Jv/Candrakanta/1901/06

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Kaping 1 wulan Mulud taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan Rêginipun ing dalêm satênga taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka Juru Pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SURAKARTA 20 JUNI 1901.

Sêrat kalowonganing kabar Candrakanta ingkang kaidêrakên sampun kathah ingkang wangsul, nanging botên anêtêpi pangajêng-ajêngipun pahênman Radyapustaka, awit ingkang sami mêndhêt lêngganan inggih namung lênggananipun kabar Sasadara, botên sagêd angsal lêngganan enggal: kathah, ewadene ing sêsagêd-sagêd pahêman Radyapustaka amanah kalampahanipun kabar Candrakanta mêdal, dados botên manah dhatêng kauntungan, namung anggêripun botên pituna, pangajêng-ajêngipun pahêman: kabar Candrakanta sagêda dados têtalining kabar Sasadara, sampun ngantos wudhar dening kirang lêngganan.§

Pahêman Radyapustaka sampun saos unjuk ing panjênêngan dalêm bêndara kangjêng radên adipati, mênawi kalilan kabar Candrakanta, saèstu badhe kawêdalakên, dhawuh dalêm sampun kaparêng, kalampahan ing dintên Kêmis Pahing tanggal sapisan wulan Mulud taun Dal ôngka 1831, sêrat kabar Candrakanta: lair.

Ingkang punika botên langkung pahêman Radyapustaka, namung anênuwun dhatêng para lêngganan, mugi sami kaparênga ambiyantoni ingkang murih widadaning kabar Candrakanta wau.

Surakarta kaping 1 wulan Mulud taun Dal ôngka 1381 sèkrêtarising pahêman Radyapustaka Ngabèhi Wirapustaka.

Sêrat kabar Candrakanta kajawi anggitaning redhaktur namung badhe isi panjurung saking priyantun ing amônca praja utawi saking priyantun Surakarta ingkang asli saking ing amônca praja wau, saha pangajêng-ajêng kula para priyantun wau mugi sampun mawi rikuh angangge têmbung ingkang kangge ing nagarinipun piyambak-piyambak, sarta ingkang botên cocog kalihan têmbung ing Surakarta, punika dede punapa-punapa sarta botên nama awon, mênawi kula malah amastani sae, wani, wantun (pasisir) botên nama anèh, awit ing Surakarta inggih ngangge têmbung pari, pantun, mari, mantun, kari, kantun enz malah purun dados kramaning wani utawi kramaning gêlêm punika kajawi nyêbale kalihan panunggilanipun, cawuh kalihan têmbung sanès, punapa botên malah sae ing pasisir, ing atasipun rimbaganing têmbung: wani, kathah kemawon têmbung ingkang kirang mungguh kangge wontên ing Surakarta, kados ta: taun baru, malah wontên ingkang kêlantur dados: tawon baru Tyongkok botên dipun santuni: tampinipun taun enggal, utawi tanggap warsa, kula inggih sagêd nyantuni dados tanggap warsa, ananging mêdal dhatêng ing latar kêpêthuk tiyang kula pitakèni mangsuli kados ing nginggil wau: badhe ningali tawon baru Tyongkok, botên ningali: tanggap warsa Tyongkok.

Awit saking punika sampun têtela yèn dumadosing têmbung saking têtiyang kathah, botên saking pujôngga, pujôngga namung nitèni sarta kêpêksa ngangge murih wicantênipun dipun sumêrêpi ing tiyang, sagêdipun anglêrêsakên namung wontên ing dalêm sêrat, kados ta: madu balung kêpesing, kasêrat: madu balung tanpa isi, makatên sapanunggalanipun, mila atur kula akathah-kathah sampun mawi sumêlang angangge têmbungipun piyambak, kaikêt cara nagarinipun, sampun mawi pangathik-athik niru têmbung utawi ukaraning liyan ingkang murih brêgas, botên brêgas, malah asring lêpat, ukara sae punika ukara ingkang nyata cocog kalihan wicantênipun, para sagêd lajêng nandhing kalihan têmbung sanèsipun, nama: kawruh têmbung. Mila ing sêsagêd-sagêd panjurung wau badhe kula lugokakên, sarta mênawi wontên gèsèhipun badhe mawi nut, punika dede panyeda, srasehan, sampeyan, limprah (Kudus) kula limrah (Surakarta) botên wontên ênggènipun griya: kesah pêkên (Juwana) botên wontên ing griya: kesah dhatêng pêkên (Surakarta) namung bab sasêratan sarèhning botên anggêmpalakên suraos, punika botên beda kalihan punika, punika kula sami kemawon kalihan sasêratan ingkang kagêm ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, pamanggih kula bilih tiyang nyêrat kasusastran sarta pasang rakitipun sampun miturut sasêratan ing karaton, badhe pados punapa malih, punika mênggah ing kula. RED

Basa Polinesiê (Polynesiên)

Baboning basa ingkang pêncar wontèn ing pulo-pulo ing sagantên tanah Indhia, para marsudi ing têmbung-têmbung bôngsa Walandi sami amastani basa: Idhonesiê (Indonesiên) utawi taksih kathah ingkang sami amastani basa: Polinesiê (Polynesiên) inggih punika basanipun têtiyang bôngsa Malayu sasaminipun, kajawi basanipun tiyang Papuah, Nègrito Melanesiê (Melanisiên) tuwin têtiyang ing Mikronesiê (Micronesiên).

Miturut ing kawruh ing pameranging bumi kapuloan ing sagantên tanah India ingkang kadunungan bôngsa Malayu punika kabagi ing sadasa perangan, 1e. Indhonesiê (Indonesiên) 2e. Niu Geniah (Nieuw Guinea) 3e. Melanesiê (Melanesiên) 4e. Polynesiê (Polynesiên) 5e. Mikonesiê (Micronesiên) 6e. Kapuloan Philipinên (Philippijnên) 7e. Pulo Niu Selan (Nieuw Zeeland) 8e. Pulo Madhahgaskar (Madagaskar) dumunung ing sawetanipun tanah Aphrikah sisih kidul, kêlêtan paripitan sagantên Mosambik (Mozambique) 9e. Tanah Malaka (Malaka) 10e. Pasitèn têlêngipun pulo Phormusah (Formosa) dumunung ing sawetanipun nagari Tyongkok.

Mènggah kathahipun têtiyang ing India wetan ingkang ugi dipun wastani Insulindhê (Insulinde) wontèn: 45 yuta, kalêbêt têtiyang ing India Nèdêrlan botên kirang saking: 33 yuta, têtiyang samantên kathahipun punika ingkang dumunung ing pulo Jawi tuwin Madura wontên: 25 yuta, tiyang: 25 yuta ingkang wicantên ing têmbung Jawi: 18 yuta, ingkang: 4 yuta dipun wastani tiyang Sundha dumunung ing Jawi kilèn, sami wicantên ing têmbung Sundha, dene ingkang: 3 yuta dumunung ing Madura tuwin ing pongolipun pulo Jawi ingkang wetan, winastan tiyang Madura, sami wicantên têmbung Madura, têtiyang ingkang wicantên têmbung Bali namung wontên 1½ yuta, ingkang wicantên ing têmbung Malayu (kajawi têmbung Mênangkabo) kirang saking: 3 yuta, têtiyang ingkang wicantên ing têmbung Acih botên ngantos: ½ yuta, dene tirahanipun ingkang: 3 yuta kalêbêt dhatêng golonganipun têtiyang bôngsa Batak, Rêjang, Lampong, Nias, Dhayak, Bugis tuwin têtiyang Makasar, sami gadhah basa piyambak-piyambak, têtiyang Bugis kalihan têtiyang Makasar piyambak etanging cacah jiwa ± namung: 1 yuta, têtiyang Alpuru ing Sèlèbès tuwin sajawinipun, punapa dene têtiyang ing pulo-pulo Sundha alit (Kleine Sundha eilanden) sarta ± têtiyang ing Niu Geneah bawah Nèdêrlan, tuwin têtiyang sajawining bawah Nèdêrlan, basanipun warni-warni, ingkang wicantên ing basa Tagala ± tiyang 1¼ yuta, inggih punika têtiyang ing pulo Luson, wêwêngkone nagari Manila tuwin têtiyang ing pulo-pulo ingkang cêlak kalihan pulo wau, têtiyang ing pulo-pulo saantawisipun pulo Luson kalihan pulo Mindhanao sarta têtiyang ing pasisiripun pulo Mindhanao kathahipun: ± 2½ yuta sami wicantên ing têmbung Bisayah (Bisaja) basanipun têtiyang ing pokolipun pulo Luson kathahipun tiyang: 300.000 ingkang kidul wetan dipun wastani basa Bikol, dene basanipun tiyang ing Imerinah (Imerina) ingkang dipun wastani bôngsa Uwah (Huwa) inggih punika têtiyang parêdèn ing pulo Madhagaskar, punapadene basanipun têtiyang ing Madhagaskar ingkang sisih kidul tuwin ing tanah pasisiripun dipun wastani basa Malagasi (Malagasi) kathahipun têtiyang bôngsa Uwah (Huwa) ± 5 yuta, mênggah ingkang dipun wastani bôngsa Alpuru (Alfuren) punika têtiyang parêdèn ing kapuloan Molukên (Molukken) sarta têtiyang parêdèn ing tanah Sèlèbès (Celebes) tuwin ing kapuloan Aru. Mênggah peranganing golonganipun bôngsa ingkang kasêbut ing ngajêng wau awêwaton basanipun, botên awêwaton golonganing bangsanipun ingkang katitik saking dêdêg pangadêg, saking pasikon, saking kêkulitan, tuwin saking rambutipun, mênawi miturut titikan punika, têtiyang ing India wetan kalêbêt dhatêng golonganipun bôngsa Malayu, kajawi têtiyang ing kapuloan sagantên kidul (Zuidzee) dede sagantên kidul ing sakiduling tanah Jawi (Zuiderzee) peranganing sagantên agêng Indi (Indische Oceaan) nanging punika sagantên kidul (Zuidzee) peranganing sagantên Têdhuh (Stille Oceaan) ingkang kaprênah ing sakiduling garis ekwator (Aequator) kasdosta: pulo Niu Geneah (Nieuw Guinea) sapanunggilanipun, têtiyangipun kalêbêt dhatêng golonganipun bôngsa kulit cêmêng, dipun wastani bôngsa Nègêr (Negerras) mênggah miturut ing pêperanganipun bôngsa ing alam dunya ingkang sampun kasumêrêpan dening bôngsa Eropah, sadaya bôngsa ing jagad pramudita punika namung kaperang gangsal 1. Bôngsa Kaukasisras (Caucasischeras) 2. Monghul (Mongoolscheras) 3. Kulit cêmêng (Negerras) 4. Malayu (Maleischeras) 5. Kulit abrit, utawi bôngsa Amerikan (Roodhuidige of Amerikaanscheras)

