Jv/Al-Quran/Al Qamar

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Qamar
القمر
Informasi
Arti Rembulan
golongan Makiyyah
Juz Juz 27
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 55 ayat

Surat Al-Qamar punika surat ingkang kaping 54, anggadahi 55 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
اقْتَرَبَتِ السَّاعَةُ وَانشَقَّ الْقَمَرُ ﴿١﴾ وَإِن يَرَوْا آيَةً يُعْرِضُوا وَيَقُولُوا سِحْرٌ مُّسْتَمِرٌّ ﴿٢﴾ وَكَذَّبُوا وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُمْ ۚ وَكُلُّ أَمْرٍ مُّسْتَقِرٌّ ﴿٣﴾ وَلَقَدْ جَاءَهُم مِّنَ الْأَنبَاءِ مَا فِيهِ مُزْدَجَرٌ ﴿٤﴾ حِكْمَةٌ بَالِغَةٌ ۖ فَمَا تُغْنِ النُّذُرُ ﴿٥﴾ فَتَوَلَّ عَنْهُمْ ۘ يَوْمَ يَدْعُ الدَّاعِ إِلَىٰ شَيْءٍ نُّكُرٍ ﴿٦﴾خُشَّعًا أَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُونَ مِنَ الْأَجْدَاثِ كَأَنَّهُمْ جَرَادٌ مُّنتَشِرٌ ﴿٧﴾ مُّهْطِعِينَ إِلَى الدَّاعِ ۖ يَقُولُ الْكَافِرُونَ هَٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ ﴿٨﴾ ۞ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ فَكَذَّبُوا عَبْدَنَا وَقَالُوا مَجْنُونٌ وَازْدُجِرَ ﴿٩﴾ فَدَعَا رَبَّهُ أَنِّي مَغْلُوبٌ فَانتَصِرْ ﴿١٠﴾ فَفَتَحْنَا أَبْوَابَ السَّمَاءِ بِمَاءٍ مُّنْهَمِرٍ ﴿١١﴾ وَفَجَّرْنَا الْأَرْضَ عُيُونًا فَالْتَقَى الْمَاءُ عَلَىٰ أَمْرٍ قَدْ قُدِرَ ﴿١٢﴾ وَحَمَلْنَاهُ عَلَىٰ ذَاتِ أَلْوَاحٍ وَدُسُرٍ ﴿١٣﴾ تَجْرِي بِأَعْيُنِنَا جَزَاءً لِّمَن كَانَ كُفِرَ ﴿١٤﴾ وَلَقَد تَّرَكْنَاهَا آيَةً فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ ﴿١٥﴾ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ ﴿١٦﴾ وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ ﴿١٧﴾ كَذَّبَتْ عَادٌ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ ﴿١٨﴾ إِنَّا أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا صَرْصَرًا فِي يَوْمِ نَحْسٍ مُّسْتَمِرٍّ ﴿١٩﴾ تَنزِعُ النَّاسَ كَأَنَّهُمْ أَعْجَازُ نَخْلٍ مُّنقَعِرٍ ﴿٢٠﴾ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ ﴿٢١﴾ وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ ﴿٢٢﴾ كَذَّبَتْ ثَمُودُ بِالنُّذُرِ ﴿٢٣﴾ فَقَالُوا أَبَشَرًا مِّنَّا وَاحِدًا نَّتَّبِعُهُ إِنَّا إِذًا لَّفِي ضَلَالٍ وَسُعُرٍ ﴿٢٤﴾ أَأُلْقِيَ الذِّكْرُ عَلَيْهِ مِن بَيْنِنَا بَلْ هُوَ كَذَّابٌ أَشِرٌ ﴿٢٥﴾ سَيَعْلَمُونَ غَدًا مَّنِ الْكَذَّابُ الْأَشِرُ ﴿٢٦﴾ إِنَّا مُرْسِلُو النَّاقَةِ فِتْنَةً لَّهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْ ﴿٢٧﴾وَنَبِّئْهُمْ أَنَّ الْمَاءَ قِسْمَةٌ بَيْنَهُمْ ۖ كُلُّ شِرْبٍ مُّحْتَضَرٌ ﴿٢٨﴾ فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطَىٰ فَعَقَرَ ﴿٢٩﴾ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ ﴿٣٠﴾ إِنَّا أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ صَيْحَةً وَاحِدَةً فَكَانُوا كَهَشِيمِ الْمُحْتَظِرِ ﴿٣١﴾ وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ ﴿٣٢﴾ كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوطٍ بِالنُّذُرِ ﴿٣٣﴾ إِنَّا أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ حَاصِبًا إِلَّا آلَ لُوطٍ ۖ نَّجَّيْنَاهُم بِسَحَرٍ ﴿٣٤﴾ نِّعْمَةً مِّنْ عِندِنَا ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي مَن شَكَرَ ﴿٣٥﴾ وَلَقَدْ أَنذَرَهُم بَطْشَتَنَا فَتَمَارَوْا بِالنُّذُرِ ﴿٣٦﴾ وَلَقَدْ رَاوَدُوهُ عَن ضَيْفِهِ فَطَمَسْنَا أَعْيُنَهُمْ فَذُوقُوا عَذَابِي وَنُذُرِ ﴿٣٧﴾ وَلَقَدْ صَبَّحَهُم بُكْرَةً عَذَابٌ مُّسْتَقِرٌّ ﴿٣٨﴾ فَذُوقُوا عَذَابِي وَنُذُرِ ﴿٣٩﴾ وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ ﴿٤٠﴾ وَلَقَدْ جَاءَ آلَ فِرْعَوْنَ النُّذُرُ ﴿٤١﴾ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا كُلِّهَا فَأَخَذْنَاهُمْ أَخْذَ عَزِيزٍ مُّقْتَدِرٍ ﴿٤٢﴾ أَكُفَّارُكُمْ خَيْرٌ مِّنْ أُولَٰئِكُمْ أَمْ لَكُم بَرَاءَةٌ فِي الزُّبُرِ ﴿٤٣﴾ أَمْ يَقُولُونَ نَحْنُ جَمِيعٌ مُّنتَصِرٌ ﴿٤٤﴾ سَيُهْزَمُ الْجَمْعُ وَيُوَلُّونَ الدُّبُرَ ﴿٤٥﴾ بَلِ السَّاعَةُ مَوْعِدُهُمْ وَالسَّاعَةُ أَدْهَىٰ وَأَمَرُّ ﴿٤٦﴾ إِنَّ الْمُجْرِمِينَ فِي ضَلَالٍ وَسُعُرٍ ﴿٤٧﴾ يَوْمَ يُسْحَبُونَ فِي النَّارِ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ ذُوقُوا مَسَّ سَقَرَ ﴿٤٨﴾ إِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنَاهُ بِقَدَرٍ ﴿٤٩﴾وَمَا أَمْرُنَا إِلَّا وَاحِدَةٌ كَلَمْحٍ بِالْبَصَرِ ﴿٥٠﴾ وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا أَشْيَاعَكُمْ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ ﴿٥١﴾ وَكُلُّ شَيْءٍ فَعَلُوهُ فِي الزُّبُرِ ﴿٥٢﴾ وَكُلُّ صَغِيرٍ وَكَبِيرٍ مُّسْتَطَرٌ ﴿٥٣﴾ إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَنَهَرٍ ﴿٥٤﴾ فِي مَقْعَدِ صِدْقٍ عِندَ مَلِيكٍ مُّقْتَدِرٍ ﴿٥٥﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro.
