Jv/Alkitab/Jansz/Markoes

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


INDJIL SOETJI
MITOEROET SAKA PANGANGGITÉ
MARKOES

Contents

Bab 1.[edit]

Nabi Jochanan Pambabtis.[edit]

(Matth. 3 : 1 – 12. Loek. 3 : 1 – 18. Joch. 1 : 6 – 8, 19 – 34; 3 : 23 – 36. Mal. 3 : 1. Jes. 40 : 3, 4.)
1. Wiwitaning Indjilé Jésoes Kristoes, Poetrané Allah.
2. Kaja kang woes katoelisan ana ing kitabé para nabi: Lah Ingsoen ngoetoes malaékatingsoen loemakoe dadi tjetjala ana ing ngarepira, kang bakal ngrata dalan ana ing ngarepanira.
3. Swarané kang ngoewoeh-oewoeh ana ing pasamoean, paḍa njawisna margi ambah-ambahané Pangéran, loeroeng-loeroengé paḍa kentjengna.
4. Mangkono Jochanan Pambabtis enggoné rawoeh ana ing pasamoean ngoenḍangaké babtising patobat moerih apoeraning dosa.
5. Wong saisiné tanah Judéja lan kang saka ing Jeroesalem bandjoer paḍa marani sarta kabèh dibabtisi ana ing kali Jardèn, klawan paḍa ngakoni dosané.
6. Déné pangagemané Jochanan maoe kang kagawé woeloe onta, sarta ing lamboengé apaningset waloelang, kang keḍahar walang lan madoe alas.
7. Enggoné nggelaraké piwoelang soerasané mangkéné: Ana kang rawoeh noengka akoé, kang kawasané ngoengkoeli akoe. Bok toemoengkoel ngoetjoeli djangeting taroempahé baé akoe ora patoet.
8. Akoe iki woes mabtis kowé ing banjoe, nanging Pandjenengané bakal mbabtis kowé ing Roh Soetji.

Goesti Jésoes kababtis lan kagoḍa déning iblis. [edit]

(Matth. 3 : 13 – 4 : 11. Loek. 3 : 21, 22 ; 4 : 1 – 13. Joch. 1 : 32 – 34.)
9. Ketjarita ing nalika samana Jésoes rawoeh saka ing Nasarèt tanah Galiléja bandjoer dibabtis déning Jochanan ana ing kali Jardèn.
10. Sawoesé mentas saka ing banjoe, sanalika ningali langit pijak, sarta Rohn neḍaki pinḍa manoek dara.
11. Lan ana swara saka ing langit, mangkéné; ,,Sira ikoe Poetraningsoen kekasih, kang sinelir ana ing ngarsaningsoen.’’
12. Sanalika Jésoes kaperdi déning Roh menjang ing pasamoean.
13. Anané ing pasamoean kono lawasé patang poloeh dina, digoḍa déning iblis. Palerebané awor karo sato alas, sarta diladosi déning para malaékat.

Goesti Jésoes wiwit nggelarké Indjil lan angsal sachabat. [edit]

(Matth. 4 : 12 – 25. Loek. 4 : 14 – 32; 5 : 1 – 11. Joch. 1 : 35 – 52.)
14. Sawoesé Jochanan kelakon kakoendjara, Jésoes toemoeli rawoeh ing tanah Galiléja, nggelaraké Indjil bab keratoné Allah.
15. Pangandikané: ,,Waktoené woes tekan, keratoné Allah woes tjeḍak. Paḍa mratobata lan pratjajaa marang Indjil.’’
16. Nalika panoedjoe loemampah oeroet pinggiré segara ing Galiléja, Jésoes mirsa Simon karo Andréas sadoeloeré, lagi paḍa nibakaké djala ing segara, amarga paḍa djoeroe amèk iwak.
17. Jésoes toemoeli ngandika marang wong maoe: ,,Mara paḍa mèloea akoe, kowé bakal dakdadèkaké djoroe amèk wong.’’
18. Sanalika bandjoer paḍa ninggal djalané, nḍèrèkaké Jésoes.
19. Bareng ngladjengaké tindak sawatara, Jésoes toemoeli mirsa Jakoboes anaké Zebdajoe karo Jochanan sadoeloeré, ikoe lagi ana ing praoe paḍa njoelami djalané.
20. Sanalika paḍa ditimbali, bandjoer paḍa ninggal Zebdajoe bapakné ana ing praoe karo boeroehé, sarta nḍèrèkaké Jésoes.
21. Banjoer paḍa loemeboe ing Negara Kafarnachoem, bareng tekané dina sabbat, Jésoes bandjoer tindak menjang masdjid memoelang.
22. Wong-wong nganti paḍa kekenan ing piwoelangé, amarga pamoelangé ikoe kaja kang kagoengan pangwasa, ora kaja para oelama.

Wong kerandjingan ing Kafarnachoem. [edit]

(Loek. 4 : 31 – 37.)
23. Ing masdjid kono doemadakan ana wong kang kepandjingan ḍemit ngoewoeh-oewoeh, oendjoeké:
24. ,,Toewan toemoet-toemoet poenapa ḍateng kawoela, ḍoeh Jésoes Nasarani. Rawoeh Toewan poenapa baḍé ngrisak kawoela? Kawoela soemerep Toewan poenika sinten , ḍoeh manoesanipoen Allah ingkang soetji.’’
25. Ḍemit maoe toemoeli didoekani déning Jésoes, pangandikané: ,,Menenga, metoea saka wong ikoe.’’
26. Bandjoer klawan ngetjetjeng lan djerit ḍemité enggoné metoe.
27. Wong kabèh paḍa kaébatan, kongsi paḍa takon-tinakon pangoetjapé: ,,Apa ta kang mangkéné iki? Teka ana piwoelang anjar kanṭi pangwasa. Déné dalah para ḍemit ija diḍawoehi, sarta paḍa ngèstokaké.’’
28. Pawartané toemoeli énggal kawentar warata ing sawawengkoné tanah Galiléja.

Emboké maratoewa Pétroes lan wong lara lijané paḍa kawarasaké. [edit]

(Matth. 8 : 14 – 17. Loek. 4 : 38 – 41.)
29. Sawetoené saka ing masdjid, toemoeli paḍa teka ing omahé Simon lan Andréas, karo Jakoboes lan Jochanan.
30. Emboké maratoewa Simon maoe lagi nggaloentoeng nandang lara panastis, sarta sanalika Jésoes diatoeri oeninga moenggoeh larine iku.
31. Kang lara bandjoer dipoeroegi sarta diasta tangané didjenggèlèkaké. Sanalika mari panastisé, bandjoer ngladèni tamoené.
32. Bareng wajahé woes sore sasoeroepé srengéngé, toemoeli saroepané wong kang nandang lelara lan kang kasoeroepan ḍemit paḍa kairid marang ngarsané Jésoes.
33. Wong sanegara paḍa koemroeboet ana ing ngarep lawang.
34. Jésoes bandjoer marasaké wong akèh kang nandang lara warna-warna, sarta noenḍungi ḍemit akèh. Déné ḍemité paḍa ora dililani tjelaṭoe, awit paḍa ora pangling marang pandjenengané.

Goesti Jésoes wiwit lelana. [edit]

(Matth. 4 : 23 – 25. Loek. 4 : 42 – 44.)
35. Bareng wajah bangoes ésoek isih peteng, Jésoes woengoe bandjoer miyos toemoeli tindak menjang panggonan kang samoen, ndedonga ana ing kono.
36. Simon lan sakanṭiné bandjoer noesoel.
37. Bareng kepanggih noeli paḍa moendjoek: ,,Tijang sadaja sami ngoepadosi Toewan.”
38. Pangandikané Jésoes: ,,Pajo paḍa menjang ing désa-désa kang tjeḍak, soepaja akoe nggelarna piwoelang ana ing kono oega, awit ija ikoe perloené enggonkoe metoe maoe.’’
39. Bandjoer tindak nggelaraké piwoelang ana ing masdjid-masdjidé wong ing satanah Galiléja kabèh sarta noenḍoengi ḍemit.

Wong lara saraät kawarasaké. [edit]

(Matth. 8 : 1 – 4. Loek. 5 : 12 – 16.)
40. Toemoeli ana wong nanḍang lara saraät marek marang ngarsané Jésoes, darbé atoer panjoewoenan klawan djèngkèng, oendjoeké: ,,Menawi Toewan karsa, inggih kawasa mbirat nadjis kawoela.’’
41. Jésoes trenjuh ing galih déning welas, toemoeli moeloeng astané, ndemèk marang wong maoe sarta ngandika: ,,Akoe karsa, birata nadjismu.’’
42. Bareng woes ngandika, malané saraät toemoeli sirna saka wong ikoe, dadi woes birat nadjisé.
43. Sanalika ditoenḍoeng klawan diwaleri kang banget, ḍawoehé:
44. ,,Poma kowé adja kanḍa-kanḍa marang wong, nanging loengaa awakmoe toedoehna marang imam, sarta saosna koerbané kasoetjènmoe, kaja kang woes kaparéntahaké déning Moesa, minangka dadia paseksi marang wong.’’
45. Ewadéné wong maoe, disoewoeraké ing saenggon-enggon, temahan Jésoes wis ora bisa ngèḍèng lebeté ing Negara kono, ananging lerep ana ing djaba ing panggonan samoen, bandjoer diparani déning wong saka ing ngendi endi.

Bab 2.[edit]

Wong sèmpèr ing Kafarnachoem. [edit]

(Matth. 9 : 1 – 8. Loek. 5 : 17 – 26.)
1. Sawoesé Jésoes rawoeh ing Kafarnachoem manèh, antara dina bandjoer kaweroehan jèn ana ing dalem.
2. Toemoeli ana wong akèh kang paḍa ngaloempoek, nganti tekan ing ngarep lawang djedjel woes ora kamot, bandjoer paḍa dipangandikani.
3. Toemoeli ana kang teka nggawa wong sèmpèr kagotong déning wong papat, arep disaosaké ing ngarsané.
4. Sarèhné paḍa ora bisa nyeḍaki awit saka anané wong golongan , dadi paḍa mijak pajon ing saḍoewoeré panggonan pinaraké Jésoes; sawoesé kapijak patoeron kang dienggoni wong lara maoe bandjoer dioeḍoenaké.
5. Jésoes bareng mirsa ing pangandelé wong maoe, ngandika marang kang sèmpèr:
6. ,,Enggèr, dosamoe kaapoera.” Ananging ing kono ana sawenèhing para oelama loenggoehan, paḍa doewé panggraita ana ing atiné mangkéné:
7. Keprijé déné wong ikoe teka ngoetjap mangkono, ikoe rak njejamah marang Allah. Kang kawasa ngapoera dosa sapa, kedjaba moeng Allah pijambak.
8. Sarèhné Jésoes sanalika woes mirsa sadjroning galih jèn kaja mangkono panggraitané wong maoe, moelané dipangandikani mangkéné: ,,Keprijé déné kowé teka paḍa doewé panggraita mangkono sadjroning atimoe.
9. Gampang endi ḍawoeh marang kang sèmpèr iki: Dosamoe kaapoera, karo ḍawoeh: Ngadega, patoeronmoe angkaten, loemakoea.
10. Nanging supaja kowé paḍa soemoeroepa jèn Poetrané manoesa doewé pangwasa ngapoera dosa ana ing boemi, (bandjoer ngandika marang kang sèmpèr:)
11. ḍawoehkoe marang kowé: Ngadega, patoeronmoe angkaten lan moeliha.’’
12. Paḍa sanalika wongé ngadeg lan ngangkat patoeroné sarta moendoer metoe saka ing ngarepé wong kabèh, temahan wong kabèh maoe paḍa kegawokan lan ngloehoeraké marang Allah, pangoetjapé: ,,Akoe doeroeng taoe ngalami kang kaja mangkono.’’

Goesti nimbali Lèwi (Matthéoes). [edit]

(Matth. 9 : 9 – 13. Loek. 5 : 27 – 32.)
13. Jésoes toemoeli mijos manèh tindak menjang ing pinggir segara, dipareki déning wong golongan ikoe maoe kabèh, bandjoer paḍa diwulang.
14. Bareng langkoeng ing kono ningali Lèwi anaké Alfajoe loenggoeh ana ing pabéjan, toemoeli diḍawoehi: ,,Mèloea akoe.’’ Lèwi bandjoer ngadeg nḍèrèk marang Pandjenengané.
15. Ketjarita nalika pinarak ḍahar ana ing omahé Lèwi maoe, ana para djoeroe moepoe béja lan wong dosa akèh ija paḍa nḍèrèk kemboelan klawan Jésoes lan para sachabaté, djenèh pantjén akèh wongé, sarta paḍa ḍèrèkaké tindaké .
16. Para oelama lan para Farisi bareng weroeh enggoné ḍahar karo para djoeroe moepoe béja lan wong dosa, toemoeli paḍa ngoetjap marang sachabaté maoe, oeniné: ,,Keprijé déné wong ikoe teka soedi awor mangan ngombé karo djoeroe moepoe béja lan wong dosa?’’
17. Jésoes bareng mijarsa bandjoer ngandika marang wong ikoe: ,,Wong kang kewarasan ikoe ora soesah nganggo ḍoekoen, moeng kang nanḍang lara baé. Tekakoe iki ora ngoendang wong sampoerna, moeng wong dosa supaja paḍa mratobata.’’

Bab poewasa. [edit]

(Matth. 9 : 14 – 17. Loek. 5 : 33 – 39.)
18. Sachabaté Jochanan lan sachabaté para Farisi panoedjoe paḍa poewasa. Bandjoer ana kang paḍa marek sarta moendjoek marang Jésoes mangkéné: ,,Poenapaa sachabatipoen Jochanan kalijan sachabatipoen para Farisi sami sijam, mangka sachabat Toewan poenika teka boten?’’
19. Pangandikané Jésoes marang wong maoe: ,,Rak ora kena para ḍajohé wong mantoe paḍa poewasa moempoeng pangantèné isih ana. Sasoewéné isih paḍa kanggonan pangantèn , masṭi ora kena poewasa.
20. Nanging bakal toemeka ing waktoe, pangantèné kapeṭal saka ing antarané, ing waktoe ikoe bakal paḍa poewasa.
21. Sarta ana wong nanbalaké djarit kang tigas marang sanḍangan kang loewas; jèn ta mangkonoa, tambalané kang anjar ikoe ora woeroeng njoewèkaké kang loewas, dadi malah moenḍak amba beḍahé.
22. Karo manèh ora ana wong maḍahi anggoer anjar ing impes kang loewas, jèn ta mangkonoa, anggoer anjar ikoe ora woeroeng mbeḍahaké impesé, anggoeré dadi woetah, impesé roesak; ananging anggoer anjar ikoe beneré diwaḍahi impes kang anjar.

Goesti Jésoes ija Goestiné dina sabbat. [edit]

(Matth. 12 : 1 – 8. Loek. 6 : 1 – 5.)
23. Ketjarita panoejoe ing dina sabbat Jésoes tindak nglangkoengi pangadoeman, toemoeli sachabaté wiwit paḍa njeṭoeti wewoelén karo loemakoe.
24. Wong Farisi bandjoer paḍa moenjoek marang Jésoes: ,,Lah poenapaa tijang poenika teka sami nglampahi ingkang boten kawenangaken ing dinten sabbat?’’
25. Pangandikané Jésoes marang wong maoe: ,,Apa kowé ora taoe matja moengoeh pratingkahé Dawoed, kalané nemoe pakèwoeh sarta kaloewèn dalah para réwangé?
26. Enggoné loemeboe ing pedalemané Allah nalika djoemenengé imam agoeng Abjatar, sarta mangan roti saosan, kang pantjèn ora kawenangaké dipangan, kedjaba moeng déning para imam baé, malah salong diwénèhaké marang para réwangé oega.’’
27. Noeli ngandika manèh: ,,Doemadiné sabbat ikoe karana manoesa, doedoe manoesa kang doemadiné karana sabbat;
28. Dadi Poetrané manoesa ikoe ija Goestiné dina sabbat.’’

Bab 3.[edit]

Wong tjéko kawarasaké. [edit]

(Matth. 12 : 9 – 14. Loek. 6 : 6 – 11.)
1. Toemoeli Jésoes rawoeh ing masdjid manèh, ing kono ana wong kang tjéko tangané sisih.
2. Wong-wong bandjoer paḍa ngoelataké, apa bakal marasaké wong maoe ing dina sabbat, pamoerihé soepaja anaa ḍaḍakané nggoegat.
3. Jésoes toemoeli ḍawoeh marang kang tjéko maoe: ,,Ngadega manengah.’’
4. Bandjoer ngandika marang kang paḍa ngoelataké: ,,Ing dina sabbat apa kelilan gawé betjik apa gawé ala, mitoeloengi apa matèni njawa?” Kang kadangoe paḍa meneng baé.
5. Toemoeli paḍa dipandeng moebeng klawan doeka, kanṭi sekel ing galih awit saka wangkoting atiné, bandjoer ḍawoeh marang kang tjéko: ,,Tanganmoe aṭoengna.” Toemoeli diaṭongaké, tangané temah dadi waras, poelih paḍa kaja sisihé.
6. Para Farisi bareng metoe, sanalika paḍa reremboegan karo para wong Héroḍijani bab rékané enggoné bakal njédani marang Jésoes.