Nanging cariyos bab peranganing bôngsa punika botên kula lajêngakên, benjing kemawon badhe kula cariyosakên dados satunggal kalihan bab peranganing jagad, sapunika ingkang pêrlu kula cariyosakên rumiyin bab peranganing basanipun têtiyang ing India wetan, ingkang ugi dipun wastani têtiyang ing Insulindhê (Insulinde) para maos pandugi kula sampun botên kêkilapan mênggah ingkang dipun wastani tanah India wetan utawi Insulindhê, nanging sanadyan makatêna, ewadene kados botên wontên awonipun mênggah bab kawontênaning nama wau kula cariyosakên ing ngriki, ingkang dipun wastani tanah India punika pasitèn agêng tuwin kapuloan ing Asiah sisih kidul, asalipun saking têmbung Grik kalihan Latin, India (Zie J. Kramers Jz. Algemeene Kunstwoordentolk) kapêndhêt saking namanipun lèpèn Indhês (Indus) inggih punika lèpèn agêng ing Indhustan, kaprênah ing kilèning kikisipun tanah Indhustan kalihan Bilujistan, têmbungipun Sangskrit dipun wastani: Sindu, têmbung Pèrsi: Indhu, dene tanah India punika kaperang tiga, 1. India Ngajèng (Voor Indië) inggih punika tanah Birmah (Birma) Kamboja (Cambodja) Tongking, Siam, Anam tuwin Malaka. 2. India wetan, ugi dipun wastani Insulindhê, mênawi miturut tuwan (Multatuli) kêsêbut ing anggitanipun bab Max Havelaar ( Zie Encyclopaedie van Ned. Indië) ingkang dipun wastani India wetan utawi Insulindhê punika kapuloan India Nèdêrland, wondene mênawi miturut pamanggihipun para sarjana ing kawruh bumi sawatawis ingkang enggal-enggal, ingkang dipun wastani Insulindhê punika kapuloan ing saantawisipun tanah agêng ing Asiah kidul wetan, kalihan tanah Ostraliah, miturut pamanggihipun sarjana ing kawruh alam bôngsa Inggris anama tuwan AR Wales ( A.R. Wallaec) tanah Insulindhê punika kabagi gangsal, 1. Kapuloan Indho Malayu, inggih punika pulo-pulo sakilènipun sagantên Sèlèbês kalihan pripitan sagantên Makasar (Straat van Makasar) tuwin Lombok, kados ta:

1. Pulo Andhamanên, Nikobarên, Sumatra, pulo Jawi, Bali, Borneo tuwin pulo Philipinên.

2. Kapuloan timur utawi Sundha alit sawetaning pulo Bali.

3. Tanah Sèlèbès.

4. Kapuloan Molukên (Molukken)

5. Kapuloan Papuah utawi winastan kapuloan Ostraliah (Australisch Insulinde) inggih punika Niu Geniah kalihan kapuloan Aru, wondene têmbung: Insulindhê punika asalipun saking têmbung Latin: Insula (Insula) têgêsipun: pulo, kaandhahakên dados: Insulindhê atêgês: kapuloan.

Kajawi India ngajêng, wingking sarta India wetan, wontên malih kapuloan India kilèn kaprênah ing saantawisipun tanah Amirika sisih êlèr kalihan sisih kidul.

Ing pulo-pulo India, ingkang sisih wetan, punapa dene ing pulo-pulo sawetanipun, basanipun tiyang warni-warni, dene warni-warnining basa wau salong namung saking mingsêding têmbung-têmbung, utawi saking ewahing pakêcapan, kados ta upaminipun têmbung: "mangewija" dados: "mangewijay" halalaang dados "lalang" sapanunggilanipun. Bôngsa Papuah ingkang dumunung ing saantawis utawi sacêlakipun bôngsa Indhonesiê, sami ngangge basanipun bôngsa Indhonesiê, nanging ugi wontên ewahipun sakêdhik, dados bedaning bôngsa punika yèn makatên dèrèng tamtu mênawi beda basanipun, utawi santuning bôngsa botên sêsarêngan kalihan santuning basa, awit saking panandhingipun têmbung-têmbung, sampun têtela sangêt bilih basanipun para bôngsa ing pulo-pulo sawetanipun tanah Sèlèbês sapangetan dumugi ing kapuloan Ostraliah sanès-sanès, saya mangetan sangsaya kathah bedanipun basa-basa wau, wandaning têmbung-têmbungipun basa wau asalipun pancèn kathah ingkang sigêg, inggih punika ingkang winastan: "Consonnantiseh" saya mangetan wandaning têmbung-têmbungipun sangsaya kathah ingkang mênga, dipun wastani: "(Vocalisch)" makatên malih awit saking panandhingipun têmbung petangan (Telwoorden) basa Indhonesiê (Indonesie) kenging kaperang kalih, golongan kalêbêt dhatêng ewonipun basa India, inggih punika ingkang sisih kilèn basa Malayu, ingkang sisih wetan basa Alpuru, sagolonganipun dipun wastani basa: Oseaniê (Oceanisch V. Oceanië) basa Oseaniê punika asalipun ugi saking basa Alpuru (ingkang dipun wastani Oseaniê punika kapuloan Ostraliah) dene ingkang kalêbêt ing perangan punika, satunggal dipun wastani basa Melanisiê, satunggalipun winastan basa Polinesiê, dene basa Melagasi kalihan basa Nias kalêbêt dhatêng ewoning basa Alpuru (sampun kêsêbut ing buku H. Kern de Fidjitaal vergeleken met hare verwanten in indonesiën en Polynesiën Verh. kon. Akademiê van Wet, Afd Letterk. XVI A0 1886).

Sampun rambah-rambah para marsudi ing têmbung-têmbung bôngsa Walandi sami nyoba amerang sarta ambedakakên baboning basa Indhonesiê ingkang rumiyin piyambak, sang widagda ing têmbung-têmbung tuwan Neubronner Van der Tuuk, (Inleiding op de Tobasche spraakkunst 1864 in merang basa Malayu Polinesiê ing kalih golongan agêng, ing sagolonganipun agêng mawi kaperang malih ing golongan alit, golongan agêng kêkalih wau dipun wastani golonganing basa wetan kalihan kilèn, dene bedanipun katitik saking wandaning têmbung-têmbungipun, ing basanipun têtiyang ing golongan ingkang kilèn, wandaning têmbung-têmbungipun kathah ingkang sigêg (Consonantisch) kados ta basa Batak, Malayu, Jawi tuwin basanipun têtiyang ing Philipin, kosok wangsulipun basanipun ing têtiyang golongan wetan wandaning têmbung-têmbungipun kathah ingkang mênga (Vocalisch) sanadyan wandaning wêkasan ing têmbung-têmbungipun ugi kalêbêt kathah ingkang sigêg (Consonantisch) ewadene yèn katimbang kalihan basa ing golongan ingkang kilèn mêksa kawon kathah, ing saantawisipun golongan kalih ingkang wandaning têmbung-têmbung ing basanipun dipun wastani sigêg kalihan mênga Consonantisch en Vocalisch) kêsêbut ing nginggil, wontên basa ingkang wandaning têmbung-têmbungipun winastan satêngah mênga, (half vo-(calisch) inggih punika têmbung-têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg, (half vocalisch) punika kathah pinanggih ing basanipun têtiyang Minangkabo têtiyang Makasar tuwin têtiyang Bugis. Sasampunipun tuwan Neubronner Van der Tuuk ambedakakên têmbung-têmbung ingkang katitik saking wandanipun, lajêng amerang basa-basa ingkang dipun wastani têksih tunggil akrap (Zustertalen) kados ta basa Malayu kalihan basa Mênangkabo, basa Jawi kalihan basa Sundha, basa Madura sarta basa Bali punika ugi dipun wastani tunggil akrab (Zustertalen) dene basa ing Sèlèbês ingkang sisih kidul saakrabipun, punika gèsèh sangêt kalihan basa Malayu ing Sumatra sisih kilèn, mila dipun wastani botên tunggil akrab.

Miturut ing pamanggihipun tuwan Dhoktêr Y. Brandes ingkang kêsêbut ing sêrat: Bidjrage tot de vergelijkende klaakleer van de Westersche afdeeling de Maleisch Polynesische Taalfafamilie. Utrecht 1884 Zie stellingen II, III; en Encyclopaedie van Ned, Indië door P. A Van der Lith; J. Spaan en andere medewerkers, basa ing India wetan utawi Insulindhê punika kaperang kalih 1. Bagian kilèn 2. Bagian wetan (Westelijke en Oostelijke afdeeling) dene ingkang minôngka kikisipun garis ing saantawisipun pulo Phloris kalihan pulo-pulo Solor, punapa malih sawetan Butun sakilèning pulo Sulah, sawetaning paresidhenan Minahasah (Minahasa) pulo Sangir tuwin pulo, en laut, punapa dene Philipinên, ing sawetan tuwin sakilènipun baris ingkang minôngka watêsipun panggenan basa Alpuru saha krabipun basa Malayu ugi saha krabipun basa golongan ingkang sisih kilèn (westelijke atdeeling) punapa dene ing sawetanipun pulo Bali kalihan Borneo, sakilèning pulo Philipin têksih wontên pêperanganipun golonganing basa sanès, wondene ingkang kalêbêt golonganing basa Melanisiê punika wontên kalih, 1. Basa Papuah ing Niu Geniah, 2. Basa Mikronesiê, dene sêsrêmpilanipun basa-basa wau ugi pêncar wontên ing basa Polinesiê sarta ing basanipun têtiyang ing pulo Niuselan (kidul wetan Ostraliah) punapa dene ing basanipun tiyang ing puloan Sandhwih (Sandwichseilanden) dumunung ing sagantên agêng Groot Oceaan, inggih punika sagantên agêng ing saantawisipun tanah Amerika kalihan Asiah tuwin Ostraliah, dunungipun kapuloan punika wontên ing saantawisipun ± 180 220 NB sarta ing saantawisipun ± 215o 25o O, L, saking Grènwitês (Greenwich) basanipun têtiyang Niu Geniah ingkang sisih kilèn kalêbêt dhatêng golonganipun basanipun ing sawetan kikis, inggih punika sawetan garis ingtang kêsêbut ing ngajêng, dene basanipun têtiyang Dhore kalihan basanipun têtiyang Maphur, ingkang ugi dipun wastani basa Suphur utawi Numphur sampun kasumêrêpan têrang piyambak katimbang kalihan akrabipun basa Papuah sanèsipun, ing pulo Sumatra kalihan ing Malaka tuwin ing kapuloan sacêlakipun, ugi wontên têtiyangipun ingkang basanipun miyambaki, kalêbêt dhatêng akrabipun basa Dhayak, kalihan basa Jawi basa Madura tuwin basa Bali, nanging kenging kagolongakên dhatêng peranganing basa Malayu, dene basa Indhonesiê punika kenging kaperang malih kados ing ngandhap punika:

a. Basa Sumatra inggih punika: 1. Basa Malayu, 2. Basa Mênangkabo, 3. Basa Batak, 4. Basa Acih.

b. Golongan basa Jawi, inggih punika: 1. Basa Jawi, 2. Basa Sundha, 3. Basa Madura, 4. Basa Dhayak ing Borneo.

