Jv/Lagu dolanan

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Tembang utawa lagu dolanan kuwi awujud gendhing kang prasaja lang biasa ditembangaké déning bocah cilik nalika dolanan. Nanging kadhangkala uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Cublak-cublak Suweng[edit]

Cublak-cublak suweng
Suwengé ting gulèndhèr
Mambu ketundung gudhèl
Pak jempol léda ledé
Sapa nggawa ndelikaké
Sir..sirpong dhelé gosong sir
Sirpong dhelé gosong

Gundhul Pacul[edit]

Gundhul gundhul pacul cul gembèlèngan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembèlèngan
Wakul ngglimpang segané dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segané dadi sak ratan

Jamuran[edit]

Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sak ara-ara
Sira mbadhé jamur apa

Katé Dipanah[edit]

Té katé dipanah
Ndlusup-ndlusup ngisor glagah
Ana manuk ondé-ondé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri bombok mbok sri katé

Kidang Talun[edit]

Kidang talun
Mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si kidang mangan lembayung


Tikus piti
Duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
maju perang wani mati
Gajah belang
Saka tanah sabrang
Nuk regunuk nuk regunuk
Si gajah lèmbèhan tlalé

Kupu Kuwi[edit]

Kupu kuwi tak cekelé (incupé)
Mung aburé ngéwuhaké
Ngalor ngidul
Ngétan bali ngulon
Mrana mréné ing saparan paran
Méncok cégrok mlabur bleber (Sapa bisa ngicupaké)
Mentas méncok cégrok
Banjur (nuli) mabur bleber

Ménthog Ménthog[edit]

Ménthog ménthog tak kandhani
Mung rupamu angisin isini
Mbok ya aja ngétok
Ana kandhang baé
Enak-énak ngorok
Ora nyambut gawé
Ménthog
Ménthog mung lakumu
Mégal mégol gawé guyu

Sluku Sluku Bathok[edit]

Sluku-sluku bathok
Bathoké éla-élo
Si rama menyang Solo
Lèh-olèhé payung mutha
Mak jentit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yèn obah medèni bocah
Yen urip goleko duit

Suwé Ora Jamu[edit]

Suwé ora jamu
Jamu godhong téla
Suwé ra ketemu
Ketemu pisan gawé gela:
Suwé ora jamu
Jamu godhong pacé
Suwé ra ketemu
Ketemu pisan saya ngécé