  2. Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu'jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih".
  3. Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep.
  4. Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir).
  5. Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir).
  6. Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh.
  7. Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung.
  8. Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa".
  9. Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya.
  10. Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung".
  11. Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan.
  12. Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi.
  13. Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku.
  14. Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate.
  15. Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau.
  16. Mulane kepiye kahanane wewaden lan siksaningsun.
  17. Saiki Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane, mulane padha nyinaua.
  18. Biyen kaum 'Aad padha maido ing Rosule. Kapriye kahanane wewaden lan siksaningsun marang wong 'Aad?
  19. Allah nglakokake angin lesus kang banter nemppuh marang wong 'Aad mau ing dina Sangar kang lestari terus - terusan.
  20. Angin mau numpes kabeh nganti glasah kaya wit kurma padha ambruk.
  21. Kapriye ta hanane wewaden lan siksaningsun.
  22. Satemene Ingsun Allah wis gelarake al-Quran gampang diweruhi surasane mulane padha ngestokna.
  23. Biyen wong Tsamud uga padha maido (wulangane Sholih).
  24. Pangucape, "Ya gene aku manut marang wong siji tunggalku. yen mangkono aku rak klebu ing penasaran lan diarani wong edan."
  25. Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe.
  26. Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh.
  27. Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye.
  28. Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane).
  29. Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni.
  30. Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun?
  31. Allah banjur ngutus Jibril kanthi suwara banter, wong Tsamud banjur tumpes sanalika ambruk kaya kayu garing wis mopol.
  32. Satemene Allah wis gampangake al-Quran kanggo diweruhi surasane mulane padha ngestokna.
  33. Biyen umate Luth uga padha maido wulangane.
  34. Para umate Luth padha diudani watu tumpes kabeh kajaba mung Luth sakancane padha diparingi slamet ing wayah esuk.
  35. Peparinge Allah kabungahan kaya mangkono walese marang wong syukur.
  36. Lan satemene Luth wis ngelingake dheweke para ummate siksa ancamane Allah. Nanging padha maido ancaman mau.
  37. Lan para ummate Luth padha bujuk (supaya masrahake) dhayohe. Mulane banjur Ingsun picakake mripate. Padha ngrasakna siksa lan ancaman Ku.
  38. Lan satemene ing wayah esuke dheweke tinempuh ing siksa kang lestari.
  39. Padha ngrasakna siksaningsun lan ancaman - ancamanKu.
  40. Lan satemene Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane mulane padha ngestokna.
  41. Lan satemene para Rasul wis padha reka nerangake ancaman - ancaman marang Fir'aun.
  42. Nanging dheweke gorohake kabeh tandha yekti kahelokaningsun, mulane padha ditumpes kelawan siksaning Allah kang Maha Mulya tur Maha Kuasa.
  43. He wong kafir, apa kancamu luwih becik karo Firaun sabalane, utawa apa sira wis kasebut ana kitab kang kuna - kuna bakal luput saka siksa?
  44. Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah".
  45. Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur).
  46. Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget.
  47. Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka.
  48. Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor".
  49. Sateme samu barang kang dumadi iku digawe kanthi papesthen.
  50. Lan dhawuhe Allah mung sapisan wae suwene mung sak kedheping mripat.
  51. Lan satemene biyen Ingsun wis numpes para wong kafir kaya kowe, mulane kowe padha elinga ngestokna perintah.
  52. Kabeh kang wis dilakoni padha dicathet ana buku - buku cathetan.
  53. Lan kabeh perkra gedhe utawa cilik kabeh mesthi ditulis.
  54. Sarupane wong kang bekti ing Allah padha ana suwarga kang ana bengawane.
  55. Ana ing palungguhan kang nyata indah ana ngarsane Allah kang Kuasa.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas