Jv/Al-Quran/An Naas

From Wikisource
Jump to: navigation, search
an-Nas
النَّاسِ
Informasi
Arti Manungsa
golongan Makkiyah
Juz Juz 30
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 6 ayat

Surat An-Naas punika surat ingkang pungkasan (surat kaping 114) wonten ing Al Qur'an. Nami An-Naas dipun pendhet saking tembung An-Naas ingkang kasebat wola-wali wonten ing surat punika. "An Naas" piyambak artosipun "manungsa." Tembung "manungsa" ing basa Arab bènten-bènten. Ing tembung "An Naas", tembung punika ngrujuk kaliyan artos "manungsa" kanthi wadhag. Tembung manungsa bèntenipun ingggih menika "insan" ingkang ngrujuk manungsa saking péranganipun ing batos. Mula, ing surat punika An-Naas (manungsa) kasandingan kaliyan jin ingkang sami-sami saged dados sétan.

Surat punika kalebet golongan surat Makkiyah. Surat punika nganjuraken supados manungsa pados pangayoman dhumateng Allah. Déné, sétan punika saged saking bangsanipun manungsa lan sétan.

Contents

[edit] Tèks[1]

114. سورة الناس

1. قُلْ أَعُوذُ بِرَبِّ النَّاسِ

2. مَلِكِ النَّاسِ

3. إِلَهِ النَّاسِ

4. مِنْ شَرِّ الْوَسْوَاسِ الْخَنَّاسِ

5. الَّذِي يُوَسْوِسُ فِي صُدُورِ النَّاسِ

6. مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ

[edit] Alih aksara

Bismi A l-lahi al-r-Rahmani-al-r- Rahimi

  1. Qul a’udhu birabbi al -n-nasi
  2. Maliki al-n-nasi
  3. Ilahi al-n-nasi
  4. Min sharri a l-waswasi al-khannasi
  5. Al-ladhi yuwaswisu fi suduri al-n-nasi
  6. Mina a l-jinnati wa-al-n-nasi

Cathetan: Aksara ingkang kacithak werni abrit mboten dipun swantenaken.

[edit] Jarwanipun

  1. Macaha sira (Muhammad),"Kawula nyuwun pangayoman dhumateng Pangeran ingkang Mangerani manungsa."
  2. Ingkang ngratoni manungsa
  3. ingkang dados sesembahanipun manungsa
  4. (Mugi dipun kalisaken)saking awonipun (wisikipun) setan ingkang tansah maju-mundur
  5. ingkang ambisik-bisiki (kejahatan) wonten ing salebetipun manah manungsa
  6. saking golonganipun jin lan manungsa.[2]

[edit] Footnote

  1. Quran4theworld
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

[edit] Pranala Surat


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas
Personal tools
Namespaces

Variants
Actions
Navigation
Print/export
Toolbox