Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 9

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 9

Alihaksara[edit]

/kaca 009/

ta tata ; baḍé ngantun kemawon ; boten dangu ; sang nata biḍal kaeteraken ingkang raka ; dumugi ing kikising ḍusun lajĕng wangsul ; tindakipun sang prabu dumugi pancaniti ; lajĕng sinewaka ; nimbali kyai patih ; kaunjukaken ; taksih kantup ing margi ;

sang prabu sanget duka ; lajĕng nimbali senapatining perang ; ki tumenggung jalasengara kaḍawuhan wangsul ḍateng ing ḍukuh mudal saha wadyabala kuswa ; kinen nyepeng sang pangéran warihkusuma ; sarta kyai umbul sagotrahipun ; griyanipun ; kadamela karang abang ; amargi sang pangéran ; tinarka balela ing ratu ; lajĕng wineling wewadining karsanipun sang prabu ; ki tumenggung jalasengara ; sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu ; sanadyan nyimpang saking leres ; ki tumenggung ; namung baḍé ngestokaken ḍawuh ; netepi kasenapatenipun ; katempuhaken ing redi sela ; amesṭi boten mundur ; mengsah satru sekti punika ; ingkang tansah dipun cecaḍang ; ki tumenggung jalasengara sawadyabala kuswa ; kebat tulak biḍal wangsul ḍateng ing ḍukuh mudal ; samargi margi ; galak kadosdené danawa memangsa daging ; namung apunagi ; pejah ing rana anetepi trahing wirotama ; amargi ing batos ; ki tumenggung rumaos awrat anglampahi ḍawuhipun sang prabu wan ; kajawi ; boten kolu mengsah gustinipun piyambak ;