Wondene basa Indhonesiê ingkang sisih wetan sawetan garis ingkang kêsêbut ing ngajêng kalêbêt dhatêng golonganing basa Alpuru, ingkang kalêbêt akrabipun punika:

1. Basa ing kapuloan Philipinên.

2. Basa Alpuru ingkang sisih êlèr, inggih punika ing pulo Talaut (Talut), pulo Sangir tuwin basa ing Minahasah (Minahasa)

3. Basa Alpuru kidul, inggih punika ing Sèlèbês sisih kidul.

4. Basa Alpuru wetan, punika basa ing kapuloan Molukên (Molukken).

5. Basa Alpuru ing Têrnate, punika basa Têrnate sarta basa ing pulo-pulo sacêlakipun.

6. Basa Sundha alit (Klein Sundhasche) inggih punika basa ing kapuloan sawetan Bali dumugi ing timur.

R. L. Mangkudimêja Ing Ngayogyakarta.

Kawruh Thêthukulan (Plantkunde)

Kaanggit dening: Wiryasubrata. Juru sêrat kantor residhèn ing Samarang

Bab thuthulan ingkang rumambat.

Thêthukulan ingkang rumambat punika kaperang dados tigang perangan ingkang agêng.

Ingkang sapisan: thêthukulan ingkang rumambat mawi sungut (Klimplant) kados ta: thêthukulan bêstru waluh, anggur, sapanunggilanipun. Dene sungut punika mêdal saking êpang sanginggilipun gantilaning godhong. Watêkipun sungut punika untir-untiran saking têngên mangiwa, mênawi sampun sawatawis untir-untiran punika lajêng mangsul saking kiwa manêngên (coba kawaspaosna) sungut wau môngka sarana gondhelan anggubêd punapa-punapa supados thêthukulan wau sagêda kêkah ing rumambatipun.

Ingkang kaping kalih: thêthukulan ingkang rumambat tanpa sungut, ananging mawi oyot gantung (Slingerplant) utawi oyot ingkang kanggo gondhelan, inggih punika oyot wau asring tumèmplèk ing punapa-punapa supados thêthukulan wau kêkah ing rumambatipun, kados ta: thêthukulan, panili, sêdhah, dhaon sirih sapanunggilanipun.

Ingkang kaping tiga: thêthukulan ingkang rumambat tanpa sungut tanpa oyot gantung (Klimop) kados ta: thêthukulan sêkar Sônggalangit, kara sapanunggilanipun.

Ingkang thêthukulan wau limrahipun agodhong, dene warnining godhongipun botên sami, sanajan warninipun kados punapa kemawon mênggahing pigunanipun botên beda, inggih punika môngka cangkêm sarana lêbêtipun sirstop (Zuurstof) utawi (Koolzuur).

Wondening beda-bedanipun godhong-godhong wau kados ta: godhong êmpu kunir (kunir = Curcuma longa), godhong pisang (pisang = mosaceae) punika beda kalihan godhong jatos (jatos = Tectona gradis) godhong jambu (jambu = Mijrtaceae) dene bedanipun inggih punika godhong êmpu kunir, godhong pisang, punika sêratipun alus sarta lurus, jèjèr rapêt dumugi sawiyaring godhong, godhong pisang wau wontên uratipun agêng (papah), dene godhong jambu, godhong jatos: botên, ingkang katingal rumiyin urat agêng ing têngah saking gantilaning êpang dumugi pucuk sarta kiwa têngênipun wontên uratipun alit-alit, urat-urat wau satunggil-tunggilipun sami gandhèng-ginandhèng (gêgandhengan) saupami godhong wau kaêkum ing toya ngantos sami koklok, ing ngriku kantun urat-uratipun ingkang warninipun maujud kados jala (trancangan).

Makatên ugi kawontênanipun godhong-godhong ugi kenging kaperang-perang kados ta: godhong panili, kapal, sêdhah, dhaon sirih, punika sadaya godhong ingkang wontên ing êros tamtu namung salêmbar salajêngipun.

Godhong mondhakaki, godhong noja punika kalêbêt godhong ingkang ngalih lêmbar sami ajêng-ajêngan nunggil dunung namung kalêtan êpang alit, Ranting Ml.

Godhong kara lan godhong boncis (boontjes) punika godhong ingkang nigang lêmbar sagantilan.

Wontên ugi godhong ingkang langkung saking samantên ingkang sami nunggil sagagang (gantilaning godhong) kados ta: godhong rêgulo, godhong kêmuning (jênar) inggih punika sabên sagagang wontên godhongipun gangsal utawi pitung lêmbar ingkang nunggil sagagang. Makatên ugi wanguning godhong-godhong inggih beda, kados ta: godhong kêmuning (jênar) yèn katandhing kalihan godhong rêgulo tamtu beda godhong kêmuning ngandhap nginggil alus sarta pinggiripun kiwa têngên alus, dene godhong rêgulo pinggiripun ringih-ringih saking bongkot dumugi pucuk, ngantos kados graji.

Kajawi punika godhong jatos punika wiyar sarta ngandhap nginggil sami kasab, ingkang makatên wau kathah panunggilanipun godhong-godhong ingkang beda wangunipun sarta beda warninipun ananging mênggah pigunanipun sami kemawon.

Bab Sêkar

Mêngggah limrahipun thêthukulan punika asêkar, sanajan sêkar wau wangun lan warninipun beda ananging pigunanipun sami, inggih punika sarana andadosakên uwoh sarta wijinipun sagêd tangkar-tumangkar, botên angicalakên warganing thêthukulan wau. Dene sêkar wau wontên ingkang sagêd dados uwoh wontên ingkang botên, ingkang makatên saèstu anggumunakên, wondening sêkar sagêd dados uwoh awit ing salêbêting sêkar-sêkar wau wontên perangan warni-warni kados ta: upami sêkar jêram, ing ngriku wontên perangan sêkar jalêr (Meeldraden) sarta sêkar èstri (stamper) ing bongkotipun sêkar èstri ing ngriku wontên gêmbungipun (Vruchtbeginsel) utawi caloning uwoh, ing pucuk wontên pênthilipun. Dene sêkar èstri wau mênawi sampun mangsanipun lajêng mêdal yiyitipun, inggih punika nalika mêgar (mêkar) godhonging sêkar (blumblad) ingkang anglimputi sêkar jalêr lan sêkar èstri. Makatên sêkar jalêr manawi sampun mangsanipun kados kasêbut ing nginggil, inggih lajêng mêdal sarinipun (Stuifmeel) dene sari wau warninipun kados galêpung: nanging jêne, sari-sari wau lajêng dhawah ing pênthiling sêkar èstri, sarèhning sêkar èstri wontên yiyitipun mila sagêd krakêt, salajêngipun lumêbêt dumugi ing gêmbung utawi caloning uwoh lajêng dados pêntil. Dene dhawahipun sari wau sabab dening angin, utawi kabêkta ing tawon ingkang pinuju nêsêp mabên tuwin sêmut inggih sagêd ugi.

Kula sampun kêrêp mirêngakên wicantêning tiyang ingkang nyariyosakên kawontênanipun pêlêm kados ta: pêlêm krasak malèh, pêlêm santog malèh, pêlêm kopyor malèh, sapanunggilanipun, inggih punika ewahing wujud utawi wanguning uwoh, ewahing raos lêgi dados kêcut, sapanunggilanipun, ingkang makatên wau saking wêwulangipun para sagêd inggih nama botên anglêngkara, kapara yêktos, sabab sarining sêkar pêlêm kopyor sagêd dhawah dhatêng ing sêkar èstrining pêlêm krasak, utawi sarining pêlêm santog dhawah dhatêng ing sêkar èstrining pêlêm dodol, ingkang makatên wau tamtu andadosakên ewahing raos utawi ewahing wujudipun uwoh, samantên wau inggih ingkang nunggil warga kados ta: pêlêm sami pêlêm, jêram sami jêram, botên sagêd dados mênawi jambu wor-winor kalihan surikaya

Kajawi ing nginggil inggih wontên sabab sanès-sanèsipun malih: inggih punika jalaran saking kêraning thêthukulan, kayoman, botên angsal soroting surya sapanunggilanipun, wontên ugi thêthukulan ingkang angsal soroting surya botên kayoman ananging kêra: wohipun sakêdhik sarta alit-alit, ingkang makatên wau saking pamanggihing para sagêd sabab siti sampun cêngkar (de uitputting van den grond) mila para sagêd lajêng ambudi sarana pacoban, kadadosanipun botên sanès saking kiranging têtêdhanipun thêthukulan, inggih punika sawarnining sari-sari ing bumi. (zie Sasadara blz 30) ingkang punika prayogi siti ingkang sampun cêngkar wau lajêng kapulasaraa, inggih punika kakèndêlakên ing sawatawis môngsa, sarana kawoworan rabuk (mest) rabuk wau kadadosan saking rêrêgêd kados ta: têlethong-têlethong, uwuh-uwuh ingkang sampun lami sarta warninipun sampun kados siti, punika prayogi kangge ngrabuk sawarnining thêthukulan, ananging sampun kathah-kathah, mênawi kêkathahên mindhak kêlêman, lajêng thêthukulan wau botên sagêd uwoh. Mênawi sagêd kalêksanan saking pangolahing siti sampun tamtu kemawon woh-wohan ingkang sampun malèh raosipun kêcut wangsul dados lêgi, sarta mindhak agêng-agêng.

Malah saking pamirêng kula ing Batawi, Sêmarang lan ing Surabaya, sampun wontên pabrik (fabriek) rabuk (mest).

Taksih wontên sambêtipun

Wiryasubrata.



ꦏꦥꦶꦁ꧇꧑꧇​ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦢ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦢꦭ꧀꧈​ꦲꦁꦏ꧇꧑꧘꧓꧑꧇​꧉​ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦉꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦠꦼꦔꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧓꧇​ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦊꦁꦒꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦧꦂꦱꦱꦢꦫꦏꦱꦸꦢꦱꦥꦭꦶꦃꦤꦩꦸꦁꦉꦒꦶ꧇꧑꧇​ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧇꧕꧐꧇​ꦱꦺꦤ꧀ꦱꦂꦠꦏꦼꦢꦃꦏꦧꦪꦂꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧉​

ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦝꦲꦶꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠꦥꦲꦼꦩꦤ꧀ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏꦗꦸꦫꦸꦥꦔꦿꦶꦥ꧀ꦠꦔꦧꦺꦲꦶꦮꦶꦫꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ

ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦶꦛꦏ꧀ꦱꦂꦠꦔꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀ALBERT RUSCHE & CO. SURAKARTA 20 JUNI 1901꧉

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦭꦺꦴꦮꦺꦴꦔꦤꦶꦁꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦶꦢꦼꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦼꦠꦼꦥꦶꦥꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦲꦼꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦊꦁꦒꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦤꦩꦸꦁꦊꦁꦒꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦂꦱꦱꦢꦫ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦊꦁꦒꦤꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀:ꦏꦛꦃ꧈​ꦲꦺꦮꦢꦼꦤꦼꦲꦶꦁꦱꦼꦱꦒꦼꦢ꧀​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦲꦼꦩꦤ꧀ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏꦲꦩꦤꦃꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦤꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦲꦸꦤ꧀ꦠꦸꦔꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦲꦁꦒꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸꦤ꧈​ꦥꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦲꦼꦩꦤ꧀:ꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠꦱꦒꦼꦢꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦠꦭꦶꦤꦶꦁꦏꦧꦂꦱꦱꦢꦫ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦮꦸꦝꦂꦢꦼꦤꦶꦁꦏꦶꦫꦁꦊꦁꦒꦤꦤ꧀꧉​§

ꦥꦲꦼꦩꦤ꧀ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫꦏꦔꦁꦫꦢꦼꦤ꧀ꦲꦢꦶꦥꦠꦶ꧈​ꦩꦼꦤꦮꦶꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠ꧈​ꦱꦱ꧀ꦠꦸꦧꦝꦼꦏꦮꦼꦢꦭꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦝꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦉꦁ꧈​ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀ꦥꦲꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦢ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦢꦭ꧀ꦲꦁꦏ꧇꧑꧘꧓꧑꧇​꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠ:ꦭꦲꦶꦂ꧉​

ꦆꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦲꦼꦩꦤ꧀ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦲꦤꦼꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦊꦁꦒꦤꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦶꦏꦥꦉꦔꦲꦩ꧀ꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦫꦶꦃꦮꦶꦢꦢꦤꦶꦁꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠꦮꦲꦸ꧉

ꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦏꦥꦶꦁ꧇꧑꧇​ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦢ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦢꦭ꧀ꦲꦁꦏ꧇꧑꧓꧘꧑꧇​ꦱꦺꦏꦽꦠꦫꦶꦱꦶꦁꦥꦲꦼꦩꦤ꧀ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏꦔꦧꦺꦲꦶꦮꦶꦫꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧉​

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦕꦤ꧀ꦢꦿꦏꦤ꧀ꦠꦏꦗꦮꦶꦲꦁꦒꦶꦠꦤꦶꦁꦉꦝꦏ꧀ꦠꦸꦂꦤꦩꦸꦁꦧꦝꦼꦲꦶꦱꦶꦥꦚ꧀ꦗꦸꦫꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦩꦤꦚ꧀ꦥꦿꦗꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦏꦶꦁꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱ꧀ꦭꦶꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦲꦩꦤꦚ꧀ꦥꦿꦗꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦲꦥꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁꦏꦸꦭꦥꦫꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦫꦶꦏꦸꦃꦲꦔꦁꦒꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦁꦒꦼꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦒ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦼꦢꦼꦥꦸꦤꦥ​ꦥꦸꦤꦥꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦲꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦤꦮꦶꦏꦸꦭꦩꦭꦃꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶꦱꦲꦼ꧈​ꦮꦤꦶ꧈​ꦮꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧌ꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧍ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦲꦤꦺꦃ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦁꦒꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦥꦫꦶ꧈​ꦥꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦫꦶ꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦫꦶ꧈​ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦗ꦳꧀ꦩꦭꦃꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦿꦩꦤꦶꦁꦮꦤꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦿꦩꦤꦶꦁꦒꦼꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦗꦮꦶꦚꦼꦧꦊꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦕꦮꦸꦃꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦃꦱꦲꦼꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦲꦠꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ:ꦮꦤꦶ꧈​ꦏꦛꦃꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦫꦁꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦏꦁꦒꦼꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦧꦫꦸ꧈​ꦩꦭꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂꦢꦢꦺꦴꦱ꧀:ꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦧꦫꦸꦠꦾꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶ:ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦁꦒꦥ꧀ꦮꦂꦱ꧈​ꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦚꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦁꦒꦥ꧀ꦮꦂꦱ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦭꦠꦂꦏꦼꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦸꦭꦥꦶꦠꦏꦺꦤꦶꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦲꦸ:ꦧꦝꦼꦤꦶꦔꦭꦶꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦧꦫꦸꦠꦾꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶ:ꦠꦁꦒꦥ꧀ꦮꦂꦱꦠꦾꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧉​'

ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦭꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦩꦢꦺꦴꦱꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦗꦁꦒ꧈​ꦥꦸꦗꦁꦒꦤꦩꦸꦁꦤꦶꦠꦺꦤꦶꦱꦂꦠꦏꦼꦥꦼꦏ꧀ꦱꦔꦁꦒꦼꦩꦸꦫꦶꦃꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥꦶꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦱꦒꦼꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦊꦉꦱꦏꦼꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦩꦢꦸꦧꦭꦸꦁꦏꦼꦥꦼꦱꦶꦁ꧈​ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀:ꦩꦢꦸꦧꦭꦸꦁꦠꦤ꧀ꦥꦲꦶꦱꦶ꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦲꦠꦸꦂꦏꦸꦭꦲꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦲꦔꦁꦒꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦲꦶꦏꦼꦠ꧀ꦕꦫꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦥꦔꦛꦶꦏ꧀​ꦲꦛꦶꦏ꧀ꦤꦶꦫꦸꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦸꦏꦫꦤꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦫꦶꦃꦧꦽꦒꦱ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦽꦒꦱ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦲꦱꦿꦶꦁꦊꦥꦠ꧀꧈​ꦲꦸꦏꦫꦱꦲꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦏꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦠꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦒ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦭꦗꦼꦁꦤꦤ꧀ꦝꦶꦁꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦩ:ꦏꦮꦿꦸꦃꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧉​ꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦱꦼꦱꦒꦼꦢ꧀​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦸꦫꦸꦁꦮꦲꦸꦧꦝꦼꦏꦸꦭꦭꦸꦒꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦩꦼꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦺꦱꦺꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦼꦩꦮꦶꦤꦸꦠ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦼꦢꦼꦥꦚꦼꦢ꧈​ꦱꦿꦱꦼꦲꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦼꦪꦤ꧀꧈​ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦿꦃ꧌ꦏꦸꦢꦸꦱ꧀꧍ꦏꦸꦭꦭꦶꦩꦿꦃ꧌ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧍ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦼꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪ:ꦏꦼꦱꦃꦥꦼꦏꦼꦤ꧀꧌ꦗꦸꦮꦤ꧍ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪ:ꦏꦼꦱꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦼꦏꦼꦤ꧀꧌ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧍ꦤꦩꦸꦁꦧꦧ꧀ꦱꦱꦼꦫꦠꦤ꧀ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦼꦩ꧀ꦥꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦼꦢꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦱꦩꦶꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦱꦱꦼꦫꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦄꦢꦶꦤꦶꦔꦿꦠ꧀꧈​ꦥꦩꦁꦒꦶꦃꦏꦸꦭꦧꦶꦭꦶꦃꦠꦶꦪꦁꦚꦼꦫꦠ꧀ꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦱꦁꦫꦏꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦱꦼꦫꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦧꦝꦼꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧉​

ꦧꦱꦥꦺꦴꦭꦶꦤꦼꦱ(Polynesiên)

ꦧꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦚ꧀ꦕꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦝ꧈​ꦥꦫꦩꦂꦱꦸꦢꦶꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦧꦁꦱꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶꦱꦩꦶꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱ:ꦆꦝꦺꦴꦤꦺꦱ꧌Indonesiên꧍​ꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱ:ꦥꦺꦴꦭꦶꦤꦺꦱ꧌Polynesiên꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦱꦩꦭꦪꦸꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦥꦃ꧈​ꦤꦺꦒꦿꦶꦠꦺꦴꦩꦺꦭꦤꦺꦱ꧌Melanisiên꧍​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦶꦏꦿꦺꦴꦤꦺꦱ꧌Micronesiên꧍​꧉

ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦩꦺꦫꦔꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦸꦤꦸꦔꦤ꧀ꦧꦁꦱꦩꦭꦪꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦧꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦢꦱꦥꦺꦫꦔꦤ꧀꧈​꧇꧑꧇​ꦲꦺ꧉​ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱ꧌Indonesiên꧍​꧇꧒꧇​ꦲꦺ꧉​ꦤꦒꦺꦤꦃ꧌Nieuw Guinea꧍​꧇꧓꧇​ꦲꦺ꧉​ꦩꦺꦭꦤꦺꦱ꧌Melanesiên꧍​꧇꧔꧇​ꦲꦺ꧉​ꦥꦺꦴꦭꦾꦤꦺꦱ꧌Polynesiên꧍​꧇꧕꧇​ꦲꦺ꧉​ꦩꦶꦏꦺꦴꦤꦺꦱ꧌Micronesiên꧍​꧇꧖꧇​ꦲꦺ꧉​ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦥ꧀ꦲꦶꦭꦶꦥꦶꦤꦼꦤ꧀꧌Philippijnên꧍​꧇꧗꧇​ꦲꦺ꧉​ꦥꦸꦭꦺꦴꦤꦱꦺꦭꦤ꧀꧌Nieuw Zeeland꧍​꧇꧘꧇​ꦲꦺ꧉​ꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦝꦃꦒꦱ꧀ꦏꦂ꧌Madagaskar꧍​ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦄꦥ꧀ꦲꦏꦃꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦏꦼꦊꦠꦤ꧀ꦥꦫꦶꦥꦶꦠꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦺꦴꦱꦩ꧀ꦧꦶꦏ꧀꧌Mozambique꧍​꧇꧙꧇​ꦲꦺ꧉​ꦠꦤꦃꦩꦭꦏ꧌Malaka꧍​꧇꧑꧐꧇​ꦲꦺ꧉​ꦥꦱꦶꦠꦺꦤ꧀ꦠꦼꦊꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦥ꧀ꦲꦺꦴꦂꦩꦸꦱꦃ꧌Formosa꧍​ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦠꦾꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧉​

ꦩꦺꦁꦒꦃꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼ꧌ꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦢꦺ꧍​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀:꧇꧔꧕꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦢꦤꦺꦢꦼꦂꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁꦱꦏꦶꦁ:꧇꧓꧓꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦢꦸꦫꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀:꧇꧒꧕꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦠꦶꦪꦁ:꧇꧒꧕꧇​ꦪꦸꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦗꦮꦶ:꧇꧑꧘꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁ:꧇꧔꧇​ꦪꦸꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁ:꧇꧓꧇​ꦪꦸꦠꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦩꦢꦸꦫꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦺꦴꦔꦺꦴꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦢꦸꦫ꧈​ꦱꦩꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦢꦸꦫ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦧꦭꦶꦤꦩꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧇꧑꧇​½ꦪꦸꦠ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦭꦪꦸ꧌ꦏꦗꦮꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦼꦤꦁꦏꦧꦺꦴ꧍​ꦏꦶꦫꦁꦱꦏꦶꦁ:꧇꧓꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦄꦕꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀:½ꦪꦸꦠ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦠꦶꦫꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ:꧇꧓꧇​ꦪꦸꦠꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦱꦧꦠꦏ꧀꧈​ꦉꦗꦁ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦺꦴꦁ꧈​ꦤꦱ꧀꧈​ꦝꦪꦏ꧀꧈​ꦧꦸꦒꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦩꦏꦱꦂ꧈​ꦱꦩꦶꦒꦝꦃꦧꦱꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦧꦸꦒꦶꦱ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦩꦏꦱꦂꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦺꦠꦔꦶꦁꦕꦕꦃꦗꦶꦮ±ꦤꦩꦸꦁ:꧇꧑꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦺꦧꦺꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦭꦶꦠ꧀꧌ꦏ꧀ꦭꦤꦺꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦺꦶꦭꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀꧍​ꦱꦂꦠ±ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦤꦒꦺꦤꦃꦧꦮꦃꦤꦺꦢꦼꦂꦭꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦧꦮꦃꦤꦺꦢꦼꦂꦭꦤ꧀꧈​ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦱꦠꦒꦭ±ꦠꦶꦪꦁ꧇꧑꧇​¼ꦪꦸꦠ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦭꦸꦱꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦮꦼꦮꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦤꦒꦫꦶꦩꦤꦶꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦲꦶꦁꦏꦁꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦮꦲꦸ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦭꦸꦱꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦶꦤ꧀ꦝꦤꦲꦺꦴꦱꦂꦠꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦶꦤ꧀ꦝꦤꦲꦺꦴꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀:±꧇꧒꧇​½ꦪꦸꦠꦱꦩꦶꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦧꦶꦱꦪꦃ꧌ꦧꦶꦱꦗ꧍​ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦺꦴꦏꦺꦴꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦭꦸꦱꦺꦴꦤ꧀ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ:꧇꧓꧐꧐꧇​꧉​꧇꧐꧐꧐꧇​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱꦧꦶꦏꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦆꦩꦺꦫꦶꦤꦃ꧌ꦆꦩꦺꦫꦶꦤ꧍​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦁꦱꦈꦮꦃ꧌ꦲꦸꦮ꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦥꦉꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦩꦝꦒꦱ꧀ꦏꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦝꦒꦱ꧀ꦏꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦱꦶꦱꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱꦩꦭꦒꦱꦶ꧌ꦩꦭꦒꦱꦶ꧍​ꦏꦛꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦱꦈꦮꦃ꧌ꦲꦸꦮ꧍​±꧇꧕꧇​ꦪꦸꦠ꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦁꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸ꧌ꦄꦭ꧀ꦥ꦳ꦸꦫꦺꦤ꧀꧍​ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦥꦉꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦩꦺꦴꦭꦸꦏꦼꦤ꧀꧌ꦩꦺꦴꦭꦸꦏ꧀ꦏꦺꦤ꧀꧍​ꦱꦂꦠꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦥꦉꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦺꦭꦺꦧꦺꦱ꧀꧌ꦕꦺꦭꦺꦧꦺꦱ꧀꧍​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦄꦫꦸ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦮꦲꦸꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦁꦧꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦼꦢꦼꦒ꧀ꦥꦔꦢꦼꦒ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦥꦱꦶꦏꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦏꦼꦏꦸꦭꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦤꦮꦶꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦠꦶꦏꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁꦱꦩꦭꦪꦸ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧌ꦗ꦳ꦢ꧀ꦗ꦳꧍​ꦢꦺꦢꦺꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦏꦶꦢꦸꦭꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧌ꦗ꦳ꦢꦺꦂꦗ꦳꧍​ꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦆꦤ꧀ꦢꦶ꧌ꦆꦤ꧀ꦢꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃꦺꦎꦕꦤ꧀꧍​ꦤꦔꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧌ꦗ꦳ꦢ꧀ꦗ꦳꧍​ꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦝꦸꦃ꧌ꦱ꧀ꦠꦶꦭ꧀ꦭꦺꦎꦕꦤ꧀꧍​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦽꦤꦃꦲꦶꦁꦱꦏꦶꦢꦸꦭꦶꦁꦒꦫꦶꦱ꧀ꦲꦺꦏ꧀ꦮꦠꦺꦴꦂ꧌ꦄꦺ꧀ꦠꦺꦴꦂ꧍​ꦏꦱ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦥꦸꦭꦺꦴꦤꦒꦺꦤꦃ꧌ꦤꦮ꧀ꦒꦤ꧍​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁꦱꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦁꦱꦤꦺꦒꦼꦂ꧌ꦤꦺꦒꦺꦂꦫꦱ꧀꧍​ꦩꦼꦁꦒꦃꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦼꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁꦱꦲꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦢꦸꦚꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦁꦱꦌꦫꦺꦴꦥꦃ꧈​ꦱꦢꦪꦧꦁꦱꦲꦶꦁꦗꦒꦢ꧀ꦥꦿꦩꦸꦢꦶꦠꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁꦏꦥꦺꦫꦁꦒꦁꦱꦭ꧀꧇꧑꧇​꧉​ꦧꦁꦱꦏꦲꦸꦏꦱꦶꦱꦿꦱ꧀꧌Caucasischeras꧍​꧇꧒꧇​꧉ꦩꦺꦴꦁꦒꦸꦭ꧀꧌Mongoolscheras꧍​꧇꧓꧇​꧉​ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁ꧌Negerras꧍​꧇꧔꧇​꧉​ꦩꦭꦪꦸ꧌Maleischeras꧍​꧇꧕꧇​꧉​ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦲꦧꦿꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦁꦱꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦤ꧀꧌Roodhuidige of Amerikaanscheras꧍​

ꦤꦔꦶꦁꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦧꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭꦭꦗꦼꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦸꦭꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦗꦒꦢ꧀꧈​ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦼꦂꦭꦸꦏꦸꦭꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼ꧌ꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦢꦺ꧍​ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦒꦶꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦏꦶꦭꦥꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤꦶꦁꦤꦩꦮꦲꦸꦏꦸꦭꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦱꦶꦠꦺꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦄꦱꦃꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦲꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦒꦿꦶꦏ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦭꦠꦶꦤ꧀꧈​ꦆꦤ꧀ꦢ꧌ꦗ꦳ꦗ꧀꧉​ꦏꦿꦩꦺꦂꦱ꧀ꦗ꧀ꦗ꦳꧀꧉​ꦄꦭ꧀ꦒꦺꦩꦤꦺꦏꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦠ꧀ꦮꦂꦢꦺꦤ꧀ꦠꦺꦴꦭ꧀ꦏ꧀꧍​ꦏꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦆꦤ꧀ꦝꦼꦱ꧀꧌ꦆꦤ꧀ꦢꦸꦱ꧀꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦝꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦥꦽꦤꦃꦲꦶꦁꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦁꦏꦶꦏꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦝꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦶꦭꦸꦗꦶꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦱ꧀ꦏꦿꦶꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶ:ꦱꦶꦤ꧀ꦢꦸ꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦥꦺꦂꦱꦶ:ꦆꦤ꧀ꦝꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦺꦫꦁꦠꦶꦒ꧈​꧇꧑꧇​꧉​ꦆꦤ꧀ꦢꦔꦗꦺꦁ꧌ꦮ꦳ꦂꦆꦤ꧀ꦢꦶë꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦤꦃꦧꦶꦂꦩꦃ꧌ꦧꦶꦂꦩ꧍​ꦏꦩ꧀ꦧꦺꦴꦗ꧌ꦕꦩ꧀ꦧꦺꦴꦢ꧀ꦗ꧀꧍​ꦠꦺꦴꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦱꦩ꧀꧈​ꦄꦤꦩ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦭꦏ꧉​꧇꧒꧇​꧉​ꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼ꧈​ꦩꦼꦤꦮꦶꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀꧌ꦩꦸꦭ꧀ꦠꦠꦸꦭꦶ꧍​ꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦲꦁꦒꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦩꦲꦮ꦳ꦺꦭꦴꦂ꧌ꦗ꦳ꦌꦤ꧀ꦕ꧀ꦪ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦺꦴꦥꦲꦺꦢꦮ꦳ꦤ꧀ꦤꦺꦢ꧀꧉​ꦆꦤ꧀ꦢꦶë꧍​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦆꦤ꧀ꦢꦤꦺꦢꦼꦂꦭꦤ꧀ꦢ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦩꦼꦤꦮꦶꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦩꦁꦒꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦂꦗ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦧꦸꦩꦶꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦄꦱꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦤꦃꦎꦱ꧀ꦠꦿꦭꦃ꧈​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦩꦁꦒꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦗ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦭꦩ꧀ꦧꦁꦱꦆꦁꦒꦶꦱ꧀ꦲꦤꦩꦠꦸꦮꦤ꧀ꦄꦂꦮꦭꦺꦱ꧀꧌ꦄ꧉​ꦂ꧉​ꦮꦭ꧀ꦭꦲꦺꦕ꧀꧍​ꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦧꦒꦶꦒꦁꦱꦭ꧀꧈​꧇꧑꧇​꧉​ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦩꦭꦪꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦺꦭꦺꦧꦼꦱ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦿꦶꦥꦶꦠꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦏꦱꦂ꧌ꦱ꧀ꦠꦿꦴꦠ꧀ꦮ꦳ꦤ꧀ꦩꦏꦱꦂ꧍​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:

꧇꧑꧇​꧉​ꦥꦸꦭꦺꦴꦄꦤ꧀ꦝꦩꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦤꦶꦏꦺꦴꦧꦉꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦠꦿ꧈​ꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ꧈​ꦧꦭꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦂꦤꦺꦎꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦥ꧀ꦲꦶꦭꦶꦥꦶꦤꦼꦤ꧀꧉

꧇꧒꧇​꧉​ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦠꦶꦩꦸꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦧꦭꦶ꧉

꧇꧓꧇​꧉​ꦠꦤꦃꦱꦺꦭꦺꦧꦺꦱ꧀꧉

꧇꧔꧇​꧉​ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦩꦺꦴꦭꦸꦏꦼꦤ꧀꧌ꦩꦺꦴꦭꦸꦏ꧀ꦏꦺꦤ꧀꧍​

꧇꧕꧇​꧉​ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦥꦥꦃꦲꦸꦠꦮꦶꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦎꦱ꧀ꦠꦿꦭꦃ꧌Australisch Insulinde꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦒꦺꦤꦃꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦄꦫꦸ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ:ꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦭꦠꦶꦤ꧀:ꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧌ꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧍​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀:ꦥꦸꦭꦺꦴ꧈​ꦏꦴꦤ꧀ꦝꦲꦏꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀:ꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼꦲꦠꦼꦒꦼꦱ꧀:ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀꧉​

ꦏꦗꦮꦶꦆꦤ꧀ꦢꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦱꦂꦠꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦆꦤ꧀ꦢꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦏꦥꦽꦤꦃꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦄꦩꦶꦫꦶꦏꦱꦶꦱꦶꦃꦲꦼꦭꦺꦂꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧉​ꦩ꧀ꦧꦸꦁ:​ꦩꦔꦺꦮꦶꦗ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀:​ꦩꦔꦺꦮꦶꦗꦪ꧀​ꦲꦭꦭꦴꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦭꦭꦁ​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦆꦤ꧀ꦢ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦧꦱꦮꦲꦸꦱꦭꦺꦴꦁꦤꦩꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦩꦶꦁꦱꦼꦢꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦏꦶꦁꦲꦺꦮꦲꦶꦁꦥꦏꦼꦕꦥꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ:​ꦩꦔꦺꦮꦶꦗ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀:​ꦩꦔꦺꦮꦶꦗꦪ꧀​ꦲꦭꦭꦴꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀​ꦭꦭꦁ​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦁꦱꦥꦥꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦕꦼꦭꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱ꧈​ꦱꦩꦶꦔꦁꦒꦺꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦢꦤꦶꦁꦧꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦪꦺꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦠꦩ꧀ꦠꦸꦩꦼꦤꦮꦶꦧꦺꦢꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦁꦧꦁꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦱꦉꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦁꦧꦱ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦤꦤ꧀ꦝꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦺꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦁꦱꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦱꦺꦭꦺꦧꦼꦱ꧀ꦱꦥꦔꦺꦠꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦎꦱ꧀ꦠꦿꦭꦃꦱꦤꦺꦱ꧀​ꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦱꦪꦩꦔꦺꦠꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦏꦛꦃꦧꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱ​ꦧꦱꦮꦲꦸ꧈​ꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦮꦲꦸꦲꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦒꦼꦒ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀:​ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦠꦶꦱꦺꦃ​ꦱꦪꦩꦔꦺꦠꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦔ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶ:​꧌Vocalisch꧍​​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦤꦤ꧀ꦝꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦥꦺꦠꦔꦤ꧀꧌Telwoorden꧍​ꦧꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱ꧌Indonesie꧍​ꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦥꦺꦫꦁꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦺꦮꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦆꦤ꧀ꦢ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦧꦱꦩꦭꦪꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸ꧈​ꦱꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱ:ꦎꦱꦤ꧌Oceanisch V. Oceanië꧍​ꦧꦱꦎꦱꦤꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦱꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸ꧌ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦎꦱꦤꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦎꦱ꧀ꦠꦿꦭꦃ꧍​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦺꦫꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱꦩꦺꦭꦤꦶꦱ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦱꦥꦺꦴꦭꦶꦤꦺꦱ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦩꦺꦭꦒꦱꦶꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦤꦱ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦺꦮꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸ꧌ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦏꦸH. Kern de Fidjitaal vergeleken met hare verwanten in indonesiën en Polynesiën Verh. kon. Akademiê van Wet, Afd Letterk. XVI A0 1886​꧍​꧉​

ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦃ​ꦫꦩ꧀ꦧꦃꦥꦫꦩꦂꦱꦸꦢꦶꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦧꦁꦱꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶꦱꦩꦶꦚꦺꦴꦧꦲꦩꦺꦫꦁꦱꦂꦠꦲꦩ꧀ꦧꦺꦢꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦁꦮꦶꦢꦒ꧀ꦢꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦤꦧꦿꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦂꦮ꦳ꦤ꧀ꦢꦺꦂꦠꦹꦏ꧀꧈​꧌ꦆꦤ꧀ꦭꦢꦶꦁꦲꦺꦴꦥ꧀ꦢꦺꦠꦺꦴꦧꦱ꧀ꦕ꧀ꦃꦺꦱ꧀ꦥꦿꦴꦏ꧀ꦏꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦠ꧀꧇꧑꧘꧖꧔꧇​ꦲꦶꦤ꧀ꦩꦺꦫꦁꦧꦱꦩꦭꦪꦸꦥꦺꦴꦭꦶꦤꦺꦱꦲꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦩꦮꦶꦏꦥꦺꦫꦁꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦁꦧꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦒꦼꦒ꧀꧌ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦴꦤꦤ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀꧍​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦧꦱꦧꦠꦏ꧀꧈​ꦩꦭꦪꦸ꧈​ꦗꦮꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥ꧀ꦲꦶꦭꦶꦥꦶꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦔ꧌ꦮ꦳ꦺꦴꦕꦭꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀꧍​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦒꦼꦒ꧀꧌ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦴꦤꦤ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀꧍​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦱꦶꦒꦼꦒ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦩꦼꦔꦕꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦴꦤꦤ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦮ꦳ꦺꦴꦕꦭꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀꧍​ꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦠꦼꦔꦃꦩꦼꦔ꧈​꧌ꦲꦭ꧀ꦥ꦳꧀ꦮ꦳ꦺꦴ​꧌ꦕꦭꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦱꦶꦒꦼꦒ꧀꧈​꧌ꦲꦭ꧀ꦥ꦳꧀ꦮ꦳ꦺꦴꦕꦭꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀꧍​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦛꦃꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦩꦏꦱꦂꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦧꦸꦒꦶꦱ꧀꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦤꦧꦿꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦂꦮ꦳ꦤ꧀ꦢꦺꦂꦠꦹꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦢꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦮꦤ꧀ꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦺꦫꦁꦧꦱ​ꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦼꦏ꧀ꦱꦶꦃꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦏꦿꦥ꧀꧌ꦗ꦳ꦸꦱ꧀ꦠꦺꦂꦠꦭꦺꦤ꧀꧍​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦧꦱꦩꦭꦪꦸꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦩꦼꦤꦁꦏꦧꦺꦴ꧈​ꦧꦱꦗꦮꦶꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦱꦸꦤ꧀ꦝ꧈​ꦧꦱꦩꦢꦸꦫꦱꦂꦠꦧꦱꦧꦭꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦏꦿꦧ꧀꧌ꦗ꦳ꦸꦱ꧀ꦠꦺꦂꦠꦭꦺꦤ꧀꧍​ꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦺꦧꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦱꦴꦏꦿꦧꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦺꦱꦺꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦩꦭꦪꦸꦲꦶꦁꦱꦸꦩꦠꦿꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦏꦿꦧ꧀꧉​

ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦥꦩꦁꦒꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦪ꧀꧉​ꦧꦿꦤ꧀ꦢꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀:ꦧꦶꦢ꧀ꦗ꧀ꦂꦒꦺꦠꦺꦴꦠ꧀ꦢꦺꦮ꦳ꦺꦂꦒꦺꦭꦶꦗ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦺꦏ꧀ꦭꦴꦏ꧀ꦭꦂꦮ꦳ꦤ꧀ꦢꦺꦮꦺꦱ꧀ꦠꦺꦂꦱ꧀ꦕ꧀ꦃꦺꦲꦥ꦳꧀ꦢꦭꦶꦁꦢꦺꦩꦭꦱ꧀ꦕ꧀ꦃ꧀ꦥꦺꦴꦭꦾꦤꦺꦱꦶꦱ꧀ꦕ꧀ꦃꦺꦠꦴꦭ꧀ꦥ꦳ꦥ꦳ꦩꦶꦭ꧉​ꦈꦠꦿꦺꦕ꧀ꦲ꧀ꦠ꧀꧇꧑꧘꧘꧔꧇​ꦗ꦳ꦱ꧀ꦠꦺꦭ꧀ꦭꦶꦔꦺꦤ꧀ꦆꦆ꧈​ꦆ;ꦲꦺꦤ꧀ꦌꦤ꧀ꦕ꧀ꦪ꧀ꦕ꧀ꦭ꧀ꦺꦴꦥꦲꦺꦢꦮ꦳ꦤ꧀ꦤꦺꦢ꧀꧈​ꦆꦤ꧀ꦢꦶëꦢꦂꦥ꧀꧉​ꦄꦮ꦳ꦤ꧀ꦢꦺꦂꦭꦶꦛ꧀;ꦗ꧀꧉​ꦱ꧀ꦥꦴꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦩꦺꦢꦺꦮꦺꦂꦏꦺꦂꦱ꧀꧈​ꦧꦱꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦢꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦆꦤ꧀ꦱꦸꦭꦶꦤ꧀ꦝꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦺꦫꦁꦏꦭꦶꦃ꧇꧑꧇​꧉​ꦧꦒꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧇꧒꧇​꧉​ꦧꦒꦤ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀꧌ꦮꦺꦱ꧀ꦠꦺꦭꦶꦗ꧀ꦏꦺꦲꦺꦤ꧀ꦎꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦭꦶꦗ꧀ꦏꦺꦲꦥ꦳꧀ꦢꦭꦶꦁ꧍​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦏꦶꦏꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦥ꧀ꦲꦫꦶꦱ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦺꦴꦭꦺꦴꦂ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦧꦸꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦸꦭꦃ꧈​ꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦁꦥꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤꦤ꧀ꦩꦶꦤꦲꦱꦃ꧌ꦩꦶꦤꦲꦱ꧍​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦔꦶꦂꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴ꧈​ꦲꦺꦤ꧀ꦭꦲꦸꦠ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦥ꧀ꦲꦶꦭꦶꦥꦶꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦮꦠꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸꦱꦲꦏꦿꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦩꦭꦪꦸꦲꦸꦒꦶꦱꦲꦏꦿꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧌ꦮꦺꦱ꧀ꦠꦺꦭꦶꦗ꧀ꦏꦺꦲꦠ꧀ꦢꦭꦶꦁ꧍​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦧꦭꦶꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦺꦴꦂꦤꦺꦎ꧈​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦥ꧀ꦲꦶꦭꦶꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦁꦧꦱꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦁꦧꦱꦩꦺꦭꦤꦶꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧈​꧇꧑꧇​꧉​ꦧꦱꦥꦥꦃꦲꦶꦁꦤꦒꦺꦤꦃ꧈​꧇꧒꧇​꧉​ꦧꦱꦩꦶꦏꦿꦺꦴꦤꦺꦱ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦼꦱꦽꦩ꧀ꦥꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱ​ꦧꦱꦮꦲꦸꦲꦸꦒꦶꦥꦼꦚ꧀ꦕꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦱꦥꦺꦴꦭꦶꦤꦺꦱꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦤꦱꦺꦭꦤ꧀꧌ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦎꦱ꧀ꦠꦿꦭꦃ꧍​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦝꦃ꧌ꦱꦤ꧀ꦢ꧀ꦮꦶꦕ꧀ꦲ꧀ꦱꦭꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀꧍​ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦒꦿꦠ꧀ꦎꦕꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦄꦱꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦎꦱ꧀ꦠꦿꦭꦃ꧈​ꦢꦸꦤꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀±꧇꧑꧘꧐꧇​꧇꧒꧒꧐꧇​ꦤ꧀ꦧ꧀ꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦱꦴꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀±꧇꧒꧑꧕꧇​ꦲꦺꦴ꧇꧒꧕꧇​ꦲꦺꦴꦎ꧈​ꦭ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦒꦿꦺꦤ꧀ꦮꦶꦠꦼꦱ꧀꧌ꦒꦿꦤ꧀ꦮꦶꦕ꧀ꦲ꧀꧍​ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦤꦒꦺꦤꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦒꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦠꦁꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦝꦺꦴꦫꦺꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦩꦥ꧀ꦲꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦧꦱꦱꦸꦥ꧀ꦲꦸꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦲꦸꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥꦤ꧀ꦠꦼꦫꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦲꦏꦿꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦥꦥꦃꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦸꦩꦠꦿꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦭꦏꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦱꦕꦼꦭꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏꦶ꧈​ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦏꦿꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦝꦪꦏ꧀꧈​ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦱꦗꦮꦶꦧꦱꦩꦢꦸꦫꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦱꦧꦭꦶ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦺꦫꦔꦤꦶꦁꦧꦱꦩꦭꦪꦸ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦥꦺꦫꦁꦩꦭꦶꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ:

ꦲ꧉​ꦧꦱꦱꦸꦩꦠꦿꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ:꧇꧑꧇​꧉​ꦧꦱꦩꦭꦪꦸ꧈​꧇꧒꧇​꧉​ꦧꦱꦩꦼꦤꦁꦏꦧꦺꦴ꧈​꧇꧓꧇​꧉​ꦧꦱꦧꦠꦏ꧀꧈​꧇꧔꧇​꧉​ꦧꦱꦄꦕꦶꦃ꧉​

ꦧ꧀꧉​ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦧꦱꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ:꧇꧑꧇​꧉​ꦧꦱꦗꦮꦶ꧈​꧇꧒꧇​꧉​ꦧꦱꦱꦸꦤ꧀ꦝ꧈​꧇꧓꧇​꧉​ꦧꦱꦩꦢꦸꦫ꧈​꧇꧔꧇​꧉​ꦧꦱꦝꦪꦏ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦂꦤꦺꦎ꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦧꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦒꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤꦶꦁꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦏꦿꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ:

꧇꧑꧇​꧉​ꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦥ꧀ꦲꦶꦭꦶꦥꦶꦤꦼꦤ꧀꧉

꧇꧒꧇​꧉​ꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦲꦼꦭꦺꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦠꦭꦲꦸꦠ꧀꧌ꦠꦭꦸꦠ꧀꧍​꧈​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦔꦶꦂꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦱꦲꦶꦁꦩꦶꦤꦲꦱꦃ꧌ꦩꦶꦤꦲꦱ꧍

꧇꧓꧇​꧉​ꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦺꦧꦼꦱ꧀ꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧉

꧇꧔꧇​꧉​ꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦩꦺꦴꦭꦸꦏꦼꦤ꧀꧌ꦩꦺꦴꦭꦸꦏ꧀ꦏꦺꦤ꧀꧍​꧉

꧇꧕꧇​꧉​ꦧꦱꦄꦭ꧀ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦁꦠꦼꦂꦤꦠꦺ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦱꦠꦼꦂꦤꦠꦺꦱꦂꦠꦧꦱꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦕꦼꦭꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧉

꧇꧖꧇​꧉​ꦧꦱꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦭꦶꦠ꧀꧌Klein Sundhasche꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦥꦸꦭꦤ꧀ꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦧꦭꦶꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦶꦩꦸꦂ꧉​

ꦫ꧉​ꦭ꧉​ꦩꦁꦏꦸꦢꦶꦩꦼꦗꦆꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉​

ꦏꦮꦿꦸꦃꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀꧌ꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦠ꧀ꦏꦸꦤ꧀ꦢꦺ꧍​

ꦏꦴꦁꦒꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ:ꦮꦶꦂꦪꦱꦸꦧꦿꦠ꧉​ꦗꦸꦫꦸꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩꦫꦁ

ꦧꦧ꧀ꦛꦸꦛꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧉​ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦺꦫꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦒꦁꦥꦺꦫꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦼꦁ꧉​

ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦥꦶꦱꦤ꧀:ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦮꦶꦱꦸꦔꦸꦠ꧀꧌ꦏ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦠ꧀꧍​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦿꦸꦮꦭꦸꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦸꦂ꧈​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦱꦸꦔꦸꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦼꦥꦁꦱꦔꦶꦁꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦶꦭꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ꧉​ꦮꦠꦼꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦔꦸꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦤ꧀ꦠꦶꦂ​ꦲꦸꦤ꧀ꦠꦶꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦩꦔꦶꦮ꧈​ꦩꦼꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦠꦶꦂ​ꦲꦸꦤ꧀ꦠꦶꦫꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦮꦩꦤꦼꦔꦼꦤ꧀꧌ꦕꦺꦴꦧꦏꦮꦱ꧀ꦥꦲꦺꦴꦱ꧀ꦤ꧍​ꦱꦸꦔꦸꦠ꧀ꦮꦲꦸꦩꦁꦏꦱꦫꦤꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦭꦤ꧀ꦲꦁꦒꦸꦧꦼꦢ꧀ꦥꦸꦤꦥ​ꦥꦸꦤꦥꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ:ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦸꦔꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦮꦶꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧌ꦱ꧀ꦭꦶꦔꦺꦂꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦠ꧀꧍​ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠ꧀ꦮꦲꦸꦲꦱꦿꦶꦁꦠꦸꦩꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦤꦥ​ꦥꦸꦤꦥꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦤꦶꦭꦶ꧈​ꦱꦼꦝꦃ꧈​ꦝꦲꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦫꦶꦃꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ:ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦸꦩꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦸꦔꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧌ꦏ꧀ꦭꦶꦩꦺꦴꦥ꧀꧍​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦱꦁꦒꦭꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦫꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦲꦶꦁꦏꦁꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦭꦶꦩꦿꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦲꦶꦁꦥꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦢ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦁꦏꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦱꦫꦤꦊꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦂꦱ꧀ꦠꦺꦴꦥ꧀꧌ꦗ꦳ꦹꦂꦱ꧀ꦠꦺꦴꦥ꦳꧀꧍​ꦲꦸꦠꦮꦶ꧌ꦏꦭ꧀ꦗ꦳ꦹꦂ꧍​꧉​

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦺꦢ​ꦧꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦮꦲꦸꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦏꦸꦤꦶꦂ꧌ꦏꦸꦤꦶꦂ=ꦕꦸꦂꦕ꧀ꦸꦩꦭꦺꦴꦔ꧍​꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦥꦶꦱꦁ꧌ꦥꦶꦱꦁ=ꦩꦺꦴꦱꦕ꧍​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦢꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦗꦠꦺꦴꦱ꧀꧌ꦗꦠꦺꦴꦱ꧀=ꦠꦺꦕ꧀ꦠꦺꦴꦤꦒꦿꦢꦶꦱ꧀꧍​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦗꦩ꧀ꦧꦸ꧌ꦗꦩ꧀ꦧꦸ=ꦩꦶꦗꦿꦠꦕ꧍​ꦢꦺꦤꦺꦧꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦏꦸꦤꦶꦂ꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦥꦶꦱꦁ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦫꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦱ꧀ꦱꦂꦠꦭꦸꦫꦸꦱ꧀꧈​ꦗꦺꦗꦺꦂꦫꦥꦼꦠ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦮꦶꦪꦫꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦥꦶꦱꦁꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦫꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧌ꦥꦥꦃ꧍​꧈​ꦢꦺꦤꦺꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦗꦩ꧀ꦧꦸ꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦗꦠꦺꦴꦱ꧀:ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦲꦸꦫꦠ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦱꦏꦶꦁꦒꦤ꧀ꦠꦶꦭꦤꦶꦁꦲꦼꦥꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦱꦂꦠꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦫꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀​ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦸꦫꦠ꧀​ꦲꦸꦫꦠ꧀ꦮꦲꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀​ꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦒꦤ꧀ꦝꦺꦁ​ꦒꦶꦤꦤ꧀ꦝꦺꦁ꧌ꦒꦼꦒꦤ꧀ꦝꦺꦔꦤ꧀꧍​ꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦮꦲꦸꦏꦏꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦏꦺꦴꦏ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦸꦫꦠ꧀​ꦲꦸꦫꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦲꦸꦗꦸꦢ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦗꦭ꧌ꦠꦿꦚ꧀ꦕꦔꦤ꧀꧍​꧉​

ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦸꦒꦶꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦥꦺꦫꦁ​ꦥꦺꦫꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦥꦤꦶꦭꦶ꧈​ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦱꦼꦝꦃ꧈​ꦝꦲꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦫꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦢꦪꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦼꦫꦺꦴꦱ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦤꦩꦸꦁꦱꦊꦩ꧀ꦧꦂꦱꦭꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦏꦏꦶ꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦤꦺꦴꦗꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦭꦶꦃꦊꦩ꧀ꦧꦂꦱꦩꦶꦲꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦔꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦢꦸꦤꦸꦁꦤꦩꦸꦁꦏꦊꦠꦤ꧀ꦲꦼꦥꦁꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦫꦤ꧀ꦠꦶꦁꦩ꧀ꦭ꧀꧉​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦫꦭꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦧꦺꦴꦚ꧀ꦕꦶꦱ꧀꧌ꦧꦤ꧀ꦠ꧀ꦗ꧀ꦺꦱ꧀꧍​ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦒꦁꦊꦩ꧀ꦧꦂꦱꦒꦤ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦒꦒꦁ꧌ꦒꦤ꧀ꦠꦶꦭꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ꧍​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦉꦒꦸꦭꦺꦴ꧈​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦩꦸꦤꦶꦁ꧌ꦗꦼꦤꦂ꧍​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦧꦼꦤ꧀ꦱꦒꦒꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦶꦠꦸꦁꦊꦩ꧀ꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦒꦒꦁ꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦮꦔꦸꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦢ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦩꦸꦤꦶꦁ꧌ꦗꦼꦤꦂ꧍​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦉꦒꦸꦭꦺꦴꦠꦩ꧀ꦠꦸꦧꦺꦢꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦼꦩꦸꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦭꦸꦱ꧀ꦱꦂꦠꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦲꦭꦸꦱ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦉꦒꦸꦭꦺꦴꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦔꦶꦃ​ꦫꦶꦔꦶꦃꦱꦏꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦠ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦸꦕꦸꦏ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦿꦗꦶ꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦶꦪꦂꦱꦂꦠꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩꦶꦏꦱꦧ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦛꦃꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁ​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦢꦮꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦧꦺꦢꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

ꦧꦧ꧀ꦱꦼꦏꦂ

ꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦶꦩꦿꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦮꦲꦸꦮꦔꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦢꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦫꦤꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦮꦺꦴꦃꦱꦂꦠꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦁꦏꦂ​ꦠꦸꦩꦁꦏꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦶꦕꦭꦏꦼꦤ꧀ꦮꦂꦒꦤꦶꦁꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦱꦼꦏꦂꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦮꦺꦴꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦸꦲꦁꦒꦸꦩꦸꦤꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦮꦺꦴꦃꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠꦶꦁꦱꦼꦏꦂ​ꦱꦼꦏꦂꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦺꦫꦔꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦲꦸꦥꦩꦶꦱꦼꦏꦂꦗꦼꦫꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦺꦫꦔꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦗꦊꦂ꧌ꦩꦭ꧀ꦢꦿꦢꦺꦤ꧀꧍​ꦱꦂꦠꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧌ꦱ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦺꦂ꧍​ꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧌ꦮ꦳ꦿꦸꦕ꧀ꦲ꧀ꦠ꧀ꦧꦺꦒꦶꦤ꧀ꦱꦺꦭ꧀꧍​ꦲꦸꦠꦮꦶꦕꦭꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦛꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦮꦲꦸꦩꦼꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦪꦶꦪꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦭꦶꦏꦩꦼꦒꦂ꧌ꦩꦼꦏꦂ꧍​ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦔꦶꦁꦱꦼꦏꦂ꧌ꦧ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦢ꧀꧍​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦠꦶꦱꦼꦏꦂꦗꦊꦂꦭꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦗꦊꦂꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧌ꦱ꧀ꦠꦥ꦳꧀ꦩꦭ꧀꧍​ꦢꦺꦤꦺꦱꦫꦶꦮꦲꦸꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦊꦥꦸꦁ:ꦤꦔꦶꦁꦗꦼꦤꦺ꧈​ꦱꦫꦶ​ꦱꦫꦶꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦤ꧀ꦛꦶꦭꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦪꦶꦪꦶꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦿꦏꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦭꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦒꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦸꦠꦮꦶꦕꦭꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦃꦭꦗꦼꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦭ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦝꦮꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦶꦮꦲꦸꦱꦧꦧ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦔꦶꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦲꦶꦁꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦤꦼꦱꦼꦥ꧀ꦩꦧꦼꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦼꦩꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧉​

ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦩꦶꦉꦔꦏꦼꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦊꦩ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦥꦼꦊꦩ꧀ꦏꦿꦱꦏ꧀ꦩꦭꦺꦃ꧈​ꦥꦼꦊꦩ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ꦩꦭꦺꦃ꧈​ꦥꦼꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦥꦾꦺꦴꦂꦩꦭꦺꦃ꧈​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦺꦮꦲꦶꦁꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦮꦔꦸꦤꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦃ꧈​ꦲꦺꦮꦲꦶꦁꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦊꦒꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦕꦸꦠ꧀꧈​ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦏꦶꦁꦮꦼꦮꦸꦭꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦤꦩꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦊꦁꦏꦫ꧈​ꦏꦥꦫꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦫꦶꦤꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦥꦼꦊꦩ꧀ꦏꦺꦴꦥꦾꦺꦴꦂꦱꦒꦼꦢ꧀ꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦤꦶꦁꦥꦼꦊꦩ꧀ꦏꦿꦱꦏ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦫꦶꦤꦶꦁꦥꦼꦊꦩ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦤꦶꦁꦥꦼꦊꦩ꧀ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦠꦩ꧀ꦠꦸꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦺꦮꦲꦶꦁꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦺꦮꦲꦶꦁꦮꦸꦗꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦮꦺꦴꦃ꧈​ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦂꦒꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦥꦼꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦊꦩ꧀꧈​ꦗꦼꦫꦩ꧀ꦱꦩꦶꦗꦼꦫꦩ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦤꦮꦶꦗꦩ꧀ꦧꦸꦮꦺꦴꦂ​ꦮꦶꦤꦺꦴꦂꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦱꦸꦫꦶꦏꦪ

ꦏꦗꦮꦶꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀​ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ:ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦼꦫꦤꦶꦁꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦪꦺꦴꦩꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦶꦁꦱꦸꦂꦪꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦶꦁꦱꦸꦂꦪꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦪꦺꦴꦩꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦼꦫ:ꦮꦺꦴꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦱꦂꦠꦲꦭꦶꦠ꧀​ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦏꦶꦁꦥꦩꦁꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦶꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦁꦏꦂ꧌ꦢꦺꦲꦸꦶꦠ꧀ꦥꦸꦠ꧀ꦠꦶꦁꦮ꦳ꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦒꦿꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧀꧍​ꦩꦶꦭꦥꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦱꦫꦤꦥꦕꦺꦴꦧꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦢꦺꦴꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦫꦔꦶꦁꦠꦼꦠꦼꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦱꦫꦶ​ꦱꦫꦶꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧉​꧌ꦗ꦳ꦱꦱꦢꦫꦧ꧀ꦭ꧀ꦗ꦳꧀꧇꧓꧐꧇​꧍​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦱꦶꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦁꦏꦂꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦸꦭꦱꦫꦴ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦩꦁꦱ꧈​ꦱꦫꦤꦏꦮꦺꦴꦮꦺꦴꦫꦤ꧀ꦫꦧꦸꦏ꧀꧌ꦩꦺꦱ꧀ꦠ꧀꧍​ꦫꦧꦸꦏ꧀ꦮꦲꦸꦏꦢꦢꦺꦴꦱꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦉꦉꦒꦼꦢ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ:ꦠꦼꦭꦺꦛꦺꦴꦁ​ꦠꦼꦭꦺꦛꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦸꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦱꦂꦠꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦠꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦏꦁꦒꦺꦔꦿꦧꦸꦏ꧀ꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ​ꦏꦛꦃ꧈​ꦩꦼꦤꦮꦶꦏꦼꦏꦛꦲꦼꦤ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦼꦊꦩꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦸꦮꦺꦴꦃ꧉​ꦩꦼꦤꦮꦶꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦔꦺꦴꦭꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦃ​ꦮꦺꦴꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦺꦃꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦕꦸꦠ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦊꦒꦶ꧈​ꦱꦂꦠꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦒꦼꦁ꧉

ꦩꦭꦃꦱꦏꦶꦁꦥꦩꦶꦉꦁꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦧꦠꦮꦶ꧈​ꦱꦼꦩꦫꦁꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦧꦪ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦧꦿꦶꦏ꧀꧌ꦥ꦳ꦧꦿꦏ꧀꧍​ꦫꦧꦸꦏ꧀꧌ꦩꦺꦱ꧀ꦠ꧀꧍​꧉​

ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀

ꦮꦶꦂꦪꦱꦸꦧꦿꦠ꧉​

sapérangan utawa kabèh tulisan sing kaamot ana ing kaca iki dijupuk saka Sastra.org

ꦱꦥꦺꦫꦔꦤ꧀ ꦲꦸꦠꦮ ꦏꦧꦺꦃ ꦠꦸꦭꦶꦱꦤ꧀ ꦱꦶꦁ ꦏꦲꦩꦺꦴꦠ꧀ ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦏꦕ ꦲꦶꦏꦶ ꦢꦶꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦱꦏ Sastra.org