Goesti kaḍèrèkaké déning wong golongan akèh amarga paḍa diwarasaké lelarané. [edit]

(Matth. 4 : 23 – 25. Loek. 6 : 17 – 19.)
7. Jésoes kanṭi para sachabaté bandjoer tindak menjang ing pinggir segara, kaḍèrèkaké déning wong loewih akèh saka ing tanah Galiléja, lan saka ing tanah Joedéa,
8. Ing Jeroesalèm, ing tanah Indoméja lan ing sabrangé kali Jardèn, apadéné saka ing talatahé Tiroes lan Sidon ija ana wong loewih akèh kang paḍa marek marang ngarsané, amarga woes paḍa ngroengoe pawartané sagoenging pandamelé.
9. Jésoes bandjoer ḍawoeh marang para sachabaté, ing satjeḍaké anaa praoe, karana saka anané wong golongan soepaja Pandjenengané adja kongsi kaḍesek.
10. Moelané mangkono amarga woes akèh wong kang diwarasaké, temahan sakèhing wong kang nanḍang lelara paḍa ngangseg marang ngarsané, pamoerihé bisaa ndemèk ing sarirané.
11. Sarta para ḍemit bareng weroeh ing Pandjenengané, paḍa soedjoed ana ing ngarsané lan mbengok, oedjaré: ,,Toewan poenika Poetranipoen Allah.”
12. Ananging wanti-wanti paḍa dipatjoehi adja nganti meḍaraké pandjenengané.

Goesti midji para rasoel rolas. [edit]

(Matth. 10 : 1 – 4. Loek. 6 : 12 – 16.)
13. Jésoes toemoeli minggah ing goenoeng sarta nimbali marek sapa wong kang dikarsakaké, bandjoer paḍa ander ana ing ngarsané.
14. Ana rolas kang dipidji soepaja paḍa dadia kanṭiné, lan soepaja kenaa dioetoes nggelaraképiwoelang,
15. Sarta ndoewèni kawasa marasaké lelara lan noenḍoengi ḍemit.
16. Wong rolas kang dipidji maoe:
17. Simon, kang diparingi djeneng Pétroes, lan Jakoboes anaké Zebdajoe, karo Jochanan sadoeloeré Jakoboes, ikoe paḍa diparingi djeneng Boanèrgès, (djarwané: ahlining gloeḍoeg),
18. sarta Andréas, Filippoes, Bartolomajoe, Matthéoes, Thomas, Jakoboes anaké Alfajoe, Taddajoe, Simon Kananita, apadéné Joedas Iskarijot,
19. ija ikoe kang ngoeloengaké Jésoes.

Pangala-alané Farisi. [edit]

(Matth. 12 : 22 – 32. Loek. 11 : 14 – 23.)
20. Jésoes toemoeli loemebet ing sawidjining omah, bandjoer ana manèh wong golongan ngaloempoek, nganti ora ngaoeraké enggoné paḍa mangan roti.
21. Koelawangsané bareng paḍa ngroengoe pawarta, bandjoer moeroegi Pandjenengané arep ditjepeng, amarga ana kang ngarani éwah.
22. Sarta para oelama kang saka ing Jeroesalèm paḍa doewé pangoetjap mangkéné: Ḍéwèké kepandjingan Beèlseboel, lan enggoné noenḍoengi ḍemit ikoe marga déning panggeḍéné para ḍemit.
23. Wong maoe toemoeli paḍa ditimbali marek, bandjoer kapangandikan klawan pasemon, mangkéné: ,,Keprijé bisané kelakon, si sétan noenḍoeng paḍa sétan.
24. Sarta menawa ana keratin kang kawoelané paḍa dredah, dadi keratin maoe ora bisa toeloes.
25. Lan menawa ana omah kang wongé paḍa dredah, dadi omah maoe ija ora toeloes.
26. Mangkono oega si sétan menawa maṭeṭeng dredah lawan awake ḍéwé, dadi ija ora bisa toeloes, nanging masṭi ana wekasané.
27. Ora ana wong bisa ngleboni omahé wong kang rosa ndjarahi pirantiné, menawa wong kang rosa maoe ora dibanda ḍingin; menawa oewis, lagi kena didjarahi omahé.
28. Satemené pitoetoerkoe ing kowé: Saroepaning dosané para anaking manoesa bakal kaapoera, mangkono oega saroepané panjatoer ala kang dioetjapaké.
29. Nanging sapa kang ngala-ala marang Rong Soetji, ikoe ora olèh pangapoera ing salawas-lawasé, malah katrap ing paoekoeman langgeng.”
30. Djenèh pangoetjapé wong maoe: ,,Ḍéwèké kepandjingan ḍemit.”

Koelawargané Goesti.[edit]

(Matth. 12 : 46 – 50. Loek. 8 : 19 – 21.)
31. Toemoeli saḍèrèké Jésoes lan kang iboe paḍa teka, ngadeg ana ing djaba kongkonan ngatoeri.
32. Pandjenengané lagi dikepoeng ing wong golongan, toemoeli ana kang paḍa moendjoek: ,,Lah poenika ingkang iboe kalijan saḍérèk Toewan djaler èstri sami wonten ing djawi ngoepadosi Toewan.”
33. Kang moendjoek maoe toemoeli paḍa diparingi wangsoelan mangkéné: ,,Embokkoe sapa lan sadoeloerkoe sapa?”
34. Bandjoer ningali moebeng marang kang paḍa ngepoeng sarta ngandika: ,,Lah iki embokkoe lan sadoeloerkoe.
35. Awit déné sing sapa nglakoni karsané Allah, ija ikoe sadoeloerkoe lanang oetawa wadon toewin embokkoe.”

Bab 4.[edit]

Pasemon djoroe njebar.[edit]

(Matth. 13 : 1 – 23. Loek. 8 : 4 – 15. Jes. 6 : 9, 10.)
1. Jésoes bandjoer wiwit moelang manèh ana ing pinggir segara, sarta ana golongané wong akèh paḍa ngaloempoek ana ing ngarsané,moelané Pandjenengané minggah ing praoe pinarak ana ing segara, déné wong sagolongan maoe paḍa ana ing ḍaratan pinggir segara.
2. Toemoeli paḍa diwoelang prakara akèh klawan pasemon; enggoné moelang pangandikané mangkéné:
3. ,,Paḍa ngroengakna. Lah ana djoeroe njebar metoe njebar widji.
4. Ketjarita panjebaré maoe salong ana kang toemiba saoeroeting dalan, bandjoer keparanan manoek ing awing-awang, paḍa noetjoeki.
5. Salong ana kang toemiba ing paḍasan, dadi olèh lemah moeng saṭiṭik, ikoe énggal ṭoekoel amarga ora djero penḍemé.
6. Nanging bareng srengéngé saja ḍoewoer, bandjoer kebrangas, sarta sarèhné ora ana ojodé, moelané dadi garing.
7. Lan salong ana kang toemiba ing erèn, mangka eriné saja ḍoewoer, temahan widjiné mati kelinḍih, ora metu wohé.
8. Lan manèh salong ana kang toemiba ing lemah betjik, ikoe metoe wohé amarga ṭoekoelé welagang, ana kang wetoené tikel teloeng poeloeh, ana kang sawidak, la nana kang satoes.”
9. Apamanèh pangandikané: ,,Sapa kang doewé keeping kanggo ngroengoe, ngroengokna.”
10. Saoendoré wong golongan, wong kang ngajab karo sachabat rolas paḍa moendjoek nerang bab pasemon maoe.
11. Pangandikané Jésoes: ,,Kowé kang paḍa kaparingan soemoeroep kekeraning keratoné Allah, nanging toemrap wong kang ana ing djaba ikoe sabarang piwoelang koedoe kaḍapoer pasemon.
12. Soepaja sanadyan mripaté paḍa ndeleng, adja nganti weroeh, lan sanadyan koepingé paḍa ngroengoe, adja nganti mangerti, soepaja adja paḍa kelakon mratobat sarta kaapoera dosané.’’
13. Lan pangandikané Jésoes marang wong maoe: ,,Pasemon iki baé kowé teka paḍa ora njanḍak: Keprijé manèh jèn mangertia sakèhé pasemon.
14. Djoeroe njebar ija ikoe kang njebar pangandika.
15. Kang saoeroeting dalan maoe ija ikoe oepamané wong kang paḍa kasebaran pangandika, mangka sawoesé diroengoe, sanalika kaparanan iblis, ngontjataké pangandika kang kasebar ing atiné.
16. Mangkono manèh kang kaja kasebaran widji ana ing paḍasan, ija ikoe wong kang sapangroengoené marang pangandika toemoeli ditampani klawan boengah,
17. nanging ora kadoenoengan ojod ing batiné, dadi ora antepan, antara lawas samangsa ana panganijaja oetawa pangoeja-oeja toemoewoeh karana saka pangandika, sanalika moertad.
18. Apa déné kang kaja kasebaran widji ana ing erèn, ija ikoe wong kang paḍa ngroengokaké ing pangandika,
19. bandjoer pakèwoeh ing donja iki lan panasaraning kasoegihan, toewin kamélikan lija-lijané paḍa soemoesoep nglinḍihaké ing pangandika, temah ora metoe wohé.
20. Karo déné manèh kang kaja kasebaran widji ana ing lemah betjik, ija ikoe wong kang paḍa ngroengokaké sarta nampani ing pangandika, lan paḍa metokaké woh, kang sidji tikel teloeng poeloeh, sidjiné sawidak, sidjiné manèh satoes.”

