Jv/Dayaning Sastra

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Dayaning Sastra iku sawijining geguritan modhèl sonèt sing tinulis déning Intojo ('Intaya') ing taun 1941.

Tambung kang ginantha lelarikan
tinata binaris kadya bata
sinambung pinétung manut ukuran
déné banjur kasinungan daya.
Kumpulé bata dadi yayasan
awèh nggon apik, brukut, santosa
ngepénakaké wong urip bebrayan
samono dayané bata tinata.
Gegedhongan tembung kang mawa isi
katiyasané ngungkul-ungkuli
wohing laku, pamikir lan pangrasan
para empu, pujangga, sarjana
Simpen, ginebeng ing gugubahan
mawindu-windu dadi turutan.