Jv/Al-Quran/Al Qiyaamah

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Qiyaamah
القيامة
Informasi
Arti Dina Qiyamat
golongan Makiyyah
Juz Juz 29
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 40 ayat

Surat Al-Qiyaamah punika surat ingkang kaping 75, anggadahi 40 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
لَا أُقْسِمُ بِيَوْمِ الْقِيَامَةِ ﴿١﴾ وَلَا أُقْسِمُ بِالنَّفْسِ اللَّوَّامَةِ ﴿٢﴾ أَيَحْسَبُ الْإِنسَانُ أَلَّن نَّجْمَعَ عِظَامَهُ ﴿٣﴾ بَلَىٰ قَادِرِينَ عَلَىٰ أَن نُّسَوِّيَ بَنَانَهُ ﴿٤﴾ بَلْ يُرِيدُ الْإِنسَانُ لِيَفْجُرَ أَمَامَهُ ﴿٥﴾ يَسْأَلُ أَيَّانَ يَوْمُ الْقِيَامَةِ ﴿٦﴾ فَإِذَا بَرِقَ الْبَصَرُ ﴿٧﴾ وَخَسَفَ الْقَمَرُ ﴿٨﴾ وَجُمِعَ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُ ﴿٩﴾ يَقُولُ الْإِنسَانُ يَوْمَئِذٍ أَيْنَ الْمَفَرُّ ﴿١٠﴾ كَلَّا لَا وَزَرَ ﴿١١﴾ إِلَىٰ رَبِّكَ يَوْمَئِذٍ الْمُسْتَقَرُّ ﴿١٢﴾ يُنَبَّأُ الْإِنسَانُ يَوْمَئِذٍ بِمَا قَدَّمَ وَأَخَّرَ ﴿١٣﴾ بَلِ الْإِنسَانُ عَلَىٰ نَفْسِهِ بَصِيرَةٌ ﴿١٤﴾ وَلَوْ أَلْقَىٰ مَعَاذِيرَهُ ﴿١٥﴾ لَا تُحَرِّكْ بِهِ لِسَانَكَ لِتَعْجَلَ بِهِ ﴿١٦﴾ إِنَّ عَلَيْنَا جَمْعَهُ وَقُرْآنَهُ ﴿١٧﴾ فَإِذَا قَرَأْنَاهُ فَاتَّبِعْ قُرْآنَهُ ﴿١٨﴾ ثُمَّ إِنَّ عَلَيْنَا بَيَانَهُ ﴿١٩﴾كَلَّا بَلْ تُحِبُّونَ الْعَاجِلَةَ ﴿٢٠﴾ وَتَذَرُونَ الْآخِرَةَ ﴿٢١﴾ وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَّاضِرَةٌ ﴿٢٢﴾ إِلَىٰ رَبِّهَا نَاظِرَةٌ ﴿٢٣﴾ وَوُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ بَاسِرَةٌ ﴿٢٤﴾ تَظُنُّ أَن يُفْعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ ﴿٢٥﴾ كَلَّا إِذَا بَلَغَتِ التَّرَاقِيَ ﴿٢٦﴾ وَقِيلَ مَنْ ۜ رَاقٍ ﴿٢٧﴾ وَظَنَّ أَنَّهُ الْفِرَاقُ ﴿٢٨﴾ وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِ ﴿٢٩﴾ إِلَىٰ رَبِّكَ يَوْمَئِذٍ الْمَسَاقُ ﴿٣٠﴾ فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلَّىٰ ﴿٣١﴾ وَلَٰكِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ ﴿٣٢﴾ ثُمَّ ذَهَبَ إِلَىٰ أَهْلِهِ يَتَمَطَّىٰ ﴿٣٣﴾ أَوْلَىٰ لَكَ فَأَوْلَىٰ ﴿٣٤﴾ ثُمَّ أَوْلَىٰ لَكَ فَأَوْلَىٰ ﴿٣٥﴾ أَيَحْسَبُ الْإِنسَانُ أَن يُتْرَكَ سُدًى ﴿٣٦﴾ أَلَمْ يَكُ نُطْفَةً مِّن مَّنِيٍّ يُمْنَىٰ ﴿٣٧﴾ ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوَّىٰ ﴿٣٨﴾ فَجَعَلَ مِنْهُ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْأُنثَىٰ ﴿٣٩﴾ أَلَيْسَ ذَٰلِكَ بِقَادِرٍ عَلَىٰ أَن يُحْيِيَ الْمَوْتَىٰ ﴿٤٠﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Ingsun supata, "Dhemi dina qiyamat".
  2. Lan uga supata, "Demi Nafsu Lawwamah (Jiwa sing gela)".
  3. Apa manungsa ngira, yen Ingsun ora bisa nglumpukake balunge kang wis pisah - pisah?
  4. Luput panyanane, Ingsun kawasa mulihake kabeh drijine kaya mahu - mahune.
  5. Nanging manungsa karepe arep gorohake barang kang ana ngarepe.
  6. Dheweke takon, "Kapan ta dina Qiyamat iku?"
  7. Nanging bareng pandelenge wus blawur.
  8. Lan rembulan ilang pencoronge.
  9. Apa dene srengenge lan rembulan padha metu saka kulon.
  10. Ing dina iku manungsa padha celathu, "Aku ngungsi mlayu menyang ngendhi?"
  11. Mangsa oleha pangungsen ing dina iku ora ana pangungsen.
  12. Ing dina iku bakal mung marang Pangeranira dununging palerenan.
  13. Ing dina iku manungsa bakal diwartani sabarang panggawene kang didhisikake lan (sabarang) kang dikerekake.
  14. Siji - sijining manungsa padha weruh lakone dhewe - dhewe.
  15. Sanadyan ta ngandhakake alangane.
  16. Lisanira aja kumecap (ngunekake al-Quran)sadurunge rampung pamacane (Malaikat Jibril murih gelis - gelis apal al-Quran mau).
  17. Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake al-Quran mau ana ing atinira dalah sawacane pisan.
  18. Nalikane Ingsun wis rampung macakake al-Quran marang sira, nuli sira macaa (aja sira barengi).
  19. Sawise mangkono, Ingsun kang mesthi paring mangerti surasaning al-Quran marang sira.
  20. Sira iku padha anesrani (aja kesusu) ananging sira seneng panguripan dunya.
  21. Lan nglirwakake akehrat.
  22. Ing dina iku akeh wong kang rahine bagus lan manis.
  23. Padha andeleng Allah Pangerane.
  24. Lan uga akeh rahi ala tur suntrut.
  25. Padha weruh yen siksa gedhe bakal dipatrapi marang dheweke.
  26. Temen nalika ruh tinarik tekan gurung.
  27. Sarta dicelathoni, "Sapa tukange nambani".
  28. Sarta dheweke yakin, yen iki (wayahe) pisah.
  29. Sikile kang siji dhempet karo sikil sijine.
  30. Ing dina iku wayahe dituntun marang ngarsane Pangeranira.
  31. Wis ira bisa pracaya (Rosul lan Al-Quran) lan ora bisa shalat kang migunani.
  32. Nanging maido (al-Quran) lan mlengos saka dalan bener.
  33. Banjur menyang ngomahe sanake, lakune gumedhe.
  34. Cilaka kanggomu (wong kafir) tur rambah - rambah.
  35. Nuli cilaka tur rambah - rambah (tumrap sira wong kafir).
  36. Apa manungsa ngira yen bakal ditokake wae.
  37. Apa dheweke iku maune dudu nutfah wijining urip kang tinetesake (ing rahim).
  38. Banjur dadi getih kenthel, tumuli Panjenengane anitahake (dheweke) sarta dadekake sampurna.
  39. Banjur Panjenengane dadekake saka iku mau dadi rong jenis, jenis lanang lan jenis wadon.
  40. Apa Panjenengane ora bisa nguripake wong kang wis padha mati? (Kawasa banget).[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas