Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 23

From Wikisource
Jump to: navigation, search

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


23 Pérangan Kang Katheloe Bab 3 Pangrèhé L.G. Raffles Fendall masrahaké tanah Indhiya marang Paréntah Walanda.

1787 - 1820 Pakoe Boewana IV. (Sinoewoen Bagoes)

1812 - 1814

Hamengkoe Boewana III 1814 - 1822 Hamengkoe Boewana IV. (Soenan Jarot) 1814 - 1820 Diembani Pakoe Alam I

1813 Pakoe Alam I

(Pangéran Nata Koesoema)


Tanah Indhiya mitoeroet dhawoehé Lord Minto, dipérang dadi 4 Goepermenan, yaikoe Malaka, Soematra pasisir koelon, Moloko, Tanah Jawa lan wewengkoné. Gooevernement Tanah Jawa lan wewengkoné kang ngerèhaké Litenant Gooeverneoer (wakilé Gooeverneoer Generaal) Thomas Stamford Raffles, kabantoe ing Adviseerende Raad, lide ana teloe yaikoe: Gillespie, wong Inggris, Cranssen lan Moentinghe, wong Walanda. Raffles ngremboeg banget marang prakara ing karadjan karadjan Jawa, nemtokaké wewenang Paréntah Inggris toemrap karadjan karadjan maoe. Nalika Tanah Jawa kabawah Inggris, ing Banten isi dahoeroe baé, djalaran Soeltan sing ditetepaké Daendels ora disoedjoedi ing kawoelané. Ing tahoen 1813 Soeltan Banten diroekoen karo Raffles, kablandja 10.000 ringgit setahoen, nanging djadjahan Banten didjaloek. Mengkono oega Soeltan Cirebon tetepané Daendels iya moeng diblandja tahoenan, tanahè dadi doewèking Goepermen Inggris. Nalika kang nyekel Tanah Jawa ganti Paréntah Inggris, Ngayogyakarta wis salin kang djoemeneng Soeltan Hamengkoe Boewana II (Soeltan Sepoeh), kang dilèrèhi Daendels, ngesoer kepraboné Soeltan Radja. Soeltan Sepoeh maoe ing sakawit ngréwangi wong Inggris anggoné ngloeangaké wong Walanda, nanging olèhé tetoeloeng maoe moeng kanggo sarana ngarah bisané tetep djoemeneng Soeltan manèh, dadi ora pisan marga saka tresnané marang Paréntah Inggris; sadjatiné malah sengit oega. Soeltan sepoeh ngoedi banget marang poelihé koewasaning keprabon kang wis disoeda soeda marang Daendles biyèn. Ora lawas Crawfoerd ngerti yèn Soenan Sala iya nedya moengsoeh Paréntah Inggris. Raffles toemoeli teka nggawa wadya bala, Soeltan Sepoeh diboewang menyang poelo Pinang (tahoen 1812). Soeltan Radja ditetepaké manèh djedjoeloek Hamengkoe Boewana III, nanging djadjahané kang sapérangan didjaloek Paréntah Inggris sarta bandhané Soeltan Sepoeh koerang loewih f 2 yoeta, dianggep dadi barang djarahan. Nalika pembedhahé kraton Ngayogyakarta, wong Inggris olèh pitoeloengan Pangéran Nata Koesoema. Minangka gandjarané Sang Pangéran didjoemenengaké Pangéran mardika, ngerèh tanah Kemoening Koelon Praga, djedjoeloek Pangéran Adipati Pakoe Alam. Saka kersané Raffles, Sang Pangéran koedoe ngingoe pradjoerit 100 idji kanggo mbiyantoe Paréntah Inggris. Nalika pambedhahé Ngayogyakarta, Raffles olèh katrangan, yèn Soenan Sala pancèn wis sekoetoe karo Ngayogyakarta nedya nglawan Paréntah Inggris. Raffles noeli menyang Soerakarta nggawa wadya bala lan katrangan kang tinemoe, Soenan Sala kepeksa manoet marang pradjangdjiané Raffles. Jadjahan Soerakarta kayata: sapérangan tanah Kedhoe kang isih kabawah Sala, bandjoer dadi méliké Goepermèn Inggris kèhing pradjoerit dielongi, moeng kari pradjoerit kang kanggo kaprabon baé, pranatan ngladèkaké woeloe wetoe ing tanah kedjawan disoewak, pabéyan sekètèng diliyer marang Goepermèn.