Pasemon damar.[edit]

(Matth. 5 : 15; 7 : 2; 10 : 26; 13 : 12; 25 : 29. Loek. 8 : 16 – 18; 11 : 33; 12 : 2; 6 : 38, 19 : 26.)
21. Wong maoe bandjoer paḍa dipangandikani mangkéné: ,,Tekané dammar apa ija soepaja dikoerebi tompo oetawa didokokaké ing longan, rak soepaja ditoempangaké ing adjoeg-adjoeg.
22. Djenèh ora ana sabarang kasiḍem kang ora bakal kalairaké, lan ora ana sabarang kang kelakon ḍeḍemitan, kedjaba soepaja dadia kewijak.
23. Menawa ana wong kang doewé keeping kanggo ngroengoe, ikoe ngroengokna.”
24. Pangandikané Jésoes marang wong maoe: ,,Paḍa dititi moengoeh sabarang kang karoengoe, takeran endi kang ko-enggo nenaker, ija ikoe kang bakal kagawé nakeraké kowé, sarta kowé kang ngroengokaké bakal paḍa kaimboehan.
25. Sabab sapa kang doewé, ikoe bakal kaparingan, lan sapa kang ora doewé, ikoe bakal kapoenḍoetan dalah apa kang kadoewé.”

Pasemon widji kang toewoeh ḍéwé.[edit]

26. Jésoes ngandika manèh:,, Keratoné Allah ikoe oepamané kaja wong kang njebaraké widjiné ing boemi,
27. noeli toeroe lan tangi wengi lan rina, mangka widjiné ṭoekoel sarta saja ḍoewoer, wongé ḍéwé ora weroehlakoené keprijé.
28. Djenèh boemi ikoe metokaké woh saka wateké ḍéwé, kang ḍingin aroepa soeket, noeli woelèné, wasana dadi gandoem mentes.
29. Déné samangsa wohé woes wantjiné, bandjoer ditamani ing arit, awit woes toemeka mangsané panèn.”

Pasemon widji sawi.[edit]

(Matth. 13 : 13 – 31, 32. Loek. 13 : 18, 19.)
30. Karodéné pangandikané Jésoes:,, Keratoné Allah ikoe soenoepamakaké apa, lan enggoningsoen njanépakaké nganggo pasemon apa?
31. Oepamané kaja widji sawi, kang nalikané ditibakaké ing lemah tjilik ḍéwé, paḍa-paḍa widji kang ana ing boemi.
32. Ewadéné sawoesé katibakaké bandjoer ṭoekoel lan dadi geḍé-geḍéné djanganan, sarta metoe pangé ngrempajak, kongsi maoek ing awing-awang paḍa bisa noesoeh ana ing ajomané.
33. Jésoes enggoné ngandika marang wong maoe klawan pasemon akèh kang kaja mangkono ikoe, ing sajanḍaké kang paḍa ngroengokaké.
34. Paḍa ora diḍawoehi apa-apa kang ora ḍapoer pasemon, nanging para sachabaté paḍa didjarwani kabèh pijambakan.

Goesti njirep prahara.[edit]

(Matth. 8 : 23 – 27. Loek. 8 : 22 – 25.)
35. Ing dina ikoe bareng woes sore, Jésoes ngandika marang para sachabat: ,,Pajo paḍa mantjal njabrang.”
36. Sawoesé wong golongan ditinggal loenga, bandjoer paḍa mantjal klawan Jésoes kang woes nitih ing praoe, sarta ana praoe lijané manèh kang barengan lakoené.
37. Toemoeli ana prahara geḍé, ombaké kongsi ngebjoeki ing praoe, temahan selak kebak banjoe.
38. Anadéné Jésoes saré ana ing boeritan ngagem kandjang sirah, bandjoer diwoengoe déning para sachabat, oendjoeké: ,,Goeroe, poenapa Toewan boten nggalih déné sami ketiwasan.”
39. Sawoesé woengoe Jésoes bandjoer ndoekani marang angin, sarta ḍawoeh marang segara: ,,Menenga, dipantjed.” Angin toemoeli menḍa, temahan sirep ḍeḍep.
40. Toemoeli ngandika marang sachabaté: ,,Jagéné kowé paḍa wedi? Keprijé déné teka ora doewé pangandel?”
41. Ḍasar maoe paḍa wedi loewih déning banget, sarta paḍa sapotjapan: ,,Pandjenengané ikoe sapa ta, déné dalah angin lan segara teka paḍa ngèstokaké.”

Bab 5.[edit]

Wong krandjingan ana ing Gerasa (Gadara).[edit]

(Matth. 8 : 28 – 34. Loek. 8 : 26 – 39.)
1. Sawoesé mangkono bandjoer paḍa tekan ing sabrang, ing tanahé wong Gerasa.
2. Samentasé saka ing praoe, Jésoes sanalika kepranggoel wong kang kasoeroepan ḍemit, lagi saka ing pakoeboeran.
3. Pamanggoné ija ana ing pakoeboeran, lan ora ana wong kang bisa mbanda sanadyan nganggo ranté.
4. Djenéh woes asring kelakon diwajoejoeng nganggo blenggoe lan ranté, nanging ranténé dipeḍot lan balenggoené dibeḍat, sarta ora pisan-pisan kena diarah toetoeté.
5. Rina wengi tansah ngelambrang ana ing pakoeboeran lan ing goenoeng-goenoeng kambi bengok-bengok lan nḍonḍogi awake ḍéwé klawan watu.
6. Wong maoe bareng ndeleng Jésoes saka ing kadohan, bandjoer mlajoni soedjoed, sarta mbengok sora, oendjoeké:
7. ,,Toewan toemoet-toemoet poenapa ḍateng kawoela, ḍoeh Jésoes Poetranipoen Allah ingkang Mahaloehoer. Toewan kawoela soepaosi demi Allah, sampoen ngantos misakit ḍateng kawoela.”
8. Moelané mangkono awit woes ana ḍawoehé Jésoes marang wong maoe:
9. ,,Eh ḍemit metoea saka wong ikoe.” Wong maoe bandjoer didangoe: ,,Sapa djenengmoe?” Atoer wangsulané: ,,Wasta kawoela poen Legijoen, awit tjatjah kawoela poenika kaṭah.”
10. Apamanèh wali-wali panjoewoené moega adja nganti ditoenḍoeng menjang sadjabaning tanah kono.
11. Anadéné ing pèrèngé goenoeng kono panoedjoe ana babi sapanṭa diengon.
12. Ḍemité bandjoer paḍa doewé atoer panjoewoenan, oendjoeké: ,,Kawoela moegi Toewan lilani moeroegi babi poenika, sami kawoela andjingi.”
13. Jésoes toemoeli nglilani. Para ḍemit bandjoer metoe sarta paḍa goemroedoeg marang ing djoelegan ambjoer ing segara, tjatjahé watara rong éwoe, paḍa mati kleleb ana ing segara.
14. Kang ngengon babi maoe toemoeli paḍa loemajoe sarta awèh warta menjang ing negara lang ing padésan, kang kawartanan bandjoer paḍa metoe arep weroeh ananing lelakon.
15. Satekané ing ngarsané Jésoes, wong kang maoené krandjingan ketemoe loenggoeh woes menganggo lan waras boediné, ija ikoe kang bijèn kasoeroepan ḍemit golongan, temahan paḍa ketaman ing wedi.
16. Karodéné paḍa ditjaritani déning kang paḍa weroeh, apa kang kelakon ing ngatasé kang krandjingan sarta moenggoeh babi maoe.
17. Toemoeli paḍa wiwit darbé atoer panjoewoen marang Jésoes, moega karsaa tindak saka ing talatahé.
18. Jésoes bareng minggah ing praoe, wong kang maoené krandjingan banjoer darbé atoer panjoewoenan, moega kelilana nḍérèk.
19. Nanging Jésoes ora marengaké, pangandikané: ,,Kowé moeliha ketemoe karo sanak kantjamoe, paḍa tjaritana kaanané kaélokan kang dotandoekaké déning Pangéran marang kowé, toewin sih-palimirmané marang kowé maoe.”
20. Wongé toemoeli loenga sarta wiwit njaritakaké ana ing tanah Ḍékapolis, moenggoeh kaanané kaélokan kang ditandoekaké déning Jésoes marang awake, temahan wong kabèh kaéraman.

