦧꦸꦪꦸꦛꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦼꦧꦼꦏ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦧꦿꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦮꦶꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦂꦗꦸꦤꦮꦶꦗꦪ:ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦩ:ꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈​ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦧꦸꦪꦸꦛꦤ꧀ꦲꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦱꦤ꧀ꦢꦶ:ꦢꦱꦤꦩ:ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦼꦤꦶ:ꦮꦶꦮꦲ:ꦧꦶꦩꦯꦸꦕꦶ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦶꦱꦶꦭꦶꦃꦤꦩꦯꦁꦲꦾꦁꦩꦸꦝꦶꦏ꧀ꦧꦛꦫ꧉​ꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦒꦼꦢ꧀​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦲꦩꦸꦩꦸꦭꦁ꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦪꦱꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦲꦒꦼꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦏꦱꦏꦮꦤ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦴꦭꦸ꧈​ꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦚꦶꦥ꧀ꦠꦠꦼꦭꦒꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦪꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦠꦼꦔꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦮꦮꦶꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦔꦭꦩꦠꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦧꦝꦺꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦶꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦏꦲꦶꦕꦭ꧀ꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦪꦼꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦢꦭꦗꦠ꧀ꦧꦝꦺꦏꦼꦂꦠ꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦼꦭꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦁꦠꦼꦭꦒꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦸꦭꦺꦴ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦔꦭꦩꦠ꧀ꦧꦝꦺꦩꦁꦒꦶꦃꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦔ꧀ꦭꦭꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦝꦮꦸꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁꦒꦢꦼꦥꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦧꦸꦪꦸꦛꦤ꧀ꦱꦏꦧꦠ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦮꦱꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦼꦤꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦱꦏꦧꦠ꧀꧈​ꦱꦧꦫꦁꦏꦮꦿꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦏꦼꦥ꧀꧈​ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦩꦸꦝꦶꦏ꧀ꦧꦛꦫ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦱꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ:ꦤꦩꦸꦁꦱꦏꦧꦠ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧈​ꦩꦔꦺꦠꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦗꦧꦝꦺꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦉꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦢꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦩꦶꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧉​ꦄꦏꦛꦃꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦱꦱ꧀ꦠꦿ:ꦲꦁꦒꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦏꦭꦺꦴꦫꦺꦪꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦱꦢꦪ꧉​

ꦱꦉꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦗꦃꦤꦒꦫꦶꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦚꦁꦏꦭꦤꦶꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛ:ꦲꦶꦁꦏꦫꦮꦁ:ꦲꦶꦁꦕꦉꦧꦺꦴꦤ꧀:ꦲꦶꦁꦧꦽꦧꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦛꦼꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦱ꧀ꦛꦶꦤ:ꦲꦶꦁꦧꦠꦁ:ꦲꦶꦁꦏꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦭꦶꦮꦸꦔꦸ:ꦲꦶꦁꦱꦼꦩꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦩ꧀ꦧꦃꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦏꦺꦭꦺꦴꦂ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦔꦿꦶꦏꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦢꦤꦫꦗ꧉​ꦱꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ:ꦲꦤꦩꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ:ꦏꦠꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶꦮꦻꦴ꧈​ꦲꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱꦏꦒꦸꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦁꦏꦶꦔꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦗꦁꦏꦸꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦲꦼꦔꦼꦤ꧀​ꦲꦺꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦩꦸꦩꦸꦭꦁ꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦚꦏꦧꦠ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦗꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦥꦿꦶꦁꦒ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧉​

ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦯꦁꦏꦺꦃ꧈​ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧀ꦢꦯꦼꦁꦏꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦢꦔꦸꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶ꧈​ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦱꦁꦫꦏꦶꦠꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦠꦠꦤꦼꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦲꦔꦼꦩꦺꦴꦲꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦼꦏꦃꦮꦻꦴꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦝꦃꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦯꦼꦁꦏꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦫꦺꦴꦱꦺꦴꦲꦱꦸꦒꦶꦃꦱꦤꦏ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦠꦶꦭꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦠꦶꦭꦂꦥꦸꦠꦿꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦩꦢꦼꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶ꧈​ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦧꦶꦫꦲꦶꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦔꦶ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦏꦒꦼꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦩꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦥꦫꦺꦠꦃꦝꦠꦼꦁꦫꦺꦕꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦔꦼꦭꦂꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦠꦩꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧉​ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦱꦩꦶꦲꦊꦁꦒꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦶꦂꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦧꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦒꦃꦒꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦺꦫꦩ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱ꧀ꦱꦂꦠꦮꦶꦔꦶꦠꦶꦁꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀:ꦱꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ:ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦗ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦠꦶꦪꦁꦔ꧀ꦭꦭꦤ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦥꦶꦤꦺꦴꦁꦏ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦱꦪꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭꦩꦿꦶꦏꦶꦧꦝꦼꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦼꦉꦥꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦢꦼꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦱꦺꦩꦃꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦸꦭꦲꦤꦺꦩ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦫꦏꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦥꦸꦤꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦒꦝꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦏꦭꦠꦶꦭꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦸꦱꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦒꦝꦃꦥꦤꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁ:ꦱꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦭꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦺꦤꦺꦩ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦠꦁ​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ:ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦭꦗꦼꦁꦚꦼꦭꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦫꦶꦃꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦥꦚꦼꦭꦸꦏꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦫꦫ:ꦩꦿꦺꦤꦺꦪ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦩꦸꦭꦤꦁꦭꦒꦶꦠꦼꦏꦱꦏꦲꦶꦁꦲꦔ꧀ꦭꦭꦤ꧈​ꦢꦼꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦭꦗꦼꦁꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦼꦮꦃꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦉꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦏꦭꦶꦃꦲꦚꦁꦏꦶꦁꦥꦏꦶꦤꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦊꦲꦏꦼꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃꦲꦭꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧉​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦁꦔꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦏꦭꦤꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦭꦤ꧈​ꦭꦒꦶꦠꦼꦏꦱꦻꦏꦶ꧈​ꦩꦫꦠ:ꦱꦥꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦢꦼꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦔꦸꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦚꦥ꧉​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦫꦶꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦴꦠꦸꦫꦤ꧀ꦥꦽꦩ꧀ꦧꦒꦺ:ꦏꦏꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦸꦩꦼꦱꦂꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦒꦸꦒꦸꦥ꧀ꦱꦲꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦝꦶ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦥꦲꦝꦶꦩꦸ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦥꦚꦤꦏꦸꦭꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦥꦿꦧꦠꦼꦝꦏ꧀ꦲꦚꦥꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦢꦼꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦏꦧꦠ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦮꦱꦏꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦩꦼꦝꦺꦥ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦗꦼꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦉꦁꦤꦠꦺꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦪꦸꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦒꦶꦩꦶꦂꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦱꦧꦶꦭ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦩꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦧꦿꦩꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧈​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦺꦤꦺꦴꦩ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦼꦭ꧀ꦩꦸꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦤ꧀ꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦺꦱꦏꦲꦶꦁꦱꦧꦿꦁꦲꦔ​ꦗꦮꦲꦁꦒꦮꦲꦏ꧀ꦱꦫꦮꦂꦤ​ꦮꦂꦤ꧈​ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦭꦪꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦮꦶ꧈​ꦒꦮꦺꦤꦺꦲꦩꦸꦩꦸꦫꦸꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦥꦶꦫꦁ​ꦥꦶꦫꦁꦤꦒꦫꦥꦝꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦩꦸꦁꦏꦫꦶꦮꦺꦴꦁꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦲꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦧꦶꦔꦸꦁ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦧꦿꦩꦤꦲꦶꦏꦸꦲꦤꦲꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦱꦸꦩꦼꦗꦲꦁꦒꦸꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦢꦺꦴꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦝꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦪꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦸꦭ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦒꦼꦠ꧀꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦏꦸꦏꦠꦼꦏꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦲꦏꦸꦧꦺꦴꦝꦺꦴ꧈​ꦩꦸꦒꦊꦒꦲꦏꦺꦴꦮꦼꦲꦩꦸꦫꦸꦏ꧀꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦸꦢꦶꦲꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁ꧈​ꦏꦸꦭꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁꦔꦼꦭ꧀ꦩꦶꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦤ꧀ꦱꦂꦠꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦮꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦲꦶꦁꦏꦱꦒꦼꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦚꦏꦼꦥ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦁ꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦩꦸꦫꦸꦏ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁꦯꦁꦧꦿꦩꦤꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦲꦁꦒꦼꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦧ꧀ꦢꦶ꧉​ꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦏꦶꦁꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦩꦶꦱꦶꦮꦸꦂꦏꦱꦒꦼꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦩꦶꦉꦁꦔꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦫꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦲꦩꦁꦒꦶꦲꦶꦄꦗꦶꦱꦏ꧉​ꦱꦢꦭꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿ:ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦮꦶ:ꦔꦼꦭ꧀ꦩꦶꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦏꦸꦥ꧀ꦱꦢꦪ꧉​

ꦥꦤꦸꦗꦸꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦠꦸꦮꦶꦝꦠꦼꦁꦏꦫꦤ꧀ꦝꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦭꦸꦫꦸꦁꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃꦱꦩꦶꦥꦠꦶꦁꦧꦊꦧꦼꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦁꦱꦺꦤꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦤꦥꦱꦧꦧꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦊꦩꦸ꧈​ꦧꦝꦺꦝꦲꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦒꦼꦠ꧀ꦱꦂꦠꦲꦺꦫꦩ꧀ꦱꦒꦼꦠ꧀ꦲꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦠꦺꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦪꦺꦤ꧀ꦩ꧀ꦏꦠꦼꦤ꧀:ꦥꦩꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦫꦶꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦏꦸꦭꦠꦶꦔꦭꦶꦏꦒꦸꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦠꦶꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦏꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦮꦼꦁ꧈​ꦱꦉꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦺꦢꦼꦭ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦥꦫꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦭꦗꦼꦁ​ꦩꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦸꦁꦱꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦲꦤꦔꦶꦱ꧀ꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦏꦲꦤ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁꦧꦝꦺꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦉꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦸꦭꦺꦴꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦲꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦏꦸꦭꦒꦝꦃꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦱꦶꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦮꦶꦪꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦻꦏꦼꦠ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦏꦝꦲꦫ꧉​

ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦏꦒꦼꦠ꧀ꦲꦩꦶꦉꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦁꦒꦺꦂ:ꦏꦸꦭꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦸꦒꦶꦲꦔꦸꦪꦁꦱꦏꦶꦠ꧀ꦲꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦲꦭꦸꦮꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦼꦪꦤ꧀ꦩꦸꦩꦸꦭꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦝꦺꦴ꧈​ꦲꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦸꦭꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦠꦼꦏꦢ꧀ꦏꦸꦭꦧꦝꦺꦲꦩ꧀ꦧꦺꦭꦤꦶꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤꦔꦶꦱ꧀ꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦒꦶꦤꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦝꦸꦃꦲꦺꦁꦒꦺꦂ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦏꦫꦶ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦔ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦧꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦂ:ꦏꦱꦶꦁꦒꦶꦲꦤ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦶꦃꦱꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦪꦺꦴꦒꦶ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦩꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦺꦒꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦲꦭꦸꦮꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸꦲ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭꦭꦧꦸꦲꦶꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦸꦒꦸꦫꦸꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦼꦗꦃꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦩꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦏꦸꦭꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦏꦠꦸꦫꦸꦠꦥꦶꦏꦗꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦏꦱꦲꦺꦴꦱ꧀ꦤꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ:ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦝꦲꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦧꦝꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦕꦸꦮ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦸꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦝꦲꦂꦠꦶꦪꦁꦱꦢꦱꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦧꦺꦴꦫꦺꦴꦁꦔꦏꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧉​

ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦲꦸꦠꦸꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦫꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦲꦩꦁꦒꦶꦲꦶꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀:ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ:ꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦝꦲꦂꦝꦊꦩ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦗꦼꦔꦁꦢꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦲꦂꦲꦺꦕ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦊꦉꦱꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦮꦼꦒꦲꦁꦱꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦭꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦺꦤꦺꦩ꧀ꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦭ꧀ꦢꦒꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦤꦩꦸꦁꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦱꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦩꦺꦃꦱꦥꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦱꦩꦶꦧꦝꦺꦲꦔ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶ꧉​

ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦏꦥꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦩꦚꦻꦱꦺꦴꦏ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦱꦤ꧈​ꦲꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦠꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦮꦻꦴꦏꦤ꧀ꦝꦺꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦥꦱꦶꦫꦲꦁꦒꦮꦱꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦢꦲꦂꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦲꦂꦲꦺꦤꦏ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦝꦲꦂꦢꦒꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦊꦱꦸ:ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦺꦴꦮꦤ꧀ꦫꦱꦤꦺ꧉​ꦤꦸꦗꦸꦧꦶꦱꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦂ꧈​ꦲꦤꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦒꦸꦱ꧀ꦥꦉꦏꦤ꧀ꦊꦩꦸꦱꦶꦗꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦥꦶꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦱꦻꦏꦶꦲꦁꦒꦒꦠ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦥꦱꦂꦲꦶꦏꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦥꦺꦤꦏ꧀ꦫꦱꦤꦺꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦭꦃꦔꦤ꧀ꦠꦶꦲꦶꦱꦶꦁꦔꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦒꦼꦠꦶꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦠꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦧꦸꦠꦸꦃ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦼꦭꦺꦃꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦶꦗꦶꦱꦶꦁꦫꦢꦲꦭꦫꦸꦥꦤꦺ:ꦲꦒꦩ꧀ꦥꦁꦢꦶꦱꦭꦶꦤꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦶꦲꦢꦽꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦝꦲꦂꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦒꦝꦃꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦶꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦮꦶꦪꦫꦶꦁꦲꦶꦏꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦠꦶꦏꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦧꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦩꦁꦒꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦝꦲꦫ꧉​

ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦥꦠꦸꦮ:ꦲꦥꦲꦺꦤꦺꦴꦩ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦱꦶꦫꦱꦲꦺꦴꦱꦏꦺꦢꦢꦶꦝꦲꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦺꦤꦺꦩ꧀ꦮꦼꦠꦃꦲꦭꦸꦱ꧀ꦧꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦲꦺꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦲꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦝꦮꦃꦲꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦼꦁꦏꦼꦫꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦤꦔꦶꦱ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦠꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦥꦱꦶꦫꦏꦁꦏꦥꦶꦲꦢꦽꦁꦢꦢꦶꦝꦲꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦧꦸꦩꦶꦱꦴꦩ꧀ꦧꦤꦺꦲꦶꦏꦼꦠꦶꦫ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦉꦁꦔꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦠꦕꦼꦁꦏꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦗ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦺꦤꦺꦴꦩ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦫꦸꦥꦤꦶꦫ꧉​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦔꦮꦸꦭꦲ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁ​ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦼꦢꦃꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦶꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦤꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦲꦶꦪ:ꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠꦶꦏꦏꦉꦥꦤꦶꦫ꧉​

ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃ:ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦂꦱꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦼꦥꦏ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦶꦠꦶꦃꦒꦗꦃ꧈​ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦧꦺꦴꦕꦃ​ꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦏꦮꦿꦸꦲꦤꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦶꦲꦫꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦏꦥꦶꦲꦢꦽꦁꦢꦢꦶꦝꦲꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦢꦸꦮꦺꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦧꦸꦩꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦤꦺꦩꦸꦁꦱꦻꦏꦼꦠꦺꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦱꦸꦏꦭꦶꦭꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦏꦁꦲꦶꦏꦸꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦸꦮꦺꦥꦩꦶꦭꦶꦃꦧꦸꦩꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦶꦱ꧀ꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦤꦺ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦱꦶꦫꦕꦼꦏꦼꦭ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦏꦼꦠꦶꦫ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧꦂ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦶꦪꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤꦥꦶꦱꦤ꧀​ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦮꦶꦪꦂꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧉​ꦆꦏꦼꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧꦂ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀​ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ꧈​ꦩꦭꦃꦲꦤꦱꦧꦶꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦩ꧀ꦧꦧꦫꦶꦁꦲꦶꦏꦼꦠ꧀ꦮꦶꦪꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦔꦕꦏ꧀ꦏꦶꦠꦭꦠꦃꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧉​ꦄꦗꦶꦱꦏꦏꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦲꦶꦏꦼꦠ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦤꦱꦧꦶꦠꦭꦠꦃꦢꦊꦩ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦺꦭꦶꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦤ꧀ꦚꦸꦩꦢꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦔꦸꦁꦱꦼꦢ꧀ꦏꦼꦢꦃꦲꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦱꦏꦭ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦭꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦏꦥꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦁꦒꦼꦧꦾꦸꦂꦱꦒꦗꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦂꦤ꧉​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦱꦭꦃꦏꦢꦢꦺꦴꦱꦤ꧀ꦲꦮꦂꦤꦶꦧꦪꦥꦼꦛꦃꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦉꦢꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦁ:ꦒꦶꦒꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦪꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦱꦸꦥꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧉​

ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦭꦶꦃꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦱꦻꦱꦶꦤꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦠꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦥꦠꦶꦃ:ꦤꦩꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦒꦗꦃꦩꦶꦤ꧈​ꦤꦪꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦏꦾꦻꦄꦂꦪꦺꦴꦭꦺꦴꦢꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒꦱꦫꦢꦸꦭ:ꦢꦼꦩꦁꦮꦶꦠꦿꦶꦢꦶꦛ:ꦥꦤ꧀ꦢꦼꦊꦒꦤ꧀ꦲꦤꦩꦧꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦱꦤ꧀ꦠꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦏꦭꦸꦪꦸ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦥꦺꦴꦭꦺꦁ:ꦫꦢꦺꦄꦂꦪꦧꦸꦤ꧀ꦛꦭ꧀ꦔꦧꦼꦲꦶꦮꦸꦭꦸꦁꦉꦏ꧀ꦛ:ꦢꦼꦩꦁꦏꦧꦸꦤ꧀ꦛꦁ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦏꦺꦥꦺꦠ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦱꦒꦼꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ:ꦲꦤꦩꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦮꦻꦴ꧉​

ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦠꦤ꧀ꦱꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀꧈​ꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦝꦁꦩꦂꦒꦶꦲꦩ꧀ꦧꦺꦒꦭ꧀ꦱꦂꦠꦩꦼꦗꦲꦶꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦱꦧꦝꦠꦼꦁꦭꦺꦥꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦧ꧀꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦮꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦱꦥꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦲꦚꦶꦂꦤꦏꦏꦺꦧꦪꦥꦸꦠꦶꦃ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦔꦺꦔꦺꦫꦶ꧈​ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦱꦁꦱꦪꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦲꦭꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦲꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦠꦤ꧀ꦲꦔꦥꦶꦁꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦮꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦗꦿꦶꦲꦶ꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦼꦫꦶꦏ꧀​ꦔꦼꦫꦶꦏ꧀ꦲꦤꦼꦝꦫꦸꦮꦠ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧉​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦹꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦩꦫꦱꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦂꦠ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦏꦫꦲꦂꦗꦤ꧀ꦩꦶꦫꦃꦱꦤ꧀ꦝꦁ:ꦩꦶꦫꦃꦠꦼꦝ꧈​ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦢꦶꦭ꧀ꦲꦱꦶꦃꦥꦫꦩꦂꦠ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦏꦺꦕꦗꦼꦚ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦢꦸꦂꦱꦶꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦽꦱꦲꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦥꦗꦶꦮ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦛꦃꦧꦿꦩꦤꦱꦏꦶꦁꦱꦧꦿꦁꦲꦔ​ꦗꦮꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦱꦥꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦭꦸꦭꦸꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦊꦁꦒꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦾꦻꦛꦼꦁꦒꦼꦂ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦥꦸꦁꦒꦮ:ꦱꦂꦠꦥꦤ꧀ꦢꦶꦛ꧉​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦼꦁꦏꦼꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦢꦛꦼꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦧꦥ:ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦁꦤꦩꦫꦁꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦸꦫꦶꦢꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦢꦸꦢꦸꦒꦭꦤ꧀ꦱꦶꦩꦤꦮꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦏꦏꦺꦢꦢꦶꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦺꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦱꦶꦩꦤꦮꦶꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦱꦶꦢꦸꦢꦸꦒꦏꦁꦏꦶꦮ꧉​ꦱꦶꦩꦤꦮꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦢꦸꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦶꦢꦸꦢꦸꦒ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦱꦸꦫꦄꦢꦶ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦏꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦲꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦗꦥꦶꦱꦃꦭꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦢꦪ:ꦱꦩꦶꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺ:ꦧꦥ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦤꦂꦥꦲꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩꦶꦱꦸꦲꦸꦂꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧉​

ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦪ​ꦏꦸꦪꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦶꦮꦃꦲꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦥꦕꦏꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦩ꧀ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦚꦼꦥꦼꦁ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦮꦻꦴꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦼꦤꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦧꦝꦺꦔꦼꦥꦼꦭ꧀ꦗꦮꦶ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦸꦤ꧀ꦠ​ꦭꦸꦤ꧀ꦠ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦲꦧ꧀ꦢꦶꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦩꦤꦮ:ꦩꦼꦤꦮꦶ꧉​ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤꦮꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤꦮꦶꦥꦭꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦝꦲꦂ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦫꦺ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦱꦸꦮꦮꦶꦱꦩꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦱꦩꦶꦔꦼꦭꦶꦃꦱꦂꦠꦏꦫꦶꦥꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦠꦃꦕꦼꦒꦃꦠꦸꦫꦸꦭꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦧꦭꦶꦪꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦤꦺꦝꦺꦮꦺꦭꦫꦶꦤꦼ꧈​ꦥꦶꦫꦧꦫꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦩꦮꦶꦠꦼꦏꦶꦪꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦩꦁꦒꦸꦁꦲꦩꦸꦥꦸꦱ꧀꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦭ꧀​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦭ꧀ꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦉꦢꦶꦲꦭꦶꦠ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦔꦭꦥꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦢꦺꦗꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦥꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦢꦤ꧀꧈​ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦸꦮꦮꦶꦪꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦫꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦉꦢꦶꦲꦭ​ꦲꦸꦭꦸ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦉꦢꦶꦗꦩꦸꦂꦢꦶꦥ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦭꦺꦂꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦶꦤꦼꦧ꧀꧈​ꦱꦭꦺꦫꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦒꦂꦭꦁꦒꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦮꦤꦶꦁꦱꦁꦒꦂꦭꦁꦒꦠꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦧꦊꦏꦩ꧀ꦧꦁꦏꦕꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃ꧈​ꦠꦠꦤꦼꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦱꦲꦺ꧉​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦧꦊꦏꦩ꧀ꦧꦁꦩꦶꦤꦼꦧ꧀ꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦩꦮꦶꦭꦁꦱꦺꦠꦸꦤ꧀ꦝꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶ꧉​ꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦧꦊꦏꦩ꧀ꦧꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦠꦩꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦥꦼꦏꦼꦤ꧀ꦢꦶꦪꦺꦁ꧉​ꦥꦼꦏꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦭꦸꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦱꦢꦺꦪꦤ꧀ꦚꦶꦭꦸꦩꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀ꦮꦻꦴ:ꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧉​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦔꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦩꦶꦭꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦲꦺꦤ꧀ꦢꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦺꦕꦸꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦭꦭꦔꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦧꦼꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦱꦼꦁꦱꦼꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦱꦁꦫꦏꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦊꦏꦩ꧀ꦧꦁꦮꦻꦴꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦔꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦧꦼꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦝꦺꦧꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦠꦥ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦝꦺꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦮꦁꦔꦶꦁꦒꦸꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦮꦶ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦮꦸꦭꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦱꦼꦩꦺꦢꦶ꧈​ꦲꦔꦶꦕꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤꦔꦼꦤ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦥꦠꦿꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦱꦶꦭꦠꦸꦩ꧀ꦥꦁ꧈​ꦲꦔꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦁꦒꦂꦥꦩꦼꦊꦁꦔꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦏꦏꦭꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦩ꧀ꦥꦁꦲꦶꦁꦥꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦮꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦮꦼꦤ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦩ꧀ꦥꦁꦲꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠꦏꦶꦮ:ꦲꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦢꦫꦶꦗꦶ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦢꦭꦸꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦺꦴꦧꦲꦒꦼꦁꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦮꦂꦤꦶꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦒꦁꦱꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦥꦔꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦫꦸꦒꦶꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦠꦥ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦩꦱꦁꦏꦤꦶꦔꦿꦠ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦩꦂꦒꦶꦏꦺꦢꦤꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦠꦁꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦢꦸꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦲꦾꦁꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠꦶꦁꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦼꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠ꧈​ꦩꦶꦭꦏꦸꦭꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦸꦫꦭꦪ꧈​ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦩꦿꦶꦏꦶ꧉​ꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦩꦸꦒꦶ​ꦩꦸꦒꦶꦥꦉꦔꦔꦧ꧀ꦢꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦢꦪ꧉​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦩꦭꦶꦃꦏꦸꦭꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦼꦗ꧈​ꦲꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦶꦁꦱꦶꦂ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦲꦪꦸ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦥꦔꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦩꦺꦱꦼꦩ꧀​ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦱꦤ꧀ꦝꦶꦁꦊꦁꦒꦃꦱꦁꦠꦥ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦚꦼꦭꦏꦶ꧈​ꦲꦔꦿꦸꦧꦸꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦁꦠꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦧꦃ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦶꦩꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦺꦴꦢꦱꦩꦶꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦏꦤꦶꦔꦿꦠ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦿꦒꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈​ꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦩꦸꦭꦶꦃ꧉​ꦄꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦠꦤ꧀ꦥꦒꦮꦺꦠꦸꦁꦒꦸꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦒꦁꦱꦭ꧀ꦏꦺꦱꦃꦱꦢꦪ꧉​

ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦔꦶ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸ꧈​ꦲꦔꦸꦫꦺꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦗꦩꦱ꧀꧈​ꦲꦩꦸꦫꦸꦒꦶꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦠꦥ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ:ꦱꦏꦶꦁꦔꦗꦼꦁ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦫꦶꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦫꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸ꧈​ꦱꦮꦼꦤꦺꦲꦤ꧀ꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦼꦥꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦱꦸ꧈​ꦏꦫꦁꦏꦸꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦺꦴꦁꦒ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦭꦶꦪꦔꦤ꧀ꦮꦼꦤ꧀ꦠꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦠꦥ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦃꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦼꦁ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦿꦠꦶꦁꦏꦃꦲꦁꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦝꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦩ꧈​ꦩꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦺꦴꦝꦱꦩꦶꦏꦒꦺꦴꦝ꧈​ꦏꦺꦝꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦠꦥ꧉​

ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦩꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦔꦶꦢꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦁꦠꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦩꦶꦫꦁꦔꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦸꦫꦏ꧀ꦲꦩꦺ꧈​ꦲꦏꦛꦃꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦚꦼꦭꦏ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦝꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦼꦥꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦱꦸ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦿꦻꦴꦠꦶꦲꦚ꧀ꦗꦶꦮꦶꦠꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦔꦿꦶꦝꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦸꦱꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦶꦝꦸꦱꦩꦶꦏꦺꦢꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦠꦥ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦢꦤꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦸꦮꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦩꦸꦢꦤꦱꦸꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦁꦏꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦠꦥ꧈​ꦱꦉꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​

ꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦱꦫꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦗꦗꦁꦏꦼꦥꦶꦁꦢꦺꦮꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦭꦪ꧈​ꦲꦏꦪꦁꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀ꦲꦤꦼꦝꦏꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃ꧉​ꦄꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦂꦮꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦮꦸꦢꦉꦤ꧀ꦠꦥꦩꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦫꦶꦩꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦻꦏꦶꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦭꦶꦩ꧉​ꦆꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦏꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ:ꦢꦢꦶꦗꦠꦸꦏꦿꦩꦩꦸ꧈​ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦥꦫꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦚꦼꦭꦤꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦺ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦁꦱꦤꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦫꦤꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦮꦔꦼꦤꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦗꦔꦤꦺ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦱꦸꦮꦮ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦩꦁꦱꦤꦺ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦩꦠꦼꦁꦤꦠꦥꦩꦸ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦝꦼꦥ꧀ꦩꦫꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦮꦱ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦩꦁꦱꦤꦺꦩꦝꦼꦥ꧀ꦩꦫꦶꦁꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦲꦺꦠꦸꦔꦤꦺꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦏꦸꦲꦔꦩꦶꦤꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦩꦸꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫꦩꦸ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦝꦼꦥ꧀ꦩꦫꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦮꦿꦸꦲꦤ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦏꦭ​ꦏꦭ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦲꦺꦭꦶꦁ:ꦤꦸꦭꦶꦲꦺꦴꦫ꧉​ꦄꦔꦺꦭ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁꦔꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦴꦝ꧈​ꦏꦁꦲꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃꦲꦔꦼꦤ꧀​ꦤꦔꦼꦤ꧀ꦭꦶꦭꦶꦩ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦲꦩ꧀ꦧꦢꦭꦶ꧈​ꦠꦼꦩꦃꦲꦩ꧀ꦧꦶꦧꦶꦔꦸꦁꦲꦩꦼꦠꦼꦁꦔꦏꦺꦲꦠꦶ꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦠ꧀ꦩꦫꦁꦧꦸꦢꦶꦲꦭ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱꦸꦱꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦧꦢꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦂꦮꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦭꦪꦏ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥꦲꦶꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦏꦸꦏꦏꦺꦏ꧀ꦩꦸꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦭꦤ꧀ꦤꦒꦫꦤꦺ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦩꦸꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦧꦏꦭ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦺꦩꦺꦴꦁꦱꦭꦮꦱꦺ꧉​ꦏꦁꦲꦶꦏꦸ:ꦥꦸꦠꦸ:ꦲꦗꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦭꦃꦒꦮꦺ꧈​ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦤꦠꦥꦩꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦭꦸꦔꦲꦱꦏꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦩꦔꦸꦭꦺꦴꦤꦧꦼꦤꦼꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦼꦩꦸꦲꦭꦱ꧀ꦲꦤꦥꦝꦸꦏꦸꦲꦤꦺ:ꦲꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦔꦺꦔꦺꦫꦮꦺꦴꦁꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦮꦠꦼꦱꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦻꦴꦤ꧀ꦉꦧꦸꦠꦼꦤ꧀ꦤꦒꦫꦩꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦧꦏꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤꦤꦺꦥꦿꦧꦸꦲꦤꦩꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦤꦸꦭꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦠꦸ:ꦲꦏꦸꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦼꦚꦁꦏꦪꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦤꦤꦒꦂꦮꦩꦸ:ꦉꦉꦩꦶꦲꦼꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦊꦗꦂ:ꦠꦶꦁꦒꦊꦤ꧀꧉​ꦄꦏꦸꦏꦁꦔꦼꦩꦺꦴꦁꦭꦤ꧀ꦏꦁꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦥꦗꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦭꦁꦱꦺꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦱꦲꦺ꧉​ꦒꦂꦮꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦒꦁꦱꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦸꦫꦸꦒꦶ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦼꦢꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦉꦁꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦔꦿꦸꦩ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦫꦱ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ:ꦲꦥꦸꦫꦤꦼꦤ꧀ꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦥꦸꦠꦤ꧀ꦏꦸ꧉​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦤꦼꦩꦺꦴꦤꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦸꦩꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦏꦸꦭꦒꦶꦠꦥ꧈​ꦱꦁꦢꦺꦮꦶꦩꦺꦔꦺꦴ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦤꦼꦧꦶꦲꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦏꦭꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦉꦩꦶꦃ꧈​ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦉꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦸꦒꦺꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦒꦂꦮ꧈​ꦄꦲꦶꦄꦗꦼꦁ:ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦭꦸꦔ꧈​ꦲꦤꦸꦠꦸꦒ꧀ꦏꦺꦠꦥꦏꦸ꧉​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦧꦭꦶꦏꦸ:ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦔꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦧꦶꦱꦲꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫꦏꦸ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦮꦸꦫꦸꦁꦔꦏꦠꦼꦩꦸꦩꦤꦺꦃꦏꦫꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦱꦁꦢꦺꦮꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦝꦸꦃ:ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦸꦭꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦒꦂꦮꦥꦶꦤꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦩꦭꦶꦃꦱꦂꦮꦶꦲꦔꦶꦔꦶꦢꦸꦁ꧈​ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦉꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦁꦢꦺꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦺ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦒꦸꦭꦶꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦸꦧꦶꦱꦶꦔꦼꦧ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦂꦮꦱꦤꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦿꦢꦶꦤꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦫꦺꦱꦢꦪ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦔꦺꦔꦼꦠ꧀​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦒꦂꦮꦒꦁꦱꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦼꦏꦲꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ:ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦏꦁꦱꦸꦔꦶꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦝꦲꦂ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦫꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦶꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦃꦢꦺꦲꦔꦺꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦼꦢꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦲꦤꦸꦱꦸꦥ꧀​ꦤꦸꦱꦸꦥ꧀ꦮꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦼꦤ꧀ꦢꦼꦁ:ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦠꦼꦒꦶꦭꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦒꦒꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦫꦺꦁꦔꦶꦁꦉꦢꦶ꧉​ꦄꦔ꧀ꦭꦉꦱꦶꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦥꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦼꦩꦺꦴꦲꦶ꧉​ꦄꦏꦛꦃꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦁꦒꦠꦠꦤꦼꦩꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦽꦉꦥꦶ꧈​ꦲꦔꦽꦧꦧ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦁ:ꦲꦚꦸꦭꦶꦁ꧈​ꦲꦔꦱꦶꦃ​ꦲꦱꦶꦃꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦮꦤꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦕꦸꦫꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦧꦼꦤꦶꦁ:ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦧꦺꦗꦶ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦏꦉꦩꦼꦤꦼꦤ꧀ꦩꦶꦂꦱꦧꦼꦤꦶꦁꦔꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦲꦫꦸꦕꦠ꧀ꦧꦸꦱꦤ:ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦫꦩ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦱꦶꦫꦩ꧀ꦱꦂꦠꦲꦧꦸꦱꦤ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦤꦠꦭꦠꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧉​

ꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦮꦤꦮꦻꦴꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦂꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦸꦫꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦮꦸꦁꦏꦩꦶꦉꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦩꦸꦫꦸꦒꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦧꦝꦺꦔꦩ꧀ꦥꦶꦫꦶ꧉​ꦄꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦩꦏꦾꦻꦥꦕꦸꦏꦶꦭꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦸꦭꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦢꦶꦏ꧈​ꦤꦶꦏꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦺꦲꦭꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦤꦔꦸꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦮꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦏꦸꦭꦩꦠꦸꦂꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦏꦸꦭꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦊꦒꦲꦠꦶꦤꦺꦥꦩꦤ꧀ꦏꦸꦭꦲꦉꦥ꧀ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦲꦶꦁꦥꦝꦺꦏꦲꦤꦺ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦕꦸꦏꦶꦭꦤ꧀ꦲꦒꦼꦥꦃ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦝꦺꦏꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦒꦃꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫ:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦺꦴꦁꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦝꦺꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦒꦶꦲꦏꦱꦱꦂ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦔꦩ꧀ꦧꦃꦮꦤꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦢꦼꦫꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦲꦺꦴꦩꦃ꧉​ꦱꦶꦁꦏꦸꦭꦱꦼꦗꦥꦝꦸꦏꦸꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏꦶꦲꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦩꦃꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦤꦥꦢꦶꦏꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦽꦤꦲꦺ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦕꦸꦏꦶꦭꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦤꦔꦶꦁꦠꦼꦧꦶꦃꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶ꧉​ꦥꦽꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦮꦤꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦕꦸꦏꦶꦭꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦊꦉꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦝꦼꦏꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦝꦼꦝꦼꦏꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦮꦤꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦩ꧀ꦭꦫꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦥꦔꦸꦥꦗꦶꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦺꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦼꦝꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦸꦏꦸꦭꦸꦧꦤ꧀꧈​ꦥꦽꦤꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦱꦏꦶꦁꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦺꦱꦃꦱꦢꦺꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ:ꦩꦮꦶꦚꦶꦥꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦗꦊꦂ꧈​ꦗꦏꦱꦼꦥꦸꦃꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦲꦕꦮꦼꦠ꧀ꦧꦧꦏꦤ꧀ꦏꦸꦱꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦲꦱꦧꦸꦏ꧀ꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦢ꧀​ꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦢꦤ꧀ꦧꦼꦊꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦠꦺꦏꦴꦩ꧀ꦧꦼꦠꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦉꦒꦼꦢꦶꦁꦲꦮꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦏ꧀꧈​ꦊꦉꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦶꦔꦺꦴꦤꦤꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦃꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦩꦼꦭꦶꦁꦧꦶꦪꦸꦁ꧉​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦧꦭꦶꦭꦸꦕꦸꦥꦼꦠ꧀ꦧꦸꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦁꦏꦤꦤ꧀ꦲꦢꦺꦴꦪꦤꦤ꧀ꦕꦫꦺꦴꦧꦲꦧꦼꦠꦃꦠꦶꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦤꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦤꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦺꦝꦺ:ꦲꦫꦱ꧀​ꦱꦫꦱꦼꦤ꧀ꦏꦺꦱꦃ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦼꦝꦸꦒ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦁꦱꦼꦂꦱꦏꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦂꦏꦝꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦭꦸꦥꦶꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦱꦃ​​ꦏꦺꦱꦃ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦢꦺꦴꦪꦤ꧀ꦤꦼꦝꦱꦂꦠꦢꦺꦴꦪꦤ꧀ꦠꦶꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦸꦒꦶꦧꦼꦠꦃꦩꦼꦭꦺꦏ꧀ꦱꦂꦠꦧꦼꦠꦃꦭꦥ꧉​ꦮꦼꦏꦼꦭ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦶꦁꦧꦶꦪꦸꦁ:ꦱꦂꦠꦲꦒꦼꦁꦠꦫꦶꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦤꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦲꦢꦺꦴꦫ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦽꦔꦼꦤꦶꦲꦶꦁꦧꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦊꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦥꦼꦏꦼꦤ꧀ꦏꦗꦮꦲꦤ꧀ꦏꦥꦤꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦔꦶ꧉​

ꦱꦶꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦺꦭꦺꦴꦃ꧉​ꦱꦻꦴꦥꦩꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦫꦸꦤꦲꦩ꧀ꦧꦸꦧꦏ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦔꦗꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦉꦢꦶ꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦻꦴꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦤꦺꦩ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦫꦶꦱꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ:ꦥꦠꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦲꦠꦶꦭꦂꦮꦮꦿꦠꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦮꦻꦴ꧉​ꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦠꦿ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦭꦠꦂ꧈​ꦫꦸꦁꦏꦸꦢ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦒꦼꦂ:ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦗꦠꦶ꧈​ꦥꦪꦺꦴꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦭꦸ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦸꦠꦸꦮꦸꦲꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦤꦼꦝꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦩ꧀ꦧꦿꦁꦏꦁ꧉​ꦧꦶꦭꦶꦃꦗꦮꦃ:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦏꦠꦿꦺꦴꦕꦺꦴꦲꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦱꦶ꧈​ꦱꦢꦭꦸꦒꦼꦉꦁ​ꦒꦼꦉꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦠꦶꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦺꦴꦭꦃ​ꦲꦺꦴꦭꦃ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦏꦗꦼꦁ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦠꦼꦁ:ꦏꦠꦼꦝꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦧꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦩꦤꦶ꧉​

ꦄꦤꦸꦗꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦤꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦶꦤꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦏꦸꦱꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦮꦼꦏꦱꦤꦺꦥꦼꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦤꦺꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦭꦤ꧀ꦥꦼꦥꦼꦱ꧀ꦛꦺꦤ꧀ꦩꦸ꧈​ꦲꦏꦸꦩꦿꦪꦺꦴꦒꦏꦏꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦮꦸꦭꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸꦭꦮꦱ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦢꦢꦶꦲꦺꦴꦫꦧꦧꦏꦭ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦏꦔꦺꦭꦤ꧀ꦏꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦏꦥꦶꦔꦶꦤ꧀ꦏꦺꦴꦲꦶꦔꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦏꦪꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦝꦼꦏ꧀ꦲꦶꦱꦶꦲꦺꦱ꧀ꦮ꧀ꦂꦒꦶꦫꦩꦩꦸ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦔꦮꦸꦭꦫꦛꦸꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦲꦢꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶ꧈​ꦥꦔꦿꦸꦔꦸꦏꦸꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦻꦏꦶ:ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦏꦸꦏꦸꦃꦲꦢꦶꦭꦺꦱꦂꦠꦧꦭꦧ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦏꦮꦸꦭꦤꦤ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦠꦿꦸꦏꦸꦭ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦔꦮꦸꦭ​ꦔꦮꦸꦭ꧈​ꦏꦸꦭꦥꦶꦭꦶꦃꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦥꦠꦼꦝꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦩꦼꦤꦔꦤ꧉​ꦆꦁꦱꦻꦏꦶꦲꦥꦱꦶꦁꦥꦝꦢꦶꦥꦔꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦝꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦤꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦸꦥꦸꦱ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦔ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁꦔ:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦔꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠꦶ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦭꦃꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦮꦼꦏꦱꦤꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦥꦝꦩꦠꦶ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦧꦂꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦮꦻꦴꦢꦭꦸꦚꦸꦥꦼꦤꦲꦔꦺꦤ꧀ꦒꦗꦃ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦭꦫꦺꦚꦸꦁꦒꦶꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦠꦔꦶ:ꦏꦸꦭꦩꦶꦉꦁꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦧꦼꦱꦸꦏ꧀ꦥꦝꦸꦏꦸꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦠꦼꦏꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦂꦠꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦭ꧀ꦲꦔꦺꦝꦼꦥꦏꦺꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦁꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀꧈​ꦱꦶꦫꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦥꦥꦠꦶꦲꦺ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦱꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦥꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦢꦶꦪꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶ:ꦲꦥꦲꦺꦴꦫꦱꦼꦭꦏ꧀ꦩꦠꦶ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦝꦼꦏꦤꦤ꧀ꦥꦕꦸꦏꦶꦭꦤ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦃꦮꦤꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦸꦏꦸꦱ꧀ꦏꦸꦩꦼꦭꦸꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦁꦒꦭꦶꦃꦩꦺꦴꦁꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦝꦼꦝꦼꦏꦃ:ꦲꦶꦁꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦤꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦏꦗꦼꦁꦏꦤ꧀ꦝꦪꦏꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦝꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦲꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦤꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦩꦶꦤꦶꦤꦶꦱ꧀꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦏꦫꦶꦪ:ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦩꦼꦚꦁꦥꦱꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦕꦼꦭꦸꦏ꧀​ꦕꦼꦭꦸꦏ꧀ꦲꦠꦏꦺꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶ꧉​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦱꦂꦠꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦏꦴꦗꦏ꧀ꦊꦁꦒꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦼꦤꦶ꧈​ꦲꦝꦶ:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦠꦶꦪꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦲꦶꦢꦼꦫꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦏꦩ꧀ꦥꦶꦂꦲꦶꦁꦱꦲꦼꦁꦒꦺꦤ꧀​ꦲꦺꦁꦒꦺꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦏꦸꦭꦧꦼꦒ꧀ꦗ꧈​ꦲꦝꦶꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤꦩꦥꦸꦤ꧀ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀꧈​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦏꦸꦭꦏꦸꦩꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦏꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦮꦤꦱꦂꦠꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦝꦶ:ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦿꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦿꦶꦏꦶ:ꦤꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦏꦸꦭꦩꦭꦶꦃ​ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦩꦶꦢꦼꦫꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦩꦁꦒꦶꦲꦠꦶꦪꦁꦲꦒꦒꦿꦶꦪꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦝꦥꦸꦫꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦔꦗꦼꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦱ꧀ꦛꦶꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦏꦁ:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦤꦩꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦁꦏꦫꦤ꧀ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦱꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦠꦼꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦏꦂꦱꦢꦶꦠꦼꦝꦏꦶ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦝꦠꦼꦁꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦲꦝꦶ:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦧꦝꦺꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ:ꦲꦝꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦴꦠꦸꦫꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦩꦿꦶꦏꦶ꧉​

ꦱꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦱꦸꦏꦠꦧꦺꦝꦠꦼꦁꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧉​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦸꦩꦼꦔꦼꦉꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦚ꧀ꦕꦸꦂ꧈​ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦭꦶꦤ꧀ꦥꦤꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦥꦔꦿꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦏꦁꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦏꦥꦭ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦒꦗꦃ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦩꦤꦮ:ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦔꦽꦩ꧀ꦥꦼꦭꦸ꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕ:ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦲꦱꦺꦴꦱꦸꦮꦺ꧉​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦒꦸꦪꦁ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦥꦫꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦏ꧀ꦥꦝꦩꦊꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦱꦏꦺꦲꦺꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦩꦒꦼꦂꦱꦫꦶ꧈​ꦒꦩꦤ꧀ꦩꦸꦥꦝꦠꦠꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦤꦮ:ꦩꦼꦤꦮꦶꦱꦼꦫꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦺꦃ:ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕ꧈​ꦥꦝꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦱꦥꦁꦏꦠꦺꦝꦺꦮꦺ​ꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦲꦗꦲꦤꦫꦸꦱꦸꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦥꦝꦔꦠꦶ​ꦪꦠꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦽꦩ꧀ꦥꦼꦭꦸ꧉​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦲꦚꦼꦧꦸꦠ꧀:ꦪꦢꦺꦮꦧꦛꦫ꧈​ꦲꦤꦲꦥꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦔꦽꦩ꧀ꦥꦼꦭꦸ꧈​ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦲꦏꦼꦃꦏꦁꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦛꦃ꧈​ꦩꦼꦤꦮ:ꦩꦼꦤꦮꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦏꦏꦁ:ꦏꦸꦭꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦮꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦂ:ꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦼꦒ꧀ꦗ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦥꦶꦫꦶ꧉​ꦄꦁꦒꦺꦂ:ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦺꦴꦁꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦗ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦏꦱꦱꦂ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦫꦮꦸꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦶꦧꦶ:ꦗꦼꦤꦼꦁꦏꦸꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧉​ꦱꦶꦁꦢꦏ꧀ꦱꦼꦗꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦔꦺꦔꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦤ꧀ꦝꦼꦏꦸ꧈​ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦸꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦔꦺꦔꦺꦫꦶ꧈​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦏꦸꦭꦲꦔꦧ꧀ꦢꦶꦪꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦏꦴꦧ꧀ꦢꦼꦏ꧀ꦤ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦺꦔꦺꦂꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦗꦭꦫꦤꦶꦁꦏꦱꦸꦒꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦮꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦩꦸꦂꦠꦥ꧉​ꦮꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧꦢꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩꦶ꧉​ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦂꦠꦔꦼꦩꦺꦴꦲꦶ꧉​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦱꦫꦮꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ:ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦉꦒꦼꦥ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦠꦒ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦏꦱꦒꦼꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦤꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ:ꦱꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧉​ꦄꦏꦛꦃꦥꦠꦼꦒꦶꦭꦤ꧀ꦥꦒꦒꦺꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦱꦧꦶꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃ​ꦠꦼꦧꦶꦃꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦔꦁꦔꦺꦱꦂꦠꦪꦠꦿ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦫꦁꦲꦢꦶ​ꦲꦢꦶꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦻꦴꦫꦸꦥꦏꦼꦤ꧀ꦥꦩꦼꦢꦭꦶꦁꦠꦤꦼꦩ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦠꦩ꧀ꦥꦶꦲꦸꦫꦸꦥ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦏꦥꦫꦶꦔꦏꦺꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦏꦸꦮꦮꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦱꦩꦶꦔꦭꦶꦃꦲꦒꦿꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦒꦼꦩꦃꦲꦂꦗ꧉​ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦒꦒꦿꦶꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒꦁꦲꦺꦮꦸ꧉​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦥꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦤ꧀ꦏꦥꦸꦫꦸꦤꦤ꧀ꦱꦂꦠꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦤꦩꦸꦁꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦮꦔꦼꦤꦤ꧀ꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧉​

ꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦒꦼꦩꦃꦲꦂꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦃꦱꦤ꧀ꦝꦁ:ꦩꦶꦫꦃꦠꦼꦝ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦁꦱꦪꦲꦺꦕꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏ:ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦔꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁꦥꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦊꦢꦸꦒ꧀꧈​ꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦧꦺꦗꦶꦮꦻꦴꦲꦤꦩꦛꦭꦒꦩꦲꦢꦶꦂꦢ꧈​ꦥꦽꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦩꦺꦩꦺꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥꦼꦭ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦲꦶꦁꦫꦤ꧀ꦝꦸꦗꦗꦂ꧉​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏꦶꦁ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦩꦸꦩꦸꦗ꧈​ꦩꦭꦲꦺꦏꦠ꧀ꦆꦢꦗꦶꦭ꧀ꦭꦤꦠ꧀ꦠꦺꦴꦭꦃꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦶ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦺꦢꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦭꦗꦼꦁꦒꦼꦱꦁ꧉​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦱꦭꦏꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦠꦁꦏꦂꦠꦸꦩꦁꦏꦂ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦼꦏꦼꦭ꧀​ꦮꦼꦏꦼꦭ꧀꧈​ꦮꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦸꦫꦸꦱ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦁꦒꦼꦧꦾꦸꦂꦲꦶꦁꦧꦺꦗꦶꦛꦭꦒꦩꦲꦢꦶꦂꦢꦱꦶꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦶꦕꦭ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦧꦶꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦫꦶꦥꦧꦼꦤ꧀ꦧꦺꦗꦶꦮꦻꦴꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦢꦶꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦴꦫ:ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧉​

ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦃ꧉​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦮꦼꦮꦃꦲꦶꦁꦲꦂꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦶꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦧꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪꦤꦶ꧉​ꦆꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦢꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧉​ꦏꦭꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦫꦶꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦭꦶꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦱꦺꦤ꧀​ꦲꦶꦱꦺꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈​ꦚꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂ꧈​ꦏꦠꦶꦠꦶꦱꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦲꦺꦔꦼꦠꦤ꧀ꦱꦏꦧꦠ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦱꦶꦢꦺꦴꦫꦭꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦮꦤꦶꦤꦸꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦼꦢꦶꦲꦤꦼꦫꦏ꧀ꦮꦼꦮꦼꦏꦱꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦃ:ꦢꦸꦒꦭꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈​ꦱꦶꦫꦥꦝꦩꦼꦚꦁꦔꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦱꦶꦢꦺꦴꦫꦭꦤ꧀ꦱꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧈​ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤꦺꦏꦒꦸꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ꦏꦺꦴꦤꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦮ꧈​ꦱꦏꦧꦠ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ:ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀꧉​

ꦱꦏꦧꦠ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ:ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦏꦠꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦉꦁꦥ꧀ꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦧꦝꦺꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦼꦭꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦥ​ꦱꦥꦱꦶꦁꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤꦩꦸ꧈​ꦲꦗꦒꦼꦊꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦗꦏꦺꦴꦲꦸꦭꦸꦁꦔꦏꦺ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦢꦸꦲꦏꦸꦝꦺꦮꦺꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦮꦸꦱꦤꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦲꦤꦼꦫꦏ꧀ꦮꦼꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦚ꧀ꦗꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦏꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦠꦶꦠꦶꦒꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦢꦺꦴꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦠꦼꦏꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦱꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦲꦤꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦩ꧀ꦧꦉꦁꦔꦶꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧉​ꦆꦏꦸꦲꦥꦱꦧꦧꦺ꧈​ꦢꦺꦴꦫꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦏꦮꦸꦭꦲꦗꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏꦲꦩꦶꦂꦱꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫ꧈​ꦏꦱꦸꦥꦺꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦮꦼꦮꦼꦭꦶꦁ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦢꦺꦴꦫ꧈​ꦧꦭꦶꦪꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦱꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤꦺꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦁꦒ:ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦤ꧈​ꦕꦁꦏꦶꦔꦼꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦱꦺ꧈​ꦏꦠꦸꦫꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦔꦼꦤꦶꦩꦸꦁꦱꦥꦱꦂ꧈​ꦢꦺꦴꦫꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀꧉​

ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧉​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦱꦏꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦺꦴꦮꦺ:ꦢꦺꦴꦫ꧈​ꦢꦺꦴꦫꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦏꦸꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦢꦶꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦢꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦸꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦪꦔꦿꦸꦔꦸꦝꦺꦮꦺꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦥ​ꦱꦥꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦸ:ꦲꦗꦏꦺꦴꦲꦸꦭꦸꦔꦏꦺ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦢꦸꦲꦏꦸꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦔꦿꦸꦔꦸ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦏꦺꦴꦗꦭꦸꦏ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦢꦢꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦤꦿꦗꦁꦧꦼꦤꦼꦂ꧉​ꦌꦮꦢꦺꦤꦺꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦥꦝꦏꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦱꦺꦧꦮꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧈​ꦢꦺꦴꦫꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦼꦲꦺꦴꦫꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦮꦺꦃ:ꦲꦺꦴꦫꦲꦮꦺꦲ꧈​ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦸꦢꦏ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦲꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦠꦠ:ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁꦧꦼꦤꦼꦂ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦗꦭꦸꦏ꧀ꦝꦺꦮꦺ:ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦲꦮꦺꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦔꦿꦸꦔꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦗꦂꦏꦁꦧꦼꦤꦼꦂ꧈​ꦲꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦢꦺꦴꦫꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦱꦼꦫꦸ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲꦸꦗꦂꦩꦸꦲꦶꦏꦸ꧉​ꦄꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦭꦺꦭꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦄꦔꦸꦂꦲꦸꦭꦸꦁꦤ꧈​ꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦩꦸꦏꦁꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦧꦱꦩꦸꦲꦺꦴꦫꦲꦺꦤꦏ꧀ꦢꦶꦫꦸꦔꦺꦴꦏꦏꦺ꧉​ꦏꦸꦢꦸꦭꦸꦩꦏꦸꦒꦶꦤꦸꦒꦸ꧉​ꦄꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦢꦶꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦮꦼꦢꦶꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸ꧉​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦩꦤ꧀ꦢꦏ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦮꦸꦭꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦭꦶꦪꦤꦺ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦧꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦤ꧀ꦠꦁ​ꦠꦶꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈​ꦮꦸꦱꦤꦱꦩꦶꦏꦼꦏꦼꦉꦔꦤ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦱꦶꦫꦥꦝꦤꦸꦱꦸꦭꦢꦺꦴꦫꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦭꦶꦮꦠ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦫꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦠꦼꦏ꧉​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦩꦸꦥꦏꦺꦮꦸꦃ:ꦲꦸꦠꦮꦥꦢꦸ꧈​ꦢꦸꦒ:ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀꧉​

ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈​ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦥꦼꦗꦃꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦼꦏꦼꦉꦔꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦲꦤꦭꦶꦏꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦩꦶꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦥꦼꦗꦃꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦼꦏꦼꦉꦔꦤ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦚ꧀ꦗꦼꦁꦒꦼꦂꦩꦶꦝꦒꦼꦠꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦠꦺꦭꦤꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦢꦔꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦮꦸꦱꦤꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦱꦶꦁꦏꦭꦸꦥꦸꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦕꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦫꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦭꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀​ꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦸꦒꦸꦲꦠꦸꦫꦺꦱꦶꦢꦺꦴꦫ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦭꦺꦲꦏꦺꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦲꦤꦼꦫꦏ꧀ꦥꦥꦕꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧉​

ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦶꦏꦭꦶꦃꦢꦱ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦸꦮꦶꦠ꧀ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈​ꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦗꦼꦛꦶ꧈​ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦉꦔꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦗꦃꦱꦩꦾꦸꦃ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦿꦠꦺꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦏꦭꦶꦃꦢꦱꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦤꦕꦫꦏ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦢꦠꦱꦮꦭ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦼꦉꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦗꦪꦚ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦒꦧꦛꦔ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦛꦁ꧉​ꦄꦏ꧀ꦱꦫꦏꦭꦶꦃꦢꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦏꦢꦩꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦝꦔꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦤꦺꦱ꧀​ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦏꦉꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁ​ꦔꦩꦼꦁꦢꦃꦠꦼꦁꦮꦤ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁꦧꦤ꧀ꦛꦺꦁ:ꦱꦁꦱꦩ꧀ꦏꦶꦢꦁ:ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦩꦸꦂ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦗꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂꦲꦒꦼꦁꦠꦥ꧈​ꦱꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦚ꧀ꦕꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦭꦩꦶꦤꦺꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥ꧈​ꦲꦮꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦸꦧꦼꦢ꧀ꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦔꦤ꧀:ꦲꦸꦭꦲꦶꦏꦸꦠꦥꦲꦉꦥ꧀ꦢꦢꦶꦲꦥ꧉​ꦭꦃꦲꦶꦪ:ꦩꦺꦴꦁꦱꦮꦸꦫꦸꦁꦔꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦶꦭꦻꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦤ꧀ꦛꦁꦒꦤ꧀ꦢꦺꦮ꧈​ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦭꦸꦩꦼꦥꦱ꧀ꦱꦮꦼꦂꦏꦺꦔꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦏꦥꦶꦂꦱ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦶꦏꦫꦲꦸꦭꦠꦥ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦥꦻꦴꦏꦸꦩꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦩꦸꦗꦢꦲꦶꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦲꦮꦩꦸ꧈​ꦱꦮꦼꦂꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦗꦮꦃꦢꦼꦉꦱ꧀ꦲꦮꦺꦴꦂꦭꦺꦱꦸꦱ꧀꧉​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦉꦁꦤꦠꦺꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦭꦸꦮꦺ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦔꦼꦭꦶꦃꦱꦂꦠꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦂꦱꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧉​ꦏꦭꦏꦩ꧀ꦥꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦥꦼꦒ꧀ꦧꦶꦫꦲꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦁꦱꦪꦮꦼꦮꦃꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦺꦚꦸꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦔꦭꦶ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦏꦺꦚꦸꦠ꧀ꦲꦔꦺꦔꦼꦠ꧀​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦫꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦏꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦃꦢꦺꦏꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦒꦂꦮ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ:ꦱꦫꦮꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦱꦁꦏꦺꦃ꧈​ꦲꦢꦔꦸꦲꦩꦼꦁ​ꦔꦩꦼꦁꦩꦸꦧꦼꦁ​ꦩꦸꦧꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁꦮꦼꦢꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦏꦺꦤ꧀ꦤꦸꦠꦸ꧉​ꦥꦫꦥꦿꦮꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁ꧈​ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦏꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦲꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁꦥꦛꦺꦴꦭꦲꦧꦿꦶꦠ꧀ꦲꦱꦭꦺꦤ꧀ꦝꦁꦒꦝꦸꦁꦏꦥꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦁꦒꦺꦏꦺꦴꦚꦺꦴꦃꦗꦼꦤꦺ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦒꦫꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦒꦶꦩꦶꦂꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦁꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦲꦚꦶꦥ꧀ꦠꦲꦱ꧀ꦩꦫꦒꦩ꧉​ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦭꦸꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦱꦁꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦏꦭꦔꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ꦏꦠꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦱꦁꦒꦂꦢꦭꦶꦩ꧉​

ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦧꦝꦺꦤꦸꦠꦸ꧈​ꦱꦸꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦔꦶꦢꦏ꧀ꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦥꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦶꦁꦏꦶꦱ꧀ꦥꦸꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦒꦸꦩꦼꦧꦾꦸꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦛꦛꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠꦲꦱ꧀ꦩꦫꦒꦩ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦏꦺꦴꦫꦸꦠ꧀ꦤꦸꦠ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦸꦠ꧀ꦥꦃꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦸꦕꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ꦏꦠꦺꦮꦻꦴ꧈​ꦲꦩꦺꦴꦂꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ:ꦱꦉꦁꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦭꦶꦁꦱꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦏꦫ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦚꦶꦥ꧀ꦠꦲꦱ꧀ꦩꦫꦒꦩ꧉​ꦌꦁꦒꦭ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ:ꦭꦗꦼꦁꦱꦫꦺ꧉​

ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦤꦶꦒꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦠꦶꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦏꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦢꦫꦶꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦮꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦠꦶꦒꦤ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦏꦲꦼꦢꦁꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀​ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦩꦭꦃꦱꦁꦱꦪꦮꦼꦮꦃ꧉​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦲꦥꦲꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦁꦩꦮ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦼꦫꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦲꦺꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀​ꦲꦺꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀꧈​ꦠꦶꦒꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦲꦸꦮꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦢꦫꦶꦔꦤ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦧꦃꦢꦺꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦲꦩꦱꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦝ:ꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦁꦒꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤꦧꦶꦭꦶꦃꦠꦶꦒꦤ꧀ꦮꦻꦴꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦠꦼꦱ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦭꦃꦏꦢꦢꦺꦴꦱꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦲꦒꦼꦁꦥꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦏꦼꦫꦶ꧉​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦧꦼꦭꦃ꧉​ꦱꦮꦼꦂꦏꦒꦼꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦒꦃ꧈​ꦲꦥꦶꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦲꦥꦒꦮꦺꦩꦸ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦒꦼꦠ꧀ꦒꦶꦭꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦃꦱꦏꦶꦁꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦥꦠꦶꦲꦤ꧀ꦧꦝꦺꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦱꦮꦼꦂꦱꦸꦏꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦔꦺꦴꦫꦺꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦤꦶꦧ​ꦠꦔꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦒꦸꦗꦼꦁꦲꦧꦼꦭꦶꦏ꧀​ꦧꦼꦭꦶꦏ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦱꦏꦶꦁꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦩꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦲꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶꦝꦮꦃꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦱꦃꦤꦸꦠꦸꦠꦶꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦲꦺꦴꦤ꧀ꦝꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦥꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦏꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦤꦶꦧ​ꦠꦔꦶ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦼꦒꦥ꧀​ꦩꦼꦒꦥ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦚꦻꦴꦫꦶ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦱꦮꦼꦂꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦝꦮꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃꦧꦝꦺꦏꦺꦱꦃ꧈​ꦱꦮꦼꦂꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦏꦭꦶꦃꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦗꦮꦼꦢꦶ꧉​ꦄꦪꦺꦴꦥꦝꦭꦸꦁꦒꦸꦃ꧉​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦏ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦒꦸꦩꦼꦠꦼꦂꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃ꧈​ꦒꦸꦒꦸꦥ꧀ꦲꦁꦒꦿꦒꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦭꦲꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦠꦼꦏꦩꦸꦠꦤ꧀ꦥꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶ:ꦏꦏꦶꦥꦠꦶꦃ:ꦲꦉꦥ꧀ꦱꦺꦧꦲꦶꦁꦏꦔꦁꦫꦩ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦩꦶꦉꦁꦱꦮꦼꦂꦱꦒꦼꦢ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦱꦮꦼꦂꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦏꦶ:ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦲꦶꦁꦫꦩꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦱꦺꦧ꧈​ꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦺꦕꦫꦶꦠ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ:ꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦢꦏ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦱꦮꦼꦂꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦱꦝꦠꦼꦔꦺꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦏꦮꦸꦭꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂꦲꦒꦼꦁꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦔꦏꦸꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦮꦼꦒ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁ:ꦝꦠꦼꦁ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦏꦒꦼꦠ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦱꦮꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦭꦲꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦶꦱꦧꦱꦗꦭ꧀ꦩ꧈​ꦮꦤꦶ​ꦮꦤꦶꦩꦊꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦧꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦒ꧀:ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦏꦸꦩꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦩꦤꦺꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦔꦸꦔꦤ꧀꧈​ꦏꦿꦩꦧꦲꦼꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁ꧉​ꦈꦭꦏꦁꦏꦪꦫꦸꦥꦤꦶꦫꦲꦶꦏꦸ:ꦏꦼꦤꦧꦼꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦭꦸꦔꦲ꧈​ꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦱꦮꦼꦂꦩꦽꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦭꦶ꧈​ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦽꦉꦥ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦱꦸꦥꦺꦤ꧀ꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁ​ꦔꦩꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦮꦤ꧈​ꦲꦩꦼꦗꦲꦶꦱꦮꦼꦂꦲꦒꦼꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦠꦥ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦏꦩꦶꦉꦔꦤ꧀ꦲꦚꦸꦥꦲꦺꦴꦱꦶꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦥꦚ꧀ꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦔꦼꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦚꦩꦸꦂꦭꦩ꧀ꦥꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦫꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦸꦤꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶ꧈​ꦥꦤꦸꦗꦸꦱꦮꦼꦒ꧀ꦤꦸꦠꦸ꧈​ꦥꦸꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦚꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦩꦠꦼꦏ꧀ꦲꦗꦶꦲꦱ꧀ꦩꦫꦒꦩ꧉​ꦤꦸꦠ꧀ꦥꦃꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦫꦸꦢ꧀꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦸꦠ꧀ꦥꦃꦏꦏꦭꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦸꦕꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ꦏꦠꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦶꦔꦺꦴꦤ꧀​ꦤꦶꦔꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ꧉​ꦏꦠꦺꦭꦗꦼꦁꦤꦶꦒꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦗꦊꦫꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦒꦤ꧀ꦏꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦏꦥꦽꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦢꦫꦶꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦲꦼꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦤꦼꦠꦼꦱ꧀ꦲꦸꦭ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦱꦸꦥꦺꦤ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦏꦲꦺꦔꦼꦠꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦶꦁꦒꦶꦲꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦁꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦭꦶꦁꦱꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃꦥꦫꦚꦻꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦤꦩꦧꦺꦴꦏ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ:ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀:ꦱꦮꦼꦂꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦠꦫꦺꦴꦱ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦱꦪꦼꦩ꧀ꦧꦫ꧈​ꦏꦁꦱꦂꦠꦲꦁꦱꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦴꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦪꦼꦩ꧀ꦧꦫꦢꦊꦩ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦕꦔꦤ꧀ꦥꦽꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦱꦁꦤꦛꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦥꦩ꧀ꦧꦼꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦿꦸ:ꦲꦮꦂꦤꦶꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦔꦝꦁꦩꦂꦒꦶ꧉​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚꦶꦂꦤꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦱꦁꦤꦛꦏꦂꦱꦲꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦢꦊꦩ꧀ꦮꦻꦴꦝꦠꦼꦁꦱꦮꦼꦂ꧉​ꦄꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦸꦭꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦱꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦺꦢꦺ:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦸꦒꦶꦊꦧꦸꦫ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦩꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦒꦃꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦱꦪꦼꦩ꧀ꦧꦫ꧉​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦱꦮꦧꦶꦁꦧꦼꦂꦏꦃꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦒꦶ​ꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦱꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦏꦶ:ꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦩꦼꦚꦁꦏꦔꦁꦫꦩ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦥꦩꦶꦠ꧀ꦩꦠꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦤꦶꦁꦔꦭꦶ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔꦽꦤ꧀ꦠꦲꦏꦼꦤ꧀ꦭꦸꦃ꧉​ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦶꦪ:ꦲꦺꦁꦒꦼꦂ:ꦢꦏ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀꧈​ꦥꦩꦸꦗꦶꦏꦸꦩꦸꦒ​ꦩꦸꦒꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦒꦮꦺ꧉​

ꦱꦮꦼꦂꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ꦊꦉꦱ꧀꧈​ꦱꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦿꦗꦁ:ꦒꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂ꧉​ꦱꦉꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦃꦏꦢꦔꦺꦴꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦗꦼꦧꦸꦱ꧀ꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦏꦥꦸꦫꦶꦃꦲꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦤꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦫꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦏꦸꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦺꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦫꦛꦸꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧈​ꦒꦶꦤꦤ꧀ꦝꦁꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦏꦂꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦚꦶꦂꦤꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦠꦿꦸꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦏꦸꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦛꦶ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦫꦸꦥꦤꦺꦱꦠꦿꦸꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦩꦫ:ꦩꦫꦩꦼꦠꦺꦴꦤꦤꦥꦼꦫꦁꦏꦫꦺꦴꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦗꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦫꦩꦥꦿꦧꦸ:ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦠꦶ꧉​

ꦢꦺꦮꦛꦕꦼꦁꦏꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦂꦤꦶꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦩꦶꦉꦁꦥꦤꦤ꧀ꦠꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦔꦼꦫꦶꦏ꧀​ꦔꦼꦫꦶꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦩꦶꦉꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦧꦶꦃ​ꦠꦼꦧꦶꦃ꧉​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦱꦻꦏꦶꦲꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦧꦶꦱꦩꦊꦱ꧀꧈​ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦚꦤ꧀ꦢꦼꦂ꧉​ꦠꦺꦴꦪꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦏ꧀꧈​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧈​ꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦲꦺꦃ:ꦱꦥꦲꦫꦤ꧀ꦩꦸ:ꦲꦱꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦮꦤꦶꦤꦤ꧀ꦠꦁꦲꦏꦸ꧉​ꦧꦪꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦏꦸꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧉​ꦄꦏꦸꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦩꦫ:ꦧꦪꦥꦸꦠꦶꦃ:ꦩꦗꦸꦮ꧈​ꦲꦥꦼꦫꦁꦏꦫꦺꦴꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦗꦔꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠꦶ꧈​ꦥꦝꦲꦔꦢꦸꦏꦫꦺꦴꦱꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦉꦁꦱꦩꦶꦲꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃ꧈​ꦲꦒꦼꦭꦸꦠ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁ​ꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁ:ꦧꦸꦕꦭ꧀​ꦧꦶꦤꦸꦕꦭ꧀ꦕꦏꦺꦴꦠ꧀​ꦕꦶꦤꦏꦺꦴꦠ꧀ꦱꦧꦼꦠ꧀​ꦱꦶꦤꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦛꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦧꦸꦂ꧈​ꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤꦱ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀​ꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦝꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦗꦮꦃ꧉​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦒꦸꦂꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦭꦪ꧉​ꦧꦸꦩꦶꦲꦺꦴꦉꦒ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦪꦺꦤ꧀ꦏꦁꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦱꦩꦶꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦥꦤꦱꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦏꦧꦸꦕꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦝꦮꦲꦶꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦂ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦉꦩꦸꦏ꧀ꦏꦧꦼꦤ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦁ꧉​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦠꦸꦠꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦏꦃꦪꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧉​ꦥꦤꦼꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦤꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦒꦺꦒꦺꦫꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦶꦭꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦮꦤꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦸꦕꦭ꧀ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦢꦶꦒꦁꦱꦭ꧀꧉​

ꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦧꦶꦔꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦔꦮꦺꦴꦤꦏꦼꦤ꧀ꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦱꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦴꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦥꦕꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧉​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤꦔꦶꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦏꦥꦶꦉꦤꦤꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦪꦥꦼꦛꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦄꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦩ꧀ꦧꦸꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶ:ꦲꦺꦃ:ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦫꦃꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦥꦸꦤꦒꦶ꧈​ꦱꦥ​ꦱꦥꦏꦁꦲꦩꦠꦺꦤꦶꦧꦪꦥꦸꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦼꦤꦺꦤꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦱꦝꦺꦭ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦱꦶꦫꦏꦁꦩꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦫꦤꦥꦸꦤꦒꦶꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦩꦢꦼꦒꦫꦛꦸꦱꦝꦺꦭ꧈​ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦏꦻꦴꦤꦶꦔꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦏꦮꦸꦭꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦥꦕꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦽꦤꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦺꦉꦁꦏꦮꦸꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶ꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤꦔꦶꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦕꦔꦤꦺꦫꦩꦤꦶꦫ꧉​ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦲꦶꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦉꦧꦺꦴ:ꦱꦱꦶꦱꦸꦫ:ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦂꦤꦩ:ꦮꦸꦏꦸꦒꦸꦭꦸꦔꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦠꦼꦝꦏ꧀ꦩꦿꦺꦤꦺ꧉​ꦥꦚꦸꦮꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦩꦤꦶꦫꦲꦗꦏꦿꦩꦭꦶꦪꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ:ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧈​ꦫꦩꦤꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦭꦸꦭꦸꦱ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦏꦂꦱꦤꦺꦃꦪꦁꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ:ꦩꦸꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦭꦸꦭꦸꦫꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧉​ꦫꦛꦸꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧈​ꦏꦶꦤꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦗꦒꦢ꧀꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦕꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺ꧉​ꦆꦁꦱꦻꦏꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦁꦱꦤꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦱꦁꦫꦛꦸꦩꦻꦴ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦶꦱꦶꦃꦱꦶꦤꦩꦂ꧈​ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦫ:ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ:ꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦭꦸꦱꦱꦶꦫꦲꦩꦺꦴꦂꦩꦤꦸꦁꦱ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦱꦶꦫꦧꦺꦴꦁꦱꦌꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦪꦩꦸꦭꦶꦲꦩꦫꦁꦧꦁꦱꦤꦶꦫ꧉​ꦫꦩꦤꦶꦫꦲꦗꦱꦶꦫꦧꦠꦶꦤ꧀꧈​ꦭꦻꦉꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦠ:ꦱꦶꦫꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦔꦫꦛꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦧꦺꦏ꧀ꦏꦺ꧈​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦱꦶꦤꦒꦫꦗ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦪꦸꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧉​

ꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦱꦸꦏꦤ꧀​ꦱꦸꦏꦤ꧀꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦔꦼꦢꦼꦒꦶꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦁꦏꦸꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦌꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦃꦪꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦩꦫꦥꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠꦶꦭꦫꦺꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦠꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦝꦭꦁ:ꦤꦶꦪꦒ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦴꦁꦒꦺꦲꦶꦁꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦥꦒꦼꦧ꧀ꦭꦸꦒ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦥꦼꦗꦃꦏꦢꦢꦏ꧀꧉​

ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ:ꦲꦤꦩꦉꦠ꧀ꦤꦧꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦁ:ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦲꦺꦱꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀​ꦤꦔꦺꦤꦶ꧉​ꦱꦁꦱꦪꦮꦼꦮꦃꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦲꦺꦱꦶ꧈​ꦮꦼꦮꦃꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦒꦶꦲꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦩꦢꦼꦒ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦥꦶꦠꦸꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦧꦝꦺꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦢꦶꦔꦠꦶ​ꦲꦠꦶ꧉​ꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦠꦫꦶꦩꦲꦶꦁꦫꦩꦤꦶꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦲꦏꦸꦲꦤꦏ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦒꦮꦺ꧈​ꦩꦭꦃꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦢꦶꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦤꦼꦩꦸꦧꦶꦭꦲꦶ꧈​ꦏꦭꦸꦥꦸꦠꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦶꦁꦥꦠꦶ꧉​ꦱꦶꦫꦢꦶꦧꦶꦱꦩꦝꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦠꦶ꧉​ꦮꦼꦏꦱꦤꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦩꦼꦃꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦔꦼꦤ꧀ꦠꦼꦏꦤꦺꦫꦛꦸꦏꦁꦏꦶꦤꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦗꦒꦢ꧀ꦲꦔꦿꦺꦲꦏꦺꦱꦫꦸꦥꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦧꦏꦭ꧀ꦔꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦠꦼꦝꦏ꧀​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦔꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦩꦻꦴ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦔꦩ꧀ꦧꦃꦠꦤꦃꦗꦮ꧉​ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦶꦭꦤꦶꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦲꦔꦿꦺꦲꦏꦺꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦏꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ​ꦒꦸꦤꦸꦁ꧉​ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦠꦼꦠꦼꦔꦼꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦪꦠ:ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦧꦏꦭ꧀ꦏꦼꦂꦠ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦁꦏꦠ꧈​ꦔꦸꦭꦺꦴꦤꦺꦴꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦗꦔꦩ꧀ꦧꦃꦢꦭꦤꦶꦫꦭꦮꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦼꦧꦏ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦫꦶꦱꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦶꦫꦠꦶꦁꦒꦊꦤ꧀ꦱꦸꦥꦪꦲꦗꦲꦔꦿꦸꦧꦼꦢꦶꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧉​

ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦉꦢꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦤ꧀ꦝꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦻꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦏꦛꦃꦧ꧀ꦭꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦶꦭꦱ꧀ꦗꦼꦧꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧉​ꦄꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦩꦭꦶꦃ:ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦭ:ꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀꧈​ꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦩꦭꦶꦃ:ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦫꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶ:ꦲꦤꦩꦲꦶꦁꦔꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦱꦮꦼꦂ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦫꦧꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦫꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦚꦻꦧꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦁ꧉​ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦩꦭꦶꦃ:ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦕꦫꦺꦮꦺꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦸꦮꦸ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦩꦶ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦗꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦢꦊꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦏꦶ꧈​ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦩꦼꦚꦁꦏꦔꦁꦫꦩ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦠꦼꦏꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦒꦮꦺ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦱꦺꦴꦏꦸꦂꦱꦺꦮꦸ:ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦒꦮꦺ꧉​ꦄꦪꦺꦴꦥꦝꦱꦺꦧ꧉​

ꦥꦠꦶꦃꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧈​ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦶꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱꦶꦧꦝꦺꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦛꦼꦭꦶꦲꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦚꦻꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦫꦶꦧꦶꦔꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦫꦶ꧈​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦚꦻꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦫꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧉​

ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ:ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦺꦏꦼꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧈​ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦁꦱꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦱꦠꦿꦸꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦂꦤ꧈​ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦤꦭꦂ꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦩꦿꦠꦺꦭꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦲꦺꦥꦕꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ:ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ꦒꦮꦺꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦩꦏꦸꦛ꧈​ꦏꦠꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧈​ꦩꦸꦚ꧀ꦕꦂꦲꦚꦸꦉꦩꦏꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦶꦁꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦩꦏꦸꦛꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦮꦼꦒ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧈​ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦩꦏꦸꦛꦏꦶꦪꦺ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦼꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦗꦱꦶꦫꦺꦴꦥꦺꦴꦕꦺꦴꦠ꧀​ꦥꦺꦴꦕꦺꦴꦠ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦺꦴꦠꦶ꧉​ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧ꧀ꦭꦺꦴꦁꦱꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦩꦱ꧀ꦏꦠꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾꦲꦢꦶ꧉​ꦥꦼꦛꦶꦠ꧀ꦏꦱꦸꦏꦤꦤ꧀ꦏꦸꦩꦭ꧈​ꦲꦒꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦒꦗꦃ꧉​ꦱꦶꦱꦶꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦏꦼꦥꦶꦩꦱ꧀ꦏꦱꦼꦭꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦂꦠꦱꦭꦏ꧈​ꦩꦮꦶꦏꦠꦼꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦧꦃꦥꦠꦶꦁꦒꦊꦧꦾꦂꦲꦩ꧀ꦧꦊꦉꦁꦔꦶ꧉​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦏꦭꦸꦁꦩꦱ꧀ꦏꦠꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧉​ꦈꦤ꧀ꦠꦸꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦭꦺꦴꦁꦱꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦩꦱ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦔꦭꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦢꦶꦭꦏꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦶꦩꦠ꧀ꦲꦮꦂꦤꦶꦩꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦤꦶꦁꦤꦒ꧉​ꦏꦭꦮꦻꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸꦩꦼꦭꦶꦏ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦃꦭꦶꦱꦃꦥꦁꦒꦼꦱꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦮꦶꦤꦝꦤ꧀ꦲꦶꦁꦕꦸꦥꦸꦲꦱ꧀ꦛꦒꦶꦤ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦫꦺꦴꦁꦥꦿꦏꦫꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦫꦲꦁꦒꦺꦴꦮ꧉​ꦥꦔꦸꦮꦱꦤꦺꦩꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦲꦸꦭꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦔꦺꦝꦼꦥꦏꦺꦱꦫꦸꦥꦤꦶꦁꦲꦸꦭ꧈​ꦥꦝꦏꦸꦩꦮꦸꦭꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧉​ꦱꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤꦼꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦕꦼꦛꦏꦶꦫ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦸꦮꦱꦤꦺꦊꦔ꧈​ꦧꦶꦱꦲꦔꦸꦫꦶꦥꦏꦺꦲꦸꦭꦩꦠꦶ꧉​ꦢꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦥꦼꦛꦶꦠꦶꦫ꧉​

ꦌꦚ꧀ꦗꦶꦁꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦲꦤꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦕꦃꦪꦤꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦲꦺꦫꦩ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦱꦏꦺꦲꦺꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦥꦶꦂꦱꦏ꧀ꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦲꦪꦲꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦒꦮꦺ꧉​ꦆꦁꦱꦻꦏꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦏꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧉​ꦎꦩꦲꦲꦶꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧉​ꦏꦁꦲꦶꦏꦸꦥꦝꦱꦶꦫꦉꦏ꧀ꦱꦲꦫꦶꦤꦮꦼꦔꦶꦤꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦭꦢꦺꦤꦤꦏꦁꦢꦢꦶꦥꦔꦤꦺ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦚꦻꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦫꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ:ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ:ꦱꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦏꦂꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦛꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦢꦫꦠ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦮꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦗꦗꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦃ꧉​ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦤ꧀꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦠꦿꦥꦶꦁꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦭꦩꦶꦤꦺꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦭꦸꦁꦱꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦼꦭꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦠꦼꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦪꦱꦏꦲꦏꦼꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦥꦽꦤꦃꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦏꦒꦭꦶꦃꦏꦠꦼꦧꦶꦲꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦂꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩꦶ꧉​ꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦶꦒꦂꦮꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦚꦻꦧꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦁ꧉​ꦄꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦩꦸꦭꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦱꦶꦏꦶꦂ:ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦔꦱ꧀ꦠꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦏꦤꦸꦫꦒꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦔꦼꦭ꧀ꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦻꦭꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦝ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤꦔꦶꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦥꦩꦔꦥ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦸꦮꦸ꧉​ꦭꦩꦶꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦸꦮꦸꦲꦤ꧀ꦮꦿꦶꦔꦶꦤ꧀ꦫꦤ꧀ꦝꦸꦮꦤ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦮꦶꦠ꧀​ꦮꦶꦠꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦠꦶꦲꦶꦁꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦢ꧀​ꦢꦺꦴꦪꦺꦴꦢꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦢꦶ꧉​ꦕꦁꦏꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦔꦥ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦁꦏꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦮ꧉​

ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦥꦤꦸꦗꦸꦗꦮꦃꦢꦼꦉꦱ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦫꦺꦲꦔꦺꦤ꧀ꦱꦔ꧈​ꦏꦗꦮꦲꦤ꧀ꦔꦻꦴꦧ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦁꦏꦼꦩꦶꦁꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦒꦸꦮ꧉​ꦭꦫꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦏ:ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠꦔꦻꦴꦧ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦁꦒꦃꦝꦠꦼꦁꦒꦶꦒꦶꦫꦶꦁꦱꦮꦼꦂ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦩꦼꦩꦼꦫꦁ꧉​ꦥꦩꦼꦫꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦺꦔꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦫꦶꦁꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦫꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀ꦲꦔꦶꦁꦏꦼꦩꦶ꧉​ꦭꦫꦺꦮꦺꦴꦭꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦻꦴꦧ꧀ꦥꦼꦗꦃꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦩꦻꦴꦩꦭꦗꦼꦁꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦱꦚ꧀ꦗꦁꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦥꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦤ꧀ꦢꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦺꦤ꧀ꦛꦃ꧈​ꦲꦩꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦕꦁꦏꦼꦩꦶꦁꦱꦮꦼꦂ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦼꦗꦲ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦂꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦮꦼꦱꦶꦕꦁꦏꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦚꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦒꦻꦧ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦠꦻꦴꦤ꧀꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦝꦼꦏꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦥꦸꦁꦒꦮ:ꦱꦤ꧀ꦠꦤ:ꦱꦂꦠꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦤꦩꦸꦁꦏꦶꦫꦁꦱꦠꦻꦴꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦔꦽꦧꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦩꦼꦤꦮ:ꦩꦼꦤꦮꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦱꦤ꧀ꦠꦤꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦺꦃ:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦧꦭꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦲꦏꦺꦃ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦩꦸ꧈​ꦥꦿꦏꦫꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫꦏꦸ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦧꦝꦺꦩꦼꦁꦱꦃꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ꧉​ꦮꦮꦿꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ:ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁꦒꦼꦱꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦊꦥꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦮꦼꦂꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶ​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔ꧉​ꦮꦼꦮꦃꦤꦪꦏꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦤꦪꦏꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦮꦻꦴꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦺꦮꦸ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦕꦼꦕꦼꦥꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦊꦏ꧀ꦱ꧉​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ:ꦔꦧꦺꦲꦶ:ꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦕꦼꦕꦼꦥꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦁꦒꦁꦱꦭꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦫꦶꦪꦚꦺꦮꦸ꧉​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦔꦭꦶꦲꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦥ꧀​ꦥꦤ꧀ꦝꦥꦤꦶꦁꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦚꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦠꦺꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦲꦺꦠꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦧꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦠꦸꦂꦱꦩꦶꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧꦭꦸꦁꦔꦮꦶꦱꦶ:ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦠꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒꦶ:ꦱꦸꦁꦱꦸꦩ꧀ꦩꦒꦒꦭ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦮꦤ꧀ꦢꦺꦲꦉꦩꦸꦏ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒꦤ꧀ꦏꦴꦥꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦭ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦺꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦠꦶꦩꦸꦤ꧀ꦏꦥ꧀ꦭꦶꦥꦶꦱ꧀ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦉꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦔꦸꦕꦼꦩ꧀ꦩꦏꦼꦤ꧀ꦥꦝꦔꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦭꦲꦸꦥꦩꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦠꦸ꧈​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦗꦮꦃ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦚꦶꦉꦥꦏꦼꦤ꧀ꦭꦠꦸ꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦻꦴꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦠꦶꦒꦁꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦫꦛꦸꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒꦱꦸꦒꦶꦃꦧꦭ꧉​ꦌꦮꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦪꦺꦴꦒꦶꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦩꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦶꦉꦁꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦶꦁꦒꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦭꦃꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦏꦁꦢꦢꦶꦫꦺꦃꦩꦸ꧉​ꦌꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦢꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ꧉​ꦄꦏꦸꦲꦶꦱꦶꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦒꦫꦲꦺꦴꦫꦏꦉꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦏꦸꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦭꦸꦭꦸꦫꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦼꦠꦼꦥꦲꦏꦸꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦗꦲꦤꦏꦁꦚꦼꦭꦤꦶ꧉​

ꦱꦉꦁꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦮꦪꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦩꦼꦩꦼꦭꦱ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦚꦮꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤꦶꦁꦄꦼꦪꦁ꧉​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦚꦸꦩ꧀ꦏꦼꦩꦶꦢꦭꦩꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦲꦶꦏꦸꦫꦩꦤꦶꦫ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦭꦗꦼꦁꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦥꦁꦏꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦩꦏꦭꦶꦃꦲꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦤꦔꦶꦱ꧀ꦲꦔꦿꦁꦏꦸꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦝꦸꦃ:ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸ꧈​ꦱꦸꦏꦸꦂꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸ꧈​ꦥꦩꦸꦗꦶꦏꦸꦩꦸꦒ​ꦩꦸꦒꦭꦸꦭꦸꦱꦲꦶꦁꦱꦥꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦫꦺ꧉​ꦧꦶꦪꦁꦩꦸꦲꦤꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦢꦭꦩꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦫꦁꦏꦸꦭ꧀​ꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦠꦶꦠꦶꦒ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦸ:ꦩꦺꦴꦁꦱꦤꦺꦏꦸꦫꦁꦱꦠꦻꦴꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦭꦶꦤꦸꦁꦱꦸꦂꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺ꧉​ꦱꦶꦫꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶ꧈​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦶꦫꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦢꦸꦱꦶꦫꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦠꦥ꧈​ꦲꦤꦼꦤꦼꦝꦲꦲꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦲꦒꦸꦁ꧈​ꦏꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦤꦏꦁꦱꦶꦫꦱꦼꦗ꧉​ꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦫꦢꦶꦪꦮꦱ꧀ꦩꦫꦁꦥꦫꦤꦶꦁꦥꦸꦗ꧉​ꦄꦠꦸꦫꦺꦱꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦻꦴꦧꦼꦤꦼꦂ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦮꦠꦼꦱꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦻꦴꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦏꦺꦃꦧꦭꦤꦶꦫ꧈​ꦗꦶꦤꦸꦫꦸꦔꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦗꦮꦛꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦱꦮꦧꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦱꦶꦫꦧꦶꦱꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫꦤꦶꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦫꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦭꦸꦭꦸꦫꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦶꦁꦚꦼꦭꦤꦶ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦒꦼꦢꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦊꦱ꧀ꦏꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦏꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦁ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦱꦼꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦏꦮꦸꦭꦁꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸ꧉​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦝꦱꦢꦪ꧉​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦩꦼꦤꦮ:ꦩꦼꦤꦮꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸꦔꦼꦭ꧀ꦩꦶ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦠꦸ:ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦶ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦱꦼꦩꦪꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦁꦲꦫꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦼꦏꦤꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦩꦁꦱꦤꦺ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦤꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦱꦥ​ꦱꦥꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦲꦺꦩꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫꦭꦸꦭꦸꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦺ꧉​ꦄꦤꦢꦺꦤꦺꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦲꦏꦃꦪꦔꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦒꦫꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦥ​ꦱꦥꦫꦛꦸꦏꦁꦠꦼꦥꦸꦁꦏꦫꦺꦴꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦭꦸꦭꦸꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦺ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦶꦁꦚꦼꦭꦤꦶ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦄꦏꦶꦂ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦫꦧꦶꦩꦫꦁꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦫ꧈​ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦩꦛꦫꦩ꧀ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦛꦫꦩ꧀ꦲꦒꦩꦤꦺꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦺꦫꦛꦸꦱꦧꦿꦁ꧉​ꦆꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴ:ꦥꦸꦠꦸ:ꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧈​ꦱꦶꦫꦏꦠꦼꦩꦸꦲꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦻꦏꦶꦢꦶꦤꦉꦧꦺꦴ:ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦥꦶꦁꦭꦶꦩꦭꦱ꧀ꦱꦱꦶꦱꦸꦫ:ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦭꦶꦥ꧀ꦮꦸꦏꦸꦒꦸꦭꦸꦔꦤ꧀꧉​ꦠꦥꦤꦶꦫꦧꦔꦸꦤꦼꦤ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦲꦔꦺꦭꦶꦲꦲꦶꦁꦱꦒꦫ꧉​ꦆꦏꦸꦩꦂꦒꦤꦶꦫꦏꦠꦼꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦩꦼꦤꦮꦭꦤ꧀ꦩꦼꦤꦮꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦲꦶꦔꦻꦠ꧀ꦮꦺꦴꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ:ꦱꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ:ꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧉​ꦄꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦏꦲꦏꦶꦧꦶꦂ꧈​ꦏꦱꦶꦏꦸꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦶꦁꦒꦶꦲꦤ꧀ꦲꦠꦸꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦲꦏꦸꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦱꦧꦫꦁꦫꦺꦃꦩꦸꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦢꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ꧉​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦏꦁꦢꦢꦶꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦶꦠꦼꦢꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦼꦪꦁꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦪꦺꦴꦒꦶꦭꦶꦤꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦼꦤꦼꦝꦲꦲꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭꦏꦢꦸꦒꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦼꦗ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦭꦃ:ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦩꦁꦏꦠ꧀꧉​

ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦲꦁꦒꦼꦧꦾꦸꦂꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦕꦶꦏꦩꦶꦱ꧀ꦲꦤꦸꦠ꧀ꦱꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦔ꧀ꦭꦔꦶꦲꦩ꧀ꦧꦛꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦪꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦮꦔꦤ꧀ꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦠꦺꦴꦪꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦉꦢꦶ​ꦉꦢꦶ꧈​ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦗꦿꦶꦲꦶ꧉​ꦏꦛꦃꦲꦸꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃꦲꦩꦂꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦥꦤꦱꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦉꦩꦸꦏ꧀ꦏꦧꦼꦤ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦏꦧꦸꦕꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦂ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠꦶꦁꦒꦫ​ꦒꦫ꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦏꦒꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦤꦠꦺꦩꦶꦂꦱꦊꦠꦸꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦩꦸꦧꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦱꦽꦔꦺꦔꦺꦉꦤ꧀ꦠꦃꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦱꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦸꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦏꦂꦱꦲꦔꦾꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦏꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦧꦧꦶꦁꦒꦫ​ꦒꦫ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦤꦩꦸꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦭꦶꦪꦤꦺ꧈​ꦏꦁꦲꦤꦼꦏꦏꦏꦺꦒꦫ​ꦒꦫꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦏꦗꦧꦩꦸꦁꦏꦁꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏ꧈​ꦱꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦲꦩꦸꦫꦸꦒꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧉​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦲꦩꦼꦩꦼꦭꦱ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦝꦸꦃ:ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦭ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦮꦶꦚꦁꦒꦶꦲꦫꦸꦲꦫꦤꦶꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦠꦺꦴꦪꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦧꦸꦂ꧈​ꦏꦠꦿꦗꦁꦲꦶꦁꦲꦩ꧀ꦥꦸꦲꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦥꦤꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦛꦸꦲꦒꦼꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦤꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦻꦱꦶꦤꦶꦁꦮꦤꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦱꦩꦶꦔꦼꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦔꦿꦶꦱꦏ꧀ꦏꦏꦒꦸꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦕꦏꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧꦼꦤꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦥꦤꦼꦗꦼꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦒꦼꦁꦠꦤ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦧꦥꦧꦧꦸꦤꦶꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦢꦪ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦔꦼꦉꦱ꧀ꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦢꦔꦼꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦠꦸꦂꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦝꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦄꦩ꧀ꦥꦸꦲꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦲꦸꦭꦩ꧀ꦱꦩꦶꦥꦸꦭꦶꦃꦱꦢꦪ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦛꦸꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦊꦱ꧀꧈​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦷꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦠꦠꦲꦥꦶꦤꦫꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦏꦛꦃꦥꦼꦥꦼꦛꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃ​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦭꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦭꦏꦶꦤꦨꦠꦫꦫꦩ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦸꦠꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦒꦛꦸꦠ꧀ꦏꦕ꧈​ꦏꦻꦴꦤꦶꦔꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦧꦠ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦩꦼꦉꦁꦔꦤ꧀ꦲꦉꦧꦠ꧀​ꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀꧈​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦧꦊꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦚ꧀ꦕꦺꦴꦫꦺꦴꦁꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦩꦂꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦱꦮꦧꦶꦁꦧꦊꦲꦺꦩꦱ꧀ꦮꦻꦴ꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦿꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦫꦃꦗꦸꦩꦼꦫꦸꦠ꧀ꦥꦭꦠꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦫꦤ꧀ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧈​ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦠꦮꦶꦱꦶꦁꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦢꦭꦸ꧈​ꦲꦚꦸꦉꦩꦏꦼꦤ꧀ꦕꦃꦪꦤꦶꦁꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧉​ꦥꦼꦥꦼꦛꦺꦠꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦺꦩꦱ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺ꧈​ꦥꦿꦢꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦠꦿ꧈​ꦮꦺꦴꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦃꦗꦼꦤꦺ꧈​ꦱꦉꦁꦮꦼꦢꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂ꧉​ꦈꦮꦶꦠ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦺꦴꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦢꦱ꧉​ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀​ꦠꦸꦒꦶꦭꦶꦁꦲꦸꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦏꦺꦏ꧀ꦏꦶꦏꦛꦶꦭ꧀ꦲꦺꦩꦱ꧀ꦲꦢꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦼꦁꦒꦲꦶꦗꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸ꧉​ꦮꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦉꦤ꧀ꦛꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦧꦂ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦮꦻꦴꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦧꦼꦁꦔꦶꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦱꦏꦮꦤ꧀꧉​

ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀​ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦱꦢꦪ꧈​ꦭꦭꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦲꦪꦸꦱꦂꦠꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦂꦠꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦫꦛꦸꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦺꦫꦺꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦠꦺꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦶꦁꦭꦺꦴꦝꦪ:ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦩꦫꦥꦶ:ꦲꦶꦁꦔꦫꦺ:ꦲꦶꦁꦏꦸꦮꦸ:ꦲꦶꦁꦧꦊꦝꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦫꦶꦔꦶꦤ꧀ꦮꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦪꦸꦭꦤ꧀ꦝꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦄꦒꦸꦁ:ꦲꦶꦁꦛꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ:ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦧꦻꦠ:ꦲꦶꦁꦢꦊꦥꦺꦃ:ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦺꦴꦧꦁ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦒꦶꦩꦶꦂꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦱꦧꦶꦭ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦢꦺꦧꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦔꦿꦻꦠ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦢꦏ꧀ꦒꦺꦴꦝꦤꦺꦱꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦗꦲꦺꦭꦶꦁꦩꦫꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦏꦭꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦝꦸꦃ:ꦩꦱ꧀ꦩꦶꦫꦃ꧈​ꦲꦏꦸꦏꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦥꦱꦫꦺꦪꦤꦩꦸ꧉​ꦄꦥꦠꦧꦪꦫꦸꦥꦤꦺ꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦏꦺꦮꦼꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦏꦸꦭꦢꦂꦩꦶꦠꦼꦁꦒꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦸꦝꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦺꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦏꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦠ꧈​ꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦫꦮꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦶꦤꦫꦏ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦏꦼꦤ꧀ꦚꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦁꦔꦿꦸꦩ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦮꦼꦤꦁꦤꦲꦏꦸꦔꦫꦱ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺ:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦧꦪꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦤꦸꦏ꧀ꦩꦤꦺꦢꦺꦮꦶꦫꦛꦶꦃ꧉​ꦥꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦸ:ꦩꦸꦩꦸꦒꦭꦸꦭꦸꦱꦲꦱꦶꦃꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦫꦺ꧉​ꦱꦮꦸꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦺꦱꦩꦶꦱꦶꦫꦩ꧀ꦱꦂꦠꦲꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦏꦱꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀​ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦝꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦮꦂꦤꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦧꦿꦶꦠ꧀ꦲꦶꦗꦼꦩ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦶꦱꦶꦧꦽꦩ꧀ꦠꦥꦼ꧉​

ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦕꦪꦲꦶꦁꦱꦶꦃꦩꦸꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧉​ꦥꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦸ:ꦩꦸꦒ​꧈​ꦲꦸꦒꦭꦸꦭꦸꦱ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦱꦺꦗꦺꦏꦁꦏꦁꦢꦏ꧀ꦕꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦥꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦥꦼꦫꦁꦲꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫꦏꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦔꦸꦤ꧀ꦢꦁꦏꦺꦴꦮꦺ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭꦺ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶ​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦏꦸꦲꦤꦱꦶꦁꦮꦼꦫꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧉​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦩꦿꦺꦤꦺ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦏꦼꦤ꧀ꦚꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦱꦶꦝꦏꦼꦥ꧀ꦥꦚꦶꦥ꧀ꦠꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦭꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦧꦭꦏꦸꦭ꧉​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦸꦭꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦫꦶꦱ꧀ꦩꦭꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦲꦏꦸꦱꦻꦏꦶꦩꦸꦭꦶꦃ꧉​

ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦩ꧀ꦧꦃꦠꦺꦴꦪꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦔꦩ꧀ꦧꦃꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦏꦢꦔꦸ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦏꦁꦢꦢꦶꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦩꦸ꧈​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦸꦱꦸꦩꦼꦗꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦏꦺꦔꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦶꦠꦗꦼꦁ꧉​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦪꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦛꦶꦄꦢꦶꦏꦸꦱꦸꦩꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦛꦶꦄꦢꦶꦏꦸꦱꦸꦩꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦒꦸꦱ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧉​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦼꦒ꧀ꦗ:ꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦩꦼꦤꦮ:ꦩꦼꦤꦮꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦱꦤ꧀ꦠꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒꦶ꧉​

ꦌꦚ꧀ꦗꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦈꦥꦕꦫꦤꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦶꦱꦶꦪꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁꦥꦼꦥꦏ꧀꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦭꦗꦼꦁꦲꦧꦪꦮꦫ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦮꦺꦴꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦢꦏ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦺꦫꦛꦸ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦲꦔꦺꦱ꧀ꦛꦺꦴꦏ꧀ꦤꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦩ꧀ꦧꦶꦪꦠꦺꦴꦤꦤꦏꦂꦱꦤꦺꦲꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦱꦻꦴꦂꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦒꦃꦲꦩ꧀ꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦔꦽꦧꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦏꦮꦿꦸꦲꦤ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦤꦺꦗꦮꦛꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦱꦿꦶꦏꦱ꧀ꦏꦪꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦱꦼꦤꦥꦠꦶꦥꦤꦠꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧉​ꦱꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦮꦶꦱꦸꦝ꧈​ꦢꦢꦶꦪꦥꦥꦠꦶꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧉​ꦄꦥꦢꦺꦤꦺꦄꦢꦶꦩꦱ꧀ꦤꦶꦛꦶꦄꦢꦶꦏꦸꦱꦸꦩꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦺ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦤꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦮꦺꦴꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦔꦶꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦢꦸꦫ꧈​ꦱꦶꦧꦼꦒ꧀ꦗꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦏꦏꦺꦤ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦤꦮꦺꦴꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦏꦥ​ꦏꦥ꧉​ꦱꦶꦢꦻꦴꦭꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦱꦺꦤꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦫꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧉​ꦱꦶꦩꦼꦤꦮꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦤꦱꦏꦺꦲꦺꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦩꦗꦼꦒꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦗꦼꦤꦼꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦫꦗꦤꦶꦛꦶꦤꦒꦫ꧉​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦱꦏꦧꦭꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦶꦮ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦗꦄꦱ꧀ꦛꦥꦿꦗ꧉​ꦱꦶꦩꦼꦤꦮꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦗꦼꦤꦼꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁꦤꦛꦥꦿꦗ꧉​

ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦭꦶꦲꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ:ꦔꦧꦼꦲꦶ:ꦢꦼꦩꦁ:ꦫꦺꦴꦁꦒ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦏꦉꦥꦶꦫ꧈​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦚꦶꦢꦏꦏꦺꦲꦶꦁꦏꦂꦱ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦉꦔꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦱꦪꦺꦴꦒꦶꦏꦭꦸꦫꦸꦒꦤ꧀ꦏꦠꦼꦭꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦠꦤꦃꦧꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦭꦺꦂꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦢꦢꦺꦴꦱꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦶꦫꦸꦥꦶꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦥꦉꦢꦼꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦠꦸꦱꦏꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦩꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦉꦁꦔꦶꦥꦶꦏꦶꦫꦶꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦩꦶꦤ꧀ꦠꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦭꦏꦸ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦉꦁꦔꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁꦏꦮꦸꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦤꦃꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦂꦠꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦱꦮꦼꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦼꦤꦼꦭꦸꦏ꧀ꦤꦠꦶꦪꦁꦠꦤꦃꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦔꦿꦶꦢꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦮꦤ꧈​ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦔꦗꦿꦶꦃ​ꦲꦗꦿꦶꦲꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦮꦸꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦔꦭꦺꦂ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧈​ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦱꦮꦼꦠꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦱꦪꦺꦴꦒꦶꦏꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫ꧈​ꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦤꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦩꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦫꦗꦤꦶꦛꦶꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦔꦶꦫꦶꦢꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤ꧈​ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦭ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦔꦺꦭꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦽꦧꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦏꦃꦪꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦼꦤꦼꦭꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦉꦢꦺꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦠꦤꦃꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁꦩꦶꦔꦼꦫꦩꦔꦭꦺꦂ꧈​ꦲꦒꦸꦪꦸꦧꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦩꦼꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦩꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦔꦺꦠꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦉꦁꦔꦩꦗꦼꦁꦲꦔꦼꦥꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦠꦼꦏꦶꦪꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦲꦔꦼꦭꦂꦗꦗꦲꦤꦶꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦉꦁꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦲꦠꦸꦫꦶꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉​

ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦔꦼꦧꦼꦏꦶꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦩꦔꦼꦠꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦾꦻꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦗꦒꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈​ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦕꦫꦶꦏ꧀ꦲꦤꦩꦄꦂꦪꦝꦝꦥ꧀ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦩꦩꦭꦶꦃꦫꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦲꦤꦩꦏꦩꦢꦏ꧉​ꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧉​ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦭꦺꦂ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦛꦶꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦄꦱ꧀ꦠꦥꦿꦗ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦂꦪꦥꦤꦶꦛꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈​ꦠꦶꦒꦕꦫꦶꦏ꧀ꦲꦤꦩꦔꦧꦼꦲꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿꦮꦶꦫꦢꦾ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦥꦫꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏꦛꦃ꧉​ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦏꦾꦻꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦤꦶꦛꦶ꧈​ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦉꦱꦥꦿꦗ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦈꦥꦪꦱꦤ꧀ꦢꦶ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦤꦸꦏ꧀ꦩ:ꦢꦼꦩꦁꦗꦧꦸꦁꦄꦭꦸꦱ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒꦒꦸꦤ꧀ꦝꦭ:ꦔꦧꦼꦲꦶꦗꦒꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒꦥꦭꦶꦮꦫ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦱꦸꦭꦸꦃꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦢꦩꦂꦱꦱꦶ:ꦔꦧꦼꦲꦶꦈꦧꦪ:ꦢꦼꦩꦁꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦝꦼꦤ꧀ꦝ:ꦔꦧꦼꦲꦶꦠꦶꦒꦁꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦄꦂꦪꦥꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦒꦸꦥꦶꦠ꧉​ꦄꦏꦛꦃꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦥꦠꦶꦁꦒꦶ:ꦱꦂꦠꦗꦸꦫꦸꦱꦧꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦠꦭꦠꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦫꦪꦸꦢ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦩꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦾꦻꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦤꦶꦛꦶꦥꦿꦗꦄꦂꦪꦠꦸꦲꦸꦥꦺꦭꦶꦁ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦸꦫꦱꦺꦮ:ꦥꦫꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏꦛꦃ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦠꦸꦠ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦤꦃꦲꦸꦠꦮꦶꦤꦒꦫꦶ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦼꦭꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ:ꦲꦶꦁꦩꦝꦼꦤ꧀ꦝ:ꦲꦶꦁꦩꦒꦢ:ꦲꦶꦁꦱꦶꦔꦱꦫꦶ:ꦲꦶꦁꦉꦤꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦏꦸꦤꦶꦁ:ꦲꦶꦁꦩꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦶꦫꦶ꧈​ꦧꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦲꦸꦮꦂꦤ:ꦲꦶꦁꦥꦸꦝꦏ꧀ꦱꦠꦼꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦮꦸꦄꦮꦸꦭꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦩꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦠꦤꦃꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ:ꦲꦶꦁꦱꦩꦫꦁ:ꦲꦶꦁꦧꦭꦺꦒ:ꦲꦶꦁꦥꦏꦕꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦮꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦉꦱꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦧꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦢꦪꦸ:ꦲꦶꦁꦭꦱꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦁ:ꦲꦶꦁꦥꦗꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦥꦿꦶꦁꦒ:ꦲꦶꦁꦭꦩꦺꦴꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦥꦿꦶꦁꦒ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦤꦸꦗꦸꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦒꦼꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦤꦃꦭꦺꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦼꦭꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦠꦤꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦪꦸꦢ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦛꦏꦺꦮꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦤꦶꦔꦭ꧀ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦁ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦃꦢꦺꦥꦸꦥꦸꦠ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦠꦶꦒꦁꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦏꦫꦶꦤꦺꦱꦶꦫꦥꦼꦥꦼꦏ꧀ꦤ꧈​ꦥꦥꦒ꧀ꦤꦠꦼꦏꦤꦺꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧉​ꦧꦸꦁꦔꦺꦩꦤꦺꦃꦪꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱꦲ꧈​ꦱꦶꦁꦠꦸꦮꦲꦺꦴꦫꦥꦶꦫꦲ꧉​ꦌꦚ:ꦥꦠꦶꦃ:ꦲꦶꦏꦶꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦤꦥꦺꦴꦗꦺꦴꦏꦶꦁꦏꦸꦛꦥꦥꦠ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦤꦼꦤ꧀ꦲꦔꦽꦏ꧀ꦱꦧꦸꦥꦠꦶ꧉​ꦱꦻꦴꦥꦩꦧꦸꦥꦠꦶ​ꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦲꦔꦿꦱꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦱꦁꦒꦤꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦱꦼꦧꦉꦤ꧀ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦔꦺꦭꦤ꧀ꦥꦔ꧀ꦭꦮꦤꦺ꧉​ꦄꦗꦲꦤꦥꦝꦱꦸꦱꦃꦲꦸꦠꦮꦏꦸꦮꦠꦶꦂ:ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦠꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦤꦶꦏꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦩꦫꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦠꦺꦴꦏꦏꦺꦲꦶꦱ꧀ꦠꦸꦗꦿꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦱ꧀ꦠꦶꦗꦿꦠ꧀꧈​ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩꦶꦥꦶꦠꦗꦼꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦥꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏ꧉​ꦱꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

ꦉꦩ꧀ꦧꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦏ꧀ꦧꦝꦺꦱꦉꦔꦤ꧀ꦲꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦲꦤ꧀ꦝꦲꦂꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦔꦸꦔꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀ꦲꦔꦗꦿꦶꦲꦶ꧉​ꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦢꦶꦱꦼꦏꦂ꧉​ꦒꦶꦭꦥꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦸꦉꦩꦏꦼꦤ꧀ꦥꦝꦔꦶꦁꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦔꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦌꦃ:ꦧꦺꦴꦕꦃ​ꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦠꦼꦔꦫꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ:ꦧꦶꦝꦭ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦼꦭꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦮꦻꦴ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦚ꧀ꦗꦗꦫꦶꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦥꦫꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦫꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦶꦕꦭ꧀ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦂꦠꦥꦶꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ:ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦒꦼꦂꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦩꦼꦂꦒꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧉​

ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦭꦗꦼꦁꦩꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦫꦩꦺ꧈​ꦲꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦺꦴꦁ​ꦭꦶꦤꦺꦴꦔꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦗꦸꦮꦤ:ꦲꦶꦁꦥꦛꦶ:ꦲꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦥꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦫꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀ꦲꦶꦁꦕꦼꦁꦏꦭ꧀ꦱꦮꦸ:ꦲꦶꦁꦧꦭꦺꦴꦫ:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧉​

ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦒꦸꦪꦸꦧꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦱꦩꦶꦔꦁꦱꦼꦒ꧀ꦲꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢ꧀ꦱꦉꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦭꦺꦂꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧉​ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦤꦶꦛꦶ꧈​ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦤꦶꦛꦶꦥꦿꦗ꧈​ꦄꦂꦪꦢꦼꦩꦁꦥꦤ꧀ꦢꦼꦊꦒꦤ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦧꦼꦲꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦠꦶꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦫꦶꦱꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦤꦸꦠ꧀ꦱꦫꦺꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦛꦻꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧉​

ꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦥꦱꦔꦿꦲꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦧꦼꦝꦸꦒ꧀ꦠꦼꦧꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦔꦁꦱꦼꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦫꦁꦏꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀​ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦢ:ꦩꦭꦃꦮꦺꦮꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦒꦶꦫꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦏꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦢꦪꦤꦶꦫ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦿꦪꦺꦴꦒꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦩꦶꦩꦶꦫꦁꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀ꦮꦸꦱꦤꦏꦭꦃꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦸꦭꦥ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧈​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦸꦭꦥ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦭꦃ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦏꦁꦢꦢꦶꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒꦶꦫ꧈​ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦤꦮꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦢ:ꦩꦭꦃꦮꦺꦮꦃ꧉​ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦒꦼꦁꦧꦝꦺꦏꦮꦸꦭꦲꦱꦼꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤ꧈​ꦱꦩꦶꦪꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦔꦺꦕ​ꦲꦺꦕ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦺꦴꦥꦼꦤꦶꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦸꦭꦥ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦩꦉꦔꦶꦏꦁꦢꦢꦶꦲꦠꦸꦫꦶꦫꦲꦶꦏꦸ꧉​

ꦏꦾꦻꦠꦸꦩꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦥꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ꧈​ꦲꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦒꦼꦭꦂꦲꦺꦩ꧀ꦥꦿꦶꦠ꧀ꦲꦤꦼꦧ꧈​ꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦁꦱꦼꦒ꧀ꦱꦉꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ꧈​ꦠꦼꦔꦫꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦝꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦭꦺꦂ:ꦱꦂꦠꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦪꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦱꦩꦶꦱꦉꦁꦲꦁꦱꦼꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦥꦥꦤ꧀ꦛꦤ꧀ꦱꦧꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦩꦼꦢꦭꦶ꧈​ꦲꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀꧈​ꦔꦺꦕ​ꦲꦺꦕꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧉​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦭꦱꦸꦭꦥ꧀ꦱꦩꦶꦱꦶꦂꦤꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦏꦤ꧀​ꦱꦸꦏꦤ꧀ꦏꦒꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦒꦸꦒꦸꦥ꧀ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦥꦼꦫꦁꦫꦩꦺ꧉​ꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦥ꧀ꦭꦗꦼꦁ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦭꦸ꧈​ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦼꦥꦁ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱ:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦏꦮꦸꦭꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦼꦫꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦺꦏꦏꦼ:ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦸꦛꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦝꦃ꧉​ꦌꦧꦸꦁꦔꦺꦩꦤꦺꦃꦪꦺꦤ꧀ꦚꦺꦴꦁꦒꦲ꧈​ꦱꦶꦁꦠꦸꦮꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦥꦶꦫꦲ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦒꦼꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦱꦉꦁꦥꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦸꦁ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦮꦶꦲꦤꦝꦲꦶ꧉​ꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦼꦥꦁ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫ꧈​ꦲꦔꦸꦁꦱꦶꦪꦩꦼꦚꦁꦏꦸꦛ꧉​ꦥꦝꦏꦸꦫꦁꦥꦿꦕꦪꦩꦫꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦮꦻꦴꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦢꦪꦝꦠꦼꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦶꦛ꧉​

ꦧꦭꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦼꦥꦁꦏꦶꦛ:ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦧꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦔꦶꦤꦼꦧ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶ꧉​ꦌꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦩꦮꦸꦂ꧈​ꦲꦫꦩꦺꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦧꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦱꦩꦶꦔꦶꦤꦼꦧ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦧꦔꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦤꦸꦏꦸꦥ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦺꦂ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦫꦩꦺꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁ​ꦧꦶꦤꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦺꦭꦺꦴꦁ​ꦭꦶꦤꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦫꦗꦤꦶꦛꦶ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦫꦗꦏꦥ​ꦏꦥ:ꦱꦂꦠꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦶꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦱꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦱꦂꦠꦔꦶꦤꦼꦧ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ:ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦥꦿꦠꦺꦭꦲꦸꦁꦒꦸꦭꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦫꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦏꦂꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦭꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦧꦝꦺꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦃꦏꦶꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦂꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦱꦁ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ:ꦏꦮꦸꦭꦲꦩꦿꦪꦺꦴꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦲꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦤ꧀ꦥꦿꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦿꦁꦱꦁꦔꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦂꦤꦶꦏꦉꦠꦼꦒ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦝ:ꦱꦂꦠꦒꦁꦱꦶꦂ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒꦼꦗꦸꦒ꧀ꦧꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦔꦲꦶꦁꦥꦔꦿꦩ꧀ꦥꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦴꦁꦏꦲꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦱꦢꦪ꧉​

ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦶꦭꦶꦒ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦿꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦿꦁꦱꦁꦏꦶꦛ꧉​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦲꦶ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦸꦁ꧈​ꦩꦺꦃꦱꦩꦶꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦱꦢꦪ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​ꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦾꦸꦫꦶꦠꦺꦴꦪꦒꦼꦱꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦭꦱꦩꦶꦒꦼꦱꦁꦱꦢꦪ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔ꧀ꦭꦼꦥꦱꦏꦼꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦭꦠꦸ꧈​ꦏꦶꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦠꦸ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦔꦿꦁꦱꦁ:ꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦂꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦧꦸꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦭꦠꦸ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦭꦠꦸ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦭꦠꦸꦮꦻꦴꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿ​ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦮꦤ꧉​

ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦺꦮꦼꦢꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦲꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦺꦢꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦱꦂꦠꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦩꦺꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦏꦠꦿꦶꦩꦃ꧈​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦺꦂꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧉​ꦉꦢꦶꦩꦼꦫꦥꦶꦲꦺꦴꦧꦃꦱꦂꦠꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧈​ꦉꦢꦶꦩꦼꦂꦧꦧꦸ:ꦱꦸꦤ꧀ꦢꦫ:ꦏꦫꦸꦁꦔꦿꦸꦁꦔꦤ꧀ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦶꦁ:ꦥꦿꦲꦸ:ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦼꦁ:ꦩꦼꦝꦁ:ꦄꦒꦸꦁ:ꦥꦿꦒꦺꦴꦠ:ꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦄꦭ​ꦈꦭꦸ:ꦱꦂꦠꦉꦢꦶꦛꦺꦴꦩ꧀ꦥꦩꦱ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚꦻꦴꦫꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦉꦢꦶꦭꦮꦸ:ꦧꦚ꧀ꦕꦏ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦗꦩꦸꦂꦢꦶꦥ:ꦫꦠꦮꦸ:ꦛꦸꦩ꧀ꦥꦼꦁ:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧈​ꦉꦢꦶꦏꦼꦭꦸꦢ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦠꦸ꧈​ꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​ꦱꦤꦭꦶꦏꦗꦮꦃꦲꦮꦸꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦫꦶꦏꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦼꦠꦼꦁꦝꦼꦝꦼꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦔꦃꦢꦭꦸ꧉​ꦄꦔꦶꦤ꧀ꦩꦶꦢꦶꦢ꧀ꦒꦼꦭꦥ꧀ꦲꦱꦻꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦥꦫꦒꦂꦮꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦭꦠꦸ꧉​ꦥꦫꦒꦂꦮꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦭꦠꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦤꦱ꧀꧈​ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦧꦿꦁꦫꦩꦺꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦧꦿꦁꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦂꦤꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦧꦭꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦒꦂꦮꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦒꦁꦱꦭ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦲꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦗꦼꦗꦼꦭ꧀꧉​

ꦥꦫꦒꦂꦮꦱꦩꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦩꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦱꦼꦱꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ:ꦱꦂꦮꦶꦲꦔꦫꦱ꧀:ꦲꦝꦶꦄꦗꦼꦁ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦢꦏ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦢꦁꦩꦿꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧉​ꦒꦼꦤꦶꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦉꦥꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦺꦃꦧꦭꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦶꦱꦏꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦠꦶ꧉​ꦆꦏꦸꦲꦥꦩꦸꦭꦤꦺ꧈​ꦢꦺꦮꦶꦱꦁꦏꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦱ꧀ꦠꦶꦗꦿꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦆꦢꦗꦶꦭ꧀ꦱꦒꦼꦢꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦧꦭꦱꦸꦭꦥ꧀ꦱꦂꦠꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦥꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦔꦤ꧀ꦏꦶꦮ꧈​ꦲꦁꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦆꦢꦗꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ:ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦃ꧈​ꦢꦺꦮꦶꦱꦁꦏꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦁ​ꦲꦭꦶꦔꦶꦝꦠꦼꦁꦩꦭꦲꦺꦏꦠ꧀ꦆꦢꦗꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦥꦫꦒꦂꦮꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔ꧀ꦭꦶꦒꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦥꦝꦁ꧈​ꦏꦠꦶꦔꦭꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦼꦱꦁ꧉​ꦥꦫꦒꦂꦮꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ:ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦊꦥꦱꦶꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦼꦤ꧀ꦛꦁꦭꦁꦏꦥ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦥꦱꦏꦼꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦒꦸꦮꦮꦶꦗꦪ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦗꦏꦲꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦥꦶꦫꦲꦱꦶꦁꦲꦉꦥ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦧꦸꦂꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦼꦤꦶ꧉​ꦌꦃ:ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦩꦫ:ꦥꦝꦩꦊꦱ꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦧꦿꦁꦭꦗꦼꦁꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦩꦭꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦭꦗꦼꦁꦗꦮꦃꦢꦼꦉꦱ꧀ꦭꦠꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦶꦉꦥ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦄꦗꦶꦱꦏꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦲꦗꦲꦔꦢꦸꦧꦭ꧈​ꦲꦪꦺꦴꦥꦼꦫꦁꦥꦝꦱꦶꦗꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦢꦸꦏꦱꦔꦼꦠ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦶꦪ:ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦲꦗꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠꦶ꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦥꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦁ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦱꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮ꧈​ꦲꦩꦸꦫꦸꦒꦶꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦫꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​ꦲꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁꦱꦂꦠꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧉​ꦮꦸꦱꦤꦱꦩꦶꦧꦧꦼꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦱꦤ꧀ꦲꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁ​ꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧉​ꦄꦗꦶꦱꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦭꦗꦼꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤꦱꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦪꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦸꦂꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦱꦶꦂꦤ꧈​ꦩꦶꦭꦢꦭꦃꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦮꦶꦱ꧀ꦠꦺꦴꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦕꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏꦮꦻꦴ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦧꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦭꦲꦺꦏꦠ꧀ꦆꦢꦗꦶꦭ꧀ꦭꦤꦠ꧀ꦠꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧉​ꦮꦸꦭꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦲꦺꦃ:ꦥꦸꦠꦸꦏꦸ꧈​ꦤꦫꦶꦩꦲꦲꦶꦁꦥꦼꦥꦼꦱ꧀ꦛꦺꦤ꧀꧈​ꦗꦔꦤꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦩꦸꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦩꦸꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤꦼꦠꦼꦥꦶꦲꦶꦁꦮꦮꦠꦼꦱꦤꦺ꧉​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦭꦸꦭꦸꦫꦶ꧈​ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦥꦫꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦱꦸꦮꦮ꧉​ꦄꦤꦢꦺꦤꦺꦏꦂꦱꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦢꦶꦪꦧꦁꦱꦏꦸ꧈​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦤꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦤꦲꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦧꦲꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦔꦮꦸꦭꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧉​ꦥꦺꦴꦩ:ꦲꦗꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦤꦶ​ꦮꦤꦶꦩꦫꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦄꦗꦶꦱꦏꦤꦔꦶꦱ꧀ꦮꦸꦱꦤꦲꦩꦸꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦿꦃꦝꦼꦠꦼꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧉​

ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦶꦱꦏ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁ꧉​ꦏꦺꦝꦥ꧀ꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦏꦸꦩꦮꦸꦭꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦛꦼꦁꦒꦼꦂꦏꦭꦸꦭꦸꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦊꦁꦒꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦲꦢꦶꦭ꧀ꦲꦧꦼꦒ꧀ꦥꦫꦩꦂꦠꦱꦂꦠꦧꦼꦭꦧ꧉​ꦄꦧ꧀ꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦂꦠꦲꦱꦶꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦱꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦠꦶꦒ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦥꦿꦧꦸꦏꦱ꧀ꦏꦪ꧈​ꦠꦶꦒꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧉​ꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦤꦼꦩ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀꧈​ꦒꦮꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦱꦁꦏꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦫꦛꦸꦥꦩꦼꦤꦁ꧉​ꦱꦼꦏꦫꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦫꦛꦸꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦛꦶꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦫꦛꦸꦌꦭꦺꦂ꧉​ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢꦱ꧀ꦮꦫꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦫꦛꦸꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦢꦪꦄꦱ꧀ꦩꦫꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦫꦛꦸꦥꦤꦼꦔꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦢꦪꦧꦝꦺꦲꦤꦼꦝꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦥꦗꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦠꦫꦩ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦼꦭꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦩꦶꦥꦸꦠꦿꦶ:ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧉​

ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦫꦗꦤꦶꦛꦶꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦠꦶꦁꦒꦶ꧈​ꦫꦗꦏꦥ​ꦏꦥꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦌꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦗꦼꦏ꧀ꦱꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁ​​ꦈꦤ꧀ꦝꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦧꦪꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦗꦼꦏ꧀ꦱꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦼꦥꦼꦁꦥꦔꦢꦶꦭꦤ꧀ꦲꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦸꦒꦼꦂ:ꦤꦩꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀꧈​ꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦔꦶꦁꦊꦊꦉꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦝꦔꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦔꦶꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦈꦒꦼꦂ꧈​ꦏꦝꦮꦸꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦤꦪꦏ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦲꦢꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀ꦏꦂꦠꦒꦼꦩꦃꦲꦂꦗ꧉​

ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦱꦤꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦼꦁꦏꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦏꦝꦻꦴꦥꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶꦫꦫꦱꦛꦶ꧉​ꦄꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦲꦒꦼꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦮꦲꦶ꧉​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦤꦃꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦱꦩꦶꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦚ꧀ꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦶꦏꦿꦩꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦠꦸꦠ꧀ꦲꦱꦶꦃꦭꦸꦭꦸꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦏꦶꦫꦧꦶ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦂꦱꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭ꧀ꦭꦼꦊꦉꦱꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦗꦏꦥ​ꦏꦥ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦈꦤ꧀ꦝꦁ​ꦈꦤ꧀ꦝꦁ꧉​ꦄꦁꦒꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦤꦩꦱꦼꦫꦠ꧀ꦄꦱ꧀ꦛꦧꦿꦛ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦫꦗꦤꦶꦛꦶ꧈​ꦫꦗꦏꦥ​ꦏꦥ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦈꦤ꧀ꦝꦁ​ꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ꦠꦫ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦂꦪꦔꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭ꧀ꦭꦼꦉꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦤꦩꦶꦤꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦤꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦏꦢꦸꦒꦺꦤ꧀ꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦉꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦫꦒꦂꦮ꧉​ꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦫꦛꦸꦥꦼꦩꦼꦤꦁ:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦭꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁ:ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦮꦢꦠ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦪꦶ:ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦴꦁꦏꦠ꧀ꦤꦩꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦝꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦫꦛꦸꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦫꦛꦸꦭꦺꦂꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧉​ꦫꦛꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦢꦸꦫ꧉​ꦫꦛꦸꦥꦩꦼꦤꦁꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦩꦭꦶꦃꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦸꦱ꧀ꦮꦏꦭꦶꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦗꦊꦂ:ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦗꦊꦂ꧈​ꦏꦤꦩꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦤ꧀ꦝꦫ꧉​

ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶꦪꦮꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦤ꧀ꦝꦫꦮꦻꦴ꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶꦪꦮꦤ꧀ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦏꦭꦥꦒꦝꦶꦁ꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦏꦭꦥꦒꦝꦶꦁ꧈​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦄꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁ꧉​ꦈꦩꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀ꦱꦢꦱꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦱꦏ꧀ꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​

ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦿꦶꦄꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁꦮꦶꦭꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶꦄꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁꦮꦶꦭꦶꦱ꧀ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦿꦶꦧꦤꦏꦼꦭꦶꦁ꧉​ꦱꦿꦶꦧꦤꦏꦼꦭꦶꦁꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦿꦶꦩꦗꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦿꦶꦩꦗꦒꦭꦸꦃꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦿꦶꦔꦮꦸꦄꦮꦸꦭꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦫꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦢꦱꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ:ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦛꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦛꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ:ꦲꦔꦢꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦢꦺꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀ꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦶꦱꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦺꦭꦫꦗ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦱꦺꦭꦫꦗꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦂꦧꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦮꦔꦶ꧉​ꦈꦩꦸꦫꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦢꦱꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ:ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦗꦗꦭꦱꦼꦔꦫ꧉​ꦫꦗꦗꦭꦱꦼꦔꦫꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦒꦶꦭꦶꦁꦮꦼꦭꦶꦱ꧀꧉​ꦥꦿꦧꦸꦒꦶꦭꦶꦁꦮꦼꦱꦶꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦮꦠꦱꦫꦶ꧉​ꦈꦩꦸꦫꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦢꦱꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ:ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦫꦛꦸ:ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦮꦤꦱꦫꦶ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦮꦤꦱꦫꦶꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦿꦶꦱꦤꦱꦺꦮꦸ꧉​ꦱꦿꦶꦱꦤꦱꦺꦮꦸꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦗꦛꦤ꧀ꦢꦸꦫꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦫꦛꦸꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦗꦩꦗꦫꦛ꧉​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦩꦗꦫꦛ꧈​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦮꦺꦴꦁꦒ꧉​ꦫꦛꦸꦏꦮꦺꦴꦁꦒꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦛꦸꦔꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦫꦛꦸꦔꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦱꦫꦶꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦢꦁꦄꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧉​ꦈꦩꦸꦫꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦢꦱꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦥꦫꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦒꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁ:ꦤꦩꦥꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦠꦤꦺꦤ꧀꧈​ꦥꦼꦤꦼꦁꦒꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦒꦂꦧ꧈​ꦥꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦒꦁ꧉​ꦥꦤꦼꦔꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦏꦫꦸꦁꦏꦭ꧈​ꦏꦉꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦧꦲꦶꦁꦮꦤ꧉​ꦄꦝꦶꦤꦶꦁꦥꦤꦼꦔꦃꦲꦤꦩꦱꦸꦩꦼꦤ꧀ꦝꦶꦥꦼꦠꦸꦁ꧈​ꦩꦭꦫꦠ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦱ꧀꧈​ꦮꦸꦫꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦉꦱꦶꦒꦛꦪꦸ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦝꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦤ꧀ꦝꦁꦒꦂꦧꦏꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦢꦒꦁ꧈​ꦲꦒꦿꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦥꦫ꧉​ꦏꦫꦸꦁꦏꦭꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦗꦒꦭ꧀꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚꦺꦴꦱꦶꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧉​

ꦄꦭꦩꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦥꦫꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦩꦃꦫꦲꦂꦗ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦉꦱꦶꦒꦛꦪꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦏꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦉꦱꦶꦒꦛꦪꦸꦲꦥꦸꦠꦿꦤꦼꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦤꦩꦫꦫꦱꦸꦕꦶ꧉​ꦥꦤꦼꦁꦒꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦄꦩꦶꦭꦸꦲꦸꦂ꧉​ꦥꦤ꧀ꦝꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦩꦂꦢꦢꦸ꧉​ꦄꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦩꦔꦫꦁ꧉​ꦄꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦩꦂꦗꦪ꧉​ꦮꦸꦫꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦤꦩꦥꦿꦁꦒꦶꦮꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶ꧉​

ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦄꦩꦶꦭꦸꦲꦸꦂꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦤꦩꦲꦶꦁꦧꦤꦏꦼꦭꦶꦁ꧈​ꦏꦥꦽꦤꦃꦱꦏꦶꦢꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦥꦿꦶꦁꦒ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦩꦂꦢꦢꦸꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦶꦫꦶ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦩꦔꦫꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦒꦼꦭꦁ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦩꦂꦗꦪꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦔꦱꦫꦶ꧉​ꦤꦶꦥꦿꦁꦒꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦏꦿꦩꦲꦁꦱꦭ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦥꦸꦝꦏ꧀ꦱꦠꦼꦒꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦗꦁꦒꦭꦮꦻꦴꦲꦧꦺꦱꦤꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦊꦂꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦱꦺꦭꦺꦃꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ:ꦲꦤꦩꦭꦭꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦢꦱꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦁꦏ:ꦱꦁꦤꦛꦱꦺꦢ꧈​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦄꦔꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦺꦠꦺꦴꦏꦏꦺꦱꦩꦶꦲꦔꦢꦼꦒ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦂꦠꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦗꦠ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦝꦠꦼꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦫꦶꦁꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦗꦁꦒꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦒꦼꦱꦁ:ꦱꦩꦶꦔꦭꦶꦃ꧉​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭꦱꦸꦮꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦮꦼꦁ꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦤ꧉​ꦒꦿꦲꦤꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦒꦿꦲꦤꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ꧈​ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦗꦮꦃꦲꦔꦶꦤ꧀ꦱꦭꦃꦩꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦏꦸꦩꦸꦏꦸꦱ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦢꦭꦗꦠ꧀ꦱꦤꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦺꦴꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦏꦛꦃꦉꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀꧈​ꦠꦤꦼꦩ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦱꦶꦪꦁ:ꦢꦭꦸ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦩꦶꦉꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦢꦺꦴꦏꦤ꧀ꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦢꦫꦺꦱ꧀ꦏꦝꦱꦶꦃ:ꦲꦱꦻꦴꦫꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦮꦤꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦧꦼꦭꦸꦏ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦒ꧀ꦏꦠꦸꦥꦸꦏ꧀ꦲꦱꦺꦴꦤ꧀​ꦤꦱꦺꦴꦤ꧀ꦕꦧꦏ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧈​ꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦝꦲꦂ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦫꦺ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦭꦸ:ꦲꦤꦫꦶꦠꦶꦱ꧀ꦲꦏꦗꦁꦱꦶꦫꦃꦧꦤꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦮꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦲꦩꦸꦁꦏꦩꦶꦉꦁꦔꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦠꦶꦁꦒꦊꦤ꧀ꦤꦒꦫꦤꦶꦫ꧉​ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦤꦒꦫꦤꦶꦫꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮ꧉​ꦭꦸꦔꦲꦩꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦶꦫꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦮꦶꦒ꧀ꦚꦏꦶꦤꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧉​ꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦁꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦥꦝꦏꦸꦩꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱꦶꦫꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦏꦫꦺꦴꦢꦺꦤꦺꦃꦪꦁꦒꦶꦫꦶꦤꦛꦲꦩꦫꦶꦁꦔꦶꦏꦭꦸꦮꦶꦲꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦏꦭ꧀ꦫꦧꦶꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​ꦏꦁꦱꦶꦫꦏꦸꦛꦤꦶ:ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦲꦶꦱꦶꦃꦒꦶꦤꦻꦧ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦗꦒꦢ꧀ꦤꦛ꧉​ꦱꦻꦏꦶꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦏꦸꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦠꦥꦲꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦒꦸꦮꦲꦶꦏꦸꦏꦪꦤꦒꦫ꧉​ꦆꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦂꦒꦤꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦶꦫꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦌꦚ:ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦥꦠꦺꦧꦛꦫꦒꦤ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦸꦮꦱꦤꦺꦲꦮꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦏꦱꦩꦫꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦗꦶꦤ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭꦤꦺ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦏꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦾꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦼꦢꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦱ꧀ꦮꦫꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦃꦪꦁꦤꦫꦢ꧈​ꦏꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦭꦸꦭꦸꦲꦸꦂꦩꦸꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦠ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦭꦸꦔꦲ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦕꦶꦥ꧀ꦠꦧꦝꦺꦠꦶꦭꦂꦏꦮꦶꦧꦮꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦭꦸꦕꦸꦩ꧀ꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦠꦶꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦒꦤ꧀ꦲꦤꦩꦱꦔꦸꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦔꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦒꦃ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦏꦁ:ꦥꦝꦠꦔꦶꦪ꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦤꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦠꦼꦠꦼꦝꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦢꦏ꧀ꦒꦸꦒꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦢꦏ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦢꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦫꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦠꦶꦁꦒꦭ꧀ꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦱꦶꦤ꧀ꦏꦸ꧈​ꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦲꦺꦴꦫꦏꦶꦤꦺꦫꦶꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦶꦭꦸꦲꦶꦁꦲꦏꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫ꧈​ꦩꦸꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦗꦠꦸꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦲꦝꦶ​ꦲꦝꦶꦏꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦱꦸꦥꦠꦏꦸ꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦂꦱꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦢꦏ꧀ꦱꦼꦢꦾꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦩꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦢꦭꦤꦶꦁꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦔꦸꦠꦏꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦧꦶꦭꦶꦃꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦱꦏꦺꦕꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦼꦥꦼꦤ꧀ꦤꦼꦝꦲꦺꦕ꧈​ꦱꦔꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶ꧈​ꦏꦏꦺꦪꦤ꧀ꦕꦫꦺꦮꦺꦠ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦥꦼꦏ꧀ꦱꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦱꦔꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦏꦏꦁ꧈​ꦲꦥꦩꦶꦭꦸꦲꦶꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦱꦔꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧉​ꦏꦸꦭꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦱꦔꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦔꦸꦠꦏꦲꦤꦸꦠꦸꦠꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂ:ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦤꦩꦏꦸꦢꦄꦩꦺꦴꦁꦱꦫꦶ:ꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦁꦱꦫꦶ:ꦗꦪꦺꦔꦽꦱ꧀ꦩꦶ:ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦥꦔꦂꦱ꧉​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦠꦼꦔꦃꦢꦭꦸꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦫꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦠꦼꦁꦒꦱꦧꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦧꦶꦔꦃ​ꦧꦶꦔꦃ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦾꦂ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤꦲꦒꦼꦁ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦪꦃ꧈​ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦱꦸꦩꦪꦤ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦠꦼꦏ꧀ꦏꦶꦲꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦱꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦸꦁꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦲꦫꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦠꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦱꦶꦭꦶꦧꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦒ꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦔꦸꦠꦏꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦔꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤꦲꦒꦼꦁ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦭꦸ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦝꦫꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦤꦩꦤꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦒꦮꦻꦴ:ꦏꦭꦺꦭꦺꦠ꧀ꦗꦁꦏꦸꦁꦩꦶꦭꦶꦁ꧈​ꦥꦏ꧀ꦱꦼꦧꦺꦴꦭꦺꦴ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦱꦩꦶꦱꦸꦏ​ꦱꦸꦏ꧈​ꦲꦧꦧꦚꦺꦴꦭꦤ꧀ꦩꦸꦫꦶꦃꦭꦶꦩꦸꦫꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦩꦶꦩꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦚꦶꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦩꦁꦒꦶꦲꦶ꧈​ꦩꦶꦭꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦩ꧀ꦥꦁꦔꦶ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦪꦃꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦁꦱꦪꦠꦼꦧꦶꦃ꧈​ꦤꦱꦏ꧀ꦮꦤꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦝꦲꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦫꦺ꧈​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧉​ꦮꦸꦭꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦸꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦤꦔꦶꦱ꧀:ꦲꦝꦸꦃ:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦱꦸꦮꦮꦶꦱꦩꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦢꦾꦲꦥꦸꦫꦸꦒꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧉​ꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦩꦸꦭꦲꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦔꦼꦠꦸꦠꦏꦼꦲꦏꦸ꧈​ꦥꦝꦧꦭꦶꦪꦩꦼꦚꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦠꦶꦲꦝꦺꦴꦃ꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧉​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦉꦱꦶꦏ꧀ꦱꦂꦠꦫꦢꦶꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦧꦼꦁꦔꦶꦲꦶꦁꦏꦏꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦲꦤꦩꦥꦼꦏꦼꦤ꧀ꦢꦶꦪꦺꦁ꧉​ꦒꦸꦮꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦠꦶꦪꦁꦔꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦧꦼꦠꦶ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦠꦩ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦝꦺꦲꦁꦱꦭ꧀ꦏꦭꦸꦲꦸꦫꦤ꧀꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦥꦝꦁ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦮꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧉​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦥꦶꦤ꧀ꦢꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦆꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦒꦶꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧉​ꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦥꦼꦥꦼꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦛꦫꦶꦏ꧀ꦛꦫꦶꦏ꧀ꦲꦱꦿꦶꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦼꦛꦼꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦱꦫꦶꦱꦩꦶꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦱꦶꦫꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦲꦺ꧉​ꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦭꦺꦏꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦗꦒꦢ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦩꦺꦤꦶ꧈​ꦏꦉꦁꦒꦲꦶꦁꦤꦒꦩꦱ꧀ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀꧈​ꦭꦁꦱꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧉​ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦁꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦔꦥꦶꦠ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶ꧉​ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦔ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦸꦏꦶꦂ​ꦲꦸꦏꦶꦫꦤ꧀ꦏꦠꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦥꦊꦚ꧀ꦕꦂꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦏꦉꦩꦼꦤꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦱꦁꦫꦏꦶꦠꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦲꦺꦤ꧀ꦢꦿꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦧꦼꦠꦶ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦛꦃꦥꦼꦥꦼꦛꦼꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧉​ꦱꦁꦒꦂꦥꦩꦼꦊꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦢꦼꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦂꦧꦤꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦒꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦲꦫꦸꦩ꧀ꦲꦩꦿꦶꦢꦶꦤꦶ꧉​ꦄꦏꦛꦃꦠꦺꦴꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦝꦥꦸꦂꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦒꦫꦸꦝ꧈​ꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦕꦸꦕꦸꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦕꦁꦏꦼꦩꦶꦁꦱꦮꦼꦂꦤꦒ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦉꦩꦼꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦭꦁꦒꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦫꦶꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦶꦤꦼꦧ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦱꦼꦁꦱꦼꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦲꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦩꦶꦂꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦁꦒꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦔꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦫꦛꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸꦱꦂꦠꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦚꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦤꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦧꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦫꦏꦱꦶꦃꦱꦶꦫꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦻꦴ꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦱꦶꦫꦩ꧀ꦱꦫꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦛꦶꦭ꧀ꦩꦱ꧀ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦏꦠꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦝꦔꦶꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸ꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦶꦭ꧀ꦲꦩꦸꦩꦸꦗꦤꦼꦝꦱꦶꦃꦢꦺꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ:ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦢꦲꦂꦱꦂꦠꦱꦫꦺ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦔꦼꦭꦶꦃꦱꦂꦠꦱꦪꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦱꦸꦩꦪꦤ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦱꦪꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦫꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦢꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦏꦛꦃꦠꦠꦤꦼꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦤꦶꦁ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦪꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦫꦺ꧈​ꦱꦮꦸꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦶꦫꦩ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦛꦸꦠ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦩꦱꦗꦒꦮꦱꦶꦠ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦕꦫꦏ꧈​ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦗ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦲꦺꦴꦩꦃ꧈​ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦩꦸꦭꦏꦠꦶꦮꦁ​ꦠꦶꦮꦁ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦏꦸꦠꦸꦮ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀ꦱꦶꦁꦢꦏ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦤꦸꦠ꧀ꦱꦭꦺꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦁꦲꦠꦶ꧉​ꦠꦼꦏꦢ꧀ꦏꦸꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦤꦩꦸꦁꦭꦺꦫꦺꦤ꧀ꦧꦲꦺꦱꦝꦺꦭ꧉​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦲꦏꦸꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ:ꦥꦩꦤ꧀ꦱꦥꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦏꦁꦩꦫꦠꦥꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦥꦸꦛꦸꦠ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦫꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦤꦩꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚꦱꦶꦢꦶꦏ꧀꧈​ꦉꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦭꦤꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦠꦸꦫꦩꦫꦁꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦠꦼꦏꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦥꦸꦛꦸꦠ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦭꦲꦠꦸꦫꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧉​

ꦥꦸꦛꦸꦠ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦥꦿꦠꦺꦭꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦠꦥ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦩꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦭꦭꦤ꧈​ꦧꦒꦮꦤ꧀ꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦝꦲꦠꦸꦫꦤ꧀ꦩꦿꦺꦤꦺ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛ꧉​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦧꦼꦭꦏꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦩꦸꦫꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦕꦸꦮꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦼꦢꦭꦱꦏꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛ꧈​ꦭꦶꦁꦒꦶꦲ:ꦥꦸꦠꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ:ꦭꦗꦼꦁꦊꦁꦒꦃ꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦥ:ꦥꦸꦠꦸ:ꦏꦁꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦮꦮꦔꦶ꧈​ꦱꦏꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦶꦤꦁꦏꦩꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦏꦺꦴꦱꦼꦗ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦶꦏꦶꦭꦥꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦏꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦧꦼꦤꦼꦂꦕꦭꦛꦸꦩꦸꦲꦶꦏꦸ꧉​ꦄꦥꦒꦮꦺꦤꦺꦲꦏꦸꦠꦥ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦲꦱꦢꦸꦫꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦫꦃ꧉​ꦄꦏꦸꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦭꦏꦸꦩꦸ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦩꦸꦠꦸꦮ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦏꦁꦭꦺꦴꦭꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦤꦺꦮꦪꦃꦧꦼꦔꦶ꧉​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ꧈​ꦲꦥꦠꦧꦼꦤꦼꦂꦥꦩ꧀ꦧꦠꦁꦏꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦊꦉꦱꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦏꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦼꦢꦃꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦺꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦸꦭꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦠꦥꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦤꦁꦲꦤꦸꦠꦸꦫꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦥꦁꦒꦺꦴꦤꦤꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦩꦸꦠꦸꦮꦭꦒꦶꦒꦶꦤꦻꦧ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦏꦏꦁꦩꦸꦲꦺꦴꦫꦩꦠꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦩꦠꦶ꧈​ꦏꦺꦴꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦤꦢꦶꦤꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦏꦠꦼꦩꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦥꦲꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦤꦼꦤꦼꦝꦲꦲꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦁꦏꦥ꧀ꦲꦶꦁꦩꦁꦱꦤꦺ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦏꦸꦲꦚ꧀ꦗꦠꦼꦤꦶꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦁꦒꦺꦴꦤꦤꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦩꦸꦠꦸꦮ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦲꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦲꦗꦶꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦂꦠꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦏꦥꦼꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧉​

ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦚꦠꦿꦶꦪꦔꦢꦼꦒ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦲꦢꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦉꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦲꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦥꦶꦤꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦼꦗꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦊꦁꦒꦲꦤ꧀ꦗꦁꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦔꦸꦭꦩꦲꦶꦁꦌꦫꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦩꦸꦱꦫꦂ꧉​ꦆꦁꦗꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦱꦛꦩ꧈​ꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦗꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦱꦸꦒꦶꦃꦱꦂꦠꦏꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦤꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦚ꧀ꦕꦂꦲꦫꦺꦴꦱ​ꦫꦺꦴꦱ꧈​ꦠꦁꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦂꦠꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦠꦼꦔꦃꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦸꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦮꦻꦴꦒꦸꦤꦱꦂꦠꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭꦶꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦤꦺꦩ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦒꦝꦃꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦲꦪꦸ꧈​ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦏꦶ꧈​ꦲꦤꦩꦌꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦱꦛꦺꦴꦩꦶ꧉​ꦄꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦩ꧀ꦥꦸꦗꦛꦶꦱꦸꦫ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦌꦩ꧀ꦥꦸꦗꦛꦶꦱꦸꦫꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦩ꧀ꦥꦸꦫꦩꦲꦢꦶ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦤꦱꦂꦠꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦶꦥ꧀ꦠ:ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦺ:ꦲꦥꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦥꦭꦸꦠꦔꦤ꧀ꦲꦱꦸꦥꦶꦠ꧀ꦢꦫꦶꦗꦶ:ꦲꦲꦸꦧꦸꦧꦤ꧀ꦲꦶꦫꦸꦁ꧈​ꦭꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦢꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦱꦼꦥꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦒꦒꦩꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦚꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦫꦶꦗꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦮꦻꦴꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦗꦸꦒꦸꦭ꧀ꦩꦸꦝꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦏꦩꦺꦴꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦱꦸꦱꦲꦤ꧀ꦩꦤꦃ꧈​ꦏꦫꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦫꦛꦸ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦱꦏꦺꦕꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦗꦿꦶꦃꦩꦢꦼꦒꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦢꦺꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦏꦱꦶꦏꦸꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦩꦶꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦤꦼꦝꦲꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦄꦒꦸꦁ꧈​ꦠꦶꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦫꦶꦠꦶꦱꦤ꧀ꦲꦊꦩꦼꦏ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦧꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦧꦤꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦏꦩꦶꦉꦔꦤ꧀:ꦲꦺꦃ:ꦱꦠꦩ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦩꦸ:ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧈​ꦏꦶꦤꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦗꦒꦢ꧀ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦃꦒꦶꦤꦻꦧ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦸꦢꦸꦏꦺꦴꦒꦺꦴꦊꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦠꦔꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦧꦝꦺꦠꦶꦭꦂꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦱꦚ꧀ꦗꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦭꦸꦔ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦴꦊꦏ꧀ꦏꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦁꦗꦶꦤꦂꦮꦲꦶꦁꦩꦻꦴꦧꦼꦁꦔꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦠꦼꦩꦸꦲꦶꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦏꦸ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦶꦫꦧꦫꦲꦏꦸꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦏꦾꦻ:ꦏꦸꦭꦠꦸꦩꦸꦠ꧀꧈​ꦥꦼꦗꦃ:ꦒꦼꦱꦁꦔ:ꦏꦸꦭꦧꦝꦼꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈​ꦝꦠꦼꦁꦔꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦲꦺꦭꦁꦔꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦲꦔꦿꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦩꦃ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦝꦸꦃ:ꦠꦶꦱ꧀ꦤꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧉​ꦆꦪꦩꦶꦭꦸꦮ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦠꦸꦠꦸꦂ​ꦠꦸꦠꦸꦂꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦤꦺ꧉​

ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦤ꧀ꦠꦶꦒꦏꦭꦶꦃꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧈​ꦗꦊꦂꦏꦏꦭꦶꦃ:ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦩꦏꦶꦥꦭꦶꦃ:ꦏꦶꦱꦸꦥꦤ:ꦤꦶꦱꦸꦭꦺꦏꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦤꦺꦱ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ:ꦏꦛꦃ꧉​ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦺꦠꦁꦠꦶꦱ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧌ꦠꦿꦶꦱ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧍​ꦝꦠꦼꦁꦲꦤꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦺꦠꦁ:ꦤꦩꦸꦁꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦠꦶꦪꦁꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦤꦲꦒꦼꦁ꧉​ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦲꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦲꦔꦶꦩꦸꦂ꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦩꦼꦤꦼꦁꦔ:ꦚꦻ:ꦲꦗꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦩꦼꦤꦮꦏꦮꦼꦤ꧀ꦠꦂꦲꦶꦁꦲꦏꦺꦃ꧉​ꦭꦸꦩꦏꦸꦮꦲꦭꦺꦴꦤ꧀​ꦤꦭꦺꦴꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦮꦿꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦢꦢꦶꦮꦸꦫꦸꦁꦠꦥꦏꦸ꧈​ꦫꦛꦸꦱꦶꦁꦢꦏ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ:ꦲꦺꦴꦫꦏꦠꦼꦩꦸ꧉​

ꦱꦏꦺꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦸꦱꦼꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶ꧉​ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦼꦥꦶꦱ꧀ꦲꦶꦫꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁ:ꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃ꧉​ꦄꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦱꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦻꦕꦭꦤ꧀ꦥꦸꦒꦼꦫꦤ꧀꧉​

ꦏꦾꦻꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦱꦠꦩꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦮꦤꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦸꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦏꦸꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦠꦼꦩꦸꦮ꧈​ꦠꦸꦮꦱ꧀ꦏꦔꦺꦭꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦧꦭꦶꦪ:ꦲꦥꦒꦮꦺꦤꦺ꧉​ꦪꦧꦛꦫ꧈​ꦠꦶꦠꦲꦺꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦸꦩꦸꦗ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺ:ꦱꦠꦩ:ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦠꦼꦩꦸꦮ:ꦪꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦺꦴꦮꦁꦔꦶ꧌ꦮꦤꦶ꧍​ꦥꦿꦶꦲꦠꦶꦤ꧀ꦕꦼꦒꦃꦥꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸ꧉​ꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦮꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦂꦒꦤꦺꦏꦼꦠꦼꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦁꦱꦻꦏꦶꦭꦒꦶꦠꦥ꧉​ꦆꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦔꦼꦥꦼꦭ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦚꦼꦭꦤꦶ꧉​ꦭꦸꦩꦏꦸꦮꦱꦻꦏꦶ꧈​ꦩꦸꦥꦸꦁꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦶꦁꦮꦼꦫꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦠꦼꦩꦸ:ꦠꦸꦁꦒꦺꦴꦤꦤꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦧꦲꦺ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦁꦒꦸꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦠꦔꦶꦪ:ꦚꦻ꧈​ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦭꦸꦩꦏꦸ꧉​

ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦃꦗꦸꦫꦁꦏꦁꦫꦸꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧀ꦏꦾꦻꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦛꦼꦫꦸꦱꦤ꧀ꦥꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦤꦸꦔꦤ꧀ꦥꦝꦁꦥꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦁꦤꦛꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦧꦝꦺꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦤꦼꦧ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦁꦒꦸꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀​ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦲꦩꦸꦩꦸꦗ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦩꦼꦩꦼꦭꦱ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦱꦶꦫ:ꦱꦠꦩ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦤ꧀ꦢꦸꦢꦸꦲꦏꦺꦥꦽꦤꦲꦺꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦱꦶꦫꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦮꦲꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦫꦛꦸꦏꦁꦱꦶꦫꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦭꦒꦶꦠꦥꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦛꦶꦭ꧀ꦩꦱ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦤ꧀ꦲꦔꦠꦶꦪꦠꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦔꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦚꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦲꦤꦥꦢꦸꦱꦤꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦲꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦱꦮꦶꦪꦃꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦩꦸꦁꦱꦶꦫꦏꦁꦏꦭꦶꦭꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦺ꧈​ꦲꦔꦝꦼꦥꦧꦲꦺ꧉​

ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦔꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ:ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶ:ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦥꦝꦁꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦩꦸꦗꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦶꦭ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦒꦤ꧀꧈​ꦲꦁꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦲꦺꦧꦃ​ꦲꦺꦧꦃ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦝꦼꦥ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦱꦃ​ꦏꦺꦱꦃ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦺꦃ:ꦥꦸꦠꦸꦏꦸ:ꦠꦔꦶꦪ꧉​ꦠꦥꦩꦸꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦫꦶꦩꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦱꦿꦶꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦏꦺꦕꦱꦫꦺ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦠꦔꦶꦪ:ꦥꦸꦠꦸ꧈​ꦲꦏꦸꦄꦼꦪꦁꦩꦸꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦲꦁꦒꦸꦒꦃ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦮꦸꦔꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦺꦴꦏꦸꦂꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦸꦒꦶꦃꦒꦂꦮ:ꦱꦸꦒꦶꦃꦧꦭ:ꦱꦸꦒꦶꦃꦢꦺꦴꦚ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦧꦏꦭ꧀ꦥꦝꦱꦸꦮꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦧꦺꦃ:ꦲꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦸꦭꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦏꦭ꧀ꦢꦸꦮꦺꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦥꦢꦼꦩꦶꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦏꦁꦏꦺꦴꦏꦸꦛꦤꦶ:ꦧꦏꦭꦺꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦤꦒꦫꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦤꦺꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦥꦝꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦏꦺꦲꦺꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦥꦿꦧꦸꦫꦫꦲꦶꦏꦸꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦗꦒꦢ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦺ꧈​ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦝꦏꦸꦩꦮꦸꦭꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦥꦠꦶꦲꦺꦲꦶꦪꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦻꦴꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦃꦤꦒꦫ꧉​ꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦺꦥꦿꦧꦸꦫꦫꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦭ꧀ꦭꦼꦁꦏꦫꦱꦸꦥꦿꦧꦢꦺꦮꦶ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦤꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦢꦺꦮ:ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦩꦸ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦩꦸꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦁꦱꦤꦺ꧈​ꦲꦤꦧꦺꦏꦤꦺꦱꦛꦶꦛꦶꦏ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦏꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦭꦂꦲꦤꦝꦲꦶ꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦚꦏꦼꦥ꧀ꦮꦸꦭꦁꦏꦸ꧈​ꦧꦺꦏꦩꦻꦴꦲꦺꦴꦫꦔꦥꦲ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦸꦭꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃꦱꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦂꦠꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦝꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦪꦺꦴꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦗꦏꦉꦩ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦏꦺꦃꦉꦚ꧀ꦕꦤꦤꦺ꧈​ꦏꦫꦺꦴꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦱꦠꦩꦭꦤ꧀ꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦠꦥꦮꦶꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀꧈​ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦏꦸꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁ꧉​ꦱꦥꦤꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦭꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧈​ꦱꦶꦫꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦭꦮꦱ꧀ꦔꦝꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦠꦩꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦩꦶꦉꦁꦱ꧀ꦮꦫ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦫꦔꦤ꧀ꦔꦮꦸꦂꦲꦁꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦗꦿꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦪꦢꦺꦮꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦏꦁꦱꦶꦫꦲꦗꦥ꧀ꦫꦶꦤꦮꦼꦁꦔꦶ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫ꧉​ꦭꦃꦩꦼꦠꦸꦮ꧈​ꦩꦼꦚꦁꦔꦲꦶꦁꦭꦮꦁꦏꦁꦗꦧ꧈​ꦲꦤꦲꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦧꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦝꦠꦼꦁꦧꦁꦱꦭ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦏꦸꦱꦶꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦱꦫꦶꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦱꦶꦱꦸꦫ꧈​ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦭꦶꦥ꧀ꦮꦸꦏꦸꦮꦛꦸꦒꦸꦤꦸꦁ:ꦏꦺꦴꦮꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦲꦁꦒꦫꦏꦱꦶꦃ꧉​ꦮꦸꦏꦸꦒꦭꦸꦔꦤ꧀ꦥꦫꦤꦤꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦩꦸ꧈​ꦲꦗꦏꦸꦮꦠꦶꦂꦲꦶꦁꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦺꦴꦮꦼꦮꦶꦱ꧀ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦭꦤ꧀ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦫꦛꦸꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦶꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦏꦸ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦠꦸ:ꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧉​

ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦤꦩꦸꦁꦒꦤ꧀ꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦮꦔꦶꦩꦼꦊꦏ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦩꦼꦝꦸꦤ꧀ꦧꦸꦫꦁꦏꦁꦔꦤ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃꦏꦭꦁꦏꦸꦁ꧉​ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦚ꧀ꦕꦸꦥ꧀ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦲꦶꦫꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦼꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦮꦲꦶꦁ꧈​ꦱꦼꦧꦸꦠꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦪꦧꦛꦫ꧈​ꦏꦼꦫꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦫꦸꦁꦏꦸ꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦒꦸꦩꦼꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦫꦺꦤꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦩꦸꦱꦺꦴꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦿꦕꦸꦠ꧀ꦮꦫꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦭꦶꦁ​ꦔꦭꦶꦁꦔꦶꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦝꦁ꧈​ꦲꦚꦸꦩꦼꦉꦩꦏꦼꦤ꧀ꦥꦝꦁꦔꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦒꦁꦱꦭ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀꧈​ꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦲꦤ꧀ꦔꦮꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦧꦒꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦠꦶꦩꦸꦂ꧉​ꦱꦠꦩ:ꦱꦠꦺꦴꦩꦶ:ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​

ꦮꦸꦱꦤꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦱꦩꦶꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦲꦥꦏꦁꦥꦝꦢꦢꦶꦏꦉꦥꦶꦫ꧈​ꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦠꦶꦫꦒ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦲꦺꦴꦩꦲꦶꦫ꧈​ꦱꦠꦩ:ꦱꦠꦺꦴꦩꦶ:ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦧꦝꦺꦔꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦫꦛꦸ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦸꦮꦶꦠꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦏꦸꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦉꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦠꦸꦫꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦸꦛꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦤꦼꦏꦼꦂꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸ:ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦝꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺꦥꦿꦧꦸꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦏꦂꦱꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦉꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦿꦁ꧉​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦶꦫꦩꦸꦭꦶꦲ:ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦤꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦭꦸꦫꦸꦒꦤ꧀:ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦼꦥꦸꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦤꦸꦭꦶꦠꦼꦏ꧈​ꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦠꦩ:ꦱꦠꦺꦴꦩꦶ:ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦩꦶꦠ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦧꦶꦔꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦝꦃꦫꦛꦸ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤꦱꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦛꦶꦲꦥꦥꦫꦧ꧀ꦢꦺꦮꦭ꧀ꦭꦼꦁꦏꦫ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦲꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦤꦚ꧀ꦕꦺꦤꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦸꦏꦶꦂꦥꦶꦤꦶꦤ꧀ꦝꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦶ:ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦤꦫꦛꦸ꧉​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦮꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦮꦢꦺꦴꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦫꦺꦠꦃꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ:ꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦭꦶꦲꦱ꧀ꦠꦸꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦩꦤꦮꦶꦥꦼꦫꦁ:ꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧈​ꦔꦁꦒꦂꦱꦧꦼꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦢꦼꦫꦒꦼꦩ꧀ꦱꦸꦏꦸꦥꦚ꧀ꦕꦭ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ:ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦭꦶꦲꦠꦸꦱ꧀ꦩꦮꦶꦲꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤ꧀​ꦲꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦼꦫꦁ:ꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦠꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦲꦚꦺꦴꦛꦺꦕꦸꦤ꧀ꦢꦿꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦢꦤꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ:ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦏꦤꦏꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦭꦶꦲꦠꦸꦱ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦼꦫꦁ:ꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦱꦚ꧀ꦗꦠ꧈​ꦱꦩꦶꦔꦁꦒꦂꦱꦧꦼꦠ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦗꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦗꦼꦤꦺ꧉​ꦮꦢꦤꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦄꦱ꧀ꦩꦫꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦭꦶꦲꦠꦸꦱ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦼꦫꦁ:ꦱꦩꦶꦚꦼꦥꦼꦁꦠꦺꦴꦮꦺꦴꦏ꧀ꦚꦺꦴꦛꦺꦏ꧀ꦭꦺꦮꦁ꧈​ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦢꦪꦮꦻꦴ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦤꦸꦗꦸꦱꦩꦶꦗꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦗꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦤ꧀ꦠꦶꦃ:ꦤꦼꦤꦸꦤ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦗꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿꦱꦩꦶꦫꦶꦤꦸꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦒꦩꦼꦭꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦮꦼꦒ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦂꦱꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦱꦲꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦒꦼꦩꦃꦫꦲꦂꦗ꧉​ꦮꦤ​ꦮꦤꦱꦩꦶꦧꦶꦤꦸꦧꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦱꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦠꦼꦒꦶꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦮꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ:ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦥꦫꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧉​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦊꦁꦒꦃꦲꦤ꧀ꦝꦺꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦁꦒꦮ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦊꦁꦒꦃꦲꦤ꧀ꦝꦺꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦤ꧀ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀꧉​

ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦻꦴꦧꦼꦔꦶꦔꦶꦥꦶ꧈​ꦲꦤꦱ꧀ꦮꦫꦏꦁꦏꦫꦸꦔꦸꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦲꦮꦺꦃꦥꦺꦭꦶꦁꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​ꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦒꦫꦒꦸꦮ꧈​ꦧꦏꦭ꧀ꦠꦼꦏꦲꦉꦥ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦱꦫꦶꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦏꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦏꦩꦤꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦱꦠꦿꦶꦪꦄꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧉​ꦄꦤ꧀ꦠꦫꦱꦸꦮꦺꦲꦤꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦸꦥꦤꦺꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦪꦃꦲꦶꦱꦶꦃꦗꦗꦏ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤꦶ:ꦱꦻꦴꦫꦺꦫꦢꦚꦭꦸꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦿꦏ꧀ꦲꦠꦶ꧈​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦠꦁꦏꦼꦥꦺꦏꦸꦩꦿꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦿꦩ꧈​ꦮꦔꦸꦤꦺꦩꦼꦤ꧀ꦛꦺꦭꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦱꦲꦝꦶ꧉​ꦕꦭꦛꦸꦤꦺꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦫꦛꦸꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦸꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦧꦏꦭ꧀ꦢꦶꦪꦼꦁꦒꦺꦴꦤꦶ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦪꦲꦺꦴꦫꦔꦶꦥꦶ꧈​ꦏꦪꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦮꦺꦤ꧀ꦠꦺꦲꦺ꧉​ꦧꦉꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦺꦲꦶꦧꦱꦱꦫꦸ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦭꦸꦔ:ꦲꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦥꦩꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦁꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦧꦭꦶ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦺ:ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦧꦭꦶ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧉​

ꦱꦁꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦭꦶꦃꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦢꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦠꦶꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦚꦸꦥꦼꦤ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦸꦥꦼꦤꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦺꦴꦁꦱꦢꦺꦴꦫꦢꦱꦶꦲ꧉​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ:ꦲꦗꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦏꦸꦮꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦱꦥꦏꦁꦮꦼꦫꦸꦃ꧉​ꦫꦱꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦢꦢꦶꦤꦺ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦠꦼꦩꦼꦤ:ꦏꦩꦺꦴꦏꦭꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦢꦺꦮꦏꦁꦥꦫꦶꦁꦮꦁꦱꦶꦠ꧀ꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦮꦏꦤꦺꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦏꦁꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀​ꦱꦧꦼꦤꦺꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦮꦁꦱꦶꦠ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦺꦴꦫ꧉​ꦏꦁꦏꦺꦥꦶꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦕꦶꦤꦼꦛꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦃꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦪꦺꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦥꦤꦼꦝꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦲꦗꦲꦒꦺ​ꦲꦒꦺꦩꦢꦼꦒ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦠꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦱꦶꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦥꦼꦗꦃꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦏꦁꦒꦺꦱꦮꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦤꦸꦮꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦫꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤ꧀ꦮꦻꦴ꧉​ꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦔꦿꦶꦫꦶꦱꦏ꧀ꦒꦭꦶꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦗꦿꦶꦲꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦤ꧀ꦢꦾꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦧꦼꦤꦼꦂꦲꦠꦸꦫꦶꦫꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦲꦤꦭꦺꦤꦤꦺ꧈​ꦏꦁꦥꦝꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧈​ꦥꦝꦧꦫꦶꦱ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀꧈​ꦩꦼꦤꦮꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫꦏꦁꦩꦺꦭꦶꦁꦔꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦸꦮꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦏꦩꦺꦴꦏꦭꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦂꦏꦝꦁꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦧꦭꦶꦭꦸꦲꦔꦸꦮꦶꦱꦶꦒꦮꦺ꧉​ꦆꦏꦸꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦸꦮꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺ:ꦮꦢꦤꦥꦥꦠ꧀ꦱꦶꦫꦥꦝꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦼꦭꦶꦏ꧀ꦏꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦏꦺꦥꦶꦲꦶꦏꦸ:ꦩꦤꦮꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦝꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦤ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦥꦝꦱꦺꦧꦲꦩꦫꦁꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦶꦥꦺꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃ:ꦲꦥꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦭꦏꦸꦩꦸꦥꦝꦱꦔꦢꦶꦪꦲꦢꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦪꦏꦉꦥꦶꦫꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦥꦸꦤꦥꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦔꦁꦄꦼꦪꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦲꦩꦸꦁꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦲꦺꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦤꦩꦫꦁꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦩꦭꦃꦱꦶꦫꦥꦝꦲꦗꦭꦮꦱ꧀​ꦭꦮꦱ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦢꦏꦸꦮꦠꦶꦂꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦮꦁꦱꦶꦠ꧀ꦏꦁꦏꦺꦥꦶ꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦭꦭꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦪꦶ:ꦲꦗꦲꦤꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦗꦲꦤꦏꦸꦩꦮꦮ꧉​ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦥꦝꦲꦁꦒꦮꦲꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦩꦤꦮꦏꦠꦉꦚ꧀ꦗꦸꦃꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦏꦺꦥꦶꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦂꦠꦲꦠꦸꦂꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦒꦼꦢꦧꦸꦢꦶ꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦥꦩꦶꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦩ꧀ꦲꦮꦁ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦛꦛꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦒꦸꦮ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦶꦪꦸꦥ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦮꦢꦤꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦻꦴꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦉꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀꧉​

ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁ꧉​ꦱꦤꦏ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦧꦢ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦮꦢꦸꦁ:ꦥꦛꦺꦭ꧀ꦏꦸꦝꦶ:ꦲꦫꦶꦠ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴ:ꦥꦺꦕꦺꦴꦏ꧀:ꦒꦿꦶꦗꦶ:ꦭꦶꦁꦒꦶꦱ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶ꧉​ꦱꦤꦏ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦮꦤꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤꦼꦥꦁꦏꦶꦏꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ:ꦩꦭꦃꦭꦁꦏꦸꦁꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦮꦤꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦼꦧꦏ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦏꦶꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦠꦥꦱꦫꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦶꦭ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦒꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦭꦱꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦥ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦩꦼꦢꦭ꧀​ꦩꦼꦢꦭ꧀꧉​

ꦆꦁꦏꦁꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦮꦢꦤꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦢꦼꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦲꦶꦁꦥꦠꦩꦤꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦕꦸꦕꦸꦭ꧀ꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦱꦼꦩꦼꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦠꦸꦩ꧀ꦥꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦒꦶꦭꦁ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦁꦥꦶꦚ꧀ꦗꦸꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦏꦶꦏꦶꦫꦧ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦠꦼꦊꦱꦤ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶꦔꦁꦒꦺꦥꦠꦼꦊꦱꦤ꧀ꦕꦮꦼꦤꦶꦥꦼꦛꦃ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦏꦤꦏꦮꦠꦶꦔꦁꦒꦺꦥꦠꦼꦊꦱꦤ꧀ꦔꦔꦿꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦄꦱ꧀ꦩꦫꦮꦠꦶꦔꦁꦒꦺꦥꦠꦼꦭꦱꦤ꧀ꦱꦫꦱꦃ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦾꦸꦂꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀​ꦏꦶꦤꦺꦴꦱꦺꦴꦏꦤ꧀ꦕꦶꦕꦶꦧ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦩꦶꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦱꦶꦫꦠ꧀​ꦱꦶꦤꦶꦫꦠꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦤꦼꦭꦱ꧀ꦱꦸꦏꦤꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦠꦲ​ꦠꦲ꧈​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦩꦺꦴꦁꦱꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦩꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴꦁꦒꦫꦸꦔꦺꦤꦶ꧉​ꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦃꦱꦩꦶꦥꦤ꧀ꦛꦶꦁꦔꦤ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁ​ꦕꦼꦩꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦛꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦛꦶꦭ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦁ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦱꦼꦁꦱꦼꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦲꦸꦩ꧀ꦥꦼꦠꦤ꧀ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦏꦗꦼꦁꦥꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦻꦴꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦚ꧀ꦗꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦭꦸꦁꦱꦂꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦔꦶꦗꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦲꦚ꧀ꦗꦼꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦶꦫꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔ:ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦚ꧀ꦗꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦢꦔꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦮꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦸꦱꦸꦧꦸꦤ꧀ꦢꦼꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦕꦼꦁꦏꦶꦂꦒꦝꦶꦁ꧈​ꦒꦸꦩꦾꦸꦂꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦤꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦒꦸꦩꦼꦧꦾꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦁ꧈​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦁꦒꦭꦶꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭꦒꦥꦾꦸꦏ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧉​ꦱꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦧ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦥꦭꦏꦿꦩ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦤꦼꦗꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦗꦼꦒ꧀ꦏꦸꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦪꦸꦤꦺꦏꦪꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦸꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​ꦩꦼꦤ꧀ꦢꦃꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦄꦠꦮꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦺꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦧꦲꦺꦏꦪꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦫꦸꦥꦤꦺ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦮꦺꦪꦲ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦺꦠꦸꦁꦭꦫ:ꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦫꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦩꦶꦏꦸꦁꦏꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦥꦠꦼꦊꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦮꦼꦤꦶꦱꦩꦶꦏꦿꦏꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦥꦸ꧈​ꦏꦱꦼꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦏ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏꦶꦁꦠꦺꦴꦪ:ꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦔꦭꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦭ꧀​ꦥꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦼꦊꦱꦤ꧀꧈​ꦠꦺꦠꦺꦭꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱꦢꦠꦤ꧀ꦥꦠꦠꦸ꧉​ꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦥꦗ​ꦥꦗꦭꦶꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦫꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦚꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦛꦺꦴꦭꦮꦶꦭꦶꦱ꧀ꦏꦱꦼꦩꦼꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦶꦁꦒꦠꦶꦤꦼꦥꦶ꧈​ꦲꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦱꦼꦏꦂꦏꦏꦸꦁ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶꦚꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦛꦺꦴꦭꦮꦸꦔꦸ꧈​ꦏꦱꦼꦩꦼꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦢꦫꦒ꧈​ꦲꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦒꦝꦸꦁꦩꦭꦛꦶ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦏꦤꦏꦮꦠꦶꦚꦩ꧀ꦥꦶꦔꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦛꦺꦴꦭꦥꦼꦛꦃꦏꦱꦼꦩꦼꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦝꦸꦁꦥꦿꦢꦠꦤ꧀ꦲꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦥꦺꦴꦝꦁꦱꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦄꦱ꧀ꦩꦫꦮꦠꦶꦚꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦛꦺꦴꦭꦗꦼꦤꦺ꧈​ꦏꦱꦼꦩꦼꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦝꦁꦔꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦭ꧀ꦱꦶꦤꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦲꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦧꦔꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦏ꧀꧉​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈​ꦧꦺꦴꦫꦺꦃꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦕꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦱꦼꦫꦠꦶꦤꦿꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦭ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦶꦲꦶꦱꦼꦏꦂꦠꦭꦸꦏꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦤꦒꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦕꦶꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦼꦏꦂꦮꦻꦴ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦉꦥꦶꦭꦤ꧀ꦠꦿꦃ​ꦭꦤ꧀ꦠꦿꦃ꧈​ꦚꦩ꧀ꦥꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦶꦤꦺꦫꦺꦢ꧀ꦉꦔꦼꦁ​ꦉꦔꦼꦁꦲꦺꦕꦱꦩꦶꦩꦶꦛꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦁꦱꦪꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦫꦸꦤ꧉​ꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦩ꧀ꦥꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦠꦏ꧀:ꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦥꦝꦔꦿꦸꦱꦏ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦱꦂꦠꦲꦤꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦂꦮꦶꦭꦶ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦮꦤꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦶꦔꦸꦁ꧈​ꦲꦠꦮꦏꦭꦥ꧀꧈​ꦠꦼꦤꦒꦩꦸꦏꦪꦮꦺꦴꦁꦧꦫꦶꦁ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦠꦠꦏꦿꦩ꧉​ꦄꦥꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦃ:ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦧꦸꦥꦠꦶ꧉​ꦎꦭꦺꦃꦩꦸꦔꦒꦺꦠꦶ​ꦒꦺꦠꦶ꧈​ꦲꦁꦒꦼꦠꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦫꦠꦧꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦤꦼꦧꦱꦱꦏꦼꦛꦶ:ꦏꦒꦺꦠꦺꦲꦠꦶꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦭꦶꦥꦸꦂ꧉​ꦄꦥꦮꦺꦴꦁꦏꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦢꦶꦱꦩ꧀ꦧꦼꦂꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦪꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦶꦢꦶꦫꦚ꧀ꦗꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦥꦠ꧀꧈​ꦩꦸꦒꦢꦶꦱꦫꦧꦲꦶꦁꦲꦁꦒꦁ​ꦲꦁꦒꦁ꧈​ꦱꦶꦢꦶꦠꦸꦮꦼꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦗꦼꦤ꧀ꦛꦶꦏ꧀ꦢꦶꦏꦼꦛꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠ꧈​ꦢꦶꦧꦸꦒꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦺꦩ꧀ꦧꦸꦃ​ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦸꦃ:ꦱꦸꦁꦏꦤ꧀ꦔꦫꦤꦶ꧈​ꦢꦶꦫꦩ꧀ꦥꦺꦴꦒꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦁꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸ꧈​ꦢꦶꦏꦶꦫꦶꦩꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁ:ꦧꦺꦴꦫꦺꦃ꧈​ꦔꦁꦒꦺꦴꦱꦮꦶꦪꦃ​ꦮꦶꦪꦃ:ꦲꦁꦏꦸꦲꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦗꦩꦏ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦢꦶꦒꦮꦺꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀꧈​ꦫꦸꦩꦼꦁꦏꦸꦃꦏꦪꦏꦪꦩꦫꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦺ꧉​ꦄꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦧꦶꦔꦸꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦲꦥꦲꦺꦴꦫꦔꦿꦸꦔꦸ:ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦥꦢꦸꦱꦤꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦏꦒꦸꦔꦤꦺꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦿꦶꦤꦫꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦠꦸꦗꦸꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦥꦤꦸꦗꦸꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦁꦱꦶꦫꦩ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦉꦁꦔꦤ꧀:ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦠꦶ꧉​ꦭꦸꦮꦶꦃꦧꦼꦒ꧀ꦗꦏꦥꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦏꦸꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦢꦢꦶꦩꦸꦁꦢꦏ꧀ꦥꦠꦿꦥꦶꦏꦊꦧꦸꦲꦶꦁꦭꦫꦔꦤ꧀ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦢꦏ꧀ꦝꦺꦝꦺꦭꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦧꦱꦏ꧀ꦤ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦩꦭꦶꦏ꧀ꦱꦸꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦲꦔ꧀ꦭꦫꦁꦔꦶꦔꦁꦒꦺꦴꦲꦉꦥ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦭꦫꦁꦔꦶ꧉​ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦲꦏꦸꦏꦁꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦺꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦢꦢꦶꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦏꦥꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦥꦝꦮꦺꦴꦁꦲꦔ꧀ꦭꦫꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦶꦪꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦧꦻꦴꦭ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ:ꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦏꦶꦭꦸꦫꦃ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦱꦸꦩꦻꦴꦂꦧꦼꦁꦔꦶꦱ꧀:ꦧꦁꦏꦿꦃ:ꦲꦶꦏꦸꦥꦢꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦭ꧉​ꦥꦢꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦱ꧀ꦏꦧꦸꦠꦸꦃ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦤ꧀ꦩꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦢꦏ꧀ꦝꦺꦝꦺꦭꦶ꧉​ꦩꦸꦭꦶꦃꦲꦱꦿꦸꦮꦭꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦔꦿꦉꦥ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦊꦊꦉꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦔꦶꦁ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦔ꧈​ꦏꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦝꦺꦝꦺꦭꦶ:ꦏꦠꦁꦒꦼꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦉꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧉​ꦄꦭꦸꦮꦸꦁꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦭꦺꦴꦮꦸꦁ꧉​ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦢꦸꦏ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦮꦼꦭꦱꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦏꦮ꧀ꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧉​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦤꦺꦏꦸꦭꦩꦠꦸꦂꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦮꦮꦔꦶ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦉꦁꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧈​ꦲꦗꦏꦏꦺꦲꦤ꧀ꦕꦫꦺꦮꦺꦠ꧀ꦱꦁꦱꦪꦩꦤꦱ꧀ꦲꦠꦶ:ꦔꦁꦒꦺꦴꦫꦶꦤ꧀ꦠꦶꦃ​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦶꦃꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦸꦕꦸ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦴꦩꦸꦤꦸꦭꦶꦲꦸꦭꦸꦁꦤ꧈​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦔ꧀ꦭꦸꦥꦸꦠꦶꦁꦥꦠꦶꦩꦸ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦩꦠꦶ:ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦺꦤꦺꦴꦩ꧀ꦫꦸꦥꦩꦸꦲꦧꦒꦸꦱ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦔꦏꦸꦮꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦶꦤꦁꦏꦩꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦮꦤꦶ​ꦮꦤꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦥꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦽꦁꦏꦸꦃꦩꦸꦏꦸꦩꦫꦏꦼꦠ꧀ꦏꦪꦱꦤꦏ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦢꦸꦢꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺ꧈​ꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦺꦴꦉꦉꦥ꧈​ꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦏꦸꦮꦼꦭꦱꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦭꦸꦥꦸꦠꦧꦶꦭꦻꦩꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦔꦽꦉꦥ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦭꦗꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦢꦸꦏꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦒꦿꦶꦪꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦱꦩꦁꦏꦺꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦉꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦁ:ꦲꦶꦏꦶꦧꦱꦏ꧀ꦤ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦏꦺꦃꦭꦺꦭꦺꦮꦤꦺ꧈​ꦢꦶꦠꦏꦺꦴꦤꦶꦱꦻꦴꦫꦺꦩꦩꦤꦱ꧀ꦲꦠꦶ꧈​ꦱꦸꦩ꧀ꦭꦺꦴꦤꦺꦴꦁ:ꦲꦺꦴꦫꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦥꦺꦱꦩꦤꦏ꧀꧈​ꦲꦥꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦶ꧉​ꦌꦁꦒꦭ꧀ꦔꦏꦸꦮ꧈​ꦱꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦱ꧀ꦠꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦄꦫꦸꦩ꧀ꦥꦫꦁꦠꦸꦮꦁꦱꦸꦩ꧀ꦧꦒꦥꦚ꧀ꦗꦶꦔꦿꦫꦔꦶꦤ꧀ꦗꦼꦧꦠ꧀ꦏꦱ꧀ꦠꦸꦫꦶꦏꦸꦩ꧀ꦏꦸꦩꦏꦁꦩꦱ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦱ꧀ꦠꦏꦸꦭ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦭꦺꦫꦺꦴꦏ꧀ꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦠꦸꦠꦸꦥ꧀ꦭꦛꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦫꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿ​ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿꦢꦮꦤꦺꦫꦺꦴꦁꦭꦤ꧀ꦝꦺꦥꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦁꦩꦱ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦲꦏꦸꦱꦸꦛꦶꦏ꧀ꦔꦫꦤꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦏꦸꦥꦝꦔꦸꦤ꧀ꦢꦁꦏꦁꦩꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦏꦭꦶꦁꦲꦒꦼꦒꦼꦏ꧀ꦏꦶꦧꦱ꧈​ꦲꦏꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦝꦥꦝꦢꦶꦪꦏꦸꦧꦺꦴꦗꦺꦴ꧉​ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦲꦏꦭꦺꦱꦶꦗꦼꦤꦠ꧀ꦩꦫꦁꦏꦿꦩꦠ꧀꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠꦶ:ꦔꦁꦏꦃꦥꦸꦤꦥ꧈​ꦠꦶꦪꦁ:ꦱꦩꦶꦩꦶꦂꦱ꧈​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦧꦼꦔꦶꦱ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤꦺꦩꦼꦭꦸꦲꦺꦢꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦧꦪꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦏꦱꦸꦥꦼꦤꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦢꦺꦴꦫꦢꦱꦶꦃꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦝꦱꦂꦚꦠꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦥꦱꦁꦥꦠꦸꦠꦺꦲꦥꦿꦧꦸꦏꦢꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩꦸ꧈​ꦲꦺꦩꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦶꦢꦢꦶꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦼꦚꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦤꦱꦧꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦔꦪꦺꦴꦤꦶ꧉​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦭꦸꦔꦲꦱꦏꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ꦩꦸꦭꦤ꧀ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠ꧀ꦩꦸꦠꦶꦁꦒꦊꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧉​ꦝ꧀ꦮꦸꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦗꦏꦏꦺꦲꦤ꧀ꦥꦢꦸ꧈​ꦩꦸꦭꦶꦲꦏꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧉​ꦄꦔꦸꦂꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦠꦶ꧉​ꦱꦏꦲꦶꦁꦩꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦏꦸ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦸꦁꦢꦏ꧀ꦛꦼꦛꦼꦭꦶꦧꦲꦺ꧉​ꦌꦁꦒꦭꦲꦸꦭꦸꦁꦤ:ꦩꦸꦥꦸꦁꦲꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ:ꦏꦭꦪꦤ꧀ꦧꦱꦔꦺꦴꦏꦺꦴ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦲꦥꦱꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ꧈​ꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ꦏꦸꦱꦸꦩꦼꦗꦢꦏ꧀ꦠꦸꦠꦏꦺ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦤꦲ:ꦲꦏꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦮꦸꦭ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ꦏꦸꦲꦏꦸꦏꦭꦶꦭꦤꦲꦁꦒꦝꦸꦃꦧꦲꦺ꧈​ꦭꦫ:ꦥꦠꦶ:ꦱꦸꦩꦼꦗꦢꦏ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶ꧉​ꦎꦭꦺꦃꦏꦸꦠꦶꦁꦒꦭ꧀ꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦒꦸꦮꦮꦶꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦼꦩꦸꦥꦠꦶ꧉​ꦆꦪ:ꦩꦺꦴꦁꦱꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦲ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦸꦤꦸꦱ꧀ꦥꦼꦝꦁꦱꦂꦮꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦢꦶꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ:ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦏꦭ꧀ꦩꦠꦶ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤꦫꦸꦧꦸꦠ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦶꦤꦼꦝꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦮ:ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩꦼꦱꦼꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ:ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦔꦫꦶꦃ​ꦲꦫꦶꦃ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦪꦪꦶ:ꦢꦺꦤꦺꦥꦝꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧉​ꦌꦩꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦪꦸꦩꦸ꧉​ꦄꦔꦸꦂꦠꦸꦮꦼꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦚ꧀ꦕꦶꦔꦶꦁꦲꦭꦶꦱ꧀ꦥꦝꦭꦸꦫꦸꦧꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦠ꧀ꦩꦸꦮꦺꦴꦁꦥꦥꦠ꧀ꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫꦤꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦠꦸꦫꦺꦴꦤ꧀ꦧꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱꦸꦂꦒꦸꦭꦶꦁ꧈​ꦥꦢꦧꦤ꧀ꦢꦤꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦼꦩ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦩꦸ꧈​ꦧꦼꦝꦶꦊꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦮꦔꦶ꧈​ꦥꦝꦏꦿꦩꦱꦤꦲꦺꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦺꦴꦫꦤꦺꦱꦸꦩꦼꦗꦢꦏ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦪꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦼꦝꦁꦫꦶꦱꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔꦸꦤꦸꦱ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦏꦠꦩꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦮꦸꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦩ꧀ꦧꦂꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦉꦤ꧀ꦠꦃ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦝꦱꦪꦃ꧉​ꦥꦼꦝꦁꦩꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦠꦸꦁꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦌꦩꦤ꧀​ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦤꦺꦠꦿꦩꦸꦭꦶꦪꦼꦥ꧀ꦲꦭꦶꦤ꧀ꦢꦿꦶ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦧꦼꦁꦔꦶꦱ꧀:ꦩꦫ:ꦩꦊꦱ꧈​ꦲꦥꦏꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦩꦏ꧀ꦤ꧈​ꦢꦏ꧀ꦠꦝꦲꦶꦲꦠꦼꦥꦸꦁꦥꦝꦥꦿꦮꦶꦫ꧈​ꦔꦢꦸꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦠꦼꦒꦸꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦩꦊꦱ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦮꦼꦢꦶꦩꦫꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦆꦁꦱꦻꦏꦶꦲꦏꦸꦱꦸꦛꦶꦏ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦩꦼꦁꦱꦃꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦤꦔꦶꦱ꧀ꦱꦂꦮꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦶꦪ:ꦢꦏ꧀ꦲꦠꦸꦫꦏꦺꦩꦫꦁꦄꦼꦪꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦎꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦤꦼꦩꦸꦢꦸꦢꦸꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦚꦉꦁꦔꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧉​

ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦁꦄꦼꦪꦁ:ꦱꦩꦶꦲꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦶꦫꦥꦝꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦝꦲꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦔꦸꦗꦸꦁꦲꦶꦁꦢꦭꦩꦏ꧀ꦏꦤ꧀:ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦔꦶꦱ꧀ꦏꦸꦭ:ꦄꦼꦪꦁ꧈​ꦏꦸꦭꦱꦩꦶꦲꦢꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂꦲꦤꦺꦩ꧀ꦲꦧꦒꦸꦱ꧀꧈​ꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦸꦭꦏꦺꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦱꦤꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦉꦔꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦢꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦭꦃꦲꦔꦸꦔꦸꦢꦁ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦗꦱꦶꦫꦮꦤꦶ​ꦮꦤꦶ꧉​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ꧈​ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦁꦩꦼꦁꦏꦸꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦺꦴꦏꦸꦂꦧꦒꦺꦱꦶꦫꦥꦝꦏꦠꦼꦩꦸꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦆꦁꦱꦻꦏꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦝꦩꦸꦭꦶꦲꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦮꦸꦱ꧀ꦏꦶꦤꦼꦥꦸꦁ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦔꦼꦥꦸꦁ:ꦲꦶꦪꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦥꦼꦫꦁꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦄꦼꦪꦁ꧈​ꦏꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀ꦧꦝꦺꦭꦗꦼꦁꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦪ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦩꦸꦭꦶꦲ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦔꦠꦶꦪꦠꦶ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦻꦴꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦩꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦧꦫꦶꦱ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦱꦃꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦼꦥꦁ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦤꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦱꦸꦱꦃ꧈​ꦏꦥꦫꦒꦲꦶꦁꦱꦱꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦏꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦕꦶꦕꦶꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦶꦫꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦱꦏꦶꦠ꧀ꦫꦸꦩꦧ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦊꦏ꧀ꦏꦶꦱꦶꦭꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀ꦲꦶꦱꦶꦁ​ꦔꦶꦱꦶꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦪꦺꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦱꦱꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦱꦃꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦏ꧀ꦏꦶꦏꦭꦪꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦱꦏꦼꦝꦥꦒꦼꦫꦶꦁꦫꦒꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝ꧉​ꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦱꦩꦶꦏꦏꦼꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦚꦸꦭꦸꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦩꦺꦤꦶ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦮꦻꦴꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦴꦮꦸꦂꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦉꦁꦔꦶꦁꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦒꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦒꦶꦏꦶꦮꦉꦒꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦺꦁ:ꦱꦩꦶꦏꦴꦮꦸꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦧꦿꦲꦶ꧉​ꦠꦂꦏꦝꦁꦏꦊꦉꦱꦤ꧀ꦥꦠꦶꦊꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀​ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦠꦂꦏꦝꦁꦲꦔ꧀ꦭꦼꦱꦽꦱꦶꦥꦱꦺꦴꦮꦤꦶꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦁꦔꦶ꧉​ꦝꦼꦩꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦒꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦫꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦢꦭꦶꦤ꧀ꦢꦶꦁꦔꦶꦱꦶꦁꦫꦃꦲꦸꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦼꦝꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦧꦁ:ꦱꦏꦭꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦠ꧀ꦫꦸꦩꦧ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​

ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦼꦭꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦥꦠꦶꦃ:ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒꦶꦫ꧈​ꦥꦿꦏꦫꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦥꦝꦔꦼꦥꦸꦁꦏꦸꦛ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦏꦁꦔꦼꦥꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦱꦶꦭꦸꦩꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦏꦸꦮꦠꦺꦴꦱꦶ:ꦤꦩꦸꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦲꦔꦁꦒꦺꦤꦶꦏꦛꦶꦭ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦒꦸꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦺꦮꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤ꧈​ꦱꦏꦼꦠꦶꦲꦤ꧀ꦢꦸꦥꦫ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦉꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦼꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦥꦚꦤ꧉​ꦩꦶꦭꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦲꦢꦸꦱ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦏꦮꦸꦭ꧉​ꦥꦠꦼꦊꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦏꦮꦸꦭꦩꦤꦃ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦸꦭꦮꦺꦏꦤꦶ꧉​ꦮꦸꦱꦤꦧꦝꦸꦒꦸꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦥꦸꦂꦱꦩꦶꦏꦮꦶꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦭꦃꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶꦏꦮꦸꦭꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦶꦚ꧀ꦗꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦃꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦮꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦼꦭꦏꦁ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦩꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦶꦚ꧀ꦗꦼꦤ꧀ꦱꦲꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦱꦢꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦲꦢꦸꦱ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦏꦮꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦱꦼꦏꦂ꧉​ꦄꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦶꦏ꧀​ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦢꦢꦺꦴꦠ꧀ꦏꦮꦸꦭꦏꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦱꦂꦠꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦒꦼꦠꦏ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦱꦏꦮꦤ꧀ꦏꦒꦼꦠ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦩꦤꦃꦠꦫꦠꦧꦤ꧀ꦏꦫꦶꦔꦼꦠ꧀ꦱꦩꦶꦫꦺꦮꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦥꦤꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦱꦉꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦺꦴꦭꦶꦃ:ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦒꦺꦠ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦮꦢꦤꦥꦔꦗꦼꦁꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦥꦲꦺꦴꦫꦱꦶꦫꦠꦏꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦏꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦥꦔꦏꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦪꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦼꦪꦁꦢꦊꦩ꧀ꦏꦔꦁꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀꧈​ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦲꦏꦼꦤ꧀ꦒꦝꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦱꦸꦥꦺꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦥꦚ꧀ꦗꦁ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦫ:ꦲꦺꦭꦶꦁ​ꦲꦺꦭꦶꦔꦼꦤ꧀ꦱꦥꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦏꦁꦠꦂꦠꦤ꧀ꦠꦸ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀​ꦲꦺꦔꦼꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦒꦥꦚ꧀ꦗꦶꦄꦔꦿꦫꦔꦶꦤ꧀ꦗꦼꦧꦠ꧀ꦏꦱ꧀ꦠꦸꦫꦶꦔꦩ꧀ꦧꦂꦏꦸꦩ꧀ꦏꦸꦩꦏꦏꦁꦩꦱ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦠꦸꦠꦸꦥ꧀ꦭꦛꦶ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦤꦮꦠꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏ꧉​ꦥꦉꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦢꦪꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦸꦏ꧉​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪꦱꦴꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦝꦮꦸꦃꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦲꦤꦧꦸꦲꦠꦼꦔꦼꦫꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦶꦫꦝꦶꦔꦶꦤ:ꦲꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦤꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦢꦤ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦮꦤꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦥꦝꦔꦼꦥꦸꦁꦤꦒꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱ:ꦱꦶꦫꦱꦶꦂꦤꦏ꧀ꦤ:ꦲꦗꦲꦤꦏꦫꦶ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦢꦶꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦮꦢꦤ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧉​

ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦼꦫꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺ:ꦧꦺꦫꦶ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦛ:ꦱꦩꦶꦏꦻꦴꦔꦼꦭꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦫꦸꦧꦸꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦩꦸꦠ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦺꦭꦺꦁꦲꦔꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦭ꧉​ꦔꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦶꦔ꧀ꦭꦸꦁꦫꦗꦛꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶ:ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦠꦶꦠꦶꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦲꦔꦁꦒꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦩꦏꦸꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦱ꧀ꦠꦶꦤꦫꦺꦠꦼꦱ꧀꧈​ꦔꦗꦼꦁ:ꦮꦶꦁꦏꦶꦁ:ꦩꦮꦶꦒꦫꦸꦝ꧈​ꦗꦩꦁꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦫꦺꦠꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦔꦁꦒꦺꦱꦸꦩ꧀ꦥꦶꦁꦱꦲꦏꦭꦸꦁꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦔꦁꦒꦺꦒꦼꦭꦁꦱꦂꦠꦏꦼꦭꦠ꧀ꦧꦻꦴꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦢꦶꦁ꧉​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦫꦺꦠꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦕꦭꦤꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦱꦂꦮꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ​ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧉​ꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦔꦁꦒꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦏꦱꦼꦧꦸꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦩꦸꦫꦶꦃꦲꦺꦁꦒꦭꦶꦁꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ:ꦧꦶꦝꦭ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦉꦒ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃꦲꦩꦺꦴꦂꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦲꦔꦶꦤ꧀ꦥꦿꦲꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦭꦺꦱꦸꦱ꧀꧈​ꦉꦢꦶꦱꦩꦶꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦒꦸꦩ꧀ꦭꦸꦝꦸꦏ꧀ꦗꦮꦃꦲꦮꦸꦱꦂꦠꦏꦫꦶꦏꦶꦭ꧀꧈​ꦠꦼꦝꦸꦃꦝꦼꦝꦼꦠ꧀ꦱꦽꦔꦺꦔꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧉​

ꦆꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦼꦥꦁ:ꦱꦉꦁ꧈​ꦩꦶꦉꦁꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦁꦒꦼꦒꦼꦠꦼꦂꦫꦶ꧉​ꦱꦢꦪꦲꦁꦒꦿꦻꦠ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦼꦫꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦎꦉꦒ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦩꦶꦉꦁꦱ꧀ꦮꦫꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔꦮꦸꦂꦥꦼꦫꦁꦒꦫꦸꦧꦸꦃ꧉​ꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦚ꧀ꦗꦠꦤꦶ꧈​ꦏꦗꦼꦁꦲꦒꦼꦁ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦺꦭꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦥꦺꦫꦺꦁꦒꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦥꦾꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦩꦼꦁꦱꦃ:ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕ:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦫꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦲꦩꦺꦴꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦲꦔꦶꦤ꧀ꦥꦿꦲꦫ꧉​ꦧꦸꦩꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦶꦤꦺꦴꦚ꧀ꦗꦶꦁ꧉​ꦗꦮꦃꦏꦫꦶꦏꦶꦱꦂꦠꦱꦺꦭ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦒꦠ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦼꦁꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦫꦩꦺ:ꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀ꦥꦿꦠꦶꦁꦏꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦚ꧀ꦗꦠꦤꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦮꦸꦂ​ꦫꦮꦸꦫꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠ꧀ꦏꦛꦃꦏꦧꦸꦗꦼꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦱꦺꦭꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦫꦶꦩꦶꦱ꧀ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦠꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦲꦶꦁꦱꦺꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦶꦤꦸꦭꦁꦲꦗꦶꦥꦔꦩ꧀ꦥꦁ​​ꦔꦩ꧀ꦥꦁꦔꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦤꦩꦸꦁꦱꦺꦭꦭꦤ꧀ꦏꦫꦶꦏꦶꦭ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀​ꦠꦭꦶꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦔꦺꦁꦔꦶꦔꦶ:ꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦸꦁꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦏꦫꦶꦏꦶꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦼꦉꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦔꦸꦁꦱꦶ:ꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦔꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁ:ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦠꦸꦩꦼꦔ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦠꦤ꧀ꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦏꦱꦥꦶꦃꦲꦶꦁꦢꦭꦸ꧈​ꦥꦼꦫꦁꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁꦢꦭꦸꦱꦩꦶꦱꦸꦏ​ꦱꦸꦏꦲꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​

ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦢꦭꦸꦱꦩꦶꦝꦼꦝꦼꦥ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦥꦶꦠꦼꦏꦸꦂ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦕꦶꦥ꧀ꦠ:ꦲꦩꦸꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦏꦸꦮꦠ꧀ꦥꦶꦫꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦗꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦏꦸꦢꦸꦢꦸꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦢꦢꦶꦪꦩꦠꦶ:ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸ꧉​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦭꦒꦶꦗꦶꦤ꧀ꦫꦸꦕꦃꦧꦲꦺ:ꦱꦩꦤꦺꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦺ꧉​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦏꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦼꦠꦸ꧈​ꦏꦺꦲꦺꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦩꦼꦠꦸꦮ:ꦱꦥꦫꦺꦮꦁꦏꦸꦤꦝꦲꦶ꧉​

ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦗꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦔꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃ꧉​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦩꦶꦏꦚ꧀ꦗꦶ꧈​ꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦸꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦸꦠꦸꦒ꧀ꦒꦶꦏꦫꦶꦏꦶꦭ꧀ꦩꦶꦭꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦏꦮꦸꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦤꦩꦸꦁꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀꧉​

ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦏꦶꦁꦏꦠꦼꦧꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦆꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦠꦶꦔꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦱꦉꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦚꦻꦱꦠꦺꦴꦩꦶꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦃ​ꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤꦔꦶꦱ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦮꦱ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦫꦶꦱꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦏꦺꦃꦫꦸꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦔꦶꦱꦫꦠ꧀ꦲꦫꦸꦥꦧꦚꦸ꧉​ꦆꦏꦸꦥꦝꦱꦶꦥꦠ꧀ꦤꦩꦫꦁꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦥꦝꦮꦼꦫꦸꦲꦩꦫꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦱꦫꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦩꦼꦁꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦭꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦱꦢꦪꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏ꧉​ꦏꦾꦻꦱꦠꦩꦭꦗꦼꦁꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦃ​ꦧꦶꦔꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦲꦭꦺꦴꦏ꧀​ꦲꦭꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦸꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦭꦃꦱꦁꦱꦪꦮꦼꦮꦃꦏꦥꦸꦫꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦒꦸꦩꦿꦸꦧꦾꦸꦏ꧀ꦱꦉꦁꦔꦁꦱꦼꦒ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦒꦸꦩꦸꦭꦸꦁꦲꦸꦊꦁ​ꦔꦸꦊꦁꦔꦤ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀​ꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦥꦼꦫꦁ​ꦥꦶꦤꦼꦫꦁ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦔꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦊꦥꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦩꦶꦏꦠꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦒꦶꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦒꦶꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦗꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ:ꦱꦩꦶꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧉​ꦱꦁꦱꦪꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦼꦒꦼꦠꦼꦫꦶ꧉​ꦆꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦭꦗꦶꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧉​ꦭꦺꦱꦸꦱ꧀ꦔꦶꦢꦶꦢ꧀ꦲꦮꦺꦴꦂꦥꦼꦝꦸꦠ꧀꧈​ꦥꦼꦠꦼꦁꦱꦤꦭꦶꦏꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦔꦃꦢꦭꦸ꧉​ꦩꦼꦁꦱꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦼꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦒꦒꦥ꧀ꦒꦶꦤꦒꦥ꧀꧈​ꦗꦮꦃꦱꦁꦱꦪꦢꦼꦉꦱ꧀ꦲꦮꦺꦴꦂꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦱꦺꦭ꧉​ꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦧꦤꦶꦧꦭ꧈​ꦲꦔꦿꦸꦠꦸꦒ꧀ꦱꦺꦭꦱꦏꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦧꦶꦔꦸꦁꦧꦭꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦥꦠꦶꦁꦱꦸꦭꦪꦃ꧈​ꦏꦛꦃꦱꦸꦱꦃꦝꦮꦲꦤ꧀ꦱꦺꦭ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦼꦉꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦭꦏꦛꦃꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦝꦏꦼꦥ꧀ꦲꦱꦸꦏꦸꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦤꦸꦠꦸꦥꦶꦧꦧꦲꦤ꧀ꦤꦮꦱꦔ꧈​ꦩꦤ꧀ꦢꦼꦁꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦁꦔꦶꦁꦒꦿꦤ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦩꦠꦏ꧀ꦲꦗꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦔꦺꦝꦼꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦱꦠꦺꦴꦏꦺꦮꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦏꦠꦫꦶꦩꦃꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦭꦗꦼꦁꦠꦸꦩꦼꦔꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦏꦸꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦤꦼꦠꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦧꦾꦸꦂꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦤꦶꦧꦠꦔꦶ꧈​ꦔꦸꦁꦱꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦁꦱꦶꦱꦥꦸꦕꦏ꧀ꦏꦶꦁꦉꦢꦶ꧉​ꦥꦔꦿꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦚ꧀ꦗꦠꦤꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁꦔꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦺꦩ꧀ꦥꦺꦴꦃ꧉​ꦱꦶꦂꦤꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦱꦽꦔꦺꦔꦺꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦥꦼꦠꦼꦁ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦝꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦻꦴ꧉​ꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦭꦥꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦤꦶꦔꦭꦶꦕꦃꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩꦚ꧀ꦕꦸꦂꦲꦩꦝꦁꦔꦶꦗꦒꦢ꧀꧈​ꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦭꦥꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶ꧉​ꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦮꦶꦤꦶꦔꦭꦶꦕꦃꦪ꧉​ꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦧꦊꦉꦁꦔꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦧꦺꦃꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦫꦛꦸꦤꦺꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦥꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦱꦩꦂꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦫꦛꦸꦗꦮ꧈​ꦮꦃꦪꦸꦤꦺꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦺꦄꦼꦪꦁ​ꦄꦼꦪꦁꦏꦁꦝꦶꦔꦶꦤ꧀​ꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦮꦺꦃꦥꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦶꦫꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦂ꧉​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦮꦸꦭꦭꦩꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦤꦶꦫꦠ꧀ꦗꦮꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦠꦼꦝꦏ꧀​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦩꦛꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪ:ꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁꦔ:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦤꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤꦼꦏꦼꦂꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦏꦶꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦮꦶꦪꦂꦲꦫꦢꦶꦤ꧀ꦱꦂꦠꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦥꦕꦏ꧀ꦧꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦔꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃꦏꦭꦥ꧀ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦱꦫꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦩꦶꦭꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦒꦼꦩꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚꦺꦤꦥꦛꦺꦤꦶꦧꦫꦶꦱ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶ꧉​ꦥꦚ꧀ꦗꦮꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦏꦤꦏꦮꦠꦶ꧉​ꦥꦚ꧀ꦗꦮꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦮ:ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦄꦱ꧀ꦩꦫꦮꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦝ:ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦮꦼꦒ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦭꦠꦶꦪꦁ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦥꦕꦫꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦏꦸꦛ:ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦱꦂꦠꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦥꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦄꦼꦪꦁ:ꦱꦩꦶꦏꦮꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦂꦱꦲꦩꦔꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦛ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦁꦒꦼꦤꦃ​ꦒꦼꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶ꧉​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦱꦶꦤꦼꦁꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦭꦸꦲꦸꦂ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦥꦠꦶꦃ:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦱꦠꦩ꧉​ꦄꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦮꦱ꧀ꦠꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦮꦺꦴꦁ꧉​ꦄꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦮꦱ꧀ꦠꦢꦶꦥꦠꦶꦩꦼꦱꦶꦂ꧉​ꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦚ꧀ꦕꦁ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦕꦶꦥꦭꦶꦃ꧈​ꦤꦩꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦢ꧀ꦮꦶꦗꦮꦫ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦛꦫꦗꦸ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦲꦶꦁꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦤꦒꦫ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦫꦺꦩꦏ꧈​ꦤꦩꦫꦺꦴꦁꦒꦏꦢꦸꦁ꧈​ꦄꦂꦪꦲꦶꦁꦥꦫꦏꦤ꧀ꦠꦶꦒ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦝꦁꦮꦼꦱꦶ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦮꦼꦤꦁ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦥꦁꦏꦭꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦒ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦕꦶꦉꦧꦺꦴꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦩꦗ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁꦭꦶꦚ꧀ꦕꦶꦱ꧀ꦤꦩꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦗꦶꦒ꧀ꦗꦮꦫ꧈​ꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦗꦪꦱꦸꦢꦶꦫ꧈​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦩꦼꦝꦁ:ꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦝꦔ꧀ꦭꦫꦁ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦒꦺꦴꦂ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀ꦄꦂꦪꦲꦶꦁꦧꦠꦸꦭꦪꦁ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦧꦠꦸꦮꦔꦶ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦏꦸꦮꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦸꦒꦼꦫꦤ꧀ꦄꦂꦪꦲꦶꦁꦱꦸꦕꦶ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦺꦢꦥꦢꦁ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦢꦾꦱꦸꦏꦱ꧀ꦩ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦱꦸꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂ:ꦢꦼꦩꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦛꦸ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦏꦺꦭꦸ:ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦗꦼꦏ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦸꦔꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦤꦽꦤꦸꦫꦠ꧀ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦫꦁ꧈​ꦤꦩꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦩꦸꦝꦶꦏ꧀ꦧꦛꦫ꧈​ꦄꦂꦪꦲꦶꦁꦏꦸꦫꦸꦩꦏ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦔꦸꦏꦸꦂ:ꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤꦱꦪ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦮꦶꦪꦤ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦁ:ꦄꦂꦪꦲꦶꦁꦕꦶꦥꦏꦸ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦫꦗꦥꦺꦴꦭꦃ:ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦩꦼꦤꦁ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦭ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦸꦤꦶꦔꦤ꧀ꦢꦼꦩꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦂ:ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦱꦲꦺꦴꦁꦒꦤ꧀ꦠꦸꦔꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦲꦶꦁꦮꦤꦗꦭꦸ:ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦄꦗꦶꦧꦫꦁ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦏꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦧꦧꦒꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦶꦝꦁꦭꦫꦁ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦭꦺꦴꦥꦱꦶꦂ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦥꦚꦫꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦩꦼꦝꦁꦏꦶꦭꦔꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦕꦶꦪꦩꦶꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦥꦸꦫ:ꦱꦁꦫꦗꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦛꦶꦁꦏꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦫꦮꦁ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦥꦫꦏꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦕꦁ:ꦢꦼꦩꦁꦲꦶꦁꦕꦶꦒꦭꦶꦃ:ꦱꦁꦗꦶꦒ꧀ꦗꦮꦫꦲꦶꦁꦕꦶꦒꦲꦺꦴ:ꦢꦼꦩꦁꦲꦶꦁꦛꦼꦒꦭ꧀ꦏꦥꦱꦤ꧀ꦢꦼꦩꦁꦲꦶꦁꦥꦽꦱꦶ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦛꦼꦒꦭ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦥꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛ:ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦕꦶꦪꦚ꧀ꦗꦸꦂ:ꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦸꦂ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦚꦸꦩꦱ꧀ꦤꦩꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧈​ꦄꦂꦪꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦂ:ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦩꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦩꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦥꦠꦿ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦔꦪꦃ:ꦔꦧꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦝꦪꦭꦸꦮꦸꦂ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦿꦶꦁꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦿꦶꦁꦠꦸꦠꦸꦭ꧀ꦤꦩꦧꦚꦏ꧀ꦧꦏꦸꦁ꧈​ꦎꦤ꧀ꦝꦩꦺꦴꦲꦶꦲꦶꦁꦱꦭꦶꦔ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦼꦔꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦭꦺꦂ:ꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦠꦶꦠꦶꦥ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦲꦩꦔꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ:ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦔꦧꦺꦲꦶ:ꦫꦺꦴꦁꦒ:ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦩꦼꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠ​ꦥꦶꦤ꧀ꦠ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦮꦢꦤꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦛꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦥꦿꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦭꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶ:ꦧꦝꦼꦲꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦪꦪꦶꦥꦿꦧꦸ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦩꦸꦱꦸꦃꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦔꦽꦧ꧀ꦢ:ꦱꦁꦱꦪꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿ​ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩꦶꦱꦶꦮꦸꦂ:ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧉​ꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦱꦸꦮꦶꦠ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦲꦔꦁꦒꦼꦥ꧀ꦩꦫꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺ꧉​ꦏꦁꦢꦢꦶꦥꦔꦸꦔꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦪꦪꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦤꦲꦶꦥꦺꦤ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦫꦶꦮꦪꦠ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦫꦶꦮꦪꦠꦺꦏꦔꦁꦄꦼꦪꦁ꧈​ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦁꦢꦼꦂꦩꦠꦸꦁꦒꦸꦧꦲꦺ꧈​ꦱꦶꦁꦢꦸꦮꦺꦩꦺꦃꦠꦼꦏ꧉​ꦏꦁꦏꦊꦧꦸꦲꦶꦁꦫꦶꦮꦪꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸ:ꦪꦪꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦠꦼꦏꦲꦶꦏꦶ꧉​ꦄꦩꦸꦁꦏꦁꦢꦢꦶꦥꦤꦱꦶꦁꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦺꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦼꦤꦼꦫꦺ:ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦱꦂꦚꦠꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦥꦩꦤꦺꦃꦧꦏꦭ꧀ꦔꦼꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦢꦸꦮꦺꦪꦥꦶꦠꦼꦥꦸꦁꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦏꦫꦤꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈​ꦏꦁꦲꦶꦏꦸ:ꦪꦪꦶ:ꦥꦶꦏꦶꦉꦤ꧀ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦭꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦲꦥꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦤꦸꦲꦺꦴꦤꦶꦫꦶꦮꦪꦠ꧀ꦲꦥꦩꦥꦒ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦠꦸꦂꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦂꦱꦏꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦺꦴꦏꦸꦂꦩꦤꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦥꦼꦫꦁ:ꦭꦗꦼꦁꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦛ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦴꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦲꦶꦁꦗꦒꦢ꧀ꦗꦮꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦏꦝꦠꦼꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ:ꦢꦺꦫꦺꦁꦧꦺꦴꦕꦺꦴꦏ꧀ꦱꦂꦠꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦧꦿꦸꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥꦲꦸꦕꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦧꦼꦤꦼꦂꦲꦠꦸꦫꦶꦫ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦏꦪꦏꦉꦥꦶꦫꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶꦥꦥꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦶꦏꦶꦫꦶꦫ꧉​ꦄꦥꦱꦶꦫꦥꦝꦲꦔꦿꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦶꦏꦶꦫꦺꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦪꦸꦤꦶꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦉꦁꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦲꦚꦸꦮꦮꦺꦤꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦔꦶꦢꦺꦤꦶ꧉​ꦩꦸꦒꦥꦝꦠꦶꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦴꦤ꧀ꦠꦼꦥꦤꦶꦫꦲꦔ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶꦤꦒꦫ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦥꦝꦢꦶꦔꦠꦶ​ꦪꦠꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦩꦸꦒꦶ​ꦩꦸꦒꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁꦱꦭꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦩꦠꦃ​ꦩꦠꦃꦧꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦁꦒꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦝꦭ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦼꦥꦁꦏꦶꦛ:ꦲꦸꦧꦼꦏ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫꦩꦥꦒ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦈꦤ꧀ꦠꦧꦶꦁꦧꦭꦲꦏꦼꦛꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦫꦁꦒꦫꦸꦧꦸꦃ꧉​ꦩꦼꦁꦱꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦶꦔꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦸꦫꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦭꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦩꦺ꧉​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦿꦁ꧈​ꦲꦔꦠꦶꦔꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃꦏꦫꦶꦱꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦱꦩꦶꦱꦸꦱꦃ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦭꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦏꦫꦶꦱꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦏꦱꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦭꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦩꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦠꦶꦪꦁꦝꦼꦝꦼꦥ꧀ꦱꦩꦶꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦂꦠꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦧꦭ:ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦫꦥꦝꦲꦩꦥꦒ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦄꦥꦥꦮꦂꦠꦤꦺꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦢꦶꦤꦩꦻꦴ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦮꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦻꦴꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦮꦱ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶ:ꦫꦗꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦄꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦮꦭ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦱꦼꦩꦸꦒꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦩꦸꦁꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦧꦶꦱꦔꦿꦸꦱꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦥꦶꦫꦁ​ꦥꦶꦫꦁꦏꦼꦛꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦧꦥ꧈​ꦱꦺꦱꦸꦏ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦔꦮꦏ꧀ꦏꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦏꦸꦢꦸꦢꦸꦩꦸꦁꦱꦸꦲꦶꦫ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦩꦥꦒ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦩꦼꦤꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦢꦭꦸꦲꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦮꦢꦤ꧈​ꦱꦂꦠꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦊꦱꦮꦺꦴꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦔꦿꦔꦶꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦠꦶꦤꦧꦸꦃꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦲꦺꦤ꧀ꦢꦿꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ:ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦥꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦲꦥꦭꦸꦩꦿꦃꦧꦲꦺ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦏꦥꦠꦶ​ꦥꦠꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦲꦉꦥ꧀ꦩꦼꦁꦏꦸꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦂꦮꦶꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦧꦭꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦱꦩꦶꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦠꦼꦒꦸꦃꦫꦺꦴꦱꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦭꦥ꧀꧈​ꦢꦸꦏꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏꦺꦲꦱꦸꦏ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦔꦮꦏ꧀ꦏꦶꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦥꦒ꧀ꦒꦺꦥꦝꦱꦶꦗꦶꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦏꦪꦲꦥꦫꦸꦥꦤꦺ:ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦗꦩꦏ꧀​ꦗꦩꦏ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦒꦂꦭꦁꦒꦠꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦼꦢꦶ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦒꦂꦭꦔꦠꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦮꦢꦤꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦫꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦧꦝꦺꦩꦸꦩꦸꦗ꧉​ꦢꦸꦥꦏꦸꦩꦸꦠꦸꦒ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦭꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦕꦶꦤꦶꦥ꧀ꦠ:ꦤꦩꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦝꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩꦤꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦩꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦩꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦮꦸꦤꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ:ꦤꦩꦸꦁꦱꦁꦧꦛꦫ꧉​ꦎꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦒꦭꦶꦃ:ꦩꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦏ꧀ꦤꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦩꦼꦁꦏꦸꦫꦠ꧀ꦗꦮꦶ꧉​ꦏꦝꦠꦼꦁꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦶꦁꦢꦭꦸꦊꦁꦒꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦼꦤꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦒꦭꦶꦃ꧉​ꦱꦤꦭꦶꦏꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦼꦢꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦒꦂꦭꦔꦠꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦶꦂꦱꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦛꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦶꦂꦱꦱꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦒꦂꦥꦭꦔꦠꦤ꧀ꦲꦩꦶꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦩꦸꦩꦸꦗ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦔꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦤꦭꦶꦏꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦱꦂꦠꦧꦶꦤꦮꦸꦂꦠꦶꦔꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦏꦒꦭꦶꦃ:ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦮꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦩꦸꦭꦤꦺ:ꦤꦶꦤꦶ:ꦱꦶꦫꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦢꦶ꧉​ꦄꦥꦏꦁꦱꦶꦫꦗꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦉꦥꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦗꦒꦢ꧀ꦗꦮ꧈​ꦏꦺꦝꦼꦥ꧀ꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀꧈​ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦝꦺꦝꦺꦩꦶꦠ꧀ꦥꦝꦱꦸꦮꦶꦠꦲꦶꦁꦱꦶꦫ꧉​ꦄꦉꦥ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃ꧉​ꦄꦉꦥꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧈​ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶ꧈​ꦱꦗꦒꦢ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦩꦝꦤꦶ꧉​ꦕꦕꦢꦶꦫꦩꦸꦁꦱꦮꦶꦗꦶ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦤꦺꦩꦤ꧀ꦮꦂꦤꦤꦶꦫ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦫꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦱꦔꦂ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦭꦏꦶ꧉​ꦆꦏꦸꦢꦢꦶꦱꦔꦫꦶꦁꦤꦒꦫ꧉​ꦥꦺꦴꦩ​ꦥꦺꦴꦩ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦏꦶꦪ꧈​ꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦂꦠꦤꦒꦫꦤꦶꦫ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦴꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ:ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦭꦥꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦮꦼꦤꦶꦁꦲꦚꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦏ꧀ꦤ꧈​ꦲꦶꦪꦧꦼꦤꦼꦂ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦲꦠꦸꦫꦶꦫꦲꦶꦏꦸ꧉​ꦥꦠꦏꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃꦲꦶꦏꦶ:ꦲꦩꦸꦁꦲꦔꦿꦩꦺꦏꦏꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦸꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦱꦶꦫ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦧꦼꦧꦼꦤꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦱꦶꦫꦭꦏꦶꦪ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦮꦸꦭꦢꦺꦫꦺꦁꦒꦝꦃꦏꦤꦶꦪꦠꦤ꧀ꦲꦶꦩꦃ​ꦲꦶꦩꦃ꧈​ꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦲꦥꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦔꦺꦩꦤ꧀ꦩꦫꦁꦤꦼꦒꦫꦤꦶꦫ꧈​ꦢꦢꦶꦤꦒꦫꦱꦔꦂ꧈​ꦩꦁꦒꦸꦁꦒꦺꦒꦺꦂꦲꦸꦫ​ꦲꦸꦫ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦩꦠꦸꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦒꦫꦶꦱꦔꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦧꦼꦤ꧀ꦥꦿꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ:ꦏꦮꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦩꦶꦁꦱꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦗꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦤꦶꦤꦶ꧉​ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦢꦺꦮꦲꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦊꦥꦠꦲꦶꦁꦲꦶꦭ​ꦲꦶꦭ꧉​ꦏꦮꦸꦭꦏꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦩꦩꦝ꧉​ꦗꦼꦤꦼꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦁꦲꦾꦁꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦢꦺꦫꦺꦁꦩꦶꦉꦁꦢꦺꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦢꦺꦮꦱꦼꦁꦏꦤ꧀ꦲꦚꦂ꧉​ꦭꦪꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦿꦸꦔꦸ꧉​ꦏꦁꦩꦻꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦫꦛꦸꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦥꦲꦩꦠꦶꦫꦒ꧈​ꦥꦩꦼꦤ꧀ꦢꦼꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦤꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦩꦫꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦏꦼꦭꦶꦁ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦏꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶ:ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦥꦫꦩꦼꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦠꦥꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦏꦠꦫꦶꦩꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦁꦲꦾꦁꦯꦶꦮꦃ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀ꦩꦪꦁ꧈​ꦒꦶꦤꦮꦩꦫꦁꦏꦲꦺꦤ꧀ꦢꦿꦤ꧀ꦢꦶꦏꦂꦱꦏꦏꦺꦢꦢꦶꦒꦼꦒꦼꦤꦼꦥꦶꦁꦢꦺꦮꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦭꦪ꧉​ꦩꦸꦭꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦫꦁꦱꦁꦲꦾꦁꦒꦶꦫꦶꦤꦛ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦺꦤꦸꦫꦸꦤꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦶꦫꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦢꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦠꦸꦮꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦔꦠꦶꦔꦭꦱꦏꦼꦝꦥ꧀꧈​ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦗꦢꦢꦶꦲꦠꦶꦤꦶꦫ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦔꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦁꦲꦾꦁꦒꦶꦫꦶꦤꦛꦲꦺꦴꦫꦔ꧀ꦭꦶꦭꦤꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦲꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦠꦼꦠꦼꦁꦒꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦭꦩꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦮꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩꦤꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦗꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦶꦮꦪꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ:ꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦮꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦻꦴꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦴꦤꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦫꦮꦸꦃ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦫꦮꦸꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦶꦠꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦗꦱꦶꦫꦲꦒꦺ​ꦲꦒꦺꦠꦶꦔꦭ꧀ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦫ:ꦤꦶꦤꦶ꧉​ꦌꦩꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦫ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦱꦺꦭꦺꦃꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦄꦼꦪꦁ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦭꦔꦼꦔꦤ꧀ꦏꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦮ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦴ:ꦱꦥꦏꦁꦮꦤꦶꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧉​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦼꦏ꧀ꦱꦧꦝꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦃꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦩꦶꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦗꦺꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦫꦮꦸꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦸꦭꦲꦗꦼꦁ​ꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦥ:ꦤꦶꦤꦶ:ꦏꦁꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀​ꦲꦉꦥ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦼꦤ꧀ꦢꦸꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦮꦸꦭꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦝꦠꦼꦁꦄꦼꦪꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦮꦸꦭꦲꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁ:ꦮꦪꦃꦠꦸꦮꦤ꧀ꦭꦩꦶꦏꦮꦸꦭꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦮꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦢꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀​ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦠꦸꦫꦸꦤꦤ꧀ꦢꦺꦮꦧꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦠꦸꦮꦤ꧀ꦩꦭꦠꦤ꧈​ꦢꦺꦮꦉꦩꦼꦤ꧀ꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦏꦃꦪꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦗꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦫꦶꦩꦩꦫꦁꦭꦏꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦏꦲꦤꦔꦉꦥꦤꦶꦫꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦢꦶꦪꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦲꦾꦁꦒꦶꦫꦶꦤꦛ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦺꦤꦸꦫꦸꦤꦶꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦫꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦢꦶ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦱꦺꦴ​ꦲꦺꦴꦱꦺꦴ꧉​ꦄꦁꦒꦸꦂꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦭꦶꦲꦩꦫꦁꦱꦮꦂꦒ꧉​ꦢꦢꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦢꦏꦢꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦏꦼꦉꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦆꦝꦼꦥ:ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦧꦼꦔꦶꦱ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦥꦼꦱ꧀ꦠꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦢꦶꦪꦸꦠꦸꦱ꧀ꦤꦸꦫꦸꦤꦶꦱꦶꦫ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦲꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦠꦸꦔꦤ꧀ꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦿꦃꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦕꦼꦏꦏ꧀ꦧꦸꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦥꦱꦶꦢꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦫꦁꦏꦃꦪꦔꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦧꦮꦤꦺ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦢꦸꦥꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦏꦸꦏꦸꦱꦶꦁꦢꦸꦥꦏꦸꦩꦼꦭꦸꦤ꧀ꦲꦔꦼꦧꦼꦏ꧀ꦏꦶꦱꦁꦒꦂꦭꦁꦒꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦝꦠꦼꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦔꦗꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦤꦲꦥ:ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃꦱꦶꦫꦲꦸꦤ꧀ꦢꦁꦩꦤꦼꦃ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦠꦸꦂꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦲꦠꦸꦫꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦄꦼꦪꦁ꧈​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ꧈​ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦮꦸꦱ꧀ꦢꦶꦕꦕꦢ꧀ꦩꦫꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦢꦶꦪꦫꦤꦶꦢꦺꦮꦧꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦭꦤꦺꦧꦔꦼꦠ꧀ꦭꦫꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦏꦃꦪꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ:ꦄꦼꦪꦁ꧉​ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦒꦶꦏꦔꦁꦄꦼꦪꦁꦲꦚ꧀ꦗꦂꦮꦤꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦼꦊꦩ꧀ꦠꦸꦠꦸꦂ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦲꦗꦏꦼꦉꦁ​ꦏꦼꦉꦁ꧉​ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦲꦸꦗꦤꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃ:ꦠꦒꦶꦲꦼꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀​ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦶꦏꦸ:ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦏ꧈​ꦩꦭꦃꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦮꦸꦱ꧀ꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦠꦸꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦚ꧀ꦗꦁꦥꦸꦤꦥꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦤꦗꦤꦲꦶꦁꦱꦩꦁꦏꦺꦴ:ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ:ꦲꦶꦪꦧꦶꦱꦏꦠꦼꦩꦸ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦶꦱꦤꦼꦩꦶꦏꦏꦺꦥꦝꦱꦻꦏꦶ꧈​ꦱꦩꦁꦱꦤꦺꦱꦶꦫꦮꦶꦱ꧀ꦲꦮꦺꦃꦲꦸꦗꦤꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦸꦗꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥ:ꦌꦪꦁ꧈​ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮ꧈​ꦲꦸꦗꦤꦶꦤꦺꦲꦩꦸꦁꦲꦭꦶ​ꦪꦭꦶꦤꦶꦫ꧈​ꦩꦠꦸꦂꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦺꦥꦸꦤꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦻꦴꦥꦩꦶꦲꦸꦗꦤꦶꦮꦂꦤꦶꦪꦠꦿ:ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦺꦩꦱ꧀ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦠꦼꦩꦼꦤ꧀​ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸꦭꦤ꧀ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦔꦸꦗꦤꦤꦶꦲꦭꦶꦪꦭꦶꦤꦶꦫ:ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦠꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦠꦼꦩꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦠꦼꦏ​ꦠꦼꦏ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦗꦔꦤꦺꦔꦁꦒꦺꦴꦲꦭꦶꦪꦭꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ:ꦱꦸꦥꦺꦏꦮꦸꦭꦏꦠꦸꦫꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦲꦸꦗꦤꦶ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦏꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦂꦧꦺꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦔꦢꦶ​ꦪꦢꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦤꦺꦃꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦲꦸꦗꦤꦶꦱꦸꦥꦺ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦔꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦸꦗꦤꦶꦤꦶꦫꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦱꦂꦠꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦩꦠꦸꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ:ꦌꦪꦁ:ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦂꦧꦺꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ꧈​ꦱꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦩꦁꦱꦤꦺꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦠꦶꦩꦼꦠꦸꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦶꦭꦸꦮꦲꦔꦶꦫꦶꦁ​ꦔꦶꦫꦶꦁꦩꦫꦁꦫꦛꦸꦤꦶꦫ꧉​ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦱꦶꦫꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦠꦼꦩꦸꦭꦤ꧀ꦏꦁꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀​ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦭꦶꦪꦭꦶꦤꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦶꦭꦶꦲꦶ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀ꦢꦢꦶꦲꦸꦗꦤꦶ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦥꦺ꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ:ꦌꦪꦁ꧈​ꦱꦏꦂꦱꦠꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦥꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮ꧈​ꦱꦂꦠꦫꦗꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦥꦶꦚ꧀ꦗꦼꦠ꧀ꦢꦫꦶꦗꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦚꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦚꦠꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦮꦧꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦗꦢꦢꦶꦲꦠꦶꦤꦶꦫ:ꦤꦶꦤꦶ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦲꦥꦸꦫꦤꦶꦫ꧉​ꦄꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦤꦶꦏꦭꦶꦫꦸ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦌꦪꦁꦒꦼꦫꦃꦩꦫꦶꦥꦠ꧀ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦢꦫꦶꦗꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦝꦱꦂꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦫꦒ꧀ꦤꦶꦤꦶ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦫꦸꦩꦼꦱꦼꦥꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦔꦗꦏ꧀ꦒꦸꦒꦸꦪꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦶꦫꦥꦝꦏꦫꦶꦪ:ꦥꦸꦠꦸ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦏꦃꦪꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦸꦁꦥꦝꦢꦶꦒꦼꦝꦺꦥꦔꦥꦸꦫꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦂꦠꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦱꦩꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦺꦫꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦠꦩꦸꦮꦢꦺꦮꦩꦼꦚ꧀ꦕꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦢꦭꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦫꦺ꧈​ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦏꦂꦱꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦲꦝꦮꦃꦔꦸꦔꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦆꦁꦗꦮꦶꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦢꦼꦩꦁ:ꦥꦼꦕꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ:ꦥꦤ꧀ꦢꦼꦊꦒ꧀ꦒꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦮꦼꦒ꧀ꦲꦔꦒꦼꦩ꧀​ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦕꦫꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦩꦏꦸꦛ꧈​ꦗꦩꦁꦱꦸꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁꦒꦼꦭꦁꦩꦮꦶꦫꦺꦫꦺꦏꦤ꧀ꦒꦫꦸꦝꦩꦗꦼꦁ:ꦩꦸꦁꦏꦸꦂ꧈​ꦩꦮꦶꦲꦤ꧀ꦠꦶꦁ​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦁ:ꦏꦼꦭꦠ꧀ꦧꦻꦴ:ꦧꦶꦒꦼꦭ꧀ꦏꦤ꧈​ꦲꦧꦧꦝꦺꦴꦁꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦥꦩꦼꦏꦏ꧀ꦱꦂꦠꦥꦼꦤ꧀ꦢꦶꦁ꧈​ꦫꦱꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦥꦸꦂꦲꦺꦴꦤ꧀ꦠꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​ꦭꦚ꧀ꦕꦶꦔꦤ꧀ꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦱꦢꦪꦧꦧꦼꦂꦏꦠꦤ꧀ꦥꦥꦫꦶꦔꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦒꦼꦩꦤ꧀​ꦲꦒꦼꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦂꦤꦶꦩꦏꦸꦛ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦗꦩꦁ:ꦧꦶꦁꦒꦼꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦶꦁ​ꦲꦤ꧀ꦠꦶꦁ:ꦧꦝꦺꦴꦁ:ꦏꦼꦭꦠ꧀ꦧꦻꦴ:ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦮꦻꦴ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧈​ꦱꦶꦤꦶꦭꦶꦃꦲꦱꦶꦃꦲꦶꦁꦩꦶꦫꦃꦤꦶꦭꦮꦶꦢꦸꦫꦶ꧉​ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦸꦒꦶꦔꦁꦒꦺ​ꦲꦁꦒꦺꦕꦫꦗꦊꦂ꧈​ꦧꦫꦁꦥꦔꦁꦒꦺꦏꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀ꦧꦫꦁꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂ꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦭꦗꦼꦁꦪꦺꦴꦱꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦸꦥꦕꦫꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦥꦶꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦧꦧꦼꦂꦏꦠꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦱꦭ꧀ꦮꦶꦠꦤ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃꦱꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦫꦫꦗꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦢꦺꦮꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦪꦪꦶꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦶ:ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦗꦲꦤꦩꦼꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦥꦝꦩꦼꦤꦼꦔꦧꦲꦺ꧈​ꦏꦠꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦼꦢꦶꦩꦫꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧉​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦫꦶꦃꦒꦭꦏ꧀ꦱꦸꦥꦪꦥꦝꦠꦼꦏꦲꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦥꦒ꧀ꦒꦺꦥꦼꦫꦁꦥꦝꦱꦶꦗꦶꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀ꦏꦭꦸꦮꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦸꦭꦥ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦩꦤꦮꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦊꦧꦸꦂꦭꦸꦭꦸꦃꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦮꦢꦤ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦱꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶꦏꦧꦺꦃ:ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧉​

ꦆꦁꦏꦁꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶ:ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦂꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦸꦔꦸꦤꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦫꦶꦱꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦧꦝꦺꦩꦊꦱ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦧꦧꦼꦂꦏꦠꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦤꦛꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦏꦴꦒꦼꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦮꦱꦶꦪꦠꦺꦝꦏ꧀ꦠꦸꦩꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦔꦱ꧀ꦛꦶꦤ꧈​ꦏꦭꦢꦤꦚ꧀ꦗꦪꦒꦶꦤꦚ꧀ꦗꦂꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦛꦫꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦩꦼꦗꦲꦶꦥꦿꦧꦸꦤꦼꦮꦠꦏꦕ꧉​ꦩꦏꦸꦛ:ꦗꦩꦁ:ꦲꦤ꧀ꦠꦶ​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦁ:ꦧꦶꦔꦼꦭ꧀ꦏꦼꦭꦠ꧀ꦧꦻꦴ꧈​ꦧꦝꦺꦴꦁ:ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ:ꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦆꦁꦩꦁꦏꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ:ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧉​ꦆꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦩ꧀ꦧꦫꦸꦧꦸꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦸꦫꦏ꧀​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔꦽꦧꦃꦤꦉꦢꦶꦱꦪꦸꦠ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦸꦁꦏꦱꦶꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦱꦩꦶꦝꦼꦝꦼꦥ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦤꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦸꦱꦲꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦁꦱꦪꦔꦁꦱꦼꦏ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁꦧꦭꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦏꦥꦸꦫꦶꦃꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦼꦠꦃꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦫꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧉​ꦮꦢꦤꦲꦩ꧀ꦧꦼꦂꦧꦧꦏ꧀꧈​ꦝꦱꦂꦥꦸꦠꦿꦶꦮꦤ꧀ꦠꦼꦂ꧈​ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧉​ꦧꦸꦮꦤꦥꦩꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦶꦢꦶꦤꦶ꧈​ꦪꦪꦶ:ꦢꦺꦤ꧀ꦔꦠꦶ​ꦪꦠꦶ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦮꦸꦭꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ:ꦤꦩꦸꦁꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦝꦫꦠ꧀꧈​ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦩꦼꦭ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦮ꧀ꦢꦤꦭꦗꦼꦁꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ​ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦭꦮꦸꦁ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦧꦧꦤ꧀ꦝꦺꦁꦔꦺꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦥꦏꦁꦥꦝꦲꦉꦥ꧀ꦩꦠꦶ:ꦩꦥꦒ꧀ꦤꦲꦶꦁꦠꦤ꧀ꦢꦶꦁꦏꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦲꦤꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩꦫ꧈​ꦥꦝꦧꦉꦁꦔꦩꦫ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦲꦶꦁꦛꦺꦴꦪꦩꦱ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦸꦫꦧꦿꦗ:ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦱꦺꦴꦏꦥꦸꦫ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦼꦠꦃꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦩꦼꦢꦭꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦢꦏ꧀ꦠꦢꦲꦶꦥꦝꦥꦿꦮꦶꦫ꧉​ꦄꦗꦲꦤꦲꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦏꦺꦲꦤ꧀ꦕꦭꦛꦸꦱꦶꦲꦱꦸ꧉​ꦩꦫ:ꦫꦶꦏꦠ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏ꧈​ꦢꦏ꧀ꦠꦝꦲꦶ꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦭꦮꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦶꦤꦼꦧꦁꦝꦠꦼꦁꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶꦏꦱꦶꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦒꦶꦤꦼꦧꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦭ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦥꦸꦫ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦸꦫꦧꦿꦗꦱꦩꦶꦔꦿꦸꦧꦸꦠ꧀ꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦶꦁꦥꦿꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦸꦧꦸꦠ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦩꦶꦁꦱꦶꦂ꧈​ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦫꦺꦥꦺꦴꦠꦤ꧀ꦏꦫꦶꦔꦼꦠ꧀ꦫꦺꦮꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏꦏꦁꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦝꦲꦤꦺꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦸ꧉​ꦆꦏꦶꦒꦠꦼꦭ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦥꦥꦠ꧀ꦱꦸꦥꦪꦩꦫꦶꦪꦒꦠꦼꦭ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦲꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦉꦁꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦸꦏ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦩꦸꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶ:ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦫꦱꦲꦶꦁꦏꦸꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦉꦁꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦊꦱ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦢꦶꦔꦠꦶꦪꦠꦶ:ꦲꦱꦸ꧈​ꦢꦏ꧀ꦮꦊꦱ꧀꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ:ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ:ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦧꦼꦁꦔꦶꦲꦶꦁꦭꦤ꧀ꦝꦺꦪꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦁꦏꦶꦱ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶꦠꦸꦠꦸꦭꦸꦁꦲꦔꦼꦠꦧ꧀ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦥꦶꦤꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦥꦸꦫ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦸꦫꦧꦿꦗ꧉​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦏꦲꦼꦧꦸꦠ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦮ:ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦤꦁꦏꦶꦱꦶ꧉​ꦥꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦧꦸꦠ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧉​ꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦤꦁꦏꦶꦫꦶ꧉​ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦧꦁꦭꦮꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦒ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦊꦱ꧀꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉​ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦱꦧꦼꦠ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦩꦊꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤ꧉​ꦠꦶꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦲꦤꦁꦏꦶꦱ꧀꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦒꦶꦤꦼꦧꦁꦭꦮꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦁ꧉​ꦱꦶꦫꦃꦲꦶꦁꦏꦥꦭ꧀ꦧꦶꦤꦸꦤ꧀ꦠꦂꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁ꧉​ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦝꦮꦃꦱꦏꦶꦁꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦱꦶꦤꦺꦴꦒꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦶꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦏꦼꦩ꧀ꦥꦶꦱ꧀​ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩꦸꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦧꦠ꧀ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦭ꧀​ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦶꦔꦃ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦲꦚꦶꦫꦶꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦱꦂꦮꦶꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴ:ꦩꦼꦠꦺꦴꦤꦤꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦉꦥ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦗꦔꦢꦸꦧꦭ꧈​ꦫꦛꦸꦤꦺꦩꦼꦠꦸꦮ:ꦢꦏ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦫꦤꦺꦥꦝꦱꦶꦗꦶ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴ:ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦩꦼꦠꦸꦮ꧉​ꦌꦩꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦲꦏꦺꦃꦩꦠꦶ꧉​

ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦥꦶꦤꦫꦏ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦼꦠꦃꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦧꦝꦺꦩꦼꦢꦭꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥ:ꦲꦗꦱꦶꦫꦲꦒꦺꦩꦼꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ:ꦲꦶꦏꦶꦮꦼꦏꦱꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦼꦠꦸ:ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦉꦁꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦒꦼꦱꦁ꧉​ꦏꦮꦸꦭꦢꦢꦺꦴꦱꦧꦧꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦝꦼꦥ꧀ꦱꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦩꦲꦏꦥꦶꦁꦱꦺꦮꦸ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦥꦢꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦥꦼꦗꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦲꦪꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦔꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦏꦺꦲꦺꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦫ:ꦧꦥ:ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧉​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦶꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦱꦁꦒꦤꦺ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦒꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦼꦭꦂꦧꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦶꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦶꦠꦪ:ꦧꦥ:ꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦏꦭꦸꦲꦸꦫꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦮꦸꦱꦤꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦭꦶ꧉​ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤ꧀ꦱꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦠꦶꦒꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦥꦤꦏ꧈​ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦧꦁꦔꦂꦱ꧈​ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦧꦁꦮꦫꦶꦃ꧈​ꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦪꦕꦥ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦶ:ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦏꦶꦤꦫꦸꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦧꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦠꦶꦃꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦚꦶꦫꦶꦒ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦏꦥꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦮꦻꦴ:ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦊꦧꦼꦠ꧀ꦥꦶꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦥꦶꦁ​ꦔꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀​ꦲꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶ꧉​ꦩꦤꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦠꦼꦧꦶꦲꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​

ꦆꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦠꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦩꦸꦤ꧀ꦠꦧ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦸꦥꦕꦫꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦥꦤꦶꦔꦭ꧀ꦏꦮꦸꦭ:ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦶꦭꦤꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ:ꦲꦶꦪ:ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦶꦭꦤꦶ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦧꦉꦁꦔꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦧꦏꦭ꧀ꦲꦩꦥꦒ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦺꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦥꦶꦠꦸ꧉​ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦿꦺꦴꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦱ꧀ꦱꦿꦮ:ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦱꦶꦤꦒꦼꦤꦶ:ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦶꦮꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸꦩꦸꦂꦠꦶ:ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦒꦤ꧀ꦠꦫ:ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦢꦶꦫ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦭꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦔꦫꦸꦁ:ꦱꦩꦶꦒꦩꦼꦭ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦸꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦶꦱꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶ:ꦩꦔ꧀ꦭꦂꦩꦺꦴꦔ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀​ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧉​ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦁꦏꦥꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦮꦭꦲ:ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦉꦁꦫꦤ:ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦫꦒ꧀ꦤꦶ:ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦥꦏꦭ꧉​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦭꦶꦱꦂꦠꦭꦶꦤꦸꦫꦸꦧꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦩꦼꦭ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦶ:ꦮꦶꦭ꧀ꦩꦤ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦉꦧꦼꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦁꦒꦮꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ:ꦤꦩꦸꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦥꦶꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦢꦸꦭꦶꦁꦮꦫꦶꦔꦶꦤ꧀ꦭꦸꦫꦸꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦭꦺꦫꦶꦁꦮꦫꦶꦔꦶꦤ꧀ꦏꦸꦫꦸꦁ꧉​ꦄꦗꦼꦁ​ꦔꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦊꦠ꧀ꦮꦫꦶꦔꦶꦤ꧀ꦏꦸꦫꦸꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦶꦫꦶꦒ꧀꧈​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦁꦭꦮꦸꦁꦱꦂꦮꦶꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦥꦼꦏ꧀ꦱꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦩꦪꦺꦴ:ꦩꦼꦠꦺꦴꦤꦤ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦗꦼꦁ:ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦮꦼꦢꦭꦤ꧀ꦏꦸꦤꦶꦔꦤ꧀ꦲꦔꦠꦺꦥꦁ:ꦮꦼꦝꦂ:ꦱꦂꦠꦲꦝꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦱꦢꦪꦲꦁꦒꦉꦒ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦚꦤ꧀ꦢꦼꦫꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ:ꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦩꦼꦁꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦩꦼꦛꦶꦏꦥꦭ꧀ꦚꦤ꧀ꦢꦼꦂ:ꦱꦥꦂꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦕꦩ꧀ꦥꦸꦃꦥꦼꦫꦁꦫꦩꦺ꧉​ꦢꦔꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦩꦺ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦏꦂꦱꦠꦸꦠꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦕꦶꦤꦩꦼꦛꦶꦚꦤ꧀ꦢꦼꦂꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦺꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥ:ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦱꦪꦃ:ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦔꦼꦩ꧀ꦧꦫꦶꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦕꦺꦴꦧꦤꦺꦏꦪꦲꦥꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦱꦪꦃ꧉​ꦩꦤꦮꦶꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦮꦿꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦸꦭꦥ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦸꦩꦼꦥꦾꦸꦂꦱꦼꦩꦸꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦺꦴꦱꦶꦏꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦒꦸꦱ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦥꦱꦁꦱꦼꦩꦸꦤꦺꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦤꦛꦢꦺꦮꦶ꧉​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦸ:ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦶꦏꦫꦺꦴꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦏꦁꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦶꦠꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦶꦫꦶꦒ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦁꦭꦮꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦔꦶꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦒꦉꦒꦼꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦏꦥꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦧꦼꦠ꧀ꦭꦮꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦱꦥ:ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸ꧉​ꦄꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦠꦿꦶꦪ:ꦲꦠꦮꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦊꦁꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦚꦶꦫꦶꦒꦏꦺꦗꦫꦤ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦁꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦪꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦩꦗꦸꦮꦩꦿꦺꦤꦺꦢꦏ꧀ꦱꦼꦱꦼꦭꦶꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦮꦝꦸꦏ꧀ꦩꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦔꦏꦸꦮꦱꦥꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸ꧈​ꦲꦗꦩꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦲꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦥꦱꦶꦫꦥꦔ꧀ꦭꦶꦁꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦢꦸꦫꦸꦁꦭꦮꦱ꧀ꦏꦭꦤꦺꦏꦠꦼꦩꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦸꦧꦪꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫ:ꦪꦪꦶ꧈​ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦼꦏꦤꦶꦥꦱꦿꦃꦥꦠꦶꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤꦶ꧉​ꦩꦤꦮꦱꦶꦫꦲꦫꦤꦶꦕꦶꦢꦿꦲꦶꦁꦲꦸꦧꦪ꧈​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦲꦔꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦭꦮꦸꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦔꦶꦤ꧀ꦗꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦩꦭꦺꦱꦺꦠ꧀ꦏꦺꦮꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ:ꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ:ꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦃ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦢꦶꦮꦤ꧀ꦠꦶ​ꦮꦤ꧀ꦠꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦭꦃꦲꦔꦸꦔꦸꦢꦁ꧉​ꦉꦠ꧀ꦤꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦠꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ:ꦲꦢꦶꦤꦶꦫꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦿꦁ꧉​ꦌꦁꦒꦭ꧀ꦠꦸꦭꦸꦔꦤ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦶꦤꦫꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦩꦼꦭꦺꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦂꦮꦶꦲꦤꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦴꦁꦗꦼꦧꦼꦁ꧈​ꦚꦁꦏꦶꦁꦱꦧꦼꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦒꦩꦼꦭꦺꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀꧉​ꦤꦔꦶꦁꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦝꦫꦠ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦥꦶꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦮ:ꦠꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦱꦩꦶꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦱꦼꦫꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦪꦪꦶꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫ꧉​ꦢꦸꦢꦸꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦩꦸ꧉​ꦆꦏꦸꦩꦸꦁꦱꦸꦲꦺꦭꦤ꧀ꦲꦏꦸ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦔꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀​ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦗꦼꦧꦼꦁ:ꦱꦂꦮꦶꦲꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴ:ꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦥꦿꦁꦭꦤ꧀ꦲꦏꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦺꦤ꧀ꦠꦁꦒꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩꦶꦂꦱꦩꦼꦁꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦫꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦝꦫꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦗꦼꦧꦼꦁꦏꦭꦶꦃꦱꦧꦼꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴ:ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦔꦺꦴꦫꦺꦫꦺꦩ꧈​ꦔꦒꦼꦩ꧀ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦂꦒꦫꦶꦁꦱꦶꦁ꧉​ꦄꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ:ꦱꦂꦮꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀:ꦲꦗꦱꦸꦱꦃ:ꦪꦪꦶ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦫ꧈​ꦗꦼꦧꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦤꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦧꦼꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦕꦶꦤꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦝꦱꦂꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦏꦉꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺ꧈​ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦤ꧀ꦠꦼꦱꦶ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦩ꧀ꦥꦸꦃꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧉​ꦮꦠꦁ​ꦮꦶꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈​ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀​ꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦶꦤꦸꦮꦼꦏ꧀꧈​ꦢꦔꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦩꦶꦥꦿꦮꦶꦫ꧉​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦭ꧀​ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦺꦴꦁ:ꦲꦺꦫꦩ꧀ꦱꦂꦠꦏꦸꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦠꦶꦮꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦢꦪꦥꦠꦶꦁꦔꦛꦶꦛꦶꦠ꧀ꦲꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦗꦼꦁꦠꦸꦠꦸꦭꦸꦁꦥꦿꦁꦲꦁꦒꦫꦸꦧꦸꦃ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦩ꧀ꦥꦶꦁ​ꦔꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦲꦸꦤꦶꦔꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦲꦔꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦥꦼꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦒꦫꦸꦧꦸꦃ꧉​ꦕꦩ꧀ꦥꦸꦃꦥꦼꦫꦁꦲꦸꦊꦠ꧀​ꦲꦸꦊꦠꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦼꦝꦁ:ꦠꦺꦴꦮꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦗꦼꦧꦼꦁ:ꦱꦧꦼꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦱꦱꦱꦒꦼꦢ꧀​ꦱꦒꦼꦢꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦩꦪꦺꦴ:ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦥꦝꦥꦼꦫꦁꦱꦝꦸꦮꦸꦫꦶꦁꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦱꦪꦃꦥꦼꦫꦁꦝꦫꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦲꦥꦱꦏꦉꦥꦶꦫ:ꦪꦪꦶ:ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦃ​ꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦶꦠꦶꦃꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦤ꧀ꦝꦥꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦁꦗꦼꦧꦼꦁꦱꦔꦶꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦶꦠꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦶꦫꦶꦒ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦁꦗꦼꦧꦼꦁ꧉​ꦢꦔꦸꦱꦩꦶꦲꦸꦧꦼꦁ​ꦔꦸꦧꦼꦔꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦩ꧀ꦧꦸꦕꦭ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶ​ꦱꦩꦶꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦫꦩꦺꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦒꦉꦒꦼꦠꦤ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁꦲꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦒꦢꦮꦮꦿꦠ꧀ꦱꦺꦮꦸꦏꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦱꦼꦫꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦢꦺꦤꦺꦔꦠꦶꦪꦠꦶ꧉​ꦠꦝꦲꦤꦒꦢꦏꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦪ:ꦠꦶꦧꦏ꧀ꦤ:ꦪꦪꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦝꦲꦤꦺ꧈​ꦒꦢꦝꦸꦩꦮꦃ꧉​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦠꦁꦏꦶꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦠ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦏꦸꦱꦂꦮꦶꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ:ꦱꦂꦮꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦲꦠꦶꦤꦺꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦩꦪꦺꦴ:ꦩꦊꦱ꧈​ꦒꦢꦏꦸꦲꦔꦺꦴꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦥꦫꦺꦠꦲꦶꦫ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦔꦮꦺꦥꦸꦁꦒꦮ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦮꦁꦱꦶꦠ꧀ꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦭꦶꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦚꦶꦫꦶꦒ꧀ꦩꦸꦧꦼꦁꦔꦶꦮ:ꦤꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦒꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧉​ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦊꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦶꦫ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦲꦚꦻꦴꦫꦶ:ꦱꦂꦮꦶꦲꦠꦁꦏꦶꦱ꧀ꦠꦔꦤ꧀:ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦫ:ꦠꦶꦧꦏ꧀ꦤ꧈​ꦒꦢꦝꦸꦩꦮꦃ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦢ:ꦏꦥꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦢꦺꦮꦶꦲꦩ꧀ꦧꦿꦸꦏ꧀ꦱꦂꦮꦶꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧈​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩꦺ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦝꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦼꦭꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦠꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦠꦶꦏꦒꦼꦠ꧀ꦩꦶꦉꦁꦲꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦄꦚꦤꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦺꦢꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦒꦸꦒꦸꦥ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦩꦸꦢꦸꦏ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦭ꧀ꦩꦤ꧈​ꦏꦮꦿꦠ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦿꦁ꧉​ꦄꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ:ꦏꦭꦶꦃꦩꦽꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦭꦶ꧈​ꦲꦝꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦺꦭꦤꦶ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦧꦸꦂꦭꦸꦭꦸꦃꦮꦶꦭ꧀ꦩꦤ꧉​ꦄꦤ꧀ꦢꦼꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦸꦤꦶꦔ:ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦺꦧꦃꦱꦢꦪ:ꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦢꦼꦩꦁ:ꦫꦺꦴꦁꦒ:ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦺꦤꦶꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁꦲꦚ꧀ꦗꦮꦲꦶꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧈​ꦏꦸꦩꦸꦫꦸꦠꦸꦒ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦫꦶꦩꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦝꦁꦱꦩꦶꦱꦸꦱꦃꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦃ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦠꦼꦒꦸꦃ​ꦠꦼꦒꦸꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦏꦱꦧꦧꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦤꦩꦸꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧉​ꦌꦮꦺꦴꦤ꧀ꦊꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦠꦶꦁꦗꦉꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦪꦺꦴ:ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦱꦶꦫꦩꦊꦱ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦥꦝꦧꦺꦏꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦪ:ꦢꦶꦔꦠꦶꦪꦠꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦊꦱ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ:ꦲꦩꦼꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦝꦺꦮ꧉​ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦥꦱ꧀ꦮꦼꦢꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦫꦸꦧꦸꦭ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦶ꧉​ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦏꦛꦃꦏꦮꦶꦫꦔꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦶꦁꦱꦭ꧀ꦩꦏꦸꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦫꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦢꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦶꦁꦱꦭ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦏꦧꦸꦂ​ꦏꦧꦸꦂꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦶꦚ꧀ꦗꦸꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦿꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦭꦫ​ꦭꦫꦲꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦂꦮꦶꦭꦶ꧉​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦫꦶꦱꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶ꧉​ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦢꦺꦫꦺꦁꦤꦠꦺꦏꦝꦠꦼꦔꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏ:ꦲꦏꦂꦱꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦩꦔ꧀ꦭꦂꦩꦺꦴꦔ꧉​ꦱꦉꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦸꦤ꧀ꦠꦧꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦩꦔ꧀ꦭꦂꦩꦺꦴꦔꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦔꦏꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ:ꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦩꦔ꧀ꦭꦂꦩꦺꦴꦔ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦩꦚ꧀ꦕꦭ꧀ꦱꦶꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦛꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦠꦼꦧꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦗꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦝꦁꦱꦩꦶꦠꦶꦤ꧀ꦠꦿꦶꦩ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦩꦧꦸꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ:ꦕꦠ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦕꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦩꦫꦱ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦲꦱꦼꦫꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦲꦗꦱꦶꦫꦧꦸꦔꦃ​ꦧꦸꦔꦃ꧉​ꦠꦝꦲꦤꦥꦤꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦥꦱꦃꦲꦶꦁꦥꦤꦃꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦺꦴꦱꦸꦤ꧀ꦒꦸꦫꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦮꦶꦗꦪꦕꦥ꧈​ꦥꦥꦫꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦧꦛꦫꦱꦸꦂꦪ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦚꦼꦥꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠ꧉​ꦥꦸꦠꦿꦶꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦉꦁꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦤ꧀ꦛꦁꦒꦤ꧀ꦝꦺꦮ꧉​ꦮꦶꦗꦪꦕꦥꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦚ꧀ꦕꦼꦁ:ꦩꦺꦴꦃꦲꦸꦕꦸꦭ꧀ꦱꦁꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦭꦺꦴꦤ꧀:ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦲꦥ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦔꦶꦚ꧀ꦕꦼꦁꦥꦤꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦩꦸꦲꦶꦏꦸꦩꦠꦶ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦢꦢꦶꦤꦺ꧉​ꦮꦼꦫꦸꦲꦤꦩꦸ:ꦤꦶꦤꦶ:ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀​ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦱꦭꦮꦱꦺ꧈​ꦝꦺꦏ꧀ꦏꦭꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦩꦸꦗꦱꦼꦩꦢꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦁꦒꦂꦭꦁꦒꦠꦤ꧀ꦏꦠꦸꦫꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧉​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦲꦩꦶꦤ꧀ꦝ​ꦩꦶꦤ꧀ꦝꦢꦺꦮ꧈​ꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦼꦤꦼꦂꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦥꦺꦤꦏ꧀ꦲꦠꦶꦏꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦼꦤꦢꦶꦱꦭꦶꦩꦸꦂꦲꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦃꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦲꦔꦸꦒꦸꦪꦸꦲꦶꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦲꦸꦗꦫꦶꦁꦢꦺꦮꦲꦺꦴꦫꦱꦶꦱꦶꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦥꦺꦤꦶꦫꦲꦤꦺꦠꦺꦱꦶ꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦔꦮꦺꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦩꦭꦗꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦥꦁꦏꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧉​ꦏꦭꦶꦃ​ꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦏꦸꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧈​ꦥꦸꦥꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦮ:ꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦤꦛꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦒꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦩꦼꦥꦾꦸꦂ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦥꦸꦠꦿꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦲꦶꦠꦼꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦗ​ꦥꦗꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦭꦶꦲ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦼꦫꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦒꦉꦒꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦩꦫꦱꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦮꦸꦱꦤ:ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦕꦼꦭꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦠꦸꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦮꦻꦴꦱꦢꦪꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦩꦶꦥꦕꦏ꧀ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕ꧉​

ꦆꦁꦏꦁꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦤꦛꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦮꦸꦱ꧀ꦲꦤꦼꦠꦼꦥꦶꦥꦼꦛꦺꦏ꧀ꦏꦺꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦮꦿꦸꦲꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦤꦸꦭꦶꦲꦤꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦧꦶꦤꦛꦫ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶꦏꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧈​ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦗꦮꦛꦏꦮꦼꦁꦏꦸꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦩꦉꦁꦏꦁ꧈​ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁꦥꦝꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦥꦶꦱꦸꦁꦱꦸꦁ꧉​ꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦁꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀ꦥꦝꦮꦼꦢꦶ꧉​ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦥꦝꦔꦮꦸꦭꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦩꦻꦴ:ꦥꦶꦤꦼꦛꦺꦃꦏꦿꦩꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦥꦝꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸꦫꦸꦥꦤꦺ꧉​ꦄꦮꦶꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦱꦶꦫꦱꦺꦭꦺꦲꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ:ꦥꦸꦠꦸ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦚꦼꦭꦤꦶ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦺꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦛꦫꦩ꧀ꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦏꦶꦂ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦢꦢꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦺꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶꦭꦤ꧀ꦱꦶꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶꦱꦂꦠꦱꦶꦏꦤꦏꦮꦠꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦄꦱ꧀ꦩꦫꦮꦠꦶ꧈​ꦥꦥꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦥꦝꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃ꧉​ꦆꦏꦸꦲꦶꦪꦢꦢꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦺꦏꦁꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦸꦁꦒꦮ:ꦲꦶꦏꦸꦏꦧꦺꦃꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦢꦶꦥꦛꦶ꧉​ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩꦺꦴꦏꦏꦺꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦒꦼꦤꦮꦠꦶ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦢꦤꦥꦥꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦧꦺꦃ:ꦲꦶꦪꦥꦝꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩꦺꦴꦏꦏꦺꦏꦫꦺꦴꦥꦸꦠꦸꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦧꦉꦁꦱꦢꦶꦤꦺꦴꦩꦼꦁꦏꦺꦴ꧉​ꦫꦱꦤꦺꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦏꦸꦕꦶꦮ꧉​ꦫꦛꦸꦧꦒꦸꦱ꧀ꦏꦿꦩꦺꦴꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦲꦪꦸ​ꦲꦪꦸ꧈​ꦥꦝꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦏꦧꦼꦃ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦤꦼꦔꦼꦫꦤꦺ:ꦥꦸꦠꦸ:ꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫ꧉​ꦏꦁꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ:ꦒꦼꦝꦺꦝꦸꦮꦸꦂ꧈​ꦏꦥꦶꦁꦠꦼꦭꦸ:ꦏꦼꦝꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦫꦺꦴꦱ꧈​ꦏꦥꦶꦁꦥꦠ꧀ꦠꦺ:ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦼꦤꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦥꦥꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦱꦼꦥꦶ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦥꦤꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦥꦥꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦧꦼꦃ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦫꦛꦸꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶꦱꦥꦥꦝꦤꦶꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦫꦛꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦩꦶꦉꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦶꦔꦃꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦲꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦶꦤꦁꦏꦸꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦥꦸꦠꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦥꦸꦏꦶꦮ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦌꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦲꦗꦿꦶꦃꦏꦥꦼꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧈​ꦫꦗꦢꦺꦮꦶꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦝꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧉​ꦫꦗꦥꦠꦶꦃꦒꦼꦤꦮꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦏꦸꦩꦿꦸꦧꦸꦠ꧀ꦲꦠꦸꦂꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦱꦸꦏꦸꦫꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧉​ꦄꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦸ:ꦱꦶꦫꦭꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦏꦧꦺꦃꦲꦥꦲꦥꦺꦱ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦭꦏꦶꦤꦶꦫꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦆꦁꦧꦸꦫꦶꦥꦝꦢꦤ꧀ꦢꦤ:ꦉꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦥꦝꦢꦢꦶꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦧꦶꦪꦢ꧉​ꦥꦫꦩꦁꦒꦸꦁꦲꦚ꧀ꦗꦗꦫꦶꦏꦮꦤ꧀ꦢꦱꦱꦶꦱꦶꦃ꧉​ꦄꦩ꧀ꦥꦶꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦧꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦸꦤꦶꦔꦪꦺꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦺꦧꦃꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦠꦶꦤꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ꧉​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦔ:ꦤꦩꦸꦁꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦠꦩꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦢꦼꦩꦁ:ꦫꦺꦴꦁꦒ:ꦗꦼꦏ꧀ꦱ:ꦕꦫꦶꦏ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦲꦤꦏ꧀ꦱꦺꦤꦤ꧈​ꦱꦂꦠꦥꦝꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺ꧉​ꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦫꦛꦸ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦢꦼꦒꦏꦺꦩꦼꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦏꦿꦩꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦥꦫꦧꦶꦢꦺꦮꦄꦗꦶꦩꦲꦫꦗꦱꦺꦤꦥꦛꦶꦆꦁꦄꦭꦒꦥꦏꦸꦤꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦱꦺꦤꦶ꧈​ꦱꦲꦠꦼꦩꦼꦤ꧀​ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦲꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦢꦭꦩꦏꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦱꦩꦶꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦠꦶꦃ:ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦩꦺꦴꦁꦥꦿꦗ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦱꦂꦮꦶꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦠꦶꦃ:ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦏꦁꦠꦸꦮꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦗꦭꦶꦁꦒꦌꦫꦁ꧉​ꦄꦝꦶꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦗꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦏꦁꦮꦸꦫꦒꦶꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦂꦪꦭꦶꦔꦱꦫꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ:ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥ:ꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦝꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦭꦸꦁꦒꦸꦃ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦏꦧꦪꦤ꧀ꦤꦒꦫ꧈​ꦭꦤ꧀ꦥꦝꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁ꧉​ꦱꦶꦱꦔꦸꦭꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦂꦪꦢꦸꦛꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦱꦶꦱꦔꦸꦥꦠꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦄꦂꦪꦱꦸꦫꦤꦛꦮꦕꦤ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦥꦫꦒꦂꦮꦱꦩꦶꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦭꦔꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮ꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦒꦼꦤꦮꦠꦶ:ꦱꦶꦫꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦒꦼꦒꦼꦤ꧀ꦠꦼꦤꦺꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦪꦸꦤꦶꦫꦱꦶꦥꦸꦠꦸꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦤꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦃꦲꦫꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤꦼꦱ꧀ꦛꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦾꦁ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦫꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦥꦫꦺꦴ꧈​ꦩꦤꦸꦱꦱꦥꦫꦺꦴ꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦠꦶ:ꦲꦫꦤꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧉​ꦱꦶꦥꦸꦠꦸꦉꦠ꧀ꦤꦢꦺꦮꦠꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦱꦫꦶꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦸꦄꦱ꧀ꦩꦫꦮꦠꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦩꦪꦁꦔꦫꦸꦩ꧀꧈​ꦱꦶꦏꦤꦏꦮꦠꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦩꦪꦁꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦶꦫꦏꦁꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃꦲꦶꦏꦸ:ꦥꦸꦠꦸꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦲꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦫꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦺ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦠꦸ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃ꧉​ꦥꦝꦏꦫꦶꦪꦱꦭꦩꦼꦠ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦊꦁꦒꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮ:ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦩꦶꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦆꦁꦮꦚ꧀ꦕꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦭꦸꦱꦁꦤꦛꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦫꦺꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦏꦔꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦫꦺꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮ꧈​ꦱꦢꦪꦠꦶꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦫꦺꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀꧈​ꦒꦂꦮꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦮꦫꦢꦶꦤ꧀ꦠꦶꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦫꦺ:ꦱꦉꦁꦱꦩꦶꦱꦢꦭꦸ꧉​ꦭꦩꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦫꦶꦧꦼꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦧꦶꦤꦛꦫ꧈​ꦲꦔꦽꦔꦤꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦫꦢꦶꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦥꦫꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦥꦸꦁꦒꦮ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦠꦶꦃꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ:ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦩꦼꦁꦏꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦄꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦢꦸꦫꦸꦁꦊꦒ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦢꦸꦫꦸꦁꦮꦫꦠꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦩꦫꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦧꦥ:ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦏꦉꦥꦶꦫ꧈​ꦲꦥꦿꦏꦫꦮꦺꦴꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦺꦃꦏꦁꦢꦸꦫꦸꦁꦱꦺꦧꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ:ꦲꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦼꦥ꧀ꦩꦫꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦸꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦭꦸꦏ꧀​ꦤꦼꦭꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦸꦒꦸꦂꦫꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦒꦧꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦫꦢꦶꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦮꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦤꦒꦫꦱꦧꦿꦁꦲꦶꦏꦸ:ꦧꦥ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀ꦲꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦢꦸꦢꦸꦧꦸꦧꦸꦲꦤꦶꦫ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦼꦝꦼꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫ꧉​ꦄꦤꦢꦺꦤꦺꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦲꦶꦏꦸ:ꦧꦥ꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦱꦶꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦮꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦤꦩꦫꦁꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦏꦁꦢꦢꦶꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦺ꧉​ꦢꦢꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦲꦭꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺ꧈​ꦭꦁꦢꦢꦶꦏꦉꦥꦼ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤꦶꦱꦶꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ꧉​ꦥꦝꦭꦭꦚ꧀ꦕꦫꦤꦧꦲꦺ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦲꦩꦠꦃ​ꦩꦠꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦠꦸꦩꦸꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦤꦮꦸꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦏꦏꦥꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦊꦏ꧀ꦱ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦏꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦫꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦫꦠꦥꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦭꦤꦁ꧈​ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦱꦸꦮꦶꦒꦾꦱꦶꦢꦶꦏ꧀꧈​ꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦒꦼꦤ꧀ꦠꦸꦂꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦥꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦿꦒꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧉​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦮꦪꦃꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃ:ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦄꦩꦺꦴꦁꦱꦫꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦪꦶ:ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦁꦄꦱ꧀ꦩꦫ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃ:ꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦔꦽꦱ꧀ꦩꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦤꦺꦩ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦥꦔꦂꦱ꧉​ꦮꦪꦃꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦠꦼꦝꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦌꦪꦁ:ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶ꧉​ꦩꦶꦭꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦻꦴꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦥꦤꦸꦗꦸꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦮꦃ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦃꦢꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦲꦶꦕꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦩꦁꦱꦤꦺ꧈​ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦗꦔꦤꦺ꧉​ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦥꦝꦏꦠꦼꦩꦸꦭꦤ꧀ꦏꦏꦁꦔꦶꦫ꧉​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦥꦠ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦥꦝꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤꦱꦏꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧉​ꦄꦗꦱꦶꦫꦥꦝꦝꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧉​ꦢꦸꦢꦸꦧꦸꦧꦸꦲꦤꦶꦫ꧈​ꦩꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦱꦶꦫꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦒꦸꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦺꦤꦺꦲꦤꦤꦒꦫ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦫꦤꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ:ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦮꦶꦱ꧀ꦏꦿꦩꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦫꦛꦸꦭꦸꦮꦶꦃꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦧꦶꦱꦲꦩꦺꦴꦂꦏꦁꦢꦸꦢꦸꦧꦁꦱꦤꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦩꦺꦴꦂꦲꦶꦁꦲꦒꦭ꧀ꦲꦭꦸꦱ꧀꧈​ꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦁꦲꦤ:ꦥꦝꦮꦼꦢꦶ꧉​ꦗꦶꦤ꧀ꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦥꦝꦲꦔꦿꦛꦸꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦔꦮꦸꦭꦲꦩꦫꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦆꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦂꦒꦤꦺꦱꦶꦫꦏꦠꦼꦩꦸꦭꦤ꧀ꦏꦏꦁꦔꦶꦫ꧈​ꦮꦪꦃꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦤꦶꦭꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦏꦸ꧈​ꦲꦔꦸꦱꦥꦶꦊꦧꦸꦢꦭꦩꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦠꦸ꧈​ꦱꦶꦫꦩꦁꦏꦠ꧈​ꦩꦸꦒꦥꦝꦤꦼꦩꦸꦱꦭꦩꦼꦠ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦁꦏꦠ꧀꧈​ꦥꦠꦥꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​

ꦱꦁꦤꦛꦥꦤꦸꦗꦸꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦏꦁꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧉​ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦏꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦏꦧꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦪꦼꦒ꧀ꦧꦝꦺꦲꦔꦿꦶꦱꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦔꦁꦒꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦤꦩꦸꦁꦲꦤꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤ꧀ꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦃꦤꦩꦫꦁꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦿꦏꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦒꦶꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦭꦏꦸꦤꦺꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦲꦔꦮꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦩꦫꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦄꦤꦢꦺꦤꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦮꦂꦠꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦱꦂꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦏꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦉꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦝꦲꦗꦲꦤꦔ꧀ꦭꦮꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦝꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦲꦔ꧀ꦭꦮꦤꦤꦥꦿꦁꦭꦺꦫꦺꦱ꧀ꦧꦲꦺ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦥꦝꦒꦭꦏ꧀ꦲꦤꦂꦏꦲꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦼꦢꦶ꧈​ꦊꦒꦤꦺꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦥꦝꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦺꦴꦩ:ꦱꦶꦫꦝꦮꦃꦤꦩꦫꦁꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧈​ꦢꦶꦮꦫꦠꦏ꧀ꦤꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦒꦚ꧀ꦕꦔꦤ꧀꧉​

ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦠꦶꦃꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦶꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦲꦶꦏꦸꦧꦼꦕꦶꦏ꧀​ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦱꦶꦫꦧꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦤꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦏꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦮꦱ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦱꦤꦭꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦝꦝꦮꦃ꧈​ꦲꦩꦠꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦱꦂꦠꦩꦮꦶꦠꦶꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦶꦭꦩ꧀ꦥꦃ:ꦫꦗꦏꦏꦭꦶꦃ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦤꦃꦥꦉꦢꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦶ:ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦤꦃꦔꦫꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦶ:ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦲꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦔꦸꦱꦥꦶꦊꦧꦸꦢꦭꦩꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦫꦸꦒꦺꦒꦺꦂꦲꦶꦁꦥꦼꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦺꦒꦺꦂ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦝꦠꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦶꦫꦶꦁꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦒꦸꦱ꧀​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦒꦺꦒꦺꦫꦶꦁꦥꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦥꦠꦶꦁꦧꦊꦧꦼꦂ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦺꦊꦂ:ꦩꦔꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦩꦔꦭꦺꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦩꦔꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦩꦔꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦺꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀​ꦧꦒꦸꦱ꧀꧈​ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦲꦺꦴꦉꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦧꦥꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦤꦲꦥꦲꦶꦁꦥꦱꦂꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦥꦠꦶꦁꦧꦊꦧꦼꦂꦭꦤꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦺꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦥꦫꦶꦏ꧀ꦱꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦫꦭꦸꦩꦏꦸꦮꦝꦺꦮꦺ:ꦧꦥ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦲꦤꦠꦼꦭꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦩꦶꦂꦱꦪꦺꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦥꦶꦪꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦲꦠꦥ꧀ꦗꦭꦺꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦉꦧꦠ꧀ꦔꦗꦼꦁ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦒꦶꦠ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦺꦫꦩꦶꦁꦩꦤꦃꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦱꦁꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦄꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦗꦊꦂ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦒꦮꦤ꧀ꦱꦸꦮꦶꦒꦾꦱꦶꦢꦶꦏ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦥꦽꦭꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦥꦩꦤ꧀ꦩꦶꦭꦏꦸꦭꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦏꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦠꦶꦒꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦝꦺꦩꦤꦏꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦠꦼꦢꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦪꦁꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚꦱꦶꦢꦶꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦶꦤꦻꦴꦠꦥꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦥꦱꦁꦪꦺꦴꦒꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦁꦤꦛꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱꦶꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦩꦁꦏꦺꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦔꦸꦲꦶꦁꦤꦩ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦢꦶꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶ꧈​ꦤꦩꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦢꦄꦩꦺꦴꦁꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦲꦝꦶꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦁꦔꦱ꧀ꦩꦫ꧈​ꦲꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦁꦉꦱ꧀ꦩꦶ꧈​ꦲꦝꦶꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦒꦶꦭ꧀ꦤꦩꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦥꦔꦂꦱ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦩꦥꦸꦤ꧀ꦗꦒꦮꦕꦤ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦗꦒꦮꦱꦶꦛ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦼꦠꦼꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦺꦒꦺꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦩꦶꦤꦺꦤꦺꦩꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦉꦢꦶꦗꦊꦂ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦱꦩꦶꦧꦝꦺꦔꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦸ:ꦧꦥ:ꦩꦤꦮꦠꦼꦭꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦂ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦢꦺ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦩꦫꦁꦧꦺꦴꦕꦃꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦱꦸꦮꦶꦠꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦮꦼꦫꦸꦃꦫꦸꦥꦤꦺ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦼꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀:ꦲꦤꦏ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦊꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦕꦶꦔꦏ꧀ꦱꦢꦪꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦩ꧀ꦥꦼꦂꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦧꦒꦸꦱ꧀​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦁꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦤꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦠꦃꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦸꦩꦼꦥꦾꦸꦂ꧈​ꦱꦂꦠꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦕꦃꦲꦶꦏꦶꦏꦥꦠ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦫꦸꦥꦤꦺꦥꦝꦩꦼꦩ꧀ꦥꦼꦂꦄꦝꦶꦩꦱ꧀꧈​ꦥꦱꦁꦱꦼꦩꦸꦤꦺ:ꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦤꦺ:ꦲꦺꦴꦫꦒꦺꦱꦺꦃꦱꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦏꦭ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦥꦝꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦏꦲꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧉​ꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦥꦔꦏꦸꦤꦺꦧꦺꦴꦕꦃꦱꦏꦒꦸꦤꦸꦁꦭꦤꦁ꧉​ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦝꦺꦴꦃꦒꦸꦤꦸꦁꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧉​ꦄꦥꦩꦝꦫꦸꦥꦧꦲꦺ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦸꦩꦼꦩ꧀ꦧꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦱ꧀ꦥ꧈​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦫꦪꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦺꦴꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦒꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦶꦩꦼꦩ꧀ꦥꦼꦂꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦏꦏꦁꦥꦿꦧꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦏꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦏꦩꦺꦴꦏꦭꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦝꦺꦴꦃꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧉​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺꦱꦥꦏꦁꦔꦁꦏꦠ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦏꦺꦤꦺ꧉​ꦝꦺꦏ꧀ꦭꦺꦴꦭꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦤꦒꦫ:ꦲꦺꦴꦫꦲꦁꦒꦮꦧꦭ꧈​ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦢꦢꦶꦒꦭꦶꦃ:ꦲꦩꦸꦁꦏꦩꦸꦭꦾꦤꦶꦁꦏꦥꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦏꦩꦺꦴꦏꦭꦤ꧀ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦄꦥꦲꦤꦫꦛꦸꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦭꦤ꧀ꦏꦏꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦩꦉꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦭꦶ꧈​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦠ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦝꦧꦒꦺꦪ꧈​ꦱꦠꦼꦏꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦶꦤꦁꦏꦤꦶꦫ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦥꦲꦫꦤꦶꦫ꧉​ꦱꦶꦫꦥꦝꦲꦉꦥ꧀ꦲꦔꦮꦸꦭꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦥꦏꦁꦲꦮꦼꦃꦥꦶꦠꦸꦝꦸꦃꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦂꦮꦶꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦗꦊꦂ꧉​ꦩꦶꦭꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦸꦏꦥꦶꦠꦼꦢꦃ:ꦌꦪꦁꦧꦒꦮꦤ꧀ꦱꦸꦮꦶꦒꦾꦱꦶꦢꦶꦏ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦂꦱꦏꦏꦺꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦱꦸꦩꦼꦗꦲꦔꦮꦸꦭꦲꦩꦤꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦢꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦻꦴꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦗꦼꦁꦒꦭ꧉​ꦩꦶꦭꦱꦩꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦗꦊꦂ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦔꦸꦁꦱꦶꦥꦠꦏꦺꦤꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦲꦺꦕꦭꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ꧉​ꦤꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦢꦶꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦢꦄꦩꦺꦴꦁꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦝꦶꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦮ꧀ꦱ꧀ꦠꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦁꦄꦱ꧀ꦩꦫ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦼꦭꦏ꧀ꦏꦮꦿꦠꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤ꧈​ꦱꦸꦥꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦺꦠꦁꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦂꦠꦱꦔꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶ꧈​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦂꦮꦶꦲꦩꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦺꦧꦃ꧈​ꦱꦤꦭꦶꦏꦱꦁꦤꦛꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦏꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦱꦩ꧀ꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦢꦪꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦩꦉꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦭꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦔꦼꦉꦱ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦺꦤ꧀ꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦒꦢ꧀ꦮꦼꦢꦭꦶꦁꦮꦱ꧀ꦥ꧉​ꦱꦺꦮꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤ:ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦁꦱꦼꦏ꧀​ꦩꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦪꦪꦶ꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦩꦼꦤꦼꦁꦔ꧈​ꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦏꦶꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦮꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦝꦢꦂꦩꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦠꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫ꧈​ꦲꦝꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦏꦫꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦥꦝꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦊꦏ꧀ꦏꦶꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦤ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤꦫꦶꦩꦱꦶꦃꦥꦩꦸꦗꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦒꦂꦮꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦭꦠꦫꦤ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦫꦏꦤꦛ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧈​ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦒꦂꦮꦫꦛꦸꦄꦪꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮ꧈​ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦮꦺꦃꦮꦼꦫꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦏꦸꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦝꦶꦩꦸꦏꦁꦏꦫꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦏꦸ:ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦲꦤꦱꦏ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦸꦮ:ꦩꦸꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ:ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ꧈​ꦥꦔꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦝꦫꦸꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦥꦝꦏꦫꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦧꦤ꧀ꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦩꦮꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦏꦺꦪꦤ꧀ꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦁꦫꦪꦶꦥꦝꦠꦼꦏꦏꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦭꦸꦫꦃꦏꦥꦫꦏ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶ꧈​ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ:ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦢꦊꦩ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦄꦪꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦫꦃꦏꦥꦫꦏ꧀꧈​ꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦝꦠꦼꦁꦢꦊꦩꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦶꦤꦸꦧ​ꦱꦸꦧ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧈​ꦫꦛꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦶꦁꦒꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦥꦶꦤꦼꦏ꧀ꦱꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿꦪꦺꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦥꦺꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦥꦫꦫꦛꦸꦱꦩꦶꦏꦸꦩꦿꦏꦼꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦻꦧꦸꦫꦩ꧈​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦂꦮꦶꦔꦮꦺ꧈​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦥꦝꦩꦗꦸꦮꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦗꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦸꦩꦼꦭꦁ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦲꦲꦶꦁꦝꦸꦮꦸꦂ꧈​ꦲꦗꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦮꦺꦴꦂꦧꦠꦸꦂ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦥꦝꦩꦸꦁꦒꦲ꧈​ꦢꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦩꦸ꧈​ꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦝꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦲꦗꦮꦁꦏꦭ꧀꧈​ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦩꦸꦁꦒꦲ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦁꦒꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦥꦝꦔꦸꦗꦸꦁꦔ꧈​ꦏꦭꦤꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦧꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦤ꧀ꦠꦶꦲꦸꦗꦸꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦗꦸꦁꦔꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦭꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦄꦪꦸ꧉​ꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦁꦫꦪꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦏꦸꦭ꧀ꦗꦁꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦲꦤꦼꦩꦸꦧꦼꦒ꧀ꦗꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦩꦸꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦠꦸꦮ꧈​ꦏꦠꦼꦩꦸꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦝꦮꦃꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮ꧈​ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ꧈​ꦥꦔꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦲꦝꦶꦩꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦫꦸꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦥꦝꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧉​ꦆꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦥꦝꦥꦫꦶꦁꦔꦤꦥꦱꦭꦶꦤꦤ꧀꧉​ꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦕꦮꦶꦱ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀​ꦩꦒꦼꦩꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦥꦔꦢꦼꦒ꧀ꦱꦻꦴꦥꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦏꦥꦸꦠꦿꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦭꦶꦤ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀​ꦩꦒꦼꦩꦤ꧀꧈​ꦝꦱꦂꦱꦠꦿꦶꦪꦧꦒꦸꦱ꧀​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦱꦲꦺꦥꦔꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦪꦮꦼꦮꦃꦧꦒꦸꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦮꦲꦤ꧀ꦝꦫꦠ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦛꦃꦱꦩꦶꦏꦪꦸꦔꦾꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦱꦶꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦧꦸꦫꦩ꧉​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦤꦼꦭꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦢꦊꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦫꦏꦶꦠ꧀​ꦫꦏꦶꦠꦶꦁꦥꦢꦊꦩꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶ꧈​ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦶꦤꦩꦶꦉꦉꦁꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦱꦒꦼꦢꦶꦁꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦏꦿꦩꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦏꦏꦿꦩꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦤꦼꦔꦃꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦶꦁꦗꦏꦂꦛ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦤ꧀ꦝꦶꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦲꦱꦩꦶꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦫꦗꦧꦿꦤ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦢꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦭꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦔꦼꦭꦶꦲꦶꦥꦢꦊꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦕꦸꦩꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦥꦫꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦥꦠꦶꦁꦧꦊꦧꦼꦂꦱꦩꦶꦔꦸꦱꦸꦁ​ꦔꦸꦱꦸꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦗꦊꦁꦒꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀​ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦭꦭꦪꦸꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦗꦫꦶꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦢꦊꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦲꦠꦥ꧀ꦥꦶꦥꦶꦠ꧀꧉​

ꦱꦁꦤꦛꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧉​ꦥꦫꦫꦛꦸꦱꦩꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ:ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦱꦭ꧀ꦮꦶꦠꦤ꧉​ꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂ꧈​ꦲꦗꦺꦴꦗꦺꦴꦝꦺꦴꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦤ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦥꦝꦔꦠꦼꦂꦤꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔꦸꦗꦸꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦸꦗꦸꦁ:ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦁꦏꦠ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦶꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦸ:ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦤ:ꦗꦺꦴꦭꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂ:ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦶꦠꦶꦃꦗꦺꦴꦭꦶ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁꦱꦩꦶꦤꦶꦠꦶꦃꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦩꦶꦮꦃꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦲꦁꦒꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚ꧀ꦗꦗꦫꦶꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦔꦸꦫꦸꦁ​ꦔꦸꦫꦸꦁꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦛꦃꦱꦩꦶꦏꦺꦢꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦻꦴꦕꦥꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦢꦊꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦠꦃꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦠꦸꦒꦸꦂꦲꦶꦁꦢꦊꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦢꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦗꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦗꦊꦁꦒꦸꦂ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦩꦶꦥꦒꦶꦤꦼꦩꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦁꦒꦼꦕꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦌꦔꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦒꦸꦤꦸꦔꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦢꦺꦮꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦧꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶ​​ꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦿꦏꦺꦴꦱ꧈​ꦢꦼꦢꦼꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦛꦸꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦫꦶꦁꦔꦶꦝꦠꦼꦁꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦭꦶꦪꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦏꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦲꦺꦥꦺꦏ꧀​ꦲꦺꦥꦺꦏ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦢꦼꦩꦁ:ꦔꦧꦺꦲꦶ:ꦫꦺꦴꦁꦒ:ꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦠꦤꦃꦠꦼꦔꦲꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁꦱꦢꦪ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦼꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦠꦤꦃꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦠꦤꦃꦠꦼꦔꦲꦤ꧀ꦱꦢꦪ:ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦧꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦠꦤꦃꦧꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦢꦪ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦼꦭꦶꦁ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦫꦺꦴꦱ꧀​ꦠꦫꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦶꦁꦥꦶꦏꦶꦂ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦠꦫꦺꦴꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦱꦩꦶꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭꦤ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦤꦏ꧀​ꦱꦤꦏ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦲꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ:ꦲꦏꦸꦥꦝꦫꦧꦺꦏ꧀ꦤ꧈​ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦲꦔꦿꦠꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦪꦺꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦗꦮꦏꦧꦺꦃꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦱꦏꦠꦼꦩꦸꦮꦫꦠ꧈​ꦢꦢꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦥꦮꦂꦠꦤꦶꦁꦲꦏꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦢꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦒꦸꦮ꧉​ꦥꦮꦂꦠꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦠꦭꦚ꧀ꦗꦼꦂ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦻꦏꦶꦲꦏꦸꦫꦧꦺꦏ꧀ꦤ꧈​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦤꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦥꦝꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦤꦏ꧀​ꦱꦤꦏ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦫꦧꦶꦪꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​ꦆꦧꦏꦺꦲꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦧꦼꦤꦼꦂ​ꦧꦼꦤꦼꦫꦺꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦧꦶꦱꦮꦪꦸꦃꦚꦥꦸꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦠꦮꦔꦿꦺꦴꦁꦥꦸꦭꦸꦃ꧉​ꦭꦤ꧀ꦥꦝꦱꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦏꦸꦧꦶꦱꦏꦠꦼꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦏꦁꦲꦤꦺꦃ​ꦲꦤꦺꦃ꧈​ꦢꦏ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠꦶꦱꦏꦉꦥꦺ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦊꦒ​ꦊꦒꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦿꦩ꧈​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦶꦤꦠꦿꦶꦪ꧈​ꦲꦤꦩꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦏꦧꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦶꦔꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦲꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦛꦃꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦭꦸꦠ꧀ꦲꦱꦶꦃꦱꦢꦪ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦭꦪ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦃꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦏꦏꦺꦥꦤꦱꦶꦁꦲꦠꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦺꦴꦫꦥꦠꦸꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀꧈​ꦏꦁꦲꦫꦤ꧀ꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦏꦸ:ꦮꦂꦠꦤꦺ:ꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦩꦭꦫꦠ꧀ꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦫꦛꦸꦒꦼꦝꦺꦭꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦚꦸꦉꦩꦏꦺꦗꦒꦢ꧀꧈​ꦧꦼꦤꦼꦫꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦲꦏꦸꦥꦠꦸꦠ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦝꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦫꦛꦸ:ꦢꦢꦶꦥꦝ꧉​ꦏꦪꦠꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦫꦧꦶꦫꦛꦸꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦥꦠꦸꦠ꧀꧈​ꦢꦢꦶꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦱꦏꦶꦁꦭꦫꦁꦔꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁ꧉​ꦆꦧ​ꦲꦶꦧꦮꦼꦫꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦏꦪꦲꦏꦸ꧈​ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦝꦏꦺꦢꦤꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦤꦏ꧀​ꦱꦤꦏ꧀ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦉꦥ꧀ꦢꦏ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒꦶ꧉​ꦥꦶꦫꦧꦁꦒꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦤꦃꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦱꦢꦶꦤ꧈​ꦢꦼꦱ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦭꦶꦁꦱꦶꦂ꧉​ꦄꦥꦱꦤꦏ꧀​ꦱꦤꦏ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦥꦝꦮꦼꦢꦶꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦢꦺꦱ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦏꦁꦩꦱ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦺꦏ꧀​ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦺꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦶꦧꦱꦤ꧀ꦗꦤ꧀ꦩꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦔꦶꦤ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦠꦶꦠꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​ꦢꦺꦢꦺꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦤꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦶꦏꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦸꦒꦶꦢꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦁꦤꦩꦢꦤꦶꦱ꧀ꦮꦫꦮꦻꦴ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦤꦶꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦏꦩꦺꦴꦏꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦏꦁꦩꦱ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦔꦿꦶꦱꦏ꧀ꦥꦒꦼꦂꦲꦪꦸ꧈​ꦠꦸꦗꦸꦮꦤꦶꦁꦔꦽꦧꦸꦠ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦮꦮꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦏꦩꦶꦉꦁꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦤꦺꦱ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦛ꧉​ꦌꦮꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦤꦮꦶꦏꦏꦁꦩꦱ꧀ꦏꦂꦱꦏꦿꦩꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦶꦫꦁꦔꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦪꦸ꧈​ꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸꦒꦝꦃꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦪꦸ꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦂ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧈​ꦱꦩꦶꦭꦶꦤꦸꦫꦸꦒꦤ꧀ꦒꦶꦤꦶꦠꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦏꦩꦶꦉꦁꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦤꦺꦱ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦛ꧈​ꦩꦭꦃꦏꦮꦼꦤ꧀ꦠꦂꦱꦂꦠꦲꦩꦼꦮꦲꦶꦏꦭꦸꦲꦸꦫꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒꦶꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦮꦼꦮꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦏꦂꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦝꦃꦧꦺꦴꦗꦺꦴ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦔꦤꦶꦪꦪ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦫꦶꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦲꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦩꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔ꧀ꦒꦿꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦏꦒꦭꦶꦲ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦺ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺ:ꦱꦶꦄꦝꦶꦲꦶꦏꦸꦱꦏꦶꦁꦥꦝꦮꦼꦢꦶꦤꦺ꧉​ꦄꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦤꦼꦢꦺꦤꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦥꦼꦫꦁꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦭꦤ꧀​ꦲꦭꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦁꦒꦫꦸꦩꦭꦸꦏꦸ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦤꦺꦥꦝꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦫꦺꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦔꦺꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦝꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦤ꧀ꦝꦸꦝꦸꦏ꧀ꦒꦁꦱꦶꦂ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦪꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦒꦼꦤꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦶꦤꦶꦫꦩ꧀ꦲꦶꦁꦧꦚꦸ꧈​ꦩꦤꦮꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿ​ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿ꧉​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦢꦏ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒꦶ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦩꦿꦩꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦏꦏꦁꦩꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀꧉​ꦩꦺꦴꦁꦱꦮꦤ꧀ꦢꦺꦪꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦥꦩꦶꦉꦁꦏꦸꦭ:ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦧꦝꦺꦏꦮꦫꦢꦶꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦱꦲꦺꦴꦱꦿꦒꦶꦚꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦲꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦼꦝꦸ:ꦥꦒꦼꦭꦺꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦛꦺꦴꦪꦩꦱ꧀ꦱꦥꦔꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦥꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦏꦧꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦮꦫꦢꦶꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦥꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦲꦺꦴꦱꦿꦒꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ꧈​ꦏꦱꦫꦸꦒꦺꦒꦺꦂꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦒꦺꦠ꧀꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦺꦒꦺꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦱꦼꦫꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦢꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃꦲꦸꦗꦂꦏꦸ꧈​ꦔꦶꦤꦁꦔꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦧꦁ꧈​ꦒꦸꦩꦫꦸꦧꦾꦸꦒ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦤꦸꦭꦶꦠꦼꦏ꧉​ꦚꦠꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦫꦶꦤꦱꦤꦤ꧀꧉​ꦫꦗꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦪꦺꦴꦧꦺꦴꦕꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦄꦝꦶ꧈​ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃꦏꦁꦫꦶꦤꦱꦏꦏꦺ꧈​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦊꦧꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦺꦁꦏꦺꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦱꦸꦮꦮꦶ:ꦲꦶꦗꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦴꦠꦸꦫꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦶꦱ꧀ꦩꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦏꦶꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦤꦩꦸꦁꦠꦶꦪꦁꦏꦮꦤ꧀ꦢꦱꦱꦶꦱꦶꦃ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦴꦭꦸꦁꦢꦱ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦶꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦲꦶꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦊꦧꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦔꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦲꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦩꦶꦲꦺꦫꦩ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦭꦏꦸꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦫꦁꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦮꦃꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃꦤꦩꦫꦁꦱꦏꦚ꧀ꦕꦩꦸꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦗꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧉​ꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀:ꦥꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦔꦁꦧꦛꦫꦢꦺꦮꦤꦛꦫꦗꦏꦛꦺꦴꦁꦱꦺꦤꦺꦴꦥꦠꦶꦄꦭꦒꦥꦏꦸꦤꦶꦁꦄꦭꦩ꧀ꦝꦮꦸꦲꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦏꦁꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦭꦸꦩꦿꦃꦤꦩꦫꦁꦱꦏꦚ꧀ꦕꦏꦭꦺꦫꦺꦲꦤꦶꦫꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦭꦶꦫꦶꦁꦭꦪꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦫꦶꦁꦮꦼꦫꦸꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦔꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦏꦫꦺꦴꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦫꦸꦥꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶ:ꦥꦫꦪꦁꦔꦤ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦱꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦔꦁꦒꦼꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦔꦿꦛꦸꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦱꦶꦫꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶ꧈​ꦥꦝꦱꦺꦧꦲꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦱꦺꦧꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦔꦤ꧀ꦠꦶꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦠꦮꦱꦶꦫꦩꦤꦮꦢꦸꦮꦺꦏꦉꦥ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒꦶꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦝꦲꦶ꧉​ꦄꦤꦁꦔꦶꦁꦤꦸꦭꦶꦲꦤꦼꦏꦤꦤ꧈​ꦲꦗꦭꦮꦱ꧀​ꦭꦮꦱ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀ꦱꦺꦧꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦤꦸꦭꦶꦱꦺꦧꦲ꧉​ꦥꦺꦴꦩ​ꦥꦺꦴꦩ:ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦥꦝꦱꦶꦫꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤꦱꦻꦴꦤꦶꦤꦺꦭꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦥ​ꦱꦥꦏꦁꦩꦻꦢꦺꦴ:ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦤꦼꦩꦸꦧꦶꦭꦲꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ:ꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦢꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦿꦧꦧꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦻꦴꦥ꧀ꦫꦃ꧈​ꦏꦸꦩꦼꦢꦸꦠ꧀ꦥꦢꦤꦶꦁꦭꦛꦶ꧈​ꦠꦶꦔꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦕꦶꦕꦶꦭ꧀ꦗꦗꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦴꦫ​ꦮꦫꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠꦶꦁꦢꦸꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦤꦼꦗꦲꦤ꧀ꦱꦏꦭ꧀ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦏꦾꦻꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦸꦮꦺꦏ꧀ꦏꦸꦥꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦁꦒꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦧꦝꦺꦱꦶꦤꦸꦮꦺꦏ꧀​ꦱꦸꦮꦺꦏ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦩꦭꦸꦩ꧀ꦥꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦱꦂꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦼꦫꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦚꦸꦮꦺꦏ꧀ꦭꦪꦁꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦱꦸꦮꦼꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦏꦸꦝꦶꦔꦶꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦼꦝꦺꦴꦠ꧀ꦒꦸꦭꦸꦏꦸ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦭꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦚꦸꦮꦺꦏ꧀ꦭꦪꦁꦔꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦭꦤꦁ:ꦩꦪꦺꦴꦉꦧꦸꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦫꦸꦧꦸꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦢꦏ꧀ꦠꦝꦲꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦔꦝꦼꦒ꧀ꦧꦝꦺꦩꦭꦸꦩ꧀ꦥꦠ꧀꧈​ꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦏꦶꦭꦸꦫꦃ:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦶꦥꦠꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦤꦶꦱ꧀ꦛꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦗꦲꦤꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦕꦶꦤꦼꦥꦼꦔꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ꧈​ꦏꦏꦁꦩꦱ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶ:ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦢꦊꦩ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦱꦼꦫꦸ꧈​ꦱꦥꦲꦫꦤ꧀ꦩꦸ:ꦮꦺꦴꦁꦱꦼꦱꦼꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦫꦤ꧀ꦏꦸꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦒꦭꦸꦃꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧉​ꦪꦲꦶꦏꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦁꦥꦠꦶꦃꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀​ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦧꦧꦤ꧀ꦛꦼꦁꦔꦺꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦒꦶꦤꦮꦺꦮꦢꦤꦤꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶ꧉​ꦆꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦩꦤꦮꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦗꦭꦶꦪꦲꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦺꦲꦏꦸ꧉​ꦎꦫ​ꦲꦺꦴꦫꦤꦺꦱꦶꦫꦏꦕꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸꦢꦏ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ꧈​ꦏꦶꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦥꦠꦼꦁꦔꦼꦫꦤꦩꦸꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦠꦼꦁꦔꦼꦫꦤꦏꦸꦥꦉꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦔꦁꦒꦺꦴꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦥꦸꦠꦶꦃ꧉​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦥꦠꦼꦁꦔꦼꦫꦤꦩꦸꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦧꦤ꧀ꦢꦺꦫꦲꦠꦼꦔꦼꦂꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦠꦼꦁꦔꦼꦫꦤꦏꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦥꦩꦶꦠꦤ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦱꦩꦶꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦈꦩꦾꦸꦁꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦿꦗꦁ:ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦤꦧꦠꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦲꦔꦿꦫꦪꦃ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦸꦠꦸꦠꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦕꦩ꧀ꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦤꦝꦲꦶꦥꦿꦁꦭꦺꦫꦺꦱ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦲꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧉​ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦥꦼꦥꦼꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦮꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦗꦗꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦴꦩ꧀ꦧꦃꦱꦩꦶꦏꦒꦺꦒꦺꦫꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦕꦏ꧀ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦒꦭꦪ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦶ:ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧉​ꦥꦤꦸꦗꦸꦥꦼꦥꦼꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦏꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧉​ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦶꦥꦶꦮꦼꦭꦶꦁ:ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦏꦥꦠꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦩꦠꦸꦂꦱꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦭꦗꦼꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦛꦺꦭ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦴꦠꦸꦫꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦛꦺꦭ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦗꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦒꦧꦪ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦤꦥꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦥꦶꦤꦸꦫꦶꦃꦒꦭꦏ꧀ꦏ꧈​ꦲꦤꦂꦏꦲꦪꦺꦤ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧉​ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦥꦠꦶꦲꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦥꦠꦶꦲꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦝꦮꦲꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦤꦸꦭꦏ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦩꦺꦴꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ:ꦥꦤꦸꦗꦸꦥꦼꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦸꦤ꧀ꦝꦁꦥꦿꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦤ꧀꧈​ꦏꦱꦫꦸꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦕꦏ꧀ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦗꦒꦧꦪ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦏꦴꦠꦸꦫꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀꧈​ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁ:ꦱꦂꦠꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦒꦺ​ꦧꦶꦤꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁꦲꦮꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦒꦭꦪꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦚꦉꦁꦔꦶ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦉꦁꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦺꦴꦤ꧀​ꦭꦺꦴꦤꦤ꧀ꦉꦉꦩ꧀ꦧꦠꦤ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ:ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦚꦧꦿꦁꦭꦺꦥꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦧꦿꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦏꦱꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦼꦉꦒ꧀​ꦧꦶꦤꦼꦉꦒ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦝꦫꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦥꦭ꧀ꦠꦶꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦭꦺꦴꦤ꧀​ꦭꦺꦴꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦸꦩꦸꦲꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦽꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦼꦱꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦮꦻꦴꦠꦶꦪꦁꦝꦫꦠ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦠꦶꦪꦁꦏꦏꦥꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦕꦼꦭꦏ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩꦶꦠꦼꦒꦸꦃ​ꦠꦼꦒꦸꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦤꦩꦸꦁꦏꦶꦤꦭꦁꦏꦭꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦠꦼꦧꦶꦲꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦔꦸꦢꦤꦶꦥꦱꦶꦂ:ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ:ꦠꦺꦴꦮꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦼꦝꦱꦶꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦛꦃꦮꦸꦮꦸꦭꦁꦔꦶꦁꦥꦠꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦥꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦸꦒꦸꦫꦸꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦩꦸꦫꦶꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚꦤ꧀ꦢꦼꦫꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦠꦶꦤꦫꦗꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦢꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ:ꦱꦩꦶꦝꦮꦃ꧈​ꦫꦩꦺꦥꦼꦫꦁꦲꦸꦊꦠ꧀​ꦲꦸꦊꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦥꦭ꧀ꦱꦠꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦱꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦭꦸ:ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦶꦥꦼꦁꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦲꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦧꦾꦂ꧉​ꦱꦉꦁꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁ:ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦲꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦥꦼꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦸꦁ:ꦱꦩꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦒꦿꦶꦪꦕꦏꦼꦠ꧀ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦔꦶꦭꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦫꦗꦏꦪꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦪꦥ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁ:ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ:ꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ:ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧉​ꦄꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱꦶꦏꦊꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦧꦝꦺꦲꦁꦒꦼꦕꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦱꦩꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦩꦻꦧꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦥꦸꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦥꦩꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦱꦩꦶꦩꦼꦥꦏ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦗꦸꦁ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦃꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧉​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦗꦒꦧꦪ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱꦶꦧꦝꦺꦧꦶꦝꦭ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉​ꦱꦉꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦗꦒꦧꦪ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦤꦸꦠꦸꦠꦶ꧈​ꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦫꦸꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦥ꧀ꦭꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦲꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦁꦏꦺꦴꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦲꦤꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦼꦁꦱꦃꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦏꦶꦛ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦔꦤꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦗꦲꦤꦩꦼꦠꦸ꧈​ꦥꦝꦝꦼꦝꦼꦥꦧꦲꦺ꧉​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦢꦶꦩꦼꦤ꧀ꦤꦂꦏꦮꦼꦢꦶ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦫꦶꦃꦒꦭꦏ꧀ꦏ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦫꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦤꦒꦫꦶꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦸꦏ​ꦱꦸꦏ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩꦶꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦧꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦗꦼꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦮꦶꦱꦶꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤ꧀ꦧꦝꦺꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧉​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦶꦤꦼꦥꦁꦩꦸꦧꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦏꦶꦛ:ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦢꦸꦭꦶꦁꦏꦶꦛꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦱꦭꦺꦫꦶꦁꦏꦶꦛꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦼꦝꦲꦤ꧀ꦱꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦁꦏꦶꦛꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦶꦛꦱꦩꦶꦝꦼꦝꦼꦥ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦼꦥꦁ:ꦲꦤꦂꦏꦪꦺꦤ꧀ꦱꦸꦮꦼꦁ꧉​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦏꦂꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤꦶꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦮꦠ꧀​ꦢꦮꦠ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦶꦁ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁꦚꦸꦥꦼꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦮꦺꦤ꧀ꦠꦺ​ꦮꦺꦤ꧀ꦠꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦸꦒꦶꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧉​ꦩꦶꦭꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦲꦭꦩ꧀ꦥꦃꦱꦩꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦼꦝꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦩꦶꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦤꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦤꦪꦸꦁ​ꦪꦸꦁ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦮꦫꦢꦶꦤ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦒꦼꦒꦼꦫꦶꦁ꧈​ꦲꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦔꦿꦲꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦱꦧꦼꦤ꧀ꦧꦼꦔꦶꦔꦶꦥꦶ꧈​ꦲꦤꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦠꦼꦏ꧈​ꦥꦔꦏꦸꦤꦺꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦤꦼꦭꦸꦏ꧀ꦏꦺ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦠꦼꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦼꦫꦁꦫꦩꦺ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦏꦸꦏꦭꦃ꧈​ꦲꦏꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦕꦼꦏꦼꦭ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦸꦥꦼꦤꦒꦶꦤꦺꦴꦝꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦸꦥꦼꦤꦏꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦫ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦸꦥꦼꦤꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪꦲꦔꦧ꧀ꦢꦶ꧉​ꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦸꦏ​ꦱꦸꦏ꧈​ꦱꦢꦪꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶ꧉​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦏꦧꦺꦃꦲꦗꦲꦤꦒꦶꦤꦸꦒꦸ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦗꦩꦏ꧀ꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦫꦸꦔꦶꦥꦶ꧉​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦸꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦢꦸꦮꦺꦱꦺꦠꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶꦔꦠꦺꦴꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦥꦩꦁꦒꦶꦃꦏꦸꦭ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦫꦸꦒꦤ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦝꦚꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦱꦸꦥꦼꦤꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦼꦤꦁ꧈​ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦧꦝꦺꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤꦼꦥꦁ꧈​ꦝꦚꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦔꦩꦸꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦶꦄꦝꦶꦲꦚꦶꦠꦶꦏ꧀ꦏꦶꦲꦠꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦼꦤꦺꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦁ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦶꦏꦸꦠꦺꦠꦺꦭꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺꦢ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦤꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦔꦏꦸꦤꦠꦃꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦺꦠꦺꦭꦪꦺꦤ꧀ꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦔꦏꦸ​ꦲꦏꦸ꧉​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦔꦶꦥꦶꦲꦶꦏꦸꦱꦺꦴꦏ꧀ꦠꦸꦭꦏ꧀ꦧꦭꦶꦏ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦃ:ꦮꦼꦏꦱꦤꦺꦩꦼꦤꦁ꧉​ꦩꦸꦭꦤꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦲꦗꦲꦤꦫꦶꦤꦱ꧈​ꦱꦻꦏꦶꦥꦝꦩꦶꦏꦶꦫꦥꦒꦮꦺꦪꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦲꦶꦏꦶꦧꦲꦺ꧉​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ꧈​ꦩꦪꦺꦴꦥꦝꦫꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦸꦏ꧀꧈​ꦭꦮꦱ꧀​ꦭꦮꦱ꧀ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦲꦏꦺꦃꦩꦠꦶ꧈​ꦢꦢꦶꦠꦤ꧀ꦥꦮꦼꦏꦱ꧀꧈​ꦲꦗꦩꦶꦏꦶꦂꦩꦸꦭꦶꦃ:ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦧꦼꦝꦃꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦏꦢꦂꦮꦺꦴꦁꦥꦶꦫꦱꦏꦸꦛ꧉​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦁ:ꦲꦺꦴꦫꦔꦤ꧀ꦠꦶꦱꦥꦔꦶꦤꦁ:ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧉​ꦢꦢꦶꦪꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃ:ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦢꦢꦶꦫꦢꦱꦸꦏ​ꦱꦸꦏꦱꦛꦶꦛꦶꦏ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦸꦮꦮꦺꦤꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦏꦱꦧ꧀ꦒꦼꦝꦒ꧀ꦒꦼꦝꦶꦒ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦩꦤꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦏꦸꦭ:ꦲꦺꦕꦱꦩꦶꦤꦸꦁꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦏꦒꦭꦶꦃꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦠꦶꦪꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦲꦸꦭꦩꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦺꦴꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦫꦶꦱꦏꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦏꦶꦫꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦒꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦲꦱꦲꦸꦂꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶ꧈​ꦊꦉꦱ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦫꦤꦫ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦲꦝꦶꦮꦶꦫꦤꦒꦫ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒꦺꦱꦶꦲꦝꦶ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦁꦩꦤꦸꦠ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦲꦂꦲꦠꦸꦂꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦤꦤ꧀ꦠꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦏꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦤꦸꦁꦏꦸꦭꦏꦫꦤꦲꦭꦸꦱ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦥꦥꦼꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦭꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦸꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦔꦿꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦩꦺꦤꦏ꧀ꦥꦤꦠꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦸꦫꦱꦱ꧀ꦩꦶꦛꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦫꦱꦤ꧀ꦠꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦤꦤꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦏꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦲꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ:ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦔꦿꦲꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦒꦶꦏꦺꦴꦫꦶꦏꦶꦛ꧉​ꦠꦶꦤꦏꦼꦤꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦒꦶꦏꦺꦴꦫꦶꦏꦶꦛ:ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤ꧀ꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦕꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦚꦻꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦚꦻꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦶꦁꦒꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦏꦴꦮꦺꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦭꦸꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦼꦩꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦒꦶꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦏꦺꦛꦺꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦝꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦩꦮꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤꦺꦱꦶꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦮꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦱꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶ꧉​ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦼꦩꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦫꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦭꦤ꧀ꦮꦢꦤꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦥꦠ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦥꦝꦔꦝꦺꦴꦲꦧꦲꦺ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦲꦔꦠꦶ​ꦲꦠꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦺꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦝꦱꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦏꦶꦤꦼꦥꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ:ꦱꦩꦶꦠꦸꦒꦸꦂꦩꦏꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦒꦼꦩ꧀ꦲꦒꦼꦩꦤ꧀ꦕꦫꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦩꦏꦸꦛꦏꦫꦗꦤ꧀꧈​ꦲꦒꦼꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦏꦴꦒꦼꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦥꦫꦮꦢꦤꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦁꦒꦺꦲꦁꦒꦺꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦱꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦮꦢꦤꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦥꦕꦫꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦱꦭ꧀ꦮꦶꦠꦤ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦧꦸꦤꦺꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦲꦸꦫꦸꦁ​ꦲꦸꦫꦸꦔꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦒꦩꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦭꦮꦁꦏꦸꦛꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦧꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦩꦺꦤꦺꦲꦺꦫꦩ꧀ꦱꦂꦠꦮꦼꦢꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦪꦫꦤꦶꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦔꦺ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦏꦸꦝꦸꦱꦢꦶꦪꦧꦸꦱꦤꦤꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦏꦺꦛꦺꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦏꦺꦛꦺꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦏꦺꦁꦏꦺꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦮꦻꦴꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤꦼꦥꦁꦝꦼꦝꦼꦥ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦱꦩꦶꦲꦤꦂꦏꦪꦺꦤ꧀ꦱꦸꦮꦼꦁ꧉​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦔꦸꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱꦁꦱꦪꦲꦺꦫꦩ꧀꧈​ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ:ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦱꦂꦠꦱꦸꦩꦼꦔꦼꦉꦤ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦥꦸꦠ꧀ꦥꦤꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦲꦔꦼꦥꦁ꧉​ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦔꦼꦥꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦧꦊꦉꦁꦔꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦊꦁꦒꦃꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦏꦮꦸꦭꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦩꦭꦺꦴꦔꦺꦴꦏꦩꦶꦠꦼꦁꦒꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦻꦴꦩꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦭꦶꦤꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦠꦤ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀:ꦥꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦏꦁꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧈​ꦏꦁꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦗꦃꦤꦒꦫ꧈​ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧈​ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦺꦤꦛꦲꦶꦁꦗꦁꦒꦭ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦮꦶꦪꦺꦴꦱ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦫꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦧꦕꦸꦠ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦤ:ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦢꦸꦢꦸꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦶꦫꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦼꦭꦫꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧉​ꦄꦔꦸꦂꦱꦶꦫꦱꦺꦭꦺꦲꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦿꦩꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦫꦗꦢꦺꦮꦶꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦝꦠꦼꦝꦏ꧀ꦫꦛꦸ꧉​ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦫꦗꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦩ꧀ꦭꦫꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦧꦺꦏꦏꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦥꦥꦝꦤꦶꦫ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦥꦶꦏꦶꦉꦤ꧀ꦩꦸꦥꦸꦁꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦼꦠꦸꦢꦸꦢꦸꦏꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦺꦴꦥꦺꦴ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦔꦠꦶ​ꦲꦠꦶ꧈​ꦒꦮꦺꦪꦧꦺꦠꦺꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦸꦁꦒꦲꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦤꦶꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂꦏꦸꦛꦤꦶꦫ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦱꦗꦩ꧀꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦱ꧀ꦛꦶꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦱꦴꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦫ꧈​ꦱꦶꦥꦠ꧀ꦭꦤꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦏꦫꦶꦪꦫꦗꦢꦺꦮꦶꦧꦲꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦒꦂꦮꦤꦶꦫꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶ꧉​ꦥꦺꦴꦩ:ꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦧꦺꦠꦺꦁꦔꦶꦫꦭꦤ꧀ꦏꦥꦸꦫꦚ꧀ꦕꦔꦶꦫ꧈​ꦗꦼꦫꦺꦴꦏ꧀ꦤꦭꦭꦫꦺꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦏꦭ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦼꦝꦃ꧉​ꦠꦶꦠꦶ꧉​ꦫꦛꦸꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦸꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦗꦼꦩꦤꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦱꦸꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦤꦼꦢꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦫꦺꦃ꧈​ꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤꦩꦺꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏ꧈​ꦠꦭꦶꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦸꦮꦺꦏ꧀ꦮꦢꦤꦲꦧꦿꦶꦠ꧀ꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦼꦚ꧀ꦕꦼꦉꦁꦏꦸꦩꦸꦏꦸꦱ꧀ꦲꦮꦺꦴꦂꦱꦸꦩꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦢꦸꦏ꧈​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦊꦁꦒꦲꦤ꧀ꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦠꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦻꦴꦩ꧀ꦧꦸꦭꦏꦼꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦝꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦼꦤ꧀ꦠꦶꦱ꧀꧈​ꦏꦻꦴꦩ꧀ꦧꦸꦭꦏꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦸꦝꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦝꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦗ꧉​ꦠꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦤꦼꦥꦼꦁ꧈​ꦢꦔꦸꦏꦲꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀​ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦸꦒꦼꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦼꦫꦸ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦪꦱꦸꦫꦢꦺꦮꦛꦶ꧈​ꦢꦏ꧀ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦲꦗꦲꦒꦺ​ꦲꦒꦺꦢꦺꦴꦭ꧀ꦏꦮꦤꦺꦤ꧀ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦩꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦮꦶꦤꦼꦭꦶꦁꦝꦠꦼꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦫꦩꦸꦭꦶꦲ꧈​ꦭꦤ꧀ꦮꦫꦲꦼꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦺꦴ​ꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦤꦼꦏꦤꦶ꧈​ꦱꦏꦉꦥꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦝꦲꦶ꧉​ꦭꦤ꧀ꦲꦗꦲꦁꦒꦩ꧀ꦥꦁꦔꦏꦺꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦪ​ꦏꦪꦲꦺꦴꦫꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦒꦶꦃꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦏꦩꦶꦠꦼꦁꦒꦼꦁꦔꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦺꦱꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦊꦔꦼꦂ​ꦊꦔꦼꦂ꧈​ꦲꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩꦸꦲꦶꦱꦶꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦺꦧꦃ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦼꦥꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧉​ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦠꦸꦂꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦩꦁꦒꦶꦲꦶ:ꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦛꦸ꧉​ꦏꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦮꦢꦤꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦱꦻꦴꦩꦸꦂꦏꦸꦭꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦂꦤꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦠꦶꦁꦏꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦲꦺꦴꦫꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦔꦿꦸꦔꦸꦲꦸꦤꦶꦤꦺꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦝꦱꦂꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦿꦶꦃꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦮ꧈​ꦱꦏꦉꦥꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦢꦶ꧈​ꦩꦫ:ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ:ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦤ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦏꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦢꦸꦏ꧉​ꦠꦶꦔꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦭꦠꦸ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦤꦩꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤꦮꦻꦴꦭꦗꦼꦁꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦻꦴꦩ꧀ꦧꦸꦭꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤꦝꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦼꦤ꧀ꦠꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦿꦠꦶꦁꦏꦃꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦸꦂꦱ꧀ꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦺꦫꦩ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦧꦶꦱꦏꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦃꦮꦺꦴꦔꦺꦭꦤꦁ꧉​ꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦁꦭꦤꦁꦲꦥꦲꦤꦏꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔ꧈​ꦱꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦏꦉꦥꦺ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦔꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦮꦼꦢꦶꦩꦫꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦚꦼꦭꦏ꧀ꦲꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦥꦺꦒꦼꦠ꧀꧈​ꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶ꧈​ꦥꦿꦮꦶꦫ:ꦥꦔꦶꦫꦶꦢꦶꦁꦥꦿꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦥꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦮꦱ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧉​ꦭꦶꦫꦶꦁꦭꦪꦁ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦔꦮꦿꦸꦲꦶ꧈​ꦭꦪꦁꦔꦶꦫꦏꦁꦏꦒꦮꦲꦶꦁꦭꦏꦸꦤꦺꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤꦶꦫꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧈​ꦲꦥꦱꦻꦴꦤꦶꦤꦺꦭꦪꦁꦔꦶꦫꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦄꦤꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦉꦥ꧀ꦲꦔꦿꦸꦱꦏ꧀ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦮꦠ꧀ꦩꦫꦁꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦶ꧉​ꦏꦁꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦗꦱꦶꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦶ꧈​ꦱ꧀ꦭꦒꦶꦥꦫꦚꦻꦧꦲꦺꦏꦪ​ꦏꦪꦲꦺꦴꦫꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦥꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦔꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦠꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦏꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦧꦺꦭꦩꦶꦭꦸꦩꦠꦶ꧈​ꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦏꦿꦩꦭꦶꦪꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦥꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦫꦤꦼꦏꦤꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦤꦼꦏꦤꦶꦥꦝꦱꦻꦏꦶ:ꦢꦸꦢꦸꦭꦤꦁ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧉​ꦢꦺꦴꦃꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦢꦺꦴꦃꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦮꦤꦶ꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦝꦱꦂꦮꦤꦶ:ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦁꦏꦠ꧈​ꦥꦺꦴꦩ​ꦥꦺꦴꦩ꧈​ꦛꦶ꧈​ꦛꦶ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱꦉꦁꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧉​ꦫꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦧꦺꦫꦶꦩꦶꦮꦃꦏꦼꦤ꧀ꦝꦁ:ꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺ:ꦲꦁꦏ꧀ꦭꦸꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦧꦫꦶꦱ꧀ꦱꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦭꦺꦂꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦒꦸꦩꦿꦸꦧꦾꦸꦒ꧀ꦱꦫꦺꦁꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦚꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦤꦒꦫꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦱꦥꦸꦠꦶꦁꦢꦭꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦥꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦛꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦧꦂꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦩꦱꦁꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦥꦔꦗꦼꦔꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦮꦃꦧꦧ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦭꦏ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦢꦭꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀:ꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦤꦝꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸꦲꦺꦴꦫꦧꦺꦴꦝꦺꦴ꧈​ꦫꦛꦸꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦶꦔꦭ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦏꦼꦭꦏꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦔꦼꦫꦶꦁꦗꦒꦢ꧀ꦱꦥꦺꦴꦭꦃꦠꦶꦁꦏꦲꦺꦏꦧꦼꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦮꦸꦱ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔ꧉​ꦮꦠꦫꦏꦸꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸꦧꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦏꦤꦺꦒꦭꦶꦲꦺ꧈​ꦏꦶꦤꦼꦥꦸꦁꦲꦶꦁꦲꦏꦺꦃ꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ:ꦏꦔꦺꦭꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦥꦝꦱꦺꦧꦝꦺꦮꦺ​ꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦆꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦥꦝꦥꦼꦥꦏ꧀ꦏꦏꦧꦺꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦧꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦫꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧉​ꦌꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ:ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦢꦼꦩꦁ꧈​ꦫꦺꦴꦁꦒꦺꦴ:ꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦥꦼꦕꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ:ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮꦮꦢꦤꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦩꦸꦁꦤꦛꦢꦺꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦶꦤꦼꦁꦏꦼꦂꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦁꦒꦺꦴꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦥꦫꦒꦂꦮꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦠꦲꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦸꦂꦱꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧉​ꦆꦁꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦺꦴꦉꦒ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦠꦶꦒꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦁꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦠꦶꦁꦏꦊꦱꦶꦏ꧀ꦲꦗꦮꦶꦭ꧀​ꦗꦶꦤꦮꦶꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦮꦂꦤꦶꦤꦺꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮꦒꦁꦱꦭ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦆꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦁꦤꦛꦧꦝꦺꦲꦏꦂꦱꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦩ꧀ꦥꦫꦪꦁꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦠꦸꦤꦶꦁꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦩꦶꦮꦃꦧꦿꦏꦱꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦁꦱꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦂꦠꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦛꦸꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦥꦔꦸꦮꦱꦲꦔꦿꦛꦺꦴꦤꦶꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦱꦸꦥꦿꦧꦮꦠꦶ꧈​ꦤꦛꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦧꦺꦴꦕꦃꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦏꦺꦴꦤꦼꦤ꧀ꦲꦤꦶꦁꦱꦶꦃꦲꦤꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦻꦱꦶꦤꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦔꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦫꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦥꦝꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦥꦝꦩꦼꦝꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦭꦗꦼꦁꦤꦺꦴꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦲꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦧꦮꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦶꦱꦶꦃꦤꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦤꦶꦱꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦶꦮꦃꦧꦿꦏꦱꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦻꦱꦶꦤꦶꦁꦮꦤꦱꦢꦪ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦚꦸꦮꦫ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦒꦸꦂꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦩꦫꦥꦶ꧈​ꦒꦸꦩ꧀ꦭꦸꦝꦸꦏ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦛꦸ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦸꦮꦸꦧꦊꦝꦸꦒ꧀ꦏꦱꦔ꧈​ꦩꦶꦮꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦤꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦫꦮꦭꦺꦴꦧꦁ꧈​ꦫꦮꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦥꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦏꦼꦂ​ꦲꦁꦏꦼꦂꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦢꦪ:ꦱꦩꦶꦩꦸꦔꦼꦭꦱꦻꦴꦫꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦂꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦥꦿꦲꦫꦲꦔꦶꦤ꧀ꦭꦺꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦁꦥꦼꦠꦼꦁꦲꦮꦺꦴꦂꦲꦔꦶꦤ꧀ꦧꦸꦩꦶꦒꦺꦴꦚ꧀ꦗꦁ​ꦒꦚ꧀ꦗꦶꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦼꦥꦁꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦼꦏꦼꦱ꧀ꦒꦶꦫꦶꦱ꧀ꦥꦚꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦔꦶꦠ꧀ꦧꦝꦺꦉꦧꦃ꧉​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦛꦃꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦒꦊꦉꦁꦥꦠꦶꦁꦒꦊꦫꦺꦴ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦩꦸꦫꦶꦃꦲꦺꦁꦒꦭꦶꦁꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦥꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦱꦤꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏꦔꦁꦏꦏꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦂꦱꦥꦝꦥꦶꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦭꦁꦤꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦱꦏꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦮꦸꦭꦲꦗꦼꦁ​ꦔꦗꦼꦁꦤꦩꦸꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦼꦁꦫꦏꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺꦒꦼꦱꦁꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦪꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦫꦏꦤꦛ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦏꦁꦩꦱ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦥꦢꦩꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦁꦧꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦲꦥꦱꦶꦫꦮꦼꦫꦸꦃꦏꦁꦩꦮꦒꦫ​ꦒꦫꦲꦔꦶꦤ꧀ꦭꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦿꦲꦫꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦱꦶꦥꦠꦶꦁꦩꦫꦶꦥꦠ꧀ꦏꦮꦫꦢꦶꦤꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦠꦿꦶꦪꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦤꦼꦮꦸꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦥꦔꦤ꧀ꦢꦥ꧀ꦮꦫꦢꦶꦤ꧀ꦱꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦢꦪꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦱꦏꦭꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦝꦠꦼꦁꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦸꦩꦿꦃꦤꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦄꦢꦶꦩꦱ꧀​ꦲꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦱꦿꦲꦶꦒꦮꦺ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦺꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦠꦸꦮꦝꦺꦮꦺꦲꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦤꦧꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦏꦱ꧀ꦩꦢꦶꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤꦶꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦧꦚꦸꦩꦱ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦩꦶꦭꦸꦮꦩꦫꦁꦱꦶꦄꦝꦶ꧈​ꦲꦁꦒꦶꦠꦶꦏ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦲꦤꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦤꦒꦫ꧉​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦥꦤꦼꦔꦏ꧀ꦲꦩꦾꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦤꦧꦭꦤꦺꦱꦶꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁ:ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦲꦫꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤꦶꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦩꦪꦁꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦶꦠꦶꦏ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦲꦤꦱꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦤꦒꦫ꧉​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦥꦤ꧀ꦝꦮꦲꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦤꦧꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦲꦫꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦫꦶꦭꦔꦶꦠ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤꦶꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦱꦫꦶꦫꦱ:ꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦶꦠꦶꦏ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦲꦤꦱꦏꦸꦭꦺꦴꦤꦺꦤꦒꦫ꧉​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦮꦸꦫꦒꦶꦭ꧀ꦲꦚꦺꦤꦥꦠꦺꦤꦤꦧꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦭꦺꦂꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛ꧈​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭꦤꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦲꦫꦤ꧀ꦥꦂꦧꦸꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦆꦁꦔꦭꦒ꧈​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤꦶꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦩꦪꦔꦿꦸꦩ꧀ꦄꦱ꧀ꦩꦫꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦶꦠꦶꦏ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦏꦁꦲꦤꦱꦭꦺꦫꦶꦁꦤꦒꦫ꧉​ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦥꦝꦱꦶꦤꦻꦴꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦶꦧꦥꦧꦉꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦥꦝꦱꦶꦫꦩꦁꦏꦠ꧈​ꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦩꦶꦭꦸꦮ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦲꦸꦫꦏꦺꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦶꦭꦸꦮꦩꦁꦏꦠ꧀ꦱꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶ꧉​ꦌꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦱꦏꦶꦫꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦫꦶꦏꦠ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦤꦺꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦧꦸꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦶꦤꦒꦫꦗꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦮꦸꦭꦸꦁ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦶꦝꦭ꧀ꦫꦸꦩꦸꦪꦶꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦏꦱ꧀ꦩꦢꦶꦏꦸꦱꦸꦩꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦏꦛꦺꦴꦤ꧀ꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦫꦶꦭꦔꦶꦠ꧀ꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦶꦱꦤ꧀ꦫꦗꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦆꦁꦔꦭꦒꦱꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦺꦲꦚꦉꦁꦔꦶꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦩꦶꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦸꦩꦾꦏ꧀​ꦱꦸꦩꦾꦏ꧀ꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦕꦃꦤꦭꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦼꦥꦁꦤꦒꦫꦶꦏꦒꦺꦒꦺꦫꦤ꧀ꦒꦸꦒꦸꦥ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦔꦫ꧈​ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦭꦺꦂꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦠꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦲꦺꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦔꦗꦼꦔꦏꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦼꦧꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦺꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦒꦺꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦝꦃꦧꦼꦧꦲꦤ꧀ꦥꦩꦸꦫꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦸꦠꦸꦭꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦶꦤꦶꦠꦶꦏ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦫꦗꦒꦭꦺꦁꦱꦺꦴꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦮꦠꦶ꧈​ꦩꦶꦮꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦮꦶꦱ꧀ꦱꦱꦼꦩ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦱꦔꦿꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦗꦼꦁꦔꦗꦼꦁꦩꦼꦁꦱꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦱꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁ​ꦔꦗꦼꦔꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦧꦂꦲꦶꦁꦔꦫ​ꦲꦫꦱ꧀ꦮꦫꦫꦩꦺꦒꦺꦴꦁꦧꦺꦫꦶꦲꦱꦻꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦱꦸꦫꦏ꧀​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔꦽꦧꦃꦤꦭꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦺꦭ​ꦱꦺꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦲꦸꦮꦶꦠ꧀​ꦲꦸꦮꦶꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ꦱꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥꦶꦤꦩꦸꦁꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤ꧈​ꦱꦩꦶꦩꦗꦼꦁꦱꦥꦺꦴꦤ꧀ꦛ​ꦱꦥꦺꦴꦤ꧀ꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦶꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦔꦶꦱ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦕꦶꦕꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦭꦸ​ꦲꦶꦭꦸ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦩꦶꦒꦶꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦺꦴꦫꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃꦲꦸꦤꦶꦤꦶꦁꦭꦪꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦒꦮꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤ꧀ꦲꦤꦼꦭꦸꦏꦏꦺꦢꦺꦏ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁꦧꦶꦪꦺꦤ꧀꧉​ꦄꦝꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦤꦩꦸꦁꦏꦧꦸꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦺꦔꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦏꦥꦼꦏ꧀ꦱ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦺꦴꦏꦺꦴꦃ꧈​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦒꦼꦭꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦱꦥꦶꦠ꧀ꦲꦸꦫꦁ꧈​ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃ꧈​ꦗꦶꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦫꦠ꧀ꦲꦔꦸꦧꦼꦁꦔꦶꦱꦺꦤꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦪꦸꦁꦔꦶꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦶꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤ꧈​ꦲꦩꦺꦴꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦭꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦤꦶꦤꦩꦸꦁꦧꦭꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤ꧈​ꦩꦶꦭꦤꦩꦸꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦝꦠꦼꦁꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦼꦁꦱꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦿꦼꦒꦸꦠ꧀ꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦩꦪꦺꦴꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦲꦗꦮꦼꦢꦶ꧈​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦩꦸꦁꦱꦩꦺꦤꦺ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦩꦺ꧈​ꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦫꦚꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦉꦁꦱꦩꦶꦲꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦼꦠꦼꦁꦝꦼꦝꦼꦠ꧀ꦗꦮꦃꦲꦮꦺꦴꦂꦲꦔꦶꦤ꧀ꦭꦺꦱꦸꦱ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦔꦸꦁ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦊꦱ꧀꧈​ꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦲꦚꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶ:ꦚꦻꦴꦠꦶ:ꦲꦤꦸꦗꦲꦶ꧈​ꦠꦶꦤꦢꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦩ:ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦸꦠꦸꦒ꧀ꦱꦺꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦺꦔꦶꦁꦧꦸꦚ꧀ꦕꦸꦂ​ꦧꦸꦚ꧀ꦕꦸꦂ꧈​ꦱꦺꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦤꦶ꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦧꦶꦔꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦻꦴꦕꦥ꧀ꦤꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦥꦔꦔꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦼꦗꦩꦊꦱ꧀ꦩꦭꦃꦏꦠꦶꦮꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦒꦶꦫꦶꦱ꧀ꦔꦼꦤꦼꦱ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦸꦧꦸꦗꦺꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦔꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦥꦼꦫꦁꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦥꦶꦲꦶꦁꦢꦭꦸ꧈​ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦸꦁꦱꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤꦁꦥꦼꦫꦁꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦏꦻꦫꦶꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦭꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦫꦪꦔꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦩꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦢꦭꦸꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦶꦒꦶꦭꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃꦔꦫꦸꦠꦸꦒ꧀ꦒꦶꦱꦺꦭ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦊꦏ꧀ꦏꦶꦱꦶꦭꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦭꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦢꦭꦶꦤ꧀ꦢꦶꦁꦩꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ꦫꦃꦲꦸꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦔꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦩꦶꦲꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦗꦊꦁꦒꦸꦂ꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒꦸꦩꦼꦢꦼꦂ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦩꦶꦠꦼꦭꦱ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦒꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦥꦤꦂꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦁ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦩꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦢꦒꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦏꦭꦢꦭꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦱꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦫꦶꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫꦧꦃꦢꦺꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦂꦒꦶ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦔꦽꦢꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦫꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦭꦶꦤꦩ꧀ꦥꦲꦏꦼꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦫꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦮꦢꦤꦥꦸꦠꦿꦶ:ꦫꦛꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦶꦁꦒꦶꦠꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦠꦶꦁꦏꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭꦃꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦮꦸꦱ꧀ꦩꦁꦱꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦏꦱꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦺꦱꦸꦏ꧀ꦧꦥꦱꦶꦫꦲꦱꦺꦧꦲꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦔꦥꦿꦁ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦿ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦢꦭꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦲꦺꦧꦃꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦒꦫꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦥꦸꦁꦒꦮꦤꦪꦏꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦧꦺꦂꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦭꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦫꦪꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦒꦂꦮꦱꦏꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦂꦮꦶꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦺꦂꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦲꦔꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠꦶ꧈​ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦝꦃꦩꦤꦃꦧꦝꦺꦱꦲꦺ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦁꦱꦭ꧀ꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦧꦼꦤꦼꦂꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ꧈​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦸꦲꦶꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦩꦤꦮꦲꦤꦏꦁꦲꦺꦭꦶꦁ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦃꦥꦝꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦢꦒꦶꦁꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦏꦁꦲꦶꦏꦸꦒꦩ꧀ꦥꦁꦄꦢꦶꦄꦗꦼꦁ:ꦏꦠꦼꦩꦸꦲꦶꦁꦧꦸꦫꦶ꧉​ꦏꦱꦫꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦲꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦮꦶꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦠꦸꦫꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫ꧈​ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦥꦤꦫꦶꦩꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦮꦶꦫꦤꦒꦫ꧈​ꦩꦤꦮꦏꦱꦮꦺꦴꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦒꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦺꦧꦲꦲꦶꦁꦆꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦺꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦲꦶꦧꦭꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦧꦝꦺꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦠꦼꦔꦫꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦱꦻꦴꦫꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦒꦼꦁꦧꦫꦶꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦁ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦂꦔꦼꦧꦼꦏ꧀ꦏꦶꦥꦥꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦭꦗꦶꦩ꧀ꦩꦶꦮꦃꦲꦶꦁꦝꦫꦠꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦧꦊꦢꦸꦒ꧀ꦲꦩꦼꦠꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦥꦼꦠꦼꦁꦝꦼꦝꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦒꦂꦮꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ꧈​ꦧꦭꦩꦸꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦸꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦏꦺꦴꦤꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦶꦁꦏꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦁꦤ꧈​ꦒꦮꦺꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦢꦏ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦲꦗꦕꦸꦮꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦲꦉꦥ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦊꦒꦲꦲꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦫꦏ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦔꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ;ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦠꦶꦮꦱ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦮꦶꦠꦤꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁꦢꦺꦤ꧀ꦥꦶꦠꦪꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦠꦼꦤ꧀ꦏꦉꦥ꧀ꦏꦸ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦩꦤꦮꦫꦛꦸꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦺꦧꦭ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦫꦛꦸꦤꦶꦱ꧀ꦛ꧈​ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦭꦶꦭꦤꦏꦮꦸꦭꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦱꦸꦩꦿꦶꦮꦶꦱ꧀ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦒꦂꦮꦢꦊꦩ꧀ꦫꦛꦸꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦶꦭꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦕꦶꦤꦝꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦲꦤꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ:ꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦩꦫꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦶꦉꦁꦏꦧꦂꦪꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦂꦱꦲꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦁꦒꦶꦏꦮꦸꦭꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦭꦧꦸꦃꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦩꦶꦂꦱꦲꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦠꦶꦱ꧀ꦤꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦲꦏꦸꦏꦭꦭꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦮꦺꦃꦮꦼꦫꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦲꦩꦸꦁꦥꦔꦥꦸꦫꦧꦲꦺꦄꦝꦶꦄꦗꦼꦁꦢꦏ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦧꦶꦔꦸꦁꦔꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦸ꧈​ꦫꦛꦸꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦁꦩꦠꦸꦂꦱꦂꦮꦶꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦱꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ꧉​ꦆꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦽꦏ꧀ꦱ꧈​ꦱꦢꦪꦤꦶꦱꦶꦃꦔꦶꦮꦤꦼꦔꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦥꦝꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦤ꧀ꦠꦶꦔꦭ꧀ꦲꦔꦺꦒ꧀ꦭ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏ꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦃꦢꦺꦏꦢꦸꦒꦺꦤ꧀ꦥꦶꦏꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦠꦶꦧꦤꦺꦧꦶꦭꦻꦩꦸ꧉​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱ​ꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦥꦶꦭꦶꦪꦤ꧀ꦚꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺ​ꦱꦲꦺꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦒꦸ꧈​ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦶꦔꦭꦺꦴꦢꦿꦠꦶꦪꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦩꦕꦤ꧀ꦥꦸꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦶꦔꦧꦫꦺꦴꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦝꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ꧉​ꦏꦶꦄꦂꦪꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦭꦗꦼꦁꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦤꦫꦗꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦥꦏꦁꦲꦉꦥ꧀ꦩꦠꦶ:ꦲꦩꦥꦒ꧀ꦤꦠꦤ꧀ꦢꦁꦏꦸ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿꦱꦂꦠꦄꦂꦪꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦔꦺꦴꦚ꧀ꦗ꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦥꦸꦫ꧈​ꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦂꦪꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦝꦱꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩꦤ꧀ꦏꦭꦲꦶꦁꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁ꧈​ꦩꦶꦭꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦔꦶꦒꦶꦠ꧀​ꦠꦶꦒꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦄꦂꦪꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦉꦁꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦩꦼꦁꦱꦃꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦂꦪꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦒꦼꦒꦼꦝꦸꦒ꧀ꦒ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦮꦱ꧀ꦠꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦭꦔ꧀ꦭꦸꦁ꧈​ꦏꦼꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦢꦤ꧀ꦱꦂꦠꦩꦲꦺꦱꦠꦼꦫꦛꦺ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦕꦫꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦫꦩꦺ꧈​ꦫꦸꦏꦼꦠ꧀ꦲꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸꦮꦠꦁ꧈​ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸꦝꦸꦮꦸꦁ꧉​ꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦱꦉꦁꦱꦸꦫꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔꦽꦧꦃꦤꦉꦢꦶ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦱ꧀ꦠꦩꦕꦤ꧀ꦥꦸꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦧꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴ꧈​ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦶꦔꦧꦫꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦤꦶꦔꦭꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦔꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦏꦥꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦥꦸꦫ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦫꦺꦥꦺꦴꦠꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦔꦧꦫꦺꦴꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦭꦗꦼꦁꦏꦏꦼꦛꦺꦴꦏ꧀ꦒꦸꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦭꦔ꧀ꦭꦸꦁꦩꦗꦼꦁꦔꦸꦤꦸꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁꦱꦂꦠꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦏꦥꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦚꦏ꧀ꦱꦸꦥꦠꦿ꧈​ꦫꦩꦺꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦩꦶꦥꦿꦏꦺꦴꦱ꧈​ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦭꦔ꧀ꦭꦸꦁꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦩꦕꦤ꧀ꦧꦺꦮꦸꦏ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦲꦺꦱꦠꦫꦛꦺꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦒꦫ꧈​ꦏꦶꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦏꦲꦼꦧꦸꦠ꧀ꦏꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦮꦼꦢꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦒꦫ꧈​ꦏꦶꦄꦂꦪꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦏꦛꦃꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦠꦸꦂꦱꦩꦶꦠꦶꦪꦁꦒꦼꦒꦼꦝꦸꦒ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦂꦮꦶꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦁꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦩꦪꦺꦴꦩꦗꦸꦮꦥꦥꦒꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦁꦔꦺꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦲꦗꦭꦶꦪꦏꦁꦤꦝꦲꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦥꦝꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦗꦼꦁꦲꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦫꦸꦏꦼꦠ꧀ꦥꦼꦫꦁꦲꦉꦧꦠ꧀ꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀꧈​ꦢꦔꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦩꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀​ꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀​ꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦢꦪꦠꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦱꦺꦭꦺꦃꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦔꦧꦼꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦱꦤ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁ​ꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁ꧈​ꦏꦶꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦫꦁꦏꦿꦺꦴꦪꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦲꦭꦶꦠ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦮꦏ꧀ꦏꦶꦥꦼꦫꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦫꦩꦺꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦥꦼꦝꦁꦥꦶꦤꦼꦝꦁ꧈​ꦩꦼꦁꦱꦃꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦏꦛꦃꦭꦺꦴꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦸꦮꦸꦂꦠꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦔꦼꦧꦾꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦔꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦠꦼꦩꦃꦲꦥꦺꦴꦫꦺꦴꦃꦲꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦭꦸꦩꦗꦁꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦒꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦠꦝꦃꦩꦼꦁꦱꦃꦏꦸꦮꦼꦭ꧀ꦫꦩꦺꦲꦸꦢꦽꦒ꧀ꦒꦸꦢꦽꦒꦤ꧀ꦱꦼꦉꦒ꧀ꦱꦶꦤꦼꦉꦒ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁꦧꦶꦤꦸꦗꦸꦁ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦼꦒꦸꦃ​ꦠꦼꦒꦸꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦼꦝꦱꦶ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱꦢꦪꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦭꦶ꧈​ꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦱꦸꦩꦼꦗꦲꦔꦸꦁꦱꦶꦒꦼꦱꦁ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦉꦁꦲꦸꦤꦶꦔꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦲꦱꦭꦁꦠꦸꦚ꧀ꦗꦁ꧈​ꦉꦧꦠ꧀ꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦠꦤ꧀ꦏꦶꦤꦭꦁꦏꦭꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦄꦩꦺꦴꦔꦽꦱ꧀ꦩꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦮꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦗꦪꦺꦁꦔꦱ꧀ꦩꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦃꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦄꦩꦺꦴꦁꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦥꦔꦂꦱ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦛꦤꦒꦫ꧈​ꦮꦢꦤꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦸꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦠꦤ꧀ꦥꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦸꦁ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦼꦥꦼꦠꦤ꧀ꦏꦶꦤꦭꦁꦏꦭꦁ꧈​ꦏꦶꦤꦼꦥꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦫꦺꦫꦺꦥꦺꦴꦠ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦸꦠꦸꦠꦤ꧀꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦏꦭꦸꦁꦏꦸꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦱꦸꦩꦼꦗꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦔꦧꦤꦶꦧꦭ꧈​ꦩꦗꦼꦁꦥꦼꦫꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦠꦼꦔꦫꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦠꦶꦤꦶꦠꦶꦂ꧈​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦫꦩꦺ꧈​ꦲꦮꦺꦴꦂꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦲꦔꦮꦏ꧀ꦏꦶꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦲꦉꦉꦩ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦼꦢꦭ꧀ꦏꦥꦸꦫꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦮꦏ꧀ꦏꦶꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦲꦩꦼꦛꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦩꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦒꦂꦮꦏꦏꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦱꦁꦤꦛ꧉​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦮꦢꦤꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦉꦁꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦮꦲꦶꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶꦥꦫꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦫꦗꦁꦒꦸꦱꦶꦱ꧀​ꦒꦸꦱꦶꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦫꦶꦱꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔ꧀ꦭꦼꦥꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦚ꧀ꦗꦠꦫꦤ꧀ꦠꦺ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦕꦶꦤꦼꦥꦼꦔꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦺꦤꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦚꦼꦥꦼꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦼꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦂꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦁꦱꦸꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩꦶꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦔꦶꦠꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦚꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀​ꦚꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦝꦭ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦏꦥꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦭꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚ꧀ꦗꦗꦫꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦫꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦕꦏꦼꦠ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦏꦤꦛ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦶꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦫꦗꦥꦸꦂꦮꦢꦶꦤꦠꦤꦒꦫ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦲꦩꦼꦁ​ꦔꦩꦼꦁ꧈​ꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦧꦶꦔꦃ​ꦧꦶꦔꦃꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦥꦠꦶꦁꦧꦊꦧꦼꦂꦱꦩꦶꦲꦔꦁꦒꦺ​ꦲꦁꦒꦺ꧈​ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦢꦁ:ꦠꦶꦭꦂꦢꦁ​ꦢꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦤꦼꦝ:ꦠꦶꦭꦂꦲꦗꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦗꦗꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦄꦂꦪꦮꦶꦫꦤꦒꦫ:ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦗꦗꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦱꦂꦠꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦼꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦭꦸꦧꦺꦂꦲꦩ꧀ꦧꦭꦧꦂꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦚ꧀ꦕꦏ꧀ꦱꦸꦗꦶꦱꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦤꦭꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦥꦼꦝꦺꦴꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦩꦼꦤꦁꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦥꦫꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦩꦔꦃ​ꦩꦔꦃ꧉​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦗꦗꦫꦲꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦒꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦠꦿꦶꦪꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦥꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦔꦼꦢꦸꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦏꦺꦲꦺꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦶꦫꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦮꦱ꧀ꦥꦢꦏ꧀ꦤ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦻꦴꦂꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦮꦸꦭꦤꦛꦲꦶꦁꦗꦼꦔꦭ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦁ꧉​ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦩꦶꦉꦁꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦁꦏꦺꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦥꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦮꦸꦲꦲꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦱꦮꦸꦱꦺꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦝꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦫꦏꦧꦺꦃꦏꦭꦸꦥꦸꦠꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦏꦏꦺꦲꦤꦱꦏꦉꦥꦶꦫꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦥꦝꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦼꦭꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦱꦶꦃꦥꦝꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦢꦒꦶꦁꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦱꦶꦱꦚ꧀ꦗꦪꦤꦶꦁꦔꦿꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦕꦫꦁꦠꦩ꧀ꦧꦸꦃ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦶꦔꦱꦫꦶꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦱꦫꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦥꦗꦫꦏꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦗꦼꦗꦼꦠꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦭꦸꦩꦗꦁꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦒꦝꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦿꦧꦭꦶꦁꦒꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦫꦤ꧀ꦠꦸꦤꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦭꦁꦥꦸꦠꦶꦤꦺꦥꦤꦼꦱꦼꦏ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦔꦤ꧀ꦠꦁꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦩ꧀ꦧꦼꦉꦒ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦒꦢꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦩꦼꦕꦸꦠ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦤꦸꦁꦱꦧꦫꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦮꦶꦤꦠ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦸꦂꦮꦺꦴꦁꦒꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦩꦤ꧀ꦝꦥ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦭꦶꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦏꦼꦂꦛꦭ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦮꦠꦶꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦛ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦫꦁꦄꦱꦼꦩ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦽꦩꦢꦺ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦚ꧀ꦗꦶꦮꦸꦭꦸꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦶꦗꦶꦤꦺꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦿꦱꦺꦴꦤ꧀ꦛ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦠꦶꦔꦭ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦱꦸꦠꦿꦤ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦸꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦥꦚ꧀ꦗꦶꦱꦸꦠꦿ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦢꦸꦫꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦧꦿꦗꦤꦛ꧉​ꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦏꦸꦥꦝꦠꦼꦠꦼꦥꦲꦤꦤꦒꦫꦤꦺꦝꦺꦮꦺ​ꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦲꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦪꦭꦮꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦔꦺꦴꦮꦲꦶ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦩꦶꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦥ:ꦱꦶꦫꦭꦸꦩꦿꦃꦤꦩꦫꦁꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦠꦸꦮꦝꦺꦮꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦺꦤꦛꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦪꦭꦮꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦏ꧀ꦩꦢꦶꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​ꦲꦩꦢꦤꦤꦶꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦏꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤꦺ꧉​ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦔꦱꦫꦶ꧉​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦥꦤꦼꦔꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦢꦼꦒꦏꦺꦤꦛꦲꦶꦁꦥꦩꦼꦤꦁ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦭꦮꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦢꦺꦮꦄꦗꦶ꧈​ꦲꦩꦢꦤꦤꦶꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦶ꧉​ꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤꦺ:ꦱꦶꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦥꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦢꦼꦒꦏꦺꦤꦛꦲꦶꦁꦈꦫꦮꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦪꦭꦮꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦫꦶꦭꦔꦶꦠ꧀ꦲꦩꦢꦤꦤꦶꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦱꦥꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤꦺ:ꦱꦶꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦤꦫꦒ꧈​ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦮꦸꦫꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦢꦼꦒꦏꦺꦲꦶꦁꦱꦶꦔꦱꦫꦶ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦪꦭꦮꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦔꦭꦒ꧈​ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦢꦢꦶꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤꦺꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦏꦁꦠꦸꦮ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦭꦶꦩꦿꦲꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦤꦸꦗꦸꦥꦼꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦂꦱꦺꦴꦮꦁ​ꦱꦺꦴꦮꦁ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦁꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦱꦺꦴꦲꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦭꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦩꦶꦱꦏꦺꦕꦩꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦝ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦒꦼꦁꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦲꦁꦒꦸꦁꦲꦸꦭꦃꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦫꦒꦂꦮ꧈​ꦊꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦤꦸꦁꦱꦗꦮꦶ꧉​ꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦱꦩꦶꦮꦮꦿꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦮꦮꦿꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦲꦩ꧀ꦧꦧꦂꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦲꦺꦤ꧀ꦢꦿꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦠꦸꦭꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦠꦼꦔꦫꦏꦛꦃꦏꦁꦩꦩꦶꦉꦁꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦮꦂꦒꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦚꦻꦴꦫꦶꦲꦸꦔꦼꦭ꧀ꦒꦫ​ꦒꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦏꦼꦂ​ꦫꦁꦏꦼꦂꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦱꦩꦶꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦥꦫꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦗꦶꦩ꧀ꦥꦼꦫꦶꦥꦫꦪꦁꦔꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦒꦠ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿ꧉​ꦤꦭꦶꦏꦮꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦫꦏꦱꦶꦃ꧈​ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦧꦼꦱꦂꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥꦶꦁꦏꦮꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦶꦁꦠꦻꦴꦤ꧀ꦗꦶꦩꦮꦭ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦮꦸꦏꦸꦢꦸꦏꦸꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦭꦗꦼꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦄꦪꦸꦏꦁꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦫꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦛꦸꦄꦔꦶꦤ꧀​ꦤꦔꦶꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦁꦏꦸꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦫꦗꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦩꦩꦝ꧉​ꦫꦸꦥꦤꦺꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦪꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦢꦶꦤꦤꦺꦧꦶꦱꦱꦭꦶꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦏꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤꦺ:ꦲꦺꦴꦫꦤꦤꦏꦁꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶ꧉​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦭꦏꦶ​ꦭꦏꦶ꧈​ꦱꦭꦮꦱꦺꦱꦭꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧉​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦲꦏꦶꦂꦲꦤꦫꦛꦸꦭꦸꦮꦶꦃꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦂꦠꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦠ꧀ꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦲꦒꦩꦤꦺꦩꦸꦑꦩꦢ꧀ꦤꦒꦫꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦛꦫꦩ꧀ꦥꦸꦱꦼꦫꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦥꦶꦤꦱ꧀ꦛꦶꦢꦢꦶꦗꦠꦸꦏꦿꦩꦤꦺꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦮꦻꦴꦱꦶꦤꦻꦴꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦠꦼꦂ​ꦮꦠꦼꦂ꧈​ꦥꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦤꦶꦫꦩ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦺꦒꦺꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦛꦫꦶꦢꦸꦂꦒ꧈​ꦱꦮꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦒꦺꦒꦺꦲꦁꦒꦭ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦪꦩꦠ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦮꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦤꦭꦶꦏꦩꦼꦁꦒꦃꦮꦚ꧀ꦕꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦗꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦶꦛꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦫꦗꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦶꦤꦱꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦩꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦒꦤ꧀ꦢꦼꦱ꧀ꦭꦸꦮꦼꦱ꧀ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦻꦴꦒꦸꦁꦱꦼꦏꦂꦱꦶꦤꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦫꦩꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦥꦽꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦤꦩꦗꦒꦃꦭꦫꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦔꦺꦴꦧꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦩꦱꦥꦸꦭꦫꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦠꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦧꦁ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦫꦮꦁꦔꦶꦫꦤ꧀ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦮꦶꦫꦏ꧉​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦪꦸꦥꦸꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦈꦮꦱ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦁꦭꦫꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦺꦴꦧꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦊꦏ꧀ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦭꦸꦮꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦸꦒꦶꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦢꦪꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦲꦒꦩꦶꦥꦏꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦮꦻꦴꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦝꦃꦱꦏꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦠꦼꦔꦲꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦼꦔꦃ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦼꦱꦶꦂ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦥꦁꦭꦫꦁ:ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦏꦭꦔꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦒꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦧꦸꦱꦏꦶꦁꦫꦗꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦄꦒꦸꦁꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦫꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦄꦒꦼꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦒꦺꦴꦁ:ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦩꦫꦛꦸꦥꦽꦩꦤ꧈​ꦱꦉꦁꦢꦶꦮꦱ:ꦥꦸꦠꦿꦮꦻꦴꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦭꦶꦩꦕꦪ:ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦥꦽꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ:ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦩꦪꦁꦠꦫꦸꦤ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦄꦫꦸꦩ꧀꧈​ꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦗꦼꦩ꧀ꦥꦤꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦩꦤꦶꦏ꧀ꦒꦸꦩꦶꦭꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦠꦸꦭꦪꦁ꧈​ꦱꦫꦶꦫꦛꦸ:ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦉꦠ꧀ꦤꦥꦽꦁꦒꦶꦭꦪꦂ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦠꦸꦮꦔꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦄꦪ꧀ꦮ:ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦄꦒꦁꦭꦫꦁ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦏꦸꦏꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦩꦸꦝꦶꦏ꧀ꦧꦛꦫ꧈​ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦏꦶꦁꦫꦛꦸꦄꦒꦁꦭꦫꦁ꧈​ꦏꦥꦽꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦿꦶꦫꦛꦸ:ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦩꦱ꧀ꦠꦸꦫꦶ꧈​ꦏꦠꦿꦶꦩꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦭ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦸꦄꦭꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦸꦏꦸꦂ꧈​ꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦮꦶꦫꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤꦪꦱ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦫꦺꦴꦁꦒꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦮꦱ꧀ꦠꦒꦸꦫꦸꦩꦶꦢꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦏꦮꦶꦪꦤ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦒꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦩꦤꦸꦁꦱ꧈​ꦫꦺꦴꦁꦒꦥꦏꦸꦮꦤ꧀ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦱꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦲꦮꦱ꧀ꦠꦥꦿꦧꦸꦱꦫꦶ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦫꦗꦥꦺꦴꦭꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦤꦩꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦥꦢꦸꦉꦏ꧀ꦱ꧈​ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦗꦥꦺꦴꦭꦃ꧈​ꦠꦶꦒꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦱꦺꦭꦮꦔꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦭꦶꦥ꦳ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦕꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦢꦥꦝꦁ꧈​ꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦛꦺꦴꦩꦱ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦫꦛꦸꦥꦽꦁꦒꦶꦭꦭꦂꦱꦫꦶꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦏꦸꦁꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦩꦭꦛꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦲꦮꦱ꧀ꦠꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦮꦶꦫꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦠꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤ꧀ꦢꦶꦫꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈​ꦱꦶꦭꦶꦃꦤꦩꦧꦛꦫꦩꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦱꦶꦭꦶꦃꦤꦩꦧꦛꦫꦩꦭꦫꦁ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦥꦶꦱꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦸꦂꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦢꦼꦩꦁꦧꦛꦫ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦲꦺꦴꦁꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦫꦗꦏꦱ꧀ꦠꦫꦶ꧈​ꦲꦤꦩꦱꦸꦤꦤ꧀ꦢꦸꦒꦌꦭꦁ꧈​ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤ꧀ꦝꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦲꦤꦩꦫꦺꦴꦁꦒꦱꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦱꦸꦤꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦢꦸꦩꦤ꧈​ꦲꦕꦏꦭ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦱꦸꦤꦤ꧀ꦗꦪꦉꦠ꧀ꦤ꧈​ꦠꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦕꦶꦩꦶꦤꦏ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦫꦛꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦢꦶꦁꦱꦸꦏꦏꦂꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦲꦤꦩꦫꦗꦮꦶꦢꦫ꧈​ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦩꦗ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦱꦸꦤꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦭꦪꦺꦴꦤ꧀ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦛꦫꦗꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦱꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦏꦿꦩꦲꦁꦱꦭ꧀ꦫꦛꦸꦩꦤ꧀ꦝꦥ꧈​ꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦤꦩꦈꦩꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦿꦩꦲꦁꦱꦭ꧀ꦧꦶꦩꦭꦫꦁ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦗꦩ꧀ꦥꦁꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱꦶꦔ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦫꦛꦸꦔꦿꦸꦩꦪꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦫꦶ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦢꦺꦴꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦲꦤꦩꦱꦸꦤꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦢꦺꦴꦁꦔꦺꦫꦩꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦤꦩꦫꦗꦌꦪꦁꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦠꦛ꧈​ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦲꦤꦩꦫꦗꦌꦪꦁꦧꦮ꧈​ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦝꦁꦮꦼꦱꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦫꦗꦃꦪꦁꦭꦸꦁꦒꦕꦤ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦕꦶꦢꦂꦩ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦲꦤꦩꦱꦸꦤꦤ꧀ꦫꦗꦤꦮꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦤꦩꦫꦗꦠꦥ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦥꦮꦼꦤꦁ꧈​ꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸꦲꦮꦱ꧀ꦠꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦏꦤ꧀ꦝꦸꦫꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦧꦛꦫꦶꦉꦱꦶꦥꦸꦠꦶꦃ꧈​ꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦥꦽꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦲꦤꦩꦫꦛꦸꦢꦺꦮꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦤꦩꦫꦛꦸꦒꦸꦫꦸꦄꦗꦶ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦷꦩꦭꦶꦃꦤꦩꦢꦺꦮꦒꦸꦫꦸꦄꦗꦶꦩꦭꦺꦭ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦒꦼꦒꦼꦱꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦏꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦝꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦫꦺꦴꦁꦒꦕꦫꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦤꦩꦫꦺꦴꦁꦒꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦸꦫꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦭꦫꦁ꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦩꦭꦶꦃꦩꦼꦢꦭ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦧꦒꦸꦱ꧀ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦛꦼꦂ꧈​ꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩꦶꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦧꦝꦺꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦩꦶꦭꦥꦫꦢꦺꦮ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦢꦺꦮꦶ:ꦱꦩꦶꦩꦸꦝꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦏꦛꦃꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦒꦫ​ꦒꦫ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦭꦮꦼꦢꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦶꦮꦃꦧꦸꦧꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ꦮꦤꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦠꦼꦒꦸꦃ꧈​ꦥꦸꦱꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦒꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦮꦼꦭꦢ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦶꦒꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦴꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦲꦤꦩꦥꦺꦴꦚ꧀ꦕꦏꦂꦪ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦒꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦱꦶꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦺꦒꦺꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦥꦿꦩꦸꦤꦶ꧈​ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦏꦸꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦱꦺꦢꦤꦺꦏꦁꦫꦩꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦏꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦺꦫꦗꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦺꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦤꦶꦒꦱ꧀ꦥꦸꦱꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦻꦴꦏꦥꦫꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦚꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦲꦸꦫꦶꦥꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦴꦠ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦱꦶꦪꦠꦏꦺ꧈​ꦧꦱꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦒꦒꦩꦤꦺ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦱꦂꦠꦠꦠꦼꦒꦸꦃ꧈​ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦥꦱꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦒꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧉​ꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦠꦶ꧈​ꦥꦔꦺꦴꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦂꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦠꦁꦠꦸꦫꦸꦤꦤ꧀ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦔꦭꦶꦃꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦃꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦒꦼꦤꦼꦥ꧀ꦱꦥꦸꦭꦸꦃꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦤꦒꦫꦤꦺꦫꦸꦱꦏ꧀ꦫꦛꦸꦤꦺꦱꦭꦶꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦔꦭꦶꦃꦩꦼꦚꦁꦭꦺꦴꦫꦺꦕꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦮꦪꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶꦏꦲꦼꦢꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦺꦒꦺꦢꦺꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦶꦈꦩ꧈​ꦥꦸꦱꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦒꦱ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦒꦼꦭ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦤꦸꦒꦼꦭ꧀ꦏꦸꦝꦶꦱꦏꦮꦶꦪꦤ꧈​ꦥꦶꦤꦁꦏꦸꦏꦭꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦢꦢꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦺꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦧꦶꦱꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦲꦗꦸꦂ​ꦫꦗꦺꦂ꧈​ꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦩꦧꦸꦂ꧈​ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦥꦿꦠꦥꦤꦺꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦲꦫꦗꦱꦼꦏ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦩꦫꦁꦏꦁꦢꦢꦶꦤꦛ꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦏꦏꦸꦢꦁꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦥꦁꦏꦸꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦤꦛꦱꦶꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦧꦒꦸꦱ꧀ꦱꦂꦠꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦱꦧꦫꦁꦒꦮꦺ꧈​ꦠꦼꦒꦸꦃ꧈​ꦫꦺꦴꦱ꧈​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦧꦶꦱꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦒꦢ꧈​ꦲꦠꦶꦤꦺꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤꦺ꧈​ꦏꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭꦤ꧀ꦌꦩ꧀ꦥꦸꦫꦩ꧈​ꦧꦶꦱꦩꦼꦠꦺꦴꦏꦏꦺꦒꦼꦤꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦒꦺꦴꦱꦺꦴꦁꦢꦶꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦁ꧈​ꦥꦠꦸꦠ꧀ꦢꦢꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦺꦏꦢꦁꦔꦺꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦪꦠꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦱꦺꦴꦫꦺꦤꦺꦩꦼꦏꦂ꧈​ꦏꦪꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦁꦱꦤꦺꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦧꦶꦱꦢꦢꦶꦠꦁꦒꦭ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦏꦶꦂꦧꦶꦱꦩꦼꦏꦂꦩꦤꦼꦃ꧈​ꦢꦢꦶꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦥꦫꦲꦺꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦫꦗꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫ꧉​ꦥꦸꦱꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦒꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦼꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦢꦏꦒꦸꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧈​ꦒꦢꦮꦻꦴꦏꦥꦫꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦪꦃ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦒꦒꦩꦤꦺꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦢꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦤꦛꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦂꦮꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦏꦫꦶꦪꦱꦭꦩꦼꦠ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦒꦼꦁꦱꦢꦪꦱꦏꦶꦁꦱꦮꦧꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦒꦺꦒꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦥꦫꦗꦮꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ:ꦱꦩꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦱꦶꦃꦠꦽꦱ꧀ꦤ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦠꦶꦒꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦸꦮꦮꦶꦲꦔꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦫꦶꦤꦛꦸ​ꦫꦛꦸꦫꦗꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦒꦺꦱꦺꦃꦱꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦲꦺꦴꦠ꧀ꦗꦊꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦏꦭꦶꦃꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦂꦠꦲꦱꦶꦃ꧈​ꦲꦔꦼꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦮꦸꦭ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦲꦤꦤ꧀ꦝꦁꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦧꦿꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦸꦥꦺꦝꦲꦂꦱꦫꦺ꧈​ꦲꦁꦒꦸꦁꦲꦤꦼꦤꦼꦝꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​ꦄꦤꦸꦗꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦩꦸꦩꦸꦗ꧈​ꦲꦤꦼꦒꦼꦱ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦸꦂꦧꦲꦶꦁꦥꦤꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦲꦺꦤꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦶꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ:ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦏꦠꦫꦶꦩꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦩꦸꦱ꧀ꦤꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦤꦸꦗꦸꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦢꦺꦮꦠꦸꦩꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦏꦪꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦺꦮ꧈​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦔꦶꦏꦶꦧꦶꦲꦶꦁꦭꦏꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦢꦸꦢꦸꦢꦺꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦩꦤꦸꦁꦱꦏꦪꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦶꦤꦺꦴꦁꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦧꦝꦺꦏꦂꦱꦥꦸꦤꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦔꦩ꧀ꦧꦃꦤꦒꦫꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦲꦱꦸꦏꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦼꦫꦺꦃꦠꦤꦃꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦔꦗꦩ꧀ꦏꦁꦲꦔꦼꦥꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦢꦺꦮꦤꦛ:ꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦆꦁꦔꦭꦒ:ꦥꦏꦸꦤꦶꦔꦿꦠ꧀ꦗꦮ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦫꦺꦤꦺꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦲꦥꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦱꦺꦧꦩꦼꦚꦁꦤꦒꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦠꦼꦏꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦁꦒꦮꦧꦭ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦥꦼꦫꦁꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦱꦃꦲꦔꦢꦸꦧꦭ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦔꦿꦸꦱꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦼꦫꦸꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦗꦱꦶꦫꦲꦔ꧀ꦭꦸꦔꦤꦶ꧈​ꦩꦫꦢꦶꦥꦼꦫꦏ꧀ꦩꦫꦺꦤꦺ꧈​ꦱꦶꦫꦢꦶꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧈​ꦠꦝꦲꦤꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦗꦏꦏꦺꦪꦤ꧀ꦕꦼꦭꦛꦸ꧈​ꦏꦼꦧꦠ꧀ꦱꦶꦫꦠꦶꦧꦏ꧀ꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦝꦲꦤꦺ꧈​ꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦼꦝꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀​ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦸꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦩ꧀ꦧꦂꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦉꦤ꧀ꦠꦃ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦱꦶꦤꦺꦴꦱꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦁ​ꦔꦭꦁ꧈​ꦩꦭꦺꦱꦢ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦒꦼꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦮꦁꦏꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦮꦁꦱꦭ꧀​ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦱꦃ꧈​ꦮꦁꦏꦶꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦆꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦥꦸꦠꦸꦁ꧈​ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦮꦸꦱꦤꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦊꦱ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦚꦠꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦉꦥ꧀ꦩꦊꦱ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦠꦼꦏ꧀ꦤꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦁꦩꦸꦝꦶꦱꦶꦏ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦺꦴꦫꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦪꦸ꧈​ꦱꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦝꦲꦶ꧈​ꦲꦩꦺꦏ꧀ꦏꦮꦸꦁꦏꦭ꧀ꦥꦶꦏꦸꦭꦤ꧀ꦩꦫꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦼꦤ꧀ꦔꦱꦃꦥꦼꦝꦁꦩꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦛꦸꦭ꧀ꦲꦱꦲꦼꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦼꦥ꧀ꦲꦩꦼꦝꦁꦔꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦝꦲꦤꦺ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦊꦩ꧀ꦧꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦲꦚꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦱꦸꦏꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦩꦠꦸꦂꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦫꦛꦸꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁ:ꦏꦮꦸꦭꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦲꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦮꦸꦭꦁ꧉​ꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦫ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦠꦸꦂꦩꦸꦏꦁꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃ꧈​ꦪꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦔꦶꦪ:ꦭꦸꦁꦒꦸꦲ꧈​ꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦱ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦏꦸꦱꦢꦸꦭꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦸꦲꦶꦪꦔꦮꦸꦭꦲꦩꦼꦚꦁꦱꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦸ꧈​ꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦩꦠꦸꦂꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦱꦻꦱꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦏꦠꦸꦫꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦱꦻꦴꦮꦶꦱꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦸꦭꦸꦱ꧀ꦢꦢꦶꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦧꦼꦤ꧀ꦏꦭꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦶꦫꦱꦺꦧꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦝꦮꦲꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦩꦻꦧꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦱꦏꦉꦥꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦴꦤ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦱꦂꦠꦥꦱꦁꦫꦏꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀ꦏꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦩꦮꦶꦲꦩ꧀ꦥꦶꦭꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦝꦭꦁ꧈​ꦱꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ:ꦮꦶꦤꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦠꦶꦪꦁꦤꦒꦫꦶꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦔ꧀ꦭꦶꦩꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦛꦸꦠ꧀ꦩꦶꦮꦃꦗꦸꦫꦸꦠꦼꦤꦸꦁ꧈​ꦱꦂꦠꦥꦫꦝꦸꦏꦸꦤ꧀ꦈꦭꦸꦧꦭꦁꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦑꦏꦶꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦧꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦫꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦥꦊꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦁꦢꦂꦩꦠꦸꦠꦸꦁꦒꦸꦧꦲꦺ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦔꦼꦥꦼꦭ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦻꦏꦶꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦥꦝꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦪ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦶꦪꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦲꦶꦫꦥꦼꦫꦁ꧉​ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦩꦶꦱꦻꦴꦂꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦩꦤꦸꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦱꦶꦃꦏꦸꦩꦮꦸꦭ꧈​ꦩꦭꦃꦱꦩꦶꦲꦩꦸꦩꦸꦗꦶꦲꦔꦊꦩ꧀꧈​ꦊꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦼꦩꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶꦫꦛꦸꦠꦶꦠꦶꦧꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦶꦗꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦧꦭ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃꦱꦏꦺꦲꦺꦧꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦩꦤꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦝꦱꦶꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦤꦒꦫꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦝꦸꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦄꦝꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦥꦝꦩꦤꦸꦠꦲꦥꦱꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦺ꧈​ꦱꦢꦪꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦄꦝꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦩꦶꦭꦶꦲꦧꦭꦱꦶꦁꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧈​ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦫꦁꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦲꦁꦒꦮꦭꦪꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦤꦩꦫꦁꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦶꦭꦶꦃꦈꦭꦸꦧꦭꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦼꦭꦶꦁ꧈​ꦈꦭꦸꦧꦭꦁꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦺꦲꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃ:ꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦊꦁꦒꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁꦔꦺꦴꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦊꦁꦒꦲꦤ꧀꧈​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦭꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦲꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦱꦁꦤꦛꦩꦁꦒꦶꦃꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀ꦲꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦧꦭꦱꦩꦶꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦂ꧈​ꦱꦂꦠꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦊꦩ꧀ꦧꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦫꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦸꦗꦸꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦠꦩꦸꦮꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦤꦶ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦭꦺꦧꦂ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦗꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦒꦶꦤꦼꦩ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦝꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦧꦶꦤꦼꦝꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦗꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦧꦭ꧈​ꦚꦠꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦫꦶꦤꦩ꧀ꦥꦱ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤꦺꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦤꦼꦭꦸꦏ꧀​ꦤꦼꦭꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦩꦫꦩꦤꦱ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦶꦤꦼꦩ꧀ꦏꦱꦫꦸꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦝꦠꦼꦁꦱꦂꦠꦲꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦸꦩꦫꦺꦴꦗꦺꦴꦒ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦭꦫꦥꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦏꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦠꦠꦏꦿꦩ꧈​ꦠꦼꦏꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦲꦏꦸꦲꦸꦠꦸꦱꦤꦺꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦲꦔꦿꦠꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦺꦩꦫꦶꦔꦏꦺꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦮꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦗꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀:ꦥꦺꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦶꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦫꦶꦤꦗ​ꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦒꦸꦫꦸꦤꦛ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦂꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ:ꦢꦺꦮꦤꦛꦱꦺꦤꦥꦠꦶꦆꦁꦔꦭꦒ꧈​ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦠꦤꦃꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦔꦗꦩ꧀ꦲꦧꦧꦭꦥꦫꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦥꦶꦤꦸꦗꦶ​ꦥꦸꦗꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦧꦭꦏꦧꦺꦃ꧉​ꦭꦶꦫꦶꦁꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦲꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦭꦪꦁꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦱꦶꦫꦱꦺꦧꦲꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦺꦴꦥꦺꦴ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦫꦺꦴꦏ꧀ꦤꦭꦫꦺꦤꦶꦫ꧈​ꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦤꦧꦺꦠꦺꦁꦔꦶꦫ꧈​ꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦏꦤꦶ꧈​ꦥꦺꦴꦩ​ꦥꦺꦴꦩꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦱꦏꦺꦲꦺꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦩꦺꦴꦠ꧀ꦲꦶꦁꦭꦪꦁ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦤꦸꦮꦺꦏ꧀​ꦱꦸꦮꦺꦏ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤꦤ꧀ꦩꦠꦸꦫꦩꦼꦚꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦥꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦲꦤꦼꦏꦤꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦝꦲꦶꦱꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦔꦺ꧈​ꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦗ꧀ꦭꦼꦒ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦠꦼꦝꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦱꦢꦪ꧈​ꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦁꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦚꦤꦢꦺꦮꦠꦸꦩꦼꦝꦏ꧀꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦭꦺꦧꦂ:ꦫꦗꦗꦩ꧀ꦧꦶ:ꦱꦩꦶꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦊꦁꦒꦲꦤ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦝꦏ꧀ꦢꦺꦤꦺꦗ꧀ꦭꦼꦒ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦱꦶꦫꦠꦤ꧀ꦠꦁꦱꦱꦸꦮꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭꦱꦶꦫꦱꦺꦧꦲ꧈​ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦲꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦭꦗꦼꦁꦢꦸꦏꦲꦤꦫꦶꦏ꧀ꦥꦼꦝꦁ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦥꦶꦤꦼꦝꦁꦮꦤ꧀ꦠꦶ​ꦮꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦮꦸꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦉꦤ꧀ꦠꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦲꦼꦧꦾꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦒꦸꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦠꦁꦱꦸꦭꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦏꦱꦧꦤ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦸꦊꦁ​ꦔꦸꦊꦔꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁꦥꦶꦤꦼꦝꦁꦠꦸꦚ꧀ꦗꦁ​ꦠꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦁ;ꦱꦩꦶꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦫꦩꦺꦧꦸꦗꦼꦁ​ꦧꦶꦤꦸꦗꦼꦁ:ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦠꦶꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀​ꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦱꦩꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦱꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦶꦭꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦮꦤꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦥꦔꦿꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦤꦸꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦔꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦫꦗꦥꦠꦤꦶ꧈​ꦫꦗꦗꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦭꦺꦧꦂ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦶꦤꦸꦫꦸꦧꦸꦠ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦶꦤꦧꦼꦠ꧀ꦔꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦗꦏꦱꦸꦱꦸ꧈​ꦢꦶꦪꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁꦩꦸ꧈​ꦢꦶꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦺꦴꦫꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠꦶ꧉​ꦱꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀ꦧꦶꦔꦸꦁꦠꦤ꧀ꦢꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦠꦶꦤꦁꦱꦸꦭꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦠꦸꦂꦥꦠꦺꦴꦧꦠꦤ꧀ꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦴꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦏꦛꦃꦥꦠꦶꦁꦧꦊꦱꦂ꧈​ꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦺꦱꦃꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦂꦱꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦏꦊꦩ꧀ꦥꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦶꦭꦶ꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦊꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦥꦫꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦠꦼꦠꦼꦥꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀:ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦱꦶꦫꦱꦺꦧꦲꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦗꦲꦤꦥꦝꦭꦺꦭꦺꦢ꧈​ꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦲꦠꦸꦂꦥꦿꦗꦔꦲꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩꦥꦿꦗꦔꦤꦶꦫꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦏꦶꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦥꦝꦏꦫꦶꦪꦱꦭꦩꦼꦠ꧀꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦱꦧꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦲꦩꦼꦥꦏ꧀ꦧꦭ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦭ꧀ꦱꦁꦤꦛꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦩꦶꦉꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ:ꦥꦼꦫꦁꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦲꦶꦁꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦒꦸꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦢꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦶꦭꦲꦩꦼꦥꦏ꧀ꦧꦭ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦔ꧀ꦭꦧꦸꦲꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦏꦱꦫꦸꦫꦮꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦗ꧀ꦭꦼꦒ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦁꦏꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦭꦗꦼꦁꦱꦸꦩꦼꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦲꦥꦲꦤꦥꦿꦏꦫ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦩꦼꦥꦏ꧀ꦧꦭ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦶꦭꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦩꦼꦥꦏ꧀ꦧꦭ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩꦶꦉꦁꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦼꦫꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ:ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦒꦸꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦤꦂꦏꦏꦮꦸꦭꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦧꦭꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦧꦝꦺꦲꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦧꦝꦺꦧꦺꦭꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦧꦝꦺꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦱꦮꦶꦱꦺ:ꦄꦝꦶ:ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩꦱꦶꦲꦶꦫꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦠꦸꦗꦸꦤꦺꦲꦤꦥꦔꦽꦏ꧀ꦱꦤꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦠꦤꦶ꧈​ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦭꦺꦧꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦗꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺꦄꦝꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦉꦥꦶꦫ꧈​ꦱꦏꦺꦲꦺꦩꦫꦶꦪꦼꦩꦶꦫꦧꦧꦼꦂꦏꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦒꦒꦝꦃ꧈​ꦱꦢꦪꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺꦄꦝꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦫꦁꦫꦗꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦥꦠꦤꦶꦲꦶꦁꦱꦸꦭꦺꦧꦂꦲꦶꦁꦗꦩ꧀ꦧꦶ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩꦺꦧꦧꦼꦂꦏꦠꦤ꧀ꦥꦝꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦶꦫꦶꦩ꧀ꦤꦩꦫꦁꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦄꦝꦶ:ꦱꦶꦫꦏꦫꦶꦪꦱꦭꦩꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦫꦗꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦝꦮꦃꦲꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦧꦻꦠ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦏꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦫꦗꦱꦏꦮꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦝꦶꦤꦮꦸꦲꦤ꧀꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦮꦿꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦻꦠ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦸꦱꦸꦭꦺꦧꦂꦥꦠꦤꦶꦲꦶꦁꦗꦩ꧀ꦧꦶ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦫꦫꦗꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦔꦗꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦫꦗꦧꦿꦤ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦫꦶꦤꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦠꦼꦂꦏꦝꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦢꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦭꦩꦸꦱ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦧꦭ:ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩꦶꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦁꦤꦛꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦒꦫꦶꦩꦶꦱꦸꦏꦧꦶꦔꦃ꧈​ꦥꦫꦒꦂꦮꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦒꦼꦩꦃꦫꦲꦂꦗ꧈​ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦂꦮꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦿꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦮꦱ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦏꦿꦩꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦠꦸꦠ꧀ꦲꦔꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦩꦭꦃꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦫꦺꦲꦚꦸꦥꦼꦤ꧈​ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦒꦸꦫꦸꦤꦛ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦠꦺꦠꦺꦭ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦤ꧀ꦠꦺ​ꦮꦺꦤ꧀ꦠꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦸꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚꦶꦥ꧀ꦠ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦒꦱ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦸꦗꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦫꦺꦧꦼꦔꦶꦔꦶꦥꦶ꧈​ꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦒꦸꦫꦸꦤꦛ꧈​ꦏꦺꦲꦺꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧈​ꦥꦝꦧꦒꦸꦱ꧀​ꦧꦒꦸꦱ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦻꦴꦥꦩꦱꦻꦏꦶꦲꦤꦲ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦥꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦥ꧈​ꦱꦶꦫꦒꦺꦴꦭꦺꦏꦤꦭꦤ꧀ꦱꦶꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦱꦥꦶꦫꦲꦭꦮꦱꦺꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦗꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦮꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦏꦠꦼꦩꦸ꧈​ꦲꦗꦩꦸꦭꦶꦃ​ꦩꦸꦭꦶꦃ꧈​ꦢꦢꦶꦪꦩꦔꦤ꧀ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ꦲꦶꦪꦭꦏꦺꦴꦤꦤ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦧꦥ꧈​ꦱꦶꦫꦩꦁꦏꦠꦭꦤ꧀ꦱꦶꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚꦔꦺꦴꦤꦶꦱꦭꦩꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦺꦴꦩꦧꦥ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦲꦩꦧꦽꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦭꦶ꧈​ꦠꦶꦁꦱꦊꦔꦿꦸꦏ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦶꦫꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦧꦪꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦲꦤꦲꦶꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦺꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦗꦂꦲꦔ꧀ꦭꦼꦁꦏꦫ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦧꦱꦏꦩꦺꦴꦏꦭꦤ꧀꧉​ꦥꦠꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦝꦺꦴꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦢꦊꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭ꧀ꦠꦶꦤꦔꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦛꦺꦴꦭꦺ꧈​ꦱꦶꦫꦢꦶꦧꦶꦱꦏꦫꦶ꧈​ꦥꦶꦫꦧꦫꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦩꦸꦲꦤꦼꦩꦸꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦤꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦛꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦏꦭ꧀ꦥꦶꦱꦃꦭꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦩꦸꦱꦂꦠꦲꦏꦸ꧈​ꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦱꦸꦮꦶꦠ꧈​ꦲꦗꦭꦺꦭꦺꦢ꧈​ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦩꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦱꦧꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦠꦼꦩꦃꦩꦶꦁꦒꦃꦱꦸꦱꦃ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦝꦺꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦫꦩꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦕꦼꦠ꧀ꦱꦲꦥꦼꦛꦏ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦕꦸꦕꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤꦼꦭꦺꦠꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦧꦢꦤ꧀꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ:ꦛꦺꦴꦭꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦥꦠꦶꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦥꦠꦶꦲꦸꦫꦶꦥꦺꦲꦶꦧꦸꦩꦸ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦂꦠꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦥꦒꦿꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦃꦏꦸꦭꦫꦩ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦗꦫꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦤ꧈​ꦩꦺꦴꦏꦭ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺꦱꦏꦶꦁꦱꦫꦏꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦁꦫꦩꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦛꦺꦴꦭꦺ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦱꦶꦃꦧꦺꦴꦕꦃ꧈​ꦢꦸꦫꦸꦁꦧꦶꦱꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧈​ꦲꦺꦮꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦗꦗꦭ꧀ꦒꦺꦴꦊꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦱꦏꦺꦲꦺꦩꦿꦶꦪꦼꦩ꧀ꦗꦫꦲꦤ꧀ꦩꦤꦮꦲꦤꦏꦁꦢꦢꦶꦱꦼꦤꦼꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦸꦢꦸꦢꦸꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦢꦶꦏꦂꦱꦏꦏꦺ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦲꦸꦒꦼꦫꦶꦁꦤꦒꦫ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦱꦶꦏꦤ꧀ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦶꦱꦶꦏꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦛꦺꦴꦭꦺ꧈​ꦲꦗꦢꦶꦤꦮ꧈​ꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦫꦶ꧈​ꦲꦗꦥꦺꦥꦺꦏꦠꦸꦁꦒꦸꦤꦒꦫ꧈​ꦢꦶꦏꦪꦲꦏꦸꦮꦺꦮꦺꦏꦩꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦲꦉꦥ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦲꦶꦪꦱꦶꦢꦏ꧀ꦤ꧈​ꦩꦤꦮꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦁꦥꦤꦸꦗꦸꦢꦢꦶꦥꦔ꧀ꦭꦶꦥꦸꦫꦺꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦲꦶꦧꦸꦩꦸꦲꦉꦥ꧀ꦲꦩꦸꦩꦸꦗ꧈​ꦩꦤꦮꦲꦤꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦶꦁꦗꦮꦛ꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦶꦏꦼꦉꦥ꧀ꦠꦶꦭꦶꦏ꧀ꦩꦼꦚꦁꦥꦩꦸꦗꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦤꦒꦫꦢꦏ꧀ꦥꦱꦿꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮ꧈​ꦥꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦱꦸꦢ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦮꦱ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦏꦺꦴꦤꦶꦤꦒꦫ꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺꦲꦸꦤ꧀ꦠꦸꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦲꦺꦴꦒꦏ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦸꦏꦸꦃꦲꦩ꧀ꦧꦏꦺꦴꦤꦶꦤꦒꦫ꧈​ꦭꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦮꦂꦤꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦶꦪꦢꦢꦶꦲꦶꦭꦥꦠ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦲꦠꦶꦮꦶꦱ꧀ꦩꦔꦺꦴꦩꦼꦚꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦛꦺꦴꦭꦺꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦁꦔꦸꦭꦃꦤꦒꦫꦲꦶꦏꦸꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦲꦩꦫꦺꦴꦲꦝꦼꦥ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦱ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦠꦸꦮꦤꦺ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦩꦔꦺꦴ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦫꦤꦏꦸꦔꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦩꦸꦁꦩꦝꦼꦥ꧀ꦩꦫꦁꦱꦮꦶꦗꦶꦧꦲꦺ꧈​ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦥꦺꦴꦩꦢꦶꦲꦺꦭꦶꦁꦛꦺꦴꦭꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦫꦶꦪꦱꦭꦩꦼꦠ꧀꧉​ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦏꦸꦧꦸꦫꦤꦶꦁꦏꦏꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦠꦥꦠꦶꦊꦩ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦩꦸꦗꦸꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦒꦶꦤꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦩꦿꦶꦪꦼꦩ꧀ꦗꦫꦲꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺ​ꦱꦲꦺ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦢꦺꦢꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦸꦥꦼꦤ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦲꦏꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦠꦶꦭꦂꦠꦼꦝ:ꦠꦶꦭꦂꦠꦶꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦲꦤꦼꦥꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦫꦶꦠꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦺꦩꦺꦏ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦥꦶꦱꦁ꧈​ꦧꦤ꧀ꦠꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦤꦺꦴꦤ꧀ꦱꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦮꦚ꧀ꦕꦶꦧꦔꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦚꦸꦥꦼꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦸꦒꦃꦲꦺꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦊꦩ꧀ꦤꦼꦤꦼꦥꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦃꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦶꦁꦗꦮꦛꦲꦁꦱꦭ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦱꦫꦏꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦸꦥꦼꦤꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦥꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦛꦺꦴꦭꦺ꧈​ꦢꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦤ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦔꦶ꧈​ꦭꦁꦏꦸꦁꦒꦼꦠꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦼꦠꦤ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦱꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦧꦭ꧈​ꦱꦸꦩꦶꦗꦠꦸꦮꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦗꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦔꦸ꧈​ꦏꦼꦩꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦶꦪꦏ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦭ꧈​ꦱꦂꦠꦤꦶꦧꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦂꦠꦲꦶꦧꦸꦱꦩꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦲꦗꦗꦂ:ꦱꦩꦶꦧꦒꦸꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦱꦂꦮꦶꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦫꦩꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦸꦥꦼꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦢꦸꦩꦼꦭꦶꦁꦏꦩꦶꦉꦔꦤ꧀:ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦤꦼꦁꦔ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦏꦺꦴꦠꦔꦶꦱꦤ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦧꦭꦶꦪꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦏꦁꦩꦸꦏ꧀ꦱꦭꦏꦸꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤ꧈​ꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦩꦫꦁꦏꦻꦭꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦩꦠꦶ꧈​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦩꦶꦱꦶꦃꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦩꦸꦁꦱꦭꦶꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦴꦤꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦩꦸꦢꦶꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦲꦗꦏꦭꦶꦫꦸ꧈​ꦢꦶꦧꦶꦱꦲꦩꦶꦱꦲꦏꦺ꧈​ꦥꦶꦱꦲꦺꦫꦒꦭꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦩꦸꦲꦶꦪꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦫꦒꦏꦸ꧈​ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭꦺ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦔꦺꦴꦭꦲꦺ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦲꦺꦴꦫꦥꦶꦱꦃꦫꦒꦭꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦩꦻꦴ꧈​ꦏꦪꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦭꦪꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦤꦸꦫꦺ꧈​ꦱꦥꦫꦤꦺꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦠꦏꦺ꧈​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦫꦒꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦱꦃꦲꦺꦴꦫꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦭꦶꦫꦸ꧈​ꦢꦢꦶꦏꦸꦫꦁꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦭꦮꦱꦺꦧꦶꦔꦸꦁꦧꦲꦺ꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦠꦶꦧꦱꦲꦼꦁꦒꦺꦴꦤ꧀​ꦤꦼꦁꦒꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦧꦶꦱꦲꦔꦮꦺꦴꦫꦏꦺ꧈​ꦫꦒꦭꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦲꦶꦏꦸꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦛꦺꦴꦭꦺꦏꦁꦢꦶꦪꦫꦤꦶꦗꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦩꦸ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦭꦸꦮꦶꦃꦢꦶꦱꦶꦏ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦲꦶꦁꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦥꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦢꦢꦶꦱꦸꦥꦼꦤꦤꦺꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦢꦢꦶꦧꦧꦼꦂꦏꦠꦤꦺꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦛꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦢꦢꦶꦲꦸꦒꦼꦫꦶꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦠꦼꦭꦱ꧀ꦮꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦁꦏꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦏꦒꦒꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦂꦠꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦱꦭ꧀ꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦕꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦭ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦥꦲꦤꦒꦮꦺꦏꦁꦥꦽꦭꦸ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦢꦊꦩ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦠꦥꦲꦩꦼꦱꦸꦫꦒꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦧꦸꦪꦸꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦠꦶꦮꦱ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦥꦱꦲꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂ:ꦱꦩꦶꦧꦒꦸꦱ꧀​ꦧꦒꦸꦱ꧀꧉​ꦄꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦤꦔꦶꦱ꧀ꦱꦂꦠꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦸꦩꦼꦩ꧀ꦧꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦱ꧀ꦥ꧈​ꦢꦔꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦶꦧꦥꦭꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦕꦶꦢꦿ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦩꦲ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦥꦝꦢꦶꦥꦸꦥꦸꦱ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦱꦶꦧꦥꦭꦤ꧀ꦱꦶꦧꦶꦪꦸꦁꦲꦶꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦶꦁꦗꦔꦤꦺ꧈​ꦲꦭꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦭꦫꦏꦥꦺꦤꦏ꧀ꦥꦠꦶꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦕꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦢꦮ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦢꦶꦥꦱ꧀ꦛꦶꦩꦫꦁꦏꦁꦲꦩꦸꦂꦧ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦏꦶꦩꦸꦁꦢꦂꦩꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦒꦮꦺꦤꦺꦲꦗꦱꦭꦁꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦮꦼꦫꦸꦲꦶꦥꦶꦱꦲꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦭꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦱꦏꦶꦁꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦪꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦁꦱꦶꦠ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦤꦭꦶꦏꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦧꦸꦪꦸꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤꦢꦊꦩ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦗꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦮꦂꦒ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦩꦥꦒ꧀ꦩꦫꦁꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦲꦶꦲꦥꦱꦂꦠꦱꦶꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦤꦒꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦤꦧꦭ꧈​ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦝꦮꦼꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦲꦤ꧈​ꦥꦝꦲꦁꦒꦮꦧꦺꦴꦗꦺꦴ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶꦧꦭ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦲꦸꦥꦕꦫꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦧꦺꦴꦗꦺꦴ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦫꦒꦂꦮ꧈​ꦩꦶꦮꦃꦱꦼꦭꦶꦂꦥꦶꦥꦶꦔꦶꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦶꦠꦶꦃꦫꦠ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦒꦂꦮꦱꦼꦭꦶꦂꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦶꦥꦶꦔꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦃꦗꦺꦴꦭꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦃꦗꦼꦩ꧀ꦥꦤ꧈​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦤꦶꦠꦶꦃꦠꦤ꧀ꦝꦸ꧈​ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦏꦼꦧꦸꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦺꦴꦉꦒ꧀ꦱꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦠꦧꦸꦲꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦏꦉꦩꦸꦁ꧈​ꦥꦠꦶꦁꦕꦉꦁꦏꦸꦁꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦥꦶꦥꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦤꦶꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦫꦸꦠ꧀ꦩꦂꦒꦶꦱꦩꦶꦱꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦝꦲꦫꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦏꦸꦭ꧀ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦒꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦠꦸꦮꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦭꦏꦛꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦢꦭꦸꦊꦉꦧ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦲꦭꦩ꧀ꦥꦃꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦏꦧꦸꦪꦸꦠꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦫꦠꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦫꦒꦂꦮꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦮꦻꦴꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦲꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦝꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦠꦼꦧꦶꦲꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦒꦂꦭꦁꦒꦠꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦉꦁꦩꦶꦂꦱ꧈​ꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦩ꧀ꦥꦶ꧉​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦂꦮꦶꦧꦽꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦭꦶ꧈​ꦢꦔꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦔꦼꦂꦤꦶꦔꦭꦶꦥꦠꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦱꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦭꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦶꦃꦠꦽꦱ꧀ꦤꦝꦠꦼꦁꦥꦥꦠꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦔꦸ​ꦢꦔꦸꦱꦁꦤꦛꦲꦤꦼꦠꦃꦲꦶꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦩꦲ꧈​ꦱꦶꦧꦥꦭꦤ꧀ꦱꦶꦧꦶꦪꦸꦁꦲꦶꦏꦸꦢꦂꦩꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦲꦺꦴꦮꦃꦒꦶꦁꦱꦶꦂ꧈​ꦏꦢꦢꦺꦪꦤꦺꦱꦶꦧꦥꦭꦤ꧀ꦱꦶꦧꦶꦪꦸꦁꦲꦶꦏꦸꦢꦢꦶꦥꦶꦏꦸꦏꦸꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦥꦸꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦼꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦶꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦗꦮꦛꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦼꦒꦼꦁꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦱ꧀ꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦿꦺꦴꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦸꦱꦤꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦭꦒꦶꦮꦶꦪꦂꦲꦧꦼꦤꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦒꦂꦮꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦧꦺꦴꦚꦺꦴꦲꦶꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦥ꧀ꦲꦶꦁꦮꦮꦔꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦏꦉꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦢꦺꦮ꧈​ꦱꦺꦩꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦗꦸꦁꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦻꦴ꧈​ꦏꦸꦩꦿꦧꦸꦠ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦗꦺꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦼꦠꦿꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦻꦴꦊꦱꦤ꧀ꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁꦲꦢꦶ​ꦲꦢꦶꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦱꦤꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀​ꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦁꦏꦭꦤꦶ꧈​ꦤꦒꦥꦥꦠ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦮ꧀ꦢꦁꦏ꧈​꧇꧑꧒꧔꧘꧇​꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦧꦭ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦔꦶꦔꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦝꦠꦶ꧈​ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦗꦫꦶꦠꦸꦤ꧀ꦝꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦧꦸꦪꦸꦠꦤ꧀ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦏꦛꦏ꧀꧈​ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦔꦽꦫꦔꦶꦤ꧀ꦥꦠꦶꦁꦕꦉꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦱꦩꦶꦲꦱꦸꦏꦤ꧀​ꦱꦸꦏꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔꦫꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦲꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦶꦤꦼꦁꦒꦉꦁꦒ꧈​ꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦏꦭꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦤꦶꦤꦶꦔꦭꦶꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦲꦸꦪꦼꦭ꧀ꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦏꦢꦺꦏꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦲꦩꦏꦗꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦻꦴꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦧꦁꦱꦭ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦒꦶꦤꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦁꦱꦭ꧀ꦮꦶꦛꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦏꦏꦗꦼꦁꦏꦊꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦸꦱꦸꦏ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦢꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦔꦼꦉꦠ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦗꦼꦁꦕꦤ꧀ꦝꦤ꧈​ꦱꦶꦫꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦼꦁꦒꦫꦸ꧈​ꦱꦢꦪꦮꦻꦴꦱꦩꦶꦏꦻꦴꦏꦶꦂ꧈​ꦱꦂꦠꦕꦶꦤꦼꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦧꦁꦱꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦱꦺꦩꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦂꦲꦶꦁꦥꦭꦠꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦶꦁꦒꦶꦠꦤ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦸꦱꦸꦁꦔꦩꦫꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦸꦭ꧀ꦲꦶꦗꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦕꦶꦤꦁꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠꦏꦶꦮꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧈​ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦁꦒꦸꦭ꧀ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦏꦱꦺꦭꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦛꦤ꧈​ꦭꦶꦤꦺꦩꦺꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦧꦧꦸꦢ꧀ꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦴꦱ꧀ꦠꦲꦶꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦤꦺꦭꦺꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦗꦿꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦗꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦥꦺꦱ꧀ꦩꦺꦥꦺꦠ꧀ꦱꦂꦮꦶꦩꦸꦁꦏꦸꦂ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦱꦧꦤ꧀ꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦱꦔ꧈​ꦭꦶꦤꦁꦱꦺꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀​ꦱꦸꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦱꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦭꦃ꧈​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦢꦸꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦁꦒꦏ꧀ꦱꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦢꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦮꦤ꧀ꦢꦱ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ:ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦺꦩꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦔꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶ꧈​ꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦲꦶꦁꦱꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦏꦥꦫꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦩꦸꦥ꦳ꦏꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦭꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦒꦶꦲꦒꦼꦁꦥꦚ꧀ꦗꦁꦤꦩꦏꦾꦻꦗꦏꦥꦼꦏꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦒꦶꦲꦭꦶꦠ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩꦫꦛꦸꦩꦱ꧀ꦱꦛꦺꦴꦩꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦶꦤꦼꦁꦒ​ꦉꦁꦒ꧈​ꦲꦩꦼꦮꦲꦶꦕꦃꦪꦤꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦛꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦸꦏꦱꦸꦒꦶꦃꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦱꦧꦿꦁꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦲꦔꦠꦸꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦢꦒꦁꦭꦪꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦤꦺꦱ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦝꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦂꦠ꧈​ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦸꦒꦺꦤ꧀ꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦢꦺꦴꦚꦒꦂꦮꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦒꦭꦶꦃꦤꦩꦸꦁꦥꦸꦠꦿꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦒꦶꦤꦝꦁ​ꦒꦝꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦱꦸꦥꦿꦧꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦏꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶ​ꦫꦪꦶꦱꦩꦶꦲꦱꦶꦃꦭꦸꦭꦸꦠ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦩ꧀ꦧꦃꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦲꦶꦁꦲꦗꦸꦂ​ꦲꦗꦺꦂ꧈​ꦩꦿꦺꦴꦗꦺꦴꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦏꦼꦉꦥ꧀ꦥꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦥꦥꦏ꧀꧈​ꦱꦧꦫꦁꦥꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦱꦏꦮꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦲꦔꦼꦁꦔꦶꦁꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦝꦲꦂꦤꦩꦸꦁꦏꦸꦏꦸꦱ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦕꦕꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦏꦿꦩ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂ:ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦩꦶꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦗꦊꦂꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦲꦭꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸ꧈​ꦩꦭꦃꦏꦥꦫꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦮꦼꦕꦲꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦩꦛꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦱꦿꦶꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦏꦲꦼꦩꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦱꦲꦼꦁꦒꦺꦤ꧀​ꦲꦺꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦧꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦆꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦱꦶꦲꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦧꦶꦤꦝꦺꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦧꦝꦺꦤꦼꦝꦏꦏꦼꦤ꧀ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦁꦱꦱꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦗꦶꦩ꧀꧈​ꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦢꦁꦔꦤ꧀ꦩꦻꦴꦫꦗꦱꦼꦏ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦲꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧈​ꦏꦧꦝꦺꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦤꦛꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦤ꧀ꦝꦤ꧀꧉​

ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦲꦱꦿꦶꦁꦲꦩꦿꦠꦥꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦲꦚꦏꦶꦠꦶꦱꦫꦶꦫ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃꦧꦝꦺꦲꦠꦶꦭꦂꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦂꦱꦩꦝꦼꦥ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦩꦸꦭꦾꦤꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦫꦢꦺꦮꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦶꦠꦸꦠꦸꦫꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦱꦿꦶꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦒꦂꦮꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶ:ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦮꦸꦱ꧀ꦫꦸꦩꦱꦠꦸꦮ꧈​ꦱꦶꦫꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦶꦪꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦠꦪꦲꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦤꦒꦫꦮꦸꦱ꧀ꦫꦠꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦧꦏꦭꦶꦏꦫꦶꦤ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦒꦼꦠꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦿꦶꦃꦱꦶꦫꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦪ꧈​ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦶꦫꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦶꦁꦧꦸꦫꦶꦲꦗꦲꦤꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦏꦫꦤꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦼꦤꦼꦥꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦲꦩꦝꦼꦥ꧀ꦩꦫꦁꦏꦩꦸꦭꦾꦤꦶꦁꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦩꦸꦩꦸꦗꦶꦏꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠꦤꦺꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦫ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦠꦸꦩꦼꦏꦲꦏꦶꦫꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦗꦏꦱꦼꦭꦤꦤꦲꦶꦁꦭꦶꦪꦤꦺ꧈​ꦱꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦫꦏꦁꦩꦼꦁꦏꦸꦮꦤꦸꦱꦗꦮ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦏꦼꦝꦃꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦧꦝꦺꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦶꦂꦱꦲꦱꦸꦫꦸꦥꦶꦁꦏꦥꦼꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦢꦭꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦼꦧꦼꦂꦏꦠꦤ꧀ꦱꦢꦪꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦱꦁꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦴꦒꦼꦩ꧀​ꦩꦒꦼꦩꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦴꦒꦼꦩꦤ꧀ꦩꦏꦸꦛꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦤꦫꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦥꦠꦶꦁꦒꦊꦧꦾꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦶꦭꦠ꧀ꦩꦶꦮꦃꦲꦸꦥꦕꦫꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦩꦁꦒꦸꦭ꧀ꦱꦂꦠꦧꦶꦪꦢꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦩꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈​ꦩꦼꦝꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦗꦫꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦺꦴꦉꦒ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦭꦂꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧀ꦱꦁꦤꦛꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦩꦶꦮꦃꦥꦫꦫꦗꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧈​ꦥꦫꦢꦺꦮꦥꦫꦥꦤ꧀ꦝꦶꦛ꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦃꦏꦮꦸꦭꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦝꦱꦶꦫꦫꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦁꦏꦸꦫꦠ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦱꦿꦶꦢꦺꦮꦛꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦺꦭꦺꦃꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦔꦼꦫꦺꦲꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦩꦒꦮꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦗꦼꦒ꧀ꦱ:ꦕꦫꦶꦏ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦸ:ꦏꦧꦪꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦥꦝꦒꦸꦩꦠꦶꦪꦲꦶꦁꦏꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦤꦺ꧈​ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦥꦝꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦪꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮꦤꦺ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦸꦥꦸꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗꦶꦲꦶꦁꦔꦏꦛꦃ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦁꦱꦭꦱꦶꦃꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦢꦪꦗꦸꦩꦸꦫꦸꦁ꧈​ꦒꦼꦠꦼꦂꦥꦼꦠꦼꦂꦲꦱꦻꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦫꦺꦴꦢꦺꦤꦺꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦧꦸꦥꦛꦶ꧈​ꦲꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦫꦺꦲꦩꦫꦁꦏꦏꦁꦔꦤꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦤꦶꦥꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦴꦭꦸꦁꦲꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦝꦢꦺꦤ꧀ꦫꦺꦃꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦗꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦻꦴꦫꦗꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤꦲꦶꦧꦸꦤꦺ꧈​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦱꦫꦸꦥꦤꦶꦁꦗꦶꦩ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺꦲꦶꦁꦲꦮꦁ​ꦔꦮꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦗꦢꦺꦮꦱꦼꦏ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦱꦂꦠꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦏꦶ:ꦱꦶꦫꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦤꦢꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦆꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦭꦗꦼꦁꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦝꦥꦂꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦏꦱꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦸꦢꦿꦸꦫꦶꦤꦺꦤ꧀ꦢ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦗꦸꦁꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦛꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦒꦶꦤꦉꦧꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦁꦏꦤ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦩꦶꦧꦶꦧꦂ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦄꦤꦺꦩ꧀ꦮꦻꦴꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦿꦩ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦏꦿꦩꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦝꦶꦫꦶ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦗꦼꦁꦒꦭ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦒꦼꦭꦁ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦱꦶꦔꦱꦫꦶ꧈​ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦼꦛꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦂꦮꦥꦢꦼꦩꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦤꦛꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦂꦮꦱꦼꦭꦶꦂꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦫꦶꦃꦲꦺꦁꦒꦭꦶꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦿꦠꦶꦠꦶꦒꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦸꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦩꦱ꧀ꦩꦪꦁꦔꦫꦸꦩ꧀ꦒꦤ꧀ꦝꦱꦫꦶ꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦪꦸꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃ꧈​ꦤꦸꦫꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦮꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦩꦱ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦮꦢꦠ꧀꧈​ꦏꦭꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦠꦶꦩꦸꦂꦥꦶꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦥꦸꦠꦿꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦱ꧈​ꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦤꦩꦫꦛꦸ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦤꦸꦁꦱꦠꦼꦩ꧀ꦧꦶꦤꦶ꧈​ꦥꦸꦁꦒꦮꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦤ꧀ꦛꦼꦂ꧈​ꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦩꦱꦿꦶꦢꦺꦮꦩꦤ꧀ꦛꦭꦫꦱ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦤꦩꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦫꦶ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦚ꧀ꦕꦺꦴꦫꦺꦴꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦿꦩꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦭꦸꦠꦸꦁꦏꦱꦫꦸꦁ꧈​ꦮꦪꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦒꦸꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦲꦫꦗꦢꦺꦮꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦢꦪꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦩꦶꦱꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁꦤꦩꦫꦛꦸꦫꦺꦴꦱ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦿꦺꦴꦧꦤ꧀ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦏꦿꦩꦲꦁꦱꦭ꧀ꦲꦶꦁꦭꦺꦴꦮꦺꦫꦁ꧈​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦧꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦤꦩꦫꦛꦸꦧꦸꦠꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦈꦥꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦏꦭꦶꦃꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦔꦶꦲꦪꦸ꧈​ꦲꦤꦩꦱꦤ꧀ꦒ꧀ꦃꦪ꧀ꦁꦥꦱꦺꦫꦺꦪꦤ꧀ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦺꦴꦧꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦱꦢꦸꦫꦩꦭꦔꦼꦁꦌꦫꦁ꧈​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦊꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦏꦶꦢꦸꦊꦏ꧀ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦕꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦫꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦩꦏꦶꦗꦁꦒꦶ꧈​ꦥꦶꦤꦂꦤꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦄꦒꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦠꦼꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦥꦶꦠꦸ꧈​ꦱꦩꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛꦱꦂꦠꦏꦪꦁꦔꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦏꦸꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦥꦼꦚ꧀ꦕꦂ꧈​ꦤꦼꦝꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦧꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦱꦫꦶ꧈​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦠꦥ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦚꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁ꧈​ꦱꦁꦮꦶꦏꦸꦫꦗꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦠꦼꦫꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦤ꧀ꦠꦼꦂꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦠꦶꦫꦒꦶ꧈​ꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦿꦒꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈​ꦗꦼꦏ꧀ꦱꦕꦫꦶꦏ꧀ꦏꦧꦪꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦗꦂꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦧꦧꦢ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦠꦠꦤꦼꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦩꦶꦤꦼꦝꦼꦁꦲꦺꦤꦺꦩ꧀​ꦩꦼꦤꦺꦩ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦲꦩꦼꦤ꧀ꦢꦼꦁꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦢꦺꦴꦚꦤ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦂꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦸꦂꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦒꦸꦤ꧈​ꦏꦛꦃꦏꦱꦒꦼꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦮꦱ꧀ꦥꦔꦶꦔꦭꦺꦱꦂꦠꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦱꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦶꦤꦫꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦼꦭꦱ꧀꧈​ꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦗꦂꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦔꦠꦸꦱ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦒꦼꦤ꧀ꦠꦸꦂꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦧꦭꦱꦫꦺꦮꦸ꧈​ꦲꦥꦥꦫꦧ꧀ꦲꦾꦁꦫꦒꦥꦸꦂꦤꦗꦠꦶ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦚꦻꦱꦺꦴꦚꦄꦱ꧀ꦩꦫ꧈​ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦮꦻꦴꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦸꦃꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦉꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦻꦭꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦭꦶꦭꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦲꦱꦿꦶꦁꦠꦶꦭꦂꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ꧈​ꦧꦢꦤ꧀ꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦕꦸꦫꦶ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦕꦏ꧀ꦏꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦃꦮꦼꦮꦃꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦆꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦧ꧀ꦱꦺꦴꦭꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦧꦭꦱꦫꦺꦮꦸꦮꦻꦴ꧈​ꦏꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃꦧꦝꦺꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦏꦾꦻꦄꦗꦂ꧈​ꦠꦶꦤꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦫꦗ꧈​ꦲꦏꦂꦱꦩꦼꦂꦠꦩꦸꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦤꦭꦶꦏꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦤꦼꦏꦸꦁꦩꦼꦱꦸꦱꦫꦶꦫ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦫꦶꦩꦃꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦲꦚꦶꦥ꧀ꦠꦏꦂꦱꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦗ꧀ꦭꦼꦒ꧀ꦱꦤꦭꦶꦏꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦒꦼꦥꦃꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦊꦁꦒꦃꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦱꦱꦂꦩꦫꦶꦏꦶ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱ꧀ꦤꦲꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦭꦸꦏꦸꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦠꦸꦫꦤ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦒꦺ꧈​ꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦧꦚ꧀ꦗꦶꦫꦤ꧀ꦩꦢꦸ꧈​ꦏꦗꦸꦒꦿꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦉꦢꦶꦩꦼꦚꦤ꧀ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦸꦥꦼꦤꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦩꦸꦮꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦒꦤ꧀ꦠꦺꦤꦺꦴꦮꦺꦴꦲꦤ꧀ꦮꦔꦺꦤ꧀ꦩꦼꦩ꧀ꦥꦼꦂꦮꦔꦶꦤꦶꦁꦒꦤ꧀ꦢꦥꦸꦫ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶꦲꦺꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦤꦫꦶꦩꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦚꦫꦩ꧀ꦧꦲꦶ꧈​ꦏꦪꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦧꦚꦸꦲꦸꦢꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦧꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦩꦸꦤꦶꦁ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦺꦧꦺꦂꦠꦶꦧꦲꦶꦁꦊꦩꦃ꧈​ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦱꦶꦤꦼꦱꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧈​ꦢꦢꦶꦲꦺꦠꦸꦏ꧀ꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦔꦺꦴꦁꦱꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦗꦒꦢ꧀꧈​ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦱꦻꦴꦮꦶꦱꦺꦄꦗꦂ꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦒꦺꦤꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦱꦼꦥ​ꦱꦼꦥꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈​ꦠꦔꦺꦃꦩꦁꦒꦶꦲꦏꦧꦶꦔꦲꦤ꧀ꦏꦭꦸꦲꦸꦫꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦠꦺꦴꦪꦱꦕꦮꦸꦏ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦲꦝꦲꦂꦔꦶꦤꦸꦩ꧀ꦤꦩꦸꦁꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦁꦒꦶꦩꦤꦮꦶꦲꦁꦱꦭ꧀ꦏꦱꦶꦁꦒꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦥꦼꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦫꦗꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦲꦺꦴꦫꦧꦺꦢꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫ꧈​ꦲꦔꦿꦺꦁꦒꦥꦠꦥꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦤꦶꦱ꧀ꦛꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦧꦔꦼꦠ꧀ꦊꦱꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦝꦲꦂꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦔꦺꦴꦭꦃ​ꦲꦺꦴꦭꦲꦏꦺ꧈​ꦄꦗꦂꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦂꦠꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦭꦔꦶꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦔꦺꦲꦩꦁꦒꦶꦲ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦤꦩꦸꦁꦱꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦱꦶꦫꦮꦼꦫꦸꦃꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦂꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦧꦂꦏꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦢꦺꦮꦝꦫꦠ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦂꦠꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦱꦶꦫꦚꦠꦲꦮꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦮꦼꦫꦸꦃꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦂꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦮꦝꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦥꦸꦤꦥꦲꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦁꦒꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦱꦝꦺꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦏꦂꦱ꧈​ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩꦸꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦫꦺꦤꦺ꧈​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦲꦥꦏꦁꦱꦶꦫꦱꦼꦗꦲꦶꦁꦠꦥꦤꦶꦫꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦥꦩꦫꦁꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦲꦥꦩꦫꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦂꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦸꦭꦥꦼꦤ꧀ꦢꦼꦁꦩꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦱꦶꦂꦤꦤ꧀ꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦿꦸꦮꦠ꧀꧈​ꦏꦫꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦠꦸꦱ꧀ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦕꦥꦢ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦱꦂꦠꦼꦩꦼꦤ꧀​ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦏꦉꦥꦶꦫ꧈​ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦤꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦤꦺꦲꦶꦁꦲꦾꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦂꦱꦝꦲꦂ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦄꦗꦂ꧈​ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦭꦸꦮꦺꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦱꦼꦒꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦮꦂꦤꦶꦏꦸꦤꦶꦂꦱꦠꦥꦱ꧀ꦱꦼꦏꦂꦱꦿꦸꦤꦶꦱꦠꦏꦶꦂ꧈​ꦲꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀​ꦲꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦒꦊꦥꦸꦁꦒꦁꦱꦭ꧀ꦲꦶꦫꦶꦱ꧀ꦮꦶꦗꦶꦱꦮꦶ꧈​ꦲꦸꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦥꦶꦠꦿꦃ꧈​ꦱꦼꦏꦸꦭ꧀ꦥꦸꦤꦂ꧈​ꦏꦼꦗꦶꦱꦮꦶꦠ꧀ꦱꦂꦠꦏꦱꦼꦒꦃꦲꦺꦤ꧀ꦝꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦪꦸ꧈​ꦲꦗꦂꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦱꦼꦒꦃꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦥ:ꦄꦗꦂ꧈​ꦄꦗꦂꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦗꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦻꦴꦠꦠꦤꦼꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦔꦫꦺ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦠꦸꦭꦂ꧈​ꦏꦠꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦠꦸꦭꦂ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦼꦗꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦲꦺ꧈​ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦼꦝꦩꦤꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦂꦫꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦗꦶ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦊꦧꦸꦂ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦩꦩꦃꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦗꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦭꦺꦴꦠ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦄꦗꦂ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦗꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦢꦭꦭꦠꦸ꧈​ꦥꦢꦺꦴꦤꦶꦁꦭꦛꦶꦏꦸꦩꦼꦢꦸꦠ꧀꧈​ꦠꦶꦔꦭ꧀ꦲꦧꦿꦶꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸ:ꦄꦗꦂ:ꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦸꦱꦸꦒꦸꦃꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦗꦶꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦥꦠꦸꦠ꧀꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦤꦫꦶꦏ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦄꦗꦂꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦝꦝꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦭꦶꦏꦠ꧀꧈​ꦄꦗꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦫꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦸꦭꦃꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤ꧀ꦩꦶꦭꦢꦭꦱꦤ꧀ꦫꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦧꦝꦺꦠꦸꦠꦸꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦱꦁꦤꦛꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦱꦉꦁꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦗꦸꦁꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦏꦸ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦧꦪꦱ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦗꦂꦏꦱꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦥꦱꦼꦒꦃ꧈​ꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦼꦗꦲꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ:ꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦃꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦝꦱꦂꦲꦮꦱ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦮꦶꦤꦫꦃ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦶꦄꦗꦂꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦲꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭꦤ꧀ꦧꦸꦢꦶꦩꦸꦂꦏ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦗꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦔꦼꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀​ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦲꦉꦥ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦸꦒꦸꦃꦏꦼꦗꦶꦱꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦶꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦔꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦒꦸꦤꦸꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦕꦭꦛꦸꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦗꦶꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦩꦻꦴꦠꦤ꧀ꦢꦸꦫꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦠꦶꦤꦸꦭꦂꦠꦶꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦠꦤꦃꦲꦶꦁꦥꦒꦸꦤꦸꦁꦔꦤ꧀ꦲꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦤꦒꦫꦤꦺꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦲꦶꦱꦥꦝꦤꦶꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦏꦥꦽꦤꦃꦧꦸꦪꦸꦠꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦏꦁꦢꦢꦶꦥꦻꦴꦒꦼꦫꦤ꧀ꦭꦶꦩ꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦉꦥꦺꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦪꦸꦫꦸꦥꦤꦺ꧈​ꦮꦢꦠ꧀ꦏꦪꦱꦶꦫ꧈​ꦥꦔꦸꦭꦸꦤꦺꦭꦤꦁ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦠꦶꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂꦢꦢꦶꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦥꦝꦩꦼꦠꦸꦱꦏꦲꦶꦁꦧꦸꦫꦶ꧈​ꦏꦁꦩꦼꦠꦸꦱꦏꦲꦶꦁꦥꦢꦼꦩꦶ:ꦭꦤꦁ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦔꦺꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦤꦸꦭꦶꦱꦶꦏꦫꦲꦩꦠꦺꦤꦶꦄꦗꦂꦧꦺꦏ꧈​ꦄꦗꦂꦩꦻꦴꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦤꦶꦠꦶꦱ꧀ꦩꦫꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦲꦩꦼꦠꦺꦴꦤꦶꦭꦤꦁ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦃꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦫꦛꦸꦚꦏꦿꦮꦛꦶꦩꦻꦴ꧈​ꦲꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤꦺꦢꦿꦸꦩꦸꦏ꧈​ꦏꦭꦮꦶꦱꦺꦱ꧈​ꦱꦶꦂꦤꦤꦺꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦭꦒꦶꦩꦼꦠꦼꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦱꦱꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦮꦼꦠꦼꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦱꦱꦶꦩꦻꦴ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦻꦂꦩꦼꦠꦸꦭꦤꦁ꧈​ꦫꦧꦶꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦥꦫꦫꦗ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦲꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦃꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦫꦗꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦩꦻꦴ꧈​ꦢꦢꦶꦲꦤꦸꦁꦒꦏ꧀ꦱꦼꦩꦶꦲꦝꦶꦤꦶꦫꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦫꦩ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦺꦢꦺꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦄꦝꦶꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦢꦸꦢꦸꦄꦢꦶꦤꦶꦫ꧈​ꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦲꦶꦏꦸꦏꦥꦽꦤꦃꦕꦁꦒꦲꦺꦄꦝꦶꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦫꦩ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦱꦶꦏꦫ꧈​ꦲꦩꦼꦗꦲꦶꦄꦗꦂꦲꦱꦼꦱꦼꦒꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦶꦏꦫ꧈​ꦏꦫꦤꦱꦶꦄꦗꦂꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦝꦧꦸꦔꦲꦺ꧈​ꦏꦁꦢꦢꦶꦱꦸꦏꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦢꦭꦤ꧀ꦥꦔꦿꦸꦮꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦔꦸꦤ꧀ꦠꦥꦏꦺ꧈​ꦢꦢꦶꦥꦠꦶꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂꦩꦻꦴꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦲꦔꦸꦒꦸꦫꦸꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦢꦢꦶꦧꦸꦔꦲꦺꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦱꦸꦏꦤꦺꦒꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦄꦗꦂꦲꦒꦮꦺꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦸꦒꦸꦲꦺꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦩꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦭꦪꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦼꦕ꧈​ꦠꦶꦁꦒꦭꦤꦺꦱ꧀ꦮꦒꦌꦪꦁꦔꦶꦫꦏꦁꦕꦏꦭ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦢꦶꦪꦫꦤꦶꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦤꦩꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ:ꦫꦩ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦒꦭꦸꦃꦲꦶꦏꦸꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦱꦠꦿꦶꦪꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦤꦛꦔꦭꦶꦃꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁꦩꦼꦤ꧀ꦝꦁ꧈​ꦫꦶꦤꦮꦼꦔꦶꦱꦶꦤꦸꦁꦏꦼꦩꦤ꧀ꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗ:ꦲꦩꦸꦁꦕꦃꦪꦤꦺꦏꦁꦩꦼꦠꦸꦱꦏꦲꦶꦁꦩꦠ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦏꦴꦫꦤꦤ꧀ꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦮꦶꦠꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦏꦔꦢꦩ꧀ꦲꦥꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦲꦏꦭ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦥꦁ꧈​ꦏꦁꦫꦪꦶꦭꦤ꧀ꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦠꦼꦭꦸꦲꦶꦏꦸꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦒꦭꦸꦃꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦥꦶꦁꦥꦠ꧀ꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦭꦤꦺꦌꦪꦁꦯꦶꦤ꧀ꦢꦸꦭ꧈​ꦥꦶꦁꦭꦶꦩꦤꦺꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦫꦤ꧀ꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦄꦝꦶꦤꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦲꦶꦪꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦫꦤ꧀ꦫꦛꦸꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦩꦼꦏꦱꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦒꦭꦸꦃ꧈​ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠꦏꦏꦺꦔꦉꦥ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦫꦗꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦫꦗꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦩꦻꦴ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦲꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦢꦿꦸꦥꦼꦏ꧀ꦱꦏꦭꦮꦶꦱꦺꦱ꧈​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦫꦛꦸꦱꦔꦫ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦗꦼꦒ꧀ꦒꦺꦱꦶꦁꦏꦠꦸꦂꦩꦫꦶꦁꦫꦛꦸꦤꦺꦲꦺꦩꦱ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦶꦱꦸꦒꦸꦃꦏꦸꦤꦶꦂꦱꦠꦥꦱ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦭꦮꦱꦺꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦱꦥꦸꦭꦸꦃꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦏꦱꦭꦶꦤꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦤꦒꦫꦤꦺꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀ꦲꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦫꦗꦥꦠꦶꦢꦺꦮꦫꦗ꧈​ꦲꦫꦤꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦿꦸꦧꦭꦏꦭꦱꦺꦢ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦩꦼꦠꦸꦤꦺꦏꦁꦏꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦲꦫꦸꦥꦥꦥꦶꦕꦶꦱ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂꦱꦸꦒꦸꦃꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦱꦫꦸꦤꦶꦩꦫꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦮꦱꦺꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦱꦥꦸꦭꦸꦃꦮꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦏꦱꦭꦶꦤꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦫꦤ꧀ꦫꦛꦸꦗꦗꦛꦃ꧈​ꦤꦒꦫꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦢꦼꦩꦏ꧀ꦲꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦔꦢꦶꦪꦠꦶ꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦲꦒꦩꦫꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦭꦫꦏꦺꦏꦶꦠꦧ꧀ꦏꦸꦂ’aꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦗꦼꦒ꧀ꦒꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦫꦸꦥꦥꦶꦕꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦱꦭꦶꦤ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦒꦩꦤꦺꦲꦶꦪꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦒꦸꦤꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦥꦫꦤꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦤꦶꦤꦶꦧꦸꦧꦫꦺꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱꦸꦤ꧀ꦝ꧈​ꦲꦒꦩꦥꦏꦸꦮꦤ꧀ꦱꦶꦤꦭꦶꦤꦤ꧀ꦲꦒꦩꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦩꦻꦴꦲꦶꦪꦲꦸꦒꦲꦺꦴꦫꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱꦸꦤ꧀ꦝꦩꦊꦱ꧀ꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦒꦩꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛꦲꦤꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈​ꦲꦤꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛꦔꦼꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀​ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦩꦫꦁꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱꦸꦤ꧀ꦝ꧈​ꦱꦲꦺꦁꦒꦏꦪꦮꦺꦴꦁꦔꦮꦸꦭ꧈​ꦭꦮꦱ꧀​ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦤꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦝꦮꦝꦺꦴꦤ꧀ꦲꦪꦸꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦠꦶꦤꦸꦏꦸꦲꦶꦁꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦠꦸꦏꦸꦤ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦝꦩꦫꦶꦪꦼꦩ꧀ꦠꦼꦠꦼꦭꦸ꧈​ꦢꦢꦶꦮꦱꦶꦪꦠꦶꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦏꦁꦱꦮꦶꦗꦶꦲꦫꦤꦺꦱꦶꦒꦸꦤ꧀ꦛꦸꦂꦒꦼꦤꦶ꧈​ꦏꦁꦱꦶꦗꦶꦲꦫꦤ꧀ꦱꦮꦺꦴꦩꦶ꧈​ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦏꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦛꦫꦩ꧀ꦏꦁꦏꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦕꦉꦧꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦗꦶ꧈​ꦏꦁꦱꦶꦗꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦛꦼꦤ꧀ꦲꦫꦤꦺꦏꦶꦥꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦤꦶꦤꦶꦮꦶꦮꦶꦠꦺꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦤꦲꦶꦁꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈​ꦥꦠꦸꦠꦤ꧀ꦭꦤꦁꦱꦶꦗꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦏꦥꦶꦠꦤ꧀ꦤꦼꦩꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦩꦊꦱ꧀ꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦒꦩꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦭꦮꦱ꧀​ꦭꦮꦱ꧀ꦱꦁꦱꦪꦔꦽꦧ꧀ꦢ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦫꦛꦸꦗꦗꦛꦃ꧈​ꦏꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦂꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦩꦻꦴ꧈​ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦤꦒꦫꦤꦺꦲꦶꦁꦥꦗꦁ꧈​ꦲꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦧꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦭꦮꦱꦺꦩꦸꦁꦱꦼꦭꦥꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦢꦶꦧꦾꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦤꦒꦫꦤꦺꦲꦶꦁꦩꦛꦫꦩ꧀꧈​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦗꦼꦒ꧀ꦒꦺꦏꦁꦏꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦫꦸꦥꦫꦺꦪꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦸꦒꦸꦃꦗꦸꦮꦢꦃꦲꦶꦫꦶꦱ꧀​ꦲꦶꦫꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦱꦲꦶꦏꦸꦗꦩꦤꦺꦲꦫꦤ꧀ꦏꦭꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦚꦏꦿꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​ꦭꦮꦱꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦺꦏꦫꦺꦴꦧꦼꦭꦃꦠꦻꦴꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦫꦸꦱꦃꦤꦒꦫꦤꦺ꧈​ꦮꦁꦱꦤꦺꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦃ꧈​ꦫꦛꦸꦤꦺꦗꦼꦁꦏꦂꦩꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦒꦶꦤꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦛꦸꦤꦸꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦏꦺꦭꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦭꦮꦱ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦤꦸꦭꦶꦱꦶꦂꦤ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦔꦤ꧀ꦠꦶꦔꦩꦺꦴꦲꦏꦺꦲꦠꦼꦥ꧀ꦤꦸꦭꦶꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦫꦤꦺꦫꦛꦸꦏꦛꦺꦥꦺꦁ꧈​ꦢꦢꦶꦭꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦁꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁꦩꦫꦁꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢꦏꦁꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛꦩꦻꦴ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦥꦼꦫꦁꦫꦩꦺ꧈​ꦫꦛꦸꦤꦸꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦏꦺꦭꦶꦏꦭꦃ꧈​ꦕꦶꦤꦼꦏꦼꦭ꧀ꦤꦸꦭꦶꦥꦶꦤꦠꦺꦤꦤ꧀꧈​ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦩꦻꦴꦲꦤꦲꦶꦁꦗꦏꦂꦛꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦫꦸꦩꦼꦁꦏꦸꦃꦏꦪꦠꦤꦲꦺꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦭꦮꦱ꧀​ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦃꦩꦫꦁꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦒꦫ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦝꦺꦏ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦛꦫꦩ꧀ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦩꦻꦴꦱꦺꦧꦩꦼꦚꦁꦩꦛꦫꦩ꧀ꦥꦶꦁꦠꦼꦭꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦢꦸꦢꦸꦏꦥꦶꦠꦼꦤ꧀ꦤꦼꦩꦸꦂꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦮꦏꦶꦭ꧀ꦧꦠꦸꦫꦺꦧꦲꦺ꧉​ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦭꦺꦤꦶꦩꦤꦺꦃꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠ꧈​ꦫꦛꦸꦏꦛꦺꦥꦺꦁꦩꦻꦴꦲꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦂꦠꦱꦸꦫ꧈​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦭꦮꦱ꧀ꦧꦭꦤꦺꦧꦕꦶꦔꦃ꧈​ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦗꦩꦤꦺꦢꦲꦸꦫꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦲꦏꦺꦃꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃ꧈​ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦗꦗꦭ꧀ꦭꦤꦠ꧀ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦩꦺꦴꦂꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦲꦏꦺꦃꦭꦭꦶꦩꦫꦁꦥꦔꦺꦫꦤꦺ꧈​ꦭꦏꦸꦤꦺꦥꦝꦏꦢꦁꦏꦺꦴꦏꦺꦴꦤꦁ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦤꦏ꧀ꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦪꦺꦤ꧀ꦩꦭꦫꦠ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦪꦏꦸ꧈​ꦱꦧꦧꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦥꦏꦺꦴꦭꦶꦲꦺ꧈​ꦏꦁꦢꦶꦲꦏꦸꦱꦤꦏ꧀ꦏꦁꦥꦝꦱꦸꦒꦶꦃ꧈​ꦢꦢꦶꦏꦁꦢꦶꦪꦏꦸꦱꦤꦏ꧀ꦩꦸꦁꦢꦺꦴꦚ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦤꦏ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦏꦭꦸꦥꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦏꦁꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦁꦢꦸꦚꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦢꦺꦴꦃꦩꦫꦁꦭꦏꦸꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦮꦤꦶꦕꦶꦢꦿꦩꦫꦁꦫꦛꦸꦤꦺ꧈​ꦥꦝꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦱꦸꦥꦠ꧈​ꦏꦁꦢꦶꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦥꦝꦧꦸꦢꦶꦱꦲꦺꦤ꧀ꦱꦸꦁꦏꦤꦤ꧀ꦢꦺꦴꦪꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦢꦺꦴꦃꦩꦫꦁꦲꦒꦩꦤꦺ꧈​ꦥꦝꦲꦩꦭꦺꦱꦺꦢ꧀ꦲꦶꦁꦗꦔ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦥꦝꦤꦸꦁꦒꦁꦗꦫꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦮꦶꦮꦶꦫꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦥꦝꦢꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦁꦠꦤ꧀ꦝꦸ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦱ꧀ꦏꦪꦱꦠꦺꦴꦏꦺꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦢꦧꦽꦏꦠꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦱꦱꦮꦃꦲꦺꦴꦭꦺꦃ​ꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦤꦺꦩꦸꦁꦱꦛꦶꦛꦶꦏ꧀꧈​ꦗꦩꦤ꧀ꦝꦱꦂꦮꦸꦱ꧀ꦲꦏꦶꦂꦏꦠꦼꦏꦤ꧀ꦢꦲꦸꦫꦸ꧈​ꦏꦁꦩꦭꦠꦶꦲꦺꦴꦫꦤꦤ꧈​ꦏꦁꦲꦁꦏꦼꦂ​ꦲꦁꦏꦼꦂꦕꦩꦃꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦏꦭꦶꦗꦼꦫꦺꦴꦢꦢꦶꦕꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦧꦼꦠꦃꦠꦥ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦤꦤꦧꦼꦤꦼꦂꦏꦺꦴꦥꦤ꧀꧈​ꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦩꦶꦁꦏꦸꦥ꧀ꦏꦁꦲꦢꦺꦴꦃꦢꦢꦶꦕꦼꦝꦏ꧀꧈​ꦠꦠꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦱ꧀ꦫꦸꦱꦃ꧈​ꦧꦧꦂꦥꦶꦱꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦲꦚ꧀ꦗꦶꦲꦶꦁꦔꦚ꧀ꦗꦶ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦤꦤꦔꦁꦒꦺꦴꦮꦶꦮꦶꦫꦁ꧈​ꦲꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦭꦶꦫꦸꦧꦺꦴꦗꦺꦴ꧈​ꦥꦺꦏ꧀ꦥꦶꦤꦺꦏ꧀ꦱꦶꦔꦝꦼꦩꦼꦤ꧈​ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦩꦻꦴꦱꦁꦱꦪꦫꦺꦴꦱ꧈​ꦤꦒꦫꦉꦧꦸꦠ꧀​ꦫꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦧꦶꦔꦸꦁꦲꦝꦼꦥꦺ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦢꦷꦭꦺꦴꦤꦶꦩꦫꦁꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦲꦶꦏꦸꦩꦼꦤꦁꦥꦼꦫꦁꦔꦺ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦧꦶꦤꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦗꦶꦤꦩꦲꦤ꧀꧈​ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦱꦁꦱꦪꦒꦼꦝꦺꦲꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦲꦔꦫꦃꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦏꦸꦢꦢꦶꦫꦛꦸ:ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦤꦸꦭꦶꦲꦥꦼꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦫꦢꦲꦤꦩꦼꦤ꧀ꦝꦤꦺꦢꦲꦸꦫꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦩꦼꦠꦸꦤꦺꦏꦁꦏꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦫꦛꦸꦤꦺꦥꦶꦕꦶꦱ꧀ꦲꦸꦮꦁꦫꦺꦪꦭ꧀꧈​ꦲꦫꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦢꦿꦸꦫꦸꦱ꧀ꦮ:ꦏꦭꦮꦶꦱꦺꦱ꧈​ꦲꦏꦶꦫꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦸꦃꦥꦺꦴꦭꦲꦺ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦮꦶꦫꦁꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦶꦱꦸꦒꦸꦃꦌꦤ꧀ꦝꦁ꧉​ꦤꦸꦭꦶꦥꦼꦫꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦸꦫꦸꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦒꦼꦝꦺ​ꦒꦼꦝꦺꦏꦭꦶꦫꦸ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦼꦫꦁꦫꦩꦺ꧈​ꦤꦸꦭꦶꦲꦤꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦛ꧈​ꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦮꦺꦴꦁꦫꦸꦕꦃ꧈​ꦥꦠꦶꦲꦺꦮꦺꦴꦁꦕꦺꦴꦫꦃꦠꦶꦭꦱꦶꦁꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦃꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦕꦺꦫꦺꦥꦿꦕꦺꦫꦺ꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦤꦺꦥꦝꦮꦺꦴꦁꦧꦤ꧀ꦢꦫꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦲꦢꦶꦭ꧀ꦑꦸꦏꦸꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦥꦶꦤꦺꦏ꧀ꦥꦠꦺꦤ꧀​ꦥꦶꦤꦠꦺꦤ꧀ꦥꦥꦠꦶꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦤꦤꦲꦗꦶꦤꦺ꧉​ꦫꦛꦸꦲꦶꦏꦸꦭꦮꦱꦺꦲꦺꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦩꦸꦁꦱꦻꦴꦩꦸꦫꦶꦁꦗꦒꦸꦁ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦶꦂꦤ꧈​ꦢꦺꦴꦚꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦸꦠꦃꦩꦮꦸꦠ꧀​ꦩꦮꦸꦠ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦽꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦼꦫꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦸꦫꦸꦁꦔꦤ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦲꦏꦺꦃꦩꦠꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦔꦁꦒꦸꦂꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦲꦺ꧈​ꦏꦱꦸꦱꦲꦤ꧀ꦥꦝꦔꦶꦭꦶ꧈​ꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦊꦤꦶꦭꦸꦔ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃ​ꦱꦸꦒꦶꦃꦥꦝꦢꦢꦶꦤꦶꦱ꧀ꦛ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦥꦝꦢꦢꦶꦱꦸꦒꦶꦃ꧈​ꦢꦺꦴꦚꦥꦝꦢꦢꦶꦱꦠꦿꦸ꧈​ꦥꦿꦪꦪꦶꦥꦝꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦔꦺꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦝꦢꦢꦶꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦥꦥꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦮꦶꦭꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦏꦁꦩꦤꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦲꦤꦏꦁꦩꦠꦶꦒꦼꦫꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦫꦸꦱꦏ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦠꦸꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱꦤ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦸꦃꦫꦺꦴꦮꦁꦲꦺꦩ꧀ꦧꦸꦃꦩꦸꦁꦱꦸꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦔꦺꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀ꦥꦺꦴꦭꦲꦺ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦢꦶꦪꦸꦁꦱꦶꦪꦸꦩꦶꦭꦸꦭꦸꦔ꧈​ꦩꦿꦤꦢꦸꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦲꦶꦭꦁ꧈​ꦩꦿꦺꦤꦺꦲꦸꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦊꦧꦸꦂ꧈​ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦲꦺꦴꦩꦃꦱꦝꦸꦮꦸꦫꦶꦁꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦭꦒꦶꦲꦤꦩꦼꦤ꧀ꦝꦤꦺꦱꦛꦶꦛꦶꦏ꧀ꦲꦤꦸꦭꦶꦲꦤꦥꦼꦫꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦫꦸꦁꦔꦤ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦲꦏꦺꦃꦥꦥꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦮꦶꦭꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦠꦸꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦏꦺꦫꦺꦲꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦊꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦭꦫꦁꦥꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦺꦴꦭꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦴꦧꦼꦂꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺ꧈​ꦥꦶꦗꦼꦂꦥꦝꦔꦶꦭꦶꦔꦭꦺꦴꦂꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀ꦏꦁꦢꦶꦪꦸꦁꦱꦶ꧈​ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦥꦝꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦶꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦲꦏꦺꦃꦩꦔꦤ꧀ꦥꦝꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦤꦒꦫꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦱꦲꦏꦺꦃꦱꦸꦮꦸꦁꦢꦢꦶꦲꦭꦱ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶꦲꦏꦺꦃꦠꦤ꧀ꦥꦲꦶꦩꦤ꧀ꦥꦠꦶꦤꦺꦥꦝꦏꦭꦥ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦩꦻꦴꦱꦁꦱꦪꦲꦥꦼꦱ꧀ꦗꦪꦤꦺ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦏꦏꦺꦕꦶꦢꦿ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦔ꧈​ꦫꦶꦤꦮꦼꦔꦶꦥꦼꦫꦁꦭꦤ꧀ꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦲꦱꦺꦴꦂꦥꦼꦫꦁꦔꦺ꧈​ꦧꦭꦤꦺꦲꦏꦺꦃꦩꦠꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦱꦧꦿꦁꦥꦼꦫꦁꦥꦝꦱꦧꦿꦁ꧈​ꦗꦮꦥꦼꦫꦁꦥꦝꦗꦮ꧈​ꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦲꦠꦶꦤꦺꦩꦶꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦠꦠꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦔꦁꦒꦸꦂꦗꦤꦒꦸꦂꦊꦧꦸꦂ꧈​ꦏꦁꦭꦢꦃꦏꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦶꦤꦸꦥꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦮꦤꦶꦲꦏꦺꦃꦩꦠꦶ꧈​ꦮꦼꦏꦼꦭ꧀ꦏꦫꦶꦁꦏꦼꦭ꧀​ꦫꦶꦁꦏꦼꦭ꧀ꦏꦁꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦥꦝꦏꦕꦼꦏꦼꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦤꦩꦲꦶꦥꦥ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦁꦒꦺꦴ꧈​ꦏꦁꦗꦼꦫꦶꦃꦥꦶꦤꦠꦺꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦧꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦺꦴꦱꦺꦴꦭ꧀ꦏꦁꦧꦭꦶꦭꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦲꦸꦭꦸꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦥꦝꦢꦶꦲꦸꦧꦼꦁ​ꦔꦸꦧꦼꦁꦢꦶꦪꦏꦭꦶ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦺꦴꦩꦼꦠ꧀ꦢꦶꦧꦸꦠꦸꦃ​ꦧꦸꦠꦸꦲꦏꦺ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦕꦶꦤꦼꦏꦼꦭꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦮꦸꦢꦢꦢꦶꦮꦤꦶꦲꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦥꦫꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦃꦪꦺꦤ꧀ꦏꦧꦸꦠꦸꦃꦏꦭꦃꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦠꦼꦩꦃꦥꦝꦲꦔꦿꦪꦃ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦢꦢꦶꦗꦼꦫꦶꦃ꧉​ꦆꦁꦤꦭꦶꦏꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦤꦁꦏꦺꦴꦢꦲꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦏ꧀ꦱꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦠꦸꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱꦤ꧀꧈​ꦤꦸꦭꦶꦱꦶꦤꦥꦶꦃꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦭꦤꦔꦼꦫꦸꦩ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱꦤꦺꦱꦸꦭ꧀ꦛꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦏꦃ꧈​ꦲꦩꦠꦸꦠ꧀ꦏꦁꦥꦝꦥꦼꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦲꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦱꦶꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦭꦤ꧀ꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦤꦒꦫꦱꦶꦤꦶꦒꦂꦱꦩꦺꦴꦁꦏ꧈​ꦮꦺꦴꦃꦱꦶꦗꦶꦏꦶꦤꦫꦺꦴꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠ꧀ꦲꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦩꦸꦚ꧀ꦕꦸꦭ꧀ꦲꦝꦲ꧌ꦥꦝ꧍​ꦱꦸꦮꦶꦠ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦥꦝꦩꦶꦭꦸꦩꦸꦧꦼꦁ​ꦩꦸꦧꦼꦁꦤꦭꦶꦏꦤꦺꦝꦺꦏ꧀ꦥꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦏꦫꦶꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦔꦚꦂ​ꦲꦚꦂꦮꦺꦴꦁꦧꦺꦧꦺꦁꦏꦿꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦁꦗꦻꦭ꧀ꦥꦝꦩꦕꦶꦕꦶꦭ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦏꦁꦭꦏꦸꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃꦏꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦲꦭꦥꦝꦢꦶꦭꦺꦴꦥ꧈​ꦏꦁꦩꦭꦶꦚ꧀ꦕꦸꦂꦥꦝꦢꦢꦶꦥꦿꦪꦪꦶ꧈​ꦏꦁꦔꦚꦂꦥꦝꦏꦼꦭꦂꦲꦩꦸꦧꦾꦂ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦭꦮꦱ꧀ꦭꦸꦮꦱ꧀꧈​ꦠꦶꦩꦃꦥꦝꦔꦏꦸꦱꦭꦏ꧈​ꦏꦁꦲꦺꦩꦱ꧀ꦠꦸꦊꦤ꧀ꦥꦝꦢꦶꦪꦫꦤꦶꦏꦸꦤꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦏꦸꦏꦒꦮꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦗꦩꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦲꦏꦶꦂ꧈​ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦱꦼꦭꦁꦱꦸꦫꦸꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦩꦼꦠꦸꦤꦺꦏꦁꦏꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦫꦛꦸꦤꦺ꧈​ꦢꦶꦤꦂꦭꦤ꧀ꦥꦶꦕꦶꦱ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦶꦱꦸꦒꦸꦃꦱꦼꦒꦥꦸꦤꦂ꧈​ꦭꦤ꧀ꦒꦼꦠꦶꦃꦱꦥꦶꦠꦿꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦂꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦒꦶꦁꦢꦶꦤꦂ꧈​ꦒꦼꦠꦶꦃꦱꦥꦶꦠꦿꦃꦲꦶꦏꦸꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧈​ꦭꦤ꧀ꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦏꦪꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠꦏꦏꦺꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ꦩꦻꦴ꧉​ꦥꦺꦴꦩꦺꦴꦤꦶꦤꦶ꧈​ꦲꦠꦮꦱꦶꦫꦏꦏꦶꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦢꦶꦲꦺꦭꦶꦁꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦭꦭꦏꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠꦏꦏꦺꦏꦧꦺꦃꦩꦻꦴꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦭꦮꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭꦺꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦫꦛꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠꦏꦏꦺꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦤꦒꦫꦤꦺꦢꦢꦶꦱꦶꦗꦶ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦩꦶꦠꦸꦲꦸꦩꦫꦁꦲꦒꦩ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦔꦢꦼꦒ꧀ꦑꦸꦏꦸꦩ꧀ꦔꦢꦶꦭꦺ꧈​ꦏꦁꦢꦶꦲꦺꦤꦸꦠ꧀ꦱꦫꦺꦔꦠꦺꦏꦔꦁꦫꦱꦸꦭꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧈​ꦥꦝꦲꦁꦒꦼꦭꦫꦏꦺꦏꦶꦠꦧ꧀ꦑꦸꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦶꦏꦸꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦫꦁꦲꦒꦩꦤꦺ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦤꦼꦠꦼꦥꦶꦔꦶꦧꦢꦃ꧈​ꦱꦲꦼꦁꦒꦺꦴꦤ꧀​ꦤꦼꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦥꦝꦲꦩꦸꦩꦸꦗꦶꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦕꦶꦢꦿꦲꦶꦁꦲꦸꦧꦪ꧈​ꦲꦱꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦏꦶꦂꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦥꦝꦲꦁꦒꦼꦝꦺꦏꦏꦺꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦔꦭꦩꦠꦺꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦔꦥꦸꦫ꧈​ꦤꦒꦫꦧꦏꦭ꧀ꦥꦸꦭꦶꦃꦏꦂꦠꦫꦲꦂꦗ꧉​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦏꦶ꧈​ꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦊꦁꦒꦲꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦒꦼꦩꦃꦫꦲꦂꦗ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦄꦂꦪꦧꦔꦃꦥꦸꦥꦸꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦱꦿꦶꦄꦗꦶꦩꦤ꧀ꦛꦭꦫꦱ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦤꦺꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦱꦿꦶꦩꦤ꧀ꦛꦭꦫꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦮꦔꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦁꦮꦔꦶꦥꦸꦥꦸꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦤꦩꦥꦿꦧꦸꦄꦚꦏꦿꦮꦠꦶ꧈​ꦲꦤꦺꦠꦺꦱꦶꦲꦶꦁꦫꦶꦮꦪꦠ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦉꦢꦶ꧈​ꦫꦛꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦒꦼꦩꦃꦫꦲꦂꦗ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦸꦒꦶꦃꦒꦂꦮ:ꦱꦸꦒꦶꦃꦢꦺꦴꦚ:ꦱꦸꦒꦶꦃꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧉​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦧꦭꦠꦤ꧀ꦥꦮꦶꦕꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩ꧀ꦧꦗꦼꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦂꦤꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦪꦸ꧈​ꦮꦢꦠ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦌꦪꦁꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦧꦝꦺꦠꦥ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦭꦤꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦤꦺ:ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦸꦂ꧈​ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦏꦭꦪꦤ꧀ꦫꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦤꦩꦄꦂꦪꦧꦔꦃ꧈​ꦠꦶꦤꦤꦼꦩ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ꧉​ꦆꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦏꦸꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦗꦏꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦤꦛꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦒꦂꦮꦱꦼꦭꦶꦂ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦶꦤꦱꦶꦲꦤ꧀ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦥꦶꦱꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦥꦥꦱꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦒꦂꦮꦱꦼꦭꦶꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦱꦶꦲꦤ꧀ꦮꦻꦴꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦮꦿꦠ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦁꦱꦪꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦥꦭꦁꦱꦁꦤꦛꦱꦮꦼꦒ꧀ꦥꦿꦶꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦒꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦶꦠ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦱꦏꦶꦠ꧀ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦏꦛꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦸꦮꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦢꦭꦸꦱꦁꦤꦛꦱꦫꦺꦲꦤꦫꦶꦠꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦏꦩꦶꦉꦁ꧈​ꦲꦺꦃꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦸꦭꦾꦤꦒꦫꦩꦸ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦱꦫꦠ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦏꦁꦩꦿꦠꦥꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁꦧꦤꦶꦠ꧈​ꦲꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦮꦭꦸꦪꦤꦒꦫꦩꦸ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦒꦺꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁꦮꦸꦔꦸ꧈​ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦤ꧀ꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦱꦶꦄꦗꦂꦲꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁꦧꦤꦶꦠ꧈​ꦒꦼꦊꦩ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦏꦏꦺꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦲꦒꦮꦺꦫꦸꦱꦏ꧀ꦏꦺꦤꦒꦫꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃ:ꦱꦶꦫꦩꦁꦏꦠ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫꦧꦶꦝꦭ꧀꧈​ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦼꦧꦼꦏ꧀ꦏꦶꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦧꦤꦶꦠ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦏꦴꦝꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦩꦶꦮꦃꦥꦫꦒꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦁꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦗ꧈​ꦥꦫꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦱꦩꦶꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦏꦤꦩꦏꦏꦺꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦥꦠꦶꦃ:ꦔꦧꦺꦲꦶ:ꦫꦺꦴꦁꦒ:ꦢꦼꦩꦁ:ꦥꦤ꧀ꦢꦼꦊꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦥꦼꦕꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ:ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦩꦶꦲꦧꦫꦶꦱ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀ꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀꧈​ꦧꦭꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦥꦶꦤꦼꦥꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦭ꧈​ꦲꦺꦃꦱꦏꦺꦲꦺꦲꦤꦏ꧀ꦱꦧꦠ꧀ꦏꦸ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦥꦿꦏꦫ꧈​ꦧꦶꦭꦻꦒꦼꦝꦺꦲꦤꦼꦏꦤꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦗꦮꦛꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦧꦼꦤꦼꦫꦤ꧀ꦲꦒꦮꦺꦥꦼꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦱꦶꦁꦏꦶꦫꦶ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦧꦺꦃꦲꦗꦏꦫꦶꦩꦫꦁꦏꦥꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦱꦼꦝꦼꦁꦔꦺ꧈​ꦲꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦢꦶꦲꦮꦱ꧀꧈​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦩꦤꦮꦲꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦫꦛꦸꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦤꦫ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦤꦶꦠꦶꦱ꧀ꦏꦸ꧈​ꦏꦫꦤꦲꦏꦸꦝꦺꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦫꦛꦸ꧈​ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦲꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦠꦸꦩꦼꦩ꧀ꦥꦼꦭ꧀꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦻꦏꦶꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦻꦴꦤꦶꦔꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦶꦛꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦢꦏ꧀ꦕꦶꦢꦿꦱꦁꦏꦤꦶꦁꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦉꦥ꧀ꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦢꦏ꧀ꦥꦸꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦸꦠꦸꦠꦲꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦷꦊꦱ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦱꦶꦱꦶꦥ꧀​ꦱꦶꦱꦶꦥ꧀ꦩꦠꦶꦢꦷꦊꦱ꧀ꦲꦔꦸꦂꦩꦽꦒꦒꦲꦫꦢꦲꦤꦲꦸꦕꦥꦺꦲꦶꦁꦧꦸꦫꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦪꦼꦒ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦲꦤꦔ꧀ꦭꦼꦢꦶ꧈​ꦱꦼꦢꦾꦭꦧꦸꦃꦥꦼꦗꦃꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦪꦢꦏ꧀ꦲꦶꦢꦶꦤꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦱꦲꦺꦴꦭꦺꦃ​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦥꦝꦠꦝꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦲꦩꦸꦫꦶꦃꦫꦩꦺ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦧꦺꦃꦥꦝꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶꦪ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦶꦩꦺꦃꦠꦼꦏ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦢꦶꦏꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦲꦏꦸ꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃ:ꦱꦂꦠꦲꦁꦒꦮꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦒꦒꦩꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦧꦭꦲꦤꦏ꧀ꦱꦧꦠ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦻꦄꦗꦂ꧈​ꦱꦂꦠꦔꦠꦺꦴꦱ꧀​ꦱꦠꦺꦴꦱ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦾꦻꦥꦠꦶꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦸꦏꦸꦤꦶꦁꦉꦢꦶꦱꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦩꦼꦢꦼꦂ꧈​ꦉꦢꦶꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦁꦏꦶꦏꦶꦱ꧀꧈​ꦏꦮꦶꦠ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦱꦢꦪꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦲꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶꦧꦭꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦶꦁꦒꦲꦶ꧈​ꦧꦭꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁ꧈​ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦱꦂꦮꦶꦱꦸꦫꦏ꧀​ꦱꦸꦫꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦫꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦲꦤꦠꦱꦶꦱꦺꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦚ꧀ꦕꦁꦔꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦲꦔ꧀ꦭꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦲꦤ꧀ꦝꦮꦲꦶꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦭꦶꦥꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦉꦁꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦲꦔꦼꦱꦸꦏ꧀ꦱꦂꦠꦲꦤꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦱꦶꦠꦶꦪꦁꦉꦢꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦼꦥꦁꦭꦺꦂꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦱꦉꦁꦩꦶꦁꦒꦃꦱꦂꦮꦶꦱꦸꦫꦏ꧀​ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦝꦲꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦠꦔ꧀ꦭꦼꦢ꧀ꦫꦩꦺ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦱꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦔꦸꦁꦱꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦉꦢꦶꦏꦫꦪꦲꦤ꧀ꦱꦫꦗꦏꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦠꦼꦭꦱꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦩꦶꦁꦱꦶꦂ꧈​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦼꦥꦁ꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦱꦼꦒꦃ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦲꦺꦫꦃꦱꦥꦶꦠꦿꦃ:ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ;ꦏꦶꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦧꦼꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦶꦤꦺꦴꦝꦺꦴꦒ꧀꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦲꦚꦫꦏꦏꦼꦤ꧀:ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦱꦼꦒꦃꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦢꦪꦏꦠꦸꦫ꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦲꦚꦻꦴꦫꦶꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶ:ꦏꦶꦄꦗꦂ:ꦲꦸꦠꦸꦱꦤꦺꦱꦁꦤꦛꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦺꦤ꧀ꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦧꦉꦁꦱꦭꦏꦸꦏꦸ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦸꦢꦸꦒ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦠꦺꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦏꦭꦶꦃꦩꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦥꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦄꦗꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦗꦠꦸꦩꦩ꧀ꦧꦸꦃꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦤꦒꦮꦺꦤꦺ꧈​ꦫꦸꦱꦏ꧀ꦏꦺꦤꦒꦫꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦁꦤꦼꦤꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦩꦸꦭꦾꦲꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦺꦢꦺꦥꦧꦼꦤꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦢꦺꦢꦺꦝꦸꦏꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦸꦭꦠꦥꦥꦸꦤꦶꦏ:ꦤꦩꦸꦁꦲꦤꦼꦝꦏꦩꦸꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦼꦗꦺꦥꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦗꦶꦤꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦲꦼꦧꦾꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦏꦶꦲꦗꦂꦱꦪꦃꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦶꦱ꧀​ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦶꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦱꦏꦶꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦧꦒ꧀ꦒꦶ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦱꦺꦴ꧈​ꦏꦺꦔꦶꦁꦤꦥꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦭꦢꦶꦏꦥꦭ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦏꦮꦱꦺꦱꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦁꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦿꦸꦕꦠ꧀​ꦥꦿꦸꦕꦸꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦏꦶꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦶꦁꦏꦛꦃ:ꦄꦗꦂꦲꦩꦺꦴꦃꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦗꦶꦱꦶꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫ꧈​ꦥꦠꦶꦃ:ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦶꦫꦤꦸꦱꦸꦭ꧈​ꦥꦠꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦧꦿꦏ꧀​ꦲꦧꦿꦶꦏ꧀꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦤꦧꦸꦃꦠꦼꦔꦫ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦝꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦮꦻꦴ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦉꦢꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦾꦻꦄꦗꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧉​ꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦱꦩꦶꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦾꦻꦄꦗꦂ꧈​ꦄꦗꦂꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦺꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦤꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦥꦸꦗ꧈​ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦏꦭꦪꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦏꦮꦸꦭꦲꦚꦲꦺꦴꦱꦶꦲꦁꦱꦭ꧀​ꦭꦁꦱꦭ꧀ꦝꦲꦫꦤ꧀ꦱꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦼꦥꦱꦼꦥꦶ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦼꦗꦶꦱꦥꦶꦠꦿꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦴꦠꦸꦫꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦗꦭꦲꦸꦭꦶꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦻꦴꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦤꦸꦭꦂꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦮꦁꦱꦸꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦝꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦤꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦸꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦫꦶꦏ꧀ꦮꦁꦏꦶꦔꦤ꧀ꦏꦶꦄꦗꦂꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦝꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦭꦶꦏꦠ꧀ꦄꦗꦂꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦗꦶꦱꦶꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦏꦩꦶꦉꦁꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦺꦃꦲꦺꦔꦼꦠ꧀​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦤꦒꦶꦃꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦮꦶꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦻꦂꦮꦮꦿꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦂꦮꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦶꦠꦶꦱꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀꧉​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦥꦠꦶꦃꦱꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦲꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦒꦂꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦮꦿꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦩ꧀ꦧꦧꦂ꧈​ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦭꦁꦲꦸꦥꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦏ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦛꦼꦔꦼꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦸꦏ꧈​ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦭꦗꦼꦁꦏꦢꦺꦏꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦧꦼꦭ꧈​ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦱꦂꦠꦫꦗꦏꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦱꦂꦠꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦶꦤꦧꦸꦃꦲꦶꦁꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦕꦶꦪꦩꦶꦱ꧀꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦱꦁꦧꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦮꦻꦴꦲꦤꦸꦮꦺꦤꦶꦧꦫ꧈​ꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦠꦧꦺꦭꦏꦱꦁꦱꦁꦲꦶꦁꦧꦫ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦁꦏꦧꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦱꦶꦧꦧꦪꦶ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦩꦮꦶꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦏꦧꦶꦔꦃ꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦁꦏꦺꦴꦒꦮꦲꦶꦏꦸꦲꦥ:ꦏꦾꦻ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦥꦼꦛꦶꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦸꦤꦼꦩꦸꦏꦱꦁꦱꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦫ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦺꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤꦶꦔꦭꦶ:ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦶꦔꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦝꦱꦂꦚꦻꦱꦤ꧀ꦛꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀​ꦲꦤꦏ꧀ꦩꦶꦭꦱꦩꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁ​ꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦶꦔꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦱꦉꦁꦱꦏꦭ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦮꦻꦴꦏꦛꦃꦧꦼꦧꦼꦏ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦥꦚ꧀ꦕꦶꦩꦺꦃꦗꦗꦏ꧈​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦕꦃꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦚ꧀ꦕꦸꦂ꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦻꦴꦒꦸꦁꦢꦶꦤꦩꦢꦩ꧈​ꦲꦤꦼꦝꦤꦩꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦗꦸꦩꦸꦫꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦮꦶꦝꦺꦲꦠꦠꦏꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦱꦥ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦧꦥ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦏꦸꦧꦥꦏ꧀ꦩꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦠꦸꦠꦸꦂꦱꦧꦼꦤꦼꦫꦺ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦭꦗꦼꦁꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦧꦝꦺꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁꦗꦼꦫꦶꦠ꧀​ꦗꦼꦫꦶꦠ꧀:ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦩꦫꦱ꧀ꦲꦠꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦸꦝꦸꦤ꧀ꦤ꧈​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦢꦏ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦶ꧈​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦸꦤꦼꦩꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦚꦸ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦺꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦗꦱꦸꦱꦃꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦲꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦗꦿꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁ:ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦔꦪꦼꦩ꧀​ꦩꦪꦼꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦗꦏ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦭꦸꦔ꧈​ꦲꦏꦸꦢꦸꦮꦺꦱꦤꦏ꧀꧈​ꦲꦭꦸꦭ꧀ꦥꦺꦠꦸꦔꦤ꧀ꦲꦺꦴꦩꦲꦺꦲꦤꦠꦼꦔꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦩꦤꦮꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦏꦺꦴꦤꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦤꦸꦫꦸꦠꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦤ:ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦩꦶꦉꦁ꧈​ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦮꦸꦫꦲꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦩꦛꦁꦏꦿꦁꦲꦶꦁꦏꦏꦗꦼꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦏꦶꦏꦶ:ꦱꦶꦁꦩꦛꦁꦏꦿꦁꦲꦶꦁꦏꦪꦸꦏꦲꦺꦲꦥ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦪꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦔꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦤꦸꦏ꧀ꦲꦥ꧈​ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦫꦸꦥꦤꦺ꧈​ꦔꦁꦒꦺꦴꦗꦗꦩꦁ꧈​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦺ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦏꦁꦩꦛꦁꦏꦿꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦺꦥꦁꦏꦲꦺꦮꦼꦤꦫꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦼ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦩꦤꦸꦏ꧀ꦏꦁꦏꦪꦔꦁꦒꦺꦴꦗꦩꦁꦲꦶꦏ:ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦩꦤꦸꦏ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ:ꦏꦏꦶ꧈​ꦱꦻꦏꦶꦲꦏꦸꦔꦭꦶꦃꦗꦼꦤꦼꦁꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧉​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦲꦤꦏ꧀ꦱꦺꦤꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦠꦠꦏꦺꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶ:ꦏꦏꦶ:ꦲꦺꦴꦩꦲꦺꦱꦤꦏ꧀ꦩꦸ꧈​ꦏꦁꦧꦶꦱꦥꦺꦠꦸꦔꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧈​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦔꦭꦶꦃꦱꦏꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦭꦱ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦢꦶꦲꦺꦴꦩꦲꦶ꧈​ꦲꦪꦺꦴ:ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ:ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦫꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦏꦸꦢꦸꦮꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦢꦢꦶꦭꦸꦫꦃꦲꦺꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦩꦲꦺꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦲꦭꦸꦤ꧀​ꦲꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦤꦸꦫꦸꦠꦶꦲꦶꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦱꦂꦠꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦧꦒꦺ​ꦧꦶꦤꦒꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦭꦗꦼꦁꦲꦠꦠꦏꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦭꦗꦼꦁꦲꦮꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦲꦒꦝꦃꦥꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦤꦶꦠꦶꦥꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦗꦏꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦚ꧀ꦗꦁꦔꦤ꧀:ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦏ꧀ꦠꦶꦠꦶꦥꦏꦺꦩꦫꦁꦥꦩꦤ꧀ꦩꦸꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦲꦥꦱꦫꦺꦲꦺꦥꦩꦤ꧀ꦩꦸ:ꦲꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦗꦭꦸꦔ​ꦭꦸꦔ꧈​ꦏꦶꦱꦤ꧀ꦛꦁꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦩꦼꦭꦶꦁꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦩꦶꦠ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦮꦶꦤꦸꦭꦁꦥꦤ꧀ꦝꦺ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦭꦃꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦼꦁꦏꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦼꦭꦶꦁꦠꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦺꦫꦩ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦲꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦭꦺꦭꦺꦝꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦫꦢꦶꦤꦼꦤ꧀ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦥꦤꦸꦗꦸꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦗꦃꦧꦝꦺꦏꦒꦸꦪꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦧꦼꦤꦮꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦲꦶꦉꦁꦲꦧꦽꦔꦸꦤꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦥ:ꦧꦥꦏ꧀꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧈​ꦒꦗꦃꦲꦶꦏ꧈​ꦏꦒꦸꦁꦔꦤꦺꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧈​ꦲꦉꦥ꧀ꦢꦶꦒꦸꦪꦁꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦧꦼꦔꦮꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶ꧈​ꦒꦗꦃꦏꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦒꦝꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦫꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦺꦴꦭꦃ꧈​ꦭꦸꦫꦃꦱꦫꦶꦠꦶꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦲꦔꦧꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤꦫꦸꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦴꦁꦏꦸꦱꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦥꦫꦱꦫꦶꦠꦶꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦏꦭꦶꦃꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦠꦶꦒ꧈​ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁꦔꦶ:ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦕꦭꦶ:ꦥꦠꦶꦁꦥꦊꦱꦠ꧀꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦭꦗꦼꦁꦲꦒꦽꦫꦥꦸꦝꦠꦼꦁꦭꦸꦫꦃꦱꦿꦠꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦥꦠꦶꦧꦗꦩ꧀ꦥꦶ꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦩꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦭꦫꦺꦢꦺꦫꦺꦁꦩꦶꦂꦱꦲꦶꦁꦊꦉꦱ꧀꧈​ꦭꦸꦫꦃꦱꦫꦶꦠꦶꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦗꦱꦸꦩꦼꦭꦁ꧉​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦭꦗꦼꦁꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪ:ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦱꦻꦏꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦗꦭꦸꦔ꧈​ꦲꦤꦲꦔꦺꦴꦩꦃꦧꦲꦺ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦔꦧꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦏꦴꦧꦼꦤ꧀ꦥꦿꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​ꦩꦸꦁꦒꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦩꦶꦉꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦧꦥꦏ꧀ꦱꦶꦁꦩꦸꦤꦶꦔꦸꦁꦏꦸꦁꦭꦤ꧀ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦭ꧀​ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦲꦶꦏꦲꦥ꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦶꦏꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸꦱꦁꦤꦛ:ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦔꦢꦸꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦥꦏ꧀ꦲꦏꦸꦭꦶꦭꦤꦤꦲꦉꦥ꧀ꦤꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦥꦼꦫꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦲꦒꦸꦁ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦧꦶꦱꦲꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦠꦠꦏꦿꦩꦤꦺ꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦲꦚꦻꦴꦫꦶ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦺꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦗꦤꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦿꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦁꦤꦛꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦧꦫꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦒꦼꦝꦺ​ꦒꦼꦝꦺꦲꦏꦺꦃꦱꦺꦧ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦸꦫꦸꦁꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦠꦠꦏꦿꦩꦤꦺ꧈​ꦩꦤꦮꦏꦱꦶꦏꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦲꦺꦴꦫ:ꦧꦥ꧈​ꦲꦏꦸꦭꦶꦭꦤꦤ꧀꧈​ꦱꦥꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦧꦲꦺ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦥꦶꦤꦭꦁꦔꦤ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔ꧈​ꦏꦠꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦩꦶꦤꦶꦔꦭꦶꦔꦧꦼꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦲꦸꦤꦶꦔꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴ꧈​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦶꦤꦼꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦔ꧀ꦭꦸꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦢꦔꦸꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦔꦶꦮꦤꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦤꦸꦭ꧀ꦠꦧꦸꦃꦒꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦒꦶꦤꦤ꧀ꦠꦸꦁꦱꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦶꦁꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦮꦮꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴꦠꦶꦤꦧꦸꦃ:ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦗꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦂ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭꦶꦁꦒꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦏꦒꦺꦠ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦒꦺꦠ꧀ꦱꦂꦠꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦸꦤꦥꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦔꦸꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦴꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦩꦶꦭꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦠꦧꦸꦃꦲꦶꦁꦭꦫꦺ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦸꦃꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦚꦼꦥꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦭꦫꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦤꦧꦸꦃꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴꦮꦻꦴ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦽꦤꦲꦶꦁꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴ:ꦭꦫꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦧꦸꦃꦮꦻꦴꦭꦗꦼꦁꦧꦝꦺꦕꦶꦤꦼꦥꦼꦁ꧈​ꦏꦶꦤꦫꦸꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦏꦶꦤꦥꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦏꦮꦸꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦥꦸꦁꦒꦮꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦲꦒꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦮꦃꦢꦊꦩ꧀:ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦲꦗꦱꦶꦫꦏꦼꦫꦱ꧀​ꦏꦼꦫꦱ꧀꧈​ꦠꦏꦺꦴꦤꦤꦢꦶꦭꦶꦫꦶꦃ꧈​ꦢꦶꦩꦺꦤꦺꦔꦏꦸ꧈​ꦱꦥꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦲꦤꦏ꧀꧈​ꦮꦢꦤꦏꦁꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦔ:ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴ꧈​ꦭꦫꦺꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦤꦶ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦏꦸꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦠꦺꦭ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦫꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦥꦶꦠꦏꦺꦤꦶ꧈​ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦻꦴꦠꦸꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦌꦩ꧀ꦥꦸ꧈​ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦭꦺꦱꦮꦺꦴ꧈​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦻꦫꦶꦢ꧀ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦏ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦝꦠꦼꦁꦥꦒꦼꦭꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦌꦩ꧀ꦥꦸ:ꦲꦶꦏꦸꦲꦥꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦗꦿꦶꦃꦏꦮꦸꦭꦏꦴꦧ꧀ꦢꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦭꦫꦺꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦁꦱꦭ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦧꦼꦭ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦠꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦥꦥꦁꦒꦶꦲꦤ꧀ꦢꦺꦢꦺꦲꦤꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦗꦺꦗꦺꦂꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦥꦤꦶꦔꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦶꦁꦥꦤꦶꦔꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦱꦂꦮꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦌꦩ꧀ꦥꦸ:ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀꧈​ꦏꦶꦌꦩ꧀ꦥꦸꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦝꦩ꧀ꦥꦂ:ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦲꦔꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦠꦶꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀​ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦲꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦮꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦸꦠꦿ​ꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦱꦂꦠꦏꦻꦴꦒꦸꦁꦱꦥꦶꦏꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦩꦗꦏꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦏꦮꦼꦤꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃꦗꦗꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦱꦩꦶꦏꦝꦮꦲꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦱꦺꦴꦮꦤꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦱꦂꦠꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦭꦶꦃꦥꦔ꧀ꦮꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦲꦪꦱꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦥꦤ꧀ꦝꦺ꧈​ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦲꦁꦒꦫꦥ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦭꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦲꦺ꧈​ꦱꦂꦠꦩꦮꦶꦏꦱꦸꦏꦤꦤ꧀ꦒꦭꦶꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀ꦩꦗꦸꦱꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦏꦉꦁꦒꦭꦶꦤꦁꦱꦺꦥꦶꦤꦗꦁ​ꦥꦗꦁ꧉​ꦄꦤꦸꦗꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ:ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶ:ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦱꦁꦤꦛꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ꦱꦶꦫꦏꦫꦺꦴꦥꦝꦱꦺꦧꦲꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦲꦤꦒꦮꦺꦤꦶꦫ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀:ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦮꦸꦭ:ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦁꦩꦱ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦼꦫꦺꦃꦧꦭ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦢꦩꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦲꦺ꧈​ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦱꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃꦫꦩ꧈​ꦲꦺꦕꦲꦝꦲꦂꦱꦫꦺ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦁꦩꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦼꦁꦒ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶꦱꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦩꦉꦁꦔꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦏꦔꦁꦫꦛꦸ꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦮꦻꦴꦥꦽꦤꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦁꦤꦛꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦲꦁꦒꦸꦁꦝꦲꦂꦱꦫꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀꧈​ꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮꦮꦮꦿꦠ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦿꦏꦏꦭꦶꦃꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦼꦁꦒꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦠꦼꦂꦏꦝꦁꦏꦂꦱꦲꦩꦼꦁ​ꦔꦩꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦲꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦲꦔꦾ:ꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦶꦭꦶꦫꦶꦠꦼꦁꦒꦏ꧀ꦱꦁꦤꦛꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱꦶꦱꦫꦺꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦂꦮ꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦶꦤꦸꦚ꧀ꦕꦶꦱꦏꦶꦁꦗꦮꦶꦝꦠꦼꦁꦂꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦩꦼꦥꦏ꧀ꦧꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦏꦛꦲꦶꦁꦧꦭ꧈​ꦲꦺꦱꦏꦺꦲꦺꦧꦭꦏꦸꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦮꦼꦱꦶꦏꦁꦲꦤꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦚꦔꦫꦏꦺꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦒꦮꦺꦉꦁꦏꦤꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦧꦸꦲꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦫ꧈​ꦧꦭꦺꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦲꦶꦁꦮꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦂꦠꦤꦔꦶꦱ꧀:ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦏꦔꦁꦫꦩꦢꦊꦩ꧀ꦱꦲꦲꦶꦧꦸꦢꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦚ꧀ꦕꦶꦱꦏꦶꦁꦗꦮꦶꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩꦁꦏꦺꦩꦼꦁꦒꦃꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦮꦻꦴꦝꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦧꦸꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦠꦸꦫꦶꦫ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦱꦶꦫꦲꦔꦢꦺꦴꦤ꧀​ꦤꦢꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦁꦔ:ꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏ꧈​ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦩꦼꦤ꧀​ꦠꦼꦩꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦢꦺꦮꦧꦛꦫ꧈​ꦏꦔꦁꦫꦩ꧈​ꦱꦺꦮꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀ꦲꦥꦭꦕꦶꦢꦿ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦿꦁ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶꦧꦭ꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦝꦭ꧀ꦲꦤꦸꦠꦸꦠꦶꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦒꦼꦝꦺꦴꦁ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦠꦸꦂꦱꦢꦪ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁ:ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦭ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧈​ꦏꦁꦩꦱ꧀ꦲꦏꦸꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦺ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦒꦝꦁ​ꦒꦝꦁꦲꦶꦁꦗꦮꦛꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦁꦒꦺ​ꦲꦁꦒꦺ:ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦲꦶꦗꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦧꦭ꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦭꦶꦁꦔ:ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦶꦤꦸꦠꦿ​ꦥꦸꦠꦿꦩꦫꦁꦏꦔꦁꦫꦩꦥꦶꦤꦝꦭꦤ꧀ꦲꦏꦸ꧈​ꦫꦩꦭꦶꦮꦠ꧀ꦲꦱꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴ​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦥꦩꦊꦱ꧀ꦩꦸ꧈​ꦲꦥꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦏꦺꦴꦠꦼꦩꦸ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦏꦔꦁꦫꦩꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦲꦩꦼꦗꦲꦶꦄꦗꦂ꧈​ꦲꦭꦸꦮꦸꦁꦚꦻꦴꦫꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦚꦻꦴꦂꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦸꦃ​ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦸꦃꦏꦁꦱꦶꦫꦲꦸꦕꦥ꧀ꦄꦝꦶ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦶꦄꦗꦂꦢꦶꦥꦠꦺꦤꦶ꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦤꦼꦤꦸꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦁꦩꦱ꧀ꦱꦢꦸꦏꦢꦸꦏꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦭꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦸꦱ꧀ꦭꦭꦶ:ꦄꦝꦶꦩꦱ꧀꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦉꦧꦠ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦉꦧꦠ꧀ꦫꦶꦤꦼꦧꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦤꦺꦥꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦩꦊꦱꦠ꧀ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈​ꦫꦩ:ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦧꦺꦭꦤꦶ꧉​ꦱꦂꦠꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦢꦸꦏ꧈​ꦩꦫ:ꦄꦝꦶꦄꦏꦸꦧꦺꦭꦏ꧀ꦤꦏꦔꦁꦫꦩ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦱꦂꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦮꦶꦗꦶ꧈​ꦲꦗꦠꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦸꦩꦻꦴꦂꦏꦭꦪꦤ꧀ꦧꦱꦔꦺꦴꦏꦺꦴ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦏꦸꦮꦼꦢꦶꦪ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦸꦤꦸꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦸꦱꦶꦏ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦭꦶꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁ꧈​ꦥꦼꦝꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦠꦸꦒꦼꦭ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦧꦶꦤꦶꦤ꧀ꦢꦶ:ꦠꦁꦏꦶꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦠ꧈​ꦧꦶꦤ꧀ꦢꦶꦩꦊꦱꦠ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ:ꦲꦺꦭꦶꦁꦔ꧈​ꦩꦸꦥꦸꦁꦲꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦭꦭꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦩꦪꦺꦴꦩꦊꦱ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦩ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦫꦶꦏ꧀ꦮꦁꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦸꦤꦸꦱ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦫꦸꦏꦼꦠ꧀ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦱꦶꦤꦸꦢꦸꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦢꦶ:ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦒꦢ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦩ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦱꦢꦪꦢꦢꦩꦼꦭꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦪꦃ:ꦔꦁꦏꦠ꧀ꦥꦼꦫꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦔꦧꦼꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦱꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁꦧꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦁꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁ꧈​ꦒꦼꦭꦸꦠ꧀ꦢꦸꦒꦁꦢꦶꦤꦸꦒꦁ꧈​ꦱꦩꦶꦱꦺꦫꦺꦠ꧀ꦱꦶꦤꦺꦫꦺꦠ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦧꦶꦤꦸꦕꦭ꧀ꦝꦮꦃꦱꦲꦺꦴꦚ꧀ꦗꦠꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦲꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫ꧈​ꦏꦧꦸꦕꦭ꧀ꦝꦮꦃꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦱꦺꦴꦲꦱꦶꦫꦩ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦁꦱꦶꦫꦩ꧀ꦥꦼꦫꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦱꦶꦤꦺꦫꦺꦢ꧀ꦩꦔꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦊꦱ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦭꦶꦤꦫꦏ꧀ꦩꦔꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦢꦔꦸꦱꦩꦶꦭꦫꦏ꧀ꦭꦶꦤꦫꦏ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦩꦤꦮꦶꦲꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦮꦶꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦕꦶꦥꦭꦶꦃ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦢꦭꦸꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦤꦱ꧀ꦱꦩꦶꦲꦱꦺꦴꦱꦶꦫꦩ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩ꧀ꦥꦼꦫꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦩꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦁꦩꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦼꦫꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦭꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦏꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦮꦼꦏꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦺꦴꦫ:ꦄꦝꦶ꧈​ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦤꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ꧈​ꦲꦉꦥ꧀ꦔꦪꦺꦴꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ꧈​ꦱꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦁꦩꦸꦢꦏ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦩꦠꦸꦂꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦁꦩꦱ꧀ꦏꦸꦭꦚꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦲꦠꦸꦂꦩꦤꦮꦶꦏꦁꦒꦺ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦛ꧈​ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦔꦁꦫꦩ꧈​ꦏꦸꦭꦲꦚꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦮꦠ꧀​ꦠꦮꦠꦶꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦁꦒꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦥꦱꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦭꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦭꦶꦭꦶꦃꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦮꦸꦱꦤꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦪꦧꦼꦤꦼꦂ:ꦄꦝꦶ:ꦲꦠꦸꦂꦩꦸ꧈​ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦫꦛꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦲꦺꦩꦢꦼꦒ꧀ꦒꦤꦛꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦄꦝꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮꦔꦭꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦏꦸꦪꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱꦕꦕꦏꦂꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦧꦏꦭ꧀ꦭꦸꦔꦩꦔꦺꦠꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦏꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦢꦶꦒꦮꦺꦤꦒꦫ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦗꦚ꧀ꦗꦶꦏꦸꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦠꦤꦃꦗꦮꦱꦶꦤꦶꦒꦂꦱꦼꦩꦺꦴꦁꦏ꧈​ꦮꦼꦠꦱ꧀ꦲꦶꦁꦕꦶꦥꦭꦶꦃꦱꦥꦔꦺꦠꦤ꧀ꦲꦏꦸꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦤ꧈​ꦱꦏꦸꦭꦺꦴꦤꦶꦁꦕꦶꦥꦭꦶꦃꦱꦥꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦧꦺꦴꦮꦺꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦤ꧈​ꦥꦺꦴꦩꦲꦗꦲꦤꦕꦲꦏ꧀​ꦕꦶꦤꦲꦏ꧀ꦱꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦤ꧀ꦱꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦏꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦧꦸꦫꦶꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦔꦮꦿꦸꦲꦶ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦸꦲꦶꦪꦱꦝꦺꦔꦃꦤꦺꦪꦏꦁꦏꦱꦺꦫꦺꦤꦤ꧀꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦁꦮꦼꦤꦫꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦱꦏꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦁꦩꦱ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦢꦂꦩꦶꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶ꧉​ꦭꦗꦼꦁꦔꦸꦗꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦲꦔꦿꦁꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦂꦮꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦄꦝꦶ꧈​ꦩꦪꦺꦴꦥꦝꦉꦧꦸꦠ꧀ꦥꦫꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦏꦸꦔꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦮꦼꦏꦱ꧀ꦏꦸ:ꦄꦝꦶ꧈​ꦱꦫꦸꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦏꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦱꦸꦩꦼꦗꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦩꦫꦁꦲꦏꦸ꧈​ꦲꦗꦏꦺꦴꦮꦊꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦠꦸꦂꦱꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦗꦮꦛ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧉​ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦩꦶꦁꦒꦃꦉꦢꦶ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ꧈​ꦠꦶꦭꦂꦝꦲꦂꦱꦫꦺ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦭꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦥꦗꦗꦫꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦫꦫꦱꦛꦶ꧈​ꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦄꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦊꦂꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦥꦤꦏꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦱꦸꦥ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ꧈​ꦫꦫꦱꦛꦶꦱꦩꦂꦒꦶ​ꦩꦂꦒꦶꦲꦤꦔꦶꦱ꧀ꦏꦛꦃꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦢꦾ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀​ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦉꦁ:ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦱꦺꦴ꧈​ꦧꦝꦺꦠꦶꦊꦩ꧀ꦱꦭꦶꦪꦼꦥꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦿꦶꦥꦠ꧀ꦏꦸꦭꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦸꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦫꦶꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦢꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦊꦱꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦔꦼꦠ꧀ꦭꦸꦮꦺꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦩꦤꦃꦲꦔꦶꦤ꧀ꦠꦶꦫꦶꦤ꧀ꦠꦶꦂ꧈​ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦊꦂꦲꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:ꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦗꦏ꧀ꦤꦸꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦼꦩꦸ:ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦔꦿꦸꦧꦼꦢꦶꦒꦭꦶꦲꦺꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸ꧈​ꦫꦫꦱꦛꦶꦱꦸꦩꦻꦴꦂꦱꦂꦮꦶꦲꦚ꧀ꦗꦼꦫꦶꦠ꧀:ꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦧꦲꦺ;ꦲꦺꦢꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦫꦁꦫꦻꦩꦸ꧈​ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀​ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ:ꦱꦸꦩꦺꦴꦔꦱꦩꦶꦲꦱꦺꦴ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦩꦼꦤꦼꦁꦔ:ꦲꦗꦤꦔꦶꦱ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦤꦢꦶꦱꦫꦺꦃ:ꦱꦁꦱꦪꦱꦪꦃꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦱꦸꦏꦸꦏꦸꦭ꧈​ꦩꦊꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦩꦶꦲꦧꦸꦃ꧈​ꦏꦢꦸꦮꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦱꦸꦭ꧀꧈​ꦗꦼꦭꦺꦃꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦼꦝꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦗꦸꦗꦸꦒ꧀꧈​ꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦤꦸꦫꦸꦠꦶ꧈​ꦲꦮꦢ꧀​ꦲꦮꦢ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦔꦉꦩ꧀ꦩꦉꦩꦶꦫꦫꦱꦛꦶ꧈​ꦫꦶꦤꦏꦶꦠ꧀​ꦫꦏꦶꦠ꧀ꦥꦝꦺꦥꦺꦴꦏꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦱꦿꦶ꧈​ꦫꦫꦱꦛꦶꦩꦼꦏ꧀ꦱꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦧꦺꦏ꧈​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦤꦔꦶꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀​ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦸꦏꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦔꦺꦮꦸꦲꦏꦺꦠꦼꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦔꦗꦏ꧀ꦲꦱꦺꦴꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦸꦫꦸꦠꦶ:ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦏꦧꦲꦺ꧈​ꦏꦏꦁꦄꦝꦶꦥꦝꦏꦪꦧꦸꦠ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦼꦤꦮ꧈​ꦏꦏꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱ꧈​ꦄꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦥꦝꦏꦺꦴꦏꦉꦥꦏꦺ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦫꦶꦪ꧈​ꦥꦝꦠꦸꦁꦒꦸꦒꦸꦮꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦸ꧈​ꦲꦗꦭꦸꦔ​ꦭꦸꦔ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀ꦲꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦲꦤꦼꦒꦼꦱ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦛꦫꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦏꦁꦏꦕꦶꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦠꦼꦠꦼꦥꦲꦔꦽꦁꦒꦤꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧈​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦠꦸꦩꦼꦝꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦏꦶꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦼꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦲꦚ꧀ꦗꦸꦁꦏꦸꦁꦔꦼꦤꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦮꦺꦴꦫꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦫꦶꦩꦃꦲꦶꦁꦢꦺꦮ꧈​ꦕꦃꦪꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦚꦸꦩꦸꦏ꧀ꦏꦶꦮꦢꦤ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦁꦤꦛ꧈​ꦕꦃꦪꦩꦚ꧀ꦕꦺꦴꦫꦺꦴꦁꦲꦩꦝꦁꦔꦶꦒꦸꦮ꧈​ꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦒꦸꦮꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭꦤ꧀ꦧꦽꦏꦱꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦝ꧈​ꦏꦛꦃꦥꦿꦠꦶꦁꦏꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦺꦴꦒꦺꦴꦝ꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦤ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦶꦁꦱꦶꦂ꧈​ꦠꦼꦠꦼꦒ꧀ꦥꦱꦿꦃꦲꦶꦁꦗꦮꦛ꧈​ꦱꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦺꦴꦝ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦝꦠꦼꦁꦠꦤ꧀ꦥꦱꦁꦏꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦱꦺꦴꦫꦏꦼꦤ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈​ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀​ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦮꦗꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦒꦸꦩꦼꦧꦾꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦶꦭꦠ꧀꧈​ꦊꦁꦒꦃꦱꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦠꦶꦊꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦁꦏꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦏꦥꦺꦚ꧀ꦕꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦧꦝꦺꦫꦶꦤꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦔꦶꦁꦒꦠꦶ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦫꦶꦤꦸꦁꦔꦿꦸꦩ꧀ꦕꦶꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦠꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦄꦪꦸꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦱꦁꦄꦪꦸꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦔꦢꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦱꦂꦠꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀:ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦏꦶ:ꦭꦸꦮꦉꦤ꧀ꦠꦥꦤꦶꦫ꧈​ꦱꦻꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦫꦶꦩ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫ꧈​ꦌꦪꦁꦔꦶꦫꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦄꦝꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦪꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦫꦗꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦱꦉꦁꦩꦶꦉꦁ:ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦱꦂꦮꦶꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃ꧈​ꦩꦸꦒꦶ​ꦩꦸꦒꦶꦊꦥꦠꦶꦁꦱꦫꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦏꦔꦁꦫꦛꦸꦥꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦱꦢꦸꦫꦸꦔꦺꦱꦮꦶꦱꦺ:ꦏꦏꦶ:ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦮꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤꦏꦁꦱꦶꦫꦱꦼꦢꦾ꧈​ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦫꦛꦸꦤꦶꦁꦱꦠꦤꦃꦗꦮ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦥꦝꦲꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦶ꧈​ꦱꦶꦫꦩꦔꦺꦠꦤꦩꦿꦤ꧈​ꦲꦤꦲꦫ​ꦲꦫ​ꦲꦫꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦲꦤꦏꦪꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦗꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦝꦸꦏꦸꦲꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦢꦢꦶꦤꦒꦫꦒꦼꦝꦺ꧈​ꦱꦶꦫꦭꦤ꧀ꦱꦠꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦠꦸꦫꦸꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦝꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦱꦒꦫꦮꦼꦝꦶ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦠ:ꦏꦏꦶ:ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦠ꧉​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦮ꧈​ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦩꦔꦺꦠꦤ꧀ꦲꦤꦱꦏ꧀ꦮꦤ꧈​ꦱꦶꦪꦁꦢꦭꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦝꦼꦏꦃ꧈​ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦲꦶꦁꦏꦭꦶꦒꦸꦤ꧀ꦛꦶꦁ꧈​ꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦺꦔꦂꦝꦠꦼꦁꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦲꦶꦁꦏꦭꦶꦒꦸꦤ꧀ꦛꦶꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦻꦴꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦂꦠꦲꦱꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦲꦒꦝꦃꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦗꦊꦂꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒꦱꦩꦶꦗꦊꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦤꦩꦏꦶꦮꦶꦫꦺꦴ꧈​ꦲꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦏꦶꦥꦭꦶꦃ꧈​ꦮꦸꦫꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦩꦏꦶꦧꦤ꧀ꦢꦂ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦧꦝꦺꦠꦸꦮꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦧꦶꦤꦼꦏ꧀ꦠ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦏꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦊꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦤꦭꦶꦏꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦊꦂꦫꦒꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦲꦤꦶꦔꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦲꦶꦩꦃ​ꦲꦶꦩꦃ꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦭꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀:ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦄꦪꦸ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦤꦥꦭꦏꦶꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦸꦩꦻꦴꦂ꧈​ꦢꦸꦢꦸ꧈​ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦶꦒꦸꦱ꧀ꦛꦶꦩꦸꦲꦶꦁꦥꦗꦗꦫꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ:ꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦤꦶꦱꦶꦏꦤ꧀꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦭꦗꦼꦁꦥꦩꦶꦠ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦏꦴꦠꦸꦫꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦁꦲꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦻꦴ꧈​ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦭꦶꦒꦸꦤ꧀ꦛꦶꦁ꧉​

ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦁꦲꦝꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦻꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦮꦶꦫꦺꦴ:ꦏꦶꦥꦭꦶꦃ:ꦏꦶꦧꦤ꧀ꦢꦂ꧈​ꦏꦭꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦠꦶꦠꦶꦒꦱꦏꦮꦤ꧀ꦧꦥꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦩꦶꦲꦤꦤꦤꦼꦩ꧀꧈​ꦱꦫꦺꦁꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦏꦂꦱꦏꦺꦱꦃꦲꦩꦼꦁ​ꦔꦩꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦏꦶꦮꦶꦫꦺꦴ:ꦏꦶꦥꦭꦶ:ꦏꦶꦧꦤ꧀ꦢꦂ:ꦱꦩꦶꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦏꦭꦸꦤ꧀ꦠ​ꦭꦸꦤ꧀ꦠ꧈​ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦠꦼꦔꦔꦺꦊꦉꦥ꧀ꦲꦤꦸꦗꦸꦔꦩ꧀ꦧꦃꦮꦤꦠꦫꦠꦧꦤ꧀ꦥꦤꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦔꦩ꧀ꦧꦃꦲꦫ​ꦲꦫꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦏꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦗꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦱꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥꦶꦁꦏꦗꦼꦁꦮꦻꦴ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦥꦤꦱꦼꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦮꦶꦫꦺꦴ꧈​ꦲꦸꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦏꦶꦮꦺꦴꦲꦺꦲꦏꦺꦃꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦗꦗꦭ꧀ꦩꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦱꦶꦗꦶꦧꦲꦺ꧈​ꦏꦶꦮꦶꦫꦺꦴꦩꦼꦛꦶꦏ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦶꦤꦲꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦒꦶꦤꦼꦥꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦱꦉꦁꦝꦶꦤꦲꦂ:ꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦻꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦱꦸꦫꦸꦃꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦏꦶꦮꦺꦴꦃꦩꦗ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦫꦱꦤꦺꦥꦻꦠ꧀ꦫꦢ​ꦫꦢꦭꦔꦸ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦝꦸꦝꦸꦏꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦢꦢꦶ꧈​ꦢꦏ꧀ꦲꦫꦤꦶꦝꦸꦏꦸꦃꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦧꦧꦝꦺ꧈​ꦏꦶꦮꦶꦫꦺꦴ:ꦏꦶꦥꦭꦶꦃ:ꦏꦶꦧꦤ꧀ꦢꦂ:ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦧꦢ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦤꦼꦩꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶ꧈​ꦥꦭꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈​ꦥꦭꦏꦱꦶꦩ꧀ꦥꦂ꧈​ꦥꦭꦏꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦼꦩꦺꦴꦲꦶ꧈​ꦥꦺꦩꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦫꦶꦤꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦭꦶꦃꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦝꦼꦝꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦠꦼꦒꦶꦭ꧀ꦱꦧꦶꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦝꦱꦂꦱꦶꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦺꦴꦠꦸꦩꦸꦩ꧀ꦥꦁ꧈​ꦩꦶꦭꦠꦶꦪꦁꦒꦒꦿꦶꦪꦱꦁꦱꦪꦮꦼꦮꦃ​ꦮꦼꦮꦃ꧈​ꦩꦶꦭꦭꦩꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦒꦼꦁ꧉​