Para radja ing sadjabaning Tanah Jawa, oega disoeda pangoewasané déning Raffles, kayata: Bali, Bandjarmasin, Bornéo Koelon, Palémbang, Madoera, Poelo Bangka lan Biliton, sarèhné ana pametoené timah, bandjoer didadèkaké tanah Goepermèn, mari dadi djadjahan Palémbang. Moenggoeh sedyané LG. Raffles arep ngeloen djadjahan, moeng Sélebes kang ora klakon. Radja Boné, koekoeh banget nggoné anggegegi pangoewasané. Wis nganti sawatara rambahan Raffles nglakokaké gegaman menyang Sélebes, nanging ora olèh gawé.

Bareng Tanah Jawa dicekel Raffles bandjoer dipérang dadi 18 Parésidhènan. Pranatan goegoer goenoeng, ladèn woeloe wetoe lan koewadjibaning cilik poendhoetaning préntah, ing sabisa bisa disoewak, wong cilik moeng didjaloek padjeg "landrente".

Kèh sathithiking padjeg manoet lemahé, yèn loh, padjegé nganti saparoné pametoe. Yèn cengkar terkadhang moeng seprapaté. Goegoer Goenoeng kang lestari moeng nggarap kreteg, lan dalan dalan. Wong Priboemi kang didhawoehi nandoer kopi ladèn moeng ing Priyangan sarta wong kang nyamboet gawé ing alas pedjatèn isih diteroesaké padatan lawas.

Raffles oega arep ngilangi anané batoer toekon lan pamoedjangan (pandelingschap).

Wiwit tahoen 1812, wong ngingoe batoer toekon nganggo didjaloeki padjeg. Wiwit tahoen 1814 ora kena dol tinoekoe batoer toekon. Polisi ora diwenangaké ngoekoem batoer toekon kang moeng marga pandjaloeking bendarané. Marga ananing pranatan maoe soeda banget kèhing batoer toekon, malah pamoedjangan wis dilarang babar pisan.

Nalika djamané Daendels pradatan ing Tanah Indhiya wis dibecikaké, nanging saka panemoené Raffles meksa doeroeng nyoekoepi. Ing sidji sidjining parésidhènan noeli dianani Landraad, kedjaba ikoe Raffles isih nganakaké pradatan oebengan, yaikoe pradatan kang ora mathok pamanggoné, ngalih ngalih marani papan kang perloe diparani (Raad sambang). Prekarané bangsa Eoeropa engoné ngadili ana ing Raad van Joestitie: Betawi, Semarang, oetawa Soerabaya. Raffles ikoe pangrèhé ngentèk entèkaké dhoewit akèh. Rékané enggoné golèk dhoewit srana nganakaké padjeg lan adol tanah tanah kaya Daendels. Tanah kang didol menyang wong partikelir ikoe iya bener ngolèhaké dhoewit, nanging pakolèhé katimbang karo pitoenané ora mantra mantar timbang, awit bésoeké toemeka saiki enggoné neboesi kangèlan banget, djalaran adjiné dadi yoetan yoetan. Srana kang prayoga kanggo ngisèni kas negara, yaikoe monopolie dagangan oeyah. Kang sakawit oeyah ikoe dipadjegi wong Tjina, ndadèkaké kapitoenané wong cilik, awit larang banget pangedolé. Bareng oeyah dicekel Goepermèn bandjoer moerah, toer ngolèhaké kaoentoengan akèh. Wiwit tahoen 1813 kang kena gawé lan ngedol oeyah moeng Goepermèn dhéwé. Ing tahoen 1814 Napoléon kalah perangé, Nederland bisa mardika. Mitoeroet pradjangdjian ing London tahoen 1814 djadjahané ing Indhiya dibalèkaké marang wong Walanda manèh, kang ora moeng Ceylon, Kaap kolonie lan djadjahan sawatara ing Indhiya Koelon (ing Amerika) sarta Indhoe Ngarep. Ing tahoen 1816 Raffles digentèni Loeitnant Gooeverneoer John Fendall. Let sawatara sasi John Fendall pasrah djadjahan marang Commisaris Generaal, yaikoe oetoesan Walanda saka Eoeropa, kang dipatah ngerèhaké kapoelowan Indhiya. Mitoeroet Grondwet tahoen 1814 kang nyekel papréntahan ing Kolonien, Sri Maharadja piyambak, kabantoe ing Departement Onderwidjs, Nationale nidjverheid en Kolonien. Dadi Straten Generaal ora ndoewèni pangoewasa. Sardjana teteloe kang dioetoes nampani tanah Indhiya, asmane: Mr. Elooet, Baron van der Capellen lan Boeyskes, apangkat Commissaris Generaal sarta diparingi rancangan wawatoné pangrèhing Indhiya. Commisaris Generaal ngrekasa banget enggoné nglakoné ayahané ikoe, awit tanah Indhiya kacoepetan ragad, toer ora bisa olèh pitoelangan kanggo ngébaraké pangoewasané Goepermèn anyar. Apa manèh ratoe ratoe ing tanah Indhiya wis ora ngadjèni marang Paréntah Walanda. Ewadéné ora nganti lawas Commissaris Generaal wis akèh pakaryané. Kang nyekel pangoewasa kang gedhé dhéwé lestari Gooeverneoer Generaal dibantoe Raad van Indie, pilihané Gooeverneoer Generaal dhéwé. Pamérangé Tanah Jawa didadèkaké parésidhènan kaya dhèk djaman Raffles. Cacahé résidhèn didadèkaké 20, djadjahan sadjabaning Tanah Jawa dipérang pérang dadi Goepermèn, dipanggedhèni Gooeverneoer. Déné wong cilik lestari dirèh panggedhéné dhéwé.

