Jv/Rama Kawula

From Wikisource
(Redirected from Kanjěng Rama)
Jump to navigation Jump to search

Rama Kawula[edit]

Donga Rama Kawula saking buku Kidung Adi

Rama kawula ing swarga
Asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem mugi rawuha
Karsa Dalem kalampahana
Wonten ing donya kados ing swarga

Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados déné anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami
Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha
Saha linuwarna saking piawon

Amin.

꧋ꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈
​ꦲꦱ꧀ꦩꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦸꦲꦸꦂꦤ꧈
​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦒꦶꦫꦮꦸꦃꦲ꧈
​ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀꧈
​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧉

꧋​ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦏꦁꦒꦺꦱꦥꦸꦤꦶꦏ꧈
​ꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦊꦥꦠ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈
ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦺꦱꦩꦶ꧈
​ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦧꦶꦃꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦴꦝ꧈
​ꦱꦲꦭꦶꦤꦸꦮꦂꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀꧈

​ꦄꦩꦶꦤ꧀​

Kanjěng Rama[edit]

Kanjěng Rama ing swarga
Mugi asma Dalěm kaluhurna
Kraton Dalěm kawiyarna
Ing donya inggih kalampahana
Karsa Dalěm kados ing swarga.

Abdi Dalěm sami nyadong paring Dalěm rějěki kangge sapunika
Sakathahing lěpat nyuwun pangapuntěn Dalěm
Kados dene anggěn kawula ugi ngapuntěn dhatěng sěsami
Abdi Dalěm nyuwun lěpat saking panggoda
Saha tiněbihna saking piawon.

Amin.

꧋ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦩꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈
​ꦩꦸꦒꦶꦲꦱ꧀ꦩꦢꦊꦩ꧀ꦏꦭꦸꦲꦸꦂꦤ꧈
​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦶꦪꦂꦤ꧈
​ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧈
​ꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧉

​꧋ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦚꦢꦺꦴꦁꦥꦫꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦏꦁꦒꦺꦱꦥꦸꦤꦶꦏ꧈
​ꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦊꦥꦠ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈
​ꦏꦢꦺꦴꦱꦢꦺꦤꦺꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦱꦩꦶ꧈
​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦊꦥꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦴꦢ꧈
​ꦱꦲꦠꦶꦤꦼꦧꦶꦃꦤꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀꧈

​ꦄꦩꦶꦤ꧀​

Rama kawula (terjemahan 2006)[edit]

    Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,
    Asma Paduka mugi kasucèkaken.

    Kraton Paduka mugi rawuh.

    Karsa Paduka mugi kalampahan
    wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.

    Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
    sacekapipun ing dinten punika.

    Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula,
    kadosdéné kawula inggih ngapunteni tetiyang
    ingkang kalepatan dhateng kawula.

    Punapa déné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodha,
    nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.

    [Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton
    saha wisésa tuwin kamulyan ing salami-laminipun.

    Amin.]

꧋ꦝꦸꦃ꧈ ​ꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
​ꦲꦱ꧀ꦩꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦏꦱꦸꦕꦺꦏꦏꦼꦤ꧀

​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦫꦮꦸꦃ

​ꦏꦂꦱꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀
​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ

​ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦏꦮꦸꦭ
​ꦱꦕꦼꦏꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ

​ꦱꦲꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦠꦼꦤ꧀ꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ
​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦠꦼꦠꦶꦪꦁ
ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ

​ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦁꦒꦺꦴꦝ
​ꦤꦔꦶꦁꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦶꦥꦢꦸꦏꦲꦸꦮꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦮꦺꦴꦤ꧀

​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦢꦸꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀
ꦱꦲꦮꦶꦱꦺꦱꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶ​ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀

​ꦄꦩꦶꦤ꧀

Rama kawula (terjemahan 1994)[edit]

Rama kawula ingkang wonten ing swarga:
Asma Paduka ingkang suci
mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.

Kraton Paduka mugi dipun èstokaken
déning sedaya tumitah ing salumahing bumi,
kados déné pangrèh wau wonten ing swarga
inggih dipun èstokaken déning para malaékat.

Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.

Kalepatan kawula mugi Paduka apunten,
kados déné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.

Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha,
nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon.

[Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis,
ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun.

Amin.]

