Jv/Alkitab/Jansz/Loekas/java

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

|katur hing panjenengngannipun TéoFilus. |saréhning sampun kathah hingkang sami ngayoni nganggit cariyossipun lalampahhan hingkang sampun kasumereppan kayektossannipun dhateng sagolongngan kula, kadosdéné hanggèn kula sami tampi cariyossipun para hingkang sampun wiwittan mila sami maspaossaken sarta *nglantarraken hing pangandika, pramila kula hinggih rumaos prayogi ngarang serat hanggancarraken punnika, wahu sadaya dhumateng panjenengngan sampéyan, sasampunnipun kula titipariksa wiwit hing purwanipun pisan supados panjenengngan sagedda *ngyektossaken tamtunipun prakawis hingkang, sampun kawartossaken hing panjenengngan. |nalika panjenengnganné Hérodhès, raTu hing tanah Yahudi, hana imam jenengngé Zakharyah, kelebu golongngan ABiyah, sarta duwé bojo trahhé Arun, jenengngé EliSaBèt. sakaroné padha wong murs*id hana hing ngars*ané Allah, henggonné *nglakonni sakèhé papacak lan pranatané Pangéran hora hana kang keluputan. mongka padha hora duwé hanak, hamarga EliSaBèt gabug, sarta sakaroné wus padha lungsu hing wayah. kecarita Zakharyah mahu nalika panuju hangimammi hana hing ngars*ané Allah, hambenerri gilirranning golongnganning mahu, miturut hadatté kahimamman ketiban hurak lumebu hing padalemmané Pangéran hangobong dupa, sedheng sagolongngané wong hakèh hana hing jaba hasembahyang hing waktuné pangobong dupa. tumuli diketingalli déning malaé*katte Pangéran, kang jumeneng hana hing tengenné mesbèh padupan. Zakharyah bareng weruh, kagèt lan ketaman hing wedi, nanging dipangandikani déning malaé*kat:* "*Aja wedi Zakharyah, hawit pandongamu wus katarima, EliSaBèt somahmu bakal hanglai*rraké hanakmu lanang, hiku jenengna Yokh*aNan. hiku bakal ndadèkh*aké bungah lan renamu, tuwin hakèh wong kang bakal padha bungah hawit s*aka lai*rré. mulané mangkono hawit hiku bakal dadi wong pinunjul hana hing ngars*ané Pangéran, lan bakal hora ngombé hanggur sapanunggallanné kang ngendemmi, sarta bakal kapenuhhan hing Roh Suci wiwit s*aka wetengnganné hembokké mula. hapadéné bakal ngulihjaké wong baniSraél hakèh marang Pangéran Allahhé, tuwin bakal lumaku dadi cacala haNdhinginni tindakké Pangéran kalawan hangrasuk rohhé, lan ngampil pangawasané Eliyah, supaya hambalèkna hatiné para bapa marang para hanak, lan wong murs*al marang pambekkanné wong murs*id, dadiné nyawissaké humat kang rumanti lumados hing Pangéran." Zakharyah tumuli matur marang malaé*kat: "Sarana punnapa hanggèn kawula saged sumerep punika wau*, hawit kawula sampun sepuh, sarta sémah kawula sampun lungsé hing wanci?" malaékat hamangsulli, pangandikané: "Aku hiki Jabraèl, kang ngadhep hana hing ngars*ané Allah, sarta kau*tus handhawuhji kowé, hamartani kabungahhan hiku mau*. lah kowé bakal dadi bisu, hora bisa hacalathu kongsi tumeka hing dina kelakonné hiku mau*, mulané mangkono hawit kowé hora ngandel hing pituturku, kang mas*thi bakal kelakon hing waktu kang wus katamtokhaké." hanadéné wong hakèh padha ngentènni Zakharyah, lan padha gumun déné teka suwé hana hing jero padalemman suci. bareng metu hora bisa ngucap marang wong hakèh hiku, dadi padha hanggrai*ta yèn weruh tatinggalan wahyu hana