Pranatané dititi priksa manèh, pranatan saka Raffles sing becik becik isih dilestarèkaké, kang koerang prayoga dibecikaké. Prakarané bangsa priboemi dadi boeboehané Landraad, kang dadi djeksa bangsa priboemi, présidhèné bangsa Walanda. Soepaya ana kang ngawat awati pangadilan pangadilan ikoe sarta ngiras kanggo pangapèlan (Hof van appel) dianakaké Hoog Gerechshof. Kangdjeng Paréntah Loehoer wis ora ndoewèni pangoewasa babar pisan ing atasé moetoesi prakara. Soepaya panyekeling dhoewit Goepermèn adja nganti kisroeh, noeli dianakaké Raad van Finansien lan Rakenkamer. Pangrèhé Goepermèn anyar marang wong cilik, isih dilestarèkaké kaya panemoené Daendels lan Raffles, ing sabisa bisa nyingkiri pranata peksan.

Sadoeroengé Commissarissen Generaal mangkat menyang tanah Indhiya, wis katemtokaké yèn pranatan monopolie koedoe disoewak, awit ikoe ndadèkaké kasoesahané wong priboemi. Prakara dagangan digawé merdika, wong manca padha kena dedagangan menyang tanah Indhiya, nanging bangsa Walanda pambayaré prabéya dikacèk karo bangsa ngamanca. Kang nyebal saka pranataning kamardikan moeng monopolie boembon crakèn. Prakara tetanèn iya dimardikakaké, wong priboemi kena nandoer sakarepé dhéwé, moeng ing Priyangan kang isih ana peksan wong cilik diwadjibaké nggarap kebon kopi sarta koeli blandhong isih koedoe nyamboet gawé ana ing alas pedjatèn. Paréntah anyar ikoe iya dipatah merlokaké gawé kemayarané wong cilik, moelané pranatan loenggoeh boemi disoewak, para poenggawa bangsa priboemi mari olèh tanah gadhoehan, moeng diblandja sasèn baé, soepaya adja nganti bisa gawé rekasaning bawahé. Lan para poenggawané Goepermèn dilarangi dedagangan oetawa nyambi panggaotan liyané. Prakara dol tinoekoe batoer toekon ing sabisa bisa disirnakaké, malah ana ing Tanah Jawa lan Madoera prakara ikoe wis dilarangi babar pisan, mangkono oega pranatan pamoedjangan. Nalika Jaman Commissaris Generaal, ing Tanah Jawa kleboe tentrem. Ngarepaké tahoen 1818 djadjahan ing satanah Indhiya kabèh dipasrahaké ing Paréntah Inggris marang Goepermèn Walanda. Wasana ing wiwitané tahoen 1819 Commissarissen pasrah marang GG. van der Capellen. Elooet lan Boeyskes padha bali menyang Nederland. Satekané Negara Walanda Elooet kaangkat dadi Minister van Kolonien. Commissaris Generaal olèhé yasa pranatan bab kamardikaning dagangan, tetanèn lsp. manoet panemoe liberaal. (sing bakal diterangaké). Balik GG. van der Capellen (tahoen 1819 - 1826) ora ngroedjoeki panimbangé wong liberaal maoe, moelané ing tanah Jawa soeda banget karahardjané. Amrih rahardjaning tanah Indhiya kang dianggep perloe, ngadjokaké dedagangan. Soepaya wong Walanda bisa moemboel manèh enggoné dedagangan noeli dianakaké pakoempoelan dagang aran Nederlandsche Handel maatshappidj, adegé tahoen 1824. Pangarahé Préntah Walanda pakoempoelan ikoe kenaa kanggo ngedjori padagangané bangsa manca, dadi bisa ngoerip oerip dagangané bangsa Walanda. Ora lawas pakoempoelan ikoe bisa olèh pawitan 37 yoeta roepiyah.

Wiwit djaman Napoléon tanah Indhiya ora bisa lelawanan lan tanah Walanda, dagangané akèh kang didol marang soedagar manca, loewih loewih wong Inggris lan Amerika. Sawisé tanah Indhiya kacekel ing paréntah Walanda manèh, wong Walanda meksa doeroeng madjoe dedagangané, awit isih kekoerangan pawitan, mangka kaedjoran bangsa Inggris. Kadjaba ikoe soedagar Walanda partikelir pancèn ora dhamang soemoeroepé marang oebeting padagangan tanah Indhiya, djalaran maoené kang kena lelawanan lan tanah Indhiya moeng VOC., woewoeh woewoeh nganti 20 tahoen tanah Walanda wis ora ana gandhèngané karo tanah Indhiya. Nederlandsche Handel maatschappidj maoe ikoe meksa ora kasembadan sedyané, awit koerang koewat, ora bisa ngedjori wong Inggris, kadjaba ikoe pancèn ora diroedjoeki soedagar Walanda partikelir akèh, marga doewé soemelang manawa pakoempoelan dagang anyar maoe diparingi wewenang kaya déné VOC. biyèn, temahan malah ndadèkaké kapitoenané soedagar partikelir. Wasana Nederlandsche Handel maatschapidj ora bisa moemboel, malah tansah kapitoenan, wiwitané bisa oerip bareng ana Coeltoeoerstelsel.

Pakaryané van der Capellen kang pantes olèh pangalembana yaikoe enggoné ngadjokaké kawroeh, merlokaké marang adjoening pamoelangan cilik kanggo bangsa Eoeropa. Prakara onderwidjs maoe van der Capellen kabiyantoe ing Reinwardt. Reinwardt ikoe sardjana kang oega miwiti gawé kebon radja (Lands plantentoein) ing Bogor (tahoen 1817) kanggo ngoendhakaké kawroeh tetanèn.

Kebon radja ing Bogor ikoe ora moeng becik lan nyenengaké kanggo dolan dolan bae, moenggoeh ing pigoenané nyata gedhé banget toemraping kawroeh tanem toewoeh lan tetanèn. Jembaré kèhing lan wernaning wit witané, kebon kebon radja ing satanah hawa panas (tropen) ora ana kang nyoendhoel Bogor. Kang padha mandhégani pakaryan ing kono para sardjana kang woes kasoewoer asmané, kayata: Toewan Teysmann (tahoen 1831) lan Dr. Hasskarl enggoné nandoer wis ana 8.000 werna wit witan lan tethoekoelan. Ing tahoen 1863 cacahing tetandoeran dadi 10.000 werna. Sardjana Dr. M. Treoeb ing sadjroning tahoen 1880 - 1909 yasa laboratorioem perloe kanggo marsoedi kawroeh botani schelkoende lsp., gandhèng karo anané kebon radja ikoe maoe. Para sardjana saka ing djagad ngendi endi akèh kang golèk kawroeh ana ing laboratorioem kono awit laboratoria maoe oega kanggo papan panyoban bab nenandoer, bab meroehi ama sarta lelaraning tandoeran, lan liya liyané, moelané Bogor kena sineboet dadi toeking kawroeh lan sendhanging ngèlmoe tetanèn. Proefstation proefstation ing satanah Indhiya ikoe asalé oega saka Bogor. Marga saka dayané Proefstation proefstation, kaboedidayan lan tetanèn nganti bisa dadi kaya kaanané saiki iki.