꧋ꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
​ꦲꦱ꧀ꦩꦥꦢꦸꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦕꦶ
​ꦩꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦂꦩꦠꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦼꦢꦪꦠꦶꦪꦁ

​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀
​ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦼꦢꦪꦠꦸꦩꦶꦠꦃꦲꦶꦁꦱꦭꦸꦩꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶ
​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦿꦺꦃꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦭꦏꦠ꧀

​ꦩꦸꦒꦶꦏꦮꦸꦭꦥꦢꦸꦏꦥꦫꦶꦔꦶꦉꦗꦼꦏꦶꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏ

​ꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦲꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀
​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ

​ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦺꦒꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦝ
​ꦤꦔꦶꦁꦩꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦲꦸꦮꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦮꦺꦴꦤ꧀

​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦥꦢꦸꦏꦩꦼꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦼꦫꦺꦃꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀
​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦔ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦲꦫꦠꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦭꦾꦲꦶꦁꦱꦼꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀

​ꦄꦩꦶꦤ꧀

Bahasa Jawa Suriname[edit]

    Duh Bapaké awaké déwé nang swarga
    muga Jenengmu kasutyèkna.

    Muga kratonmu tumekaa
    lan kekarepanmu klakonana
    ing donya kayadéné nang swarga.

    Nyuwun sandang-pangan saben dina
    lan pangapura sangka ing dosa
    awit awaké déwé ya ngapura
    dosané wong liya.

    Nyuwun aja sampèk kenèng goda
    nanging luwarana sangka ala.

꧋ꦢꦸꦃꦧꦥꦏ꧀ꦏꦺꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦢꦺꦮꦺꦤꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
​ꦩꦸꦒꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦸꦏꦱꦸꦕꦺꦏ꧀ꦤ

​ꦩꦸꦒꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦠꦸꦩꦼꦏꦴ
​ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦏꦉꦥꦤ꧀ꦩꦸꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ
​ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦤꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ

​ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦁ​ꦥꦔꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ
​ꦭꦤ꧀ꦥꦔꦥꦸꦫꦱꦁꦏꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦱ
​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦮꦏꦺꦢꦺꦮꦺꦪꦔꦥꦸꦫ
​ꦢꦺꦴꦱꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ

​ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦗꦱꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦏꦼꦤꦺꦁꦒꦺꦴꦢ
​ꦤꦔꦶꦁꦭꦸꦮꦫꦤꦱꦁꦏꦲꦭ

PATER NOSTER • edit
AchterhoeksAfrikaansعربيةΑρbε̰ρίσ̈τεArmâneashtiAvañe'ẽArrernteAwabakalazərbaycancaBân-lâm-gúBahasa IndonesiaBahasa MelayuBasa JawaБеларускаяBembaবাংলাBrezhonegБългарскиBolakcatalàČeštinacriouloCymraegCakap KarodanskDeutschDiné BizaaddolnoserbšćinaeestiΕλληνικάEnglishespañolEsperantoestremeñueuskarafrançaisFurlanføroysktGaeilgeGàidhliggalego𐌲𐌿𐍄𐌹𐍃𐌺한국어ՀայերենԽըփչախhrvatskiIdoInterlinguaInterlingueisiXhosaisiZuluíslenskaistro-românăitalianoעבריתKajin M̧ajeļ‎KaszëbscziKernewekKiswahiliKhoekhoegowabkreyòl ayisyenKriolKurmancîLáadanlatinelatviešulietuviųligureLingálalombardМакедонскиमराठीmagyarte reo MāorinapulitanoNa'viNederlandsNgarrindjeri日本語NornNorrœnt‎norsk‘Ōlelo Hawai‘iƆl Maa‎O‘zbekPennsilfaanischPlattdüütschPlautdietschPolabianpolskiΠοντιακάportuguêsPrūsiskanromânăRomane ChibРусскийslovenčinaslovenščinaСловѣньскъСловѣ́нескъСрпскиSukumasuomiܣܘܪܝܝܐsvenskashqipTagalogTetunTimucuaTswanaTürkçeϮⲁⲥⲡⲓ ̀ⲛⲣⲉⲙ̀ⲛⲬⲏⲙⲓᏣᎳᎩTupynã'mbáУдмуртУкраїнськаاردو Volapükייִדיש中文