Anaké Jairoes lan wong lara nggradjag getih.[edit]

(Matth. 9 : 18 – 26. Loek. 8 : 40 – 56.)
21. Jésoes sawoesé wangsoel nitih praoe tekan ing sabrang manèh, bandjoer ana wong akèh ngaloempoek menjang ngarsané ana ing pinggir segara.
22. Lah toemoeli ana sawidjining loerah masdjid teka, djenengé Jairoes, bareng ndeleng marang Jésoes,
23. bandjoer njungkemi padané, sarta darbé atoer panjoewoenan kang klawan adreng, oendjoeké: ,,Anak kawoela éstri sakit ndoengkap pedjah, moegi Toewan karsa ngrawoehi, noempangi asta, soepados kapitoeloengana temah baḍé gesang.”
24. Jésoes bandjoer teḍak bebarengan loerah maoe, la nana wong golongan geḍé ndèrèk, sarirané kongsi kaḍesek.
25. Toemoeli ana wong wadon kang nanḍang lara nggrajag getih woes rolas taun lawasé,
26. kang woes akèh enggoné kesrakatan déning ḍoekoen pirang-pirang, sarta nganggo nombokaké sabarang doewèké kabèh, soeprandéné ora makolèhi, malah larine saja ngranoehi.
27. Ikoe bareng ngroengoe pawartané Jésoes, bandjoer nḍesel ing wong golongan, marek ing Pandjenengané sarta ndoemoek djoebahé saka ing wingking.
28. Amarga osiké mangkéné: Saoepama akoe moenga bisa ndoemoek pangagemané baé, masṭi dadi waras.
29. Noeli sakal pampet gradjagé getih, sarta rasaning awake tetèla jèn woes mari larane maoe.
30. Jésoes sanalika oega mirsa sadjroning panggalih moenggoeh daja kang medal saka ing sarirané, bandjoer minger ana ing tengahé wong golongan sarta ngandika: ,,Kang ndoemoek ing panganggokoe sapa?”
31. Oendjoeké para sachabaté: ,,Toewan mirsa bilih tijang golongan sami nḍesek ḍoemateng sarira Toewan, teka Toewan ngantos ngandika: Kang ndoemoek akoe sapa.”
32. Jésoes toemoeli ningali moebeng, karsa ngjektosi wong kang nglakono ndoemoek.
33. Wong wadon maoe sarèhné soemoeroep apa kang kelakon moenggoeh ing badané, bandjoer mareki klawan wedi lan goemeter, soemoengkem ing ngarsané sarta moendjoek sablakané.
34. Ḍawoehé Jésoes: ,,He enggèr, pangandelmoe kang woes mitoelongi kowé: Moendoera lan tentrem rahajoe, dilestari warasé laramoe ikoe.”
35. Sadjroné isih ngandika ana wongé loerah masdjid teka, paḍa matoer: ,,Poetra sampéjan sampoen ngadjal. Damelipoen poenapa taksih ngribedi ḍateng goeroe?”
36. Nanging Jésoes ora karsa nganggep marang kang kawartakaké ikoe bandjoer ngandika marang loerah masdjid: ,,Adja soemelang, koemandela baé.”
37. Jésoes ora marengaké jén ana kang nḍèrèk kedjaba moeng Pétroes lan Jakoboes toewin Jochanan saḍérèké Jakoboes.
38. Toemoeli rawuh ing omahé loerah, sarta mirsa gègèré wong sing paḍa tetangisan lan sesambat nganti sora.
39. Bandjoer loemebet sarta ngandika marang wong maoe: ,,Jagéné kowé paḍa gègèran lan tetangisan? Botjahé ora mati moeng toeroe baé.” Jésoes toemoeli digegoejoe.
40. Ananging wong maoe paḍa ditoenḍoeng metoe kabèh, bandjoer nimbali bapa bijoengé si botjah lan kang paḍa ndérèk maoe, sarta loemebet ing panggonané si botjah.
41. Botjahé toemoeli diasta tangané lan kapangandikan mangkéné: ,,Talita koemi” (djarwané: Ebèng, kowé dakatoeri: tangia).
42. Sanalika botjah maoe tangi sarta loemakoe, djenèh woes oemoer rolas taoen. Wong-wong toemoeli paḍa banget kagawokan.
43. Bandjoer paḍa dipatjoehi, adja nganti ana wong kang soemoeroeb, sarta ḍawoeh mènèhi mangan botjahé.

Bab 6.[edit]

Goesti Jésoes ana ing Nasarèt.[edit]

(Matth. 13 : 53 – 58. Loek. 4 : 14 – 30.)
1. Jésoes toemoeli tindak saka ing kono, bandjoer rawoeh ing negara asal-oesolé, kaḍèrèkaké déning para sachabaté.
2. Bareng dina sabbat toemoeli wiwit memoelang ana ing masdjid, sarta wong kang ngroengokaké akèh kang paḍa kagawokan, pangoetjapé: ,,Wong ikoe olèhé kang mangkono saka ing ngendi, lan kawitjaksanan apa kang kaparingaké marang ḍéwèké, déné teka ana toemindaking kasektèn kang kaja mangkono sarana tangané?
3. Apa ikoe ora sioenḍagi , anaké Marjam, sadoeloré Jakoboes lan Josès toewin Joedas sarta Simon, karodéné sadoeloeré wadon apa ora paḍa manggon ing kéné?”
4. Dadiné paḍa ketjoewan karana Pandjenengané. Jésoes toemoeli ngandika marang wong maoe: ,,Kang djeneng nabi ikoe ora sepi kadjèné kedjaba ana ing negarané lan ing antarané koelawangsané, sarta ana ing omahé ḍéwé.”
5. Molenaé ora bisa nindakaké kasektèn ana ing kono, kedjaba moeng wong lara sawatara kang diwarasaké sarana katoempangan asta.
6. Temahan kongsi ngoengoen awit saka pamaidoné wong ing kono, bandjoer tindak djadjah ing padésan saoebengé memoelang.

Para rasoel rolas kaoetoes.[edit]

(Matth. 10 : 5 – 16. Mark. 3:13 – 19. Loek. 6 : 12 – 16; 9 : 1 – 5; 10 : 4 – 12.)
7. Jésoes toemoeli nimbali marek para sachabat rolas, bandjoer wiwit dioetoes ngloro-ngloro, sarta kaparingan pangwasa misésani para ḍemit.
8. Karodéné paḍa kaḍawoehan adja nggawa isarating lakoe kedjaba moeng teken, adja nggawa kasang oetawa roti apadéné ḍoewit ing saboek.
9. Moeng kena nganggo troempah, lan adja nganggo kotang rangkep.
10. Pangandikané manèh mangkéné: ,,Endi omah kang paḍa koleboni, ikoe ponḍokana kongsi saangkatmoe saka ing panggonan konoe,
11. lan menawa ana wong kang paḍa ora nampani kowé, lan ora ngroengokaké pitoetoermoe, wetoemoe saka ing kono leboe kang toemèmpèl ing talapakanmoe ketabna minangka paseksi marang wong ikoe. Satemené pitoetoerkoe ing kowé: Wong ing Sadoem oetawa ing Ngomorah bakal majar tinemoené bésoek ing dina pangadilan, katimbang karo negara ikoe maoe.”
12. Kang kaoetoes bandjoer paḍa mangkat nggelaraké piwoelang moerih wong paḍa mratobata.
13. Sarta akèh ḍemit kang ditoenḍoengi toewin akèh wong lara kang dilengani lan paḍa diwarasaké.

Sédané Nabi Jochanan.[edit]

(Matth. 14 : 1 – 12. Loek. 3 : 19, 20; 9 : 7 – 9.)
14. Lelakon maoe kapijarsa ing radja Héroḍès, awit asmané Jésoes woes kawentar, sarta ana kang ngarani jén Jochanan Pambabtis katangèkaké saka ing antarané wong mati, moelané kadoenoengan kasektèn mangkono ikoe.
15. Pangoetjapé wong sawenèh: Ikoe Elijah, sawenèh manèh ikoe panoenggalané para nabi.
16. Nanging bareng Héroḍès mijarsa, bandjoer ngandika: ,,Jochanan kang woes dakkon nigas ikoe woes katangèkaké.
17. Awitdéné pandjenengané Héroḍès ikoe maoené wis oetoesan njepeng marang Jochanan, kabesta lan kakoendjara karana saka Héroḍias, sémahé Filippoes saḍérèké, amarga dipoenḍoet garwa.
18. Awit Jochanan wis moendjoek marang Hérodès: ,,Boten kénging pandjenengan dalem ngrimat sémahipoen saḍérèk dalem.”
19. Anadéné Héroḍias maoe ngintjim-intjim marang Jochanan, ngoedi sédané nanging ora bisa, amarga Héroḍès èring marang Jochanan,
20. awit mirsa jèn wong moersid lan soetji , moelané diajomi, apadéné saben mijarsa ing pangandikané, bandjoer banget kaméron galihé, éwadéné remen mijarsakaké.
21. Bareng toemeka ing dina kang kapasang joga, ija ikoe nalika Héroḍès panoedjoe ing tingalan wijosané ndamelaké boedjana marang para najakané sarta para panèwoe pradjoerit, apadéné para wong geḍé ing tanah Galileja,
22. Sarta nalika poetrané èstri Héroḍes maoe loemeboe mbeksa, ikoe nengsemaké galihé Héroḍes lan kang paḍa nḍèrèk boedjana. Sang radja toemoeli ḍawoeh marang ni rara: ,,Kowé njoewoena marang akoe apa sakarepmoe, masti dakparingi, “
23. malah supaoes ḍawoehé: “Samoebarang kang kosoewoen marang akoe bakal dakparingaké, sanadyan ngantia saparoning karatonkoe.”
24. Ni rara bandjoer metoe sarta matoer marang kang iboe: ,,Sirahé Jochanan Pambabtis.”
25. Ni rara sanalika énggal loemeboe marek marang ngarsané Sang Radja, sarta njoewoen, oendjoeké: ,,Pikandjeng kawoela soepados sanalika poenika pandjenengan dalem paring sirahipoen Jochanan Pambabtis wonten ing ḍoelang.
26. Sang Radja sanadyan banget soengkawané awit saka soepaosé lan saka anané para tamoe, moelané ora karsa njoengkengi.
27. Sanalika sang Radja ngoetoes pradjoerit sinelir sidji, kaḍawoehan nggawa sirahé Jochanan .
28. Kang kaoetoes bandjoer moendoer nigas Jochanan ana ing koendjara, sirahé toemoeli digawa ana ing ḍoelang katampakaké marang ni rara, kang bandjoer ngatoeraké marang kang iboe.
29. Para sachabaté Jochanan bareng ngroengoe, toemoeli paḍa teka ngoekoep lajoné, disarèkaké ana ing koeboer.

Goesti maringi mangan wong limang éwoe.[edit]

(Matth. 14 : 13 – 21. Loek. 9 : 10 – 17. Joch. 6 : 1 – 13.)
30. Para rasoel toemoeli paḍa koempoel ana ing ngarsané Jésoes, paḍa moendjoek pratéla apa kang woes dilakoni lan kang woes diwoelangaké.
31. Jésoes toemoeli ngandika: ,,Mara paḍa mèloea menjang ing panggonan samoen nḍéwé, paḍa asoa saḍéla.” Moelané ḍawoeh mangkono awit wong akèh kang paḍa teka loenga, nganti paḍa ora kaoer mangan.
32. Bandjoer paḍa mangkat noenggang praoe menjang ing panggonan samoen nḍéwé.
33. Wong gegolongan weroeh enggoné paḍa mantjal maoe sarta akèh kang ora pangling marang Pandjenengané, toemoeli paḍa loemajoe ḍarat mrana saka ing sakèhé negara, nḍingini tekané, bandjoer paḍa marek marang Jésoes bebarengan.
34. Jésoes sawijosé toemoeli ningali ana wong golongan geḍé, trenjoeh ing galih déning welas, awit wong maoe paḍa prasasat weḍoes kang ora ana panggoné. Bandjoer wiwit diwoelang pirang-pirang prakara.
35. Bareng wajahé woes lingsir, sachabaté paḍa mare king ngarsané, oendjoeké: ,, Panggènan poenika samoen, sarta wantjinipoen sampoen lingsir.
36. Toewan moegi nglilani moendoer ḍateng tijang poenika, soepados sami késaah ḍateng ing ḍekah-ḍekah toewin ing ḍoesoen-ḍoesoen ingkang tjelak toembas roti. Awitdéné sami boten gaḍah ingkang dipoenteḍa.”
37. Nanging Jésoes toemoeli mangsoeli, pangandikané: ,,Kowé baé paḍa mènéhana mangan.” Oendjoeké para sachabat: ,,Poenapa kawoela sami késah toembas roti kalih atoes dinar, kanggé njoekani teḍa tijang poenika?”
38. Pangandikané Jésoes: ,,Kowé doewé roti pira; paḍa loengaa mriksa.” Sawoesé dinjantakaké, bandjoer paḍa moendjoek:
39. ,,Wonten gangsal, sarta oelam loh kalih.” Toemoeli paḍa diḍawoehi wong kaèh soepaja paḍa loenggoeha krompol-krompolan ana ing pasoeketan idjo.
40. Bandjoer paḍa loenggoeh atoesan lan èketan.
41. Sawoesé Jésoes menḍet roti lima lan iwak loro maoe, toemoeli dibarkahi klawan toemenga marang langit, rotiné bandjoer ditjoewil-tjoewil lan diparingaké marang wong akèh, sarta iwak loroe maoe diedoem-edoem warata.
42. Wong kabèh paḍa mangan nganti wareg.
43. Toerahan tjoewilan toemoeli dikoekoepi dadi rolas wakoel kebak,
44. mangkono oega toerahé iwak, anadéné kang paḍa mangan roti maoe tjatjahé kang lanang watara limang èwoe.

Goesti tindak napak ing segara.[edit]

(Matth. 14 : 22 – 36. Joch. 6 : 16 – 21.)
45. Sanalika Jésoes meksa para sachabaté noenggang praoe, nḍingini tindaké njabrang menjang ing Bétsaidah, sasoewéné Jésoes nglilani moendoer marang wong golongan.
46. Sawoesé dipamiti, Jésoes bandjoer minggah ing goenoeng ndedonga.
47. Bareng woes wengi, praoené ana ing tengahé segara, déné Jésoes ana ing ḍaratan pijambak.
48. Bareng mirsa jèn para sachabat banget rekasa enggoné nḍajoengi praoené, amarga anginé nampek, nalika wajah gilirané kemit kaping pat Jésoes bandjoer tindak ndjoedjoel sachabaté, napak banjoe ing segara, karsa nglantjangi.
49. Para sachabat baeng weroeh Jésoes tindak napak ing segara, dikira memedi, sarta sora pandjerité.
50. Djenèh kabèh paḍa meroehi , temahan paḍa koemelap atiné, toemoeli énggal diaroeh-aroehi déning Jésoes, pangandikané: ,,Paḍa diénak atimoe, iki akoe, adja wedi.”
51. Bandjoer minggah ing praoe noenggal sachabaté, angin toemoeli menḍa, temahan para sachabat paḍa ndjenger loewih déning banget, sarta paḍa kagawokan.
52. Marga paḍa ora ngrasakaké bab roti maie, kagawa saka atiné dableg.
53. Enggoné njabrang bareng tekaning tanah Gennésarét, bandjoer laboeh ana ing kono.
54. Sawoesé paḍa mentas saka ing praoe, sanalika wong paḍa ora pangling marang Jésoes.
55. Toemoeli paḍa ndjadjah ing satanah kono warata, sarta wong kang nanḍang lelara sapatoeroné bandjoer wiwit digotongi moebeng-moebeng ndjoedjoek ing ngendi panggonan kang kewarta dilerebi déning Jésoes.
56. Lan ing ngendi-endia kang dirawoehi, ing désa oetawa negara oetawa ḍoekoeh, wong lara maoe paḍa disèlèhaké ana ing pasar-pasar, lan paḍa darbé atoer panjoewoenan moega kelilana moeng ndoemoek gombjoking djoebahé baé, déné sapira kang ndoemoek sarirané paḍa kapitoeloengan.

Bab 7.[edit]

Bab ila-ilané para leloehoer.[edit]

(Matth. 15 : 1 – 20.)
1. Para Farisi lan sawenèhing para oelama kang saka ing Jeroesalèm bandjoer paḍa ngaloempoek marek marang ngarsané Jésoes.
2. Bareng weroeh jèn sachabaté ana kang mangan roti klawan nadjis tangané, tegesé: ora wisoeh, bandjoer paḍa diwelèhaké.
3. Moenggoeh ta para Farisi lan sakèhé wong Jahoedi paḍa ora mangan menawa doeroeng wisoeh tangané kang klawan nemen, netepi ila-ilané para toewa-toewa.
4. Lan samangsa moelih saka ing pasar, ija paḍa ora mangan menawa doeroeng sesoetji, sarta akèh prakara manèh kang ditetepi manoet ing ila-ila, kajata: njirami toewoeng lan pinggan toewin piranti koeningan apadéné ambèn.
5. Para Farisi lan para oelama maoe toemoeli paḍa moendjoek pitakon marang Jésoes: ,,Sachabat sampéjan poenapaa sami boten manoet ing ila-ilanipoenpara sepoeh-sepoeh, déné anggènipoen neḍa roti boten mawi wisoeh tangan?”
6. Nanging Jésoes mangsoeli, pangandikané ,,Tjèples temen pametjané Jesajah bab ingatasé kowé wong lamis, kaja kang woes katoelisan: Bangsa iki enggoné ngoermati marang Ingsoen klawan lambé, nanging atiné ngedohi Ingsoen.
7. Dadi nglaha baé enggoné ngoermati marang Ingsoen, déné teka nganggo moelangaké piwoelang pepakoning manoesa.
8. Mangka pepakoné Allah kolirwakaké noeli netepi ila-ilaning manoesa, kajata njirami pinggan lan toewoeng, sarta sapitoeroeté akèh prakara kang paḍa kolakoni.”
9. Ḍawoehé manèh mangkéné: ,,Teka apik temen enggonmoe paḍa ngorakaké pepakoné Allah, soepaja bisaa netepi ila-ilamoe ḍéwé.
10. Djenèh ana ḍawoehé Moesa mangkéné: Sira ngadjènana bapa bijoengira, lan sing sapa ngipat-ipati marang bapa oetawa bijoengé, ikoe masti kapatrapan paoekoeman pati.
11. Ewadéné kowé paḍa doewé oedjar mangkéné: Menawa ana wong kang matoer marang bapa oetawa bijoengé: Poendi gaḍahan koela ingkang sakinten saged maédahi ḍateng sampéjan, poenika kanggé koerban (tegesé: pisoengsoeng),
12. ikoe woes ora perloe gawé apa-apa marang bapa oetawa bijoengé.
13. Kaja mangkono enggonmoe paḍa gawé tjabar ing pepakoné Allah karana saka ila-ilamoe kang kopréntahaké. Lan manèh pirang-pirang prakara kaja ikoe maoe kang paḍa kolakoni.”
14. Toemoeli Jésoes nimbali marek sakèhé wong golongan paḍa kaḍawoehan mangkéné: ,,Kabèh paḍa ngroengokna lan mangertia.
15. Samoebarang kang saja ing djaba kleboe ing manoesa iko ora ana kang bisa ndjemberi, moeng kang kawetoe saka ing manoesa, ija ikoe kang ndjemberi.
16. Sing sapa doewé keeping kanggo ngroengoe ngroengokna.”
17. Jésoes sawoesé nilar wong golongan sarta loemebet ing sawidjining omah, sachabaté bandjoer paḍa moendjoek nerang moenggoeh pasemon maoe.
18. Pangandikané Jésoes: ,,Kowé ikoe aoa ija oega paḍa tanpa boedi mangkono? Apa ora ngrasakaké jèn samoebarang kang saka ing djaba kleboe ing manoesa ora ana kang bisa ndjemberi.
19. Amarga ikoe mandjingé ora ing ati, moeng ing weteng, bandjoer metoe marang pakiwan, kaja mangkono enggoné ngalalaké samoebarang kang kapangan.”
20. Bandjoer njambeti pangandika: ,,Ananging sabarang kang kawetoe saka ing manoesa ija ikoe kang ndjemberi.
21. Djenèh saka ing djero, ija ikoe saka atiné manoesa kono toewoehé pangangen-angen ala, kajata:
22. bandrèk, djina, gawé pati, njolong, keṭaha, kadoersilan, tjidra, pambaloentah, djalil, panjatoer ala, piangkoeh, sembrana.
23. Sakèhé piala ikoe toemoewoehé saka ing djero, sarta paḍa ndjemberi marang manoesa.”

Wong wadon ing Siro-Féniké (bangsa Kenaän).[edit]

(Matth. 15 : 21 – 28.)
24. Jésoes toemoeli djoemeneng tindak menjang telatahé negara Tiroes, sawoesé loemebet ing sawidjining omah, ora karsa kaweroehan ing wong, ananging ora bisa sesingidan.
25. Amarga ana wong wadon kang anaké wadon kepandjingan ḍemit, bareng ngroengoe wartané sanalika bandjoer marek soemoengkem ing ngarsané.
26. Wong wadon maoe bangsa Joenani, weton ing tanah Siro-Féniké, pandjoewoné moega Jésoes karsaa noenḍoeng ḍemité saka ing anaké.
27. Ananging pangandikané Jésoes marang wong maoe: ,,Para anak ikoe tjikbèn paḍa wareg ḍingin, sabab ora aroe ndjoepoek rotiné anak-anak dioentjalaké marang kirik.”
28. Wong wadon maoe mangsoeli oendjoeké: ,,Kesinggihan, Goesti, samanten oegi kirik inggih sami neḍa kekètjèripoen para anak wonten ing nganḍap médja.”
29. Pangandikané Jésoes: ,,Karana saka temboengmoe mangkono ikoe wis, moendoera, ḍemité wis metoe saka ing anakmoe.”
30. Soelihé wong wadon, anaké ketemoe tetoeron, woes kontjatan ing ḍemité.

Wong boeḍeg kawarasaké. [edit]

31. Jésoes toemoeli biḍal manèh saka ing telatahé Tiroes nratas ing Sidon, bandjoer wangsoel ngangkoengi segara ing Galiléja ndjoedjoeng ing satengah-tengahé telahating Ḍékapolis.
32. Toemoeli ana wong kang boeḍeg atjéḍal kairid marang ing ngarsané sarta disoewoenaké moega katoempangana asta.
33. Wong maoe sawoesé dipisahaké saka wong golongan kaḍéwèkaké, koepingé bandjoer paḍa dilebeti dridjiné, lan sawoesé ketjoh toemoeli ndoemoek ilaté,
34. sarta toemenga marang langit kanṭi ngesah lan ngandika: ,,Effata,” tegesé: mengaa.
35. Sanalika koepingé paḍa kaboeka sarta ilaté kaoeḍar, temahan tètèh pantjelaṭoené.
36. Wong akèh maoe bandjoer paḍa dipatjoehi adja nganti kanḍa-kanḍa marang wong, nanging sapiraa enggoné dipatjoehi, malah moenḍak nemen enggoné martak-martakaké.
37. Wong akèh temah paḍa kegawokan loewih banget, pangoetjapé: ,,Pandamelé teka betjik kabèh, nganti ndadèkaké wong boeḍeg bisa ngroengoe lan wong tjéḍal bisa tjelaṭoe.”

Bab 8.[edit]

Goesti maringi mangan wong patang èwoe.[edit]

(Matth. 15 : 29 – 39.)
1. Ing nalika samana, nalika panoedjoe ana akèh wong manèh lan paḍa ora ana kang dipangan, Jésoes bandjoer nimbali marek para sachabaté: ḍawoehé:
2. ,,Banget trenjoeh atikoe déning welas ingatasé wong golongan, amarga toemeka saiki woes teloeng dina enggoné ngraketi akoe, sarta paḍa ora ana kang dipangan.
3. Mangka menawa dakoelihaké ora nganggo mangan ḍingin, bakal paḍa ambroek ana ing dalan, amarga sawenèh ana kang adoh sangkané.”
4. Wangsoelané para sachabaté: ,,Saking poendi sagedipoen angsal roti wonten ing panggènan samoen makaten ingkang kadamel noewoeki tijang samanten poenika?”
5. Pandangoené Jésoes: ,,Kowé doewé roti pira?”
6. Oendjoeké para sachabat: ,, Wonten pitoe.” Jésoes bandjoer nḍawoehi wong golongan paḍa loenggoehan ana ing lemah, toemoeli menḍet roti pitoe maoe, lan sawoesé saos soekoer bandjoer ditjoewil-tjoewil sarta diparingaké marang para sachabaté, soapaja diladèkna marang wong golongan, toemoeli diladèkaké.
7. Apamanèh ana iwak loh tjilik-tjilik sawetara. Sawoesé mbarkahi, bandjoer ḍawoeh ngladèkaké ikoe oega.
8. Wong maoe toemoeli paḍa mangan kongsi wareg. Toerahané tjoewilan bandjoer dikoekoepi dadi pitoeng kemboe kebak.
9. Anadéné kang paḍa mangan maoe tjatjahé watara ana patang èwoe. Toemoeli paḍa dililani boebaran.
10. Sanalika Jésoes minggah ing praoe kanṭi para sachabaté, bandjoer rawoeh ing telatahé tanah Dalmanoeta.

Bab pratanḍa saka ing langit.[edit]

(Matth. 16 : 1 – 4.)
11. Toemoeli para Farisi paḍa madjoe wiwit mbantahi marang Jésoes klawan soemedya njoba, panjoewoené soapaja diparingana pratanḍa saka ing langit.
12. Jésoes bandjoer ngesah banget kang toewoeh saka telenging panggalihé, sarta ngandika: ,,Généa djinis iki teka ndjaloek pratanḍa? Satemené pitoetoerkoe ing kowé: djinis iki bakal ora kaparingan pratanḍa.”
13. Wong maoe toemoeli paḍa ditilar minggah ing praoe manèh mantjal ing sabrang.

Bab raginé para Farisi lan Héroḍès.[edit]

(Matth. 16 : 5 – 12. Loek. 12 : 1.)
14. Anadéné para sachabat paḍa kelalèn sangoe roti, dadi moeng kanggonan roti sidji baé ana ing praoe.
15. Jésoes bandjoer nḍawoehi para sachabat maoe, pangandikané: ,,Paḍa diawas, mékanana raginé para Farisi lan raginé Héroḍès.”
16. Sachabat toemoeli paḍa rasanan, pangoetjapé: ,,Ikoe sabab saka enggonkoe nggawa roti.”
17. Jésoes bareng mirsa bandjoer ngandika: ,,Keprijé déné kowé teka paḍa rasanan bab enggonmoe ora nggawa roti? Apa kowé paḍa doeroeng soemoeroep lan doeroeng paḍa mangerti?
18. Apa isih paḍa ndableg atimoe? Kowé wong doewé mripat apa ora ndeleng, doewé keeping apa ota paḍa ngoengoe?
19. Apa kowé paḍa ora èling nalika roti lima daktjoewil-tjoewil kanggo wong limang éwoe, olèhmoe ngoekoepi tjoewilan pirang wakoel kebak?
20. Oendjoeké sachabat: ,,Kalihwelas.” ,,Lan nalika roti pitoe kanggo wong patang éwoe, olèhmoe ngoekoepi tjetjoewilan pirang kemboe kebak?”
21. Oendjoeké sachabat: ,,Pitoe.” Ḍawoehé Jésoes: ,,Apa kowé isih paḍa doeroeng mangerti?”

Wong pitjak ing Bètsaïdah.[edit]

22. Jésoes bandjoer rawoeh ing Bètsaïdah, toemoeli ana wong pitjak kairid marang ing ngarsané, sarta disoewoenaké soapaja didemèka.
23. Wong pitjak maoe bandjoer diasta tangané, ditoentoen menjang sadjabané désa, toemoeli diketjohi mripaté lan ditoempangi asta, sarta kadangoe:
24. ,,Kowé apa ndeleng barang?” Kang pitjak bareng toemenga bandjoer moendjoek: ,,Kawoela ningali tijang, awit sami ketingal loemampah, namoeng sawanganipoen kados kekadjengan.”
25. Mripaté toemoeli ditoempangi asta manèh sarta kaḍawoehan toemenga, bandjoer waloeja, woes awas pandelengé marang samoebarang.
26. Toemoeli diḍawoehi moelih, pangandikané: ,,Adja mampir loemeboe ing désa kono, lan adja kanḍa-kanḍa marang wong kono.”

Pangakoené Simon Pétroes lan pametjané Goesti bab bakal sangsara sédané. Pétroes kadoekanan.[edit]

(Matth. 16 : 13 – 23. Loek. 9 : 18 – 22. Joch. 6 : 66 – 69.)
27. Jésoes toemoeli tindak karo para sachabaté menjang ing désa-désa bawah ing nagara Késaréa Filipi; ana ing dalan ndangoe marang para sachabaté, pangandikané: ,,Akoe iki diarani sapa déning wong?”
28. Wangsoelané para sachabat: ,,Jochanan Pambabtis, sanèsipoen mastani Elijah, sanèsipoen malih salah satoenggaling para nabi.”
29. Pangandinaké Jésoes: ,,Déné kowé ḍéwé, akoe koarani sapa?” Pétroes mangsoeli oendjoeké: ,,Toewan poenika Sang Kristoes.”
30. Para sachabat bandjoer paḍa dipatjoehi banget-banget, adja wara-wara marang wong sidji-sidjia bab ikoe maoe.
31. Jésoes toemoeli wiwit moelang marang para sachabat jèn Poetrané manoesa ikoe perloe nglampahi sangsara akèh, sarta ditampik marang pinitoewa lan para pangarepé imam toewin oelama, apadéné disédani lan ing teloeng dinané woengoe manèh.
32. Enggoné nḍawoehaké pangandika ikoe maoe klawan sabarèsé baé. Pétroes toemoeli ngatoeri Jésoes soemingkir sarta wiwit netah.
33. Nanging Jésoes bandjoer minger mandeng para sachabaté, sarta ndoekani marang Pétroes, pangandikané: ,,Eh sétan, soemingkira menjang ing boerikoe, amarga kowé ora mikir kang moenggoeh ing Allah, moeng kang moenggoeh ing manoesa.”

Bab manggoel salib.[edit]

(Matth. 16 : 24 – 28. Loek. 9 : 23 – 27.)
34. Sawoesé nimbali marek wong golongan karo para sachabaté, toemoeli paḍa kaḍawoehan mangkéné: ,,Sing sapa arep ngetoetboeri akoe, ikoe njingkoera marang awake ḍéwé, sarta ngangkata salibé lan mèloea akoe.
35. Amarga sapa wong kang koedoe ngreksa njawané, ikoe bakal kélangan njawané, nanging sapa kang kélangan njawané karana saka akoe lan karana saka Indjil, ikoe kang bakal ngreksa.
36. Maédahi apa ta marang wong, saoepama olèha kaskaja sadjagad kabèh, menawa tiwas ketoenan njawané?
37. Lan manèh manoesa bisa ngatoeraké apa kang kagawé neboes njawané?
38. Déné sing sapa isin karana akoe lan karana pitoetoerkoe ana ing ngarepé djinis lakoe bandrèk lan dosa iki, Poetrané manoesa ija bakal lingsem karana wong ikoe, bésoek sarawoehé ngagem kamoeljané kang Rama, ginarebeg ing para malaékat soetji.”

Bab 9.[edit]

Bab 10.[edit]

Bab 11.[edit]

Bab 12.[edit]

Bab 13.[edit]

Bab 14.[edit]

Bab 15.[edit]

Bab 16.[edit]