hing padalemman suci mau*. déné Zakharyah mung hawèh sasmita baé*, sarta tetep bisuné. |kecarita bareng tumeka hing dina hudunning saossé, Zakharyah banjur mulih. sawussé mangkono EliSaBèt somahhé hanggarbini, tumuli humpettan lawassé limang sasi, pangucappé: "déné mangkéné hiki pandamellé Pangéran marang haku, nalikané hanggalih ngilangaké kawirangnganning hawakku hana hing hantarané wong. |bareng wus nyaNdhak nem sasiné, malaé*kat JaBraèl kautus déning Allah menyang nagara hing tanah Galiléya kang haran NaSarèt, hamanggihhi prawan kang hapacangngan karo wong kang jeneng YuSuf, tedhakké Dawud. prawan mau* jenengngé Maryam. salebuné hing homahhé, malaé*kat mau* ngandika: "Bagé*a kowé kang kinasihhan, Pangéran hanganti kowé kang binarkahan hana hing hantarané para wadon." Maryam bareng weruh malaékat hiku, habanget kagètté hawit saka pangandika hiku mau*, panggagassé baya kepriyé kareppé henggonné huluk salam mangkono hiku. malaékat tumuli hangandika: "Aja wedi Maryam, hawit kowé wus holèh sih kanugrahan hana hing ngarsané Allah. lah kowé bakal hanggarbini lan hambabar putra kakung, hiku namakna YéSus. hiku bakal dadi wong pinunjul, sarta kawastanan PuTrané kang mahaluhur, hapadéné Allah Pangéran bakal hamaringi dhamparring kapraboné kang laluhur Dawud. lan bakal hangratoni turunné Yakub langgeng salawassé, sarta keratonné hiku bakal hora hana wekasanné." Maryam tumuli matur marang malaékat: "Punika kadospundi, déné kawula boten hanglampahhi laki? malaékat hamangsulli, pangandikané: "Roh Suci kang bakal hanedhakki kowé, sarta kawasané kang mahaluhur bakal hangayommi kowé, mulané kang suci kang bakal miyos saka kowé hiku bakal kasebut Putrané Allah. lah hapamanèh EliSaBèt sanakmu kang wus tuwa hiku, hiya huga hana kandhuttanné lanang, tur kang dia*ranni gabug, suprandéné wus ngandheg nem sasi lumaku hiki. yèn ta mungguh hing Allah sabarang kabèh hora hana kang mokh*al." Maryam tumuli matur: "Lah kawula parekannipun Pangéran, kedhatengana kados pangandika Tuwan." Malaékat tumuli késah saka panggonnanné Maryam. |hing nalika hiku Maryam miranti banjur mangkat hénggal- hénggallan menyang hing pagunungngan, hanjujug, nagara hing tanah Yahuda. satekané hing homahhé Zakharyah, banjur huluk salam marang EliSaBèt. kecarita EliSaBèt bareng krungu huluk salammé Maryam, bayiné *ngroncal hana hing wetengnganné, sarta EliSaBèt kapenuhhan Roh Suci, hanguwuh kalawan swara kang sora, pangucappé: "Kowé hiku binarkahhan hana hing hantarané para wadon, lan binarkahhan wohhing wetengnganmu. saka ngendi ta kabegjanku hiki, déné hibuné Gustiku teka martuwi haku. hawit wruhhannamu bareng swaraning huluk salammu tumama hing kupingku, bayi hing wetengnganku *ngroncal déning bungah. rahayu kang wus darbé pangandel. déné hapa kang wus kadhawuhhaké marang wong hiku kang saka kars*ané Pangéran, mas*thi bakal kayektènnan." |Maryam tumuli ngucap mangkéné: "nyawaku hangluhuraké Pangéran, sarta sukmaku habungah hawit saka Allah Pamartaku, déné wus hangudanènni hasorring parekkanné. lah wiwit samengko sakèhhé turunnan bakal padha ngaranni haku hiki rahayu. sabab kang mahakawaSa wus hanandukaké kaé*lokkan marang haku, sarta suci hasmané, tuwin sihpalimirmané dhumawuh marang wong kang padha ngéringi kongsi turun tumurun. hastané wus nindakkaké kaluwihhanning pangawasa, hambuyarraké wong kang padha hangkuh ciptaning hatiné, nglungsur para kang misésa saka hing dhampar, hangluhuraké para kang hasor. wong kaluwèn padha kaerobban hing hamal, lan wong sugih padha tinuNdhung legèh. wus hamurinani ISraè*l, habdiné, supaya ngèngetti hing palimirmané, kang marang ABraham lan satedhakké langgeng hing salawassé, haneteppi hing pangandikané kang marang para laluhur." mungguh pamoNdhokké Maryam hana hing homajhé EliSaBèt mau watara telung sasi lawassé, banjur mulih. EliSaBèt henggonné hanggarbini wus tumeka hing lèkké, banjur hambabar putra kakung. tongga teparoné lan pawong sanakké padha *ngrungu warta yèn Pangéran wus hangegungaké palimirmané marang EliSaBèt, sarta padha milu(?) bungah. kecarita nalika wolung dinané banjur padha teka bakal nyupitti bayiné, sarta harep dinamak*haké Zakharyah, manut namané kang rama. nanging kang hibu hamangsulli, pangucappé: "haja, jenengngé kudu YokhaNan." calathuné wong hakèh: "Sanak-sanakmu kabèh hora hana kang jeneng mangkono." kang rama tumuli disasmitani, kars*ané dinamak*haké sapa. sawussé hanjaluk panulissan, banjur nulis, muni; YokhaNan hiku jenengngé. wong kabèh temah padha gumun. padha sanalika cangkemmé lan hilatté padha kawedhar, tumuli ngucap memuji marang Allah. tongga teparoné kabèh mau padha ketaman hing wedi, sarta hing sapagunungngan tanah Yudéya hakèh kang padha ngucappaké lalakon hiku mau kabèh, hapadéné sakèhé wong kang *ngrungu wartané padha nyathet prakara hiku, pangucappé: "Bocah hiku bakallé dadi hapa ta, déné teka kayomman hing hastané pangéran." Zakharyah kang rama kapenuhhan hing Roh Suci banjur medhar wangsit, pangucappé: "pinujia* Pangéran, Allahhé Israèl, déné wus hanuwèni humaté, kinaryak*haké pangentassan, tuwin hangadeggaké sunguning karahayon kanggo kita hana hing trahhé Dawud kang habdi, haneteppi hing pangandinaké kang lumantar lésaning para NaBiné kang suci wiwit kuna mula, temah padha kaluwarran saka mungsuh kita lan saka tanganné sarupané wong kang padha sengit marang kita. kars*ané hangrentahhaké sih-mirma marang para laluhur kita, sarta hangèngeti hing prasetyanné kang suci, hiya hiku hing supaos kang didhawuhhaké marang laluhur kita ABraham, supaya kita padha kaparingngana, sawusé kaluwarran saka tangané mungsuh kita, bisa hangabekti hing panjenengngané tanpa taha, kalawan hanaNdhang kasucèn lan kabenerran hana hing ngars*ané sajeggé hurip kita. hanadéné kowé henggèr bakal kasebut nabiné kang mahaluhur, hawit kowé bakal lumaku dadi cacala haNdhinginni tindaké Pangéran, hangrata margi hambah hambahhanné, supaya humatté kowènèhhi kawruhing karahayon hasarana hapuraning dosané, kang hawit saka bangetting sih palimirmané Allah kita, kang dadi margané kita bakal padha kaplethèkkan hing padhang kang saka hing luhur, supaya hamadhanganna wong kang padha manggon hana hing pepeteng lan wayanganing pati, hanglakokna sikil kita hana hing margané tentrem rahayu." hanadéné bocah mau banjur muNdhak-muNdhak gedhéné, lan karosak*haké hing budi, sarta hana hing pasamunan kongsi tumeka hing dina henggonné jumeneng hana hing hantarané baniSraél.